Budhagotama, Wrêksadiningrat, c. 1900, #1455


[4 halaman kosong]

--- 1 ---

Sêrat Budhagotama punika.

Anyariyosakên Sang Nararywa Siddharta ing tanah Indhustan, nalika anggêlarakên agami Budha, tumêngkar wontên satalatahing tanah Indiya, babon anggitanipun Rêsi Subadra Bigsu katêdhak ing têmbung Dhitsê dening Tuwan Èkriès Olkot, sarta kawêwahan katrangan, papêthikan saking sêrat-sêratipun bôngsa Indhu ingkang winastan Sêrat Suci, utawi wirit saking cacriyosan ing jaman sapunika ingkang magêpokan agami Budha, katêdhak ing têmbung Walandi dening Tuwan Mistêr S van Hutên, samangke kajawèkakên sarta kawêwahan papêthikan saking Sêrat Budhagotama, anggitanipun Tuwan Dhoktêr Mèiyêr Bum, dhinapur ing pawicantênan, kados ing ngandhap punika.

Agami sampeyan punapa.

Agami kula Budha.

Tiyang agami Budha punika kadospundi.

Tiyang agami Budha punika, nganggêb bilih Rêsi Buddha ingkang madhangi bawana, utawi dados paguronipun tiyang sajagad, angrisak sagunging tumitah, sapitêdahipun dipun turut, kalimah sahadatipun kaantêpan.

Kalimah sahadatipun dipun wastani punapa.

Dipun wastani Tri Sarana.

1. Kula nganggêp dhumatêng pitulunganipun Rêsi Buddha.
2. Kula nganggêp dhumatêng Darma. (¡)
3. Kula nganggêp dhumatêng Sangga. (†)

Para tiyang ingkang sami nêbut Tri Sarana, kadospundi pikajênganipun.

1. Saksi dhatêng dunya, wiwit Rêsi Buddha sinêbut Tri Sarana kaanggêp gurunipun.
2. Piwulanging agami kaanggêp têmên anjalari sampurnaning nyawa.
3. Para têtiyang ingkang lumêbêt agami kaanggêp sadhèrèk, ingkang mungkul dhatêng agaminipun kaanggêp sêtya.

Yèn makatên Tri Sarana punika dados pikêkahing agami Budha.

Inggih makatên, utawi malih para tiyang ingkang nêbutakên Tri Sarana, punika utami wontên sangajêngipun pangagênging pakêmpalan, agami botênipun makatên sanadyan amung wontên ngajênging biksu ingkang ugi nama saman. Utawi malih wontên sangajênging opasaka, punika ugi sampun kaanggêp Budhanipun.

Punapadene para tiyang agami Budha wau kêdah nganggêpa

--- 2 ---

dhatêng mantra ingkang winastan Tri Rêtna.

Tri Rêtna punika kadospundi.

Punika sêsêbutanipun tiyang agami Budha manawi pinuju susah, punika kaanggêp lintang panuntun katiga, ngibaratipun tiyang ingkang amrih luwar saking kabingungan. Liripun upami tiyang ingkang ngupaya mina ing sagantên, ing môngka baitanipun kenging bancana katêmpuh ing angin, ngantos têbih saking dharatan, têmahan katambêtan prênahing keblat, punika manawi botên samar pamawasaipun dhatêng lintang tatiga wau, èstunipun inggih sagêt luwar saking babingunganipun, wondene mantra Tri Rêtna punika makatên.

1. Ajènana wong kang tanpa cacat lan kang linuhur ing sajagad. Mênggah tumanjanipun sasêbutan punika ngajèni dhatêng Rêsi Buddha.
2. Ajènana wong kang ngidhêp marang Darma.
3. Ajènana sucining Darma.

Budha punika punapa.

Punika tiyang ingkang tanpa cacat lan ing salêbêting gêsangipun angsal pitulungan luwar saking sangsara.

Punapa punika Allah ingkang ngatingali manungswa.

Dede.

Punapa utusaning Allah tumêdhak ing bawana badhe damêl kamulyaning manungsa.

Inggih dede.

Yèn makatên punapa bangsaning tiyang kemawon.

Inggih, ananging sanadyan makatêna, kintên kula sabên pintên-pintên èwu taun malih, wontêna inggih amung satunggal, ingkang sagêt ngêlukakên manahipun tiyang sajagad, piwulangipun tumrap pêmanahipun tiyang bingung utawi tiyang masakat, sagêd adamêl têntrêm, mila ngantos dipun anggêp utusaning Allah.

Punapa Budha punika nama.

Sanès.

Punapa têgêsipun Budha.

Têgêsipun ingkang nampèni pêpadhang, utawi kaananing manah ingkang nuntun dhatêng kasucian, tumuwuh saking pambudinipun piyambak ngantos kasêbut pinunjul ing sajagad.

Ingkang têtêp winastan Budha namanipun piyambak sintên.

--- 3 ---

Sang Sidharta trahipun Gotama.

Sintên yayah rinanipun.

Ingkang rama Prabu Suddhadhana ingkang ibu pramèswari Maya.

Prabu Suddhadhana prajanipun ing pundi.

Sakidul wetanipun ardi Himalaya, kithanipun ing Kamilawastu têpang watês kalihan nagari Bagarès (†) ingkang kawêngku ing tiyang Sakyas.

Sang Sidharta kababarakên kala punapa.

Ing dintên Sukra: 629 taun sadèrèngipun miyos Nabi Ngisa.

Kadospundi cariyosipun.

Nalika pramèswari Maya badhe bobotakên Sang Sidharta, supêna katurunan lintang ingkang ujwalanipun angèbêki bawana, pramèswari Maya upaminipun kados kinêlêm ing samodra wahya, sirnaning lintang lumêbêt ing garbanipun pramèswari Maya, botên dangu lajêng wontên satunggaling dwipôngga pêthak ingkang mawa gadhing nênêm. Pramèswari Maya sarêng wungu karaos bilih ambobot, sarta panggalihipun sakalangkung têntrêm. Dene nalika Sang Sidharta mêntas kababarakên, wontên satunggaling pandhita darbe pamêca matur dhatêng Prabu Suddhadhana:

(1) Agami utawi wulang tataning kasucian.
(2) Tiyang ingkang mungkul dhatêng agami.
(3) Dumunung sacêlaking lèpèn Rohini, samangke anama lèpèn Anoma, dene tiyang Sakyas punika bôngsa Jêrman.

Aturipun kadospundi.

Pukulun, putra paduka punika pantês kasêbuta cakrawarti, liripun ingkang pinunjul ing sajagad, lan ing têmbe kagungan dêdamêl cakra rêtna ingkang minôngka pamberating kalesaning bawana, sarta kagungan pusaka sêsotya, aswa rêtna lan kagungan titihan dipôngga pêthak ingkang amaya winastan asti rêtna, dene badhe garwanipun putra paduka, punika istri rêtna, inggih punika ingkang cahyanipun gilang-gumilang ngasorakên kênyaring sasôngka.

Kadospundi sarêng Prabu Suddhadhana midhangêt aturing pandhita, Prabu Suddhadhana karênan ing galih, lajêng andhawuhakên para among dagang, dhinawuhan dhasarakên dêdaganganipun wontên ing alun-alun. Makatên malih sakathahing tatingalan, dhinawuhan anggiyarakên wontên ing ngriku, cêkakipun ing alun-alun praja Kapilawastu botên kirang tatingalan, sawarnining bandera pinanjêr

--- 4 ---

wontên satêpining margi agêng, sang nararya winisudha jumênêng narendra putra jêjuluk Sang Siwartasidha, tuwin Sidhawarta, kacêkak dados Sidharta.

PunaPunapa sampun wontên tôndha-tandhanipun bilih Sang Sidharta badhe dados Budha.

Sampun, ingkang dados tandhanipun inggih punika para pandhita para nujum palintangan, ingkang kagêm ing karatonipun Prabu Budhapana, sami darbe panyêtha bab badhe lêlampahanipun Sang Sidharta wau, dene panyêthanipun, manawi Sang Sidharta karsa ngebahakên bawana inggih badhe jumênêng nata bathara ingkang ambawani bawana, manawi botên makatên badhe dados Budha.

Punapa amung punika ingkang sami nyêtha lêlampahanipun.

Botên, kajawi saking punika, wontên satunggiling pandhita.

Nalika samantên kathah para pandhita tuwin para brahmana, ingkang manggèn ing wana-wana, dumunung ing growongan kêkajêngan agêng utawi ing guwa-guwa, tuwin ing panggenan singit, sumungku ing pudyabrata sumêdya anyatakakên pisahing nyawa lan badanipun, utawi alusipun sagêda kapanggih Brahma, inggih punika ingkang dipun anggêp Allah Ingkang Murbèng Bawana, wondene panggêsanganipun para pandhita tuwin para brahmana wau sami papariman.

