Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 001–081)

Judul
Sambungan
1. Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 001–081). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
2. Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 082–156). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
3. Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit, Jayasudira, 1917, #59 (Hlm. 156–247). Kategori: Bahasa dan Budaya > Adat dan Tradisi.
Citra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Rêgi dalah wragad ngintunakên mêdal ing pos f 0.60

Kenging tumbas dhatêng Depot van Leermiddelen ing Wèltêprèdhên, kalihan ngintunakên yatra wau mawi pos wisêl.

Sêrat Pitêdah Bab Pamulasaraning Tiyang Sakit

Anggitanipun Tuwan DR. C.D. OUWEHAND tuwin D.J. SIAHAIJA.

Kajawèkakên dening Radèn Jayasudira, ing Batawi

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun: Papirus, Batawi. 1917.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur No. 242.

Sêrat pitêdah bab pamulasaraning tiyang sakit,

Anggitanipun Tuwan, DR. D.C. OUWEHAND tuwin D.J. SIAHAIJA.

Kajawèkakên dening Radèn Jayasudira, ing Batawi.

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan.

Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilah saking Commissie voor de Volkslectuur, sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun: Papirus, Batawi. 1917.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Bêbuka.

Sêrat punika minăngka dados cêcêpênganipun para murid: Pêrplegêrrês: inggih punika tiyang ingkang anjagi lan amulasara tiyang sakit. Ananging sanadyan tiyang sampun nyinau lan apal dhatêng sadaya suraosing sêrat punika saking wiwitan dumugi pungkasan, ewadene dèrèng kenging dipun wastani tiyang ingkang sampun cêkap kasagêdanipun amulasara tiyang sakit, ingkang punika supados sagêda anêtêpi, ing sakawit tiyang kêdah sinau anandangi piyambak mulasara tiyang sakit kanthi sêtya tuhu ing sawatawis dangunipun. Tumandang angêcaki punika limrahipun langkung maedahi tinimbang sinau ing sêrat kemawon. Sintên kemawon ingkang srêgêp lan titi surti angatos-atos sinau mulasara tiyang sakit ing griya pamulasaran, sampun têmtu badhe nyumêrêpi bilih suraosipun sêrat punika kapanggih ing ngriku, dados kantun anocogakên kemawon. Sadangunipun tiyang mulasara,

--- 4 ---

sampun têmtu sumêrêp ugi dhatêng ngèlminipun. Manawi badhe nyumêrêpi punapa tiyang punika anyêkapi punapa botên mulasara tiyang sakit, kêdah dipun tingali rumiyin padamêlanipun, botên cêkap manawi namung katitik saking wangsulanipun dhatêng pitakenan ingkang kawrat ing sêrat punika, makatên ugi tiyang ingkang namung mangêrtos dhatêng sadaya ngèlmi ingkang kêdah dipun sumêrêpi dhatêng juru mulasara lan mangêrtos dhatêng padamêlanipun, dèrèng kenging dipun wastani juru mulasara ingkang sampurna. Dene ingkang kenging kawastanan makatên wau inggih punika tiyang ingkang sumêrêp ngèlmi lan padamêlanipun miwah rêmên lan purun anglampahi klayan sêtya tuhu utawi kêdah pitados dhatêng manahipun piyambak bilih anggèning nglampahi padamêlan punika kalayan têmên-têmên, dados botên kenging anggorohi manahipun piyambak, liripun gadhah watak: ngarah apa.

Kêmpalan sêsrawungan tiyang sakit punika limrahipun botên nyênêngakên manah, sanadyan rêmên nanging botên ajêg, kala-kala tiyang rumaos wêlas lan rêmên mulasara [mulasa ...]

--- 5 ---

[... ra] tiyang sakit, kala-kala botên, ingkang punika pêrlu sangêt juru mulasara punika kadunungan budi sabar lan cancingan têtulung, punapa malih kêdah tansah èngêt bilih tiyang ingkang kapulasara punika tiyang sakit. Botên sae sangêt manawi sadaya panêdhanipun tiyang sakit punika dipun turutana, upami tiyang sakit wau nêdha ingkang dados awisanipun, punika kacêgaha ingkang kalayan santosaning manah, sampun ngantos kèlu dening panggrêgiking tiyang sakit. Kosokwangsulipun, manawi kêdah nyukani sampun wêgah dhatêng panampiking tiyang sakit, ingkang pêrlu inggih punika sadaya solah tingkahipun juru mulasara kêdah sae lan angrêsêpakên, sanadyan tiyang sakit ingkang kapulasara punika kasar lan cênthula, inggih kêdah katampi klayan sabaring manah. Supados padamêlanipun juru mulasara punika sae lan wontên paedahipun, pêrlu sangêt sadaya tiyang sakit ingkang dipun pulasara punika dipun rêngkuha kados sadhèrèk piyambak pangupakaranipun, sanadyan angupakara [angu ...]

--- 6 ---

[... pakara] sadhèrèkipun piyambak, kalamăngsa taksih gadhah jêlèh wêkasan andaleya, mila para juru mulasara tiyang sakit pêrlu sangêt anglampahi padamêlanipun kalayan têmên-têmêning manah lair batos, dados manawi anggèning nindakakên padamêlan ngantos andaleya punika nandhang dosa, sabab damêl kasusahanipun ing liyan, ingkang mêsthi badhe tampi wêwalês.

Wontên malih prakawis sanès-sanèsipun ingkang sae, ingkang namung kêdah kasinau ing griya pamulasaran, botên kenging kasinau ing sêrat kemawon. Tuwan dhoktêr ingkang nguwaosi panggenan sampeyan nyambutdamêl mulasara tiyang sakit wau, sagêda pitados salami-laminipun dhatêng sampeyan, lan kêdah pêrcados bilih sadaya padamêlan ingkang kaparentahakên ing sampeyan, sampeyan lampahi kalayan têmên-têmêning manah, dados pêrluning pêrlu juru mulasara tiyang sakit punika kêdah ambêg paramarta dhatêng tiyang sakit, manut miturut dhatêng sadaya parentahing dhoktêr, lan sadaya wicantên tuwin wangsulanipun [wangsula ...]

--- 7 ---

[... nipun] kêdah têmên, sintên ingkang botên sagêd utawi botên purun anglampahi makatên, sampun pisan-pisan dados juru mulasara tiyang sakit, prayogi pados padamêlan sanès kemawon.

Katandhan,

Owêhandha.

--- [8] ---

Pangajêng-ajêng.

Sêrat punika anggitanipun Tuwan Dhoktêr C.D. Owêhandha, tuwin dhoktêr Jawi D. Y. Siahaiya. Saking têmbung Walandi sampun kawêdalakên ing têmbung Malayu dening komisi furdhêfolêk sêlèktir, ing sarèhning kamanah maedahi sangêt suraosipun tumrap ing tiyang kathah, punapa malih manawi sami sagêd angêcakakên ing sakaconggahipun, mila ing mangke kawêdalakên ugi ing têmbung Jawi, ing pangangkah sagêda saya sumarambah paedahipun.

Makatên pangajêng-ajêng kula sadaya.

Komisi furdhêfolêk sêlèktir.

--- 9 ---

Bab kapisan.

Anggota badaning manusa tuwin pigunanipun.

Saranduning badan punika kadadosanipun saking pintên-pintên bageaning badan, sarta satunggal-satunggaling peranganipun badan mêsthi wontên paedahipun piyambak-piyambak, kados ta: mripat: kangge ningali, kuping: kangge mirêngakên, suku: kangge lumampah, tangan: kangge nyêpêng, tuwin sapanunggilanipun. Ing mangke badhe kacariyosakên punapa gunanipun satunggil-tunggiling bageaning badan wau.

1. Jrangkong.

Ing salêbêtipun badan punika wontên bêbalunganipun, balung-balung wau sami gêgandhengan lan sêsambungan satunggil lan satunggilipun ngantos amujudakên raganganipun badan, kadosdene ingkang kacêtha ing gambar ăngka 1 tiyang ingkang tanpa jrangkong, badanipun têmtu botên sagêd ngadêg, dados ragangan punika pigunanipun kangge pikê-

--- 10 ---

Gambar 1

[Grafik]

--- 11 ---

kahing badan, kajawi punika ugi kangge anjagi kêkahing perangan badan ingkang êmpuk lan jêmèk, kados ta: utêk tuwin paru. Bêbalungan utawi sadaya balung ingkang wontên ing sirah punika wêtahipun dipun wastani cumplung. Ing salêbêting sirah wontên utêkipun. Balung-balung sirah wau sami gêgandhengan sakêlangkung kêkah ngantos botên sagêd ebah.

Panggenan gathukaning balung kêkalih ingkang sagêd ebah-ebah punika dipun wastani gêgêlan, utawi athik-athikan, kados ta: gêgêlaning dhêngkul, pupu, bau, lan sikut. Balung-balung ingkang kasêbut ing ngandhap punika sampeyan kêdah apal sarta sagêd andumuk panggenanipun, inggih punika: ing sirah wontên ingkang dipun wastani balung bathuk, balung sirah wingking (cêngêl) pathak kalih, balung pilingan kalih, balung pipi. Wontên malih balung ros-rosan ingkang gêgandhengan ing gêgêr, inggih punika ula-ula. Punika kaperang dados sêkawan: ros-rosan gulu, ing wingking dhadha, bangkekan lan lakang. Ula-ula

--- 12 ---

punika balung ros-rosan ingkang gêgandhengan dados satunggil. Sangandhaping ula-ula wontên balungipun buntut.

Ing ros-rosaning dhadha inggih punika panggenan tumancêbipun iga-iga, saking ngriku iga wau ingkang kathah mangkêluk pucukipun lajêng tumancêb ing balung dhadha ngajêng.

Ros-rosan wingkinging dhadha, iga-iga lan dhadha wau sadaya lajêng amujudakên rongkong, ing salêbêting rongkong wau inggih punika panggenanipun paru-paru lan jantung. Ing ros-rosaning balung dhadha ing nginggil, ing ngriku wontên balungipun malih ingkang dipun wastani walikat lan salang. Balung walikat punika sarana gêgêlaning bau lajêng gandhèng kalihan balung lêngên ingkang nginggil, balung lêngên nginggil punika ingkang sasisih gandhèng malih kalihan balung tangan ngandhap kalih iji, punika lajêng sambêt kalihan ugêl-ugêl, balung èpèk-èpèk lan balung dariji. Balung sêlakang punika gandhèng kalihan balung poking pupu kalih pisan, sadaya punika lajêng amujudakên rongkongan, ing têmbung Walandi dipun wastani: bèkên (bekken) balung pupu ingkang ngandhap [nga ...]

--- 13 ---

[... ndhap] gathuk kalihan gandhu, inggih punika balunging dhêngkul, sangandhapipun gandhu, garês, balung kempol, kêncèt, tungkak lan dariji suku.

Balung punika wontên kalih warni, inggih punika balung sêpuh lan balung nèm. Balung sêpuh punika atos, warninipun pêthak asulak jêne, dene balung nèm êmpuk lan lêmês, warninipun pêthak sulak biru.

