Paparabipun Para Nata Surakarta wiwit Mataram, Adiwijaya, 1956, #487

Judul
Sambungan
1. Paparabipun Para Nata Surakarta wiwit Mataram, Adiwijaya, 1956, #487. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Paparabipun Para Nata Surakarta wiwit Mataram, Adiwijaya, 1956, #487. Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Paparabipun Poro Noto Surokarto wiwit MATARAM

Pangripta GPH Hadiwidjojo

[1]

Sêsorahipun G.P.H. Hadiwidjojo nyarêngi Kol-kolan dalêm Ingkang Sinuhun Paku Buwono IX ing dintên Jêmuah 1-1-1956 ing Prabuwinatan. Rèhne pangripta gêrah, ingkang maos R.M. Rio Danoeningrat.

PÊPARABIPUN PARA NATA SURAKARTA WIWIT MATARAM.

Tamtunipun para sadhèrèk sampun sami pirsa yèn para Nata Surakarta wiwit Mataram sami kagungan pêparab. Pèngêtan kula saking sumbêr warni-warni, kados ing ngandhap punika:

1.Panêmbahan Senapati
jumênêng 1586, surud 1601
-IS. Sedakajênar
15 th.
2.IS. Prabu Hanyakrawati
jumênêng 1601, surud 1613
-IS. Sedakrapyak
12 th.
3.IS. Hanyakrakusuma
jumênêng 1613, surud 1645
-IS. Sultan Agung
32 th
4.IS. Amangkurat Agung
jumênêng 1645, surud 1677
-IS. M I. Sumare Têgalarum
32 th
5.IS. Amangkurat
jumênêng 1677, surud 1703
-IS. M II. Mangkurat Amral
26 tahun
6.IS. Amangkurat Mas
jumênêng 1703, surud 1704
-IS. M. III. Kêncèt[1]
1 tahun
7.IS. P.B. I
jumênêng 1704, surud 1719
-IS. Pugêr[2]
15 tahun
8.IS. Prabu Amangkurat JawaIS. M. IV. Mangkurat

[2]

jumênêng 1719, surud 1727-Jawa
8 tahun
9.IS. PB II
Jumênêng 1727, surud 1749
-IS. Sumare Ngalwiyan, IS Kumbul
22 th
10.IS. P.B. III
jumênêng 1749, surud 1788
-IS. Suwarga, IS. Prabu[3]
39 th.
11.IS. P.B. IV
jumênêng 1788, surud 1820
-IS. Bagus, IS Yasa Cêmani[4]
33 th
12.IS. P.B. V
jumênêng 1820, surud 1823
-IS Sugih
3 th
13.IS. P.B. VI.
jumênêng 1823, surud 1830
-IS Bangun Tapa[5]
7 th kindhang
14.IS. P.B. VII
jumênêng 1830, surud 1856
-IS. Purbaya[6]
29 th
15.IS. P.B. VIII
jumênêng 1858, surud 1861
-IS. Bèi
3 th
16.IS. P.B. IX
jumênêng 1861, surud 1893
-IS. Bangun Kadhaton
32 th.
17.IS. P.B. X
jumênêng 1893, surud 1939
-IS. Ingkang Minulya[7]
47th
18.IS. P.B. XI[8]
jumênêng 1939, surud 1945
-
5 th.
19.IS. P.B. XII[9]
jumênêng 1945

Pêparab 17 wau ingkang pêrlu karêmbag:

No. 9 "KUMBUL"

Sawiji kaol kala layon badhe kapindhah dhatêng Imogiri saking awratipun botên wontên ingkang kuwawi nginggahakên saking kruwat. Sarêng nimbali kêkasih dalêm Koto kati namung dipun ijèn, trêbêla prasasat minggah piyambak. Dus kumbul.

Nanging 40 taun sapriki kala kula dipun ajak Bupati Panaraga R.A. Sam ziarah dhatêng patilasan ing dhusun Sawo sawetan Panaraga, criyosipun juru kunci bilih cungkup wau patilasan dalêmipun Ingkang Sinuhun KUMBUL, kala kaplajêng saking Kartasura têgêsipun tagsih sugêng dèrèng paja-paja pêmindhah makam, sampun pêparab Ingkan Sinuhun KUMBUL.

--- 3 ---

Mirit Sêrat Babat Kartasura kasbut nginggil, tuwuhipun pêparab Kumbul punika kala eyang wontên Sawo utusan abdi kinasih Ki Dandangwacana dhatêng Panêmbahan Sukanda ing rêdi Wilis, mundhut pangèstu lulusing panjênêngan lan dintên sae kagêm ngrêbat Kartasura. Atur wangsulanipun kêdah mawi sarana sèlèh kêprabon dhatêng ingkang putra Kanjêng Gusti saèstu nuntên KUMBUL. Kaèstokakên eyang jêjuluk "Sri Bagawan Brajawijaya", Kanjêng Gusti "Prabujaka Susunan ing Bauwarna".