NalaNalika Kaladhewila, lumajêng saking pratapanipun, ing wana sacêlakipun ardi Imalaya, awit Sang Kaladhewila tampi wangsiting dewa, bilih Rêsi Budha samangke tumurun dhatêng ngarcapada, manjanma dhatêng Sang Nararywa Sidharta, Sang Kaladhewila sapraptaning ngabyantaranipun Sang Sidharta, lajêng angunandika, dhuh iki narendra putra kang ing têmbe dadi Budha, ngluwari sakèhing tumitah saka sangsara, muhung paduka ingkang badhe angwontênakên planggêraning agêsang sarta botên kalepetan ing duraka, dhuh gusti ing dintên punika dadosa sêkaring pura, ananging botên dangu pramèswari Maya pinulung ing dewa, nêtêpi anggènipun badhe dados kêkasih, punika sawatawis anyudakakên aruming puspita ingkang badhe ambabar gônda, pangunandikanipun Sang Kaladhewila kalihan karuna, amargi saking sangêting sêpuhipun rumaos bilih badhe botên mêningi lêlampahan punika.

Punapa Sang Pramèswari Maya tumuntên surut.

Inggih makatên, sasampunipun pitung dintên kalihan nalika ambabarakên Sang Sidharta, dene sang nararya, lajêng dipun inyani dening Dèwi Mahapraya Pati.

Pangunandikanipun pandhita Kaladhewila, punika punapa pinujon [pinujo...]

--- 5 ---

[...n] kaliyan panggalihipun Prabu Suddhadhana.

Botên, awit pangancanging karsanipun supados Sang Narendra Putra Sidha, têtêpa ambawani bawabawana jumênêng nata binathara, amila anggènipun ugi cinêtha dados Budha punika kaanggêp sambekala, têmah Prabu Suddhadhana enggal-enggal anandukakên sarana, supados sang narendra putra botên saèstu Budha, wondene wontêning sarana ingkang tinandukakên wau makatên. Sang Sidharta dipun jagi botên kenging sêsrawungan kalihan tiyang nandhang susah, utawi botên kenging priksa tiyang pêjah, dipun pandhingi rajabrana sakalangkung kathah para guru ingandikakakên mulang kawruh ingkang maedahi dhatêng pamêngkuning karaton, sarêng Sang Sidharta sampun diwasa kayasakakên pasanggrahan dening ingkang rama, miturut lampahing môngsa ing tanah Indiya, 1. Kagêm ing môngsa asrêp, 1 ing môngsa jawah, 1 ing môngsa bêntèr, pasanggrahan tiga wau sakalangkung endah pandamêlipun, rinêngga ing mas sêsotya nawarêtna, ingubêngan taman kaistha wana, sacêlaking suyasa sabilik-bilik ing patamananipun, wontên balumbangipun kinubêng ing sasêkaran, katingal sakalangkung asri, salêbêtipun wawêngkon ngriku kathah sêndhang bêlik utawi guwa-guwa, ingkang singêr sarta wingit sêsawanganipun, Sang Sidharta botên kenging miyos, saking wawêngkon pasanggrahan ngriku, punapadene tiyang ingkang nandhang sakit, tiyang miskin, tiyang pikun, pinapuh botên kenging lumêbêt.

Sintên ingkang dados pamomongipun Sang Sidharta.

Êmpu Wismamitra, punika satunggaling tiyang ingkang kaloka pinunjul ing kagunanipun. Sasaminipun SangsangSang Sidharta nyakup dhatêng piwulangipun Êmpu Wismamitra, lajêng kadunungan panggalih wêlasan, sasolahipun dyatmika, ing satunggiling dintên nuju angenggar-enggar galih, manoni paksi maliwis. Aturipun ngalèmprèh wontên lêlêmpènging ardi Imalaya, lajêng anglayang dhawah wontên ngarsanipun Sang Sidharta, sarêng kapriksa suwiwinipun kataman ing jêmparing, Sang Sidharta sangêt wêlasipun, jêmparing lajêng dipun lolos, pêksi maliwis lajêng dipun pangku sarwi ingêlus-êlus. Botên dangu wontên kengkenaning gêrma marêg ing ngabyantaranipun Sang Sidharta, badhe anyuwun paksi maliwis wau, aturipun, pukulun, punika wau wontên maliwis linêpasan jêmparing dening gêrma kataman suwiwinipun, anglayang dhawah wontên ing ngarsa panjênêngan ngriki, manawi kaparêng kula suwun. Pangandikanipun Sang Sidharta, tumibane kene maliwis durung mati, dadi durung têtêp kadarbe marang kang manah, ênggone ngalèmprèh iku ature sabab karegonan ing panah, sarèhning ingsun kawajiban angluwari sakèhing tumitah

--- 6 ---

saka sangsarane, mulane ingsun ora amaringake, ing wêktu wau lajêng wontên satunggaling pandhita wicantên, sarèhning urip iku ana gunane, mulane sapa kang nguripi iya iku kang duwèni.

Kadospundi salajênging cariyosipun.

Prabu Suddhadhana sampun apracaya sangêt dhatêng sang nararya, awit saking anggènipun amumpuni ing kagunan, punapadene anggènipun sampun katingal ing galih dhatêng kawibawan, Prabu Suddhadhana botên pisan-pisan kagungan panggalih manawi sang narendra putra anguwalna dhatêng kadunyan, ing satunggiling waktu Prabu Suddhadhana angandika dhatêng sang nararya, he putraningsun, payo padha mêtu marang sajabaning praja, supaya sira mêruhi saubênge praja kang bakal sira wêngku, sang nararya botên lênggana, enggaling cariyos, sampun dumugi sajawining praja, ing ngriku Sang Sidharta kacaryan ing galih, amanoni sakathahing pasabinan, miyarsa ungêling paksi-paksi, tuwin brêngêngênging kumbang, cakikèring sata wana, mêranmêrak ngigêl sawênèh nyangunglong wontên ing êpang, wontên paksi cucak nucuk kupu lajêng sinambêr ing alap-alap, Sang Sidharta sanalika lajêng anggagas-gagas sangsaraning agêsang, panglocitaning galih, dhuh, apa iki kang aran dunya, wong tani padha kinum ing karingête, sapi-sapi apantheyotan anggèrèt waluku, ing ngêndi-êndi pati, ing ênda-êndi sangsara, dhuh jagad, layak ingsun prayoga mikira prakara kuwe, Sang Sidharta lajêng lênggah piyambak wontên sangandhaping uwit jambu, lênggahipun dhêkukul. Ing ngriku wiwit katuwuhan panggalih badhe mitulungi sangsaraning agêsang, sarta angajap-ajap sagêdipun lumêbêt ing diyana, inggih punika mebahing manah ingkang ambudi dhatêng nirwana. (†)

Kacariyos wêktu wau wontên widadari gangsal anglayang, sarêng aturipuaturipun ngungkuli uwit jambu, ingkang ngayomi Sidharta, para widadari kados wontên ingkang anggendholi, lajêng sami sumêrêp bilih Sang Sidharta pinuju dhêkukul, wontên sangandhaping uwit jambu, sarta mawi praba ingkang damêl sulaping paningalipun para widadari wau, botên dangu wontên suwara kapiyarsa, he para dewa, para widadari, padha ngidhêpa marang wong kang bakal gawe sirnaning sangsara, ing wanci wau surya mèh ngayom, para widadari sami ngidung sakathahing wit-witan badhe kakuncatan ing wêwayanganipun, amung uwit jambu ingkang ngayomi Sang Sidharta ingkang wêwayanganipun botên [bo...]

--- 7 ---

[...tên] ewah, botên dangu wontên utusanipun Prabu Suddhadhana dhatêng, badhe animbali Sang Sidharta, ananging kandhêg amargi mirêng suwara saking salêbêting sêkar, he aja ngobah-obah Sang Sidharta, sadurunge lêjar panggalihe.

Sang Sidharta sasampuning lêjar panggalihipun, lajêng kundur kalihan ingkang rama dhatêng pasanggrahan.

Pasanggrahan katiga wau dipun wastani ing pundi.

Ing Surama, ing Suba, ing Rama.

Punapa Sang Sidharta lêstantun lêjar galihipun.

Botên, sanadyan lajêng katingal mangun suka, midêr-midêr wontên ing patamanan, ananging ing batos tansah anggalih anggènipun badhe ambudi sarana pamberating sangsara, dene Prabu Suddhadhana ugi botên kakilapan, lajêng animbali sawênèhing punggawa dipun pangandikani makatên, sira sumurupa manawa Sidharta iku bakal linuwih sajagad, bisa ngalahake mungsuh ora kalawan adêging pêdhang, ananging sarana tumanduking piwulang, ora wurung bakal anêtêpi sapanyêthaning pandhita, bakal mratapa, wusanane dadi Budha, dene panjênênganingsun uga wus ora kainan. Wus ingsun saranani, samêngko ingsun pitakon kapriye mungguh kang dadi prayogane, supaya Sidharta ora nêtêpi panyêthaning pandhita, anguwalake kautamaning uripe.

Aturing punggawa kadospundi.

Aturipun, dhuh, pukulun, putra paduka punika sêlakna wanodya awit wajibing jêjaka punika kêdah anyumêrêpi dhatêng rarasing among asmara, Prabu Suddhadhana kakênan ing galih, sang nararya lajêng badhe dipun pikramèkakên. PabuPrabu Suddhadhana dhêdhawah dhatêng para wanodya salêbêting praja, sami dhinawahan marêg dhatêng pasanggrahan. Awit sang nararya badhe maringakên ganjaran, ingkang mulung saking astanipun piyambak. Ananging ganjaran wau badhe dhumawah dhatêng wanodya ingkang endah piyambak warninipun.

