Budi-Pakarti, Sutarja, 1924, #1738

JudulCitra
Terakhir diubah: 19-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 653 ... Regi f 0.25

Budi - Pakarti

Anggitanipun Mas Sutarja

UITGAVE VAN DE COMMISSIE VOOR DE VOLKSLECTUUR

WEDALAN BALE POESTAKA

Het auteursrecht voorbehouden ingevolge art. 11 van de Wet in Stbl. 1912 No. 600

Wewenangipun pangarang sinengker, miturut bab 11 Angger ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Serie No. 653

Budi - Pakarti

Anggitanipun Mas Sutarja

Het auteursrecht voorbehouden ingevolge art. 11 van de Wet in Stbl. 1912 No. 600

Wewenangipun pangarang sinengker, miturut bab 11 Angger ingkang kapacak ing Staatsblad 1912 No. 600.

Wêdalan Bale Pustaka, ing Wèltêprèdhên

DRUKKERIJ VOLKSLECTUUR - WELTEVREDEN 1924

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Budi - Pakarti

Ana bocah lanang loro aran: Budi lan Pakarti. Bocah loro mau padha sinau ing pamulangan calon guru, manggon ing pangkat kang dhuwur dhewe, sarta wus kawruhan mungguh lantiping budine. Kănca-kancane apamanèh gurune ora pêgat anggone ngalêmbana. Mula bocah loro iku ginadhang-gadhang: ing têmbe bisaa dadi lêlancuring pakumpulan kang sumêdya ngangkat darajading băngsa Jawa.

Sabarang rêrêmbugane bocah loro mau ing sadina-dina pantês dadi sudarsananing akèh, kănca-kancane padha dhêmên ngrungokake, sabên lèrèn [lèrè ...]

--- 4 ---

[... n] anggone padha sinau, banjur padha kêkumpulan ana ing kamare bocah loro iku angrêmbug prakara piwulang utawa prakara liya-liyane kang laras lan kaananing jaman.

Anuju sawijining dina, bocah loro mau padha lêlungguhan ana ngarêping kamare karo kănca-kancane watara bocah lima. Pakarti banjur takon marang Budi: Mas, apa kowe ngêrti têgêse têmbung: kaum mudha.

Budi : Ayake, iku têmbung Malayu, kaum, têgêse: băngsa, mudha, têgêse: ênom, dadi têgêsing têmbung: băngsa ênom, sarta banjur kanggo ngarani golonganing băngsa ênom kang padha duwe panêmu anyar, utawa banjur atêgês: golongan anyar. Apa bênêr mangkono.

--- 5 ---

Pakarti : Pangiraku sanajana ora bênêr têmênan, ananging mathuk manawa dicundhukake karo kaananing wong kang padha ngucap mangkono. Kosokbaline kaum kolot, kêna ditêgêsi: golongan lawas utawa kuna. Mung bae têmbung kaum mudha, kowe ngarani têmbung Malayu, iku apa bênêr. Amarga aku tau krungu, mudha: têgêse ênom, iku têmbung Jawa, kaya ta: para mudha, padha karo para taruna, utawa para anom. Maksih mudha, têgêse isih ênom.

Budi : Iya pancèn mangkono. Têmbung Jawa iku akèh kang gathuk karo têmbung Malayu, kaya ta: mudha = muda. maksih = masih. tuwa = tua sapanunggalane. Ananging apa mudha, maksih, iku têmbung Jawa têmênan apa dudu, aku durung mangêrti babarpisan. [ba ...]

--- 6 ---

[... barpisan.] Ana kang ngarani jarene têmbung Kawi.

Pakarti : Iya, ya, mas. Aku karo kowe iki rak wong Jawa, nanging marang têmbung Jawa kok cotho, ping pira bae aku darêdah karo kowe utawa karo kănca-kănca prakara iku.

Budi : Iya, prakara iku pancèn lagi dadi panggalihane para panuntun kita kang sumêdya anjujung darajade băngsa Jawa. Wis akèh pakumpulan kang sumêdya nênangi basa Jawa, ing ngêndi-êndi panggonan wis thukul pakumpulan mardi basa. Mulane pangarêp-arêpku: besuk samêtuku saka pamulangan, muga-muga bisaa milu ngrêmbug prakara iku. Elinga: kamulyane băngsa iku kudu barêng karo basane.

--- 7 ---

Pakarti : Aku uga duwe pangarêp-arêp mangkono, sanadyana aku putus marang kawruh basa liya-liyane, ananging aku ora sumêdya lali marang basa lan bangsaku. Seje gunêm, mas, prakara kaum mudha, apa kang diarani kaum mudha iku. Aku ngrasakake têka judhêg, marga minggu wingi iku aku mlaku-mlaku ing pakampungan kono, liwat sangarêpe wong-wong kang padha lêlungguhan ing pinggir dalan, ana wong siji kang calathu: wèh, iki lo, kaum mudha. Aku wêruh, kang diarani mangkono mau aku. Aku gumun, kapriye dene wong mau bisa ngarani aku kaum mudha, nitik saka apaku. Apa saka panganggo utawa solah tingkahku, dene kok iya lumrah bae.

--- 8 ---

Budi : O, mangkene. Wong-wong kang bisa muni: kaum mudha, kaum kolot, jaman kamajuan, iku durung karuhan wêruh têgêse. Sumurupe mung gêthok tular, panganggone isih pating slurup. Ana sawênèh kang ngarani, jarene kang diarani kaum mudha iku dumunung ana ing panganggo, anggêre ikêt-ikêtan, blangkon, sandhalan utawa sêpaton, mantolan, tismakan ... iku kaum mudha: arane. Ana manèh kang ngarani anggêre karo panggêdhe, wong tuwa: ora ngajèni, lêlungguhan sakêpenake, êmoh andhodhok, êmoh nyêmbah, iku iya kaum mudha. Wong tuwa, wong ênom padha gundhulan, panjang mukak, sêkèdhêng pating krêmbyah turut dalan, kae pangakune kaum mudha. Mangkono mau

--- 9 ---

mratah ana ing desa-desa kang wonge durung patia olèh piwulang, eman ora enggal ana kang anggênahake. Ananging barêng saiki wus akèh pamulangan utawa pakumpulan kang bêcik sumêbar ing ngêndi-êndi, prakara mangkono mau suda, sumurupe wong marang têgêse: kaum mudha, saya dhamang, marga padha dingêrtèkake dening para guru utawa para panuntun.

Pakarti : Sukur ta, yèn mangkono. Banjur saka pangêrtimu kapriye mungguh lungguhe têmbung: kaum mudha mau.

Budi : Saka sêsurupanaku mangkene. Băngsa Jawa iku saiki diperang dadi rong golongan, yaiku golongan kuna (kaum kolot) karo golongan anyar (kaum mudha).

--- 10 ---

Golongan kuna yaiku wong-wong kang isih nglastarèkake adat utawa tatacara kuna, kaya ta: bocah wadon kudu dipingit, rambut kudu diingu. Bocah lanang ora pêrlu disêkolahake lan ora diwêruhake marang tatacaraning omah-omah, mangan lan sapêpadhane. Dene golongan anyar, yaiku para kaum mudha kang padha ngowahi adat utawa tatacara kuna kang ora prayoga, disalini tatacara utawa adat anyar kang bêcik. Kaya ta: bocah wadon kang dipingit iku ora prayoga, mêsakake bocahe, dadi bodho, bêcik bocah wadon kudu disêkolahake kayadene bocah lanang, karêbèn jêmbar kawruhe, amarga ing têmbe bocah wadon iku bakal dadi kêkuwatane [kê ...]