Balung raganganing lare alit punika ingkang kathah balung nèm, saya agêng lare wau, inggih saya sêpuh balungipun.

Cumplunging lare alit punika sanadyan gêgandhengan balung-balungipun, ananging dèrèng rapêt lêrês satunggil lan satunggilipun, ing pucuk-pucukipun taksih kathah lowah-lowahanipun, saya lami lowahan wau saya ciyut ing wêkasan katutup ing balung. Manawi lare wau sampun umur kalih taun, lowah-lowahan ing cumplung punika sampun buntu sadaya.

Sadaya balung punika kablêbêd ing kulit tipis utawi kulit kêndhangan, ing têmbung Walandi dipun wastani: binflis,

--- 14 ---

(beenvlies) kulit tipis punika inggih dados jangêtipun balung kêkalih ingkang gêgandhengan.

Manawi balung athik-athikan punika ewah panggenanipun, upami jalaran saking dhawah, punika dipun basakakên: kasliyo.

2. Kulit.

Pigunanipun kulit punika rumêksa utawi ngaling-alingi saranduning badan ingkang wontên ing lêbêtipun. Kulit makatên wontên kalih sap, sap-sapan ingkang jawi warninipun abrit sêpuh utawi pêthak kados kulitipun băngsa Eropah, inggih punika ingkang dipun wastani: kulit ayam, punika botên sagêd anampi raos utawi ngraosakên sakeca lan sakit, ing lêbêtipun punika dipun wastani: kulit ingkang lêrês, inggih punika sap-sapan ingkang kaping kalih, warninipun abrit nèm, lah punika ingkang sagêd nampi raos. Manawi kulit mlênthung, jalaran kenging latu utawi karbol, lajêng angêdalakên toya saking saantawisipun kulit ayam [a ...]

--- 15 ---

[... yam] lan kulit ing lêbêt, dados malênthunging kulit ayam punika, amargi kadêdêl ing toya wau, manawi ingkang mlêpuh punika dipun sudhèt, toya lajêng mêdal, lan nalika kasudhèt, botên karaos punapa-punapa, karaosipun sakit manawi panyundêpipun ngantos notog ing kulit ingkang nglêbêt.

Kulit ayam punika sagêd gêrang lan tansah gantos-gantos, ingkang punika upami kulit ing lêbêt botên anuwuhakên enggal, sampun têmtu kulit ayam punika sirna, kulit ayam ing dêlamakan lan ing èpèk-èpèk langkung kandêl tinimbang sanès-sanèsipun, awit saking asringipun kangge.

Kulit punika kathukulan wulu. Kulit ing lêbêt awujud plênthingan alit-alit sangêt sarta bolong. Ing pucuking plênthingan wontên ilèn-ilènipun alit sangêt ingkang anjog ing kulit ayam. Plênthingan ingkang makatên wau wontên kalih warni, inggih punika wadhah kringêt lan wadhah lisah. Saking plênthingan ingkang isi kringêt punika kringêt sagêd mêdal urut [uru ...]

--- 16 ---

[... t] ilèn-ilèn alit ingkang sampun kacriyos ing ngajêng, lan saking plênthingan wadhah lisah inggih mêdal lisahipun, lah punika sababipun dene kulit ing jawi punika sagêd kalimis lan gilap.

Tiyang ingkang lêma gadhah sap-sapan gajih ing salêbêting kulitipun.

3. Daging.

Manawi tiyang badhe angebahakên salah satunggiling anggota utawi peranganing badan, punika kêdah ngangge daging, daginging kewan kados ta: lêmbu, ayam lan ulam loh, punika katêdha ing tiyang, daging punika sajatosipun kalêmpakaning sêrat-sêrat ingkang sagêd mulur lan mangkêrêd. Wujudipun panjang lan abrit warninipun, bongkot lan pucukipun langkung agêng tinimbang bageanipun ing têngah-têngah, lan ingkang kathah ing pucukipun mawi otot, ing têmbung Walandi dipun wastani: pis, (pees) wulêd, warninipun pêthak, bongkoting [bongko ...]

--- 17 ---

[... ting] daging wau sami nèmplèk ing balung, manawi daging wau dipun panthêng, balung lajêng ebah, daging ingkang dipun panthêng wujudipun saya agêng lan kiyal, tiyang ingkang kiyal dagingipun inggih langkung rosa. Daging punika kenging dipun guladhi sagêdipun kiyat, inggih punika sarana dipun angge tumandang ingkang ajêg, daging ingkang awis kangge, wujudipun tipis lan kêndho.

4. Păncadriya.

Tiyang gadhah mripat punika pêrlunipun kangge ningali, kuping kangge mirêngakên, tuwin sapanunggilanipun, punika dipun wastani păncadriya, kêjawi kalih punika, wontên malih pirantos ingkang kangge ngambu, panggenanipun ing peranganing irung ingkang nginggil. Pirantos kangge ngraosakên lêgi gurih, panggenanipun ing poking ilat. Lan wontên malih pirantos ingkang kangge ngraosakên sakit lan sakeca, inggih punika kulit. Satunggil-tunggiling pirantos wau kacariyosakên rêringkêsanipun ing suwalik punika.

--- 18 ---

a. Mripat pirantos ningali.

Mripat punika wujudipun bundêr kêplêng, dunungipun ing cêlupaking mripat kablêbêd ing daging, inggih saking dayaning daging wau sagêdipun mripat punika ebah-ebah. Ing ngajênging mripat punika wontên kulitipun ingkang dipun wastani têlapukan, inggih punika pirantos kangge rumêksa lan angaling-alingi mripat. Manawi kakintên mripat punika badhe kalêbêtan rêrêgêd, têlapukan lajêng dipun rêmakên. Ewadene saking kirang pangatos-atos utawi botên sumêrêp, kala-kala mripat punika inggih kalêbêtan rêrêgêd, manawi makatên lajêng dipun usap-usapa mangandhap urut irung. Klayan patrap makatên limrahipun rêrêgêd wau sagêd mêdal.

Salêbêting cêlupakan mripat ing jawi lan ing nginggil punika wontên klinjêripun luh, limrahipun dipun wastani suluhan. Ing ngajêng sampun kapratelakakên bilih kringêt punika wêdalipun saking klinjêring kringêt utawi plênthinganing kringêt, makatên ugi êluh, inggih mêdal saking klinjêring [kli ...]

--- 19 ---

[... njêring] (klier) mripat utawi êpoking suluhan. Êluh punika tansah mili anêlêsi mripat sakojur, lajêng mili ngalêmpak ing suluhan ingkang wontên ing êpoking têlapukan ngandhap nginggil cêlak irung. Kala-kala êluh punika kathah sangêt wêdalipun ngantos botên sadaya sagêd malêbêt ing irung, manawi makatên, êluh wau lajêng wutah andêrodos mili ing têlapukan ngandhap. Botên sae manawi mripat punika kangge ningalana cahya ingkang ambalêrêngi, punapa malih kangge mandêng surya, awit sagêd anjalari wuta. Makatên ugi botên sae sangêt tiyang maos ngantos anjingglêng ing panggenan ingkang sawatawis pêtêng dados pêrlu ngangge kakiyataning paningal ingkang langkung saking mêsthi.

Wuta punika têrkadhang jalaran saking sakit mripat. Sêsakiting mripat ingkang gampil nular ing sanès punika warni-warni, tumularipun jalaran rêrêgêding mripat ingkang sakawit punika lumêbêt ing mripat ingkang saras.

Prayoginipun mripat punika sabên enjing dipun rêsikana ngangge toya ingkang bêning, sintên ingkang ngulinakakên [ngulinaka ...]

--- 20 ---

[... kên] ngrêsiki mripatipun lan botên kêsangêtan panganggenipun, sampun têmtu têbih saking sêsakit mripat.

b. Kuping pirantos mirêngakên.

Kuping punika pirantos mirêngakên, manawi para dhoktêr ngucapakên kuping utawi pirantos mirêngakên, punika atêgês langkung lêbêt malih, botên angêmungakên kuping ingkang katingal ing kiwa têngêning sirah kemawon. Ingkang katingal sakiwa têngêning sirah punika dipun wastani: kuping ing jawi, inggih punika peranganing kuping ingkang dumunung wontên ing jawi, sambêt kalihan bolonganing kuping utawi margining pamirêng, dene bolongan punika kapisah dening bangsaning kulit ingkang dipun wastani kêndhanganing kuping, inggih punika peranganing kuping ingkang lêbêt, dumunung ing salêbêting balung pilingan. Botên sae sangêt bolonganing kuping punika dipun uriki, sanadyan kuping punika kalêbêtan kewan alit utawi rêrêgêd, sampun pisan-pisan dipun uriki, langkung prayogi dipun tètèsi lisah ingkang rêsik utawi sêpiritus ingkang cuwèr wontêna saking kalih tigang tètès kemawon.

--- 21 ---

c. Pirantos angraosakên sakit lan sakeca.

Pirantos punika sumrambah ing kulit sadaya, manawi kulit kasenggol punapa-punapa, utawi ing lêbêt wontên sêsakitipun, utawi malih kataman ing asrêp tuwin bêbêntèr, têmtu karaos, makatên ugi bêntèring surya utawi latu, sanadyan botên nyenggol kulit, inggih karaos.

Kuliting badan sakojur punika botên sami kêrènipun, têgêsipun: wontên ingkang têngèn, lan wontên ingkang lembon anggènipun ngraosakên, upami pucuking dariji, punika langkung kêrèn tinimbang kulit ing gêgêr. Kulit ayam botên anggadhahi raos. Makatên ugi peranganing badan ing lêbêt, wontên ingkang sagêd ngraosakên, wontên ingkang botên.

d. Pirantos angraosakên lêgi gurih, ilat.

Pirantos punika dunungipun ing ilat, mila sarana

--- 22 ---

ilat tiyang sagêd ambedakakên raosing têtêdhan ingkang kêcut, lêgi, pait lan asin, manawi têtêdhan ingkang katêdha punika karaos botên eca, sampun têmtu lajêng kautahakên. Dados păncadriya raos punika suka pitêdah, têtêdhan lan ombèn-ombèn punapa ingkang kenging katêdha lan kaombe tuwin ingkang botên.

Sintên ingkang karêm nêdha têtêdhan ingkang pêdhês, punika botên sae raosing ilatipun.

e. Pirantos ngambêt.

Pirantos punika dumunung ing bolonganing irung ing têmbing nginggil.

Manawi tiyang badhe ngicipi têtêdhan, ingkang rumiyin têtêdhan wau kêdah kalêbêtakên ing cangkêm lajêng dipun kêcapi sagêda nyenggol dhatêng ilat, awit manawi botên makatên ilat botên sagêd ngraosakên, ananging pirantos ngêngambêt botên makatên, sanadyan saking katêbihan tiyang sagêd ngambêt punapa-punapa. Barang ingkang mawa ambêt [a ...]

--- 23 ---

[... mbêt] punika angêdalakên uwab ingkang botên kasat mata, uwab wau lajêng malêbêt ing irung, inggih patrap makatên wau jalaranipun tiyang sagêd ngambêt.

