Têgalgănda, Padmasusastra, 1898, #196

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Têgalgănda

1. Dhandhanggula

1. ascaryambêk Jêng Pangran Dipati | Prangwadana myat kang pacangkraman | kamantyan lêng-lêng rêsmine | marma kinuswèng kidung | pinardawa sarkara wêrdi | mandarsanèng kawarja | rikala mangapus | Radite dwi dasa nawa | lèk Rabingulawal ri sêdhêng Be warsi | sangkala kang winahya ||

2. waudadi astha sabdèng aji |[1][2] wuryaning kalangyan saking praja | kidul kilèn ing prênahe | kang yasa Jêng Sinuhun | Pakubwana mandhiri kaping | sapta ran Têgalgănda | sakilèn margagung | kang dhatêng Ngayogyakarta | pinurwendah sampat srining kang wadari | rakit pura pêpara ||

3. majêng mangetan amangku margi | mujur mangilèn capurèng pura | nêmatus kaki panjange | mangalèr mung tri atus | pagêr [pa...]

--- 164 ---

[...gêr] banon kinăntha kêlir | saguthêk pinilaran | linepa ring pingul | rininggit amadung têmpak | puput papak praptèng gapura ing wingking | kang anjog mring narmada ||

4. sinung marga mubêng nut capuri | pirit lawan têpining têgalan | kinalang lèpèn kalihe | sakiwa têngênipun | lir jêjagang larèn ngidêri | pinggiring pasanggrahan | kinêmbêng ing ranu | longkanging jawi prasada | talun dadya pacangkraman sri bupati | terong timun watêsan ||

5. prênah ngarsa cakêt lan capuri | sakiduling marga sêsimpangan | ingkang saking lurung gêdhe | salèring margi sinung | wisma panjang lajuran tunggil | kêstalan yèku măngka | palerenanipun | sagung rata myang rakitan | titihane sadaya kang para putri | cèthi miwah parêkan ||

6. pinrih pupul ing papan sapanti | dadya sapetak payon atêpan | cêpak puspaka: prênahe | pagêr capuri ngayun | banon pandhak pinancaksuji |

--- 165 ---

jêjênêng pinilaran | talajug tinunjung | banjêng pagut ing wiwara | tanpa wrana mrih bawera ing pangaksi | sagung kang kawistara ||

7. madyèng natar mawa langên adi | sakêmbaran kang candhi gupita | tinanêman saubênge | sari sawarnanipun | sasêlane candhi kêkalih | kulah kilenan toya | mimba saking umbul | maju pat munggèng pojokan | madya sinung wot mangetan prapta maring | panjêraning bandera ||

8. kanan kering pagêring capuri | lêlajuran ginêdhang salirang | bêlah binalik palihe | kang lèr kilèn gyanipun | sagung koki dhaharan sami | kang olah sêsaosan | rinukti nèng ngriku | sagêdhong malih gyanira | pra rêdênas kang samya anglêladèni | wedang lawan minuman ||

9. nênggih wetan malih kang sapalih | panggenane kang titihan rata | myang pangirid turanggane | agêm ingkang sinuhun | nunggil gèning kênèk lan kusir | wontên malih wangunan |

--- 166 ---

pagêr banon kidul | samya kinarya timbangan | lawan kang lor kang gêdhang salirang anging | kaot tan mawi kamar ||

10. unggyaning kang dasih ngampil-ampil | sakaprabon upacaranira | para pangeran sakèhe | longkang sawetanipun | gêdhang slirang sinungan malih | wisma panggenan găngsa | kalih nunggil dunung | saidêring palataran | tinanêman taru-taru sarwa saking | kang mêntas pinutêran ||

11. pandhapagêng mujur tundha kalih | kampung Bali balungan lis-lisan | rêspati lan sêsadone | pilihan kang rèng usuk | anaracak paniyung sami | pamatuting rapêtan | lir ginănda maru | umpak sinami lan saka | agêngira kinarah ingadu manis | kinangan sinangsaya ||

12. tinaratag turut ing taritis | têpung lawan têpining suyasa | paningrat jawi jèjère | rakite kang wêwangun | capurining pura pinalih | saduman palataran | kang sadumanipun | pindha gupit [gu...]

--- 167 ---

[...pit] pamidhatan | panggonaning para dyah pawongan cèthi | kinêlir pagêr bata ||

13. kanan kering watêsing capuri | ujung jujugan mawi wiwara | butulan praptèng jawine | kang pagêr banon agung | têkèng marga ingkang ngidêri | jroning kêlir laleyan | sinungan manguntur | pêrak kori bêbutulan | kalih samya ngapit kang manjing mring puri | gapuralit rinêngga ||

14. inêb-inêb pinulas cèt wilis | lis-êlisan tanapi panilan | linut seta pêpulase | tan wênèh wangunipun | lan gapura purèng nagari | winarna rêngganira | sasanèng sang prabu | pinandara ing sarwendah | kamar kalih pinalih angapit kori | kang nrus mring pêpungkuran ||

15. tèbèng tinêbêng têngah ingukir | pindha sorot baskara umimba | saking udaya isthane | cinawi gêdhah pingul | pêpingule aciri èsthi | kuningan tinartima | lawan sratinipun | punika măngka sangkala | ing nalika adêge kang suyasa [su...]