--- 11 ---

[... kuwatane] wong omah-omah, ngopèni anak sapêpadhane. Gèk kapriye, yèn wong wadon ora duwe kawruh. Dene bocah lanang, sirahe padha gundhulan, iku amarga padha duwe pangira, yèn rambute dawa marakake ngêlu, saya yèn ora kopèn, banjur akèh tumane, ambune apêk. Iya bênêr, anane Gusti Allah nitahake manungsa sirahe ana rambute, iku digawe ngrêksa utêk, nanging saiki manungsa wus pintêr, bisa gawe ikêt, topi, srêban sapanunggalane, mulane prayoga dirêksa rêsike. Tatakrama kang dianggêp kurang prayoga, kaya ta: andhodhoki panggêdhe ana ing satêngahing pasar, ing dalan, apamanèh wong dilungguhake lêmah, iku ora [o ...]

--- 12 ---

[... ra] bêcik, kudu diowahi. Para luhur sarta para panggêdhe kudu diajèni, nanging kudu nganggo duga-duga lan watara, aja kongsi agawe sangsarane kang ngajèni. Awit tumraping tanah Jawa, kagawa saka kèhing băngsa ngamănca kang padha têka, banjur nganakake lêlara warna-warna. Wong lungguh ing lêmah dadi masuk angin, wêtênge mulês ...

Pakarti : Apa dhèk jaman kuna ora ana mulês lan masuk angin kaya jaman saiki.

Budi : Ayake bae iya ana. Mangkono uga tatacara liyane kang ora bêcik iya padha prayoga diowahi. Mangkono iku mungguh sêsurupanaku prakara kaum mudha.

Pakarti : Mêsthine iya mangkono. Iku aku rada mathuk. Dhèk aku andêlêng pakumpulan Budi [Bu ...]

--- 13 ---

[... di] Utama ana ing Magêlang, iya ana priyayi kang sêsorah mangkono, dawa bangêt, aku wus lali. Dene wong kampung kang andêlêng aku liwat banjur bisa ngarani kaum mudha mau, ayake mung andêlêng panganggoku, aku nganggo sêlop.

Budi : Ayake iya.

Pakarti : Anu, mas, akèh wong tuwa utawa nonoman padha manganggo cara Lănda (pantalon) iku apa iya kalêbu golongan kaum mudha.

Budi : Mêngko dhisik. Saka panêmumu wong kang padha nganggo cara Lănda iku karêpe kapriye.

Pakarti : Aku tau krungu wong omong-omongan, jare: panganggo cara Jawa iku ala,

--- 14 ---

rubêd, saru, kanggo nyambutgawe kurang cancingan, wragade akèh, dadi para kaum mudha padha sayuk ambuwang panganggo cara Jawa salin panganggo cara Eropah. Panêmumu kapriye, mas.

Budi : Yèn panêmuku, băngsa Jawa padha manganggo cara Eropah iku aku rujuk, yèn tekade mung samăngsa nyambutgawe aja kongsi rubêd bae. Dadi têgêse mung kanggo nyambutgawe, nanging manawa băngsa Jawa banjur dikon salin panganggo cara Eropah kabèh, panganggo Jawa dibuwang, aku ora rujuk. Malah aku duwe pangarêp-arêp: panganggo Jawa iku dimulyakna, kang kurang prayoga trape, diprayogakna, sanajana băngsa Jawa wus padha pintêr-pintêr, padha olèh sêsêbutan [sê ...]

--- 15 ---

[... sêbutan] Mr.[1] Dr.[2] sapanunggalane, aja kongsi padha ninggal panganggone, kajawane aja kongsi ilang. Mara ta dêlêngên, upama ing sawijining pakumpulane băngsa Eropah, banjur ing kono ana băngsa Jawa siji loro kang manganggo Jawa dêlês, marang pandêlêng: pangrasaku pèni bangêt, luwih pèni manawa tinimbang karo băngsa Jawa mau manganggo cara Eropah. Aku tau wêruh gambare bocah Jawa sing sinau ana ing nagara Walănda, nuju diwulang gurune, bocah mau manganggo Jawa dêlês, adhuh, pènine, kok ya

--- 16 ---

ora katon pating gêdhabyah. Saya yèn andêlêng agêm-agêmane para luhur ing Ngayogya lan Surakarta, brêgas bangêt. Sing ngarani panganggo Jawa saru, krêmbyahan, iku rak mung andêlêng panganggone băngsa Jawa sing ora ditata, trape mung satiba-tibane, kaya ta: wong gunung, wong desa kluthuk. Mangkono mau saka pandêlêngku mratah marang sakabèhing băngsa, sanajana băngsa Eropah, manawa băngsa ing padesan, pagunungan, panganggone masthi kurang singsêt, pating krêmbyah, clanane kêgêdhèn (kombor), jase iya kêgêdhèn, topine koploh, apa kowe durung tau nonton biyoskup (gambar idhup).

Pakarti : Uwis, aku wus tau wêruh panganggone wong tani ing Eropah, juru amèk iwak, kuli-kuli, [ku ...]

--- 17 ---

[... li-kuli,] kok iya kurang singsête, kalah brêgas karo sing wong kutha utawa para amtênar.

Budi : Iku wus masthi, kana-kene padha bae. Ana manèh kang ngarani: jare panganggo Jawa iku ngrêrubêdi, pamikirku mula pancèn mangkono, yèn kanggo nyambutgawe angkat junjung. Malah sanajan panganggo Eropah iya mangkono, tandhane ing wingkêl-wingkêl, iku para băngsa Eropah kang padha nyambutgawe: ana kang ucul kulambi, clanane cêndhak, iku mau rak ya marga saka rubêde, ta. Nanging manawa kanggo nyambutgawe kang alus, upama ana ing kantor-kantor, rak iya padha bae. Kapriye pamikirmu.

Pakarti : Pamikirku kok iya mangkono. Atiku pancèn lara bangêt, manawa krungu wong sing padha [pa ...]

--- 18 ---

[... dha] nacad marang panganggo Jawa. Ananging, mas, ana manèh wong kang ngarani: jare panganggo cara Jawa iku kalêbu panganggo kang asor, yèn sowan ing dalême para luhur, măngka manganggo cara Jawa, adhakane masthi dilungguhake ngisor, didangu kudu andhodhok. Beda karo manganggo cara Eropah, masthi olèh kursi, apêse dhingklik. Mulane dhèk sadhela kae ana kang padha ajak-ajak nyuwun idi marang nagara: supaya wong Jawa dililani manganggo cara Eropah, pêrlune karêbèn kajèn, aja kongsi diasorake drajède,[3] bisaa olèh pangaji-aji kaya băngsa liya kang padha manganggo cara Eropah. Iku kapriye, mas.

--- 19 ---

Budi : Ah, iku anèh, măngsa, wong olèh pangaji-aji kok mung marga saka panganggone. Cêkake prakara pangaji-aji iku mung gumantung ana wonge kang ngajèni lan kang diajèni. Yèn pancèn băngsa mêndêm kaurmatan, disowani wong Jawa kang manganggo cara Eropah, masthi ewa, mrêngut, têrkadhang ora gêlêm nêmoni. Coba rungokna dak dongèngi lêlakone sawijining panggêdhe kang mêndêm kaurmatan.

Ing sawijining dina, panggêdhe mau disowani priyayi sor-sorane, manganggo cara Jawa, dilungguhake ngisor. Priyayi kang sowan mau kurang lêga atine. Liya dina sowan manèh manganggo cara Eropah, barêng panggêdhe mau priksa, nuli dhawuh marang abdine, priyayi kang sowan dikon [di ...]