Manawi tiyang asring ngambêt samukawis ingkang pêngar utawi sangit, raosing pangambêt lajêng kirang landhêp, makatên ugi tiyang ingkang karêm sangêt udut.

5. Bab otot bayu.

Saèstunipun manawi namung păncadriya kemawon sakêdhik paedahipun tumrap manungsa, upami botên gandhèng (sambêt) kalihan utêk. Dene utêk punika peranganing badan ingkang êmpuk sangêt dumunung ing salêbêting cumplung, lan gandhèng kalihan sungsuming balung-balung gêgêr, inggih punika ula-ula. Sumsum wau kenging kaupamèkakên tangsul, agêngipun sajênthik urut ing ula-ula. Utêk lan sungsum punika katuwuhan otot bayu pintên-pintên, warninipun pêthak, rumambat ing badan sakojur, ngantos dumugi ing pirantosing păncadriya lan [la ...]

--- 24 ---

[... n] daging, otot bayu punika ing têmbung Walandi dipun wastani sèniwên (zenuwen) gambar ăngka 2.

Gambar 2.

[Grafik]

Wontên malih otot bayu kalih ingkang anggandhèng utêk kalihan mripat, punika dipun wastani bayuning mripat, lan wontên kalih malih ingkang satunggil-tunggilipun anggandhèng kuping kalihan utêk, punika dipun wastani bayuning kuping. Manawi namung mripat thok tiyang botên sagêd ningali, milanipun kêdah wontên bayu ingkang gandhèng kalihan utêk, makatên ugi gandhèng-gumandhènging păncadriya sanès-sanèsipun. Dados păncadriya punika [puni ...]

--- 25 ---

[... ka] gunanipun kangge nyumêrêpi samukawis, amêmikir lan kangge angwontênakên kêkajêngan utawi pêpenginan.

Manawi tiyang badhe ngebahakên suku ngangge daginging kempol, sampun têmtu daging wau kêdah dipun pangkêrêdakên. Ing sadèrèngipun suku kaebahakên, ing utêk sampun wontên pikajêngan angebahakên, punika ingkang suka parentah dhatêng daginging kempol, ing ngriku daging lajêng mangkêrêd, salajêngipun tumandang lumampah, la punika sababipun dene daging punika dipun gandhèng kalihan sungsum ing balunging ula-ula dening bayu, awit ula-ula inggih gandhèng kalihan utêk. Manawi bayunipun pêdhot utawi risak, sampun têmtu tiyang botên sagêd ngangge dagingipun malih kangge angebahakên sukunipun, makatên ugi tumrapipun daging sanès-sanèsipun tuwin păncadriya, daging utawi bayu ingkang makatên kawontênanipun dipun wastani pêjah. Supados utêk lan bayu punika tansah sêgêr lan saras, kêdah tansah dipun solahakên sapêrlunipun, kêdah tansah dipun wiwekani lan dipun sumêrêpi samukawis lêlampahan [lê ...]

--- 26 ---

[... lampahan] ing sakubêngipun badan kita punika, punapa malih kêdah kamanah-manah, punapa sababipun dene têka makatên kadadosanipun. Makatên ugi daging, pêrlu dipun patrapakên ing sapantêsipun.

6. Lampahing êrah.

Êrah punika wujud ingkang cuwèr, warninipun abrit, sumarambah ing badan sakojur, mili urut otot kawat lan otot toya, inggih punika otot ingkang alus-alus, ingkang limrah ugi dipun wastani otot bayu, saking alit lan alusipun, ngantos botên kenging dipun tingali ing mripat.

Ing salêbêting perangan badan ingkang pêjah, kados ta: rambut, wulu lan kuku: ingkang sami wontên sajawining kulit, punika botên wontên êrahipun, makatên ugi ing kulit ayam. Lan ing perangan-peranganing badan ingkang kasêbut wau botên wontên bayunipun, mila botên gadhah raos.

Êrah punika paedah sangêt tumrap gêsanging manusa, mila kêdah [kê ...]

--- 27 ---

[... dah] ajêg ilinipun ing badan sakojur ambêkta hawa enggal saking kêbuk, lan saking têtêdhan salêbêting wadhuk agêng lan wadhuk alit dhatêng saranduning badan. Makatên ugi êrah punika inggih anyingkirakên sadaya barang ingkang botên maedahi tumrap ing badan, măngka lumêbêt ing êrah rumasuk dhatêng bêbayu ingkang lêmbat-lêmbat, barang wau kèli ing êrah dhumawah ing klinjêr. Klinjêr punika padamêlanipun botên sanès kajawi namung ambucal sadaya barang ingkang sampun botên kangge, upami impês lan klinjêring kringêt.

Dununging jantung punika wontên salêbêting dhadha, ing saantawisipun paru utawi kêbuk. Jantung punika minăngka pompa ngisêp êrah, jalaran saking punika, êrah lajêng mili ing otot ilèn-ilèning êrah, inggih punika otot athik-athik, salajêngipun sumarambah ing saranduning badan: gambar ăngka 3, sasampunipun makatên êrah wau lajêng mili wangsul urut otot sanès.

Êrah ingkang wontên salêbêting otot kapisan puni-

--- 28 ---

Gambar 3

[Grafik]

ka lajêng lumêbêt ing otot toya utawi bayu ing badan sakojur, sasampunipun makatên lajêng mili wangsul ngalih [nga ...]

--- 29 ---

[... lih] urut ing otot sanès anjog ing jantung malih. Sarining têtêdhan lan hawa ingkang taksih sae ingkang kabêkta êrah wau sasampunipun katampi otot toya lajêng mili ing kulit migunani ing badan sadaya. Dene ingkang botên migunani wangsul ing êrah malih. Awit ingkang makatên punika, êrah ingkang taksih rêsik wau lajêng dados rêgêd.

Otot bayu punika tipis sangêt kulitipun, mila inggih gampil bênthèt utawi pêcahipun, asring kêlampahan otot lêmbat margining êrah ing mripat, rêntêng utawi pêcah, katitik pêthaking mripat asring katingal abrit saking kakêbakan êrah. Makatên ugi otot êrah ing irung, kala-kala inggih pêcah, irung lajêng mêdal rahipun, inggih punika ingkang dipun wastani: mimisên.

Jantung punika kaperang dados sêkawan singgêtan, inggih punika: singgêtan kiwa, kamar kiwa, singgêtan têngên lan kamar têngên: ing kuliting singgêtan lan kamar wau wontên dagingipun ingkang sagêd mêlar mingkus. Sapunika suwawi dipun upamèkakên, [u ...]

--- 30 ---

[... pamèkakên,] bilih salah satunggiling peranganing jantung punika, kados ta: kamar kiwa, kêbak êrah, lan kula lajêng ngêtutakên lampahing êrah satètès kemawon ing badan kula sakojur: gambar ăngka 3 lan 4.

Manawi daging kamar kiwa wau mimpês, sampun têmtu êrah ing lêbêtipun lajêng kapipit, dene margi wêdaling êrah ingkang kapipit wau namung satunggil, inggih punika otot êrah agêng ingkang dipun wastani: aorta (aorta), dene kori sanès, inggih punika ingkang dumunung ing antawisipun kamar kiwa lan singgêtan nginggil ingkang dipun langkungi êrah ingkang badhe lumêbêt ing kamar wau mawi tutup ingkang dipun wastani sêntil. Sêntil punika namung sagêd mênga nyisih kados kori. Dene aorta botên têbih saking jantung lajêng ngêpang kathah, êpang ingkang satunggil mangandhap purugipun anglangkungi badan ngantos dumugi ing suku, dene sanèsipun malih wontên ingkang dhatêng sirah lan wontên ingkang dhatêng lêngên tangan. Otot margining êrah ingkang mili saking jantung punika ing têmbung Walandi dipun wastani: slahadêrên (slagaderen) inggih punika otot êrah. Dene

--- 31 ---

aorta punika otot êrah ingkang agêng piyambak, [babon] lan ing têmbung Walandi dipun wastani: likhamsêslahadêr (lichaamsslagader).

Otot êrah punika tansah ngêpang alit-alit ngantos dados otot ingkang alus-alus ing badan sakojur, salajêngipun otot ingkang alus punika ngêpang malih dados otot bayu ingkang botên katingal.

Manawi êrah punika sampun mili urut otot bayu, ingkang wontên badan sadaya, lajêng wangsul lumêbêt ing otot êrah ingkang kasar, otot punika kêdadosanipun saking têmpukaning otot-otot bayu ingkang lajêng ngêmpal dados satunggil. Otot kasar punika inggih lajêng têmpuk malih dados satunggil kalihan golonganipun ngantos dangu-dangu lajêng dados otot ingkang langkung agêng dados margining êrah wangsul ing jantung. Sadaya otot ingkang dados margining êrah wangsul ing jantung punika, ing têmbung Walandi dipun wastani: adêr, ing wêkasan, adêr sadaya wau lajêng têpang dados, [da ...]

--- 32 ---

[... dos,] adêr kalih ingkang sakêlangkung agêng, ing têmbung Walandi dipun wastani: holadêr (holader) lan kêkalihipun lajêng lumêbêt ing singgêtan jantung têngên, inggih punika ingkang dipun wastani: furkamêr (voorkamer), sasampunipun singgêtan wau kêbak êrah, daging ingkang wontên ing kulitipun lajêng mêthênthêng, êrah wau lajêng kapipit, ananging êrah punika botên sagêd mili wangsul ing holadêr, awit punika inggih sampun kêbak êrah malih ingkang enggal, lan malih ing saantawising êpang-êpangipun sami wontên sêntilanipun ingkang namung sagêd mênga saingêr kemawon, jalaran saking punika êrah wau inggih namung sagêd mili dhatêng sapêrnah.

Saking furkamêr utawi singgêtan têngên, êrah punika lajêng mili ing kamar têngên. Manawi punika sampun kêbak êrah, lajêng mingkup, jalaran saking punika êrah lajêng katulak, salajêngipun lumêbêt ing kêbuk langkung ing slahadêr. Wangsul dhatêng furkamêr saking kamêr botên sagêd, awit lompongan ingkang wontên ing saantawisipun singgêtan [singgêta ...]

--- 33 ---

[... n] kalih punika katutup ing sêntilan ingkang namung sagêd mênga saingêr: gambar ăngka 4.

Gambar 4

[Grafik]

Sasampunipun êrah punika angisêp hawa enggal ing kêbuk, lajêng mili malih dhatêng singgêtan kiwa. Kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, wontên ing ngriki êrah punika inggih botên sagêd wangsul, awit katulak dening sêntilan ingkang namung sagêd mênga sasisih punika.

Manawi daging ing jantung punika kiyat lan ajêg lampahipun, sampun têmtu lampahing êrah ingkang nyarambahi ing badan inggih saya sae. Lah inggih punika isarat ingkang

--- 34 ---

utami piyambak tumrap kasarasaning badan. Manawi tiyang mlajêng utawi nyambutdamêl awrat, kêduting jantung saya rikat, lan lampahing êrah ing badan inggih saya santêr.