Têka sajak ngalamat yèn ing têmbe ngajêngakên surud, eyang sèlèh kêprabon sayêgtos, jalaran gêrah rêkaos. Mila prêjanjian pamasrah kraton Mataram dhatêng Kumpêni punika botên absah. Awit:

1. saking santêring gêrah eyang sampun mèh botên èngêt,
2. sampun lèrèh kêprabon sumèrèn dhatêng Kanjêng Gusti.

Dipun kupas dening Prof. Dr. Sutjipto Wirjosuparto.

Bokmanawi wontên sadhèrèk ingkang gadhah sêsêrêpan bab Kumbul wau, kakintunna kula, kangge njangkêpakên sêsêrêpan.

Pêsareyanipun IS. P.B. II kapindhah putra dalêm eyang P.B. III saking Lawiyan dhatêng Imogiri ing kêdhaton Sultan Agungan.

Ing dintên Sêlasa Pon kp. 18 Sawal Jimakir 1690 Windu Kunthara-Lambang Kulawu - 9 April 1765.

Overste ngrangkêp Resident Chistafel Bynon.
Patih Mangkupraja.
Pangulu Jalaludin.

--- 4 ---

No.11 "Bagus"

Ngêndikanipun bapak bagusipun eyang punika betekkeliyk: radi sitir, lathi cawak. Amung bêsusipun ngedap-edapakên.

Waja tinatah miji timun, sa Kêmis dipun tèmplèki jêne mas, sa Kêmis santun simping, sa Kêmis lugas, Jêmuah injing kakêsik awit badhe miyos Jêmuahan cara kaji, lampahipun thuyuk-thuyuk. Ngahat têgar cara Wlandi, lampahipun srigak panitihipun turăngga dhawuk pêthak wontên Pagêlaran, cimplo kapal dipun gêbrag kespoor ngadêg, umuk-umukanipun bulu-bulu sundhul tragrambat.

Clana pêthak modhèl Napoliun, pancèn nyarêngi jamanipun, saking kêlètipun botên kenging kaagêm limrah, dipun ampil ingkang ngladosi, lajêng dipun jlogi saking dhingklik.

--- 5 ---

Sajak anèh, nyatanipun limrah. Ngajêngakên perang dunia I opsir-opsir ing Eropah ingkang acana[10] pêthak, dede kain ananging seem-kamus pêthak singsêt yèn sampun kaangge dipun pyur-pyuri toya supados kêlèt sangêt.

Gêbêsusan ing Surakarta inggih quit the same.

Ngêndikanipun bapak kala taksih Narayana pathêt 6 modhèl godhèg ngudhup turi. Saking kêpenginipun măngka botên godhèg, lajêng dipun pasangi rambut satunggal-satunggal ancuripun-ancuripun tlutuh sêmak kalihan sawo manila. Ingkang masangi wa Purbadipura, bapakipun swargi Prof. Purbotjaroko. Sampun takèn dangunipun ala wanita dipun permanent wave. Kêpingin njait anggenanipun ngêrati rêma sanginggil athi-athi dipun jênggit. Tamtunipun sakit, ewadene katêmpuh nêtêpi paribasan "jêr basuki mawa bêya" utawi barat: "die mooi wil zijn moet pijn lijden". Akibatipun tingal nrocos ngantos sampun jumênêng pintên-pintên taun ithik-ithik ngusapi tinggal.[11]

Rumaos dalêm ingkang nyênggangakên "dilah petroleumgas" inggih punika dilah angêngipun[12] sa prangkul kaos 3 lisahipun saking tank mêdal kawat alit sarana dipun pumpa. Pajaripun kagila-gila sêmu ijêm sakeca dhatêng pandulu. Dene ingkang mompa abdi dalêm panakawan kêpilih Marsia. Katrimah kaganjar dados lurah Redenas nama Atmapanjuta. Punika wiwitipun Redenas klêbêtan dede sêntana.

Wa Prabuningratan yèn dhêstharan jebehan supados awèt sae botên nglunthung, sarampunging dhêstharan jèbèh dipun kanji lajêng dipun sêtrika. Tamtu kemawon "strijkijzer sa dhingklikipun miniaturen".

--- 6 ---

No. 12 "Sugih".