Ing satunggiling dintên, sang nararya lênggah ing dhampar, para wanodya ingkang sami anyênyadhang ganjaran sampun ngêmpal wontên ing pasanggrahan, lajêng dhinawahan lumampah saking satunggal, langkung sangajênging palênggahanipun sang nararya, sarta para wanodya wau sami ingandikakakên ngore rikmanipun. Ing ngriku wontên satunggaling wanodya putrinipun Prabu Suprabudha, nama Dèwi Yasodhara, kalêrês nak-sadhèrèkipun sang nararywa Sidharta, Dèwi Yasodhara anggènipun lumampah kalihan tumungkul. Astanipun sidhakêp kados Dèwi Prawawati, [Prawa...]

--- 8 ---

[...wati,] garwanipun Bathara Siwah, sarêng anggènipun lumampah dumugi sangajêngipun sang nararya, Dèwi Yasodhara matur, punapa kula badhe anampèni ganjaran, sarwi mèsêm, sang nararya sanalika kumênyut anggalih, jumênêng lajêng ngruwat sangsanganipun, dipun agêmakên dhatêng Dèwi Yasodhara.

Pangandikanipun. Dhuh yayi wus ora ana ganjaran kang bakal sira tampani, ananging mêmanising praja Kapilawastu, bisa ungas bakal mêngku marang sariramu, ingkang makatên wau sangêt andandosakên dhanganing panggalihipun Sang Prabu Suddhadhana, enjingipun lajêng utusan punggawa anglamar Dèwi Yasodhara, ananging Prabu Suprabudha botên nyumanggakakên.

Punapa sababipun.

Padatanipun manawi tiyang Sakya, anakipun èstri wontên ingkang nglamar, punika lajêng gadhah pêpanggil utawi sayêmbara, ing môngka karêngan waktu wau Dèwi Yasodhara, pinuju dipun lamar dening para priyagung ing amôncapraja, mênggah aturipun Prabu Suprabudha, Dèwi Yasodhara badhe kasumanggakakên, manawi sang nararya sagêt ngasorakên kadibyanipun satriya tatiga.

Sintên namanipun.

1. Sang Arjuna, satriya saking môncapraja, punika kasusra wantêr sarta baut dhatêng panitihing turôngga.
2. Sang Anandha, baut anjêmparing. (1)
3. Sang Dewadhata, sudira ing alaga. (2)

Mênggah ingkang makatên wau sangêt andadosakên sungkawaning galihipun Prabu Suddhadhana, ananging sang nararya botên kampah lajêng rawuh dhatêng pabaratan, nitih kuda pun kantaka, sarta lajêng ngabên kasantikan kalihan satriya têtiga wau, sakawit sami anjêmparing, lesanipun tinundha-tundha, lajêng mêdhang êpanging uwit, pungkasanipun sami anandêrakên turôngga, enggalipun satriya tatiga wau sami kasor, Prabu Suprabudha sangêt suka sukur ing galih, sang nararya dipun parêpêki, aturipun Prabu Suprabudha, dhuh, sang nararya, samangke harak kula sumôngga ing paduka, Dèwi Yasodhara dipun awe dening ingkang rama, lajêng têdhak ing panggungan marêk ing ngabyantaranipun Sang Sidharta, sarta nyaosakên sêkar uncèn, sarwi matur ngasih-asih, dhuh gusti, badan kawula sumôngga ing panduka, Dèwi Yasodhara lajêng kinanthi binakta kondur dhatêng kadhaton.

Nalika sami anjêmparing, Sang Sidharta angagêm gandhewa pusakanipun

--- 9 ---

Prabu Suprabudha tatilaranipun Prabu Sinadhaku kaprênah ingkang eyang Sang Sidharta, sarta gandhewa wau salamènipun wontên Prabu Suprabudha dèrèng wontên ingkang kawawa mênthang, Sang Sidharta botên mawi wangwang, lajêng dipun agêm anjêmparing, ing nalika badhe pêsating jêmparingipun wau gandhewa mangkêluk akupêng kados singating andaka, jêmparing naratas lumêpas lesan tundha pitya, amila sanadyan Sang Dhewadhata kawêntar sudira ing ayuda, ewadene sanalika surut suraning galihipun, botên pisan-pisan sêdya anglawan kadibyanipun Sang Sidharta.

Punapa Sang Sidharta kalihan Dèwi Yasodhara lajêng kapanggihakên.

Inggih, enjingipun lajêng kapanggihakên.

Kajawi saking pamiwaha ingkang sampun kalimrah atasing para bôngsa luhur, punapa mênggah ingkang dados sarananing pangantèn.

Padatanipun tiyang Sakya, pangantèn manawi kapanggihakên mawi saracara mêcah tumpêng, nyarup sêkul kalihan lisah, ngambangakên damèn wontên ing pawon, ngubêngi latu pitung pêcak, saubêngan rambah kaping tiga, kalihan ngucapakên mantra.

Punapa Sang Sidharta kalihan ingkang garwa lêstantun wontên ing kadhaton.

Botên, sarimbit lajêng kundur dhatêng pasanggrahan.

Sintên panunggilanipun ingkang dumunung wontên ing pasanggrahan.

Putranipun para pangagêng ing kitha, kajawi saking punika kathah para wanodya ingkang indah warninipun, kasusra pambêksanipun, mardu arum suwaranipun, minôngka lêlangênipun Sang Sidharta, supados angèngêtana samukawis lêlampahan ingkang mimbuhi kawibawan.

Kadospundi têka sagêt-sagêtipun tilar kasênêngan ingkang sakalangkung sae makatên.

Sasampunipun sang nararya kagungan putra satunggal, ing satunggiling dintên, pinuju midêr-midêr wontên ing patamanan, angsal wangsiting dewa, sêsarêngan kalihan kumrisiking gagodhongan katiyub ing angin, dene wangsiting dewa wau makatên.

Kapirêngna, punika angin angidung. Tanpa aso lan tanpa dunung. Punapa sakathahing janma. Botên amung badhe ngrasula.

__________

Manawi paduka badhe katambêtan dhatêng puruging maruta. Punapa paduka priksa dunungipun gêsanging manungsa.

--- 10 ---

Amila prayogi nuntên kagaliha. Kabingahan nuwuhakên sungkawa.

__________

Lêrês, sênêng punika ewoning agnya. Nanging gêsang kita kados karut ing maruta. Kabingahan kados swaraning clêmpung. Botên sande amung badhe miduwung.

__________

Dhuh putraning Dèwi Maya, kula sangêt susah. Gêsang kula ing donya botên badhe bingah. Kula sumêrêp rambah-rambah. Mripat abrit tangan sêmplah-sêmplah.

__________

Sintên ingkang rêmên dhatêng gêsang. Saminipun tilar ing pêpadhang. Nanggulang kukum punika pakèwêt. Saksat nyadhangi toya milêt.

__________

Gusti-gusti kabudia. Sarana ruwating sangsara. Nyirnakna wibawa mukti. Padosa margining suci.

__________

Sang nararya sanalika kumêpyar ing galih, lajêng karsa nglalipur sungkawa, miyos saking wawêngkoning pasanggrahan. Dhuh baya sampun takdiripun badhe nguwalakên kadonyan. Dene sang nararya malah kabubuh sungkawaning panggalih, awit ing waktu wau priksa sawênèhing tiyang ingkang anuwuhakên mebahing galihipun, sêtêmah tansah anggagas bab lampahing agêsang.

Priksa tiyang punapa.

Sapisan tiyang pikun ingkang sampun katingal kados botên kuwawi ambêkta badanipun.

Kaping kalih priksa tiyang sakit abuh angêmu nanah badanipun sakojur.

Kaping tiga priksa bangke ingkang sawêg ambosoki.

Kaping sakawanipun priksa pandhita pêpariman.

Kadospundi panggagasing galihipun.

Panggagasipun makatên, tatela bilih ing agêsang punika wontên [wo...]

--- 11 ---

[...ntên] ingkang murba amisesa, utawi malih kawibawan, katrêsnan tuwin kasênêngan, punika badhe sirna kalindhih dening susah utawi sêsakit. Awit saking punika Sang Sidharta kagungan pamanggih manawi gêsang punika satuhu botên amènginakên, utawi botên wontên damêlipun, wondene cariyosipun makatên.

Tiyang pikun ingkang kauningan dening Sang Sidharta wau, sampun sangêt wungkul atatêkênan, sarta grigah-griguh ing sasolahipun, Sang Sidharta lajêng ngandika dhatêng kêkasihipun nama pun Cana, he Cana apa cilik mula wong iku wis kaya mangkono, aturipun pun Cana, nuwun botên, nalika taksih anèm mênggah bagas kasarasanipun inggih kados paduka makatên, sanalika Sang Sidharta sangêt pangunguning galih tumuntên andangu malih, wong kang kaya mangkono iku apa isih akèh panunggalane, lan apa sababe, aturipun pun Cana, nuwun inggih taksih kathah panunggilanipun, dene sababipun botên sanès kabêkta lampahing kodrat. Tiyang punika manawi botên pêjah anèm inggih pêjah sêpuh, Sang Sidharta sangêt kagèt lajêng ngandika, apa ingsun bakal kaya mangkono, wangsulanipun, nuwun inggih badhe kados makatên. Ing sanès dintên malih Sang Sidharta kapapag kalihan tiyang ingkang sakit abuh badanipun, punika saya sangêt wimbuh ing sungkawaning galih, satêmah tansah ngraosakên kasusahaning gêsang.

