Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 095–190)

Judul
Sambungan
1. Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 001–095). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
2. Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 095–190). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
3. Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 191–288). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
Citra
Terakhir diubah: 17-09-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

41. Tanêman sadhengah jêram.

Sanèsipun saking jêram kuwik lan jêram pêcêl, bilih katanêm thukulanipun isi, kathah ingkang lajêng malih warni dados jêram sanès băngsa. Mila ingatasipun bibit jêram punika kêdah kacangkok, murih [mu ...]

--- 96 ---

[... rih] sagêd dados nunggil raos kalihan babonipun. Patraping panyangkok kados ing ngandhap punika.

Cangkokan jêram punika warni kalih:

1. Pang ingkang urup agêngipun dipun kêrêt kulitipun kalih panggenan, antaranipun kêrêtan ingkang pêrnah pucuk kalihan ingkang pêrnah bongkot sampun ngantos kirang saking tigang nyantun, kulitipun dipun klokop mubêng lan ing sawatawis dipun gêthêt ing panggenan ingkang dipun klokop wau. Sangandhaping klokopan kasukanan brongsong ingkang warni: unus sêpêt, têpês, oman (mêrang dawa) utawi duk, salah satunggalipun kemawon kablêbêdakên ujuripun brongsong kêdah mujur pang, ing papakaning brongsong kêdah rèntès kalihan kêrêtan ingkang ngandhap katangsulan ingkang kêncêng, gêthêtan ing panggenan klokopan dipun temploki mubêng lêluwan [lêluwa ...]

--- 97 ---

[... n] siti ingkang loh ingga sagêd nyilêpakên tigang nyantun ngungkuli kêrêtan ingkang nginggil, kathahipun siti ingkang têmèmplok katimbanga ingkang urup kalihan agêng alitipun pang ingkang nêdya kacangkok. Bilih pang salêngên, agênging siti kêdah saklapa lan tabonipun. Bilih pang ingkang satêkên, agênging siti kêdah samaja ingkang agêng. Makatên panimbangipun. Brongsong ingkang sampun katangsulan wau kabalik, ing ngandhap dipun panginggilakên kangge ambrongsong siti wau, ing wêkasaning brongsong katangsulan kalihan pang sanginggiling klokopan lêt kawan nyantun, satirahipun ingkang katangsulan sungsun kalih utawi sungsun tiga brongsong wau kêdah dipun kêthok ingkang papak. Dados warnining brongsongan sagêd gêmpi. Sangandhaping brongsongan, pangipun kêdah dipun kowak ngantos katingal atinipun pang, nama dipun gêthêt.

--- 98 ---

2. Pang ingkang kenging kacangkok mawi bumbung punika ingkang agêngipun dèrèng langkung saking satêkên, awit susah sangêt pangupayanipun bumbung ingkang agêngipun wontên karangan kalih kilan. Pang ingkang nêdya kacangkok dipun kowak ngantos sêpalih lêrês utawi langkung saking sêpalih, tumuntên kablêdhag watawis sacêngkang kirang sakêdhik. Punika kablêdhagan kalêbêtakên ing bumbung wungwang dipun slêmpèdakên ing blêdhagan. Ing papakaning bumbung ingkang ngandhap dipun sumpêli mawi kawul utawi unus sêpêt, Salêbêting bumbung kajêjêl ing siti ingkang loh ngantos rapêt, bumbung katangsulan sungsun kalih utawi tiga katangsulan kalihan pang ingkang kablêdhag.

Pang ngandhaping blêdhagan kêdah kakowak ugi ngantos katingal atinipun, nama dipun gêthêt. Pang ingkang dipun cangkok punika ing pucuk utawi ing têngah-têngah kêdah dipun tangsuli kalihan sanèsipun pang

--- 99 ---

ingkang pancèn botên kacangkok, utawi dipun tangsuli kalihan pêpalang ingkang kacawisakên, awit punika pang ingkang kacangkok bilih botên katangsulan kalihan pang sanèsipun utawi pêpalang ingkang kacawisakên, masthi sagêd putung dening jawah utawi sagêd putung dening angin sadèrènging mêdal oyodipun, jalaran ing ngandhap sampun dipun kowak-kowak, wasana ing nginggiling kowakan dipun bandhuli siti ingkang agêngipun samantên wau. Ing sadangunipun cangkokan wau kêdah dipun siram sabên dintên botên kenging garing, punika cangkokan ugêr sampun langkung saking wolung dasa dintên masthi oyodipun katingal manthingis mêdal saking brongsongan utawi mêdal saking sumpêling bumbung. Bilih sampun kalih wulan saking wêktunipun kacangkok, ing panggenan gêthêtan kêdah dipun gêthêti malih murih sagêd alit ing panggenan ingkang badhe kakêthok. Watakipun [Wa ...]

