Raja Meda, Kartaasmara, 1922, #541

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 571 ... Rêgi f 0.75

Rajameda

Anggitanipun Radèn Bèi Kartaasmara
UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR
WEDALAN BALE PUSTAKA

--- [0] ---

[2 halaman kosong]

--- [0] ---

Serie No. 571 ... Rêgi f 0.75

RADJAMEDA

ANGGITANIPUN R.B. KARTAASMARA.
Mawi gambar.
DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR WELTEVREDEN 1922

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR SERIE No. 571

Rajameda.

Nyariyosakên kawontênanipun pasamuan Grêbêg Mulud taun Dal, ing Ngayogyakarta.
Anggitanipun Radèn Bèi Kartaasmara.
Mawi gambar.
Wêdalan Bale Pustaka Wèltêvrèdhên 1922.

--- [0] ---

[…]

--- [1] ---

Rajameda

I. Wiwit Pahargyaning Dintên Rajameda, Inggih Nalika Dintên Garêbêg Mulud Taun Dal.

Wiwit tanggal kaping 5 wulan Mulud, ing alun-alun ambikak pêkên, kangge ing wanci siyang utawi ing wanci dalu. Sêsadeanipun amêpêki, prênahing bango-bango wau wontên ing alun-alun ingkang sisih kilèn kapara cêlak kalihan regoling masjid. Dene pamanggènipun sawarnining têtingalan, wontên ing alun-alun ingkang sisih wetan. Wontênipun tiyang sade têtêdhan inggih amêpêki, nanging ingkang kapetang kathah piyambak inggih punika tiyang ingkang mande sêkul wuduk saabênipun.

Dalunipun, dados ing malêm tanggal kaping 6 wiwit ungêlipun kagungan dalêm găngsa Sakatèn. Kagungan dalêm găngsa Sakatèn wau kalih rancak. Ingkang sarancak nama Kangjêng Kyai Guntursari, katabuh ing bangsal srimanganti ingkang kilèn. Ingkang sarancak nama Kangjêng Kyai Naga, katabuh wontên ing bangsal srimanganti ingkang wetan. Nanging ungêling găngsa wau:

--- 2 ---

Kêthuk, kênong, kêmpul tuwin kêndhangipun botên sami katabuh. Dene kêndhangipun kalintu ing bêdhug, punika ingkang tumut katabuh. Ing srimanganti wau mawi mirungga kajagi dening abdi dalêm prajurit kalih bandera. Sabandera abdi dalêm prajurit mantri lêbêt, manggèn ing srimanganti ingkang kilèn. Sabandera abdi dalêm prajurit katanggêl, manggèn ing srimanganti ingkang wetan. Ing wêktu punika kori kagungan dalêm regol danapratapa[1] kabikak ngantos ing antawis jam sawêlas. Kala punika sampeyan dalêm ingkang sinuhun, utusan abdi dalêm lurah panakawan badhaya, aparing pradana dhatêng abdi dalêm niyaga ingkang sami nabuh kagungan dalêm găngsa kêkalih kasêbut nginggil, kathahipun sèkêt rupiyah, kabage kalih, ingkang salawe rupiyah: kapatêdhakakên dhatêng abdi dalêm niyaga ingkang manggèn sarta nabuh kagungan dalêm găngsa Kangjêng Kyai Guntursari, ing bangsal srimanganti kilèn. Ingkang salawe rupiyah: kapatêdhakakên dhatêng abdi dalêm niyaga, ingkang manggèn sarta nabuh kagungan dalêm găngsa Kangjêng Kyai Naga, ing bangsal srimanganti wetan. Patrap anggèning matêdhakakên pradana dalêm [dalê...]

--- [0] ---

[Grafik]

SALÊBÊTING CAPURI KADHATON, nglêrêsi pasamuan grêbêg, nanging botên panuju grêbêg wulan Mulud taun Dal.

--- 3 ---

[...m] wau kasêbar kemawon, lajêng sami karêbat dening abdi dalêm niyaga. Patrap ingkang makatên wau winastanan udhik-udhik.

Nunggil ing wêktu wau, kyai pangulu sakancanipun kêtib modin barjamangah, punapadene abdi dalêm pradikan, juru kunci, pamêthakan tuwin pathok nagari sami atêtuguran wontên ing kagungan dalêm surambi.

Ungêlipun kagungan dalêm găngsa Sakatèn wau, sarêng andungkap wanci pukul tiga, kèndêl, lajêng kaangkat sarta badhe katata mungêl wontên palataraning masjid. Lampahipun mêdal ing sitinggil, kèndêl sakêdhap wontên palataran sitinggil wetan kilèn. Kagungan dalêm găngsa wau mawi katabuh malih sarambahan, panabuhipun namung kairas wontên ing palangkan kemawon, sakèndêlipun lajêng têrus kaampil tumêdhak, dumugi ing palataran masjid kagungan dalêm găngsa Sakatèn wau lajêng kapapanakên wontên ing suyasa pradăngga. Ingkang katata wontên suyasa pradăngga ingkang kidul, kagungan dalêm găngsa Sakatèn ingkang nama Kangjêng Kyai Naga. Ingkang katata wontên ing suyasa pradăngga ingkang lèr, kagungan dalêm găngsa Sakatèn ingkang nama Kangjêng Kyai Guntursari. Abdi dalêm prajurit mantri lêbêt sarta katanggêl ingkang jagi wontên ing srimanganti, inggih andhèrèkakên sarta têrus anjagi manggèn wontên ing suyasa [su...]

--- 4 ---

[...yasa] padaraksa prênah sakiwa têngêning regol masjid ingkang nglêbêt, salajêngipun dumugi nêm dintên nêm dalu. Abdi dalêm prajurit ingkang jagi ungêlipun kagungan dalêm găngsa Sakatèn wau giliran namung majêng sabandera.

--- [5] ---

II. Wiyos Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun, Mriksani Gladhi Rêsiking Prajurit Dalêm.

Ing tanggal kaping 9 jam gangsal sontên, panumplak sarta pangruktinipun wajik panunggilanipun sarating wilujêngan, katindakakên ing palataran kamagangan ingkang pojok kidul kilèn lan ing pojok kidul wetan. Ingkang manggèn ing pojok kidul kilèn damêlipun abdi dalêm wadananing para gusti kilenan. Ingkang manggèn ing pojok kidul wetan damêlipun abdi dalêm wadananing para gusti wetanan.[2] Pandamêlan wau mawi wontên sarananipun kaurmatan ing tabuhan lêsung, ingkang winastan gejog [ge...]

--- 6 ---

[...jog] utawi kothekan. Gêndhingipun nama: Setan Gêndring, ingkang sami tumandang ing damêl wau abdi dalêm panèwu mantri panèkêt ngajêng (abdi dalêm gladhag) panganggenipun cara sumewa caos.

Ing tanggal kaping 10 ing wêktu sontên panggladhi rêsikipun abdi dalêm prajurit sadaya, kagêbyagakên wontên ing alun-alun pêngkêran, inggih punika kagladhi rampak tuwin saening lumampah, tuwin kagladhi trampilipun angungêlakên sanjata, ingkang badhe kapamèrakên ing wêktu dintên grêbêg, utawi anggènipun badhe ngungêlakên sanjata kala ngurmati wiyosipun hajad dalêm parêdèn. Kala punika sampeyan dalêm ingkang sinuhun, miyos anjênêngi. Ing sadèrèngipun wanci wiyos dalêm, abdi dalêm prajurit sadaya sampun mirantos tata baris wontên sakidulipun waringin sêngkêran, mujur mangetan, kaperang dados kalih sap. Barisipun abdi dalêm prajurit ingkang sami sikêp bramastra saêsap rangkêp kalih wontên ing ngajêng, abdi dalêm ingkang sikêp biring sapanunggilanipun saêsap ugi rangkêp kalih manggèn sawingkinging abdi dalêm prajurit ingkang sikêp bramastra, nanging radi sawatawis têbih ing longkangipun kadugi sakawan mètêr. Dene tata uruting baris abdi dalêm prajurit ingkang inggil pangkatipun manggèn ing kilèn, dumugi golonganing abdi dalêm prajurit ingkang andhap [andha...]

--- 7 ---

[...p] pangkatipun manggèn baris wontên ing buntas wetan piyambak.

Andungkap jam gangsal sontên kasaru wiyos dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun, busana cara Walandi pangkat general mayor klintêni, nitih turăngga, kaayap para kangjêng pangeran putra santana dalêm ugi nitih turăngga. Para kangjêng pangeran ingkang sampun angsal pangkat militèr, sami angagêm busana militèr, wontên ingkang pangkat mayor utawi kaptin. Ingkang dèrèng angsal pangkat militèr, sami busana dhêstharan rasukan takwa nyampingan. Punapadene kaayap para abdi dalêm bupati wadana lurah bêkêl golongan panakawan, utawi pêthilan saking golongan sanèsipun, panganggenipun bêbêdan, rasukan sikêpan alit, udhêng-udhêngan, ugi sami numpak kapal. Wiyos dalêm saking regol ing kamagangan, mangilèn lajêng menggok mangidul, urut margi ing taman sari mangidul lajêng mangetan anjog ing alun-alun mêdal margi salèring gajahan. Wondene ingkang anjajari wontên ngarsa dalêm, abdi dalêm panêgar sami anumpak kagungan dalêm titihan, lajêng abdi dalêm kapalêri kêkalih anurăngga ing kering dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, ing wingking dalêm para kangjêng pangeran, lajêng ampilan dalêm songsong mingkup, ampilan dalêm wadhah sês, sarta ampilan dalêm sabêt yasan Jawi, lajêng abdi dalêm [da...]