Nalikanipun priksa bangke ingkang ambosoki, Sang Sidharta ngunandika makatên, lah apa pigunane kasugihaning ratu, yèn ora suminggah saka tuwa, lan apa paedahing urip yèn ora lulut ing lara pati, astanipun sidhakêp.

Ing sanèsipun dintên malih, priksa pandhita apapariman, panganggènipun sarwa jênar sumunar, ulatipun sêmu ayêm, ing ngriku Sang Sidharta suda panggagasing galih ingkang kathah-kathah, sarta ing nalika wau lajêng kundur, dene pêpuntoning karsa amung sumêdya tilar praja.

Kadospundi wusananipun.

Sang Sidharta sumêdya ambudi kanyataanipun sababing sangsara tuwin badhe ngupados sarana sirnaning sangsara, nulat kalakuaning pandhita papariman wau, dene ingkang dipun wastani sangsara, inggih punika pêjah salajêngipun tumimbal lair, awit punika tansah magêpokan cacat. Karsanipun Sang Sidharta tiyang punika sampun ngantos tumitah malih.

Punapa gampil anggènipun anglampahi.

Sawatawis awrat, awit badhe tilar kawibawan. Kados ta dhampar, karaton, ambucal ajining sarira, tuwin tilar katrêsnan, [katrê...]

--- 12 ---

[...snan,] inggih punika garwa putra tuwin ingkang rama, punapadene kasênêngan, kados ta, patamanan tuwin kalangênan sanès-sanèsipun.

Punapa Prabu Suddhadhana tuwin pramèswari YasedharaYasodhara botên mênggak dhatêng karsanipun Sang Sidharta.

Botên. Awit botên dipun balakani, panggalihipun Sang Sidharta, êluhing sudarma lan garwa punika badhe dados pangkalaning karsa.

Linggaripun Sang Sidharta kadospundi.

Ing dalu wanci sirêp tiyang, wungu jumênêng saking pasarean, sarwi mandêng ingkang garwa tuwin ingkang putra ingkang pinuju sami sakeca sare, punika ingkang minôngka pamitipun, lajêng miyos nimbali pun Cana dhinawuhan ngambili kuda pun kantaka, botên dangu sumaos lajêng tinitihan, pun Cana kalilan amboncèng, sapraptanipun jawining wiwara, kuda pun kantaka cinamêthi nandêr angambah margi ingkang sakalangkung pêtêng.

Yuswa pintên Sang Sidharta anggènipun tilar praja.

Yuswa sanga likur taun.

Jujugipun ing pundi.

Ing lèpèn Anoma, wontên ngriku Sang Sidharta lajêng narik sabêtipun. Remanipun dipun kêthok. Dene kêthokane rema, sabêt sarta kuda pun kantaka, tuwin busananipun ingkang sarwa adi, kaparingakên dhatêng pun Cana, lajêng dhinawuhan maringakên dhatêng pramèswari Yasodhara, saha pun Cana dhinawuhan matur mugi sang pramèswari pitadosa dhatêng kodratipun Sang Sidharta.

Kacariyos Sang Sidharta sampun pitung dintên anggènipun wontên satêpining lèpèn Anoma, saha tansah anggagas samukawis karsanipun ingkang badhe linampahan, utawi ing batos sangêt bingahipun, dene kadumugèn ingkang dados sêdyanipun. Busananipun lajêng kalintokakên kalihan sandhanganipun tiyang miskin. Tumuntên linggar saking satêpining lèpèn, trus dhatêng ing Raja Sriha, inggih punika têlênging karaton Manggada.

Wontên punapa mawi dhatêng Raja Sriha.

Badhe muruhita dhatêng Brahmana Alara tuwin Brahmana Oddhaka, ingkang sami dêdunung sacêlaking kitha wau, Sang Sidharta sasampunipun puruhita, lajêng santun nama Sang Gotama.

Brahmana kêkalih wau sami suka pitêdah punapa.

--- 13 ---

Nyariyosi bilih sêmbahyang utawi sêsaji tuwin ngangge padatan miturut tataning agami, punika badhe pikantuk sihing dewa.

Punapa pitêdah ingkang makatên wau kacondhongan kalihan panggalihipun Sang Gotama.

Botên, ananging ugi dipun sumêrêpi tuwin dipun lampahi, ing alami-lami Sang Gotama botên kasamaran, bilih agami Brahma punika botên sagêd damêl luwaring sangsara.

Kadospundi Sang Gotama sarêng botên karsa ngidhêp dhatêng agami Brahma.

Lajêng puruhita dhatêng sanèsing brahmana, dipun warsitani bilih budi santosa tuwin lampah darma, punika sagêt ngêndhak mubaling pôncadriya, salajêngipun sagêd damêl sirnaning sangsara, Sang Gotama kapencut lajêng martapa wontên ing Waoruwila, pratapanipun winastan ing Budhagaya, lajêng kasudra, botên watawis lami kadhatêngan pandhita gangsal ingkang nunggil pikajêng kalihan sing tapa malih, para pandhita wau eram sumêrêp Sang Gotama anggènipun martapa, dene sariranipun piyambak têka dipun gêbagi, ing satêmah sami kapencut, badhe manjing murit.

Sintên wastanipun pandhita gangsal wau.

Kandhanaya, Baddhaji, Waspa, Mahanama, Aswaji.

Sang Gotama wontên ing wana Oruwela pintên taun.

Kirang langkung nêm taun, kakiyataning sarira kathah sudanipun, awit saking anggènipun ngangirangi dhahar tuwin sare, pandhita gangsal wau gadhah panyana bilih Sang Gotama lajêng seda, ananging botên awêtawis dangu wungu malih.

Punapa Sang Gotama têksih dipun lajêngakên anggènipun masesa sarira.

Botên, awit Sang Gotama lajêng botên kasamaran bilih martapa punika botên sagêd damêl luwaring sangsara, dene panggalihipun Sang Gotama, anggènipun tapa brata prasasat ngêtohakên nyawa, punika badhe tanpa damêl.

Satunggiling pandhita Sang Nagasena darbe sorah bilih tiyang misesa sarira punika botên badhe damêl sakecaning tumimbal lair punapa malih botên damêl luwaring sangsara, mila para tiyang agami Budha punika sami botên purun amartapa, awit lampah ingkang makatên punika malah kaanggêp angrarisak badan.

--- 14 ---

Dene para tiyang agami Budha punika ingkang binudi amung sucining manah, utawi amêjahi kanêpson, tuwin angêndhakakên pikajêngan awon, dene tapanipun anglampahi masakat. Kacariyos Sang Gotama lajêng amudhari subratanipun. Sarta lajêng wiwit karsa dhahar tuwin sare kados ingkang wau-wau, para caloning muridipun gadhah panyana bilih Sang Gotama botên mantêp ing karsanipun, satêmah sami kesah.

Punapa Sang Gotama botên kasamaran anggènipun ambudi wusananing karsa.

Botên, panggalihipun rèhning sampun têrang bilih para rêsi tuwin para brahmana, botên sagêt sami anambadani ingkang dados êlêngingtêlênging karsanipun, amila Sang Gotama lajêng ngêningakên cipta.

Kacariyos satunggiling waktu Sang Gotama sawêg sare alayap-layap lajêng angsal sasmitaning dewa, manawi badhe kasêmbadan ing sêdyanipun, sawungunipun lajêng siram dhatêng lèpèn Niranjara, kapanggih satunggiling wanita nama Suwejata, nyaosi sêkul dhinahar karaos nikmat. Adamêl sumyah sasaranduning sariranipun. Sadintên muput Sang Gotama anggènipun wontên satêpining lèpèn, tumuntên ngalih sêsarean wontên sangandhaping wrêksaning Grodha.§ Manawi tiyang Budha mastani wrêksa bodhi, watêkipun botên pêjah manawi botên rungkat. Pangipun tuwuh suluripun lajêng sami tumanêm ing siti, amila wrêksa bodhi punika tansah nèm kemawon, dene pratapan ing Budhabaya, dumugi samangke taksih, sarta won[wontên] patilasanipun candhi, cêlak ing ratsgir, dene wrêksa bodhi wontên ingkang kabêkta dhatêng ing pulo Selok, katamin ing têlênging kitha Anuradhapura.

Sang Gotama sasèndhèn wrêksa majêng mangetan kalayan prasêtya badhe botên tilar wrêksa bodhi wau, manawi dèrèng kasêmbadan ing panêdyanipun, wontên ing ngriku Sang Gotama lajêng angsal wawênganing galih ingkang dipun anggêp kawruh sajati, ing waktu wau tansah nanggulangi wênganing galih ingkang dhatêng kawibawan. Kenging dipun wastani adarêdah, wontên salêbêting èngêtan kula piyambak.

_________

Pamanggihipun Sang Gotama kadospundi.

Pamanggihipun, pikajêngan tuwin papenginan punika dados tuking [tu...]

--- 15 ---

[...king] kasusahan. Kados ta kajêng dhatêng jumênênging gêsang, kaluhuran, kasugihan, tunggil sadhèrèk tuwin kapengin dhatêng raos nikmat, sadaya punika tansah dados rêncananing manah.

