Băngsa Tekat Talabul Ngèlmu, Angabèi IV, c. 1900, #1314

JudulCitra
Terakhir diubah: 30-12-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Băngsa Tekat Talabul Ngèlmu[1]

1. Dhandhanggula

1. niyat waktu subuh satêngahing | tagbiratul ihkramira |[2] pinarêng lan nugrahane | rinilan mêdhar ngèlmu | băngsa tekat talabul ngèlmi | ing napi lawan isbat | binabar ing kalbu | ywa kongsi momor ing karsa | rèhning tunggal karya tunggal warna tuwin | amung bedane asma ||

2. kabèh kalêbu obahing budi | beda-beda bedaning panunggal | ing rasa sarêrungone | panganam-anaming wruh | wruh ing dudu dêduga dadi | widadaning kasidan | sidik ing pandulu | pandulu dêlênge ilang | rêngu sêrêng kasorot ing tingal êning | êninge ing panunggal ||

3. ing nalika Jumungah jêng nabi | lawan para sakabat sakawan | nèng bètulah sabakdane | salat Jumungah laju | karsa warah kawruhing ngèlmi | wite kang băngsa tekat | catur adhêpipun | jêng nabi aris ngandika | hèh ta Ngumar Abubakar Ngusman Ngali | ayo padha rêrasan ||

4. kang sun rasa-rasa rasèng gaip | ing Hyang Maha Sukci rong prakara | napi isbat prabedane | myang pisah kumpulipun | jroning rasa

--- 154 ---

kawan prakawis | sawiji adhêpira | eklas kalihipun | tri têtêp titining tekat | kaping pate ya sampurnaning kang pasthi | wruha bedaning tunggal ||

5. ngawruhana bedaning kang pasthi | ngawruhana bedane kang nyata | paran ta mungguh dununge | hèh sakabatngong catur | ing sabisa pikirên sami | salah siji kang tămpa | ilham mring Hyang Agung | sokur kabèh bisa tămpa | bêkjanira[3] ywa kongsi ngêndhong ing pikir | pra sabat matur nêmbah ||

6. ranguning tyas de dèrèng udani | pan sumăngga ing gusti kawula | abdinta nyuwun jarwane | jêng nabi ngandikarum | ingsaallah padha pinikir | yèn bênêr pirabara | ing panêmon ingsun | witing antêp kang sun jarwa | prabedane napi isbating Hyang Widi | antêpe jroning raga ||

7. waspadakna ananing Hyang Widi | panunggale rasa rasanira | saobahe saosike | ênêng lan êningipun | yèn wus ênêng ana ning yêkti | yêktine datan lali | mungguhing Hyang Agung | pamore ing karsanira | ambawani solah tingkahira iki | kalimput nglimput ing tyas ||

--- 155 ---

8. dumununge ana kang nganani | tangi turu lungguh lan lumampah | iku ta nugraha lire | sorotnya pandam murub | urubira padha madhangi | kang padhang iku nyata | iya kang anglimput | sajroning padhang pan awas | yèku măngka ibarat ingkang sayêkti | isbate anèng sira ||

9. mamang ing tyas têtêp ingkang napi | napèkêna ywa kongsi kisenan | ing hawa kang mawa gawe | gawe tumibèng ewuh | jroning amrih antarèng pati | pati patitisêna | êning kang dumunung | isbate kahananing dat | rasaning dat tingaling dat kang wus pasthi | pamonging ciptamaya ||

10. păncadriyanira ingkang wêning | nirna mala malaning tyas arda | êdêkên ing budi sarèh | rèrèh ririh ywa kerut | rutên ruwat rêntênging kapti | tratap sir siningkura | yèku măngka siku | mêmurung marang kasidan | yèn tan awas tiwas pinapas ing napi | napine apêsêna ||

11. prasejene lan ingkang sawiji | dat wajibul wujut[4] bokmanawa | ing kono pinarêngake | cipta ingkang tuwajuh | jinatenan jatining jati | jinatèn antêpira | dera Kang Mahagung |

--- 156 ---

yèku marganing kasidan | widadaning ngandêl kumandêl ing Widi | pinandêng kang waspada ||