--- 20 ---

[... kon] bali salin panganggo cara Jawa, awit panggêdhe iku ora bisa lênggah kursi, bokonge wudunên, bisane lênggah ngisor, miring. ...

Pakarti : Ha, ha, ha, ha, banjur kapriye.

Budi : Priyayi kang sowan: bali, salin panganggo cara Jawa, banjur ditampani, dilungguhake ngisor, nanging panggêdhe mau mêksa iya lênggah kursi, jarene wis mari.

Pakarti : Hêh, kêbangêtên. Nanging nyatane pangaji-aji iku pancèn enak, kok.

Budi : Dadi pangajak salin panganggo Eropah mau ayake mung digawe srana kanggo ngilangake bab kang mangkono iku, yèn pancèn bênêr, aku mathuk. Aku dhewe pancèn iya ora sênêng andêlêng lêlakon kaya mangkono mau. Nanging [Na ...]

--- 21 ---

[... nging] satêmêne iku rak dudu saka alane panganggo cara Jawa, nanging saka salahe wonge. Dadi kang kudu diilangi iya watêke wong kang edan marang kaurmatan iku, aja nganti anjaluk diajèni luwih saka ngêkat. Wis bênêre panggêdhe iku kudu diajèni, sanajana băngsa apa bae wis masthi duwe tatacara ngajèni marang panggêdhene, nanging pangaji-aji mau kudu ana watêse. Kangjêng Gupêrmèn gajêge uga wus nganakake urmat sirkilèr, karsane ora liya iya mung aja kongsi ana wong kang anjaluk pangaji-aji utawa ngrèmèhake wong sagêlêm-gêlême dhewe.

Pakarti : Bênêr, mas. Sakabèhing băngsa iku padha duwe panganggo dhewe-dhewe, wong Arab, wong Indhu, wong Jawa, wong Walănda sapêpadhane. [sa ...]

--- 22 ---

[... pêpadhane.] Nanging kok ya mung băngsa Jawa kang golongane ana kang nacad marang panganggone bangsane, êmbuh manawa saka ora wêruhku. Mulane saka giliging panêmuku: yèn băngsa Jawa arêp maju, prakara panganggo kaya ora makewuhi, ora susah diilangake, mung kang kurang prayoga bae kudu diowahi manut măngsa-kalane. Kang kanggo saranane ngudi kadrajadaning băngsa, iku nomêr siji ora liya iya mung kapintêran, manawa wus racak băngsa Jawa kapintêrane lanang wadon linuwih, ing kono gampang pamardine marang apa-apa, marga wus ngêrti dhewe, para panuntun mung kari nglawèhi kaya satatane băngsa liya kang wus minulya.

--- 23 ---

Budi : Pancèn iya mangkono. Sawijining băngsa kang arêp maju, iku anggone golèk dalan warna-warna, ana disangkani saka ngundhakake kagunan, ana kang saka karukunan, ana kang saka tatacara sapanunggalane, iku mau kabèh suwe-suwe bisa gathuk, toging prana padha bae. Prakara cacad-cinacad iku wus masthi, kaya ta: golongan kang dhêmên marang ajuning piwulang dicacad marang golongan kang dhêmên marang ajuning karukunan, jare băngsa Jawa wus kadaluwarsa prakara piwulang, gèk pirang atus taun manèh kalakone băngsa Jawa pintêr kabèh. Mangkono sabanjure golongan siji lan sijine padha cacad-cinacad, nanging apa ala, ora, panacad mau mung dhapur panglimbang.

--- 24 ---

Pakarti : Aku uga wus tau ana ing pakumpulan ngrungu bantahe sarjana prakara: bocah wadon disêkolahake. Coba, padha digagas, mangkene: ana sawijining sarjana ora sênêng andêlêng bocah wadon disêkolahake, amarga kadadeane tanpa gawe. Ora kurang putri Jawa kang olèh piwulang luhur kadadeane iya mung ngladèni kang lanang, kapintêrane kang akèh-akèh tanpa guna. Jaman kuna putri Jawa dipingit, nanging pamingite ora kaya ngimbu pêlêm. Sajatine pamingit mau iya isi piwulang, dituduhake kasusilaning wanudya, patrape nyêkêl bale omah, diwulang nyambutgawe apa pagaweane wong wadon, kaya ta: nyongkèt, ambathik, olah-olah, aja nganti besuk manawa omah-omah :

--- 25 ---

kidhung. Mulane wanudya Jawa ing jaman kuna kapintêrane ora kalah karo wanudya jaman saiki kang padha olèh pangajaran dhuwur, malah kasusilane kapara ngungkuli.

Budi : Kok anèh.

Pakarti : Mêngko, ta, dak bacutne, nganti dawa andharane sarjana mau, barêng wus rampung banjur dari rame, wancah-winancahan. Ana siji kang ngluputake pamardi kuna mangkono iku. Kapriye bisane wanudya dipingit olèh kawruh kang dhuwur, la wong kang mingit dhewe, yaiku wong tuwane durung sapira kawruhe. Manawa sêdyane mingit iku mung ngisèni piwulang, apa ora luwih prayoga diisèni ana ing pamulangan kang ing kono pancèn tuking kawruh. Prakara

--- 26 ---

kasusilan, ana ing pamulangan iya dipardi, dene ana bocah wadon kang wus akèh kawruhe, kasusilane malah bubrah, iku rak dudu saka alaning piwulang, iba yèn bocah mangkono mau tanpa kawruh. Saupama tanah Jawa iki kaanane isih kaya dhèk jaman kuna, kawruh mănca kang dianggêp luwih bêcik durung sumêbar, sasrawungane băngsa Jawa durung ana, pamardi mau pancèn bêcik, ananging barêng kaanane jaman saiki kaya mangkene, wis mêsthi kita iya kudu manut salaku jantraning jaman, sing sapa suthik, uripe bakal tumiba ing asor. Mangkono mau, mas, kongsi dawa, aku akèh sing lali, coba ayo padha digagas, êndi sing apik kawruh rong warna iku.

Budi : Lah, iku wêruha. Barang kang wus dianggêp [dianggê ...]

--- 27 ---

[... p] bêcik ing golongan siji, tarkadhang golongan sijine ora mathuk. Golongan kuna andêlêng putri Jawa kang disêkolahake, banjur tatakramane owah, sasrawungane karo jaka sakêpenake, ana ngomah mêthèngkrèng lungguh kursi maca buku, atine pêgêl, nyêbut sajroning batin: adhuh, bangsaku wadon rusak, dadi kumini, calak, ora wêruh tata, karo wong lanang ngêgak, ... sabanjure. Ora kaya putri kuna, lêmbah manah, susila, marang wong lanang bêkti, ngajèni, wêdi tur ora kumini. Mangkono uga golongan mudha andêlêng pamardine golongan kuna marang anake wadon, iya prihatin: mêsakake têmên bangsaku wadon, pijêr diimbu, apa ora kagodha [kago ...]

--- 28 ---

[... dha] kawarasane. Salawase tansah dianggêp kaya piranti, kawruhe kurang, yèn wis tuwa dadi kul-kulane wong lanang, ... sabanjure.

Pakarti : Mêngko, ta. Golongan mudha ngarani dipingit iku ala. Apa bêcik diumbar.

Budi : Lo, aja klèru tămpa, ora diumbar, ora, mung kudu diwènèhi kamardikan, diwênangake lunga saka ngomah luru kapintêran, yaiku disêkolahake, karêbèn dhuwur kawruhe, nanging wong tuwa iya kudu ngawat-awati.

Pakarti : Dadi sanajan plang-plêng lunga sinau, wong tuwa iya kudu anjaga.

