Palimarma, Padmasusastra, 1898, #153

JudulCitra
Terakhir diubah: 14-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Palimarma

1. Mijil

1. wijiling kang kintaka saking sih | parimarmaningong | marang sira kadang ingsun kabèh | lawan anak kaponakan mami | kang padha nglakoni | patrapan kinungkung ||

2. marga saking lupute pribadi | mêndêm angaloyong | nunggang kreta dudu ing wayahe | gora gadha[1] andhodhogi kori | pratingkahe [pra...]

--- 82 ---

[...tingkahe] kadi | arsa gawe rusuh ||

3. bêbarêngi gumyaking pawarti | kèh kampak lan koyok | dadi gawe salah panyanane | marang sakèh kang sami miyarsi | tan sarănta prapti | wong tandang gumrubyug ||

4. panujune ana kang udani | lamun putraningong | marma sira mung dèn aturake | dadi nêmu duka dèn walêri | bangêt kaya kang wis | padha sira rungu ||

5. mêngko sira padha sun luwari | lan aksamaningong | pamintèngwang marang sira kabèh | aja padha wani-wani malih | anglakoni kadi | kang wis sira têmu ||

6. yêkti sira bakal anglakoni | ing pidananingong | lunga saking prajanira kene | dumunung nèng panggonan sawiji | kang prasasat mati | datan anèng kubur ||

7. yèn kongsia kalakon sayêkti | paran wêkasing don | uripira dadi tanpa gawe | anèng dunya mung sapisan iki | kena dèn arani | luput ing piangkuh ||

--- 83 ---

8. padha lawan ulêr wrêjid cacing | lintah lan rês-rês poh | amung manjing dadi sèn-isène | alam dunya tan kawilang janmi | luput lair batin | pocapane galur ||

9. anggêgawa marang yayah bibi | kang wus mulya nèng don | tan sambada lawan kudangane | anak lanang kang bisa ngayomi | kadang warga tuwin | marang bapa biyung ||

10. tangèh lamun mangkonoa sami | munduran nyalerong | marang praja myang kadang wargane | marma yoga biratên tumuli | tyasira kang juti | amriha rahayu ||

11. titi layang kang têmbang pamijil | tinulis nèng kantor | ping salawe bêntêt ing tanggale | Jumadilakir Wawu kang warsi | tri lawang kang muni | căndra sangkalèku |[2][3]|

2. Pocung

1. mêndêm pocung wong anon tan mangan wuruk | waru jêne ngarga (timaha) | jinada kang sabèng kawis (bajing) | anêmaha dadi bajing anèng praja ||

2. manggung dadya bêburon saparanipun | sêkaring kintaka (pudhak) |

--- 84 ---

tunjung bang kang gagang inggil (tarate) | yèn kacandhak rinante nèng tanah sabrang ||

3. pae lawan kasêngsêm manut pitutur | satriya Singgêla (Bisawarna) | dhukut arum sanèng ardi (Kalajana) | yèn wis bisa sinêbut janma sujana ||

4. bisa karya lêgane mong[4] tuwanipun | gambir bang ngrêmbaka (soka) | kalabang markatèng latri (rêna) | suka rêna mêmuji jroning wardaya ||

5. lêstaria rahayu salaminipun | pamanguning jala (ngayomi = nyulami) | Prabu Sèt kang sêkar putih (kêmbang dangan) | ngayomana marang kadang warganira ||

6. kang mêngkono kabul ing panêdhanipun | Pêpatih Mandura (Prabawa) | wrêksa lajêring padhati ? | awibawa katêkan barang sinêdya ||

7. aja nyipta sumêngah lawan têkabur | tambanging turăngga (lis) | punggawa Sri Bomapati (Ancak Ugra) | kalis marang ing wahyu lawan nugraha ||

8. têmahipun barang kang sinêdya luput | we mijil sing angga (kringêt) | pandhita Ngendrakilardi (Mintaraga) | dipun èngêt [è...]

--- 85 ---

[...ngêt] kang dadi bekaning raga ||

9. sayêktine gayuh tuna nyandhak luput | pamronggoling wrêksa (nutuh) | pêdhut samar ing pratiwi (amun-amun) | ywa nênutuh ngamun-amun mring wong tuwa ||

10. nora wurung cilaka sajêge umur | garwa Sang Wisrawa (Sukèksi) | sêkar braja (pamor) kang kinawi | kèsi-èsi nora amor lan sasama ||

11. yèn mangkono sayêktine bêcik lampus | sabin tanpa toya (gaga) | rêngganing wibawa mukti (mulya) | anggêgawa mring wong tuwa kang minulya ||

 


gora-godha. (kembali)
§ = 1793. (kembali)
Tanggal: salawe (25) Jumadilakir Wawu: tri lawang kang muni căndra (AJ 1793). 25 November 1864. (kembali)
wong. (kembali)