Kêtêging jantung lan kêdutipun anulak êrah punika sabên-sabên mênut botên ajêg, lare alit langkung kêrêp kêtêgipun katimbang kalihan tiyang ingkang sampun diwasa. Kêrêping kêtêg punika kenging kaetang sarana anggrayangi dhadha sangandhaping susu kiwa.

Adêr-adêr punika dunungipun ing badan langkung cêpak tinimbang slahadêrên, jalaran saking punika adêr-adêr wau katingal kemawon saking jawi, kados ta ingkang wontên ing gigiring tangan, ananging slahadêr botên, otot-otot punika namung wontên kalih tigang panggenan ingkang cêpak mèh ing kulit, kados ta ing gêlanganing tangan ênêring jêmpol, ing gulu. Ing slahadêr ingkang wontên gêlanganing tangan punika kêdutipun êrah kenging dipun raosakên cêtha. Sabên jantung punika andhawahakên êrah ing slahadêr, kenging dipun tingali saking kêdut ing slahadêr wau kemawon. Manawi slahadêr punika dipun [di ...]

--- 35 ---

[... pun] pêdhot sampun têmtu lajêng mili êrah sumêmbur abrit ênèm warninipun, ananing manawi adêr ingkang dipun pêdhot, êrah ingkang mêdal punika botên sagêd mili sumêmbur, wangsul namung pating pêrêntul lan abrit sêpuh warninipun.

7. Bab napas

Sok tiyanga sampun sami sumêrêp bilih manusa lan sadaya titah ingkang gadhah nyawa punika botên sagêd gêsang manawi tanpa napas. Manawi napas punika dipun pêgêng, dhadha lajêng karaos sêsêg, kados-kados badhe pêjah jalaran kêplêpêkên, ananging manawi ngunjal ambêkad[1] malih, lajêng karaos lêga. Manawi tiyang narik napas, hawa rêsik ingkang katiyup lajêng lumêbêt ing kêbuk lan wontên sawatawis ingkang dhatêng êrah, ing sarèhning êrah punika mili ing badan sakojur, mila hawa rêsik wau inggih sumarambah ugi.

Êrah ingkang wangsul saking bayu-bayu dhatêng jantung malih punika ambêkta hawa ingkang sampun kangge, mila inggih rêgêd. Hawa ingkang rêgêd punika saking jantung lajêng lumêbêt ing kêbuk, [kê ...]

--- 36 ---

[... buk,] ing ngriku hawa ingkang sampun kangge wau lajêng kawêdalakên dening êrah, wangsulipun êrah ambêkta hawa enggal ingkang rêsik. Inggih jalaran makatên wau êrah punika lajêng rêsik malih. Dados têtela sangêt narik napas punika paedahipun amradinakên hawa rêsik ing badan sakojur. Rintên dalu tiyang punika tansah ambêkan, ananging rikatipun botên sagêd ajêg, manawi kêsangêtên panganggening dagingipun, kados ta: kangge mlajêng, minggah rêdi, sampun têmtu napasipun ngangsur sangêt. Ngangsuring napas punika tarkadhang anjalari kirang cêkapipun hawa ingkang lumêbêt ing êrah, mila manawi makatên, kêdah kakèndêlna rumiyin angaringakên napas, sagêda ajêg malih ambêkanipun, ajêging ambêgan wau anjalari hawa sagêd waradin ing badan sakojur.

Botên beda kalihan kewan ingkang nusoni, rongkonging manusa punika ugi kaperang dados kalih sarana kêndhangan ingkang malêmbung, ing têmbung Walandi dipun wastani: midhêlrif (middelrif), singgêtan ing nginggil dipun wastani rongkonging dhadha, ing ngandhap rongkonging wêtêng, rongkong-

--- 37 ---

Gambar 5

[Grafik]

nging dhadha wau kadunungan kêbuk lan jantung: gambar ăngka 5, dene paru-paru utawi kêbuk punika kagandhèng kalihan gulu sarana margining napas. Margining napas wau awujud balung ênèm kados gêlang gêrêt-gêrêt, punika kenging dipun gêrayahi, milanipun makatên, supados sampun ngantos kabunton jalaran kêpijêt. Margi napas ingkang nginggil piyambak dipun wastani gorokan, punika kukuh sangêt. Awit kêdadosan saking kêmpalaning balung ênèm ingkang agêng-agêng, dene gorokan punika paedahipun kangge nyuwara.

Manawi napas punika êpang kalih, kiwa lan têngên, satunggil-tunggilipun ngêpang malih, makatên salajêngipun ngantos angwontênakên êpang ingkang alit-alit sangêt,

--- 38 ---

atusan cacahipun. Dene pucuking êpang ingkang alit-alit punika sami katutupan dening plêmbungan utawi impês ingkang lêmbat sangêt, punika dipun wastani plêmbungan kêbuk, ing têmbung Walandi: longblasyês (longblaasjes) cacahipun kathah sangêt lan langkung alit tinimbang wêdhi sapringkil. Sadaya plêmbungan wau sami kabungkus ing kulit lan kêmpalipun sadaya lajêng amujudakên kêbuk.

Kuliting plêmbungan wau tipis sangêt ananging kiyat, punika dipun langkungi bayu-bayu margining êrah. Hawa ingkang kasêrot sarana irung lan cangkêm, ing sakawit lumêbêt ing gulu, saking ngriku lajêng mlêbêt malih ing longblasyês langkung rongkong lan margi napas. Lêbêting hawa saking jawi dhatêng badan punika langkung sae madal ing irung tinimbang ing cangkêm, awit lêbu ingkang katut ing hawa punika manawi langkung ing irung lajêng kasanggrok ing kulit plikêt ingkang wontên salêbêting irung, dados manawi mêdal ing ngriku hawa wau sampun kasaring irung. Sangsaya rêsik hawa ingkang lumêbêt ing longblasyês punika, sangsaya agêng paedahipun tumrap ing kasarasaning badan, awit manawi lêbu [lê ...]

--- 39 ---

[... bu] kêlajêng lumêbêt, sampun têmtu lajêng nèmplèk ing êlêd-êlêd, anjalari sakiting margi napas.

Hawa ingkang wontên salêbêting longblasyês punika prasasat gathuk kalihan êrah ingkang wontên ing bayu-bayu ingkang kacriyos ing ngajêng, pisahipun namung sarana kaêlêtan dening kuliting bayu ingkang nglêmir sangêt. Êrah punika anyêrot hawa ingkang rêsik wau, kapurih sirstofipun (zuurstof) tumus ing kulit ingkang nglêmir sangêt wau, saha ngêdalakên hawa ingkang sampun kangge ing têmbung Walandi dipun wastani: kolsirgas: (koolzuurgas) lajêng kabucal ing longblasyês, hawa punika lajêng mêdal saking kêbuk, inggih punika ingkang dipun wastani wêdaling napas.

Samangke wontên pitakenan: punapa sababipun hawa punika lumêbêt ing badan, lan kadospundi mêdalipun malih:

Plêmbungan ing jantung, inggih punika ingkang misah rongkonging dhadha lan wêtêng, punika mawi daging ingkang sagêd mêlar mingkup, manawi daging punika mêlar, plêmbunganing jantung inggih waradin, lan rongkonging dhadha inggih saya lêga, wadhuk agêng [a ...]

--- 40 ---

[... gêng] lan limpa ingkang wontên rongkonging wêtêng lan ingkang cêlak sangêt kalihan plêmbungan jantung punika radi mêngkêluk sakêdhik mangandhap, kêkalihipun sami mipit wadhuk ênèm, jalaran saking punika wêtêng katingal lajêng ambalêndhuk mangajêng lan malêmbung.

Manawi rongkongan dhadha lêga, hawa saking jawi lajêng mlêbêt lan angisèni longblasyês ingkang kiyat wau ngantos kêbak. Manawi wêtêng kêmpès malih, wadhuk agêng lan limpa wau lajêng wangsul ing panggenanipun lami, rongkonging dhadha lajêng sêrak malih, hawa ingkang wontên ing kêbuk lajêng kêpijêt, lan longblasyês kêmpès. Manawi tiyang narik napas panjang, rongkonging dhadha kajunjung sakêdhik ambadhodhok, manawi dhadha dipun grayahi punika katingal cêtha sangêt kawontênanipun bilih èstu lêrês makatên.

Jalaran saking punika, kirang prayogi sangêt manawi mêlar mingkusing dhadha punika kêpalangan, upaminipun tiyang ingkang ngulinakakên sabukan kêncêng sarta kathah ubêtipun, salajêngipun ugi kirang sae dhatêng lampahing napas, dados sadaya barang pangangge ingkang mipit sangêt [sangê ...]

--- 41 ---

[... t] dhatêng badan punika inggih anyuda dhatêng kasarasaning badan.

Napas ingkang mêdal saking badan punika awon sangêt, mila hawa ing salêbêtipun kamar kaangkaha sagêdipun tansah gantos ingkang rêsik, langkung-langkung sênthong patilêman, punika kêdah kapara agêng lan wontên margining hawa cêkap.

Ing ngajêng sampun kacriyos manawi hawa ingkang kathah lêbunipun punika awon sangêt manawi lumêbêt ing napas, ananging langkung ambêbayani malih manawi kêluking rokok punika mlêbêt ing kêbuk, awit punika ambêkta racun ingkang lajêng sagêd sumêbar ing badan sakojur.

Tiyang ingkang kulina nyambutdamêl ingkang ènthèng-ènthèng, têgêsipun tanpa ngêdalakên kakiyatan, kados ta: namung maligi ing kantoran kemawon, sampun têmtu napasipun kirang panjang. Mila prayoginipun sabên dintên angêbahna badan, pikantukipun longblasyês sagêd malêmbung lan badan lajêng kêbak hawa ingkang rêsik. Mlampah-mlampah, [Mlampah- ...]

--- 42 ---

[... mlampah,] olah tênaga lan sanès-sanèsipun punika pêrlu sangêt, awit punika nglandhungakên napas.

Badanipun tiyang punika mèh ajêg kemawon bêntèripun: 35,5º-37º sanajan sadintên-dintênipun botên sami, ananging ing badanipun tiyang ingkang kasarasan botên sapintêna minggah mandhapipun. Ing wanci enjing bêntèring badan kirang tinimbang kalihan ing wanci sêrap lan dalu, manawi bêntèring badan langkung saking 37,5º tiyang punika dipun wastani kenging sakit bêntèr. Pirantos ingkang kangge ningali bêntèring badan punika dipun wastani: kurêtsêtèrmomètêr (koortsthermometer) êtrapipun kakêmpit utawi kalêbêtakên ing ngandhaping ilat.

8. Bab nêdha lan ngombe.

Murih sagêdipun gêsang, badan punika pêrlu katêdhanana lan kaombènana. Manawi tiyang botên nêdha utawi botên cêkap anggènipun nêdha, sampun têmtu badanipun kêra.

Kulit ayam punika kala-kala angglodhogi, lajêng [la ...]

--- 43 ---

[... jêng] tuwuh malih ingkang enggal. Makatên ugi kêdadosanipun peranganing badan ing lêbêt.