Budi : Mêsthi, iku kuwajibane wong tuwa, sanajana anake ana ngomah, panjaga kudu kêncêng.

Pakarti : Bocah wadon diwênangake kumpulan karo [ka ...]

--- 29 ---

[... ro] bocah lanang, apa ora nguwatiri.

Budi : Ora. Amarga kumpule mau kajaba ora sêpi ing panjaga, nanging karo-karone wus padha duwe kawruh, wis dhamang marang prakara kang ala lan bêcik. Bab bocah wadon kang gêlêm laku sèdhèng, iku sanajana dipingit iya bisa nglakoni. Aja nyatur iku, laku sèdhèng gampang tumiba ing wong kang wus ana dhasare mangkono, sarta kang ora kukuh budine.

Pakarti : Mara, caritaa, apa sababe dene golongan kaum mudha padha kukuh ngarani wanudya Jawa prayoga disêkolahake.

Budi : Saka panêmuku mangkene: dhèk jaman kuna sadurunge ing tanah Jawa katêkan băngsa sabrang warna-warna, kang ngêrèh isih Ratu Jawa, tatacara sarta

--- 30 ---

kagunane băngsa Jawa isih nganggo cara Jawa lugu, sarta uripe wong padha kapenak, amarga tanah Jawa isih murah sandhang pangan, sawah isih ămba, jiwane durung akèh, tanah kabudidayan ora ana. Dadi tanah Jawa kang lêmahe subur bangêt, mung mlulu ditanduri pangan, mulane wong-wong uripe ora kêkurangan pangan. Panganggone pasaja, ora kaya jaman saiki. Omahe uga mangkono, ora ana durjana juti, dening wong-wong padha ora kêkurangan pangan mau. Saking nikmate uripe sarta gampange ngupajiwa, nganti wong wadon ora pêrlu dipêrdi nyambutgawe, mung dikon sinau ngladèni kang lanang, nata omah, olah-olah kang enak, anjaga kang lanang anggone nyambutgawe aja [a ...]

--- 31 ---

[... ja] nganti rêkasa, mulih saka nyambutgawe kudu dipêthukake ing ngarêp lawang, sikile diwisuhi, panganggone diuculi, mangkono sapêpadhane. Iku diarani wanudya bêkti ing priya. Anake ora dipêrdi bangêt-bangêt. Kang anake wong tani anggêr wus bisa macul bae wus cukup. Tanah Jawa lêmahe isi êmas (loh bangêt), kang anak priyayi bisane dadi priyayi mung anggêr bisa ngladèni bêndarane, kang prajurit mung pawitan kêndêl sarta duwe kadigdayan, (jarene wong kuna ana kang bisa ngilang, ora têdhas tapaking gurenda sisaning kikir). Wong wadon kêna dibasakake dadi kasênêngane wong lanang, sok dianggo rêbutan nganti pêrang gêdhe, para luhur padha milihi anaking kawulane kang ayu-ayu digawe garwa, sêlir, palara-lara,

--- 32 ---

manggung sapanunggalane. Suwening suwe, saya barêng tumêka ing jaman saiki: jamane wus owah, tanah Jawa kaanane wus beda, cacah jiwane wus akèh, băngsa sabrang kang angajawa maèwu-èwu, sawah-sawah dadi ciyut dening padha dirusak digawe pomahan, pirang-pirang atus kabudidayan kang nyuda kèhing tanduran pari, dening sawah padha tinanduran têbu, tom, têmbako. Pangan dadi larang, prasasat wong ora kaconggah luru pangan dhewe kanggo ngingoni anak bojo, kapêksa anak bojone dikon ngrewangi nyambutgawe, wong tani sawahe ciyut-ciyut, pamêtune ora cukup kanggo nyampêti butuhe, kapêksa disambi nukang, glidhig, sapêpadhane. Wong arêp dadi priyayi kudu pawitan kapintêran, wong bodho [bo ...]

--- 33 ---

[... dho] uripe dadi sangsara, băngsa Jawa padha bêbarêngan karo băngsa liyane ngudi kawruh kang luhur, bocah-bocah pêrlu disêkolahake kang dhuwur, supaya duwe kapintêran linuwih. Marga saka sasrawungane lan liya băngsa iku, adat tatakrama Jawa kapêksa owah, dilarasake lan kaanane. Pirantining omah-omah saya sampurna, panganggo uga mangkono, kagunane băngsa Jawa iya kudu disampurnakake. Kang mangkono mau saka pamikire băngsa golongan anyar, wong wadon iya kudu diowahi pamardine, diwènèhi kawruh kang linuwih, diwêruhake marang adat lan tatacara anyar, sarta sarèhning wong wadon iku kudu andhasari kawruh marang anake, dening mardi wiwit cilik, măngka bocah [bo ...]

--- 34 ---

[... cah] saiki pamardine kudu beda karo bocah biyèn, gèk kapriye manawa wong wadon, yaiku gurune bocah kang wiwitan ora dituduhi dalaning pamardi. Wong omah-omah kêrêp sasrawungan lan băngsa liya, dadi iya kudu wêruh marang tatakramane băngsa mau supaya yèn kadhayohan utawa sasrawungan ora kêcipuhan. Mangkono iku mung panêmuku, dene yèn kowe arêp sumurup gamblange, ngrungokna pangandikane para sarjana kang dibèbèr ing samadyaning rêpatan kang nêdya angudi kaluhurane băngsa Jawa.

Pakarti : Sanadyan katranganamu iku durung paja-paja cukup, ananging mêksa wus bisa ambuka pikirku. Dadi cêkake uwong urip iku pêrlu sumurup marang lakuning jaman.

--- 35 ---

Budi : Iku wus mêsthi, ora kêna ora.

Pakarti : Băngsa golongan lawas anggone ora dhêmên ngênggoni jaman anyar iki ayake disêngguh kabangsan Jawa arêp dirusak, ora ngêrti mung arêp dimulyakake.

Budi : Pancèn mangkono, ananging kowe aja banjur ngira manawa bab mau kagawa saka bodhone golongan lawas, ananging malah kêna digawe tăndha, yèn wong Jawa iku isih kukuh marang kabangsane, ora olèh dirusak wong liya, anane banjur durung dhêmên marang jaman anyar iku bisa uga kagawa saka andêlêng marang patrape golongan anyar kang klèru, upamane: kawruhe marang jaman anyar durung sapiraa alias isih mogol, nanging marang jaman lawas wus nacad :

--- 36 ---

băngsa Jawa diala-ala, wong Jawa bodho, wong Jawa gêblêg, kaum kolot, Jawa pênthol. Sing padha pintêr-pintêr, isin kumpul kang bodho. Manganggo pantalon, êmoh amor karo kang bêbêdan. Mlaku ana ing ratan pangrasane dudu wong Jawa, digawe-gawe supaya diaranana Walănda. Jare yèn wis pintêr, wis luhur kawruhe, wis salin panganggone iku ngisin-isini manawa diarani wong Jawa, mangkono sapêpadhane.

Pakarti : Iku bênêr, mas. Aku wingi ana ing sêtatsiun wêruh bocah Jawa manganggo cara sinyo, takon marang kuli sêpur: Man, sêpur sing marang Kuthaarja jam pira. Kuli mangsuli: pukul sawêlas, dara. Lo, kok: Man, tur kok [ko ...]

--- 37 ---

[... k] nungkak krama, apa marga kuli iku. Sarta anggone: Man, mangkono mau apa niru carane Lănda Lănda kae.

Budi : Lăndaa kae saiki marang kita rak iya wus ngajèni.