Saking anggèning ngêsai sambutanipun ibu kuwalon eyang Ratu Kêncana Wungu, ibu eyang kaping VII.

No. 13 "Bangun Tapa".

Anggènipun wontên Ambon napakakên putra wayah.

No. 16 "Bangun kêdhaton".

Saking anggènipun mbangun kêdhaton Prabayasa, nginggilakên Sanasewaka, saka dipun slorok-kaukir para sêni pahat Jêpara, nginggilakên tuwin mayon paningrat-suwau tratag - ngeram Drawina. Sêkawit blak-blakan kados kraton Ngayogya.

Adat tilas yèn paningrat suwau tratag, inggih punika rumiyin yèn bapak miyos têdhak sewaka, saking tritis Parasêdya dumugi tritis pandhapi, yèn badhe pista-dhansah wontên Drawina, dipun songsongi. Suwakipun sarêng-sarêng Residhèn De Vogel nyuwun ndhèrèk dipun songsongi, awit protocolair residhèn punika kalihan Ingkang Sinuhun punapa-punapanipun kêdah sami. Kêjawi militare honneur lan decoratie.

Anggènipun eyang kaping II kasarèkakên Nglawiyan sêpên katrangan sababipun. Amung saking pitulunganipun anak KRMTP Sasranagara angsal pèngêtan Sanawilapa titimangsa pamindhahipun dhatêng Imogiri: 9 April 1765, ingkang mindhah putra dalêm eyang kaping III. Dados sumarenipun wontên ngriku 1749 - 1765 - 16 taun.

Babad Tanah Jawi mratelakakên yèn wontênipun eyang Mangkurat I sumare Têgalarum - yèn Wlandi Têgalwangi - saking pamundhutipun piyambak: "kasarèkna ing siti ingkang wangi".

Para sêdhèrèk pirsa yèn eyang punika kêplajêng rêreyongan sagarwaputra-biyada dening Mataram kabêdhah Trunajaya, saking sêkutunipun ingkang putra Kangjêng Gusti. Plajêngipun ngalèr ngilèn dumugi Ajibarang kilèn Purwokêrta kèndêl, dhawah yèn badhe têrus mangalèr minggah kaji, jalaran rumaos yèn sampun kauncatan wahyu kraton.

--- 7 ---

Ingkang putra Kanjêng Gusti kadhawahan mangsuli kraton mopo, dipun sèrènakên dhatêng ingkang rayi eyang Pangeran Pugêr, kaparingan sangu Kanjêng Kyai Maesanular lan Kanjêng Kyai Plèrèt. Kalampahan Mataram karêbat, Trunajaya kaplajêng mêngetan, eyang Pugêr jumênêng Nata Mataram, jêjuluk: Ingkang Sinuhun Ingalaga. Wasana eyang Mangkurat gêrah kêlajêng seda, kaseraman ing sêndhang Pancasan. Layon kalajêngakên mangalèr kasarèkakên ing Têgalarum.

"Plajêngipun eyang ngalèr ngilèn punika dg. sendirinya, awit ngiwa-nêngên barisan Trunajaya, pupuntoning[13] panggalih minggah kaji. Ning yèn sêjarah Wlandi "badhe mundhut bantu Kumpêni". Kalampahanipun ingkang putra Kanjêng Gusti kanthi damêl prajanjian katitimangsan kaping 15 Januari 1678 (awit saking asmadalêm) katandhan Kuai[14] Adipati Wangsadipa, Grootuverneur v.d. Westerafd vd. Noordkust v. Mataram ing Têgal, kalihan amral Cornelis Janzoon Speelman ing Jêpara, ungalipun: "... afstaan het gebied en de regeering vd. stad en landen v Sêmarang en Kaligawe md. alle landen en dorpen daaronden ressor terende ..." lan sagah mbayari pêrang. Bokmanawi punika ingkang jalari pêparab Mangkurat AMRAL: "anak amral Selman-anak Kumpêni". Dus dèrèng kibar yèn namung saking ajèning ngagêm uniform amral. Têka rèmèh têmên!

Wasana Babad Nitik Ngayogya mratelakakên yèn anggèning eyang Sultan kaping II - Sultan Sêpuh - sumare ing Kuthagêdhe botên ndhèrèk ingkang Rama wontên Imagiri, jalaran margi dhatêng Imogiri kêpêpêtan barisan Dipanêgara. Punika nênangi gagasan kina yèn sumarenipun eyang Sultan Sêpuh: kêpêpêtan barisan Trunajaya.

__________

Yasan dalêm piyambak sarêng dados letjen, sebagai terdemahan[15] Excellentie=Ingkang Wicagsana.