--- 168 ---

[...yasa] di | saking sabda sang nata ||

16. candhelanira mubêng umunggwing | jro panirat madyaning suyasa | sayut sauparênggane | cinitrèng wungu wimbuh | nawung srining amardapèng jring | ujwala ngandakara | rok angupu tarung | tawuran katrangan kaca | byar parada mradipta tulya ngulapi | lir sunaring sasăngka ||

17. jarambah jro pinalêstèr wradin | tampa kajoganing kang witana | tandhês panirat jêmbare | tumutur pinggir batur | sêsakane pilar ginilig | ginêgêl gêlang sweda | têtirah tinurut | balandar ngidêri wisma | pantog bata kêkêlir ing kanan kering | pagut pipi gapura ||

18. purwa gêdhang salirang sinami | pan kinirtya maratri sakăntha | sanggya para dyah unggyane | malih wontên wêwangun | sakilène suyasèng wuri | sinungan made pelak | joglo wangunipun | kinubêng taratag rambat | jêjiglakan jinumbuh warnaning sungging | lan sanggyaning sasana ||

19. sêsaosanira sri

--- 169 ---

bupati | lamun karsa lêlangên mariksa | ing udyana saisine | lan pramèswari prabu | miwah putra sang juwitadi | myang kang para parêkan | siniwi nèng ngriku | têpi jawining taratag | pêpêthetan banjêng jambu lan balimbing | pêlêm sawo dalima ||

20. sêling silih luhurira lagi | duk sadêdêg ingkang tiris dênta | taru pradapa rumêmbe | wilis salin ronipun | wênèh lagya wanci ngalilir | kaleyang kang wus laya | katut ngangin runtuh | lata kang susulan anyar | sêmi pulih alume waluya saking | daut ngalih panggonan ||

21. lêlongkanging kilèn binotrawi | kawan dasa kaki wiyarira | pitung dasa pamanjange | wijile toyanipun | saking pojok lèr kilèn puri | sinung têlih tinalang | iline lumêbu | binêbêg jroning pratala | rinèh dening paesan kêkalih dadi | kanthi umbuling tirta ||

2. Kinanthi

1. muncar kawuryan kang ranu | udale kang umbul kalih | saking [sa...]

--- 170 ---

[...king] gunging pra wadara | saksat ngalèbi botrawi | sumilak tanpa kalesa | sumunu masêmu wilis ||

2. kasongan baskara nawung | luruh lumirap kang warih | sarănta tawang lumenggang | pindha lalaban lumindhih | kèlu tumibèng jro toya | lumembak katub ing angin ||

3. tarap urut tinarutus | tut têmbing winancaksuji | jêjêg panjang ngalih asta | binêlah minăngka kori | pulas wilis tunjung seta | lêlangêning para putri ||

4. yèn arsa siram nèng ngriku | lêlumban sing dal-dal warih | rineka pojok kang wetan | pangurase mawa kori | lak kalih pambukanira | kêkirih pintuning warih ||

5. têkèng jawi banon têrus | marga sadhasaring siti | kikis jro pagêr katingal | mili nut lêlarèn alit | malipir turut laleyan | iliraning sarah kèli ||

6. tumibèng têgal tumuruh | ngalèr myang mangidul têbih | têmpur tulaking talunan | kentar saking antaraning |

--- 171 ---

balowartining udyana | palunturaning kang warih ||

7. wontên wismalit dinunung | kêkalih rinêngga asri | pratikstha swamipèng taman | ayun-ayunan kang kori | kinuswèng warna mandrawa | rakêtan banon capuri ||

8. yeka pasiramanipun | ing kanjêng sri narapati | lawan sang garwa dayita | wismalit ingkang satunggil | jêng gusti sêkaring pura | pêrak guskara mawêning ||

9. tulya rêsmining kalangun | wêwangunaning wadari | pinardikèng rèh mardawa | darunaning udyana sri | sêla-sêlaning gugulan | pinunggêl sinungan margi ||

10. sêsimpangan rawa catur | cakêt ngubêngi botrawi | nganan ngering têtêpungan | sêsipatan praptèng pinggir | satêpining pagêr bata | kèdêran puput malipir ||

11. têngah-têngahe pinatut | pininta taman rêspati | sangkêp warnaning puspita | sumyar mamêrdu mênuhi | kataman ing samirana | kongas rume maratani ||

12. lêngênging lung-lungan lumung | lumungsir silar kawingkis | wêwangi [wêwa...]