Pakarti : Iya. Krungu mangkono mau atiku pêgêl, bocah mau dak cêdhaki, lagi omong karo kancane watara ana bocah lima, cara Lănda ... cès, ... cès, ... cès, aku nyêlani pitakon: Nyuwun priksa sêpur èsprès saking Surabaya, dhatêngipun mangke jam pintên. Bocah mau mangsuli: Kadugi jam gangsal. Sijine nyambungi: Lêrêsipun satêngah gangsal. Sijine nyambungi [nya ...]

--- 38 ---

[... mbungi] manèh: Punapa sadhèrèk badhe mêthuk tamu. Wangsulanaku: Inggih. Aku nuli lunga sarta mikir: Dene bocah-bocah iku kok iya padha bisa nganggo basa Jawa kang alus, lan kok iya bisa muni: sadhèrèk, kêna apa marang kuli mau kok: Man.

Budi : Ayake marga saka kuli iku.

Pakarti : Apa yèn kuli iku ora kudu diajèni, dene aku krungu Lănda kae, marang bangsane kang kaya apa kok iya mêksa: mênir.

Budi : Iya. Aku mau wis tutur, băngsa golongan anyar mangkono iku kang dak arani kliru, agawe gilane golongan lawas. Karêpku: Wong Jawa kudu maju, nanging aja ninggal kajawane. [kajawa ...]

--- 39 ---

[... ne.] Băngsa Jêpang, băngsa Cina, iku majune rak iya ora ninggal kabangsan, ta.

Pakarti : Iya.

Budi : Iku patut ditiru.

Pakarti : Mêngko ta. Apa ing têmbe wong wadon iya dipardi nyambutgawe kaya wong lanang.

Budi : Iya, ananging pamardine mêsthi ora kaya wong lanang, kaya ta: ora kêna wong wadon dadi masinis, juru mudhi sapêpadhane. Mung dipurih nyambutgawe kang mayar-mayaran bae, kaya ta: dadi klèrêk ing kantor-kantor, dadi guru sapanunggalane.

Pakarti : Ing tanah Jawa kene rak ya wus akèh ta, wong wadon kang padha nyambutgawe, kaya ta: sudagaran. Akèh wong wadon lunga marang nagara [naga ...]

--- 40 ---

[... ra] liya mung ijèn kongsi pirang-pirang sasi lawase, luwih-luwih ing desa, prasasat wonge wadon padha nyambutgawe kabèh, ora beda karo wong lanang.

Budi : Pancèn iya mangkono. Ananging kawruhana, kang padha gêlêm nyambutgawe iku racake lagi băngsa tani sarta băngsa sudagar, nanging băngsa priyayi, sangsaya băngsa luhur, ora, nyambuta gawe iya mung tulung ibune ngrêmbug pagawean omah utawa yèn wus duwe bojo banjur nyambutgawe kang dadi butuhe wong omah-omah ing sadina-dina. Kang lanang saya luhur pangkate, kang wadon sangsaya mayar, pagawean ngomah mung cukup digarap batur-bature, kongsi padha diparibasakake: gawene mung wêdhak pupur.

--- 41 ---

Pakarti : Apa bojone băngsa kang wus maju-maju iku utawa garwane băngsa luhur, ora mangkono.

Budi : Iya mangkono, ananging wus padha dhêdhasar kapintêran, sarta samăngsa pêrlu nyambutgawe dadi bêbauning praja, bisa.

Pakarti : Apa kira-kira: ing têmbe wanudya Jawa bisa dadi lid volêksrad.

Budi : Yèn wanudya Jawa wus maju têmênan sarta kapintêrane wus cukup, kêna apa ora bisa. Saiki bae wus ana wanudya siji loro kang dadi panuntuning pakumpulan-pakumpulan, kaya ta: pakumpulan: Wanita Utama, Pantirêja, Budi Wanita sapanunggalane. Iku mau kabèh rak jênêng sinau ngrêmbug kabutuhan umum. Sêsorahe [Sêsorah ...]

--- 42 ---

[... e] para wanudya ana sajêroning parêpatan, ingatase lagi aran sinau, wis jênêng ora nguciwani. Nalika ing kutha Ngayogyakarta ana pasar Darmawanita Utama, kowe apa ora andêlêng.

Pakarti : Iya andêlêng.

Budi : Kapriye kaanane.

Pakarti : Brêgas, nanging kok iya mêksa isih dituntun ing para priya.

Budi : Mêsthi, la wong lagi sinau, mêngko yèn uwis pindho ping têlu, rak ora.

Pakarti : Anu, mas, atiku rak ngêrês bangêt, andêlêng garwane para priyayi kang dipêgat utawa ditinggal mati, măngka duwe anak isih cilik-cilik, gèk kapriye uripe.

Budi : O, kapriye, ta. Aku rak iya duwe [du ...]

--- 43 ---

[... we] sadulur nak-sanak, biyèn dadi mantri guru ing bawah Pakalongan, pinuju usum lêlara, mati, tinggal anak têlu isih cilik-cilik. Sing wadon banjur mulih marang ênggone wong tuwane, momong anak-anake kanthi prihatin. Wong tuwane răndha, ora suwe banjur mati, sadulurku mau nuli milu adhine kang dadi mantri cacar, kongsi saiki, anake wis gêdhe-gêdhe wus padha sêkolah, kang mragadi pamane mau. Wêruh lêlakon mangkono iku atiku saya mantêp bangêt, ngarani bêcike bocah wadon disêkolahake. Saupama sadulurku mau duwe kapintêran, apêse nyêkêl dhiploma guru bantu utawa kwèkêling, amêsthi ora kapiran utawa sangsara bangêt-bangêt, sapungkure kang lanang bisa nyuwun têtêp [têtê ...]

--- 44 ---

[... p] dadi guru sarta bayare kêna digawe urip lan mragadi sêkolah anak-anake. Iya bênêr oraa sinau kae yèn wis kêpèpèt têmênan, mêsthi bisa nyambutgawe dodolan utawa liya-liyane. Ananging kanggone wong kang ora duwe pawitan dhuwit, utawa duwe dhasar bisa dodolan, mêsthi iya rêkasa. Elinga marang garwane priyayi cilik-cilik kang ora duwe kapintêran.

Pakarti : Apa yèn ana priyayi nêmu lêlakon kaya mangkono iku bojone ora olèh pènsiun saka nagara.

Budi : Sadulurku iku kok ora olèh, êmbuh pangaturan saiki, kiraku nagara ya wus manggalih prakara mangkono iku.

Pakarti : Prakara wong wadon dipêgat, iku

--- 45 ---

aku kok iya ora mathuk bangêt. Kapriye, ta, ambok prakara iku diilangake bae.

Budi : Ah, prakara iku aku ora bisa ngrêmbug, iku gêgayutan agama. Ananging agama iya ora akon supaya wong mêgata bojone, mung yèn pêrlu bangêt kêna pêgatan.

Pakarti : Êndi sing diarani pêrlu bangêt.

Budi : Pangiraku iya kang nrajang saraking agama utawa wong wadon kaliru lakune tumraping jêjodhoan, kaya ta: wong wadon kang laku sèdhèng.

Pakarti : Yèn wong wadon kang laku sèdhèng banjur dipêgat, aku mathuk, saiki wong lanang kang laku sèdhèng kapriye.

--- 46 ---

Budi : Ah, êmbuh, mas, aku ora bisa ngrêmbug prakara iku, prayoga liyane bae.

Pakarti : Aku iya judhêg, saya manèh wêruh wong lanang kang dhêmên mainan, rabi, dhêl, têlung sasi dipêgat, rabi manèh, dhêl, sasasi dipêgat ..., jarene mangkono iku kanggo sênêng-sênêng.

