Putri Ing Pawah, Dèwi Sulasikin, Bantah Lan Prabu Baratman, Sastradipura, 1905, #1710

JudulCitra

--- 21 ---

Ing Ngandhap Punika Cariyosipun Putri Ing Pawah, Dèwi Sulasikin, Bantah Lan Prabu Baratman.

Bismillahirahmanirrahim[1]

1. Asmaradana

1. sapa bisa jawab iki | suale putri ing Pawah | sayêkti jatukramane | samana ayun-ayunan | lan Prabu Baratmadya | angandika sang aprabu | yayi mas sang liring sêkar ||

2. milane sun praptèng ngriki | pinanggih lawan sang rêtna | kang dhingin laledhang anggèr | ping kalihipun miyarsa | yayi kusuma rara | linamar sakèhing ratu | nanging yayi datan [da...]

--- 22 ---

[...tan] arsa ||

3. iku sawab ingkang êndi | wanodya tan arsa krama | Dyah Sulasikin ature | Kakang Prabu Baratmadya | lah inggih pundi ana | wanodya lumuh ing kakung | nanging wontên kula têdha ||

4. ngandika Prabu Bardangin | yayi sira mundhut apa | guru bakal guru dados | kang ana pitambuhana | mara yayi mundhuta | Dèwi Sulasikin matur | sang nata sanès punika ||

5. dene kang kula karsani | inggih botên endah-endah | amung sajatining wadon | sênadyan kula kramaa | inggih măngsa kanggea | yèn kawula dèrèng wêruh | sêjatine kang wanodya ||

6. kapok kawula rumiyin | tinambang dhatênging priya | bêraa dèn kongsi mangke | jatine dèrèng wuninga | sajatine wanodya | sintên ingkang sagêd muruk | sang nata dhatêng kawula ||

7. kawula datan amilih | utama yèn para nata | utawa kalipah kabèh | santri kaji kula arsa | pundi anêkanana | paderesan bujang gunung | pan kawula inggih arsa ||

8. ngandika Prabu Bardangin | pan sarwi gumujêng latah | dene têka gampang bae | pamundhutane sang rêtna |

--- 23 ---

kaya dudu wong lanang | arabi têmahan wurung | yèn wurung angur matia ||

9. sang rêtna wus bukak kêlir | pan sampun sami anglela | pawongane seba andhèr | kaya widadari suwarga |[2] Ni Dèwi Putri Pawah | minăngka ratuning ayu | surêm kabèh ingkang cahya ||

10. Amat Ngapiyah nulya ngling | kang manah wus gagolongan | rumăngsa bakal kaduwe | yayi mas sang liring sêkar | sajatine wanodya | babagan sipat rongpuluh | iku wajibe wanodya ||

11. wong Bardangin ting kalêsik | jawabe Amat Ngapiyah | pan sami suka manahe | singa gantia kasoran | ya ta sarêng asurak | lir pendah wong adu sawung | Amat Ngapiyah ngandika ||

12. sipat kalih dasa yayi | lah iku ujude ana | Ni Sulasikin ature | Pangeran pundi kang ana | angling Amat Ngapiyah | ingkang ana iya iku | kang ana sipat napsiyah ||

13. sakèhe murid Bardangin | tan pêgat dènira surak | sang nata ngandika alon | kidam dhingin iku iya | matur sang liring sêkar | pundi dhingin ta puniku | kang langgêng tan kêna owah ||

14. umatur sang liring sari | kawula ayun wuninga | kang

--- 24 ---

langgêng pundi ta rane | lan rupa nata ngandika | yayi punika Allah[3] | tan arupa warna iku | lawan nora kêna rusak ||

15. umatur Ni Sulasikin | kawula ayun wuninga | kang langgêng pundi warnane | anjêngêr sri naranata | ya ta parêkan Pawah | surak lir wong ngadu sawung | kucêm murid Baratmadya ||

16. anjêngêr sri narapati | sinurak ing putri Pawah | sang nata ngandika alon | yayi mas kang nama Allah | tan kêna winicara | nora èstri nora jalu | pan nora darbe nagara ||

17. anjêngêr Ni Sulasikin | sinurak wong Baratmadya | Amat Ngapiyah muride | kusuma yu lon ngandika | yèn tan darbe nagara | punapa mawi sinêbut | dadi anêbut siluman ||

18. Amat Ngapiyah tan angling | sinurak parêkan Pawah | sang rêtna ngandika alon | mara padha totohana | kabèh parêkan ingwang | lah sapa kang arêp unggul | mèlua ing gustinira ||

19. Amat Ngapiyah tan angling | Allah yèn lamun wêruha | dadi kaya ing dhèwèke | dadine nora kuwasa | ingkang anama Allah | yèn ana loro tatêlu | dadi kupur wong ing Pawah ||

20. sakèhe murid Bardangin |

--- 25 ---

surak lir wong ngadu ayam | sarta kêlawan kêploke | kusuma yu angandika | inggih lêrês sang nata | tan ana loro tatêlu | nanging iku ana uga ||

21. sakèhe murid Bardangin | surake ambal-ambalan | sarta kêlawan kêploke | Ni Sulasikin ngandika | inggih lêrês paduka | inggih tuwan mawi kupur | wong Pawah cacade apa ||

22. paduka sagêd mastani | kang kapir kêlawan Islam | kang pundi inggih bedane | kawula arsa wuninga | angandika sang nata | gêdhe cilik ananipun | kang gêdhe patang prakara ||

23. kang dhingin wong salah silip | kapindho wong ngombe arak | ping tiga matèni uwong | ping sêkawan iku jina | angling kusuma rara | inggih lêrês sang aprabu | kang kapir patang prakara ||

24. kang dhingin jina puniki | paduka mastani jina | punapa beda-bedane | yèn beda nganggea jina | tuwan mindhak punapa | tuduhêna kharamipun | kawula ayun wuninga ||

25. kaping kalihe sang aji | wong nginum sajêng punika | sajênge ginawe dhewe | paduka wastani kharam | lah pundi ingkang kharam | sang nata sira anjêtung | sinurak parêkan Pawah ||

26. kaping [ka...]