--- 172 ---

[...ngi] kang sêkar-sêkar | mênur taluki kanikir | prabusèt purbanagara | soka sridênta saruni ||

13. malathi argulo pingul | pacar capaka capiring | pirit kilèning balumbang | tumimbang kêmbang ngubêngi | ingkang samya jinêmbangan | tut imbang anjrah ngèbêki ||

14. sapasang-pasang sinungsun | saplak prênahe kang sari | sakăntha pinara astha | pratikstha unggyan jininggring | panjang ngalih têngah astha | sukuning jêmbangan sami ||

15. tarap lêlarikanipun | runtut tata tan lumirig | pêrak parigi gènira | têlih toya kang piningit | namar munggèng jroning wisma | kinêkêr tan kêna kèksi ||

16. nginggil taratag tinutup | balabag sinungan panti | joglo gêng tulya rinêngga | sêsunggingira sinami | sêmune kang wus winarna | tan siwah kang witana sri ||

17. dèn apit kêkalih umbul | alit munggèng kanan kering | minăngka panundhanira | sunglon pangrantuning warih | kang manjing têlih balumbang | sêsirih [sêsi...]

--- 173 ---

[...rih] toya ngalèbi ||

18. mêlêg iline lumintu | udale kang umbul alit | malêngkung saparon asta | luhure tumiba malih | nulak lumembak kambêngan | mulêg madyaning botrawi ||

19. ramya swarane kumucur | narawung ririh sênggani | kolêk ing we mawalikan | kasiliring marutaris | anrang kumala kumêlap | kèngêl kadya ngalayoni ||

20. srang-srangan kang sari katup | kontap rarase ngênani | naputi srining udyana | nawung kang trênggana tistis | ris-ris sirating brêmara | rumêsêp mrih sari-sari ||

21. sarkara kèsêpan kusut | kongkih kudhupe kawingkis | wêkasan rungkat karantan | luntur tanpa teja sêpi | sirnaning sari katrêsan | sumawur tumibèng warih ||

22. sinrang kang sadpada kadung | turida dènnya mêmêrdi | tumiling muluk maluya | mring tawang dènnya sêsandi | mulad diwasaning sêkar | sumyur lumrangira kadi ||

23. sumêbar anèng jinêmrum | puspita [puspi...]

--- 174 ---

[...ta] ruru mrih tistis | kentar layone tumular | tut larèn pagêr ing pinggir | kikis wêkasing pungkuran | pêpanahaning capuri ||

24. madyaning laleyan sinung | gapura pinardi wilis | tinêpi mandara seta | siring lan gapurèng kêlir | kinêpang pangapit pura | kaot gêng kang munggèng wuri ||

25. kiwa têngên gapuragung | sinungan gupala warni | andaka rineka kadya | anjrum pratingkahe lagi | kèndêl saking asêsaba | sajroning taman duk prapti ||

26. wingit solahe lir tunggu | gapura kang dèn jagani | wêngane kori wêkasan | mring wuri rapah apirit | rangkah wêwêngkoning taman | ujung juranging jahnawi ||

27. jawining lèpèn kang têpung | padhusunan kanan kering | pêrak măngka pakuwonnya | pratiwa myang para gusti | samya karya pagubahan | papan polatan tan têbih ||

28. watês antaraning talun | katrêpan rinakit-rakit | miwah kang para wadana | kawot sawadyane [sawadya...]

--- 175 ---

[...ne] sami | sabên padesan kèbêkan | kanggonan bala ngêlèbi ||

29. nahên rawining kalangun | winarah wuryaning nguni | ananing kang pacangkraman | Têgalgănda kang bawani | Ondêr Mayor Jayaningrat |[3] kêkasih Jêng Sri Bupati ||

30. panji urdênas kang lungguh | ingandêl tur misesani | salir pakaryan jro pura | kontap ing pranata titi | têtela têtêp rumêksa | ing kaprabon sang siniwi ||

31. palastha dera mangapus | kapapas kapêsan budi | dumadi darwa paminta | mring sanggyaning kang mahapti | nungkara gita nirdeya | tarlèn aksamanta sami ||

 


§ = 1784. (kembali)
Tanggal: Radite (Ngahad) dwi dasa nawa (29) Rabingulawal (Mulud) Be: waudadi astha sabdèng aji (AJ 1784). Tanggal Masehi: Minggu 9 Desember 1855. (kembali)
§ Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara Ridêring Ordhê Nèdêrlan Sênleyo, pêpatih karaton dalêm ing Surakarta. (kembali)