Budi : Iya, ta, wis, bab iku besuk rak ilang dhewe, manawa băngsa kita wus racak wêruh ing kamanungsane. Ayo ta, ngrêmbug liyane, bab iku pasrahna marang para sarjana kang wajib manggalih, aku lan kowe măngsa bisaa ora, sisip-sêmbire malah diarani arêp ngrusak agama.

Pakarti : Bênêr. Nanging kang dak karêpake ing kene mung arêp ngrêmbug wong kang padha nindakake saraking [sa ...]

--- 47 ---

[... raking] agama, iku ana kang kliru dalane lan uga ana kang bênêr. Kang dak arani kliru iku upama kang mainan bojo mau. Apa agama ambênêrake laku iku.

Budi : Wis mêsthi ora. Ananging gèk kapriye, ta, anggonku arêp ngrêmbug bab kuwi. Aku wis ngêrti, manawa lêlakon mangkono mau lêlakon kang ala bangêt, ora patut bangêt, manungsa kang duwe patrap mangkono iku kewan pêpadhane. Sakêplasan anane lêlakon mangkono mau kagawa saka anane pangaturan pêgat, ananging yèn dipikir ing satêmêne: kagawa saka alane wong kang nglakoni. Sanajana aku durung nglakoni duwe bojo, mêksa bisa anduga, manawa wong mêgat bojo iku abot, [abo ...]

--- 48 ---

[... t,] saya yèn wis anak-anak, bisane nglakoni mung saka kapêksa ana lêlakon kang ora bêcik, ewasamono yèn lêlakon mau isih kêna dipurih bêcike, iya prayoga didandani. Mung wong lanang kang niyat gêgêmblungan, dhêmên nglakoni kaya kandhamu ing dhuwur iku: luput cinatur. Kosokbaline uga ana wong wadon kang wus duwe bojo banjur nglakoni sèdhèng. Mulane bola-bali wong wadon kudu diwènèhi kawruh kang dhuwur, diambakake jangkahe, pêrlune iya aja kongsi digawe dolanan ing băngsa priya.

Pakarti : Iya, ya, mas, dadi prakara pangajaran iku bisa narik rupa-rupa kang tundone ngapenakake uripe wong lanang wadon.

--- 49 ---

Budi : Pancèn mangkono yèn wong wadon wis racak padha duwe kapintêran kang cukup kanggo: srana golèk pangan, măngsa gêlêma dipèk bojo uwong kang niyat mung mainan. Anggêr ana pasulayaning laki-rabi, wong wadon ora tansah tumiba apês, mêsthi wani ngrêbut bêbênêran, dipêgat ora kuwatir, diwayuh kang kurang sêmbada: ora gêlêm. Saiki anane lêlakon anggalap mênang iku, marga lanang wadon akèh kang kurang timbang. Băngsa wadon isih apês bangêt, kurang kawruh, kurang santosa, bêbasane: kabotan pinjung, dadi marang wong lanang tansah diasorake. Aku arêp mangkene, kowa kudu mangkono, ora gêlêm: pêgat, ora manut: [manu ...]

--- 50 ---

[... t:] buwang. Ayo, minggat. Mêsakake têmên.

Pakarti : Bênêr, kandhamu iku. Dadi yèn mangkono, kajaba wong kang pancèn dhasare ala, pancèn akèh wong kang kliru anggone nindakake saraking agamane.

Budi : Iya.

Pakarti : Mulane aku dhêmên bangêt marang pakumpulan kang nganggo nêrang-nêrangake prakara agama.

Budi : Ambalèni prakara kaum mudha. Kajaba kang wis padha dirêmbug ing ngarêp, apa isih ana manèh nalar kang tansah darêdah karo kaum kolot (golongan kuna).

Pakarti : Wah: Isih-isiha.

Budi : Upamane prakara apa.

--- 51 ---

Pakarti : Coba dak ngarani prakara siji, kang dak pikir pêrlu padha dirêmbug ing kene. Yaiku prakara kawarasan.

Budi : Ah, iku kaya wus cukup ditêrangake dening Tuwan W. Keizer ana ing buku pangrêksaning awak, yaiku layang bab kawarasan kanggo ing pamulangan Jawa, lan liya-liyane. Buku wêton Bale Pustaka uga ana.

Pakarti : Iya, nanging rak ya luwih prayoga padha dirêmbug manèh, awit saya matêng pangrêmbuge, rak malah sangsaya sampurna. Karo manèh ing buku mau kaya-kaya durung ana kang nêrangake bab ala bêcike kawruh Jawa.

Budi : Măngsa, uwis bae. Kurang prayogane dhukun Jawa rak uwis dirêmbug, ta.

--- 52 ---

Pakarti : Uwis, nanging mung alane bae.

Budi : Apa dhukun Jawa ana bêcike. Milu kaum kolot kowe iku.

Pakarti : Lo, aja ngono ta. Aku kăndha ana bêcike, têgêse rak akèh alane. Mangkono uga dhoktêr iku kadhingkala iya sok ana alane tumrap anggarap marang lêlara utawa kawasaran ing tanah Jawa. Kaya ta: sadulurku lara: kuning, ditambakake marang dhoktêr, ananging dhoktêr kêpêksa ora bisa nambani dening durung tau wêruh tambane, wusana bisa mari ditambani ing dhukun Jawa. Kaya mangkono mau kowe aja kliru tămpa, dhoktêr ora bodho, ora.

--- 53 ---

Budi : Iya sok ana sing mangkono. Balik kang kok arani dhukun Jawa ana bêcike iku kang êndi.

Pakarti : Mêngko ta, dak carita dhisik, rungokna. Kang diarani dhukun Jawa iku saka panêmuku ana rong warna, yaiku: dhukun Jawa têmênan, karo dhukun Jawa sing palsu. Dhukun sing têmênan yaiku dhukun sing sathithik-sathithik duwe kawruh, dene sing palsu iku dhukun sing babarpisan ora duwe kawruh sarta anggone nglakokake padhukunan mau mung kanggo pawitan golèk pangan, iku kang ambêbayani.

Budi : Iya, marga panggarape mung awuran.

Pakarti : Dhukun Jawa kang dak anggêp bêcik iku kang duwe kawruh sathithik rong ithik sarta aku wus nyatakake, kawruhe marang jamu-jamu wis mirib marang

--- 54 ---

ngèlmu kadhoktêran, pangupakarane tatu-tatu iya mangkono, ana kurang sampurnane iku wis mêsthi, marga ora sinau, beda karo dhoktêr, sinaune kongsi pêpuluhan taun.

Budi : Golongan kuna mêsthine pracaya bangêt marang dhukun iku.

Pakarti : Mêngko ta, dak tutugne. Kang isih akèh dhukun-dhukun iku ing desa-desa kang adoh kutha, lan wonge isih padha pracaya bangêt marang dhukun iku, yèn ana wong kang nacad, amêsthi dadi udur-uduran têmênan. Yèn dituturi marang ngèlmu kadhoktêran padha maido kamoran wêdi. Katêmahane kongsi saprene ing desa-desa prasasat durung ana kang ngandêl marang dhoktêr, dalasan [dalasa ...]

--- 55 ---

[... n] ng kutha-kutha kang pancèn golongan kuna iya mêksa ora ngandêl.

Budi : Ora ngandêle kapriye.

Pakarti : Saka panêmuku warna-warna, sapisan saka durung ngêrtine têmênan marang kawruh kadhoktêran, kapindho saka kurange gêpokan marang dhoktêr, kaping têlu saka gugon-tuhone.

Budi : Kurang gêpokan kapriye.