--- 8 ---

Mila mangalèripun saking Ajibarang inggih ngantos pintên-pintên km, supados aman, layon sampun ngantos karêbat bajag Trunajaya lajêng dipun suwiyah, klêbêt adat kala samantên. Saking wignyanipun Kyai Pujangga pèngêtan karêcik yèn saking pamundhutipun eyang piyambak, "kasarèkna ing siti ingkang wangi".

Saminipun anggèning Kanjêng Gusti kadhawahan mangsuli kraton mopo, pilih ndhèrèk ingkang rama munggah kaji. Latar blakangnya lain!

Makatên ugi sumarenipun eyang kaping II wontên Nglawiyan, punika dening margi dhatêng Imagiri kapêpêtan barisan Mangkubumèn - pêrang Giyanti.

Pangothak-athik wau kula aturakên bapak wontên hotèl Têkolo kundur saking Jakarta mampir ziarah pasareyan Têgalarum. Botên ngiyani ning inggih botên jêngèk kados adat yèn botên dados kaparênipun.[16]

Bokmanawi botên wontên awonipun kula pratelakakên yèn kala bapak ziarah ing Têgalarum, sarêng sampun lênggah mantak aji kalihan asta kiwa ngasta maejan, sawatawis maejan kêtêr.

Bagda punika angsal pasêgsèn sedanipun bapak Natadiningrat kawitaning revolutie, ugi kasarèkakên Nglawiyan, jalaran margi dhatêng Imagiri dipun kalen- onklaar gemaakt - dening pemuda kita, supados tank-suto Wlandi botên sagêd langkung.

Nuntên Panêmbahan Senapati pêparab: Sedakajênar, punika wontên ingkang nêgêsi: "seda cinidra". Historis philologis tanpa waton. Awit:

Jênar = jêne, kuning, yellow, angsring abrit: Sèh Siti Jênar = Sèh Lêmah Bang. Botên Sèh sing DI CIDRA.

--- 9 ---

Nuntên prefix: "kê, ka" botên ajêg têgês: "di", ka-bupatèn, kê-bêcikan, kê-Mlayan utawi botên kajarag: "kê-sandhung, kê-blingêr, kê-sripahan". Dus kajênar dipun têgêsi: "di-cidra" ing ikêtan wau BOTÊN sagêd.

Babad Tanah Jawi Balai Pustaka no. 1289f kaca 43 sêkar Dhandhanggêndhis mratelakakên yèn kala Kanjêng Gusti Pangeran Adipati Mataram mapagakên pangramanipun Adipati Pathi wontên Prambanan:

"... jêng pangeran sinongsongan kêrtas kuning padha ngadhêpipun.

"... Adipati Pathi ningali, mulya tanya pêncil ika sapa, ingkang lumakya marene lan upacaranipun, kering dening wong magêrsari, asongsong kêrtas JÊNAR".

Dus payung kuning, BOTÊN payung di cidra!

Kula lajêng kèngêtan Memorie v. Overgave-nipun Mr. Nahuys resident Surakarta jaman kaping IV-V, nênggani gêrah dumugi surudipun Eyang kaping V: "in di GELE kamer". Ing nalar kamar Gadhing Prabayasa samangke. Awit ngêndikanipun bapak pasareyanipun para nata dumugi eyang kaping VIII ngriku. Miyosipun bapak, supit, krama inggih wontên ngriku. Tur gadhing makatên salah satunggal warnining ulês jêne. Kuning dadar, kuning atal, kuning nêmu giring, kuning ngunir, kuning ngunir bosok, kuning gadhing = ivoorgeel.

Memorie v. Overgave punika pèngêtanipun resident ingkang badhe lèrèh dhatêng gêgêntosipun, bab bawahipun warni-warni, mawa advies ugi warni-warni. Yèn Surakarta kula nate sagêd nginjên antara lain rèngrèng contract kalihan nata ingkang badhe jumênêng. Mila inggih kangge wadi sangêt, wontên bênèt wingking plinggihanipun kantoran resident, sorog kacêpêng piyambak.

Nglajêngakên bab Sêdokajênar.