Kuku sarta rambut, bilih kakêthok, botên dangu lajêng tuwuh malih. Ing badan sakojur punika tansah wontên perangan-peranganipun ingkang ical, lajêng gantos enggal. Kawontênan ingkang makatên wau ing têmbung Walandi dipun wastani: sêtofisêling (stofwisseling) gantos badan.

Botên sadaya wujud kenging katêdha, kados ta wêdhi lan sela, punika dede têtêdhaning manusa. Kathah kemawon barang ingkang sagêd ngrisakakên badan utawi anjalari pêjah, kados ta: racun, têtuwuhan ingkang mawa racun wisa. Têtêdhan ingkang dipun têdha punika botên lajêng sagêd anggantos peranganing badan ingkang ical wau. Ingkang rumiyin kêdah marambah-rambah gantos sipatipun. Manawi tiyang nêdha sêkul, tigan, ngombe susu lan sapanunggilanipun, ing têmbe barang-barang punika sami dados: balung, kuku, rambut, utêk lan sanès-sanèsipun.

--- 44 ---

Samukawis ingkang migunani ing badan ingkang saking têtêdhan punika kêdah kawradinakên ing badan sakojur, dene ingkang mradinakên, inggih punika êrah. Sarising têtêdhan punika kaisêp ing êrah lajêng kawradinakên ing badan sakojur, kailèkakên ing bayu-bayu.

Barang-barang ingkang migunani ing badan ingkang saking têtêdhan punika kaisêp dening margining êrah ingkang wontên kuliting wadhuk agêng lan wadhuk ênèm, ananging sakawit kêdah kaêjur rumiyin dening pirantos pangêjuring têtêdhan, ingkang ing têmbung Walandi dipun wastani: sêpèisfirtèring organ (spijsverteerings orgaan) ngantos tatêdhan wau wujudipun kados êjèr-êjeran gêndhis.

Pirantos punika sampun kapratelakakên, minăngka pangajêng inggih punika cangkêm. Tumraping tiyang ingkang sampun diwasa, salêbêting cangkêm wau wontên untunipun: 32, dene mênggah ing lare namung: 20. Untu lare punika kalane larenipun umur: 6 dumugi 13 taun, sagêd pupak sarta thukul.

Êbam ing pungkasan piyambak ingkang ugi dipun wastani

--- 45 ---

êbam wêkasan punika, tuwuhipun manawi tiyang sampun umur: 20 taun utawi langkung.

Ing têngah-têngahing gusi ngandhap lan nginggil sami kathukulan untu nyêkawan ajêng-ajêngan, wujudipun kados tatah, ing kiwa têngênipun kalih pisan wontên siyungipun nyatunggil lan êbam gangsal, êbam ingkang kalih sanajan taksih lare inggih sampun wontên, ananging ingkang tiga punika nama untu sêpuh.

Untu punika wujud balung, peranganing untu ingkang katingal punika kasêlut ing wujud ingkang atos lan gumêbyar kilat-kilat, kados kaca, punika ing têmbung Walandi dipun wastani: email (email) utawi glasir (glazuur) ing lêbêting untu wontên bolonganipun ingkang kadunungan otot bayu lan bayuning êrah.

Têtêdhan punika sagêdipun lêmbat manawi dipun mamah rumiyin, têtêdhan ingkang botên sagêd ajur kamamah, punika botên wontên paedahipun ing badan, lajêng kawêdalakên dening wadhuk ênèm. Mamah têtêdhan ngantos alus punika ingkang pêrlu sangêt, lah inggih punika [puni ...]

--- 46 ---

[... ka] paedahing untu ingkang kiyat, dene ingkang sagêd ngrisakakên untu punika samukawis ingkang bêntèr lan asrêp sangêt ingkang tumandukipun ngagèt. Untu punika kêdah kaupakara ingkang rêsik, sabên-sabên dipun kêmoni lan dipun sikat ngangge sikat ingkang alus.

Ing nalika têtêdhan wau dipun mamah, lajêng kamomoran idu ingkang mêdal saking klinjêripun, inggih punika klinjêr idu, dunungipun ingkang kathah ing gusi kiwa têngên, ing wingking lan ing ngandhap. Manawi tiyang nêdha têtêdhan garing kêkathahên, upami bêskuwit, idunipun enggal têlas, ing wêkasan têtêdhan ingkang kamamah kantun botên sagêd angsal idu cêkap, satêmah tiyang wau kêsêrêtên, têtêdhan angèl kaulu.

Kajawi punika: idu inggih minăngka jantu ngêjurakên têtêdhan. Kathah têtêdhan ingkang alusipun namung sarana idu, lajêng klêbêt ing wadhuk agêng lan ênèm salajêngipun ing êrah.

Manawi tiyang nênêdha mawi ngombe kathah, sampun têmtu idu ingkang kolu mlêbêt ing padharan namung sakêdhik, dados [dado ...]

--- 47 ---

[... s] têtêdhan wau inggih kirang sae ajuripun. Idu ingkang kawêdalakên punika botên sae, wujudipun rêgêd angênêk-ênêki, makatên ugi manawi dipun idokakên ing jêrambah, utawi palinggihan, punika andadosakên rêgêding panggenan wau. Kêjawi punika wontên malih awonipun idu punika kawêdalakên, bab punika ing wingking badhe kapratelakakên.

Manawi têtêdhan sampun kalêbêt ing cangkêm, lajêng kaumbal dening ilat ing antawisipun êbam, ing ngriku lajêng kamamah salajêngipun kaulu mlêbêt ing êlêd-êlêd, nalika ngulu têtêdhan wau kalamênjing minggah sakêdhik, punika kenging kanyatakakên sarana anggrayang gurung. Dening ebahing kalamênjing wau gurung lajêng katutup, tutup punika ing têmbung Walandi dipun wastani: sêtrottênklepyê, (strottenklepje) gambar ăngka 6.

Gambar 6

[Grafik]

--- 48 ---

Jalaran saking punika têtêdhan botên sagêd mlêbêt ing padharan anglangkungi rongkong ing dhadha ingkang dumunung ing wingkinging margi napas wau.

Wadhuk agêng punika dunungipun botên mèpèt kalihan jantung kiwa jalaran kaêlêtan plêmbungan ingkang sampun kacriyos ing ngajêng. Wadhuk agêng punika isi băngsa toya kêcut raosipun, ing têmbung Walandi dipun wastani: mahsap (maagsap) mêdalipun saking klinjêr-klinjêr ingkang wontên ing ngriku. Sarèhning wadhuk agêng punika tansah ebah, mila têtêdhan ingkang wontên ing lêbêtipun inggih tansah kaulêt kalihan mahsap wau, dados mahsap punika ugi tumut angêjur têtêdhan. Saking ngriku têtêdhan lajêng ngalih anjog ing wadhuk ênèm.

Ing rongkonging wêtêng têmbing nginggil ing sisih têngên, punika dununging limpa, inggih punika ingkang ngêdalakên toya ampêru lajêng mlêbêt ing wadhuk ênèm kapisan anglangkungi satunggiling kalenan, lajêng awor kalihan têtêdhan. Kajawi punika ugi wontên malih bangsaning toya ingkang minăngka jantuning têtêdhan, inggih punika ingkang dipun [di ...]

--- 49 ---

[... pun] wastani ing têmbung Walandi: alflisap (alvleeschsap) toya punika mêdal saking alfisklir, inggih punika peranganing badan ingkang nèmplèk ing wadhuk agêng, saking ngriku lajêng mili ing wadhuk ênèm perangan kapisan ugi. Wontên malih toya jantuning têtêdhan ingkang mêdal saking usus ênèm, ingkang kawastanan ing têmbung Walandi: dharêmsap (darmsap), dados toya ingkang dados jantuning têtêdhan punika wontên gangsal, inggih punika: idu, toya wadhuk, toya rêmpêlu, toya daging lan toya usus. Ingkang botên ajur dening sadaya punika lajêng kawêdalakên dening wadhuk ênèm.

Têtêdhan ingkang sampun luluh punika lajêng mlêbêt ing êrah nglangkungi kulit wadhuk kalih-kalihipun, salajêngipun kabêkta êrah sumarambah ing badan sakojur. Manawi luluhan utawi sarining têtêdhan wau dumugi êpoking kuku, inggih lajêng dados têtêdhaning kuku [badhening kuku], makatên ugi sari ingkang dhatêng ing poking rambut, ugi lajêng nuwuhakên rambut, dados sadaya peranganing badan ingkang ical utawi gêrang jalaran asring kangge, punika [puni ...]

--- 50 ---

[... ka] sagêd tuwuh malih dening sarining têtêdhan. Ananging botên cêkap manawi namung sarana sarining têtêdhan punika kemawon, saèstunipun inggih kêdah kacampuran hawa ingkang rêsik. Inggih kêkalih punika ingkang kabêkta dening êrah dados badhening badan.

Saking têtêdhan ingkang dados badhening badan enggal punika tansah wontên langkunganipun ingkang botên kangge, punika botên maedahi tumrap ing badan, malah sok ngawontênakên barang sanès ingkang sagêd ngrisakakên badan, ing măngka sadaya punika dumunung ing êrah, mila pêrlu sangêt êrah punika dipun rêsiki, dene ingkang ngrêsiki inggih punika ginjêl, klinjêring kringêt, makatên ugi kêbuk, punika inggih angrêsiki êrah, awit sagêd angêdalakên hawa ingkang botên kangge, inggih punika kulsirgas.

Ginjêl punika dunungipun ing wêtêng tumèmplèk ing balung gêgêr lan iga wêkasan, inggih ginjêl punika ingkang nyêrot sadaya sari-sari ingkang sagêd angrisakakên badan ingkang wontên ing êrah, punika amor kalihan [ka ...]

--- 51 ---

[... lihan] toya lajêng amujudakên uyuh ngalêmpak ing impês sarta mêdal saking badan.

Makatên ugi plênthingan kringêt ingkang wontên ing kulit (impês alit-alit wadhah kringêt) punika inggih ngisêp sari ingkang botên kangge ing salêbêting êrah. Kringêt punika toya rêgêd ingkang kawoworan wujud warni-warni, mila ambêtipun inggih botên eca.

Saèstunipun ingkang maedahi sangêt dhatêng kasarasaning badan punika namung gilinganing têtêdhan ingkang ajêg lan sae lampahipun, mila inggih pêrlu sangêt kaupakara murih ajêgipun sae. Jalaran saking têtêdhan ingkang ajur ing wêtêng, utawi saking kêtuwunkên,[2] utawi nênêdha ingkang pêdhês-pêdhês sangêt, gilinganing têtêdhan punika lajêng kirang sae [sakit], namung nênêdha ingkang cêkapan ingkang dados sarananing anjagi saening gilingan wau, supados isining padharan sampun alum. Karisakan ingkang makatên punika ingkang ngawaki sok botên nyumêrêpi, sumêrêpipun manawi sampun sangêt, botên [botê ...]