--- 8 ---

[...lêm] pangayap ingkang kasêbut ing nginggil. Dumugi sangandhap taratag ing sitinggil, sampeyan dalêm taksih manggung titihan majêng mangidul, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, manggung titihan ing kering dalêm ugi majêng mangidul, para kangjêng pangeran tuwin abdi dalêm bupati wontên ing kilèn watawis têbih, manggung kapal sami majêng mangetan. Abdi dalêm wadana sapangandhap mêdhak saking tumpakan lajêng sumiwi wontên ing wingking dalêm. Botên dangu Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun lajêng dhawuh dhatêng kangjêng pangeran cundaka dalêm (ajidan), kakarsakakên mriksa dhatêng komêndhan ingkang sumiwi ugi manggung kuda wontên ing sakiduling waringin sêngkêran, punapa barisipun abdi dalêm prajurit sampun samêkta. Kangjêng pangeran ajidan lajêng angêrapakên turăngga mangidul, kapanggih komêndhan andhawuhakên timbalan dalêm. Kumêndhan unjuk atur, yèn barisipun abdi dalêm prajurit sadaya inggih sampun samêkta. Kangjêng pangeran ajidan nulak wangsul angêrapakên turăngga, dumugi ing ngarsa dalêm munjuk sapêrluning dinuta. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun sasampunipun tampi unjuk aturipun kangjêng pangeran ajidan, lajêng têdhak mangidul karsa amariksa barisipun abdi dalêm prajurit, kadhèrèkakên Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, sarta para kangjêng pangeran, punapadene [punapade...]

--- 9 ---

[...ne] abdi dalêm bupati, pangayap sanèsipun kantun wontên ing pasowananipun kasêbut ing nginggil. Têdhak dalêm dumugi sakidul waringin sêngkêran lajêng menggok mangetan. Abdi dalêm komêndhan andhèrèk wontên sakering dalêm, dumugi buntasing baris ingkang wetan, têdhak dalêm lajêng nêkuk mangilèn mêdal sawingkinging barisipun abdi dalêm prajurit ingkang sikêp bramastra, sangajêngipun barising abdi dalêm prajurit ingkang sikêp biring, dumugi ing buntas kilèn lajêng nêkuk mangetan, dumugi ing têngah wangsul mangalèr mêdal têngahing waringin sêngkêran, ing ngriku lajêng kaurmatan ungêling tabuhan sadaya tuwin prasêntiripun abdi dalêm prajurit ingkang sikêp bramastra, têdhak dalêm wangsul ing taratag rambat, lajêng dhawuh dhatêng kangjêng pangeran ajidan dalêm, amatêdhakakên dhawuh timbalan dalêm dhatêng abdi dalêm komêndhan, kakarsakakên anglampahakên barisipun abdi dalêm prajurit, kados adat ingkang sampun kalampahan. Kangjêng pangeran ajidan lajêng ngêrapakên turăngga mangidul kapanggih komêndhan. Sasampunipun amatêdhakakên dhawuh timbalan dalêm, lajêng nulak wangsul mangalèr, dumugi ing ngarsa dalêm munjuk sapêrluning dinuta. Sapêngkêring kangjêng pangeran ajidan, komêndhan lajêng aba dhatêng barising prajurit wiwit lumampah pacakan mubêng sapinggiring alun-alun, ingkang manganjuri lampah abdi dalêm prajurit wirabraja, lajêng [la...]

--- 10 ---

[...jêng] abdi dalêm prajurit dhaèng, lajêng abdi dalêm prajurit kawandasa, lajêng abdi dalêm prajurit jagakariya, lajêng abdi dalêm prajurit prawiratama, lajêng abdi dalêm prajurit katanggêl, lajêng abdi dalêm prajurit mantri lêbêt, lajêng abdi dalêm prajurit langênastra. Sabên lampahing baris wau dumugi ing ngarsa dalêm, sami saos prasêntir sarta angrêbahakên banderanipun. Lampahing baris sarêng sampun kêmput saubêngan lajêng sami lumampah rikatan, sarêng dumugi ngarsa dalêm malih lajêng nêkuk mangidul sami baris siyungan, prênah wontên saêlèring ringin sêngkêran mujur mangalèr ajêng-ajêngan, baris ingkang wetan katindhihan dening komêndhan, baris ingkang kilèn katindhihan dening bupati kaptin ingkang sêpuh piyambak kalênggahanipun, lajêng sami kaabanan karbinan (gladhi angungêlakên sanjata kothongan kemawon), baris wetan kilèn sami anigang rambahan. Sasampunipun rampung, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun lajêng dhawuh malih dhatêng kangjêng pangeran ajidan dalêm, kakarsakakên amatêdhakakên dhawuh dalêm dhatêng komêndhan ambibarakên baris. Sawangsuling cundaka dalêm wau, sampeyan dalêm lajêng kondur angadhaton. Tindak dalêm punapadene lampahing pangayap inggih kados nalika têdhak dalêm kasêbut ing nginggil. Sapêngkêr dalêm, komêndhan lajêng aba ambibarakên baris.

__________

--- [11] ---

III. Wiyos Dalêm Anjênêngi Maulud Nabi dhatêng ing Surambi.

Ing tanggal kaping 11 dalu (malêm garêbêg) Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun karsa miyos anjênêngi Maulud Nabi (slawatan) wontên ing kagungan dalêm surambi. Sadèrènging wiyos dalêm, Radèn Adipati Danurêja, pêpatih dalêm sakancanipun abdi dalêm bupati nayaka jawi lêbêt sakarerehanipun panèwu mantri, sami sowan ing alun-alun sakiduling waringin sêngkêran, para kangjêng pangeran pisowanipun wontên ing kagungan dalêm bangsal srimanganti. Abdi dalêm golongan panakawan sami sowan ing palataran kadhaton. Sadaya para sumewa mangangge cara manawi sumewa caos. Wondene busana dalêm: nyampingan, rasukan takwa, dhêstharan. Jam wolu dalu wiyos dalêm saking kadhaton mêdal ing kori danapratapa, kajajaran abdi dalêm golongan panakawan, ing wingking kasambêtan para kangjêng pangeran, lajêng tindak dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, lajêng tindak dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun, kadhèrèkakên abdi dalêm komêndhaning kapalêri Walandi lumampah wontên sakering dalêm kapara wingking, kiwa têngên dalêm kapara wingking, kiwa têngên dalêm kapara ngajêng: abdi

--- 12 ---

dalêm kapalêri Walandi kêkalih, sawingkingipun abdi dalêm prajurit langênastra[3] kêkalih ugi kiwa têngêning tindak dalêm. Sakiwa têngêning tindak dalêm sajawining lampahipun abdi dalêm prajurit langênastra tuwin kapalêri kêkalih kasêbut ing nginggil, lampahipun abdi dalêm prajurit kapalêri kalih wêlas sisih urut kacang angurung-urung sikêp dêdamêl sabêt. Ing wingking dalêm ampilan padintênan, kaampil abdi dalêm lurah bêkêl punakawan badhaya, sawingkinging upacara dalêm, lampahipun radèn adipati sakancanipun abdi dalêm bupati nayaka bupati anèm, panèwu mantri kasêbut ing nginggil, abdi dalêm prajurit surakarsa baris siyungan mujur mangilèn sakilèn ringin sêngkêran, ingkang kilèn kasambêtan barisipun abdi dalêm prajurit Bugis, notog pipining regol masjid ingkang jawi, palataran masjid barisipun abdi dalêm prajurit wirabraja asêsiyungan mujur ngalèr, dumugi ing suyasa pradăngga ingkang lèr tuwin ingkang kidul. Sarêng têdhak dalêm dumugi ing palataran masjid lajêng menggok mangidul amriksani [amri...]

--- 13 ---

[...ksani] ungêlipun kagungan dalêm găngsa Sakatèn ingkang kidul, sarta paring ganjaran dhatêng abdi dalêm niyaga ingkang nabuh kathahipun salawe rupiyah, paring dalêm wau kasêbar piyambak (udhik-udhik) lajêng sami karêbat dhatêng abdi dalêm niyaga. Sarampungipun mriksani ingkang kidul lajêng têdhak amriksani ungêlipun kagungan dalêm găngsa Sakatèn ingkang lèr, ugi mawi matêdhakakên ganjaran dhatêng abdi dalêm niyaga kados nalika matêdhakakên ganjaran dhatêng abdi dalêm niyaga ingkang kidul. Sarampungipun lajêng têdhak ing surambi, lênggah dalêm lesehan, apramada kasur prangwadani, kalêrês wontên têngahing sakaguruning surambi ingkang sisih kilèn majêng mangetan. Têngên dalêm kapara ngajêng pisowanipun Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, radi majêng mangalèr ngetan, sawetanipun kasambêtan pisowanipun para kangjêng pangeran mujur mangetan majêng mangalèr. Radèn Adipati Danurêja sakancanipun bupati anèm minggah, sowan sapinggiring bêbatur surambi ingkang wetan sisih kidul urut mangidul. Sawingkinging pisowanipun para kangjêng pangeran, pisowanipun abdi dalêm suranata, pêngkêran dalêm ampilan upacara, sapêngkêring upacara dalêm pisowanipun abdi dalêm golongan panakawan. Sakiwa dalêm kapara ngajêng pisowanipun abdi dalêm sayid tuwin sarip, mujur ngetan majêng ngidul. Ing ngarsa dalêm pisowanipun kiyai pangulu [pa...]