Pakarti : Mangkene: Saiki kowe rak wêruh dhewe ta, manawa kangjêng guprêmèn anggone nganakake dhoktêr durung akèh. Kayadene ing padununganaku Ngayugyakarta, iku kang ana dhoktêr lagi ing kutha, dadi wong kang bisa gêpokan utawa tatămba marang dhoktêr, iya uwong kutha. Wong desa ora bisa dening adoh panggonane

--- 56 ---

lan rêkasa lakune. Sabên-sabên kêsandhung ing ra,[4] adhakane iya banjur mung amburu cêdhak, ditambakake marang dhukun Jawa, saking manuhe kaya mangkono banjur ora pisan mikir marang dhoktêr kang anjalari ora wêruhe marang ngèlmu kadhoktêran.

Budi : Yèn ngundang dhoktêr apa ora bisa.

Pakarti : Iya bisa, nanging suwe, marga dadak nganggo anjaluk tulung pulisi, pulisi tèlpun marang nagara, mangkono mau durung karuhan bisa kêtêmu, marga dhoktêr lagi lunga, têmahane anggone ngêntèni têkane dhoktêr kongsi rong dina, yèn panggonane adoh bangêt, tarkadhang kongsi têlung dina. Wragade akèh, wusana barêng [ba ...]

--- 57 ---

[... rêng] dipriksa banjur kang lara didhawuhi ngusung marang nagara, agawe susahing warise.

Budi : Apa nêkakake dhoktêr iku nganggo wragad, ta.

Pakarti : Rak iya nganggo, ta.

Budi : Aku kurang têrang.

Pakarti : Kaya mangkono iku kang marakake wêgah tatămba marang dhoktêr, sarta barêng krungu calathune wong kang mêntas tatămba marang ing dhoktêran, wêruh wong dibêdhèl, dikêthok sikile, atine sangsaya giris. Măngka sajêge yèn tatămba marang dhukun Jawa ing desane kono ora nganggo kangelan, sarta ora ana carane bêdhèl-bêdhelan.

Budi : Apa anggêr lêlara nganggo dibêdhèl.

--- 58 ---

Pakarti : Wong kang kurang sêsurupane măngsa ngêrtia.

Budi : Dadi cêkake, orane ngandêl marang dhoktêr iku mung marga saka kurang ngêrtine.

Pakarti : Iya sanadyana wis dingêrtèk-ngêrtèkake, mêksa ora gêlêm ngêrti dening samăngsa arêp butuh dhoktêr angèl kêlakone.

Budi : Marga saka ing kene isih kêkurangan dhoktêr.

Pakarti : Iya.

Budi : Banjur kapenake kapriye.

Pakarti : Saka panêmuku, kanggo anjaga kawarsane wong desa-desa kang adoh karo kutha, sadurunge ana dhoktêr utawa sadurunge kèhing dhoktêr nyukupi, prayoga dhukun Jawa

--- 59 ---

kang sathithik-sathithik duwe kawruh kadhoktêran iku dituntuna lan diwurukana kawruh kadhoktêran supaya bisa rada sampurna kawruhe.

Budi : Sapa kang kudu mulang.

Pakarti : Dhoktêr.

Budi : Kapriye rekane.

Pakarti : Iku gampang. Upama sabên sasi sapisan ing dhistrik-dhistrik utawa ondêr dhistrik dianakake pakumpulan para dhukun Jawa dipanggêdhèni dhoktêr salah siji. Dadi cêkake dhukun-dhukun mau diwulang marang dhoktêr iku.

Budi : Apa bisa kalakon.

Pakarti : Manawa pancèn nagara kang duwe karsa utawa atas saka panyuwune wong akèh, kêna apa ora kêlakon.

--- 60 ---

Budi : Kapriye bisane nêkakake para dhukun.

Pakarti : Pulisi, kang andhawuhake.

Budi : Apa dhukun bayi ora mangkono pisan.

Pakarti : Iku saya prayoga bangêt. Amarga dhukun Jawa, yèn anggarap wong arêp duwe anak iya isih ambêbayani. Prayogane sabên sasasi sapisan iya dianakake pakumpulan kaya ing dhuwur, nanging kang nuntun kudu prutpro, utawa pêrplihstêr.

Budi : Jalaran saka iku, panjalukku: muga-muga para golongan anyar disantosa têmênan anggone arêp mêncarake kawruh kadhoktêran marang golongan lawas, luwih-luwih kang manggon ing desa-desa utawa ing gunung-gunung. Saranane [Sarana ...]

--- 61 ---

[... ne] upama kaya kandhamu mau, amarga kawarasan iku pêrlu bangêt tumraping ngaurip, dene besuk manawa kèhing dhoktêr wus nyukupi nganti kawruh kadhoktêran wus sumêbar ing desa-desa, dhukun Jawa kang kurang kawruhe rak banjur ilang dhewe. Saiki kaya wus akèh buku-buku kawruh kawarasan kang sumêbar ing desa-desa, iku iya prayoga bangêt.

Pakarti : O, iya, iku pancèn maedahi têmênan, saya ing pamulangan-pamulangan, kajaba akèh buku-buku mangkono iku, uga disêdhiyani tămba-tămba sarta gurune padha sinau ngupakara bocah lara utawa tatu.

Budi : Ing ngarêp kowe kăndha: gugon-tuhon, kapriye têrange.

--- 62 ---

Pakarti : Mangkene: wong busuk sok kăndha, jarene dhoktêr iku yèn nambani wong lara ora bisa mari: wong mau banjur diracun pisan karêbèn mati, awit dhoktêr isin dene nambani wong lara kok ora bisa mari.

Budi : Yèn kongsi mati kok ora isin.

Pakarti : Êmbuh. Wusana wong-wong padha wêdi tatămba marang dhoktêr. Kaping pindho kaya kang dak kandhakake ing ngarêp, yaiku wong lara nganggo dibêdhèl, digraji sikile sapanunggalane. Mangkono iku sanadyana mung kawruh awuran tur gênah luput, ananging wong kang busuk, padha ngandêl têmênan. Mulane kabèh pituture golongan anyar padha ora digugu.

--- 63 ---

Budi : La, banjur rekane kanggo ngilangi gugon-tuhon mangkono iku kapriye.

Pakarti : Ora liya iya mung kaya kang padha dirêmbug ing ngarêp mau kanthi dilambari: wong kudu disinaokake kang kongsi pintêr, amarga wong pintêr mêsthi ora duwe kawruh kaya mangkono.

Budi : Dadi bola-bali piwulang kudu sampurna.

Pakarti : Iya. Kajaba kuwi ana manèh kawruhe wong kang gugon-tuhon sarta iya banjur anjalari kurang pitayane marang dhoktêr.

Budi : Kapriye.

Pakarti : Mangkene. Yèn ing padunungane kambah ing lêlara kang anggêgirisi kongsi agawe pêpati akèh, kaya ta: pès, kolerah sapanunggalane, wong-wong golongan kuna padha duwe [du ...]

--- 64 ---

[... we] kapracayan, manawa lêlara iku saka panggawene setan utawa jim. Yèn ing Ngayogyakarta, jarene Kangjêng Ratu Kidul kagungan gawe mantu utawa têtakan, nuli utusan setan punggawane, pêrlu golèk wong kang patut diagêm paladèn. Kèhe sok kongsi atusan. Mulane panulake lêlara mangkono iku mêsthi sarana japa-măntra, ngobong mênyan, ngobong lirang, wong padha turu ing jaban omah ora kêmulan sapêpadhane. Dijêlir-jêlirna dikaya apa, mêksa ora bisa ilang piyandêle mangkono iku. Sangsaya yèn amaca buku-buku: malariah, panulake lêlara kolerah, pès, iku batine kajaba ora pracaya, [pra ...]

