Paliwara, Pigeaud, 1953, #1406

JudulCitra
Terakhir diubah: 23-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Paliwara

1. Dhandhanggula

1. jênu tawa pisang gănda wangi | aja tungkul kulup dèn graita | ragu suta mardi jêne | ramanta pan wus sêpuh | wisma aglar ing păncaniti | dèn kêrêp sebanana | prabatanging pantun | dimèn paring pulang[1] sira | patri wastra garinging mina jêladri | nalar pangrèhing praja ||

2. carang wrêksa ingkang jamang tambir |

--- 4: 16 ---

wit tan gampang wong mêngku nagara | baligo ămba godhonge | kudu santosèng kalbu | têngarèng prang andhêging riris | dèn têtêg tranging cipta | sêndhang niring ranu | sasat ana ing palagan | kasang toya mênyan seta mungging ardi | yèn apês kawirangan ||

3. kampuh nendra ron lêsah binukti | mula kulup bangêt wêkas ingwang | sarpalit ponthang warnane | saking sumêlangipun | brama arda kang mrica putih | mulat mring solahira | bêngkik gêng ing kêdhung | igèh bocah manahira | bèbèk rawa wastra pêthak ciri èsthi | wis sêdhêng marènana ||

4. burat pada raning sato bukti |

--- 4: 17 ---

bokmanawa katrucuting măngsa | banthèng bang jarwa sonyane | sapira kaduwungmu | kandhêlalit kang sabèng tali | lir kinjêng tanpa soca | pangiriding satu | nora nana kang nuntuna | perak krêsna wastra laranganing gusti | têmah rusak kang tata ||

5. gancar wayang kang mulwijo sisik | yèn kalakon kang kaya mangkana | kara kang rêmit godhonge | kapriye solah ingsun | sobrah wrêksa tumamèng siti | myang sadulurmu padha | lêmbing sabèng ranu | nora bisa dulu sira | paku wrêksa bêbantu sipating pati | sun têdha mring Hyang Suksma ||

6. astra dibya Risang Ragusiwi |

--- 4: 18 ---

muga-muga kulup ramanira | piring gêng beda tulise | panjanga yuswanipun | sudarmane Sang Hyang Pramèsthi | mênangana rabinta | tangkil gêng ing dhusun | sukur nganti mênangana | cawang wrêksa widara kang pindha warni | ing canggah warèngira ||

2. Sinom

1. parangmuka asrah jiwa | aruna alpa sapalih | aja tungkul dèn graita | atmaja Sri Dasarati | pulas pambabar rukmi | ramanta gèr pan nus[2] sêpuh | pita bênting turăngga | bangsal gêng angapit kori | sabên dina kulup bêcik sebanana ||

--- 4: 19 ---

2. Êmpu Astra Wilatikta | baskara lumèngsèr wukir | supaya sira surupa | lata krêsna ing jaladri | jêbat sinandi lami | karsane wong atuwamu | wipradi Saptarêngga | wuku Dewa Hyang Pramoni | dènnya yasa pranatan tumraping bala ||

3. majasta ruwit kang patra | watês caritaning ringgit | ing mêngko pus[3] kalampahan | kukila sabawèng ratri | toya mambêg kinardi | tumraping dasih sawêgung | suluh tejaning warna | jawata kang sirah èsthi | wus pracaya mring prentah datan lênggana ||

4. wastra rimonging subêkta | taru linih saking siti |

--- 4: 20 ---

mulane gèr putraningwang | walang gêng lir patra wilis | brêmara talèng siti | aja tambuh ing pitutur | kukilarda rinaja | ron buntal sasanèng ardi | dèn takêwi[4] ngadhêp marang ramakira ||

5. rêndhi bang sring piniara | lunglungan lêsah pinardi | sun kêkudang kulup sira | satriya Singgêla nagri | parab Sang Pandhawa ji | bisaa lir sudarmamu | kasang toya ing raga | lukita kawining janmi | pês-apêse ing budi tiba mêjana ||

6. wrêksa caranging mandera | jamang rotan mungging tambir | tan gampang mêngku nagara | wahyaning janma garbini |

--- 4: 21 ---

pandaya ulah siti | lair batin kudu mlaku | kadang Sri Duryudana | tarub gêng jawining panti | marma ingsun juwêt ngatag marang sira ||

7. titi purnaning wiyata | dina Sênèn kaping kalih | tanggale ing sasi Sapar | kasapuluh ing Jimakir | sangkala mulat siwi | èsthining sang maha prabu |[5][6] kang mangikêt pustaka | ramanta Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ingkang kaping pat ||

 


wulang. (kembali)
wus. (kembali)
wus. (kembali)
tabêri. (kembali)
§ Taun: 1812. Sangkalan punika tamtu lêpat, amargi surud dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, tanggal kaping: 8 Sawal Jimakir 1810 (surya 2 Sèptèmbêr 1881). Mituruk [Miturut] katrangan saking pèngêtan warni-warni, pangikêktipun [pangikêtipun] Sêrat Paliwara punika tanggal kaping 1 Sapar Jimakir 1802, Masèi, surya 30 [sic] Marêt 1873, dados căndrasangkalanipun sagêdipun cundhuk, mulat widik èsthining sang maha prabu: 1802. (kembali)
Tanggal: Sênèn kalih (2) Sapar Jimakir: mulat siwi èsthining sang maha prabu (AJ 1812). Tanggal Masehi: Rabu 13 Desember 1882. Tahun AJ 1812 adalah tahun Ehe dan bukan Jimakir. Menurut Pigeaud di catatan-kaki sebelumnya, sangkala ini salah dan sebaiknya dibaca: mulat widik èsthining sang maha prabu (AJ 1802) yakni tahun Jimakir, dan sesuai dengan surud Mangkunagara; maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sênèn 2 Sapar Jimakir AJ 1802 (Senin 31 Maret 1873). (kembali)