--- 14 ---

[...ngulu] sakancanipun kêtip modin barjamangah tuwin abdi dalêm pamêthakan, pradikan, juru kunci tuwin pathok nagari. Sasampunipun satata, botên antawis dangu sampeyan dalêm dhawuh dhatêng kyai pangulu kakarsakakên amurwani maos Maulud Nabi. Nalika pamaosing Maulud Nabi angsal kalih angkatan, sampeyan dalêm jêngkar saking palênggahan mêdhak lumêbêt ing masjid, kadhèrèkakên Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, tuwin para kangjêng pangeran, lajêng lênggah ing kamaring masjid ingkang kidul (pasalatan èstri), ing ngriku lumadosipun pangunjukan dalêm wedang tuwin dhêdhaharan ladosanipun kiyai pangulu, ingkang sumewa sadaya botên ewah, sarta ugi sami kapatêdhan wedang dhêdhaharan pasugatanipun kiyai pangulu. Sarampunging dhahar, sampeyan dalêm miyos lênggah malih ing surambi, katungka pamaosing Maulud dumugi sarokal, sampeyan dalêm paring urmat jumênêng, para sumewa inggih sami ngadêg sadaya. Sarampunging sarokal, sampeyan dalêm lajêng kondur angadhaton. Wondene tataning lampah botên ewah kados nalika têdhak dalêm. Dene kyai pangulu sakancanipun kadhawuhan taksih andumugèkna maos Maulud sakancanipun.

--- [15] ---

IV. Pasewakan ing Dintên Garêbêg.

Dumugi ing tanggal kaping 12, dintên grêbêg, wanci jam 5 enjing, hajad dalêm parêdèn sapanunggilanipun saking kamagangan kaampil dhatêng ing kamandhungan lèr, lampahipun mêdal ing palataran kadhaton, lajêng karantun ing kamandhungan. Ingkang nyatitèni abdi dalêm bupati wadana ngajêng sakalerehanipun.

Jam pitu enjing para abdi dalêm sampun wiwit sami sumiwi:

I. Abdi dalêm prajurit, klêmpakipun wontên ing alun-alun pêngkêran. Sasampunipun anglêmpak lajêng ngangsêk majêng sumewa wontên palataran ing kamagangan.

II. Abdi dalêm ingkang sumiwi ing palataran kadhaton: ingkang manggèn wontên salèring taratag bangsal kancana, para putra dalêm timur ingkang dèrèng kaparingan pangkat pangeran, utawi abdi dalêm wadana lurah bêkêl jajar badhaya jalêr, abdi dalêm panèwu mantri ngampil, tuwin sawarnining abdi dalêm kriya, abdi dalêm ordênas Walandi tuwin abdi dalêm Walandi sanèsipun. Ingkang sowan sangajênging taratag: abdi dalêm bupati wadana, panakawan utawi bupati sanèsipun ingkang kagolong [kago...]

--- 16 ---

[...long] kawadanan panakawan, abdi dalêm wadana lurah bêkêl jajar panakawan, ordênas, putra, minuman, miji, kaji, bagusan, palawija tuwin abdi dalêm magang. Ingkang manggèn ing palataran ingkang sisih kidul: abdi dalêm wadana lurah bêkêl jajar silir, punapadene abdi dalêm golongan rèh kawadanan kori warni-warni, abdi dalêm wadana lurah mantri jajar patehan. Ingkang sowan sakidul taratag: abdi dalêm wadana lurah bêkêl jajar panakawan kursi.

III. Ingkang sowan ing bangsal sripanganti ingkang kilèn, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, lênggah ing lampit kaprênah ing pojok kidul wetan bêbaturing pananggap, majêng mangalèr, para kangjêng pangeran ingkang pangkat adipati, sowan salèr palênggahan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, wontên ing nginggil, majêng mangidul, para kangjêng pangeran sanèsipun, sowan ing èmpèr bangsal ingkang sisih wetan mujur mangalèr. Ing èmpèr ingkang sisih lèr, pisowanipun abdi dalêm bupati nayaka lêbêt sapangilèn, sakalerehanipun bupati kaliwon panèwu mantri, sarta pisowanipun abdi dalêm bupati pamaosan ing Kilènpragi sakalerehanipun [sakalereh...]

--- 17 ---

[...anipun] panèwu, ngabèi, dêmang punapadene pisowanipun abdi dalêm bupati panèwu mantri ing kadipatèn anèm.

IV. Ingkang sowan ing bangsal kamandhungan lèr: abdi dalêm bupati wadana ngajêng sakalerehanipun panèwu mantri panèkêt.

V. Ingkang ngrumiyini sowan ing sitinggil: abdi dalêm bupati răngga ngabèi dêmang pamaosan ing Rêdi Kidul, abdi dalêm lurah bêkêl anggandhèk samantrinipun, abdi dalêm panèwu gowong margăngsa, abdi dalêm panèwu lurah niyaga, prayalata, citralata.

VI. Ingkang sowan ing bangsal pacikêran, ingkang wetan abdi dalêm lurah bêkêl jajar singa nagara, ingkang kilèn abdi dalêm lurah bêkêl jajar martalulut, ingkang sowan sajawining pacaksuji pacikêran, abdi dalêm lurah bêkêl jajar priyantaka, inggih punika abdi dalêm ingkang ngampil bawat kaprabon dalêm ingkang tinata wontên wetan kilèning pacikêran.

VII. Ingkang sowan ing pagêlaran (tratag rambat) pangagêng Radèn Adiapti Danurêja, manggèn ing sisih lèr majêng mangidul. Prênah sisihing margi, sakilènipun radèn adipati, pisowanipun abdi dalêm bupati nayaka [na...]

--- 18 ---

[...yaka] jawi sakawan, sawetanipun radèn adipati, pisowanipun abdi dalêm ingkang pangkat pangeran, nêkuk mangidul pisowanipun abdi dalêm bupati patih ing kadipatèn anèm, kasambêtan abdi dalêm bupati pulisi ing Matawisan, punapadene abdi dalêm wadana jaksa lan bupati ênèm rèh jawi têngên, ingkang sowan sakilèning margi abdi dalêm bupati ênèm rèh jawi kiwa, sapangilèn kasambêtan pisowanipun abdi dalêm panèwu mantri rèh jawi kiwa nêkuk mangidul, ingkang sowan sawingkingipun Radèn Adipati Danurêja, abdi dalêm bupati ênèm patih ing kapatihan sakancanipun riya panèwu mantri, mangetan kasambêtan pisowanipun abdi dalêm panèwu mantri jaksa, nêkuk mangidul kasambêtan pisowanipun abdi dalêm panèwu mantri rèh jawi têngên sapangidul, sawingkingipun abdi dalêm bupati ênèm jawi kiwa, pisowanipun panji dhistrik sarta mantri ondêr dhistrik bawah apdhèling Matawisan, tuwin para abdi dalêm dêmang rèh kapatihan.

VIII. Ingkang sowan ing surambi masjid, abdi dalêm kyai pangulu agêng utawi pangulu ênèm, sakancanipun abdi dalêm kêtib nèm sêpuh, barjamangah modin sapanunggalanipun anggotaning pangrèh agami, tuwin abdi dalêm [dalê...]

--- [0] ---

[Grafik]

SALÊBÊTING PANDHAPA, (Bangsal Kancana).

--- 19 ---

[...m] pradikan, juru kunci pamêthakan tuwin pathok nagari, lan para abdi dalêm sayid utawi sarip. Kyai pangulu manggèn pananggaping surambi ingkang pojok lèr kilèn majêng mangetan, sapangidul kasambêtan kancanipun ingkang kasêbut ing nginggil.

IX. Ing alun-alun barisipun wadya arahan kapanjêran bandera daludag lêlayu songsong agung panêngêraning pêrang, para bupati wadana sapanunggilanipun, punapadene pêpangkon găngsa ladosanipun bupati wadana, abdi dalêm prajurit ing kadipatèn anèm, nama prajurit surakarsa, baris sêsiyungan wontên sakilèn wringin sêngkêran mujur mangilèn, kasambêtan barisipun abdi dalêm prajurit Bugis.

Andungkap jam 8, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun sasampunipun angrasuk busana kaprabon, lajêng miyos lênggah ing kursi wontên ing èmpèr bangsal kancana ingkang wetan, kaayap abdi dalêm para gusti ing sawatawis. Wigatosipun badhe amriksani lampahipun abdi dalêm prajurit ingkang kakarsakakên tata baris wontên ing sripanganti saurutipun mangalèr, pêrlu badhe angurmati lumêbêtipun Kangjêng Tuwan Residhèn, sarta angurmati wiyos dalêm sewaka wontên ing sitinggil. Lajêng dhawuh dhatêng abdi dalêm lurah para gusti kêkalih, [kê...]