1. Nate mrangguli: "Seda Bale Kajênar".
2. Babad Tanah Jawi Balai Pustaka kasbut nginggil kaca 47 Durma:

--- 10 ---

"... warnanên sribupati ... | pan gêrah anèng ing BALE KAJÊNAR | ingadhêp para rabi | myang kang para putra | lirna para santana | Ki Mandaraka Sumandhing | Srinaranata | aris denya mêmêling ||

3. Babad Mataram carik Radya Pustaka no. 37 kaca 160 Durma:

"antarane kang yuda kala samana | ya ta Radjèng Matawis | pan sampun sumalah | anèng BALE KAJÊNAR | kaya raning tata nabi | babade ika | para putra anangis." ||

"Sasurude panêmbahan ing KAJÊNAR | ingkang putra sumandhing | aran Ki Mas Jolang | ginantyakakên Rama | jumênêng anèng Matawis | nata Susuhunan[17] | Mangkurat Nyakrawati." ||

Saya cêtha yèn ka-jênar têgês: "ING KUNING", ing panggenan KUNING, ing Bale KUNING", kados ka-yangan, ka-Indran sapiturutipun. BOTÊN di CIDRA!

Lajêng nama bale jênar, kamar kuning, gêdhong kuning punika kathah:

1. Dalêm Kraton Ngayokarta[18] salèr bangsal kêncana: "Gêdhong Kuning".
2. Tilas pêsanggrahan kilèn Mujamuju Pakualaman mangetan: "gêdhong kuning" ... Jaman kapêngkêr rupinipun taksih.

--- 11 ---

3. Kamar pasareyanipun Sultan Sumênêp ing Madura: "Kamar Konêng".
4. Kraton Kotawaringin ingkang inggal: "kraton kuning bukit Indrakêncana".
5. Langênkatong, rumiyin nama Mêtêlan kadalêman eyang kaping VII, nokemino cètipun jêne. Mogelijk rumiyin ugi nama Gêdhong of Bale Kuning of Jênar.
6. Langênarja cètipun jêne.

Botên mustahil, jêr jêne = kuning geel ing Orient ulês ingkang inggil piyambak: cèt payung wiwit Mataram ingkang inggil piyambak jêne, kacêtha ing babad kasbut nginggil. Ranglijs uruting ulês payung Surakarta: praos, jêne, pêthak, ijêm, biru, abrit, jêmêng.[19]

Ulês klambu troon pêlênggahan dalêm kêsting jêne dalasan babutipun; rumiyin klambu palênggahan dalêm troon ing karesidhenan inggih kesting jêne. Santunipun bludru kêtêl bagda resident v. Wijck, dening sampun risak. Gêndera kêprabon Cina drakenstandaard "jêne". Kêmul Bhikshu Mahayana jêne sasaminipun. Cêkakipun sedanipun Eyang Panêmbahan Senapati botên kêprêjaya of kacidra = vermoord kados Prins Willem v. Oranye botên wontên pundi-pundi, ning wontên dalêmipun piyambak wasta bale jênar, natuurlijke dood!

Radi nunggil raos sagêd klintu interpretatienipun ingkang botên mêningi, inggih punika tilar donyanipun wa Kronel Purbanagara nuju ndhèrèk cangkrama bapak dhatêng pasanggrahan Pracimarja-Paras, upami dipun parabi "Purbanagara seda Paras", sedane nuju diparasi, dicukur. Saking kêtêling brewok kêplinthas tênggokipun ngantos kutah ludira njalari wafatipun[20]

--- 12 ---

Ingkang pênting: "Sedo Krapyak", crêcriyosipun warni-warni, makatên:

1. Swantêning kathah tabe-tabe klêbêt eyang punika dipun krapyak, jalaran gêrah karêm misakit.

2. Eyang nuju salat Jum’at, salêbêting krapyak pêsalatan mêjid Agêng, rukuk têrus dhawah botên èngêt, kakundurakên ngadhaton têrus gêrah dados lan sedanipun.

Para sadhèrèk ingkang botên mêningi jaman rumiyin, kula prêtalani yèn pasalatan dalêm sa pramèswari dalêm punika wontên salêbêting mêsjid pojok kidul kilèn dipun krapyakipun[21] dipun santuni pagêr raam kaca warni-warni. Pasalatanipun sultan kasêpuhan Cêrbon ing mêjid Agung pakumwati tagsih dipun krapyak.

3. Eyang singkêl panggalihipun anggèning Pangeran Adipati Mataram – têmbe Sultan Agung- mindra tanpa pamit.

Karawuhan Eyang Sunan Kalijaga kadhawahan yèn nuntên pinanggih, nanging mawa sarat ngrapyak wana. Tamtu kemawon dipun èstokakên.

Kacriyos Pangeran Wiramênggala ingkang bibi saking Kajoran, nêja nyidra eyang, lajêng singidan dhatêng wana ingkang kakrapyak wau. Inggaling carita sarêng eyang sêngsêm anggèning bêbêdhag ngantos pisah kalihan wadya, ginudag banthèng ngamuk, linambung saking wingking, dhawah kagotong dhatêng kraton, dados jalaran sedanipun.