--- 52 ---

[... n] kenging kaajêng-ajêng malih sarasipun. Têtêdhan ingkang bêntèr lan asrêp sangêt punika inggih angrisakakên kasarasaning badan.

9. Bab Têtêdhan.

Pêrlu sangêt tiyang punika nyumêrêpi têtêdhan ingkang kenging katêdha lan migunani ing kasarasaning badan, kêrêp kemawon tiyang nêdha têtêdhan ingkang botên sagêd ajur ing wadhuk, dados sarinipun botên sagêd lumêbêt ing êrah. Têrkadhang inggih wontên barang ingkang klêbêt ing badan ingkang namung angrisakakên, upami racun.

Supados têtêdhan punika gampil ajuripun wontên ing salêbêting wêtêng, ing sakawit têtêdhan wau kêdah dipun ratêngi utawi dipun olah, uwos ingkang dèrèng dipun êdang manawi kolu sampun têmtu botên sagêd ajur, dados punika inggih botên migunani ing badan.

Makatên ugi kulit woh-wohan ingkang atos lan wulêd, kados ta: kulit kacang, jagung sapanunggilanipun, punika inggih botên sagêd ajur, dene ingkang migunani [mi ...]

--- 53 ---

[... gunani] dados têtêdhaning badan punika samukawis ingkang isi gangsal prakawis kados ing ngandhap punika:

1. Pêthaking tigan, ing têmbung Walandi dipun wastani: èiwit (eiwit) inggih punika kawujudan ingkang wontên salêbêting tigan lan ing daging ingkang tanpa gajih.

2. Lisah lan gajih ingkang pinangkanipun saking têtuwuhan, upami lisah klapa lan ingkang saking sato kewan, upami mêrtega.

3. Glêpung sari, ing têmbung Walandi: sètmil. Inggih punika kawujudan ingkang wontên salêbêting wos, gandum, ingkang kangge roti, lan kacang.

4. Toya.

5. Wujud sanès-sanèsipun, upami sarêm lan gamping.

Gamping punika paedahipun anyêpuhakên balung ênèm.

Manawi gamping ingkang wontên ing têtêdhan botên anyêkapi kathahipun, sampun têmtu balung ênèm wau botên sagêd atos dados balung sêpuh. Jalaran nêdha ron-ronan, [ro ...]

--- 54 ---

[... n-ronan,] badan lajêng angsal sarêm warni-warni, ing têmbung Walandi dipun wastani: soutên (zouten) sabab saking punika manawi damêl têtêdhan awujud janganan lan lalaban, sampun ngantos kêkathakên toyanipun.

Tadhahing têtêdhan lan ombèn-ombènipun tiyang Jawi ingkang dawêg padamêlanipun, kintên-kintn kados ing ngandhap punika:

Èiwit: 70 gram, gajih: 25 gram, sètmil: 400 gram, toya: 2000 gram, sarêm lan wujud sanès-sanèsipun: 15 gram. Băngsa Eropah tadhahipun èiwit limrahipun langkung kathah tinimbang băngsa Jawi, ananging sètmil kirang.

Tiyang ingkang dèrèng sumêrêp nalaripun, têmtu gumun manawi dipun cariyosi bilih toya ingkang kaombe sadintên-dintênipun punika ngantos: 2 kilogram kathahipun.

Kawuningana, toya ingkang klêbêt ing wêtêng punika botên angêmungakên ingkang kaombe kemawon. Kathah kemawon têtêdhan, upami janganan lan woh-wohan, [woh-woha ...]

--- 55 ---

[... n,] daging lan sêkul punika sami angêmu toya langkung kathah tinimbang têtêdhan sanès-sanèsipun.

Makatên ugi badanipun tiyang, saèstunipun ingkang tigang pra gangsal perangan saking toya pinangkanipun.

Supados badan punika agsal èiwit, gajih lan sètmil ingkang cêkap, pêrlu sangêt tiyang punika nêdha têtêdhan warni-warni.

Ing ngandhap punika kapratelakakên kathahing wujud-wujud ingkang wontên salêbêting têtêdhan satunggil-tunggilipun:

Pratelan isining warni-warni têtêdhan, ing dalêm: 100 gram wawratipun.

[Grafik]

--- 56 ---

[Grafik]

--- 57 ---

Manut pratelan punika, nyata sangêt bilih ingkang kathah èiwitipun punika têtêdhan ingkang pinangkanipun saking sato kewan, dene ingkang kathah sètmilipun punika têtêdhan ingkang pinangkanipun saking têtuwuhan.

Manawi daging dipun godhog utawi dipun gorèng, toya ingkang wontên ing lêbêtipun lajêng mêdal, amila bobotipun lajêng kirang, ananging manawi wos dipun bêthak, malah ambêdhodhok, awit angisêp toya, wos ingkang sakilogram [sakilogra ...]

--- 58 ---

[... m] wawratipun manawi sampun dados sêkul, wawratipun mèh lajêng dados kalih kilo.

Manawi tiyang namung nêdha têtêdhan ingkang tanpa èiwit kemawon, sampun têmtu botên sagêd gêsang, dene manawi wontên kirangipun saking: 70 gram ing dalêm sadintên, kados ingkang sampun kacriyos ing ngajêng, punika kenging kemawon, sok ugi gajih utawi lisah lan sètmilipun dipun kathahi. Supados tiyang sagêd kalêbêtan sètmil: 400 gram kathahipun, punika kêdah nêdha sêkul mèh sakati wawratipun, ananging manawi ngantos samantên kathahipun, sampun têmtu kêtuwukên.

Têtêdhan ingkang băngsa kacang punika kathah isinipun èiwit, ananging inggih wontên ingkang kathah lisahipun, kados ta: kacang cina. Wangsul băngsa ron-ronan lan woh-wohan punika ingkang kathah toyanipun, ananging tumraping badan janganan lan woh-wohan punika sae sangêt kakulinakakên sabên dintên.

Toya susu tiyang punika isi warni-warni wujud ingkang migunani sangêt dhatêng lare alit, mila inggih dados têtêdhan [tê ...]

--- 59 ---

[... têdhan] ingkang utami piyambak tumrap lare alit ingkang dèrèng gadhah untu.

Ing samangke kula sadaya sampun sami sumêrêp sapintên tadhahing èiwit, gajih lan sètmil, ingkang dipun têdha tiyang sadintên-dintênipun, ananging tiyang punika botên sami tadhahing têtêdhanipun. Tiyang ingkang nyambutdamêl awrat sarana ngêdalakên kakiyatan, sampun têmtu têdhanipun langkung kathah tinimbang tiyang ingkang nganggur, ananging sanajan sami awrating padamêlanipun, kangge anjagi kasarasaning badan, inggih botên kêmanah sami kathahing têtêdhanipun. Pêpindhanipun dêdêg-pêngadêging tiyang, wontên ingkang inggil wontên ingkang andhap. Makatên ugi bab nêdha, wontên tiyang ingkang wêtêngipun langkung kiyat angêjur têtêdhan, wontên ingkang botên, tiyang ingkang kiyat wêtêngipun têmtu têdhanipun langkung kathah tinimbang ingkang botên kiyat.

Manut pratelan ing ngajêng, tiyang lajêng sagêd angintên-ngintên sêpintên tadhahipun sêkul, daging, roti, lan [la ...]

--- 60 ---

[... n] sanès-sanèsipun ingkang pêrlu katêdha supados angsal èiwit, gajih lan sètmil ingkang anyêkapi ing badan.

Inggih punika:

Tadhah sêdintênipun kangge tiyang satunggil

[Grafik]

Wondene sagêdipun angsal sari têtêdhan kados ingkang kapratelakakên punika, sampun têmtu kemawon kenging milih sanès-sanèsipun ingkang dipun karêmi.

--- 61 ---

Ugi ing ngajêng sampun kanyatakakên bilih tadhahipun toya tiyang punika kathah sangêt, ingkang makatên wau èstunipun botên anggumunakên manawi nitik kathahing toya ingkang mêdal saking badan, inggih punika manawi ambêkan, kringêtan lan nguyuh. Sadaya toya ingkang mêdal punika kêdah dipun gantos, awit manawi botên makatên badan kakirangan toya, salajêngipun cangkêm, lambe lan wêtêng garing.

Sanajan tiyang punika pêrlu sangêt ngangge toya kathah, ananging manawi kêkathahên inggih botên sae. Ngombe kathah punika botên sae tumrap ing wadhuk agêng, wadhuk ênèm lan ginjêl, lan inggih nyuda pikajêngan nêdha. Manawi tiyang kraos ngêlak, kêdah dipun ombèni, ananging sampun ngantos ngêlakipun wau kajarag, dene ingkang asring anjalari ngêlak punika kêkathahên nêdha sarêm, mrica, sambêl lan bumbu ingkang pêdhês-pêdhês, makatên ugi botên sae kêkathahên ngombe toya, langkung-langkung toya asrêp, samăngsa badan pinuju bêntèr.

Ombèn-ombèn ingkang sae punika toya, dene [de ...]

--- 62 ---

[... ne] ingkang utami susu. Wedang kopi lan tèh botên sae kangge ombèn-ombèn lare. Alkohol punika awoning awon, tiyang ngombe sêkêdhik kemawon sampun sagêd ical akalipun lan dagingipun lajêng lêmês tanpa kakiyatan, dados minuman kêras punika murugakên sangsara. Tiyang ingkang karêm minum punika lajêng katingal risak badanipun, lumuh nyambutdamêl, salajêngipun sêsakitên, karisakaning badan ingkang jalaran minum punika botên beda kalihan madati.

10. Bab rêrêgêd.

Salêbêting têtêdhan sarta ombèn-ombèning tiyang kêrêp wontên rêrêgêdipun ingkang sagêd andadosakên karisakaning badan. Daginging sato ingkang kenging sêsakit punika sakalangkung ambêbayani.

Manawi tiyang nêdha daging ingkang wontên wijinipun cacing pita, punika lajêng angwontênakên cacing pita ing wêtêng, ananging manawi daging punika dipun godhog utawi dipun gorèng rumiyin [rumi ...]

--- 63 ---

[... yin] ngantos matêng, sampun têmtu cacing wau lajêng pêjah. Botên angrisakakên badan.

Wondene bangsaning cacing kruma sarta sanès-sanèsipun sagêdipun lumêbêt ing wêtêng, punika jalaran tiyang kirang rêsikan, kados ta: tangan rêgêd tanpa wisuh lajêng nêdha utawi jalaran saking rêgêding têtêdhan.

Kathah sangêt warnining sêsakit ingkang jalaran saking kewan lan têtuwuhan alit-alit. Wontên bangsaning kewan alit wau ingkang agêngipun namung 0.001 m.M. dados manawi kewan wau sagêd ngalêmpak 1000 iji, agêngipun sawêg 1 m.M. kewan utawi têtuwuhan ingkang alit punika dipun wastani: bakteriyên (bacterien) saking alitipun botên kenging dipun tingali dening mripat walaka, kêtingalipun manawi dipun sêmprong, inggih punika pirantos ingkang dipun wastani mikroskup (microscoop).