--- 20 ---

[...kalih,] kakarsakakên angirid lumêbêtipun abdi dalêm prajurit, abdi dalêm lurah para gusti kêkalih lajêng lumèngsèr mêdal dhatêng kamagangan kapanggih abdi dalêm komêndhan, andhawuhakên punapa satimbalan dalêm. Abdi dalêm komêndhan satampining dhawuh dalêm lajêng aba dhatêng kalerehanipun prajurit: lumampah mlêbêt ing kadhaton, abdi dalêm prajurit sasampunipun kaabanan lajêng sami nêmbang têngaranipun piyambak-piyambak, ingkang lumampah ing ngajêng abdi dalêm lurah para gusti kêkalih cundaka dalêm wau, ing wingking lajêng lampahipun abdi dalêm prajurit wirabraja, kairid komêndhanipun lumampah ing ngiringan cucuking baris. Lampahing lurah para gusti kêkalih andungkap dumugi ing taratag lajêng sumiwi ing ngarsa dalêm, komêndhan kèndêl sumewa angadêk wontên sapojoking tratag manguntur, para kapitaning abdi dalêm prajurit sumewa sangajênging tratag manguntur, lampahipun abdi dalêm prajurit lumêbêt ing regol kamagangan têrus mangalèr mêdal sangandhaping tratag manguntur, satêlasing lampahipun abdi dalêm prajurit, sampeyan dalêm jêngkar saking palênggahan kondur angadhaton malih, abdi dalêm komêndhan sakaptinipun lajêng marêk dhatêng ing sripanganti, kaptinipun anindhihi barising prajurit kalerehanipun piyambak-piyambak. Wondene abdi dalêm prajurit sadaya wau lajêng sami tata baris kados ing ngandhap punika:

--- 21 ---

Abdi dalêm wirabraja tata baris wontên palataraning sitinggil ingkang sisih kilèn. Abdi dalêm prajurit panyutra ingkang sikêp waos, tata baris angêbaki margi ing pamêngkang sakiduling sitinggil, sapalih manggèn ing pamêngkang wetan, sapalih manggèn ing pamêngkang kilèn. Baris ing kamandhungan ingkang manggèn sawetaning bangsal abdi dalêm prajurit katanggêl, mujur mangalèr kasambêtan barisipun abdi dalêm prajurit prawira tama, kalih jagakariya, dumugi pipining kori brajanala, dene ingkang baris manggèn sakilèning bangsal, abdi dalêm prajurit panyutra, kawan dasa tuwin abdi dalêm prajurit dhaèng, mujur mangalèr ugi notog pipining regol brajanala, abdi dalêm prajurit mantri lêbêt sarta prajurit langênastra, tata baris wontên palataran ing sripanganti ingkang sisih wetan mujur mangalèr, wiwit kori danapratapa notog ing kori sripanganti.

Ing pukul 9 sampeyan dalêm têksih pinarak ing prabasuyasa, lajêng dhawuh dhatêng abdi dalêm lurah para gusti kêkalih kakarsakakên andhawuhi dhatêng abdi dalêm nayaka lurah lêbêt ingkang sowan ing bangsal sripanganti, supados aminta bupati kaliwonipun kêkalih sakancanipun panèwu mantri, kautus mêthuk Kangjêng Tuwan Residhèn lumêbêt ing kadhaton. Abdi dalêm nayaka lurah lêbêt satampining dhawuh timbalan dalêm,

--- 22 ---

lajêng aminta rèhipun bupati kaliwon kaparak kiwa têngên, sakancanipun panèwu mantri mêthuk Kangjêng Tuwan Residhèn.

Mangsuli cariyos: kala sampeyan dalêm mêntas dhawuh dhatêng lurah para gusti wau, lajêng miyos sangking prabasuyasa sinewaka ing bangsal kancana, lênggah dalêm wontên sangandhap singub kalêrês sipating sakaguru ingkang kilèn, majêng mangetan, ingayap abdi dalêm para gusti utawi badhaya manggung ingkang sami ngampil upacara dalêm. Abdi dalêm kaliwon cundaka dalêm ingkang kakarsakakên mêthuk lumêbêtipun Kangjêng Tuwan Residhèn, lampahipun mêdal ing sitinggil tumêdhak ing pagêlaran, dumugi salèring bakung,[4] abdi dalêm kaliwon kêkalih wau lajêng numpak rata paringan. Panèwu mantrinipun sami lumampah jèjèr sakawan wontên sangajênging rata, samêdhakipun abdi dalêm bupati kaliwon cundaka dalêm wau lajêng katungka tumêdhakipun abdi dalêm prajurit wirabraja, saking sitinggil lajêng baris wontên ing alun-alun manggèn sakiduling waringin sêngkêran asiyungan mujur mangalèr, pêrlu badhe saos urmat lumêbêtipun Kangjêng Tuwan Residhèn. Punapadene abdi dalêm prajurit wirabraja wau mawi ngampil pusaka dalêm bandera, nama Kangjêng Kyai Pareanom, kaangge [kaang...]

--- 23 ---

[...ge] lêlintu banderanipun patuh ingkang satunggal, ingkang satunggal taksih ngangge banderanipun piyambak. Dados banderanipun abdi dalêm prajurit wirabraja punika kalih, botên kados banderaning prajurit sanèsipun, sagolongan namung satunggal. Dene warninipun pusaka dalêm bandera Kangjêng Kyai Pareanom wau, dhasar sutra ijêm, ing têngah mawi sastra Arab, ingkang kadamêl sutra jêne, ing pinggir kapalipit ing bênang mas.

Satumêdhakipun abdi dalêm prajurit wirabraja, katungka tumêdhakipun abdi dalêm lurah anggandhèk kêkalih, saking sitinggil dhatêng ing pagêlaran. Angêmban dhawuh timbalan dalêm dhumatêng Radèn Adipati Danurêja, dhawuh timbalan dalêm: ing mangke ungêlipun sanjata ingkang sami angurmati wiyosipun hajad dalêm parêdèn, kadamêla abêbrondongan[5] kados adat ingkang sampun kalampahan. Sawangsulipun minggah dhatêng sitigil[6] abdi dalêm lurah anggandhèk kêkalih wau, lajêng tumêdhakipun abdi dalêm panèwu lurah niyaga kêkalih, saking sitinggil dhatêng pagêlaran. Ugi ngêmban dhawuh timbalan dalêm dhumatêng Radèn Adipari Danurêja, dhawuh timbalan dalêm: ing mangke samungêlipun kagungan dalêm găngsa munggang, sadaya găngsa

--- 24 ---

ingkang wontên ing alun-alun ladosanipun para bupati wadana, sami kakarsakakên kèndêl. Dene ungêlipun malih sakèndêlipun ungêlipun kagungan dalêm găngsa munggang, kados adat ingkang sampun kalampahan.

Kacariyos ing dalêm karesidhenan, Kangjêng Tuwan Residhèn ing wanci pukul sanga sampun angrasuk busana, sarta amanggihi klêmpakipun ingkang sami kasêdhahan mahargya ing dintên grêbêg, inggih punika Kangjêng Tuwan Militèr Komêndhan ing bètèng, saupsiripun. Kangjêng Pangeran Adipati Pakualam, saputra santananipun ingkang sami pangkat pangeran. Pangagênging băngsa Cina, pangagênging băngsa Arab. Punapadene para tuwan-tuwan asistèn residhèn ing paresidhenan Ngayogyakarta, sarta tuwan-tuwan lanhir, katungka dhatêngipun abdi dalêm bupati kaliwon kêkalih cundaka dalêm sakancanipun panèwu mantri, cundaka dalêm wau tumêdhakipun saking tumpakan kareta wontên sangajêng dalêm ing karesidhenan. Panèwu mantri pandhèrèking utusan dalêm wau sami angadêg wontên palataran sangajêng dalêm. Bupati kaliwon cundaka dalêm lajêng têrus lumêbêt ing dalêm kapêthukakên Kangjêng Tuwan Residhèn sami jumênêng kemawon. Cundaka dalêm lajêng andhawuhakên timbalan dalêm makatên: Kangjêng Tuwan Residhèn, kula kautus ing sampeyan dalêm [da...]

--- 25 ---

[...lêm] Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, ingkang rumiyin amaringakên tabe. Kangjêng Tuwan Residhèn aparing dhawuh wangsulan: trima kasih. Cundaka matur malih: ingkang kaping kalih: Kangjêng Tuwan Residhèn katimbalan lumêbêt ing kadhaton. Kangjêng Tuwan Residhèn amangsuli: baik. Cundaka dalêm lajêng pamit mundur, dumugi ing jawi têrus numpak kareta dipun jajari pandhèrèkipun panèwu mantri kaparak kasêbut ing nginggil. Sapêngkêring cundaka dalêm, Kangjêng Tuwan Residhèn lan para tamu kasêbut ing nginggil lajêng sami bidhal saking dalêm karesidhenan, anitih rata pêthukan, kadhèrèkakên sadaya tamu wau ugi sami wahana rata, titihanipun Kangjêng Tuwan Residhèn dipun jajari kapalêri numpak kapal, ingkang wontên ing ngajêng sakawan, ingkang wontên ing wingking kalih wêlas. Cundaka dalêm bupati kaliwon kêkalih, angêntosi wontên ing tarub agung[7] lampahing kareta titihanipun Kangjêng Tuwan Residhèn nêrus ing alun-alun mêdal satêngahing waringin sêngkêran, mangidul lumêbêt ing taratag pagêlaran kèndêl sangajêng pacikêran tumêdhak lajêng minggah ing sitinggil. Para tamu sadaya ugi tumêdhak wontên sangajêng pacikêran. Tindakipun Kangjêng Tuwan Residhèn kairid cundaka dalêm bupati kaliwon kêkalih, [kêka...]