--- 100 ---

[... takipun] botên patos kalêmpêr bilih katanêm ing krênêng, mila sampun kenging dipun kêthok katurunakên, kadèkèk ing krênêng ingkang sampun wontên sitinipun, agêngipun krênêng katimbanga ingkang urup sagêdipun tikêl tiga utawi tikêl sakawan saking agêngipun siti cangkokan wau, patrapipun kadosdene katanêm. Wontên ing krênêng mawi dipun sukani jragang wilah têtiga, ingkang ngandhap tumancêb ing siti, krênêng ingkang nginggil dipun tangsuli kalihan witipun cangkokan, murih sampun ngantos dhoyong utawi sampun ngantos ogèk dening angin. Krênêng dipun junjung kadunungakên ing panggenan ingkang lindhuk, awit cangkokan punika bilih dèrèng kathah utawi dèrèng agêng oyodipun masthi dèrèng tahan dhatêng bêntèr. Sadangunipun cangkokan wontên ing krênêng, ugi botên kenging garing sitinipun, kêdah kasiram sabên dintên. Bilih sampun langkung saking

--- 101 ---

gangsal wêlas dintên, oyod sampun mrampang kathah ingkang sami mêdal saking krênêng, punika pratăndha gêsang lan kenging katanêm, pananêmipun anggèning ngurugi sampun ngantos nyilêpakên krênêng. Punika cangkokan ingkang kasêbut ing ăngka 1. wontên ingkang botên sagêd dados, jalaran kulit ingkang dipun klokop bilih sêmi sagêd têpang malih kulit ingkang nginggil kalihan kulit ingkang ngandhap, masthi botên sagêd mêdal oyodipun. Măngka têpangipun kulit wau botên sagêd kuwiyak jalaran panggenanipun kabuntêl. Wangsul cangkokan ingkang kasêbut ing ăngka 2 punika botên wontên wadosipun.

42. Tanêman sukun.

Sukun punika kitri agêng, wohipun tanpa isi, pananêmipun botên cara kacangkok [ka ...]

--- 102 ---

[... cangkok] ing êpang, sabab witipun kalêbêt agêng utawi inggil, dados ingkang kacangkok amung oyodipun kemawon. Mênggah patrapipun makatên:

Siti sangandhaping wit sukun ingkang cakêt kalihan panjlamparipun tambi, punika dipun kêruk-kêruk mawi pacul, bilih manggih oyod ingkang sajêmpol, sadriji utawi sacarang agêngipun, kêdah dipun kêthok ing panggenan tumèmpèlipun kalihan oyod ingkang agêng lan dipun cènèng sawatawis murih sagêd congat-congat. Bilih sampun sawulan langkung ing panggenan tilasing kêthokan ingkang congat-congat wau mêdal sêminipun, dumunung kados dening turus sêmi. Ing ngandhap ingkang taksih kasilêp ing siti sagêd mêdal sobrahipun oyod ingkang ngrêmpêt alit-alit. Ing ngriku lajêng dipun putêr ingkang sae sampun ngantos sitinipun rêmuk utawi ambyar. Mênggah lajêring [la ...]

--- 103 ---

[... jêring] turutipun ingkang minăngka wit wau inggih dipun kêthok kemawon katilar ing panggenan, ingkang dipun pêrlokakên namung oyod ingkang ngrêmpêt wontên ing sacakêting sapu lêbu wau kêdah sagêda katut kaputêr. Punika bibit sukun botên kenging katanêm cakêt kalihan griya, sabab witipun badhe agêng sangêt angungkuli witing klapa. Ewadene bilih sampun wiwit mêdal wohipun, punika sukun kalêbêt ewonipun wowohan ingkang lumintu.

43. Tanêman kitri ingkang băngsa agêng.

Tiyang ingkang gadhah capuri kapara wiyar, kados ta ingkang wontên cêngkalipun botên kirang saking tigang prapat bau, ing sêla-sêlaning wit kalapa mugi katanêmana kitri taunan ingkang băngsa agêng, sanadyan papanipun sawatawis ragi ayom dening wit klapa, punika [pu ...]

--- 104 ---

[... nika] kitri taun badhe botên kawon kalihan rêmbakahipun wit kalapa wau, sabab sadaya ingkang nama kitri taun agêng inggilipun uwit ing têmbe badhe sagêd angungkuli witing klapa ingkang sampun angrêda.

