Wrêdining Bangsal Tosan, Pigeaud, 1953, #1386

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wrêdining Bangsal Tosan

1. Dhandhanggula

1. palataran sakidul pandhapi | winêwahan warni bangsal tosan | pirantos pakèndêlane | sagunging para tamu | ingkang nitih rata myang bèndi | ing ngriku mandhapira | kala adêgipun | Sukra tri wêlas candrama | ing lèk Sawal Ehe sangkalaning warsi | karya tan ngèsthi warna |[1][2]|

--- 1: 131 ---

2. cinarita ingkang bangsal wêsi | wêwêlingan saking tanah Dhitlan | ing kitha Bêrlèn pabrike | Wilêmkam kang ingutus | Tuwan Borsig ingkang akardi | tinutur panjangira | sawêlas ingukur | panyêlak nênêm saprapat | inggilipun sakawan kawan dasa dim | ukur elo Nèdêrlan ||

3. wawratira kalih atus dhacin | langkungipun kawan dasa tiga | nyatus kati sadhacine | ngajêng pangaosipun | kalih lêksa wontên ing pabrik | sanès ingkang prabeya | praptanirèng dunung | punika tan winursita | mung kinăndha wangun rêrêngganing panti | tumrap ing tanah Jawa ||

--- 1: 132 ---

4. dara gêpak pinapak lir candhi | blandar wiyar tan miyur santosa | tosan balabagan dèn ge | sinambung adu ujung | kêkahira kinêlam kêling | ingumpak mamêr[3] seta | pilare piningul | lingire pinara astha | praptèng madya binubut bundêr dinalir | ginêgêl gêlang kana ||

5. têtirahe ginănja pasagi | amaju pat pinartima muka | kadya nguni caritane | duk para surawadu | arsa godha marang Pamadi | cinoba kinèn taya | mubêng ngarsanipun | Brama lan Bathara Endra | kalihira sangêt kacuwan ing galih | puwara sami nyipta ||

--- 1: 133 ---

6. catur muka mrih bawera ngaksi | lawan pandam turunaning wulan | kang anèng pilar isthane | dene ta kang dumunung | sêsambêtan dhauping êlis | sami pratima muka | èstri lawan jalu | amubêng kadi rumêksa | lan nambrama dhatêng kang lumêbèng panti | sumèh sêmuning netya ||

7. pinardawa rêrênggan ing nginggil | pucak sinung makuthasmaraja | tumumpang tamèng isthane | punika wrêdinipun | Kangjêng Raja Wilêm pinundhi | tamèng nayakanira | kang nangkis pakewuh | pinarcayèng rèh jajahan | kang dèn andêl ing wadya kang dèn ratoni | dene aksara asma ||

--- 1: 134 ---

8. Mangkunagara ingkang umunggwing | tamèng raja iku wrêdinira | tan liya amung sumendhe | mring para andêlipun | Kangjêng Raja Nèdêrlan sami | kang anèng tanah Jawa | dene ron kang mlêngkung | kalih pang tinalèn pita | yeka tăndha kang asma wus pinarcadi | antuk bintang ing jaja ||

9. widadari ingkang ngapit-apit | kang satunggal obor kang ginawa | kalam kar kang satunggale | yeka sasmitanipun | kang tinêdha ing siyang ratri | mugi mitulungana | dhatêng prajanipun | yèn pêtêng dèn padhangêna | lamun supe sumêlang ruwêding kapti | mugi dèn èngêtêna ||

--- 1: 135 ---

10. ngandhap tamèng mukaning maharsi | sumping anggur lan mikul puspita | malèngèh katon guyune | sakiwa têngênipun | widadari kêkalih sisih | sami bêkta tabuhan | sumangsang nèng êlung | kilayu Sang Rêsi Wrêda | ngayubagya manadukara sêsanti | dhatêng sang ambêk darma ||

11. wrêdinira kang winahya lagi | Rêsi Wrêda tatale ing kina | kontap ing kasudarmane | marma samangkenipun | pinartima wau kang warni | pinrih sami uninga | dene sumping anggur | ing nguni sing acêlaka | sêgêr sumyah mirêng sabdaning sang rêsi | amikul sang puspita ||

--- 1: 136 ---

12. rinambatan para widadari | ingkang sami gêndhing sêsêndhonan | punika ing sasmitane | sintên ta kang andulu | puspa anjrah manuksmèng uwit | èstu rêna ing driya | rêsêp manahipun | sumawana yèn miyarsa | swara arum sêsêndhon anuju kapti | yakti enggar ing karsa ||

13. kanan kering jêjamang ing nginggil | pinartima têngah pariswaja | dèn apit warangganane | anyêpêng buntal landhung | sawarnining sari sinuji | angawêng cinêpêngan | dening surawadu | sami munggwing lung puspita | wingkingira sarpa wilis kang sumingit | nèng patra yun sikara ||

--- 1: 137 ---

14. kadênangan dening pêksi kalih | kang taksaka tandya pinarwasa | pinatuk lena têmahe | yeka sasmitanipun | sapa arsa sikarèng budi | sayêkti tan widada | ing samarganipun | dèn mrinani ing sêsama | beda lawan kang ayu jujur ing kapti | èstu manggih raharja ||

15. wontên malih rêrênggan ing nginggil | ujung ngajêng kanan kering mawa | gênuk tosan pêpindhane | kumbaya duk ing dangu | kang kinarya ngêdus Pamadi | anèng Endra Buwana | tinulad ing wangun | kang isi tirta nugraha | wit Sang Parta samana madêg narpati | gumanti Batharendra ||

--- 1: 138 ---

16. marmanira linuri kang warni | dadya srana sasmita manêdha | miriba ing kabêgjane | mangkana sêdyanipun | asma ingkang dumunung Paris | Mangkunagara juga | kalih tiganipun | praptane kaping sakawan | pinarsudi widadanirèng pambudi | mangun arjaning pura ||

 


§ Taun Jawi 1804, taun Walandi 1875, wulan Dhesèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Sukra (Jumungah) tri wêlas (13) Sawal Ehe sangkalaning: karya tan ngèsthi warna (AJ 1804). Tanggal Masehi: Jumat 12 November 1875. (kembali)
marmêr. (kembali)