--- 26 ---

[...lih,] sadaya barising prajurit sami saos urmat prèsèntir sarta anêmbang têngaranipun sowang-sowang, dumugi palataran ing sripanganti kapêthuk dening Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, sarta para kangjêng pangeran, sasampunipun sami atêtabean, Kangjêng Tuwan Residhèn lajêng kanthèn asta kalihan Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, lumêbêt ing kadhaton, cundaka dalêm wau ugi taksih ngirid tindakipun Kangjêng Tuwan Residhèn, kèndêl ing palataran sangajênging taratag manguntur,[8] lumêbêtipun Kangjêng Tuwan Residhèn wau dumugi salêbêting kori danapratapa, kaurmatan ungêlipun kagungan dalêm găngsa ingkang kaungêlakên wontên ing sana pradăngga kalih panggenan, dumugi sangajênging èmpèr bangsal kancana apêpisahan asta kalihan Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, lajêng jawatan asta kalihan sampeyan dalêm ingkang sinuhun, ingkang paring urmat jumênêng sapinggiring bêbatur pananggap, tuwin jawatan asta kalihan tuwan militèr komêndhan, asêsalaman kalihan Kangjêng Pangeran Adipati Pakualam, tuwin tabean kalihan tuwan-tuwan sanèsipun ingkang sami pangkat agêng. Sasampunipun Kangjêng Tuwan Residhèn lajêng kanthèn asta kalihan sampeyan dalêm kaampil lênggah ing kursi ingkang kinarakap [kinaraka...]

--- 27 ---

[...p] ing satin jêne, kaprênah wontên sakiwaning dhampar palênggahan dalêm. Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm sumewa wontên sakiwanipun Kangjêng Tuwan Residhèn, kapara ngajêng sarta megos majêng ngalèr ngetan, ugi wontên ing kursi. Para kangjêng pangeran ingkang sami pangkat adipati sumewa wontên ing ngandhap sawetaning palênggahan dalêm, nanging ingkang prênah sêpuh kalihan sampeyan dalêm ingkang sinuhun, sumewa wontên ing kursi larikan ingkang kidul majêng mangalèr. Para kangjêng pangeran sanèsipun sumewa wontên ing èmpèr bangsal ingkang wetan kapara mangidul mujur mangidul. Ing kiwa dalêm tuwan militèr komêndhan wontên ing kursi majêng mangidul, kasambêtan Kangjêng Pangeran Adipati Pakualam mujur mangetan, lajêng para tuwan asistèn residhèn tuwin para tuwan ingkang sami inggil pangkatipun. Larikan ingkang wingking para tuwan-tuwan sanèsipun.

Sasampunipun lênggah satata sarta wawan sabda pangargya ing sawatawis, sampeyan dalêm lajêng anolih ing pêngkêran, paring dhawuh sasmita dhatêng abdi dalêm wadananing para gusti, andikakakên lumêbêt ing kadhaton, paring priksa dhumatêng garwa dalêm sampeyan dalêm kangjêng ratu, manawi sampeyan dalêm karsa angadhaton nganthi Kangjêng Tuwan Residhèn sapanunggilanipun. Sasampunipun abdi dalêm wadana para gusti munjuk dhumatêng garwa dalêm [da...]

--- 28 ---

[...lêm] kangjêng ratu, sampeyan dalêm lajêng jêngkar saking palênggahan akanthèn asta kalih Kangjêng Tuwan Residhèn angadhaton, kadhèrèkakên tuwan militèr komêndhan sarta para tuwan asistèn residhèn, lajêng atêtabean kalihan garwa dalêm kangjêng ratu tuwin para putri lan sadhèrèk dalêm, mawi lênggah satata sawatawis wontên ing têpining bêbatur prabasuyasa. Botên dangu sampeyan dalêm jêngkar saking prabasuyasa, wangsul sewaka wontên ing bangsal kancana malih. Botên dangu para sumewa ing palataran kadhaton lajêng bidhal mêdal ing kori danapratapa badhe anjajari wiyos dalêm sinewa ing sitinggil. Punapadene sadaya ingkang sumewa ing bangsal sripanganti ugi bidhal angrumiyini sumewa wontên ing sitinggil. Wondene urut lampahing jajaran ingkang lumampah rumiyin piyambak abdi dalêm magang, lajêng abdi dalêm jajar, lajêng abdi dalêm bêkêl nèm sarta bêkêl sêpuh, lajêng abdi dalêm para lurah, tuwin para wadana, lajêng bupati tuwin bupati wadana agêng punakawan. Lajêng ampilan karungan titihan 3, lajêng para kangjêng pangeran, lajêng tindak dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, kanthèn asta kalihan tuwan asistèn residhèn ing apdhèling Matawis, kajajaran prajurit samapratama sakawan lurah satunggal, ing wingking abdi dalêm manggung priya angampil kunca, lajêng

--- [0] ---

[Grafik]

REGOL DANAPRATAPA. Têdhak dalêm ingkang sinuhun badhe sinewaka wontên ing sitinggil.

--- 29 ---

abdi dalêm bagusan tuwin palawija, lajêng titihan dalêm tandhu lawak, lajêng abdi dalêm prajurit samaatmaja: lurah kêkalih, jajaripun wolu, lumampah dados kalih sap, lajêng ampilan dalêm pusaka waos têtiga, satunggal nama Kangjêng Kyai Plèrèd, kalih nama Kangjêng Kyai Baru, tiga nama Kangjêng Kyai Gadawadana, kaampil abdi dalêm bupati ênèm rèh lêbêt. Waos satunggal kaampil bupati kêkalih. Lajêng upacara dalêm ingkang kaampil abdi dalêm manggung[9] kathahipun sadasa, lumampah jèjèr gangsal dados kalih sap, lajêng têdhak dalêm akanthèn asta kalihan Kangjêng Tuwan Residhèn, kaapit abdi dalêm prajurit langênastra kêkalih, sangajênging prajurit langênastra abdi dalêm prajurit kapalêri kêkalih, sami amandhi sabêt, wingking dalêm abdi dalêm manggung kêkalih, satunggal angampil kunca,[10] satunggal angampil pakêcohan. Tuwin abdi dalêm wadana [wada...]

--- 30 ---

[...na] lurah bêkêl jajar para gusti ingkang ngampil upacara saliyanipun ingkang sampun kaampil abdi dalêm manggung, wingking pisan upacara dalêm dêdamêl sasaminipun, kaampil dening mantri panèwu ampil. Sawingkingipun para abdi dalêm kriya sami angodhe kemawon. Sawingkinging pangayap dalêm ingkang kasêbut ing nginggil, lajêng tindakipun tuwan militèr komêndhan, Kangjêng Pangeran Adipati Pakualam, sarta para tuwan-tuwan tamu sanèsipun. Têdhak dalêm samargi-margi tansah kaurmatan prasêntiripun abdi dalêm prajurit sarta ungêlipun tabuhan panêngêraning pêrang.

Botên dangu têdhak dalêm dumugi ing pasewakan ing manguntur,[11] lênggah sinewa pratistha ing dhampar kancana sanginggiling gilang,[12] ingkang kinarakap ing babut sinawur sari, majêng mangalèr, kiwa dalêm Kangjêng Tuwan Residhèn, lênggah ing kursi kinarakap ing satin jêne, ugi wontên sanginggiling gilang, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, sumewa sangandhanping[13] taratag sitinggil. Kalêrês pojok lèr wetan saking manguntur kapara mangalèr sakêdhik, lênggah ing kursi ugi wontên sanginggiling gilang kados ingkang kasêbut ing nginggil, majêng mangilèn. Kalêrês salèring palênggahan dalêm [da...]

--- 31 ---

[...lêm] Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, pisowanipun para kangjêng pangeran putra santana dalêm, ingkang sami pangkat adipati wontên ing kursi, sanèsipun sami wontên ing siti kemawon. Ingkang sowan manggèn ing kilèn, tuwan militèr komêndhan ing bètèng, lênggah ing kursi kalêrês pojoking manguntur majêng mangetan, salèripun kasambêtan Kangjêng Pangeran Adipati Pakualam, tuwin para tuwan ingkang sami pangkat agêng, sawingkingipun para tuwan-tuwan sanèsipun sami pratistha ing kursi, ingkang sumewa ing ngarsa dalêm kapara têbih: abdi dalêm bupati nayaka lêbêt sakawan, saêrèhipun abdi dalêm bupati kaliwon bupati anèm tuwin panèwu mantri rèhipun nayaka sakawan wau, ing ngajêngan ingkang sisih wetan pisowanipun abdi dalêm golongan panakawan, nêkuk mangidul kasambêtan upacara tuwin abdi dalêm ing kadipatèn anèm. Kalêrês pojoking manguntur ingkang lèr kilèn utawi lèr wetan. Pisowanipun abdi dalêm prajurit langênastra utawi abdi dalêm kapalêri nyatunggal sisih sami angadêg sarta mandhi sabêt. Sawetan tuwin sakilèning palênggahan dalêm lêrês, pisowanipun prajurit samaatmaja, ing bangsal sisih, kalêbêt lurahipun satunggal, angiwakakên tamèng amandhi sabêt, nanging sami sila, sakiwa têngêning bangsal witana lêrês, [lêrê...]