Sang Gotama ingkang dipun budi sagêda awor nirwana, nalika samantên nirwana sampun lumêbêt ing galih, Sang Gotama têtêp dados Budha, priksa sadèrènging winarah.§ Mênggah tiyang Eropah, priksa sadèrèngipun winarah, punika sampun pinanggih kayaktènipun, inggih punika tiyang tilêm ingkang gadhah solah bawa kados manawi botên tilêm, punika sagêd priksa ing sadèrèngipun winarah, tiyang ingkang makatên punika dipun wastani Yamana bole (noch Zwandelaar) punikapa[punapa] malih tilêm ingkang sarana kataman prabawa, kados sarana pandêng-pinandêng, punika manawi dipun kulinakakên inggih sagêd dados awas salêbêting tilêm. Dene kawruh ingkang makatên punika, dipun wastani ibnu tasmê,
--- 16 ---
samangkê sampun limrah ing têmbung Jawi dipun wastani daya prabawa, tiyang brahma ingkang sampun kasêbut yogi, tiyang Budha kasêbut saman, punika sami sagêd mêjahi pôncadriya, lajêng sagêd dados awas salêbêting tilêm. Ananging punika kabar dhatêng watêg, awit ingkang gadhah kalangkungan makatên punika, tiyang ingkang gadhah dhasar manah suci.
Lajêng jajuluk Rêsi Budha.

Sababing sangsara, sababing pêjah, tuwin sababing tumimbal lair punapa sampun pinanggih.

Sampun, Sang Gotama amila sampun botên kasamaran.

Wontên sangandhaping wrêksa bodhi wau punapa sampun lami.

Botên, amung pitung dintên, lajêng ngalih sangandhaping wrêksa apyadhala, botên dangu kadhatêngan Sang Mara.§ Sang Mara punika rêncana ingkang tumuwuh saking manahipun Rêsi Budha piyambak. Ratu ingkang sampun mrayangyang, matur angasih-asih, dhuh sang minulya, paduka ingkang sampun uninga margining nyata, ingkang sangêt angèl pambudinipun, amung dumunung ing tiyang Budha, punapa paedahipun paduka wontên ing dunya, tiyang wontên ing dunya punika harak amung ngupados sêsênêngan. Saha badhe botên mangrêtos dhatêng pranataning dunya, môngsa ngraosna dhatêng piwulanging agêsang, makatên ugi dhatêng pikarêping pikajêngan, amila botên susah winulang darma, sumôngga tumamèng kalanggêngan.

Punapa Rêsi Budha maèlu dhatêng aturipun Sang Mara.

Botên, pangandikanipun. He wong murtat, ingsun ora pisan-pisan karêp lumêbu marang kalanggêngan, sadurunge ingsun awèh piwulang kang bakal nucèkake kabèh murid ingsun, utawa sadurunge ana gagêntiningsun mulangake agama mênyang sakèhing uwong, Sang Mara lajêng muksa, Rêsi Budha taksih salikur dintên malih angènipun wontên sangandhaping wrêksa apyawala, dintên ingkang wêkasan jumênêng.

--- 16 ---

Sarwi ngandika lawanging kasucian wis mênga, sakèhing kuping padha ngrungokna darma.§ Para tiyang agami Budha punika botên pisan-pisan angadhêp dhatêng dewa ingkang linuwih, ingkang minôngka sèndhèning manungsa piwulangipun, para tiyang ingkang badhe nganggêp dewa inggih kenging, ananging kawuningana, bilih dewa punika sagêd sirna utawi tumimbal lair, lan malih tiyang Budha punika kalimpading manahipun ngungkuli dewa, dene ingkang dipun wastani dewa nginggil punika Dewa Brahma, utawi ingkang dipun anggêp manggèn ing lintang, suraosipun pitêmbungan punika dados pangerang-erang dhatêng tiyang agami Brahma, ingkang darbe panyakrabawa dhatêng wujud utawi dununging dewa.

Sintên ingkang sami dipun wulang.

Pandhita gangsal ingkang sami nênggani nalika Rêsi Budha misesa sarira.

Kapanggihipun malih wontên ing pundi.

Wontên ing wana Migadhaya.

Punapa pandhita gangsal wau sami mituhu dhatêng sapitêdahipun Rêsi Budha.

Ing ngajêng botên, ananging sarêng winawas ngatawisi bilih tuhu kenging pinarcaya, para pandhita wau satêmah konjêm sami mirêngakên warsitanipun.

Piwulangipun ingkang sapisan dipun wastani punapa.

Dipun wastani piwulang tataning bawana, mêngku piwulang nyata atasing kasucian.

Punika punapa ngebahakên manahipun pandhita gangsal wau.

Inggih makatên, Rêsi Budha kaanggêp sêsapuning jagat, lajêng sami [sa...]

--- 17 ---

[...mi] nyuwun lumêbêt murit, Rêsi Budha karênan ing galih, pangandikanipun, marêka mitra, piwulang ingsun wus sira tampani, kang suci ênggonmu nglakoni, ruwatên sangsaramu.

Sintên ingkang rumiyin piyambak, nampèni piwulang.

Kandhanaya, punika satunggiling pandhita ingkang limpat budinipun, kenging winastan tiyang Arahat, botên lami kancanipun sakawan pisan sami sagêd.

Dene Arahat punika tiyang suci ingkang sampun parêg kalihan nirwana, para murit agami Budha ingkang sampun kasêbut Arahat punika lajêng mêdal saking golonganing murit, katêtêpakên dados mitranipun Rêsi Budha, utawi kasêbut mitraning agami.

Punapa wontên ing Banarès Rêsi Budha angsal murit malih.

Inggih angsal, ingkang dipun wulang trahing bôngsa luhur nama Sang Wyasa, kaji para brahmana inggih kathah para satriya ingkang puruhita, awit sang rêsi botên mawi milih, mila salêbêting gangsal wulan sampun angsal murit sawidak, nalika samantên lajêng amêncarakên para muridipun.

Mêncarakên para murit punika kadospundi.

Para muridipun tinanggênah dhatêng kitha-kitha, sabên murit satunggal andhatêngi kitha satunggal, para murit ingkang sami sagêt mulang, punika tiyang brahma ingkang ing ngajêng sampun sami amungsêng kawruh.

Kadospundi pangandikanipun Rêsi Budha.

Makatên, he, sanak-sanak, sira samêngko wus padha luwar saka ing kabingungan, padha lungaa amratakake agama, minôngka mitulungi lan anucèkake sakèhe manungsa, sira padha gawea kabungahan, manungsa akèh kang rêsik atine, bêcik budine, nanging yèn ora nyumurupi piwulang kang bakal angluwari sangsarane, yakti bakal rusak uripe.

Punapa Rêsi Budha lêstantun wontên ing Banarès.

Botên, lajêng wangsul dhatêng wana Oruwela, ing ngriku kathah bôngsa brahmana ingkang nêmbah dhatêng Brahma, piwulang bab pangêndhaking pôncadriya, Rêsi Budha lajêng dhatêng ing Rajagri amulang Sang Maharaja Jambisara, saha lajêng kathah tiyang kapencut sami puruhita, makatên tangkar-tumangkaring agami saya wiyar.

Punapa botên nate wangsul dhatêng nagari Kapilawastu.

Inggih nate, ananging botên anjujug ing kadhaton, rêrêp ing wana saha para mitra tuwin para muridipun, ingkang makatên wau miturut cacêgahaning agaminipun, para tiyang agami Budha, ingkang

--- 18 ---

sampun kaanggêp mitra tuwin sampun kasêbut saman. Punika kêdah nglampahi masakat. Dene Prabu Suddhadhana miyos ngurmati ingkang putra saha kadhèrèkakên ing kulawangsanipun, ananging sarêng priksa bilih ingkang putra mangagêm cara biksu, sawêg andadosakên lingsêming galihipun. Sanalika lajêng kundur, enjingipun Rêsi Budha midêr-midêr salêbêting praja, sarta kaampilakên wajan siti pangêmisan. Kairing dening para mitra tuwin muridipun. Prabu Suddhadhana enggal-enggal anêdhaki, ingkang putra dipun pangandikani, he, putraningsun, apa karanane dene sira pêpariman, iku bangêt gawe kalingsêman ingsun, aturipun Rêsi Budha, dhuh narendra binathara, makatên padatanipun laluhur kawula, Prabu Suddhadhana midhangêt aturipun ingkang putra sangêt botên mangrêtos, satêmah amangasuli pangandika sêrêng, sira lan ingsun iku trahing narendra binathara, salawase durung ana kang ambuwang ajining salira, Rêsi Budha mangsuli sarwi mèsêm. Paduka ngandika bilih trahing narendra binathara, ananging kawula trahing Budha, ing kina-kumina sami nglampahi kados kawula makatên, awit sampun kabêkta saking tataning dunya, bilih sangsara punika, badhe ngwontênakên pitulungan, sintên ingkang marsudi dhatêng kawrukawruh yakti inggih badhe angsal pitulungan luwar saking sangsara, manawi piwulanging agami badhe sirna kalindhih dening kabingungan, inggih lajêng wontên Budha lair.§ Ingkang kina antawis pintên-pintên èwu taun, inggih sampun wontên Budha ingkang anggêlarakên piwulang agami, dene Budha ingkang kacariyos ing sêrat punika, dipun wastani Budha Gotama. Prabu Suddhadhana satêmah karênan ing galih, ingkang putra lajêng dipun kanthi lumêbêt ing kadhaton.

Punapa Rêsi Budha karsa kapanggih kalihan ing garwa putra.

