Nayakawara, Pigeaud, 1953, #1391

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Nayakawara

1. Pangkur

1. wuryanta dera manitra | dina Isnèn wayah jam sanga enjing | Madilawal ping sapuluh | nuju măngsa kalima | ing Prangbakat taun Dal sangkalanipun | atmaja Hyang Girinata |[1][2] mulang mring punggawa mantri ||

2. Mangkunagaran kaping pat | kang puwara nguni datan marsudi | mring gunêm rèh kang rahayu |

--- 3: 41 ---

masalahing suwita | mung ngugêmi ujar kuna kang tan jujur | kabanjur praptaning mangkya | piangkuhe angluwihi ||

3. mring kănca sakancuhira | barang karya tan gagah sami wigih | keguh labêt tanpa kawruh | kewran nalaring nala | yun tinilar kogêl bokmanawa masgul | mogol magêl yèn dèn dêlna | daluya anandho kardi ||

4. karya pitunaning praja | ngrêregoni parentah kang wus dadi | yèn sinêrêg asring rêngu | tampane sinrêngênan | lêlembatan nguring-uring kancanipun | kang mangkono marènana | rungunên pitutur mami ||

5. wruhanta purwane ana | kang punggawa wolulas dalah mangkin |

--- 3: 42 ---

iku ing nalikanipun | jêng gusti kang sapisan | miyos saking prajarsa ambangun tuwuh | minta gumanti kang rama | ingangkah sangkaning jurit ||

6. samana ngumpulkên wadya | pinilihan antuk wolulas iji | iku kinarya gul-agul | jinênêngkên pungga |[3] lan jinanji ing têmbe kalamun antuk | pitulungira Hyang Suksma | kadugèn ingkang kinapti ||

7. linilan milu sarasa | arja papa tumuntur datan kari | winangênan turun pitu | lamun tan dosèng praja | sarta ingkang bêcik kalakuanipun | myang tan nandhang cala ina | pasthi kalilan gêntèni ||

8. mêngko luwih satus warsa |

--- 3: 43 ---

kang taliti kèh samya nora dadi | wit tan ana labêtipun | nanging mau punggawa | ginanêpan saking turun liyanipun | para abdi kang katrima | ginanjar kinèn gêntèni ||

9. iku mungguh kukumira | pra punggawa lamun tèk ingkang waris | wajib kinukup kang lungguh | tan malih sinlundingan | jaman mêngko bumi tan kinarya ngugung | lan tan kalbu nganiaya | mung wuruk karsaning gusti ||

10. suprandene gustinira | maksih karsa ganêpi kadi nguni | nanging ingkang dudu turun | inganggêp kêmbang praja | lan ing batos iku kinarya têtulung | mring abdi ingkang sinihan | supaya milua mukti ||

--- 3: 44 ---

11. kongsi nêlungake putra | myang santana tadhah kalawan panci | maksih pilaur sirèku | myang lumuh akaryaa | saking abdi ingkang bêcik karyanipun | lan ngowahi adat lama | maksih anggalih utami ||

12. marma sira dèn rumăngsa | para abdi sapa kadya sirèki | wus prasasat mangan nganggur | kèhe lêlungguhira | bumi desa ora kurang wolung êjung | kongsi praptaning sadasa | pamêtune angalabi ||

13. mring anak-rabi wandawa | kawiryane kinurmatan sêsami | lungguh lampit nganggo payung | lan sabên kala măngsa | linilanan lungguh jajar lan gustimu | ingajak bogandrawina[4] |

--- 3: 45 ---

pisukamu dèn turuti ||

14. lamun sira tan narima | lah dulunên kancanira prajurit | iku pira panganipun | tikêle lawan sira | suprandene ing pakaryan wêkêl mungkul | tan ana ingkang ngrasula | sêsêg sukane tan sipi ||

15. kang mangkono iku tăndha | yèn janma di wêruh wajibing urip | gugu wulang nut ing kukum | têtêp ora kamalan | arêp mangan gêlêm nyambut karyanipun | gaota êsah kang nyata | akalal ing lair batin ||

16. mupangat tumrap ing angga | pakolèhe iya mring jagad kabir | rumaksa ing prajanipun | ngluhurkên gustinira | anuhoni prajurit pagêring kewuh |

--- 3: 46 ---

misuwure saking mănca | nagarane ingkang bathi ||

17. balik ta para punggawa | kayaparan yèn sira tan nimbangi | amrih utamaning laku | ngluhurkên gustinira | pangowêle mring praja raharjanipun | tuwin jiwanta priyăngga | apa luhur kang prajurit ||

18. kalamun sira kasora | wus têtela mamak datanpa budi | dharudhus sapêrti wêdhus | têtêp mung dadi ama | padha lawan ulêr ngalêlêr tumanduk | mara-marani cukulan | kang lagi rone andadi ||

19. agahan dènnya mamăngsa | tèking godhong rumambat mring pang alit | pundhêsing pang amandhuwur | ngarikit wit kang mudha |

--- 3: 47 ---

tugêling wit si ulêr têmahan katut | nèng kisma datanpa boja | garêmêt cinucuk paksi ||