--- 32 ---

[...s,] pisowanipun abdi dalêm prajurit panyutra kalih bandera, ingkang wetan panyutra têngên, ingkang kilèn panyutra[14] kiwa, mirantos sadêdamêlipun jêmparing, towok tamèng, waos, sanjata, pêngkêran dalêm lêrês upacara dalêm ingkang kaampil ing abdi dalêm manggung, sawingkingipun, upacara dalêm ingkang kaampil abdi dalêm para gusti, sawingkingipun malih kalêrês wontên sanginggiling bêbatur ing bangsal witana, ampilan dalêm waos pusaka kasêbut ing nginggil. Sawingkingipun pusaka wau ampilan dalêm kapraboning pêrang, sawingkingipun malih kalêrês wontên ing pananggaping bangsal witana, sawarnining abdi dalêm kriya, abdi dalêm lurah bêkêl mantri anggandhèk sowan sajawining taratag kalêrês pojok lèr kilèn. Abdi dalêm golongan pamaosan ing Rêdi Kidul utawi Kilèn Pragi, sowan sakilèning abdi dalêm gêdhong kaparak. Abdi dalêm lurah niyaga kêkalih, sowan sapinggiring taratag ingkang wetan lêrês ing palênggahan dalêm. Sasampunipun ingkang sumewa sami satata, sampeyan dalêm lajêng dhawuh akalihan sasmita saking kumlawening asta dalêm ingkang têngên, katampèn abdi [a...]

--- 33 ---

[...bdi] dalêm lurah niyaga ingkang sumewa sapinggiring tratag wau, suraosing dhawuh sasmita dalêm: kakarsakakên anatap kagungan dalêm găngsa munggang. Sasampuning kagungan dalêm găngsa munggang kaungêlakên, sampeyan dalêm lajêng dhawuh kalayan sasmita malih sarana kumlawening asta dalêm ingkang kiwa, katampèn abdi dalêm komêndhaning prajurit, ingkang sumewa klayan ngadêg wontên sapojoking bangsal manguntur ingkang kidul kilèn. Suraosing dhawuh sasmita dalêm: kakarsakakên ambidhalakên prajurit ingkang sami baris ing kamandhungan utawi ing srimanganti, kakarsakakên tata baris wontên ing alun-alun. Abdi dalêm komêndhan mundur saking ngarsa dalêm lajêng aba dhatêng prajurit lumampah minggah ing sitinggil mêdhak baris ing alun-alun. Ing ngriku sadaya abdi dalêm prajurit lajêng bidhal kalayan tata rindhik lampahipun, ingkang manganjuri lampah abdi dalêm prajurit dhaèng, lampahipun saking kori rêntêng ingkang kilèn minggah ing sitinggil têrus mangalèr mêdal sapinggiring taratag, lajêng nêkuk mangetan urut pinggir taratag, lajêng menggok mangalèr tumêdhak saking sitinggil, anêrus ing pagêlaran, dumugi ing alun-alun lajêng anyambêti barisipun abdi dalêm prajurit wirabraja kasêbut ing ngajêng, manggèn sisih wetan mujur mangidul. Sawingkingipun prajurit dhaèng kasambêtan lampahipun abdi dalêm [da...]

--- 34 ---

[...lêm] prajurit kawandasa, dumugi ing alun-alun anyambêti barisipun abdi dalêm prajurit wirabraja ingkang manggèn ing sisih kilèn, lajêng kasambêtan lampahipun abdi dalêm prajurit jagakariya, dumugi ngalun-alun anyambêti barisipun abdi dalêm prajurit dhaèng, manggèn ing sisih wetan, lajêng kasambêtan lampahipun abdi dalêm prajurit prawiratama, dumugi ngalun-alun anyambêti barisipun abdi dalêm prajurit kawandasa manggèn ing sisih kilèn, lajêng kasambêtan lampahipun abdi dalêm prajurit katanggêl, sarta ngampil pusaka dalêm bandera nama Kangjêng Kyai Bêrkat. Warninipun: dhasar sutra ijêm ing têngah sutra cêmêng, kapalipit ing bênang mas, sarta kinubêng ing sastra Arab kadamêl saking bênang mas, kalih angampil pusaka dalêm bandera nama Kangjêng Kyai Tunggulwulung, namung dipun gulung kemawon, waosipun bandera wau ugi pusaka dalêm, nama Kangjêng Kyai Dhudha, dene warninipun pusaka dalêm bandera Kangjêng Kyai Tunggulwulung wau dhasar sutra cêmêng, mawi sastra Arab saking ayat Kuran, kadamêl saking bênang mas, punapadene angampil pusaka dalêm wêdhung, nama Kangjêng Kyai Pangarab-arab, kawadhahan ing kandhaga, kaêmban ing cindhe. Abdi dalêm prajurit katanggêl wau lajêng manggèn ing alun-alun ingkang kilèn nyambêti barisipun abdi dalêm prajurit prawiratama, lajêng kasambêtan lampahipun [lampahi...]

--- 35 ---

[...pun] abdi dalêm prajurit mantri lêbêt, sarta ngampil pusaka dalêm bêndhe têtiga, satunggal nama Kangjêng Kyai Tundhungmungsuh, kalih nama Kangjêng Kyai Bicak, tiga nama Kangjêng Kyai Udanarum, sami kaêmban ing cindhe dipun songsongsi songsong jêne atal, dumugi ing alun-alun lajêng baris manggèn ing sisih wetan anyambêti barisipun abdi dalêm prajurit jagakariya, lajêng kasambêtan lampahipun abdi dalêm prajurit langênastra, lumampah tayungan sarta manggul waos, katabuhan ing găngsa kagungan dalêm nama Kangjêng Kyai Guntursari.[15] Găngsa wau mawi katunggilan pusaka dalêm warni kêndhang alit, nama Kangjêng Kyai Mèyèk, kaampil wontên ing palangkang, kaulêsan cindhe sarta dipun songsongi.

Satêlasing lampahipun abdi dalêm prajurit kasêbut ing nginggil, sampeyan dalêm lajêng dhawuh klayan sasmita malih, katampèn abdi dalêm lurah niyaga, suraosing dhawuh sasmita dalêm kakarsakakên angèndêlakên ungêlipun kagungan dalêm găngsa munggang, sakèndêling ungêlipun kagungan dalêm găngsa munggang, sampeyan dalêm lajêng dhawuh klayan sasmita malih ugi katampèn abdi dalêm lurah niyaga, suraosing dhawuh sasmita dalêm kakarsakakên anatap kagungan dalêm găngsa kodhokngorèk. [ko...]

--- 36 ---

[...dhokngorèk.] Saungêlipun kagungan dalêm găngsa kodhokngorèk, sampeyan dalêm dhawuh sasmita malih, katampèn abdi dalêm bupati nayaka gêdhong kiwa têngên. Suraosing dhawuh sasmita dalêm: kakarsakakên angangkat hajad dalêm parêdèn kaampil dhatêng ing masjid agêng, hajad dalêm wau saking ing kamandhungan lajêng kaampil minggah ing sitinggil têrus tumêdhak mêdal ing pagêlaran, kairid dening abdi dalêm bupati kaliwon gêdhong kêkalih sakancanipun abdi dalêm panèwu lurah bêkêl jajar kabayan, punapadene abdi dalêm bupati panèwu mantri ngajêng. Lampahing hajad dalêm parêdèn dumugi ing alun-alun lajêng kaurmatan ungêling sanjatanipun abdi dalêm prajurit sadaya abêbrondongan, baris wetan kilèn sami anigang rambahan, kasauran urmat ungêling mariyêm ing bètèng kaping gangsal wêlas rambahan. Satêlasing lampahipun ingkang sami ngampil hajad dalêm wau, lajêng kasambêtan lampahipun abdi dalêm: citralata kalihan prayalata, atêtayungan katabuhan ing găngsa kagungan dalêm ingkang nama Kangjêng Kyai Naga,[16] kèndêling tayungan wontên sapinggiring taratag pagêlaran lajêng têrus lumampah dhatêng ing masjid agêng. Abdi dalêm: citralata prayalata,

--- [0] ---

[Grafik]

SITINGGIL.

--- 37 ---

mangangge clana pêthak, kampuh jingga, kuluk pêthak, borehan, anggèning tayungan jogèd lêlucon kados badhud. Kawartos wontêning abdi dalêm kêkalih wau kaangge tawur ingkang nyanggi wêwêlaking nagari, punapadene abdi dalêm kêkalih wau kaparingan kuwasa ingkang wênang angrèh abdi dalêm talèdhèk, utawi wênang amupu pajêg saking tiyang ingkang sami dados talèdhèk. Samêdhakipun abdi dalêm prayalata citralata, sampeyan dalêm lajêng paring dhawuh sasmita malih katampèn abdi dalêm prajurit panyutra ingkang sowan sakiwa têngêning bangsal witana, suraosing dhawuh sasmita dalêm abdi dalêm prajurit panyutra kiwa têngên wau kakarsakakên bidhal tumêdhak dhatêng ing alun-alun, badhe anjajari wiyos dalêm dhatêng ing masjid agêng, abdi dalêm prajurit panyutra ugi lajêng tumêdhak dhatêng ing alun-alun. Sawingkingipun abdi dalêm panyutra lajêng tumêdhakipun kagungan dalêm găngsa nama Kangjêng Kyai Surak. Lajêng abdi dalêm lurah anggandhèk kêkalih majêng sumiwi ing ngarsa dalêm, tampi dhawuh sasmita dalêm kakarsakakên amatêdhakakên dhawuh timbalan dalêm dhatêng Radèn Adipati Danurêja, dhawuh timbalan dalêm: Radèn Adipati Danurêja sakancanipun bupati riya panèwu mantri kakarsakakên andhèrèk anjajari wiyos dalêm dhatêng ing masjid agêng.