Rêsi Budha lumêbêtipun ing kadhaton lajêng kapanggih kalihan pramèswari Yasodhara, kadhèrèkakên ing mitranipun kêkalih, ingkang makatên wau awit miturut tataning agaminipun, satunggiling pandhita botên kenging pêpanggihan kalihan tiyang èstri tanpa rencang, Dèwi Yasodhara sarêng priksa ingkang raka mangagêm kados biksu sangêt andadosakên pangunguning galihipun, anjêngêr botên sagêt angandika, wusana sangêt karuna sarwi nungkêmi pada, Dèwi Yasodhara lajêng binopong dening Rêsi Budha, saha lajêng winulang agami kanthi têmbung manuhara, amila enggal tumanêm ing panggalih, sarêng Rêsi Budha miyos saking pura, Dèwi Yasodhara enggal-enggal ambusanani ingkang putra Sang Rahula, [Ra...]

--- 19 ---

[...hula,] angandikakakên marêk ingkang rama, supados nuwuna tatilaran.

Sang Rahula ugi ngèstokakên, makatên pitêmbunganipun, dhuh, rama, kula nyuwun tilaran. Ing ngriku Sang Rahula kinanthi binêkta dhatêng ing wana Migrodha, inggih punika pakèndêlaning para muridipun, pangandikanipun Rêsi Budha, he putraningsun, yèn sira jaluk tinggalan rajabrana, iku satêmêne amung bakal gawe papêtênging atimu, ingsun wus nora bisa mènèhi, ananging rajabrana ênggon ingsun olèh ana sangisoring wit kawruh, iku bakal gawe bungahing atimu, lan ora bisa ilang cinolong ing liyan. Kacariyos Sang Rahula tumuntên winulang agami dening satunggiling mitra Sariputa, anjawi Sang Rahula ingkang winulang ugi santananipun Rêsi Budha, inggih punika Sang Anandha, Sang Dewadata, Sang Opali, Sang Anuruda.

Para mitraning agami ingkang kalêbêt sagêt sintên.

Sariputa, Mogalina, Kasiyapa.

Sintên jajulukipun Rêsi Budha, ingkang kacariyos ing sêrat-sêrat suci makatên.

Maha Luhur, awit kabêkta anggènipun kaanggêp luhuring sajagad.

Maha Suci, awit saking Rêsi Budha punika têtêp satunggiling tiyang suci.

Mahanjaya, awit Rêsi Budha punika kaangêp têtêping tiyang ingkang ngasorakên kawruhipun tiyang sajagad.

Sakya Muni, punika kabêkta lurinipun ing ngajêng anggènipun ambawahakên tiyang Sakya.

Punapa Rêsi Budha lami wontên ing Kapilawastu.

Awit saking Banarès dumuginipun Kapilawastu kalih taun.

Dumuginipun seda Rêsi Budha anggènipun mulangakên agami pintên taun.

Kawan dasa gangsal taun, anjajah dhusun anjajah kitha kairing para mitra lan muridipun: sabên kawan wulan salêbêting môngsa jawah rêrêp ing pasanggrahan ing wana-wana saosan saking para muridipun.

Ingkang dipun sênêngi piyambak manggèn ing pundi.

Ing Wêluwana inggih punika wana papringan, cêlak kalihan kitha Rajagriha saosanipun Maharaja Bimbisara, utawi ing Tejawana, inggih punika wana pajatèn, saosanipun nangkoda, nama Anata Pandhita, wana kêkalih punika sami dipun adêgi wihara, inggih punika candhi pamulangan, dados padununganipun papara [pa...]

--- 20 ---

[...para]para biksu, panggenan kêkalih punika wau misuwur sangêt ing sêrat-sêrat, amargi kêrêp piyambak dipun angge mamulang.

Piwulangipun Rêsi Budha upami wrêksa punapa sampun ngoyot.

Inggih makatên, tiyang jalêr èstri ewon sami nyuwun piwulang agami§ Agami Budha punika anggènipun kèndêl botên tumêngkar sapriki sampun 1500 taun, ewadene tiyang agami Budha kirang langkung taksih kawan atus sèkêt yuta, kados langkung saking saparatigan dunya. tilar agaminipun lami, tiyang jalêr sami dados biksu, tiyang èstri dados biksuhuni sami têngga wihara.

Watawis kirang 100 taun, kalayan wiyosipun Nabi Ngisa, tumêngkaripun agami Budha mangilèn dhatêng talatahing ardi Kaokasus, utawi ing tanah Alèksandri, Nabi Ngisa nalika yuswa kalih wêlas taun, dumugi tigang dasa taun tilar praja, sakonduripun lajêng mulangakên kawruh suci, mèh nunggil kemawon kalihan agami Budha, ing alami-lami piwulangipun Nabi Ngisa katunggilan kalihan piwulangipun tiyang Yahuda. Mênggahing agami Budha Nabi Ngisa punika têtêp nama Arahat, sampun sagêd nunggil nirwana.

Punapa Rêsi Budha botên mamêngsahan kalihan tiyang agami Brahma.

Botên, awit para tiyang agami Brahma punika botên gêthing dhatêng agami Budha, mèh sabên tiyang kaanggêp sadhèrèkipun, ewadene wontên sawênèhing murit agami Budha ingkang botên ngèstokakên piwulang, purun mabêni dhatêng gurunipun.

Sintên namanipun.

Sang Dewadhata, awit kapengin kados Rêsi Budha, supados dipun ajèni ing ngakathah, nanging sarêng botên kalampahan panêdyanipun, lajêng tuwuh èngêtanipun ingkang botên prayogi inggih punika badhe nyidrani dhatêng Rêsi Budha, ananging tanpa wasana.

Kadospundi Rêsi Budha anggènipun sagêt nguwukakên cidranipun Sang Dewadhata.

Awit saking agênging kasaenanipun, ngantos damêl rikuhing mêngsahipun.

Punapa wontên ingkang nyumêrêpi cacriyosan bab wusananing [wu...]

--- 21 ---

[...sananing] gêsangipun Rêsi Budha.

BBab punika Sêrat Maha Parinibana Suta anggancarakên nalika Rêsi Budha badhe dhatêng kalanggêngan lumêbêt dhatêng dhiri nirwana.

Kadospundi gancaripun.

Sarêng Rêsi Budha andungkap yuswa 80 taun, ngandika dhatêng Anandha, he, Anandha, ingsun wus pikun, ukuring nyawaningsun wus mèh êntèk, kaananing urip wus anyêpaki pati. Pangandika ingkang makatên wau sangêt adamêl gêtêring manahipun para murit, lajêng sami darbe atur mugi Rêsi Budha karsoa ngulur nyawa, pangandikanipun Rêsi Budha: Layak sira padha kalalèn, gajêg ingsun wus tau awèh piwulang mangkene, kabèh iku padha anggawa papêsthèn rusak, sabab yèn ora mangkene, sanadyan Budha bakal ora nêmu kaanan kang langgêng, titènana calathuningsun, têlung sasi manèh ingsun bakal mulih mênyang kalanggêngan, kabèh kang wus padha nampani piwulang ingsun padha nyulihana mratakake agama, supaya piwulang ingsun kasucian lastaria bisa gawe rahayuning jagad, sapa kang lumaku ana ing dalan kang suci iku bakal kapenak uripe, ilang raribêde.

Kacriyos nalika samantên Rêsi Budha sampun sangêt sudaning kakiyatanipun, ananging tansah lêlana anjajah dhusun-dhusun anjajah kitha, mulangakên bab margining kasucian, dumugi ing Boyanagara kèndêl wontên satunggiling candhi Anandha ngandika dhatêng para muridipun. Manawa ingsun mati ing têmbe ana kang calathu, kula nate mirêng punapa-punapa mêdal saking tutukipun Rêsi Budha piyambak, ingkang dipun wastani nyata punika makatên, calathuning wong kang mangkono iku yèn mula cocog karo piwulang ingsun, opènana kaya yèn sira ngrungu piwulang kang saka ingsun dhewe.

Rêsi Budha lajêng tindak dhatêng ing toya gama, inggih punika pasitènipun pandhe nama pun Cundha, sarêng mirêng rawuhipun Rêsi Budha pun Cundha marêk, Rêsi Budha ingaturan pinarak ing griya, lajêng sinugata dhahar mawi lawuh ulam andhapan, ulamipun dhinahar têlas sapalih, sanès-sanèsipun binage dhatêng para murit, pangandikanipun Rêsi Budha dhatêng Sang Anandha§ Sang Anandha punika satunggiling tiyang mitraning agami misuwur alusing patrap tuwin manising têmbung, inggih punika ingkang sampun têtêp [têtê...]
--- 22 ---
[...p] Arahat, manahipun tansah wontên salêbêting pêpadhang, ugi makatên Nabi Ngisa.
iwak sisaningsun iki pêndhêmên, amarga ing dunya ing lintang-lintang uwong Brahma uwong Budha ora ana kang ora sangsara manawa mangan iwak iki.

--- 22 ---

Pangandikanipun Rêsi Budha ingkang makatên wau kadospundi têgêsipun.

Punika sadaya tiyang ingkang purun nêdha ulam kewan badhe risak badanipun.

Punapaa dene Rêsi Budha karsa dhahar piyambak.

Awit padatanipun tiyang agami Budha punika botên kenging nampik pawèwèh ingkang mêdal saking sucining manah, ananging sintên ingkang maha nyukani ulam kewan dhatêng tiyang agami Budha punika badhe manggih duraka, kajawi manawi saking botên sumêrêpipun.