12. sêmbadane sêdyanên ing batin | ilapate dat ingkang sanyata | pinta-pinta pintaning rèh | bangsaning isbat iku | napènira pan napi jinis | yèku măngka panunggal | ing siji sawêgung | napènira isbatêna | ing têgêse mungguh ta tunggale dadi | pratandhaning sih lirnya ||

13. tètèse kang warna kahananing | dat campur warna nur noring warna | wênês wêning bedaning jro | dat salikin rumuhun | cahya saking ing driya kadi | lintang panjêr raina | lajunên ing kalbu | dat mutlak kadi purnama | dat salir sir ing sapanunggale dadi | sawarna lan dat mutlak ||

14. ilang ingkang dat mutlak wahyaning | dat subêki lir surya warnanya | muksaning dat subêkine | wahyaning dat sabubun | angêbêki buwana iki | cahya padhang tan ana | ing sêsamènipun | beda lan padhanging surya | myang padhanging rêmbulan uga tan mirib | yèku padhanging padhang ||

15. kang munggèng jroning padhang kang pasthi | ananing dat yêkti ananira | ananira sajatine | ya ananing Hyang Agung | solah

--- 157 ---

tingkah wus tan kêkalih | iku isbating isbat | napi wus kapungkur | iku antêp lungguhira | mantêp iku pacangan amor ing gaip | wong anom dèn waspada ||

2. Sinom

1. hèh paran para sakabat | Abubakar Ngusman Ngali | lawan Ngumar kabèh samya | rasakna rêrasan iki | thukule saking nukil | pinarêng lawan panuju | nugrahaning Hyang Suksma | yèn mungguh panêmu mami | mung sumendhe ing aral rèhning kawula ||

2. ing kono manawa ana | panêmu salah sawiji | rujuk lan panêmuningwang | sokur bisa amuwuhi | ing kawaspadan malih | nglêlantèh têtelanipun | sira padha uruna | kawruh wajib lawan saksi | dadi bisa santosa sanyatanira ||

3. wuwuh kandêl kumandêlnya | prasabab sumujud sami | konjêm sawungune nulya | andonga sukur ing Widi | lajêng umatur aris | dhuh gusti dutèng Hyang Agung | kang măngka nayakèngrat | kang sèstu panutan mami | donya ngakir kang maring swarga widada ||

4. kalangkung ingkang nugraha | barkah tuwan narambahi | sajiwa nikmat mupangat | tangèh sagêda mangsuli | malah minta saking sih | sabda paduka [padu...]

--- 158 ---

[...ka] jêng rasul | kangjêng nabi ngandika | sokur yèn padha nyondhongi | yèn wus nyata sinêksi padha wardaya ||

5. pambancana durung ana | saksi mamsalahing[5] tapsir | sirik yèn nganti jubriya | rèhning bêborongan budi | wadi tan pinarsudi | kawaspadan tuna luput | cacat marang wêweka | sambekala anasabi | kabêcikan wit saking salah panarka ||

6. dandanên ing ciptamaya | ywa sadaya diyon angling | nglêlimput tabêting arja | ajêgna manah kang wêning | mêne manawa dadi | dêdalan arja tumuwuh | ewuhe wong angulah | kawaspadan marang ghaip | beda-beda unine sring kênèng nyata ||

7. rarasên samadyanira | kewala lair myang batin | antêpana kang santosa | barang parentahing Widhi | kang dadi lawan takdir | aywa gumingsir ing kalbu | saobah mosikira | pasrahna karsaning Widi | dadi sidik kasidanira widada ||

8. racutên ing panarima | yèka têtalining eling | lire kakekating driya | wus tan ana tingal kalih | ing mêngko

--- 159 ---

sun jarwani | lakune eklas ing kalbu | napi patang prakara | napi isbat ingkang napsir | wujut ngèlmu nur suhut napi isbatnya ||

9. dene wujud têgêsira | ana ya ananing Widi | ngèlmu kawruh têgêsira | iku kawruhing Hyang Widi | nur cahya kang sajati | iya cahyaning Hyang Agung | suhud moklis têgêsnya | iya moklising Hyang Widi | yèku isbat-isbate kaanan tunggal ||

10. tunggale kaanan tunggal | iya ananira iki | kawruhing Hyang kawruh kita | cahyaning Hyang Maha Sukci | iya cahyanirèki | moklising Hyang ya muklismu | tan ana prabedanya | nging wruhe bedaning tunggil | dadi têtêp ananing Gusti kawula ||