Sapêngkêring abdi dalêm lurah anggandhèk kêkalih, katungka lumadosipun [lu...]

--- 38 ---

[...madosipun] pangunjukan dalêm madherah, ingkang sami kapatêdhan para kangjêng pangeran utawi para tuwan tamu sadaya, sampeyan dalêm lajêng angunjuk minăngka pahargyan, kalairakên saking panidhikaranipun Kangjêng Tuwan Residhèn, sêsanti ingkang sapisan: wilujêngipun dintên grêbêg, kaping kalih: wilujêngipun Kangjêng Tuwan Gupêrnur General, ingkang kaping tiga: wilujêngipun sampeyan dalêm ingkang sinuhun. Tumuntên gêntos Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun aparing sabda pangastawa wilujêngipun Kangjêng Tuwan Residhèn, tumuntên gantos Kangjêng Tuwan Residhèn asêsanti wilujêngipun Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm. Kapetang ngunjuk kawilujêngan kaping gangsal, sabên bakda ngunjuk kaurmatan ungêlipun kagungan dalêm musik.

__________

--- [39] ---

V. Têdhak Dalêm Dhumatêng Masjid Kêmbul Bojana.

Sasampunipun rampung ngunjuk kawilujêngan, lajêng bidhalipun para abdi dalêm ingkang sumiwi ing sitinggil, tumêdhak dhatêng ing alun-alun badhe anjajari têdhak dalêm dhatêng ing masjid, uruting lampah ingkang manganjuri titihan dalêm matêngga, mawi kapaesan sarta kinarakap ing sangkêlat abrit dipun tumpaki abdi dalêm srati, utawi kadhèrèkakên abdi dalêm wadana srati sakalerehanipun, kasambêtan lampahipun abdi dalêm prajurit wirabraja, lajêng abdi dalêm prajurit dhaèng, lajêng abdi dalêm prajurit kawandasa, lajêng abdi dalêm prajurit jagakariya, lajêng abdi dalêm prajurit prawiratama, lajêng abdi dalêm prajurit panyutra kiwa têngên, lampahipun sisihan, lajêng kasambêtan kagungan dalêm găngsa Kangjêng Kyai Surak, kasambêtan lampahipun abdi dalêm mantri panèwu riya bupati golongan jawi katindhihan abdi dalêm bupati nayaka jawi sakawan, lajêng bawat kaprabon dalêm, lajêng ampilan karungan titihan dalêm turăngga tiga iji, kadhèrèkakên abdi dalêm gamêl tuwin sumatali sapanunggilanipun, lajêng titihan dalêm rata kancana pangirid kuda wolu, ing ngajêng piyambak mawi plahèr satunggal, lajêng abdi dalêm prajurit kapalêri sami wahana kuda kathahipun kalih wêlas, lajêng abdi

--- 40 ---

dalêm golongan panakawan ing kadhaton, tuwin sawarnining abdi dalêm magang, lajêng kagungan dalêm musik katêmbang urut margi, lajêng abdi dalêm Walandi ordhonas sapanunggilanipun, lajêng para kangjêng pangeran putra santana dalêm, lajêng Radèn Adipati Danurêja sisihan kalihan Kangjêng Pangeran Adipati Ngabèi, lajêng tindak dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, akanthèn asta kalihan tuwan asistèn apdhèling Mataram, kajajaran abdi dalêm prajurit samapratama sakawan lurah satunggal, lajêng lampahipun abdi dalêm bagusan tuwin palawija. Abdi dalêm warni kalih punika tiyang ingkang sami darbe cacad anggotanipun, kados ta dêngkling, ceko sapanunggilanipun, utawi ingkang awon warninipun, lajêng titihan dalêm tandhu lawak, karêmbat abdi dalêm panandhon, lajêng abdi dalêm Walandi panylomprèt kêkalih, lajêng abdi dalêm prajurit samaatmaja, lajêng kagungan dalêm waos têtiga, tuwin pusaka dalêm cakathakan nama Kangjêng Kyai Jathayu, karêmbat ing palăngka, punapadene pusaka dalêm warni cumêthi nama Kangjêng Kyai Pamuk, kaampil dening abdi dalêm lurah sumatali, lajêng upacara dalêm ingkang kaampil abdi dalêm manggung, lajêng têdhak dalêm sampeyan dalêm akanthèn asta kalihan Kangjêng Tuwan Residhèn, kaapit abdi dalêm prajurit langênastra kêkalih, abdi dalêm kapalêri

--- [0] ---

[Grafik]

TÊDHAK DALÊM DHATÊNG MASJID, nitih rata.

--- 41 ---

kêkalih, sarwi mandhi sabêt ligan, kaayap abdi dalêm para gusti ingkang ngampil upacara sawingkingipun upacara kapraboning pêrang, sarta kaurung-urung abdi dalêm prajurit kapalêri kalih wêlas sisih, sajawining abdi dalêm prajurit kapalêri lampahipun abdi dalêm bupati nayaka kaparak kiwa têngên sarèhipun bupati panèwu mantri. Sawingkinging upacara dalêm tuwan militèr komêndhan sarta Kangjêng Pangeran Adipati Pakualam sasantananipun tuwin para tuwan sanès-sanèsipun, lajêng lampahipun abdi dalêm prajurit mantri lêbêt, asisihan kalihan lampahipun abdi dalêm prajurit katanggêl, têdhak dalêm wau nêrus mangalèr, dumugi sakiduling wringin sêngkêran nêkuk mangilèn salêrêsing kori masjid, sarêng têdhak dalêm dumugi èmpèring surambi, lajêng apêpisahan asta kalihan Kangjêng Tuwan Residhèn, mêdal saking surambi lajêng lênggah dhahar wontên suyasa bojana prênah salèr wetaning surambi, sampeyan dalêm lajêng satata lênggah lesehan, wontêng têngah lêrêsing saka guru ingkang kidul majêng mangalèr, pêngkêran dalêm upacara ingkang kaampil abdi dalêm para gusti tuwin upacara kapraboning pêrang, upacara ingkang kaampil abdi dalêm manggung manggèn sakiwaning palênggahan dalêm kapara wingking, têngên dalêm kapara ngajêng lênggah dalêm sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, majêng mangilèn, urut mangalèr pisowanipun [pisowa...]

--- 42 ---

[...nipun] para kangjêng pangeran, Radèn Adipati Danurêja sakancanipun abdi dalêm bupati nayaka sakalerehanipun, sowan salèring palênggahan dalêm sipat saka guruning surambi ingkang lèr, sakilènipun Radèn Adipati Danurêja pisowanipun kyai pangulu sakancanipun, pusaka dalêm waos têtiga manggèn amêpêti kontêning masjid ingkang têngah, titihan dalêm tandhu lawak manggèn wontên pojok pananggaping surambi ingkang kidul wetan, pusaka dalêm cakathakan utawi cumêthi manggèn sawingkinging pisowanipun para kangjêng pangeran, abdi dalêm panakawan ing surambi ingkang sisih kidul, abdi dalêm prajurit samaatmaja sowan ing pêngkêran dalêm ngapit undhak-undhakaning surambi. Wondene barisipun abdi dalêm prajurit wirabraja amipi sajawining regol masjid asêsiyungan mujur mangetan, abdi dalêm kapalêri ingkang nurăngga baris anyambêti barisipun abdi dalêm prajurit wirabraja, siyung ingkang kidul, abdi dalêm prajurit panyutra baris sêsiyungan wontên sawetaning kori surambi mujur mangetan, panyutra têngên wontên kidul, panyutra kiwa wontên lèr, ingkang kidul mujur mangetan barisipun abdi dalêm prajurit mantri lêbêt tuwin abdi dalêm prajurit langênastra dumugi pipining regol masjid ingkang nglêbêt, ingkang lèr mujur mangetan kasambêtan barisipun abdi dalêm prajurit katanggêl, ugi notog [noto...]

--- 43 ---

[...g] pipining regol mêsjid ingkang nglêbêt, abdi dalêm prajurit dhaèng baris mujur mangalèr salèring regol masjid dumugi suyasa pradăngga ingkang lèr, ajêng-ajêngan kalihan barisipun abdi dalêm prajurit prawiratama, abdi dalêm prajurit kawandasa baris sakiduling regol masjid dumugi ing suyasa pradăngga ingkang kidul, ajêng-ajêngan kalihan barisipun abdi dalêm prajurit jagakariya.