20. yèku ta pralambangira | lamun sira datan bisa marèni | prasasat prajanirèku | kanggonan kang mêmala | nora wurung sinung usada kang ampuh | hèh eling-eling punggawa | aja ta ngajak bilai ||

21. mumpung durung kalampahan | kacilakan kang bakal sira panggih | bêcik tobata Hyang Agung | mintaa pangapura | nrusing batin ngakua kaluputamu[5] | mrih lulus gonmu suwita | ngupayaa kawruh manis ||

2. Dhandhanggula

1. dhuh èngêta duk lagi prihatin |

--- 3: 48 ---

darbe cipta gayuh kawiryawan | sapira ta sangsarane | acêgah mangan turu | dera minta sihirèng Widhi | tan jênak anèng wisma | kulinèng asamun | saking sruning bratanira | katarima sasêdyanta dèn turuti | sira dadi punggawa ||

2. dèn narima sokuring Hyang Widhi | luwarana punagining driya | aja batal kaniyate | kang marang rèh rahayu | têtumanên dimèn lastari | tumêrah ing kawiryan | wuryanta ing dangu | kang wus sinêbut punggawa | yeka mantri kang wicaksana bèrbudi | kondhang mangulah praja ||

3. ingkang măngka sudarsanèng dasih |

--- 3: 49 ---

kang sinihan ing jêng sri narendra | tinêmpilan kamulyane | ing pangkat sama sinung | kawibawan angrèh wadya lit | ingkang sumiwèng praja | myang kang anèng dhusun | winênangkên darbènana | pamêtune ing bumi desa kang dadi | bawah lêlungguhira ||

4. binubuhan rumaksèng wadya lit | ingkang ana jroning bawahira | pinriha tata têntrême | wit sira kang ananggung | aja ana kang laku juti | dèn padha angèstokna | wiradating ratu | wêruhna ing upajiwa | adarbea rajakaya karangkitri | mrih jênak dènnya wisma ||

5. iku wajibing punggawa mantri |

--- 3: 50 ---

pamardine mring wadya ing desa | dènnya bantoni prajane | ngrewangi ratunipun | de pangrèh mring wadya gêng alit | ingkang sumiwèng praja | wruhêna ing kukum | wicara lan tata krama | myang kagunan kalakuan ingkang bêcik | dadya piandêlira ||

6. wardining kang wasita jinarwi | wruh ing kukum iku watêkira | adoh marang kanisthane | pamicara puniku | wèh rêsêpe ingkang miyarsi | tata krama punika | ngêdohkên panyêndhu | kagunan iku kinarya | ngupa boga dene kalakuan bêcik | wèh rahayuning raga ||

7. rambah malih tumanjaning pamrih |

--- 3: 51 ---

karya gayuh sihirèng narendra | adol bêcik mring prajane | mrih alêm kancanipun | dadya srana marang utami | upama kalakona | ujar kang puniku | adoh jalaraning ala | ratu mulya punggawa mantri prayogi | urip cahyaning praja ||

8. anglir wulan sadangune kandhih | dening ima sinrang ing maruta | sumêblak padhang lawêne | ujwalanira campuh | lan usara têmah martani | mring sakèh tarulata | ingkang mêntas alum | ing siyang kataman surya | sami nglilir sêgêre ambabar sari | surasaning kang praja ||

9. kang minăngka wulan sri bupati |

--- 3: 52 ---

ima iku pêpêtênging praja | kang ulah silib sakèhe | dene marutanipun | patih lawan punggawa mantri | ingkang murinèng praja | ngowêl ratunipun | padhanging wulan upama | tyas narendra ujwala prentah kang mijil | tumrap ing wong sapraja ||

10. kang usara ibarate ngadil | taru wadya kang sumiwèng praja | lata wong ing desa kabèh | sari sanepanipun | enggarira wadya gêng alit | jujur jênjêm ing driya | cukup uripipun | mangkana ta sulangira | lamun praja kèh dursila kang ngribêdi | tamtu ratu sungkawa ||

11. wajib patih lan punggawa mantri |

--- 3: 53 ---

kang birata mêmala durcara | kabèh praja sêsukêre | supaya sang aprabu | lêjar ing tyas angudanèni | mring solah bawanira | ing wadya sawêgung | kang bêcik lawan kang ala | awit ratu măngka wakiling Hyang Widhi | nanggung umat sapraja ||

12. lamun ratu wus prastawèng galih | èstu karya parentah utama | sumrambah mring praja kabèh | sapangkat-pangkatipun | dènnya murih mulyaning dasih | yèn sampun kalampahan | kadya kang winuwus | nêtêpi nagara arja | kontab ing lyan kèh ngayubagya mêmuji | yèku cahyaning praja ||

 


§ Taun Jawi 1791, taun Walandi 1862, wulan Dhesèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Isnèn (Sênèn) sapuluh (10) Madilawal (Jumadilawal) Dal: atmaja Hyang Girinata (AJ 1791). Tanggal Masehi: Minggu 2 November 1862. Perbedaan satu hari (Minggu versus Sênèn) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
Kurang satu suku kata: jinênêngkên punggawa. (kembali)
bojandrawina. (kembali)
kaluputanmu. (kembali)