Tiyang ingkang sakit jalaran kalêbêtan kewan ingkang lêmbat-lêmbat punika, inggih sagêd ngêdalakên kewanipun sêsarêngan kalihan sêsukêr utawi idu. Sasampunipun kawêdalakên, [kawêda ...]

--- 64 ---

[... lakên,] kewan wau têksih sagêd lêstantun gêsang ngantos sawatawis dintên utawi êjam dangunipun. Dene manawi lumêbêt ing badanipun tiyang sanès, ingkang kalêbêtan inggih lajêng sakit.

Sawênèh kewan lêmbat awor kalihan toya, amila manawi toya wau kaombe ing tiyang, sayaktos ambêbayani.

Manawi têtuwuhan utawi kewan alit-alit wau wontên ing têtêdhan ingkang katêdha, punika inggih andadosakên sêsakit, ananging manawi têtêdhan wau dipun matêngi rumiyin, kewan wau sampun têmtu lajêng pêjah, botên ambêbayani. Dene sababipun kewan wau sagêd lumêbêt ing têtêdhan punika, jalaran têtêdhan wau dipun cêpêng têngan ingkang rêgêd utawi dipun wadhahi ing wadhah ingkang dipun kumbah toya rêgêd. Makatên ugi tangan utawi sêrbèt rêgêd, punika manawi kangge nyênyêpêng utawi nyêrbèti piring inggih sagêd andhatêngakên kewan wau.

Toya punika sagêd dipun rêsik kêdah dipun saring rumiyin, [rumi ...]

--- 65 ---

[... yin,] upami mawi saringan sela, ananging punika inggih dèrèng sampurna, awit sanajan wujudipun sampun rêsik bêning, inggih taksih sagêd kalêbêtan baktèri gêsang, dene toya ingkang sêpên bêbaya punika namung manawi dipun godhog.

Toya ingkang wontên salêbêting siti ingkang lêbêt sangêt, punika botên wontên kewanipun gêsang, ananging toya sumur botên têmtu makatên, awit sumur punika limrahipun botên dipun tutupi, dados inggih sagêd kalêbêtan samukawis. Prayoginipun sumur punika sampun ngantos cêlak kalihan jamban, kakus lan panggenan rêrêgêd, pawuhan, utawi kandhang, awit sadaya rêrêgêd ing ngriku sagêd rumêsêp ing siti lajêng mlêbêt ing sumur wau.

Supados sumur punika toyanipun kenging kaombe tanpa ambêbayani, pêrlu sangêt dipun tutupana ingkang rapêt lan pamêndhêtipun toya sarana dipun pompa. Sumur lan sakiwa têngênipun sampun ngantos dipun rêgêdi,

--- 66 ---

prayoginipun siti ing sakiwa têngênipun kadamêla inggil kintên-kintên sêtêngah mètêr.

Toya kalèn, lèpèn lan balumbangan punika limrahipun rêgêd, ananging inggih dipun angge adus utawi ngêngumbah janganan lan piring-piring, prayoginipun manawi tiyang adus ing ngriku sampun kêmu.

Makatên ugi ngumbah janganan, piring, gêlas sapanunggilanipun, punika pêrlu sangêt ngangge toya rêsik.

Bab ingkang kaping kalih.

Pirantos ingkang wontên ing griya sakit ingkang pêrlu dipun sumêrêpi nami lan ginanipun para tukang mulasara.

Ing salêbêting griya pamulasaran punika kathah pirantos ingkang kangge ningali lan mulasara tiyang sakit ing sadintên-dintênipun, punika kêdah dipun sumêrêpi wujud lan kanggenipun satunggil-tunggil, inggih punika:

1. Koortsthermometer. | 2. Badthermometer. | 3. Stethoskoop. | 4. Tongspatel. | 5. Spirituslamp. | 6. Reageerbuis. | 7. Pispot. | 8. Urinemeetflesch.

--- 67 ---

9. Inneemglaasje. | 10. Drinkschuitje. | 11. Drinkbuisje. | 12. Stilletje. | 13. Steekpan. | 14. Irrigator met canule. | 15. Spuitje voor jodoform-lavementen of glycerine-lavementen. | 16. Urinaal. | 17. Verbandbekken. | 18. Luchtkussen. | 19. Ijskap. | 20. Zitbad. | 21. Imitatie-leer. | 22. Zandzak. | 23. Rugsteun. | 24. Drievoet.

Murih sampeyan sadaya sagêd sumêrêp paedahipun, ing ngandhap punika badhe kacariyosakên satunggil-satunggil:

1. Koorts-thermometer punika pirantos kangge angukur bêntèring badanipun tiyang sakit, awujud bumbungan gêlas alit katutup bongkot pucukipun, ingkang bongkot ambalêndhuk, ingkang pucuk alit, ingkang ambalêndhuk wau isi rasa. Manawi rasa wau kenging bêntèr sakêdhik kemawon lajêng minggah, jalaran dados cuwèr, lajêng mlêbêt ing bolonganing bumbungan ingkang alit wau.

Ing uruting perangan ingkang alit wau dipun têngêri mawi garit-garitan, inggih punika kangge ngukur inggiling rasa

--- 68 ---

ingkang minggah wau. Tiyang ingkang saras, ukuranipun bêntèr dumugi ăngka 36 utawi 37, tiyang ingkang sakit bêntèr 38, 39, 40, utawi langkung. Ing antawising garitan ingkang agêng dipun perang malih alit-alit dados nyêdasa garit, sarta sabên-sabên dipun angkani, kados ta: 37,1 utawi 36,6, 38,4 lan sapanunggilanipun, urut manginggil.

Pirantos wau sadèrèngipun kaangge, rasanipun kaandhapna rumiyin, inggih punika sarana dipun kipatakên, ananging kêdah ngatos-atos sampun ngantos pêcah. Manawi tiyang ingkang sakit punika kringêtên, cangklakanipun kêdah dipun usapi rumiyin ngangge srêbèt ngantos garing, têrmomètêr lajêng kakêmpitakên, ingkang kakêmpit punika pucuk ingkang isi rasa, pucukipun ingkang satunggal nyongat mêdal dhatêng ngajêng, lêngên kapêrnahakên ing dhadha, tangan ing bahu sisihipun, dipun pundhak, watawis dangunipun gangsal mênut, ing ngriku lajêng kapêndhêt lan dipun tingali dumugi ing ăngka pintên inggahing rasa wau, lajêng dipun sêrati. Sasampunipun makatên têrmomètêr lajêng kausapana [kausapa ...]

--- 69 ---

[... na] kapuk kapas ingkang sampun kakumbah mawi toya sublimat, lajêng kaandhapna malih toyanipun raos, amurih kenginga kangge ningali tiyang sanès.

Manawi têrmomètêr punika sampun rampung kaangge, lajêng kasimpêna ing gêlas ingkang isi toya sublimat satêngah sarta dipun lèmèki kapas utawi ngangrangan.

Têrkadhang bêntèring badanipun tiyang sakit punika kêdah kaukur kaping kalih ing dalêm: 24 jam, têrkadhang kêdah rambah kaping tiga utawi sêkawan, malah wontên ugi ingkang kêdah kaukur sabên kalih jam lan ing wanci dalu.

Punika sadaya namung gumantung saking kajêngipun dhoktêr kemawon. Kala-kala dhoktêr marentahi êtraping têrmomètêr wau botên kakêmpit, upami ing cangkêm, bokong, ing cingklok.

Ukuran bêntèr wau lajêng kasêratan ing papan utawi ing lèis tiyang sakit, punika manut kalimrahan ingkang kangge ing griya pamulasaran wau, têrkadhang tukang mulasara inggih kêdah damêl dhaptar piyambak bab bêntèripun tiyang-tiyang sakit wau. Manawi kêdah damêl dhaptar piyambak limrahipun ngang- [ngang ...]

--- 70 ---

[... -] [Grafik]

ge kêrtas ingkang sampun dipun garisi prapatan, garis ingkang mujur anêdahakên bêntèring badan, dene ingkang malang tanggalan, samăngsa-măngsa ngukur bêntèripun tiyang sakit, lajêng anêngêrana mawi titik ing garis mujur ingkang cocog kalihan ăngka bêntèring tiyang wau, manawi titik-titik punika dipun gandhèng mawi garis, lajêng dados dhaptaring bêntèripun tiyang sakit, inggih punika ingkang dipun wastani: tèmpêratir kromê (temperatuur-kromme), ing nginggil punika tuladhanipun.

2. Badthermometer pirantos kangge ngukur bêntèring toya ingkang badhe kangge adus, wujudipun inggih mèmpêr

--- 71 ---

Koorts-thermometer namung beda sakêdhik. Ing Koorts-thermometer rasanipun manggèn ing sapanggenan kemawon manawi botên dipun saranani dipun kipatakên rumiyin murih mandhap lan minggahipun, ananging Badthermometer botên susah, awit manawi kaêntas saking toya, rasanipun lajêng mandhap kajêngipun piyambak. Manawi badhe nyumêrêpi sêpintên bêntèring toya, kêdah dipun tingali angkaning rasa wau nalika kacêmplungakên ing toya.

Badthermometer punika mawi garan danganan kajêng, dados inggih sagêd kumambang. Kêdah sêpintên bêntèring toya ingkang badhe kaangge tiyang sakit, punika dhoktêr ingkang nêmtokakên.

3. Stethoskoop punika pirantosing dhoktêr ingkang kangge mirêngakên dhadhaning tiyang sakit. Sarana pirantos wau dhoktêr lajêng sagêd sumêrêp kawontênanipun jantung manah, lan mlêbêt mêdalipun napas ing kêbuk, wontên stethoskoop ingkang namung kenging kangge kuping satunggal, wontên ingkang kenging kangge kuping kalih pisan sêsarêngan.

4. Tongspatel punika pirantosipun dhoktêr kangge ningali [ni ...]

--- 72 ---

[... ngali] ilatipun tiyang sakit, ingkang dipun damêl bangsaning pêlikan, kajêng utawi gêlas, manawi mêntas kangge kêdah dipun rêsiki ingkang ngantos rêsik sangêt, mriksanana ontsmetting bab ka[3] 8 ingkang saking kajêng manawi sampun kangge kenging lajêng kabucal kemawon.

5. Spirituslamp inggih punika dilah ingkang ngangge lisah sêpiritus, urubipun botên padhang nanging bêntèr sangêt, paedahipun kangge manggang uyuh utawi sanès-sanèsipun. Manawi masang sampun ngantos katularakên ing dilah sanès ingkang sampun murub ngantos kados kagolingakên, awit ambêbayani. Makatên ugi dilah sêpiritus punika sampun ngantos kabêkta wira-wiri lan dipun damoni, manawi badhe dipun pêjahi prayogi dipun tutupi kemawon têmtu lajêng pêjah kajêngipun piyambak, punapa malih sampun ngantos dipun êjogi sêpiritus samăngsa taksih murub, awit sadaya-sadaya wau ambêbayani.