4. Babad Tanah Jawi Bali Pustaka no. 1289f kaca 72 Dhandhanggêndhis:

"Ri sampuning mangkana winarni | Sri Narindra malih kang kocapa | datan kawarna lamine | jumênêngira sang prabu[22] | apan sampun rowêlas warsi | samana nulya gêrah | Kakrapyak gènipun | ingadhêp ing para garwa | para putra santana samya sumandhing | maring jêng panêmbahan". ||

--- 13 ---

Sambêtipun:

"Sasedane prabu ing Matawis | ing Karapyak wau kawarnaa | Pangeran Martapurane ..." ||

5. Babad Nitik Sultan Agung yasanipun Kanjêng Ratu Agêng ingkang Ibu eyang Sultan kaping VII kaca 69 Dhandhanggêndhis:

"Tandya Kanjêng Sultan ing Matawis | maca sahadat lawan dikirira[23] | pinanthêng praptèng junune | sagsana sang aprabu | sampun laya ing alam suci kahol satêngah kandha | wafatnya sang prabu | anèng Pasanggrahan Krapyak | kang mutamat wus kundur marang jro puri | nuju malêm Jumah"[24] ||

6. Babad Tanah W. Frin-Mees jilid II kaca 147: ...

Margi saking paprangan wau pasitèn lajêng sang panêmbahan Jolang piyambak ugi kaparag ing gêrah, seda wontên dhusun Krapyak.

Mila sapriki lajêng kêtêlah Panêmbahan Seda Krapyak.

7. Dr. de Haen, Register op het Kasteel Batavia: Ten tijde v. zijn vader was er wel eens een Italiaan in Mataram geweest., maar deze was niet binnen het hof toegelaten en had op ‘sVorsten buitenverblijf Krapyak moeten vertoeven.

8. Raffles. History of Java kaca 163, jawinipun: "Nalika taun 1524 Kanjêng Panêmbahan dipun gêntosi ingkang putra ajêjuluk Panêmbahan Seda Krapyak jalaran "surudipun wontên Krapyak". Lajêng:

Kanjêng Sultan kêparêng nyuda wiyaripun talatah Madiun sarta Panaraga, punapadene yasa Kraton, tilasipun samangke tagsih pinanggih ing dhusun Krapyak.

Kula nate nyatakakên dhatêng dhusun Krapyak prênah kidul kilèn Muntilan, dipun têrakên mitra sêkolah

--- 14 ---

controleur Muntilan J.J. Treur – têmbe gupêrnur Surakarta – sampun botên wontên tabêtipun barang-barang, kantun pratelanipun mancakaki, yèn ngriku tilas pasanggrahanipun Sultan Mataram.

9. Pasanggrahan dalêm kidul gadhing watawis 1 km sak mênika taksih ugi nama pasanggrahan Krapyak.

Pèngêtan Sanapustaka mêrtelakakên yèn Sangsan Krapyak Giriwaya punika bêktan saking Mataram kiwa têngên kaapit-apit kagiring dhatêng Kartasura têgêsipun Songsan Giriwaya punika gadhah tradisi. Bokmênawi nunggil raos kalihan raasip bangsa Bali asli tanah Jawi.

Sukani dos mênjangan, kagandhengan kalihan pêpêthan sungsum de kun ing pèngêtan dhuwung Nagasasra.

Bokmanawi sadaya wau sampun cêkap kangge mbalak criyosan ngayawara, para sadhèrèk sebagai ahli waris kula ajak nêtêpakên yèn Eyang Panêmbahan Senapati botên dipun cidra, eyang Seda Krapyak botên kagungan gêrah barang-barang, sedanipun sami wontên dalêm: "natuurlijke dood". Dg. lain kata "kita keturunan orang waras"!

Minangka sêsêlan dhapur pamanggih nglêmpara - golèk-golèk ewadene botên lingsêm mêdharakên, eman yèn namung kula simpên ing kêpèk kemawon. Kagêm sukur, botên bukan soal. Dene tuwuhipun gagasan pêngothak-athik kala jagong ringgitan murwakala ngruwat ing Natanêgaran kaping 19 Agustus kêpêngkêr makatên.

Jêjêr Bathara Guru - Dèwi Uma ing kayangan Junggring Salaka. Ing mythology Hindu Kailas, pucakipun parêdèn Himalaya bêr snow pêthak. Salaka punika ulêsipun pêthak, mila kramanipun ing pêthakan, kados mas – jêne - barang kuning. Yèn kasunaran surya sami bêrkilau-kilau.