11. mangkono prabedanira | iya ananira iki | winêngku ing kodrating Hyang | sinandi kaduman takdir | sayêktine Hyang Widi | anèng kodrat têgêsipun | pan kodrating kawula | kumandêla marang takdir | eklasêna yèn wis takdire tumêka ||

12. gunggung amore sajuga | jiwanta lan Hyang Suksmadi | ywa mukir ing takdirira | kang kèh kumandêl ing Widi | pirabara pinurih |

--- 160 ---

tata sita-sita dhaup | titinên kang sanyata | ati antêng kang pratitis | titisêna suhul wruhing kodratolah ||

13. jaba jro roroning tunggal | yèku ana têgêsnèki | anadene kawruh lirnya | kawruhing Hyang Maha Sukci | yeka kang tan kalêmpit | waspada ing uwis durung | tan ulap tan asamar | sakedah yèn ing dumadi | yêkti sida ngidini dadining daya ||

14. ya mangkono patrapira | sejene kawruhirèki | sinandhang wiradating Hyang | sinêrung ngaralirèki | têgêse kang ngalingi | păncadriyanira wanuh | lan pănca wisayanta | wèh pantog pêtênging ati | anênulap marang ing waspadanira ||

15. padha cahya nora kêna | pinadha lan kang nglimputi | sabawana kalimputan | kang sèstu cahyaning Widi | cumandhi kang madhangi | ing atmanira anglimput | paworing cahyanira | mrabani gêbyaring kapti | narambahi gêbyaring wadananira ||

16. paribawa bawanira | turu tangi mlaku linggih | ywa sêngguh kuwasanira | pribadine kang mastuti | yêkti nuring Hyang Widi | yèn waspada ing pangrêngkuh | kukuhna utamanta | tuman tumêmêning ati | satuhune [sa...]

--- 161 ---

[...tuhune] sirèku ya rasaning dat ||

17. tingkah polah saking Allah | nging wruha bedaning tunggil | rèhning apês duwèkira | dèn ngrasa lamun antuk sih | ywa pêgat mêminta sih | sêngsêmêna kang saèstu | tumêka ngeklasira | iku bokmanawa kêni | pratandhane antuk sih padhang tyasira ||

18. sajroning tyas kawaratan | gêng pamoring buwanèki | têgêse pan wus manuksma | sinuksma mungguh Hyang Widi | dandanan ngati-ati | têmêna mring awas emut | ing lair kawruhana | pănca wisayaning urip | uripêna waspadaning sangkan paran ||

19. mangkana kang băngsa cahya | dene cahya băngsa napi | sayêkti ya isbat uga | napine pan napi jinis | jinise băngsa ghaib | kang cahya warna wêwolu | dene kang catur warna | pratandhanira Hyang Widi | angobahkên jagate ing dhirènira ||

20. kumalebat ingkang cahya | kang tan patyana nyondhongi | kasusahane tyasira | tanapi antuk prihatin | tuna kalawan bathi | ing kono pan wus tinêmu | tan kêna tinampika | miwah tan kêna pinilih | tampanana sukur lawan panarima ||

21. namanira catur warna | tăndha anane donyèki | tirta

--- 162 ---

gêng miwah | brama swara kang ngoyoti | ebahing bumi gonjing | obah-obah ingkang lindhu | iku sira dèn awas | mawas ilapating Widi | ana manèh kang cahya dadi pratăndha ||

22. gêgolongane kang cahya | tri warna wênês awêning | sajuga iku pratăndha | lara kapenaking dhiri | miwah marang basuki | sawiji pratandhanipun | mèh tinggal ing kadonyan | dene ta ingkang sawiji | mratandhani marang kaluhuranira ||

23. warnane cahya kang nyata | iku isbat napi jinis | isbatna ananing tăndha | napèkna namaning pati | aja pisan nèmpèli | eklasna têrus ing kalbu | awasna dèn waspada | angudi marang Hyang Widi | sêdyanira dadia kanthining Suksma ||

3. Kinanthi

1. dene ta lakuning suhut | suhut têgêse wus moklis | moklise Hyang Maha Mulya | tan ana rêrasan malih | nora sêrik nora êsak | tan suka datan prihatin ||