Sasampunipun satata sagunging para sumewa, Radèn Adipati Danurêja akalihan kyai pangulu sami katimbalan majêng sawatawis cêlak kalihan palênggahan dalêm. Kyai pangulu lajêng tampi dhawuh timbalan dalêm makatên: pangulu sira andonganana hajat ingsun. Supaya dawane yuswaningsun, lulusa kapraboningsun, lan arja kartane nagaraningsun. Sarampunging dhawuh timbalan dalêm, kyai pangulu munjuk sandika, lajêng sami mundur malih. Sarampunging panatanipun dhahar dalêm sadaya, kyai pangulu lajêng majêng sarta ngadêg wontên sangajênging kori masjid andonga karaton, kasauran aminipun para sumewa ambata rêbah, tuwin kaurmatan ungêling sanjatanipun sakathahing abdi dalêm prajurit ingkang sami baris salêbêting palataran masjid sarambahan. Sarampunging pandonganipun kyai pangulu sampeyan dalêm lajêng angasta kêdhukan liwêt ing kêndhil alit lajêng kakêpêlan ing asta dalêm piyambak, sêkul kêpêlan [kêpêla...]

--- 44 ---

[...n] tapak asta dalêm wau lajêng kapatêdhakakên dhumatêng putra dalêm sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anèm, tuwin dhumatêng para kangjêng pangeran utawi Kangjêng Radèn Adipati Danurêja sakancanipun abdi dalêm nayaka wêwolu, sami angsal nyakêpêl. Sarampungipun amatêdhakakên tapak asta dalêm kêpêlan, sampeyan dalêm lajêng wiwit dhahar kêmbul kalihan sadaya ingkang sumewa.

Sarampungipun dhahar dalêm, sampeyan dalêm lajêng paring dhawuh dhumatêng kangjêng pangeran ajidan dalêm, kakarsakakên paring priksa dhumatêng Kangjêng Tuwan Residhèn, manawi sampeyan dalêm sampun rampung dhahar sarta karsa jêngkar ngadhaton. Kangjêng Tuwan Residhèn satampining dhawuh timbalan dalêm lajêng jumênêng saking palênggahan kalihan para tamu sadaya, mêthuk sampeyan dalêm dhumatêng ing surambi, dumugi ing èmpèr surambi lajêng akanthèn asta kalihan sampeyan dalêm jêngkar saking surambi angadhaton. Wondene lampahing jajaran tuwin pandhèrèk botên siwah kalihan kala têdhak dalêm. Kondur dalêm dumugi ing sitinggil wangsul lênggah sewaka sawatawis, ingkang sami sumiwi inggih sami wangsul ing prênahipun piyambak-piyambak. Abdi dalêm prajurit ingkang sami baris ing alun-alun lajêng sami wangsul minggah ing sitinggil tata baris wontên ing kamandhungan utawi ing sripanganti kados nalika wiyos dalêm sewaka ing

--- 45 ---

sitinggil, dene abdi dalêm prajurit panyutra, samunduripun saking sitinggil lajêng baris wontên ing palataran sripanganti ingkang sisih kilèn, ajêng-ajêngan kalihan barisipun abdi dalêm prajurit mantri lêbêt, namung abdi dalêm prajurit wirabraja taksih baris sêsiyungan wontên sakiduling wringin sêngkêran, satêlasipun lampahing abdi dalêm prajurit lajêng bidhalipun para sumewa sangking sitinggil anjajari kondur dalêm angadhaton, ingkang pasowananipun ing sripanganti utawi ing palataran kadhaton sami wangsul ing prênahipun piyambak, dene ingkang sumewa ing pagêlaran inggih botên ewah tatanipun. Botên dangu jêngkar dalêm saking sitinggil lajêng sinewa malih ing bangsal kancana kados nalika enjingipun, lajêng katungka lumadosipun pangunjukan dalêm wedang kopi pêrêsan tuwin dhêdhaharan, wradin dhatêng para tamu tuwin para kangjêng pangeran. Saunduripun paring dalêm pasugatan, Kangjêng Tuwan Residhèn lajêng pamit mêdal saking kadhaton kalihan para tamu sadaya, dene lampah-lampah konduripun Kangjêng Tuwan Residhèn inggih botên ewah kados nalika lumêbêtipun. Sapêngkêripun kangjêng tuwan residhèn, sampeyan dalêm kondur angadhaton, ingkang sumewa sami bibaran mantuk sowang-sowang.

__________

--- [46] ---

Isinipun sêrat punika.

Kaca:
I. Wiwit pahargyaning dintên rajameda, inggih nalika dintên Garêbêg Mulud taun Dal. ... 1
II. Wiyos dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun, mriksani gladhi rêsiking prajurit dalêm. ... 5
III. Wiyos dalêm anjênêngi Maulud Nabi dhatêng ing surambi. ... 11
VI.[17] Pasewakan ing dintên garêbêg. ... 15
V. Têdhak dalêm dhumatêng masjid kêmbul bojana. ... 39

--- [0] ---

[4 halaman kosong]

 


§ Regol danapratapa, inggih punika korining kadhaton ingkang lèr. Adat sabên panutupipun jam nêm sontên, kabikak jam nêm enjing. Kajawi wontên pêrlu, botên kenging mênga sawanci-wanci. Mênganing kori ingkang dede mangsanipun kêdah wontên palilah dalêm. (kembali)
§ Abdi dalêm para gusti, punika sawarnining abdi dalêm èstri, ingkang ugi winastan abdi dalêm kaparak. Ingkang dados pangagêngipun (wadananipun) apangkat: riya, inggih punika sangandhaping pangkat: bupati. Kalerehanipun wontên ingkang pangkat: kliwon, lurah, bêkêl, jajar. Wadananing para gusti kêkalih wau sakalerehanipun ugi kapalih, sakawadanan nama: kawadanan kilenan, ingkang sakawadanan nama: kawadanan wetanan. Sakawitipun wontên têmbung kilenan lan wetanan, nalika panjênêngan ratu ing Ngayogya ingkang jumênêng rumiyin, amêngku garwa padmi kêkalih, satunggal dalêm ing kraton kilèn, inggih kadhaton kilèn, ingkang satunggal dalêm ing kraton wetan, inggih kadhaton wetan, engga dumugi samangke suyasa wau taksih wontên. Dados wontêning abdi dalêm para gusti wau pandamêlanipun kapalih, sagolonganing kawadanan sumaos ing damêl dhatêng garwa dalêm ingkang ngadhaton ing kraton wetan, ingkang sagolonganing kawadanan sumaos ing damêl dhatêng garwa dalêm ingkang ngadhaton ing kraton kilèn. Ngantos dumugi samangke wontêning panjênêngan ratu ing Ngayogya namung mêngku garwa satunggal, abdi dalêm para gusti wau taksih katêlah ing nama tuwin kaperang para gusti kilenan lan wetanan. (kembali)
§ Abdi dalêm prajurit langênastra punika kenging kawastanan sami kalihan abdi dalêm prajurit kapalêri Walandi, manawi wêktu grêbêg sikêp dêdamêl waos, sarta barisipun kagolong dados pamaosipun abdi dalêm prajurit mantri lêbêt, manawi anglampahi pandamêlan saos, dêdamêlipun sabêt, kados sabêtipun abdi dalêm prajurit kapalêri. Kala panjênêngan dalêm ingkang sinuhun ingkang kaping gangsal, abdi dalêm prajurit langênastra wau sami kaparingan paraban nama Walandi. (kembali)
§ Ingkang winastan bakung punika anggêlan rumput sipat tanêman ringin ingkang pinggir kidul, salèring taratak rambat cakêt. (kembali)
§ Bêbrondongan = ungêling sanjata kathah agêntos-gêntos, srênti kados palêthèking jagung ingkang kagorèng. (kembali)
sitinggil. (kembali)
§ Tarub agung punika tratag ing sakidulipun undhak-undhakan sitinggil, tratag alit namung cagak sakawan. (kembali)
§ Tratag manguntur: katêlahipun winastan kuncung, manguntur: têgêsipun manglung. (kembali)
§ Manggung = abdi èstri ingkang taksih kênya. (kembali)
10 § Kunca klèwèraning kampuh ing wingking, manawi botên katêkuk kaslêmpitakên ing paningsêt, nama ngumbar kunca. Ingkang kalampahan angumbar kunca punika kangge pranatanipun karaton ing Ngayogya: namung sampeyan dalêm ingkang sinuhun, kalih putra dalêm sampeyan dalêm kangjêng gusti pangeran adipati anèm. Dene sanèsipun kunca wau tamtu katêkuk minggah kaslêmpitakên ing paningsêt. Ingkang makatên namung pêrlu anggèning ambedakakên pangagêmaning panjênêngan ratu kalihan kawulanipun. (kembali)
11 § Manguntur = bangsal alit ingkang winastan witana. (kembali)
12 § Gilang = sela cêmêng kawangun pasagi ambanon, inggilipun kirang langkung 20 c.M. panjang kirang langkung 1.5 M. wiyar kirang langkung 1 M. (kembali)
13 sangandhaping. (kembali)
14 § Abdi dalêm prajurit panyutra wau ingkang ugi winastan prajurit magêrsari, artosipun prajurit ingkang ngrêksa pakèwêding pasewakan, ngiras dados sêsêkar. (kembali)
15 § Găngsa Sakatèn ingkang katabuh wontên suyasa pradăngga palataran masjid ingkang kidul. (kembali)
16 § Găngsa Sakatèn ingkang manggèn ing suyasa pradăngga palataran masjid ingkang lèr. (kembali)
17 IV. (kembali)