Kadospundi wontêning cariyos nalika badhe sedanipun Rêsi Budha.

Sasampunipun Rêsi Budha damêl suka pirênaning manahipun pun Cundha lajêng têrus dhatêng ing Kusinara cêlak kalihan nagari Malas. Wontên ing margi gêrah sangêt, ananging wantuning têguh èngêtanipun satêmah kuwawa ngêndhak budinipun, amila botên ngêsah, ananging dangu-dangu kraos lungkrah, lajêng kèndêl sêsarean, wontên sangandhaping kajêngan agêng, dhêdhawah dhatêng Anandha, pukulun mêntas kemawon wontên grobag andilir, kaangge momot toya king bêlik, amila toyanipun sangêt buthêk, nanging sarèhning Rêsi Budha adrêng karsanipun, Anandha lajêng nyidhuk, sami sanalika toyaning bêlik kilah-kilah wêning, punika sangêt adamêl eraming manahipun para murit.

Kacariyos pun Puksa inggih punika tiyang andarbèni grobag wau, sarêng waspaos dhatêng Rêsi Budha lajêng nyêlaki, sarwi manggut. Tumuntên kengkenan mêndhêt rasukan tatênunan mas kêkalih, katurakên dhatêng Rêsi Budha, pangandikanipun Rêsi Budha, ya bangêt panarimaningsun. Ingsun siji Anandha siji.

Rêsi Budha lajêng dipun agêmi rasukan tatênunan mas wau, ananging sanalika wau rasukan surêm sorotipun. Anandha sangêt ngungun sarwi matur: pukulun, wadana paduka mêdal cahyanipun ngantos nyurêmakên soroting rasukan. Wangsulanipun Rêsi Budha, wus mangkono Anandha, sarta wus kaping pindho iki. Sapisan nalika ingsun olèh kawruh, kapindhone ênggon ingsun [ingsu...]

--- 23 ---

[...n] arêp jumangkah lawanging kalanggêngan. Kurang têlung bêngi ingsun bakal katêkan parinirwana, kacariyos ing ngriku Rêsi Budha kados angsal karosan malih, lajêng dhatêng wana sala cêlak ing Kusinara, talatahing nagari Malas, anjujug satêpining lèpèn aran Nyawahi. Pangandikanipun dhatêng Anandha, he Anandha, panjaluk ingsun saantarane uwit saloro iku pasangana lincak, lan slèmèkana ingsun arêp ngaso, kalampahan pinasangan lincak, Rêsi Budha lajêng sêsarean.

Kacariyos uwit sala kêkalih wau, sanadyan dèrèng môngsa sêkar, lajêng tuwuh sêkaripun kumrutug andhawah sacêlakipun sang rêsi, ing nalika punika kumaraning bawana sangêt anêngsêmakên, pangandikanipun Rêsi Budha, Anandha, dêlêngêngdêlêngên bumi langit padha ngurmati marang ingsun. Nanging sira sumurupa, mungguh kang mangkono iku, sajatine tumrape atiningsun, dudu pangaji-aji, dudu aran gawe ayêm, lan dudu pituwas. Anadene kang sun anggêp pangaji-aji utawa gawe ayêm lan dadi pituwas, iku amung murit ingsun kang padha anut ing piwulang, ing besuk bakal ana kang calathu, sira uwis bisu, lan uwis wuta, ora ana kang nanuntun marang kasucian. Ananging ora mangkono, piwulang ingsun lêstari dadi panuntuning wong akèh, he, sanak-sanak, elinga wêkas ingsun, kabèh kang ana iku bakal sirna, ngaraha luwarmu. Punika pangandikanipun ingkang wêkasan, Rêsi BudaBudha seda lumêbêt ing parinirwana, layonipun kinurmatan kados layoning nata binathara, iku sira kumêlun kukusing dupaningsun, para pangagênging nagari Malas. Darma.

Samangke kula pitakèn, darma punika punapa.

Punika piwulang tataning kasucian kaanggid dening Rêsi Budha, kadosdene kêkaranganipun tiyang Arahat, ingkang winastan Sêrat Suci.

Sêratipun suci tiyang Budha punika dipun wastani punapa.

Dipun wastani Tritaka.Tripitaka

Tripitaka kaperang pintên.

Kaperang tiga, sutra pitaka, winaya witaka,pitaka abidarma pitaka.

Sutra pitaka nyariyosakên punapa.

Nyariyosakên piwulang tuwin pangandikanipun Rêsi Budha punika kangge dhatêng para mitra tuwin para murit.

Winaya pitapitaka anyariyosakên punapa.

Nyariyosakên piwulang bab sarana.

Abidarma pitaka ngêmot piwulang punapa.

--- 24 ---

Bab suraosing agami ingkang mangrêtos amung para mitra ingkang sampun waskitha.

Punapa wontên ingkang anjèrèng bab kapangeranan.

Botên, kawartos tiyang punika badhe angsal pitêdahing Pangeran bab kasunyatan, punika bilih tiyang agami Budha botên anggêga, ingkang sagêt anêdahakên kasunyatan punika amung tiyang Budha, pitêpahipunpitêdahipun saran-saranasarana-sarana wênanging cipta, inggih punika Rêsi Budha dene gêlaraning pitêdahan sampun kawrat ing sêrat tatiga wau.

Ingkang kaangkah punapa, dene Rêsi Budha rumêntah kawêlasanipun karsa mulangakên agami.

Saking anggening mirma supados kita amêlasana tuwin mitulungana dhatêng anggèn kita tansah nandhang sangsara.

Supados kita sagêt mirma tuwin mêlasana lan mitulungana anggèn kita tansah nandhang sangsara, ingkang tumuwuh saking awidya, inggih punika pitajêng kita ingkang tansah kalimput dening kadunyan, sarta mêmalangi anggèn kita sumêdya luwar saking rancananing samsara.

Samsara punika punapa.

Samsara punika dunya panggenan gêsang kita, panggenaning kalêpatan, panasaran, panggenan sangsara, panggenan cuwa, panggenan sungkawa, panggèning pêjah tuwin lair, panggenan dumados sarta risak, panggenan gantos-gantos§ Nitis dhatêng jasat sanès, kita botên sumêrêp dhatêng tataning dunya, utawi dhatêng kaananing dunya, amila tansah rumaos dhawah ing kalêpatan. panggenan tumimbal lair, lan botên wontên ngagêsang ingkang sagêt ngoncati, manawi dèrèng sumêrêp dhatêng kawruh yakti.

Kita sami ngôngsa mamrih dhatêng barang ingkang sae punika sayêktosipun katarik saking samsara, amila kita kêrêp rumaos nêmahi susah kalihan bingah, kita mangke sumêrêp bilih tiyang ngôngsa amrih barang ingkang sae punika sajatosipun dados pituna.

Èngêtan kita tansah gumantung dhatêng kadunyan, punika botên sande badhe ngicalakên kawruh suci, ingkang makatên wau èstunipun botên sanès, awit saking anggèn kita kacupêtan kawruh yakti.

Gêsang kita tansah kacancang ing papenginan tuwin kaleban ing kabingungan, dene cuwaning pikajêngan punika ingkang sangêt adamêl [a...]

--- 25 ---

[...damêl] susah, ing môngka papenginan punika botên sagêt mantun. Mangke mantun sanès dintên santun, upaminipun sakit labêt ingkang mênga malih, lami-lami adamêl sangsara ingkang tanpa wusana.

Sababing sangsara, sababing pêjah, sababing nitis, tuwin sababing tumimbal, lairipun punika kadospundi.

Sabab kêdah ambudi panggêsangan kita, utawi murugi watêg jumênênging gêsang kita ing dunya tuwin dêlahan.

Nyirnakakên sangsara, suminggah saking pêjah, tuwin suminggah saking tumimbal lair, punapadene sampun ngantos nitis dhatêng jasat sanès, punika kadospundi.

Anyirnakna pikajêng badhe gêsang, têgêsipun anyirêpa pambudi dhatêng panggêsanganipun ing dunya tuwin ing dêlahan, sajatosipun punika ingkang dados panguwal tuwin pangluwaran kita saking sangara, tamtu badhe manggih margining dhatêng kalanggêngan.

Sambekalanipun, manawi kita sumêdya badhe nyirnakakên sangsara punika punapa.

Sambekalanipun awidya, inggih punika manah ingkang kalimputan dening kadunyan, tuwin kacupêtan kawruh yêkti.

Kawruh ingkang dados margining luwar saking sangsara, ingkang dipun wulangakên dening RêRêsi Budha, dipun wastani punapa.

Dipun wastani sakawan kanyataaning rahayu.

Wijangipun kadospundi.

1. Wontêning sangsara.
2. Sababing sangsara.
3. Pambirating sangsara.
4. Srana pambirating sangsara.

Sumôngga sampeyan gancarakên.

Pangandikanipun Rêsi Budha kawrat ing sêrataning dunya makatên. He, para sanak, rèhning sira padha durung sumurub bab kanyataaning rahayu patang prakara, kang dadi dalaning kalanggêngan, mulane sira iku rumakêt ing sungkawa, nêmu lêlakon kang nuwuhake pangancanging ati nitis tuwin têmimbal lair, anadene kang diarani kanyataane rahayu patang prakara, kang kudu sira sumurupi iku mangkene.