6. Reageerbuizen punika awujud bêrumbungan gêlas alit lan panjang, pirantosipun dhoktêr kangge ningali uyuh

--- 73 ---

utawi sanèsipun ingkang băngsa toya, manawi sampun kangge, kêdah lajêng dipun gojagi lan dipun kumbah ing jawi lêbêtipun.

7. Pispot wadhah uyuh, manawi mêntas kangge lajêng kakumbaha ingkang rêsik, manawi isi kêdah katutupana ingkang rapêt.

8. Urinemeetfesch awujud botol agêng mawi têngêr garis-garis, paedahipun kangge ningali sêpintên kathahing uyuh sadintên sadalu, manawi kothong kêdah kakumbah rêsik sampun ngantos anggănda.

9. Inneemglaasje inggih punika gêlas takêran alit, pirantos kangge nakêr jampining tiyang sakit, mawi dipun garis-garis sarta dipun angkani: 20, 15, 10, 5, ăngka punika nêdahakên pintên c. M³ isinipun. Têrkadhang tiyang sakit punika manawi ngombe jampi ngangge sendhok kemawon, dene sendhok agêng punika isinipun 15c. M³. ingkang alit 8c. M³., sendhok tèh 4c. M³. Gêlas takêran punika kêdah ajêg rêsik.

--- 74 ---

10. Drinkschuitje punika awujud kadosdene cèrèt, ingkang kadamêl sela, mawi cucuk, pirantos kangge ngombe tiyang sakit kasambi lumah-lumah utawi tilêman, inggih punika manawi ingkang sakit botên sagêd utawi botên kenging lênggah, pirastos[4] makatên punika kenging ugi ngangge teko utawi cèrèt ingkang kasade ing pêkên-pêkên minăngka dolananipun lare-lare.

11. Drinkbuisje punika awujud torong gêlas ambêngkêluk, pirantos kangge ngombe tiyang ingkang sakit sangêt, utawi kangge ngombe tèh, susu, lan kaldhu, kasambi tilêman.

12. Stilletje utawi bril, kangge ambêbucal manawi tiyang ingkang sakit wau botên sagêd kesah dhatêng kakus, pirantos wau ingkang kadamêl kajêng, inggih punika palinggihanipun tiyang ingkang abêbucal, ing lêbêt mawi bolongan minăngka panggenan mangkok bêling utawi sèng, punika kêdah kaupakara ajêgipun rêsik lan botên anggănda manawi badhe kangge, manawi sampun kangge lajêng

--- 75 ---

katutupa rapêt. Pinggiring pot punika mawi kalenan mubêng kangge nglêbêtakên tutupipun, kalenan wau kêdah kaisenan toya sêtêngah.

13. Steekpan punika kalih warni, ingkang satunggil wujudipun kados sêpatu wiyar, dene satunggilipun bundêr pinggiripun wiyar, inggih punika ingkang kangge tiyang jalêr.

Pangupakaranipun kadosdene Stilletje inggih punika manawi mêntas kangge kêdah tumuntên dipun kumbah rêsik, supados manawi pinuju botên kangge, sampun ngantos anggănda, malah kala-kala kêdah kasikat mawi toya sapukarbol lajêng kagojagan toya ingkang kathah salajêngipun kaêpe.

14. Irrigator lan canule dalah pirantosipun pipa karèt. Irrigatos punika wujud lodhong gêlas utawi bangsaning pêpêlikan, ingkang nginggil mênga, ing ngandhap mawa cucuk, wontên ugi Irrigator ingkang tutupan. Cucuk punika kasambêt pipa karèt minăngka margining toya, dene pipa punika ingkang sasisih mawa supitan, inggih punika ingkang dipun wastani: canule ingkang kadamêl gêlas, [gêla ...]

--- 76 ---

[... s,] têrkadhang eboniet inggih punika karèt ingkang dipun atosakên ngantos kados kajêng, warninipun cêmêng. Irrigator punika inggih dipun garis-garis sarta dipun angkani, kangge nyumêrêpi isining toya. Pirantos punika kangge nglêbêtakên utawi mămpa toya dhatêng wadhuk ênèm mêdal dubur.

Manawi mêntas kangge lan sampun dipun rêsiki, kêdah karimat sarana kagantung utawi karimatan ing lêmantun. Canule kêdah kasumpêlan kapas utawi dipun gantos supados sagêd lumêbêt ing toya. Manawi Irrigator punika botên mawi tutup, kêdah dipun tutupi sinjang utawi gombalan. Wondene paedahipun pangupakara sadaya punika, supados pipa utawi canule wau sampun ngantos kalêbêtan kewan alit-alit, kados ta: lalêr, sêmut lan sanès-sanèsipun. Prakawis panganggenipun Irrigator badhe katêrangakên ing wingking.

15. Spuitje voor jodoform-lavementen of glycerine-lavementen inggih punika pămpa alit piraston[5] kangge

--- 77 ---

nglêbêtakên yodhoporêm utawi glisêrinê utawi jampi sanèsipun, ing wêtêng saking sakêdhik.

Manawi mêntas kangge, ing jawi sarta ing lêbêt kêdah lajêng dipun rêsiki, nuntên karimat ing gêlas ingkang isi toya karbol 1% utawi toya pênawaring wisa sanèsipun. Sarta kajagi pêngisêpipun sampun ngantos garing, langkung prayogi manawi asring dipun têlêsi glisêrinê.

19.[6] Uriniaal inggih punika băngsa gêndul ingkang cangkêmipun wiyar, pirantos kangge nadhahi uyuhipun tiyang sakit manawi botên sagêd utawi botên kenging tangi. Limrahipun ingkang kadamêl gêlas, ananging ugi wontên ingkang timah pêthak, pirantos wau wontên kalih warni, kangge tiyang èstri lan kangge tiyang jalêr, ingkang kangge tiyang èstri cangkêmipun wiyar. Pangupakaranipun pirantos punika kadosdene steekpan inggih kêdah dipun rêsiki sampun ngantos anggănda, mila manawi mêntas kangge inggih kêdah dipun kumbah rêsik, sampun ngantos dangu-dangu isi uyuh, manawi Uriniaal gêlas rêgêd jalaran kenging êndhêk-êndhêking uyuh, kêdah kakumbah mawi zoutzuur sakêdhik, [sakê ...]

--- 78 ---

[... dhik,] ananging kêdah ngatos-atos dhatêng zoutzuur wau awit kêras sangêt. Barang pêlikan sagêd risak manawi kenging zoutzuur.

17. Verbandbekken punika bundêr panjang lan lêgok ing saperangan, pirantos kangge ambucali rêrêgêd, kados ta: kapas ingkang sampun rêgêd, plèistêr ingkang sampun risak lan sampun kaklèthèk, lan sanès-sanèsipun.

18. Luchtkussen punika bangsaning bantal, wujudipun bundêr, ing têngah bolong lan ing lêbêt kothong, ingkang kadamêl karèt, punika kenging kasêbul kaisenan hawa kadosdene baning sêpedha, pirantos kangge palinggihanipun tiyang sakit, punika kacariyosakên ing bab mulasara tiyang sakit.

Bantal wau prayoginipun sampun ngantos kasangêtan panyêbulipun, awit mindhak katosên, satêmah botên sakeca lêlinggihanipun, makatên ugi bantalipun inggih mindhak enggal risak. Manawi badhe karimat kêdah kacopot sêkrupipun, supados hawanipun [ha ...]

--- 79 ---

[... wanipun] mêdal, lajêng katutupa malih. Manawi karimat sampun ngantos nglêmpit karètipun. Manawi karèt wau kenging lisah utawi gajih, enggal risak.

19. Ijskap punika kanthongan karèt, mawa sêkrup ing cangkêmipun minăngka tutup. Pirantos kangge wadhah ès kangge ngomprès tiyang sakit bêntèr ingkang sangêt, ngêlu sangêt lan sanès-sanèsipun sêsakit ingkang pêrlu ngangge ès. Manawi sampun kaisenan, ès lajêng kaênêt-ênêt rumiyin supados radin lajêng katutup, awit manawi botên makatên botên sagêd mêdal hawanipun lan botên sagêd gèpèng. Panyèlèhipun ing badaning tiyang sakit ingkang sampun katêdahakên dhoktêr, kêdah mawi lèmèk sinjang, murih sampun ngèngingi kulit. Manawi sampun kangge toyanipun kêdah kabucal ngantos asat, lajêng karimat ing lêmantun sarta botên kenging pisan-pisan kalêmpit.

20. Zitbad punika bangsaning tong ingkang kangge kungkum utawi ngêkum badan, limrahipun ingkang kadamêl wêsi utawi sèng. Manawi tong punika mêntas dipun angge kungkum tiyang [ti ...]

--- 80 ---

[... yang] sakit satunggil, sampun ngantos kalajêngakên kemawon kangge tiyang sanès manawi dèrèng kakuras rumiyin ngangge kreolin utawi sapukarbol 3%, makatên ugi pinggir-pinggiripun, manawi sampun, lajêng kakumbaha ingkang rêsik, malah manawi botên kasêsa prayogi kaepe rumiyin.

21. Imitatie-leer punika awujud sinjang kalapis ing karèt tipis sangêt ing jawi lêbêt, kangge lèmèk patilêmanipun tiyang sakit sampun ngantos rêgêd. Kala-kala ingkang kêdah kalemekan namung ing bokong utawi ing suku kemawon, manawi mêntas kangge badhe karimat kêdah kakumbah rumiyin lajêng kagantung sampun ngantos kalêmpit. Manawi imitatie-leer wau katawangakên ing surya, wusana katingal padhang narawang, punika tăndha sampun risak.

22. Zandzak utawi karung pasir, inggih punika bangsaning karung barang suwèk ingkang kiyat sangêt isi wêdhi, pirantos kangge ngapit-apit sukunipun tiyang sakit supados sampun ngantos ebah-ebah lan sakeca, têrkadhang [têr ...]

--- 81 ---

[... kadhang] punika inggih kangge anjagèni badan, dene ingkang alit-alit punika minăngka rèkpêrbandhên, punika sampun katêrangakên ing bab kawontênanipun barang-barang ingkang wontên ing kamar pêrban lan pambêlekan.

23. Rugsteun pirantos kangge anjageni tiyang sakit ingkang loyo sangêt botên sagêd linggih, supados sagêda linggih. Tiyang ingkang sakit ngantos makatên wau dipun sukani pirantos pasendhean ingkang kados kursi malês wujudipun, pirantos pasendhean wau kenging kaethokakên utawi kairingakên manut sasêkecanipun ingkang badhe ngangge, limrahipun ingkang kadamêl pênjatos mawi wêngku kajêng, têrkadhang barang suwèk dipun watoni kajêng utawi wêsi.

24. Drievoet punika ingkang kadamêl kajêng mawi suku tiga, inggilipun watawis sainggiling suku tiyang, ing nginggil kenging kacêpêng ing tangan kêkalih, minăngka têkêning tiyang sakit ingkang botên kuwawi lumampah piyambak sanajan nganggea têkên limrah.

--- 82 ---

 


ambêkan. (kembali)
kêtuwukên. (kembali)
kaping. (kembali)
pirantos. (kembali)
pirantos. (kembali)
16. (kembali)