Pêthak makatên ing Hindu mythology ulêsipun Bathara Çiwa Mahaguru Bairawa, dalêmipun pucak rêdi Himalaya. Dening punika Bathara Çiwa inggih pêparab Girinata, Girindra, Ancalapati = ratu ing Unung, bêrkoning. Ning yèn pêsantrèn Girinata ing padhalangan dipun plèncèngakên Giri-Nata, kapêgat panyêratipun, supados kenging dipun têgêsi: "Ratu ing Giri = Sunan Giri.

--- 15 ---

Dus kajêngipun têtungguling ringgit punika Sunan Giri = Himalaya makatên gandhèngipun têmbung: "hima = salju = snow" kalihan "laya = panggenan". Dus "panggenan salju" a[25] gunung salju-snow mount. Saking inggilipun. Ulêsipun salju pêthak santên, yèn kasunaran hyang rawi bêrkilau kados salaka.

Dus Junggring Salaka. "Pintêr sangêt Kyai pujangga." Rèhne ngriki botên wontên salju, "hima" ing basa Jawi santun têgês "mega". Dening limrahipun mega makatên pêthak, panggenanipun ugi inggil. Rêdi ingkang sampun kêmul mega, inggih rêdi ingkang inggil, dede gunung alit Kartasura, wijile bocah jêlanthir.

Têka lajêng wontên nama Imagiri = gunung Mega. Imagiri a[26] gunung Himalaya, Wlandi mêrdèni Berg der Nevelen = gunung kêmul. Poeties zonder meer. Imagiri punika pasareyanipun para nata saputra-putranipun yasan Sultan Agungan. Mangka Sultan Agung punika ing kalanganipun para sarjana dede piyantun ingkang yasanipun begitu saja. Tamtu bermaksud dalam.

Antara lain nyantuni taun Jawi kina petangan srêngenge - solair kawalik dados taun Arab - lunlair, nanging botên ngewahi angkanipun. Lêstantun angka Jawi nglajêngakên 1555. Dg. lain kata: "ya Islam, ning ya ora ninggal Jawane!" Eyang Sultan Agung ngantos dipun parabi Prof. Dr. van Hinloopen Labberton: "De grootste associator". Conclusie kula sumanggakakên para miyarsa.

Mangke gèk anggèning Sunan Satmaka pêparab Sunan Giri punika nunggil raos kalihan punika? Nyumanggakakên.

__________

Catêtan: tambahan kaca 9; jênar.

Putri ragil Jênggala "Onêngan Rêtnajinala pêparab Ragil Kuning; dongèng andhe-andhe lumut sawarnining Klêting nginggah-inggahi Radèn Putra ing Jênggala, ingkang kêtampèn Klêting Kuning, putri malihanipun Dèwi Tjandrakirana.

--- [16] ---

Tambahan kaca 1: Sultan Agung
Wiwit tanggal 10 Nopèmbêr 1975
Katêtêpakên dados pahlawan nasional.[27]

--- [17] ---

ERRATA.[28]

kacabariskasêratlêrêsipun
318 sangka ngisorngalmatngalamat
58 sangka dhuwurngundhupngudhup
512 sangka dhuwurtèkêntakèn
45 sangka ngisorwngkinganwangkingan
45 sangka ngisortukluk
42 sangka ngisorkêtêtpkênkatêtêpakên
73 sangka dhuwurkapringankaparingan
77 sangka dhuwuradaseda
77 sangka dhuwurkaselamankaseraman
88 sangka dhuwurmanggahmunggah
83 sangka ngisorgahasangagasan
99 sangka dhuwursinongwongansinongsongan
912 sangka dhuwurupacarnipunupacaranipun
98 sangka ngisorconbrctcontract
97 sangka ngisorwadawadi
111 sangka dhuwurSultamSultan
1212 sangka dhuwurpalungwatipakungwati
1216 sangka ngisorkakrapayakkakrapyak
131 sangka dhuwursabêtipunsambêtipun
1310 sangka dhuwurprptèngpraptèng
148 sangka dhuwurgiriwarsaGiriwaya
148 sangka dhuwurbêktènbêktan
149 sangka dhuwurkasingkagiring
1410 sangka dhuwurmêngsiraosnunggil raos

 