2. kahanane Kang Mahagung | purba wisesaning moklis | Hyang Suksma dadèkkên sira | myang akarya bumi langit | isèn-isèning bawana | kabèh kang sarwa kumêlip ||

3. ana uni tanpa wujud | ana wujud tanpa uni | ana rupa tanpa gănda |

--- 163 ---

ana gănda tanpa warni | ana urip tanpa polah | kang polah datanpa urip ||

4. ana êning tanpa muwus | kang muwus datanpa êning | kang wujud datanpa nyawa | kang nyawa datanpa warni | ana wujud tanpa polah | ana polah tanpa warni ||

5. kang lunga tan nêdya mantuk | kang mulih tan lungan nguni | mawarna titahing Suksma | sinandhang murahing Widi | sami sinung kanikmatan | mupangat murahing Widi ||

6. kabèh rusak jatènipun | tan ana langgêng sawiji | mung manungsa kang kinarya | tinitah luhur pribadi | ana rusak ana ora | uripe langgêng pribadi ||

7. sajati-jatine iku | kang murba misesa moklis | tunggal lawan moklisira | tan ana sipat kêkalih | nging wruha bedaning tunggal | tunggalêna lawan êning ||

8. dadine prabedanipun | moklis ta panrimaning sih | sihing Hyang kang marang sira | têgêse panrima jati | adhêpira ing Hyang Suksma | iku sajatine moklis ||

9. ing kono prabedanipun | barang rèhira wus tunggil | ywa sira darbe panyipta | kawasa wisaning ati | dèn sukur lawan narima | yèn [yè...]

--- 164 ---

[...n] pinarêng sihing Widi ||

10. dadine kalamun kayun | kayun ingkang nglêlantari | tan lyan mungguhing Hyang Suksma | anuksmèng atma ngêmori | murwaka purwaning karsa | karsanta tansah dèn sihi ||

11. idhêpna adhêping dunung | dununging Hyang Maha Sukci | kang mundhi jroning jiwanta | jiwanta sajati êning | anglimput pan kalimputan | kadi nêng kang nglimput êning ||

12. kang mênêng sajatènipun | yèku kang anglimput êning | êning kalimput nêngira | jatine kang moklis êning | nèng padoning nêng ningira | sipate saking sêsilih ||

13. sêsilih tunggal ranira | tunggalêna lan kang moklis | moklisna jiwa raganta | raganta ciptanên dadi | sajiwa panunggaling sa | sarana sumarahing sih ||

14. pisahna pêksa suramu | biratên barang mêmuring | karêm-karêm karamêna | marènana kang marahi | mêmurung sumarahira | sirnakna nèng manah êning ||

15. bêsating rasa binêsut | bêsut tan oncatna saking | sarira parakna marang | cipta ripta ingkang urip | ing uripe bokmanawa | waspada dadining Widi ||

16. dadi wruh sidaning

--- 165 ---

dudu | kang iya mulya sayêkti | ingkang tunggal pangaksi sa | sampurna roroning tunggil | tumungkula iya tunggal | mung beda ginanjar takdir ||

17. de lapale alkaliku | lawan sipatul kaliki | maknane ika mangkana | dene gaweaning Widi | pan dadi sipating karya | tan ana bedaning warni ||

18. ana ati mulpakiru | têgêse sampurnèng pikir | wa huwallahu tangala | têgêse iku Hyang Widi | sing sapa wonge sampurna | pikire iya Hyang Widi ||

19. lapale wa makamtuhu | mungguh ênggoning Hyang Widi | sayêkti tunggal sajiwa | kalbu mukmin betulahi | atining mukmin kang wus kas | yèku dununging Hyang Widi ||

20. lapil wa anapsiruhu | lan napsi ansanusiri | têgêse pan rasanira | iya rasaning Hyang Widi | ya iku roroning tunggal | têgêse kawula Gusti ||

21. sampurna rasaning tuduh | tan kêna ingaran kalih | tan kêna ngaran sajuga | jatine mung parêng ing sih | ya iku kukuhing eklas | ywa kongsi kapêgat ing sih ||

4. Mêgatruh

1. sampurnane sayêkti tuduhing kawruh | pan iya kawan prakawis | kang măngka prabedanipun | napi [na...]