Kitri taun ingkang prayogi katanêm ing capuri, kados dening kasêbut ing ngandhap punika:

1. Durèn, ingkang kadamêl[1] wiji pongge.

2. Sarangan, ingkang katanêm wohipun.

3. Kêmiri, ingkang katanêm inggih wohipun.

4. Pucung, ingkang katanêm isinipun ingkang sêpuh.

5. Kluwih, ingkang katanêm bêtonipun.

6. Pête, ingkang katanêm isinipun.

7. Jengkol, ingkang katanêm wohipun.

8. Mlinjo, ingkang katanêm klathakipun.

9. Manggis, ingkang katanêm isinipun.

--- 105 ---

Punika tanêman 9 warni èstu gampil sangêt pananêmipun, botên mawi ngipuk utawi botên mawi nyangkok, ugêr kaglèthakakên ing siti têlês ingkang loh, wijinipun kitri 9 warni wau masthi purun tuwuh lan purun agêng ngantos awoh, nanging kitri ăngka 4 ingkang nama pucung, punika uwohipun sadèrènging kaocal kaangge bumbu utawi kaangge kêlan, punika kêdah dipun olahi rumiyin, patrapipun angolah kados ing ngandhap punika.

Pucung ingkang sampun sêpuh mêsthi rêntah ing siti, punika kapêndhêt dipun plêkah, isinipun kapêndhêt, klokopanipun kabucal. Isi ingkang kapêndhêt wau bilih nêdya kangge kêlanan, kêdah dipun thuthuki cangkangipun kabucal, isi kacuplik dipun pêndhêti lajêng kagodhog, bilih watawis sampun sêdhêngan matêng dipun êntas,

--- 106 ---

kawadhahan ing sênik dipun kum ing toya ingkang mili, nanging kêdah dipun tindhihi sela, murih sampun ngantos kontal kasêntor ing toya, ingga sampun ngantos kirang saking kalih dintên kalih dalu lamining pangêkum. Bilih dipun gigit taksih wontên raosipun pait punika dèrèng tawa, yèn kajiyad dipun têdha punika dados muroni. Bilih dipun gigit sampun ical raosing pait, punika nama sampun tawa kenging kaêntas, namanipun bobominje utawi blibar, dipun ocal kangge kêlan lodhèh eca sangêt.

Bilih ingkang dipun angkah kadamêl bumbu patrapipun kados ing ngandhap punika:

Isinipun pucung ingkang rêntah wau dipun pêndhêt lajêng kapêndhêm wontên ing awu kadugi ngantos satêngah wulan laminipun. Bilih kapêcah ing lêbêt sampun warni abrit sêmu cêmêng dipun grayang kados gandhul matêng ingkang sampun dalu, punika sampun kenging dipun [dipu ...]

--- 107 ---

[... n] êntas pirantos kadamêl bumbu namanipun kluwak. Ewadene kluwak punika bilih dipun gigit taksih wontên raosipun pait, punika nama kluwak nyilip botên eca katêdha, bilih kapêksa sagêd mêndêmi.

Bilih ingkang nama kluwak kêbiri, punika kêdah kagodhog gêglundhungan sadèrèngipun kapêndhêm ing awu, nanging raosipun kirang eca jalaran matêng kapêksa.

44. Tanêman pala kapêndhêm.

Ingkang nama pala kapêndhêm inggih punika: uwi, gêmbili, gadhung, punika tigang warni saèstu purun katanêm ing siti ayom, mênggah patrapipun pananêm kados ing ngandhap punika:

Siti dipun luwangi sakilan mubêng, lêbêtipun watawis kalih kilan. Nanging prayoginipun siti wau dipun dhudhuka cara kalenan, [ka ...]

--- 108 ---

[... lenan,] wiyaripun kalih têngah kaki, lêbêtipun ugi kalih têngah kaki, panjangipun botên winangênan. Punika kalenan kaisenana uwuh kados ta: gêdêbog, klaras, rumput garing, damèn utawi gêgodhongan sapanunggilanipun. Bilih sampun watawis kêbak lajêng dipun urugi siti ngantos ragi munjung-munjung sawatawis. Bilih siti ingkang botên pikantuk êlêb inggih katangguhna măngsa kapat utawi jawah sêpisan. Bilih siti ingkang pikantuk êlêb, kenging katangguhakên ing măngsa karo utawi katêlu. Winihipun bilih uwi, inggih punika uwi, kapêndhêt satunggal ingkang bongkot dipun têngkêl-têngkêl, lan dipun sigar-sigar watawis samanggis agêngipun. Bilih gêmbili winihipun inggih punthilaning gêmbili woh ingkang alit-alit, botên kenging katugêl utawi botên kenging kasigar. Bilih gadhung winihipun [winih ...]