1. Kanyataaning sangsara.
2. Kanyataaning sababing sangsara.
3. Kanyataaning pambirating sangsara.
4. Kanyataaning srana pambirating sangsara.

--- 26 ---

Kang sapa wus nyumurupi lan mangrêti marang kanyataaning rahayu patang prakara, yakti bakal gancang anggone ngoncati samsara, lire banjur ora mikir marang kauripane, ing dêlahan anyirêp pangôngsa-angsaning ati ênggone bakal anitis marang ing jasat liyane, lan sêpi saka pangarah tumimbaling uripe.

He, para sanak, mangkene kanyataaning sangsara, lair sangsara, mati sangsara, pisah lan kasênêngane sangsara, lara sangsara, cuwa sangsara, nacat karêping liyan sangsara, ngampah gêthinging ati sangsara, cêkake urip iki ênggon sangsara.

He, para sanak, mangkene kanyataane, sabingsababing sangsara, karêp marang kauripan, karêp tumimbal lair, karêp ngarah prênahe tumimbal lair, mungguh ingkang mangkono mau, awit saka kalanture nêpsu hawa ênggone sumêdya ambudi rahayune ing kene tuwin ing dêlahan.

He, para sanak, mangkene kanyataaning pambirating sangsara, nyirnakake karêp marang kauripan, lan ora karêp marang jumênênging uripe, têgêse ngilangna pangarah marang panguripane, lan uwalna kasênêngane.

He, para sanak, mangkene kanyataane, sarana pambirating sangsara.

Sumurup kang bênêr sanyata, karêp kang bênêr, calathu kang bênêr, pratingkah kang bênêr, urip kang bênêr, ngarah kang bênêr, angên-angên kang bênêr, miduwung kang bênêr. Mungguh wolung prakara mau diarani marganing kabingungan iku loro, kang ora kêna pisan-pisan dilakoni.

1. Ngarah katutugana karêpe marang kabungahan, iku saru lan ngilangake ajining badan, wusanane gawe karusakan.

2. Milara badane iku tanpa guna, kang tinêmu mungguhing dalan têngah-têngahe, têgêse lumaku ing dalan kang bênêr, iya iku ambukaa awasing paningal, tuwin anglakoni karêp kang sanyata, marsudi katêntrêman tuwin ambudi kawruh kang dadi dêdalaning wicaksana, yaiku sajatine margane bakal bisa parêg karo nirwana.

Nirwana punika punapa.

Punika sirêping manah, kados ta, botên kajêng dhatêng jumênêng gêsang, botên marsudi panggêsangan tuwin kasênêngan, botên gadhah kaajrihan, botên mêmuji, sanadyan suka duka inggih sami sirêp, kawontênanipun amung têntrêm, mênggah kaananing manah ingkang makatên [maka...]

--- 27 ---

[...tên] wau, saèstunipun angèl sangêt anggènipun badhe anêrangakên.

Punapa nirwana punika kenging dipun têgêsi luwar.

Kados inggih kirang cèplês, kawontênanipun luwar sangsara punika ingkang kenging ginayuh salêbêting gêsang sapunika, bab punika pancèn dèrèng gumathok.

Nirwana.

1. Wontên ingkang nêgêsi, dudu apa-apa, utawi kaanan kang ora kêna kinaya ngapa.
2. Wahananing kasucian utawi kanyataaning manah suci.
3. Wontên ingkang nêgêsi, kaananing manah ingkang kados pêjahing dilah utawi suruding wongwa, awit tiyang Arahat ingkang sampun sagêt awor nirwana, punika sami sagêt mêjahi nêpsu hawa, tuwin nyirnakakên pikajênganipun ingkang ngendahakên dhatêng kadunyan, sarta sagêt bilih nyawa punika sirna, botên ngrêmbag dhatêng ingkang murba misesa, mênggah kawontênaning manah ingkang makatên wau dipun upamèkakên kadosdene suruding wongwa utawi padhêming dilah sabab kanginan utawi têlas lisahipun, sidhêm pramanêm botên wontên punapa-punapa, dene parinirwana miturut pamanggihipun para sagêt agami sanès, punika dipun wastani panggenan pangrisakan sabarang, awit ing ngriku sampun botên wontên punapa-punapa, manawi tiyang agami Budha ingkang sampun kasêbut Arahat mastani walikan, sadaya kaananing dunya punika sajatosipun sulaping èngêtan utawi panasaran, ananging parinirwana punika saluguning yakti, botên sirna botên sangsara, têtêp ing salaminipun.

Punapa sadhengah tiyang sagêt ambudi awor nirwana.

Ugi sagêt, ananging sakêdhik sangêt, sabab tiyang punika ingkang kathah taksih katutan cacading gêsangipun ingkang rumiyin, amila taksih kêdah nglampahi nitis amrih lair dhatêng kautaman, lajêng sagêda luwar saking sangsara, mênggah bab nitis dhatêng kautaman wau sadhengah tiyang yèn têmên-têmên masthi sagêd.

Punapa tumitah malih punika kawisesa ing kajêng kita.

Mila makatên, jalaraning gêsang, nitis tuwin tumimbal lair, punika saking watêking gêsang kita ingkang winastan ha,tanha kapurba dening kodrating gêsang, inggih punika sajatining nyawa, kita, dening kodrating gêsang, punika dados pikuwating tumitah sadaya, angwontênakên pêpasthèn tatiga.

--- 28 ---

1. Dumados.
2. Gêsang.
3. Risak.

Mênggah pêpasthèn têtiga wau amung saking kuwating daya satunggal, punika ingkang winastan sajatining trimurti, ingkang makatên wau manawi agaling jawata tatiga.

1. Brahma.
2. Wisnu.
3. Siwah.

Manungsa punika kadunungan watêg ngangkah dhatêng utamining gêsangipun, ugi makatên cêcukulan utawi kewan, ananging botên sagêt kados manungsa, wontên ugi tiyang ingkang botên rêmên dhatêng jumênênging panggêsanganipun, sarta gadhah panyana bilih badanipun punika sêpên saking kajêng dhatêng gêsang, anggènipun gadhah panyana makatên punika, malah dados tôndha manawi taksih kadunungan pikajêng dhatêng gêsang, wondene inggih taksih badhe tumitah malih, dene ingkang dados tôndha manawi botên kajêng dhatêng gêsang, punika sêpên saking pangangkah amrih sakecaning badanipun, lan botên gadhah panyana awon sae sasaminipun. Sêpên saking kanêpson, sêpên kasêngitan, sêpên kabingahan, botên rêmên umuk, botên rêmên dhatêng sêbarang ingkang tan paedah, badanipun kaanggêp sami kalihan sadaya tumitah, sae dhatêng sasamining agêsang, botên ngangkah dhatêng kasugihan, damêl pratingkah sae, botên ngajap-ajap ganjaraning dunya tuwin ing dêlahan.

Kawontênaning tumimbal lair punika punapa miturut pratingkah tuwin sêdya kita.

Punika miturut lêrês lêpating pratingkah kita pribadi, manawi gêsang kita nglampahi pandamêl sae inggih badhe angsal ganjaran. Dumunung ing dunya kaluhuran, jinurung lair dhatêng kautamèn, manawi gêsang kita nglampahi pandamêl awon inggih badhe dhumawah ing sangsara, lair dhatêng kanisthan.

Sêrat Jamapada nyariyosakên badan kita punika upami kuda ingkang anggèrèt rata, sintên ingkang wicantên tuwin gadhah pratingkah awon, sangsaranipun inggih badhe nututi, kadosdene rodha nututi sukuning kuda, wondene sintên ingkang wicantên tuwin damêl pratingkah sae, kamulyanipun inggih tansah nyêlaki, kadosdene rupa lan wêwayanganipun.

--- 29 ---

Punapa palanggêranipun ingkang sajati.

Dipun wastani karma.

Karma punika punapa.

Punika tataning jaman paramean ingkang katanggapan ing pôncadriya. Sajatosipun punika tumusing watêk kita ingkang piningit, saksinipun kalampahan ing môngsa sapunika, tuwin ingkang dèrèng kalampahan, manawi sapunika kadunungan watêg awon ing têmbe badhe sangsara, dene watêg sae punika badhe angwontênakên kamulyan ingkang sampurna, amila makatên awit sabab kalihan kadadosan punika tansah gêgandhengan, sabab awon dados sangsara, sabab sae dados mulya, pêpasthèn makatên punika sayaktosipun botên wontên ingkang gêsang ingkang sagêt ngoncati.

Tanha, kalihan karma, punika bedanipun kadospundi.

Tanha punika pikajênging daya gêsang, ingkang murba jumênênging gêsang kita sadaya, tuwin amurba anggènipun nitis tuwin tumimbal kita lair.

Karma punika ingkang ambedakakên jumênênging gêsang tuwin tumimbal lair, kados ta, ambedakakên dhasaring jinis satunggal-tunggalipun.

Ambedakakên dhasaring janggêrêng.

Ambedakakên dhasaring jagat kauripan.

Ngwontênakên kabingahan tuwin kasusahan, cêkakipun karma punika dados wijining watêg kita mênggahing agami sanès dipun wastani panutaning pêpasthèn tuwin kamirahan.

Taksih wontên candhakipun.

Radèn Ayu Wrêksadiningrat.

--- [0] ---

[3 halaman kosong]