--- 166 ---

[...pi] isbating Hyang Widi | kang tumrap dadi lêlakon ||

2. napsire dat sipat asma apngal iku | dat ana têgêse nênggih | sipat têgêse pan wujud | asma têgêsira nami | apêngal pakartining wong ||

3. dating Allah ana ing kahananipun | arupa datanpa warni | tanpa arah tanpa dunung | nora gêdhe nora cilik | nora dhuwur nora ngisor ||

4. sipating Hyang tan ana wijanganipun | nora ala nora bêcik | dudu wadon dudu kakung | datan owah datan gingsir | nora tuwa nora anom ||

5. asmaning Hyang mung dumunung anèng sêbut | mung dumunung anèng puji | dumunung jroning dat biru | dumunung jroning ekrami | sajroning mèt rate manggon ||

6. apêngale Hyang Kang Maha Misesagung | anggêlarkên bumi langit | saisènira asnapun | nitahkên manungsa iki | măngka gaibing Hyang Manon ||

7. yèku isbat kang măngka tohjalènipun | dera Hyang Kang Maha Sukci | misesa samèng tumuwuh | amot isbating Hyang Widi | măngka wakiling Hyang Manon ||

8. ananira sarana raga kang wujud | asal saking ora nguni | dadi ana ananipun |

--- 167 ---

minăngka ananing Widi | nglakoni lakuning lakon ||

9. sipatira winijang-wijang sinamur | ing sipat kawan prakawis | pangucap miwah pandulu | pangrungu pangambu dadi | dêdalan dadining lakon ||

10. asma aran iya arane ing wujud | wujud sipatira iki | pratăndha karsaning wujud | wijang-wijange sawiji | wijange dadining lakon ||

11. apêngale pakaryanira saèstu | nglakoni prentahing Widi | sarèhning sira sinêrung | sinandhang ngaralirèki | nanging jatining Hyang Manon ||

12. pangrêksane mring sira dènnya dumunung | sajroning ngaralirèki | dene sihira Hyang Agung | mring sira amratandhani | nuksmèng jro panrima mawor ||

13. sanadyan Hyang mring sira prabedanipun | duk sira maksih ginaip | nong[6] sajroning lokilmakpul | sira sumaguh ing takdir | takdirira mring Hyang Manon ||

14. èngêta mring lêlakon takdir kang jumbuh | iku jatining Hyang Widi | tan ngapura datan ngukum | mring sira mung murah asih |

--- 168 ---

sakèhe amung lêlakon ||

15. saksinira asih murahing Hyang Agung | kang marang ing sira iki | rinilan bisa amêngku | sasama samèng dumadi | kang dumadi ya Hyang Manon ||

16. isining rat tan lyan ananing Hyang Agung | aral iku lawan malih | sipatul kaliki mungguh | gêgaweane Hyang Widi | dadi sipating Hyang Manon ||

17. sajatine sirèku iya Hyang Agung | pan winêngku amêngkoni | ing karsanira Hyang Agung | dadi lairira iki | batinira nèng Hyang Manon ||

18. pamyarsane panggănda miwah pandulu | pangandikane Hyang Widi | dadi karsanira iku | jumbuh ing laku lan takdir | kadadeaning lêlakon ||

19. dumadine lakonmu nèng lokilmakpul | nèng donya ginêlar takdir | sing sapa wonge kalimput | ing takdir napi Hyang Widi | kang èngêt takdir Hyang Manon ||

20. lapalipun insanu binuhajalut | têgêse manungsa iki | saking cahya asalipun | antamutu bètulahi | maemunah mring Hyang Manon ||

21. sajatine duk ing mula-mulanipun |

--- 169 ---

tan ana sipat kêkalih | mung Allah kewala mungguh | ambabar gêlaring gaip | ilapat kinarya loro ||

22. bil ayatu ekrame darusalamu | nugrahanira Hyang Widi | anglênging tyasira iku | dumunung marang basuki | kang bisa gambuh Hyang Manon ||

--- 170 ---

[...]

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
Kurang dua suku kata: nênggih tagbiratul ihkramira. (kembali)
bêgjanira. (kembali)
wujud (dan di tempat lain). (kembali)
masalahing. (kembali)
nèng. (kembali)