--- 109 ---

[... ipun] sami ugi kalihan uwi kenging glundhungan, kenging sigaran utawi kenging tugêlan. Punika sadaya winih satunggal-satunggal katumpangna ing urug-uruganing kalèn utawi luwangan wau, awisipun lêt kalih cêngkang, ing nginggilipun winih kaurugan siti malih kandêlipun watawis sagêblog ngantos siti katingal ngêndhukur. Nginggilipun siti katutupana blarak papahan, murih kêndhukuripun siti sampun ngantos kacèkèr ayam. Bilih sampun thukul kêdah dipun sukani lanjaran, katujokna ing kêkayon ingkang gêsang murih botên purun ambruk bilih kasêntor ing jawah angin.

Ing măngsa kasanga punika tanêman sampun sêpuh kenging kadhudhuk, ewadene bilih nêdya dipun kawakakên inggih botên susah kadhudhuk, ngêntosi sanès taun malih. Ingkang makatên punika saèstu wohipun dados agêng-agêng sangêt. [sa ...]

--- 110 ---

[... ngêt.] Uwi lan gêmbili bilih sampun kadhudhuk lajêng kenging dipun matêngi kemawon. Wangsul gadhung punika sasampuning kadhudhuk kêdah kapulasara rumiyin, mênggah patrapipun kados ing ngandhap punika:

Gadhung dipun oncèki mawi lading utawi gobèd, bilih sampun rêsik lajêng dipun irisi ingkang tipis sangêt, lajêng kaklomoh ngangge awu pawon ingkang asrêp, awit bilih ngangge awu bêntèr utawi awu bêdhiyan, punika gadhungipun botên sagêd warni pêthak, kêdah warni abrit mangkak, mila kêdah mawi awu pawon ingkang asrêp. Lajêng kawadhahan ing sênik, bilih sasênik sampun kêbak lajêng dipun idak-idak wontên ing sênik wau murih toyanipun kumocor kesah, kèndêlipun kaidak-idak ngantos sadalu pisan dipun tindhihi mawi sela ingkang ragi awrat kadamêl ngêpuhakên toyanipun. Enjingipun kajèrèng wontên ing latar panggenan [pang ...]

--- 111 ---

[... genan] bêntèr ngantos rambah-rambah, bilih sampun garing lêrês kasimpên ing krêmbêng utawi lumbung têksih warni kados awu murih botên katêdha bubuk. Bilih badhe anêdha punika gadhung dipun kum ngantos kalih dintên kalih dalu, toyanipun kasilir-silir, gadhungipun dipun kipyak. Sasampuning warni pêthak rêsik, dipun dang, ingkang sampun matêng dipun krawu eca sangêt. Bilih nêdya kagorèng, gadhung ingkang sampun matêng wau dipun pe ngantos garing lajêng kagorèng ing lisah klêntik, winihipun uwi lan gadhung wau sanadyan cuwilan pisan inggih têksiha kulitipun.

45. Tanêman gêbang.

Pananêmipun gêbang punika gampil sangêt, măngka nanêm amung sêpisan sagêd gêsang ngantos langkung saking sèkêt taun. Gêbang punika ingkang katanêm inggih thukulanipun, [thukulani ...]

--- 112 ---

[... pun,] ing pundi wontên gêbang ingkang sampun awoh punika, bilih ing măngsa rêndhêng ing sakiwa-têngêning wit inggih kathah thukulanipun, saèmpêr kadosdene thukulanipun arèn makatên, thukulan ingkang têksih alit-alit inggilipun dèrèng langkung saking satêngah kaki, punika dipun bêdholi kemawon, nanging pambêktanipun botên kenging kabêntèrên, awit sadaya băngsa bibit ingkang kabêdhol ugêr pambêktanipun kabêntèrên, punapa malih oyodipun ngantos garing, masthi yèn katanêm botên sagêd dados.

Punika gêbang purun katanêm wontên ing sêmbarang siti: siti lêmpung, siti bacêk, siti lincat, siti galong, punapa malih katanêm wontên ing siti ingkang sae, purun ugi katanêm ing pasitèn ingkang ayom, punapa malih katanêm ing pasitèn ingkang tênggar. Gêbang punika kenging katanêm kêrêpipun lêt gangsal kaki pasagi, [pasa ...]