§ Kendhang dhatêng Ceylon - di selong - layon kundur, sumare ing Kêdhaton Sultan Agungan. (kembali)
§ Jumênêngipun wontên kabupatèn Sêmarang dening Cornelis Speelman, kaaturan bintang V.O.C. Prajanjian 5 Okt. 1705 ngêsahakên sambut-sambutan gunggung 1.200.000 real, nanging maringakên: Têrbaya, Cêrbon, Sêmênêp, Pamêkasan, Madura, Sêmarang, Kaligawe. Ratu Jawi sêpisan ingkang dipun jumênêngakên Kumpêni. Kala jaman Wlandi dhampar, wangkingan [3] upacara sasaminipun tagsih sumimpên wontên kabupatèn Sêmarang. Sarunganipun wangkingan Kyai Baya kula dhawuhi nêdhak Ng. Nayawirangka-Atmatjêndhana. (kembali)
[hlm. 3]
§ 3. Tebe-tabe {Tabe-tabe} sagêd ugi burik; awit Babad Kartasura gadhahan kulo mratelakakên, yèn kala ingkang Rama badhe mêngsah barisan Cina ingkang nututi eyang sampun dumugi Magêtan sampun siyaga wande, dening Kanjêng Gusti gêrah cacarên. (kembali)
[hlm. 4]
§ Tamanan sa-kidul kilèn kitha. Wontênipun bapak cacat sampeyan jalaran kêplèsèt wontên lèpèn sangajêng "guwa tiban" Cêmani. (kembali)
[hlm. 4]
§ Surud wontên Ambon 3 Juli 1849 dumugi yuswa 49 kasarèkakên ing Batu Gajah Ambon. Pakgêdhe sampun yuswa 19 asma KGPH Prabuwijaya, dados wontên pratapan 19 taun.
Saking rêkadayanipun dhimas JM Letjen Jatikusuma, kapindhah dhatêng Imogiri ing kêdhaton kaping sangan, kala 13 Marêt 1957. Lêt 106 taun kalihan surudipun. Awit saking kêparêngipun Parentah RI kawrat sêrat keputusan Presiden no. 294/64 tgl. 17 Nopember 1964 kajumênêngakên dados "PAHLAWAN KEMERDEKAAN NASIONAL". (kembali)
[hlm. 4]
§ Dhawuhipun bapak wontênipun ngantos samantên dangunipun, saking aturipun ajar rêdi Mêrapi: "Yèn kêpingin jumênêngipun, yasaa wangkingan naga luk 7 cacah 7". (kembali)
[hlm. 4]
§ Ingkang minulya punika panyêbutipun GG Jhr AWL Carda v. Starkenborg Stachouwer ing nowalanipun nyaosi wuninga anggèning kêtêtêpakên dados GG v Ned. India Protocolair sabên wontên GG inggal ngaturi wuninga
[hlm. 5]
kanthi nyupêkêkakên [nyupêkêtakên] pawongmitran, yèn mantuk pamitan kanthi mahyakakên pêpuji wilujêng amplopipun panjang kasarungan kêsting jêne. Inggih punika ingkang winastan
[hlm. 6]
"layang Bêtawi", ingkang ngaturakên mlêbêt residhèn mawi ceremonieel agêng. (kembali)
[hlm. 8]
§ Dening Dai Nippon dipun santuni sêsêbutan: "Solo Ko", kaping 30 Juli 1942. Awit saking punika wontên ingkang gadhah gagasan dipun parabi: Ingkang Sinuhun "Solo Ko". (kembali)
[hlm. 8]
§ Piagam Nippon 19 Agustus 1942, piagam Republik Indonesia 19 Agustus 1945. (kembali)
10 aclana. (kembali)
11 tingal. (kembali)
12 agêngipun. (kembali)
13 pêpuntoning. (kembali)
14 Kyai. (kembali)
15 terjemahan. (kembali)
16 kaparêngipun. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: nata Suhunan. (kembali)
18 Ngayogyakarta. (kembali)
19 cêmêng. (kembali)
20 § Bapakipun simbah, karan Purbanagara sumare Klêgèn. (kembali)
21 krapyak. (kembali)
22 Lebih satu suku kata: jumnêngira sang prabu. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: maca sahadat lan dikirira. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: nuju malêm Jumungah. (kembali)
25 Mungkin yang dimaksud dengan huruf "a" di sini adalah simbol "=" (sama dengan). (kembali)
26 Mungkin yang dimaksud dengan huruf "a" di sini adalah simbol "=" (sama dengan). (kembali)
27 Halaman ini (beserta sisipan "errata"-nya) hampir pasti merupakan catatan pelengkap yang sengaja ditambahkan pada sekitar dua dasawarsa setelah rilis perdana (1956); yang pasti, setelah 10 November 1975. Bisa dilihat, kualitas tinta mesin ketik pada halaman tambahan pun berbeda: lebih tebal dan lebih hitam. (kembali)
28 Errata ini telah dimasukan dalam teks. (kembali)