Păncabaya, Angabèi IV, c. 1900, #1333

JudulCitra
Terakhir diubah: 30-12-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Păncabaya[1]

--- [0] ---

Kawontênanipun păncabaya.

1 Sêsêpuhipun susah, babaripun bingah,

2 Sêsêpuhipun sêdhih, babaripun pinanggih,

3 Sêsêpuhipun cuwa, babaripun kawawa,

4 Sêsêpuhipun wirang, babaripun santosa,

5 Sêsêpuhipun ribêd, babaripun nugraha,

Kawontênanipun păncawisaya,

1 Wijènipun sumêlang, tuwuhipun têtêg,

2 Wijènipun susah, tuwuhipun suka,

3 Wijènipun lali, tuwuhipun èngêt,

4 Wijènipun napsu, tuwuhipun sarèh,

5 Wijènipun bingung, tuwuhipun kumandêl.

Pratelan lampahipun kawan prakawis.

1 Lampahipun badan, manawi kataman ing coba, kêdah amusthia trima, têmên.

2 Lampahipun manah, manawi kataman ing pangrudah kêdah amusthia rila, lêgawa.

--- 328 ---

3 Lampahipun jiwa, sarèhipun jiwa punika sampun alus saha sukci, kêdah amusthia ngandêl, kumandêl.

4 Lampahipun rahsa, sarèhipun rahsa punika sampun mulya, kêdah amusthia awas, èngêt.

Mênggah lampahipun ngagêsang punika, saèstu sami kadunungan bêkja[2] tuwin cilaka, suka tuwin sungkawa, wondene ingkang dipun wastani agêng-agêngipun kabêkjan punika kawan prakawis, kados ta,

1 Gunawan, têgêsipun alantip.

2 Wiryawan, têgêsipun kaluhuran.

3 Artawam, têgêsipun kasugihan.

4 Barayan, têgêsipun sugih putra.

Sadaya wau sampun têtela bilih dados panggayuh geyonganipun ing agêsang, pintên banggi sadaya, botênipun ing salah satunggal, ewadene [ewade...]

--- 329 ---

[...ne] kathah ingkang botên kalaksanan, jalaran saking kirang bêtah ananggulang pakartènipun păncawisaya, măngka păncawisaya punika minăngka sêsêpuhipun badan, utawi sêsanglinging budi, sêsanggitipun makatên. Tumamaning sêdya mawa sangsaya, sapira gêdhene sangsara, dadi sarananing nugraha, sangsara mau yèn tinampan, sajatine amung dadi coba. Sanajan sampun wontên wêwulang ingkang mangkatên,[3] ewadene têka inggih taksih sami botên bêtah tumahan ing păncawisaya, dene ingkang dipun wastani păncawisaya punika mangkatên.

1 Rogarda, têgêsipun sakitipun ing badan.

2 Sangsararda, têgêsipun rêkaosipun badan,

3 Wirangarda, têgêsipun sakitipun ing manah,

4 Suwarda, têgêsipun rêkaosing manah,

5 Durgarda, têgêsipun pakèwêding manah,

1 Manawi kataman sakitipun ing badan, angèsthia [angèsthi...]

--- 330 ---

[...a] tata, titi, têtêg, ngati-ati.

2 Manawi kataman sakiting manah, angèsthia, rila, têmên, trima, lêgawa.

3 Manawi kataman rêkaosipun badan, angèsthia, bêtah, ngangkah, lêmbah manah,

4 Manawi kataman rêkaosipun manah, angèsthia ênêng, êning, awas, eling,

5 Manawi kataman pakèwêding manah, angèsthia ngandêl, kandêl, nêtêl, kumandêl.

 


Judul berdasarkan pada daftar isi. (kembali)
bêgja (dan di tempat lain). (kembali)
makatên (dan di tempat lain). (kembali)