--- 65 ---

[... caya,] malah anggêguyu, ngarani kawruh kadhoktêran iku sapele bangêt.

Budi : Apa iku nyata.

Pakarti : E, apa goroh. Aku iki rak bocah desa, wis atul bangêt marang kawruh mangkono, coba ta ing besuk manawa kowe nyambutgawe ana ing desa, rak mêsthi mrangguli kawruh kang kaya mangkono.

Budi : Apa kawruh mangkono iku ing têmbe ora bisa ilang.

Pakarti : Kiraku bisa, manawa wong wus padha duwe kawruh liyane kang dianggêp èdi luwih saka iku.

Budi : Apa kawruh kadhoktêran kurang èdi.

--- 66 ---

Pakarti : Wus luwih saka èdi, nanging kang nampani durung têkan kawruhe.

Budi : Durung têkan kapriye.

Pakarti : Mangkene: upama bocah sêkolah ing pangkat siji, amêsthi ora bisa nampani kawruh kang mêsthine diwulangake marang bocah ing pangkat papat, amarga kêdhuwurên. Bisane nyakup, saka sathithik, suwe-suwe mangêrti têmênan. Mulane aku mathuk bangêt, manawa panjaganing kawarasane bangsaku dilêlantih saka sathithik sarana nyampurnakake kawruhe dhukun Jawa kaya kang padha dirêmbug ing ngarêp mau.

Budi : Lo, kok dadi bangsaku Jawa duwe piyandêl kang mangkono iku, kapriye ta.

Pakarti : Iku aku ora wêruh, amarga saka [sa ...]

--- 67 ---

[... ka] sumurupku, sakabèhing băngsa iku padha duwe piyandêl dhewe-dhewe.

Budi : Apa iya.

Pakarti : Pancèn mangkono. Mung piyandêl iku saya suwe saya ilang, manawa wus sampurna kawruhe.

Budi : Apa sakabehing piyandêl iku ora ana nyatane.

Pakarti : Ana kang nyata, ana kang ora, kang ora nyata iku kang dak unèkake gugon-tuhon.

Budi : Jarene wong lara iku iya ana kang kêna sêngkala, iku kapriye.

Pakarti : Sêngkala, apa iku.

Budi : Nalika aku ana Wanagiri kae krungu

--- 68 ---

kabar, jarene lurah desa ing kono lara bangêt, ditambakake mrana-mrene ora mari, marine barêng ditambani dhukun saka Panaraga, kandhane larane iku marga kêna sêngkala, nalikane lurah anggarap pakêbonane, ambabad wit sêrut, măngka uwit iku omahe dhanyang kang ambaurêksa ing desa kono, mulane barêng lurah mau dijalukake pangapura sarta banjur diuntali tămba, lêt sapasar nuli waras.

Pakarti : Aku ora bisa nêrangake prakara iku, mung aku duwe piyandêl, kang marasake iku dudu anggone dijalukake pangapura, ananging jamu kang diuntal kuwi. Karo manèh wong Jawa kuna kang pintêr têmênan, iku uga ana kang anggone mêdharake kawruhe ora ngêblak kaya băngsa [băng ...]

--- 69 ---

[... sa] liyane, nanging sarana pralambang. Mulane piyandêl mangkono mau saka panêmuku: ana kang nyata, ana kang gugoh-tuhon, sarta ana kang dhapur pralambang. Mung bae wong bisane nyilah-nyilahake êndi kang nyata, êndi kang gugon-tuhon, sarta êndi kang pralambang, iku kudu adhêdhasar kawruh kang luhur.

Budi : Coba aku tuduhana, êndi piyandêl kang nyata, kang mung gugon-tuhon sarta kang mung dhapur pralambang.

Pakarti : Aku ora bisa.

Budi : Măngsa.

Pakarti : Kang wus tau dak rungu mangkene: piyandêl kang nyata, iku upamane pangandêle wong-wong marang agama. Piyandêl kang gugoh-tuhon upamane :

--- 70 ---

wong nêtêpake sarta pracaya bangêt, yèn kang marakake lara pès iku saka panggawene setan kaya kandhaku ing dhuwur. Dene piyandêl kang sanyatane pralambang, upamane: wong tansah kêmalingan, anjaluk srana marang dhukun, dhukun banjur awèh pituduh: supaya slamêt anggone omah-omah, sabên bêngi pojoke omah-omah maju pat curana banyu kêndhi ngaping pitu, insa Allah: slamêt ora tau kêmalingan.

Budi : Katêrangan kang kari iku aku durung mudhêng, têrangna.

Pakarti : Mangkene: ana wong kêrêp kêmalingan iku sababe ora liya mung saka kurang panjagane, upama: omahe kurang kukuh, yèn turu lembon, sawêngi muput ora tau nglilir, [ngli ...]

--- 71 ---

[... lir,] isih sore wus mapan turu, jirèh sapêpadhane. Mangkono iku wis mêsthi bae malinge tansah nyata. Barêng saiki diwènèhi srana kaya kang kasêbut ing dhuwur, kapêksa mêlèk pêndhak bêngi, tansah ngêcurake banyu kêndhi ing pojok omah, malinge iya wêdi, ora gêlêm nyaba mrono, marga wêruh kang duwe omah ora tau turu, tansah ngubêngi omahe karo ngêcurake banyu kêndhi, wusana slamêt ora tau kêmalingan. Saking cupêting kawruhe, utawa pancèn ora gêlêm mikir dawa marang prakara iku, satêmah banjur duwe piyandêl marang kadigdayane banyu kêndhi pawèwèhe kyai dhukun.

Budi : Yèn mangkono kabèh pituture băngsa [băng ...]

--- 72 ---

[... sa] dhukun iku iya kêna digagas mangkono, têgêse durung karuhan salahe, upamane lurah Wanagiri mau, jarene kêna sêngkala nalika ambabadi wit sêrut ing kêbone. Saka panêmuku, rèhning mêntas anggarap pakêbonane, iku mêsthi sayah bangêt, utawa bisa kêsliyo. Măngka wong sayah bangêt bisa dadi lara. Jalaran saka iku, bokmanawa lêlarane lurah mau marga saka kêsêle. Mulane dhukun banjur bisa nambani lan iya banjur mari. Apa mangkono.

Pakarti : Kira-kira iya mangkono. Nanging sing bisa anggagas iku rak iya wong kang wus dhuwur kawruhe, yèn pituduh mau tumiba ing wong kang cupêt kawruhe, dadine malah ora karuh-karuhan, [karuh-karuh ...]

--- 73 ---

[... an,] mula prayogane padha dibudidaya bisane duwe kawruh kang pinunjul, sarta dilêlantih pisan bisane mêncarake kawruhe iku marang wong akèh. Aja pisan-pisan wong duwe kawruh kang pèni mung disimpên utawa dianggo dhewe.

Budi : Bola-bali sinau iku pêrlu bangêt.

Pakarti : Mula mangkono.

Budi : O, mas, wus mangsane sinau, ayo padha lèrèn.

Pakarti : Ayo.

Bocah loro mau banjur padha lèrèn anggone omong-omongan.

--- [0] ---

[...][5]

--- [0] ---

[Iklan]

 


§ (Meester in de rechten) yaiku wong kang wus olèh pangajaran sampurna bab kawruh ing pangadilan. (kembali)
§ (Doctor) yaiku sarjana ing kawruh liya-liyane, kaya ta: bab jamu, lumrahe diarani: dhoktêr. Bab basa, yèn ing basa Jawa diarani: pujăngga ... . (kembali)
drajade. (kembali)
lêlara. (kembali)
Tiga halaman kosong. (kembali)