--- 26 ---

[...ping] tigane sang aji | wong matèni padha băngsa | lawan wong jina kharame | punika punapa beda | kawula yun uninga | sanadyan tiyang amandung | yèn ewuh măngsa kênènga ||

27. anjêngêr sri narapati | sinurak ing putri Pawah | sadaya suka manahe | gumêbyar pan kadi lidhah | surak ambal-ambalan | angandika sang aprabu | yayi ingsun wus kaduga ||

28. kharame wong salah silip | manawa yayi konangan | pinasthi dadi atine | salah siji lamun tiwas | suda umate Allah | iku yayi kharamipun | yayi mas patang prakara ||

29. kharame sajêng puniki | kawula ayun uninga | sang nata aris wuwuse | margane punika kharam | yayi patang prakara | kang dhingin pan iku bingung | kaping kalih salah măngsa ||

30. ping tiga sarengat lali | sabarang kang katingalan | nadyan sapadhane uwong | nora beda yèn rinusak | sapa ta gêlêm lara | nora lara dadi lêbur | iku marganira kharam ||

31. malaekat papat iki | nora biyung nora bapa | lan ora sahuwat kabèh | nora karêp-kinarêpan | lawan nora duraka | sang nata dangu

--- 27 ---

anjêtung | sinurak wong Baratmadya ||

32. sinurak para mukmin |[4] muride Amat Ngapiyah | pating kalêjèr ulate | ngandika sang liring sêkar | malaekat kang sakawan |[5] nora bapa nora babu | Amat Ngapiyah ngandika ||

33. iya nora bapa bibi | nora karêp-kinarêpan | Ni Sulasikin ature | dene kaya wudun sêmat | malênthung tanpa sangkan | inggih tuwan nadyan wudun | sayêkti ibune ana ||

34. sêdaya kang sipat urip | pasthi darbe bapa biyang | mokal yèn ta tan anduwe | parêkan sarwi asurak | jêngêr sri naranata | bêrgogok lir pendah tugu | sinurak parêkan Pawah ||

35. Amat Ngapiyah lingnya ris | kusuma rara ing Pawah | alam papat êndi gone | matur dyah kusuma rara | lah inggih alaming marwah |[6] wontên lathi ênggènipun | alam insan anèng grana ||

36. nênggih alan[7] insan kamil | punika wontên ing netra | alam ajêsam ênggone | punika wontên talingan | jêngêr Amat Ngapiyah | putri Pawah surak umyung | lir pendah wong ngadu ayam ||

37. Amat Ngapiyah ngling malih | he yayi kusuma rara |

--- 28 ---

makam papat êndi gone | umatur sang liring sêkar | lah inggih makam papat | makam baka wontên gulu | nyatane puniku rupa ||

38. gumujêng atutup lathi | Sang Nata Amat Ngapiyah | sabênêre ya mangkono | sumaur sang liring sêkar | lêrês puniku rupa | wangsul tuwan ratunipun | ratune sêsipat punika ||[8]

39. Amat Ngapiyah tan angling | anjêngêr pan kadya rêca | para putri surak kabêh | lir pendah wong ngadu ayam | sênggake asauran | angandika sang aprabu | yayi mas sang liring sêkar ||

40. makam jamingul ta yayi | ing ngêndi panggenanira | Dyah Sulasikin ature | Pangeran wontên ing jaja | wangsul atur kawula | pundi tuwan ratunipun | ratune ngèlmu punika ||

41. Amat Ngapiyah tan angling | sinurak parêkan Pawah | para ayu ting pancorong | sang nata Amat Ngapiyah | tan mawi mobah polah | nulya ngandika sang prabu | manira pamit ing sira ||

Tamat bantahipun Prabu Baratmadya kawon, lajêng pamit kesah.

Ing mangke gantos Ki Sèh Madal, bantah kalihan Dèwi Sulasikin ing Pawah.


Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab.
Lebih satu suku kata: kaya widadari swarga. (kembali)
Lebih satu suku kata: kaya widadari swarga.
Ditulis dengan huruf Arab (dan di tempat lain). (kembali)
Ditulis dengan huruf Arab (dan di tempat lain).
Kurang satu suku kata: sinurak ing para mukmin. (kembali)
Kurang satu suku kata: sinurak ing para mukmin.
Lebih satu suku kata: malekat kang sakawan. (kembali)
Lebih satu suku kata: malekat kang sakawan.
Lebih satu suku kata: lah inggih alam marwah. (kembali)
Lebih satu suku kata: lah inggih alam marwah.
alam. (kembali)
alam.
Lebih satu suku kata: ratune sipat punika. (kembali)
Lebih satu suku kata: ratune sipat punika.