Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
15–16 dari 46
85–86 dari 277
847–856 dari 2.770
| 15.030 | Brawijaya pan lagi siniwi | dening bala anèng pagêlaran | pêpêk kang wadya balane | rikang pra putrèng ngayun | duk pinarêk kathile manik | mancur yèn tiningalan | alêlamak babut | sira Ki Buyut Masahar | dyan macundhuk muka lwir konjêm ing siti | ngaturkên wadalira || |
| 15.031 | Brawijaya sigra dènnya angling | hèh wong gêdhong sira tampanana | Buyut Masahar wadale | agya tinampan sampun | sira Radèn Bondhan winarni | lumêbêt sitibêntar | paniyaga njujug | nabuh gong sêkar dalima | pan tinitir kagyat sakyèhing anangkil | găngsa ki sêkar munya || |
| 15.032 | Brawijaya kampita ring ati | amiyarsa yèn ki sêkar munya | kapêdhak ingatag kabèh | amariksaa gupuh | pinariksa yèn rare alit | ingkang anabuh găngsa | cinêkêlan sampun | tinakon yèn anakira | Kyai Buyut Masahar pan juru sabin | katur dhatêng sang nata || |
| 15.033 | Brawijaya sigra dènnya angling | hèh sang buyut sira ing Masahar | iki sutanira dhewe | Kyai Buyut umatur | inggih yêktos pan suta mami | mèsêm sang Brawijaya | anduga ing kalbu | yèn nguni kanggyanan putra | ing sang nata nanging kaatur wus lalis | mangkya darbe atmaja [158] || |
| 15.034 | tansah winangwang-wangwang kang warni | de sang nata sira Radèn Bondhan | amalêsi ing sêmune | trahing kusuma Ratu | Brawijaya angandika ris | sun pundhut anakira | sumăngga ki buyut | alah sira parakêna | ring samitra Ki Gêdhe ing Tarub mangkin | buyut matur sandika || |
| 15.035 | gya pinatêdhan dhuwung kêkalih | waos satunggil de Brawijaya | waos aran Ki Palèrèd | dening namaning dhuwung | Ki Maesa Nular satunggil | kang satunggil malela | dhuwung kalih wau | apan sampun katampenan | mring dyan Jaka katiga waos satunggil | Dyan Bondhan suka ring tyas || |
| 15.036 | ri wus pinaring dhuwung kêkalih | waos satunggal Rahadèn Jaka | de sang nata jêngkar age | angadhaton sang prabu | kae Buyut Masahar mulih | kalawan Radèn Bondhan | anjujug ing Tarub | ya ta ana wong bêbegal | wong kêkalih sami angadhang ing margi | amatyani sopana || |
| 15.037 | Radèn Bondhan angandika aris | ika bapa ana wong bêbegal | ki buyut upêtan[1] age | ana soring palumpung | Radèn Bondhan dipun kalihi | sinudukan tan pasah | kang begal lingnya sru | lah mara kita malêsa | marang ringwang rahadèn gya narik kêris | rikang wak-awak waja [159] || |
| 15.038 | Radèn Bondhan nibakkên prajangji | iya benjang anak putuningwang | ayya na ingkang angangge | kang kadi dhuwung ingsun | awak-awak waja puniki | lêstari lampahira | ing Tarub jinujug | dyan ing mangke kawarnaa | Kyai Agêng ing Tarub ingkang ginupit | kang kasmaran ing garwa || |
| 16. Asmarandana | |
| 16.001 | Atmajanira pawèstri | awayah pangrusak taman | Rara Nawangsih namane | warnanya yu tanpa sama | langlung[2] dinama-dama | mangkana Ki Agêng Tarub | aris dènnya angandika || |
85–86 dari 277
| 1 | umpêtan. (kembali) |
| 2 | langkung. (kembali) |