--- 113 ---

[... gi,] wiyaring kowakan sapacul, lêbêt tigang dim. Bibit gêbang wau dipun tanêm ing dalêm sakowak satunggal, pangurugipun sampun ngantos kandêl-kandêl sangêt, kêdah dipun watawis sasilêping kêmangganing oyod utawi silêpipun karandhing ingkang thukul taksih anggemblok kalihan sapu lêbuning thukulan wau.

Punika tanêman gêbang ing sadèrèngipun langkung saking umur kawan taun, bilih panuju măngsa kêtiga mangsanipun sadaya siti garing, masthi kêdah dipun sirami supados sagêd enggal agêng, bilih sampun langkung saking nêm taun, godhongipun sampun wiyar-wiyar wiwit kenging kapêndhêt asilipun. Pupusipun gêbang ingkang dèrèng mêgar dipun kêthok wangkit ugêl-ugêling gagang punika kasade, ing dalêm pupus satunggal sagêd pajêng gangsal dumugi sadasa sèn, kaangge bêkakas ingkang warni: bagor, waring, sèsèr utawi agêl.

--- 114 ---

Bilih tanah pasisir kidul, godhong gêbang ingkang taksih pupus wau wontên ingkang dipun damêl timba pangusungan toya karêmbat. Wontên ingkang kadamêl tudhung kacara songkok pirantos anggèn-anggèning tiyang ingkang sami mamikul, macul utawi mêndhêt ulam.

Punika gêbang blungkèngipun nama bas, bilih dipun thuthuki kapupuh dipun tambang kadamêl kêndhalining waluku prayogi sangêt sabab awèt.

Pamêndhêtipun pupus gêbang masthi dipun rêmbaga bilih sadaya kêkajêngan wau gêsangipun kalihan ngawontênakên godhong, dados punika pupus inggih kêdah wontêna ingkang dipun ngèngèhakên kaingah mêgar dados godhong. Patraping pamêndhêt makatên: sabên-sabên pupus ingkang kapisan lan ingkang kaping kalih kapêndhêt, pupusipun ingkang kaping tiga masthi dipun ngèngèhakên kaingah mêgar dados godhong.

--- 115 ---

Bilih wit gêbang ingkang nêdya dipun ingah sagêd awoh, punika kêdah sampun ngantos kapêndhêt pupusipun, masthi dipun ingaha dados godhong sadaya, murih enggal agêng witipun, tumuntên sagêd awoh.

Ing pundi pasitèn cêpuri ingkang sampun ragi ayom, kados ta sasêla-sêlaning kitri sanès-sanèsipun, ingkang pancèn sampun botên kenging katanêman punapa-punapa, jalaran ayom utawi kêtat dening oyoding kitri sanès-sanèsipun, punika taksih sagêd dados dipun tanêmi gêbang. Măngka gêbaganipun radin bilih siti wontên satus ubin, katanêman longkangipun gangsal kaki pasagi, masthi sagêd katanêman gêbang 576 uwit. Upami ing dalêm sauwit sagêd mêndhêt pupus 6 ing sêtaun, masthi gunggungipun 3456 pupus. Sumăngga kagêbaga kalihan rêginipun, bilih namung pajêng 3 sèn kemawon,

--- 116 ---

sagêd pajêng f 103,68 ing dalêm sataun. Bilih pajêngipun langkung saking 3 sèn ing dalêm pupus satunggal, inggih sumăngga kapetanga. Wontên ingkang suka cariyos bilih wit gêbang wau yèn katêgor lan kasigar, onggokipun kenging kadamêl pathi katêdha.

46. Tanêman salak.

Salak punika ingkang katanêm isinipun ingkang nama geyol. Punika tanêman salak kêdah nêdha siti ingkang nyabuk, ingkang loh, ingkang dede tanah lincad. Geyol wau dipun ipuk wontên ing pasitèn ingkang loh, bilih thukulipun sampun langkung saking satêngah kaki, punika dipun bêdholi kaputêr ugi sampun ngantos kabêntèrên nalika kabêkta dhatêng panggenan papanipun katanêm. Tanêman salak punika purun dhatêng siti ingkang ayom [a ...]

--- 117 ---

[... yom] utawi siti ingkang tênggar. Siti ingkang sampun kacawisakên dipun kowaki satêngah kaki pasagi, lêbêtipun gangsal utawi nêm dim, awit punika bibit salak oyodipun ragi panjang, mila dipun angkah sampun ngantos sangêt-sangêt oyodipun katêkuk. Longkanging kowakan jèjèripun kenging tiga têngah kaki, ewadene munduripun botên kenging kirang saking gangsal kaki, awit salak punika bilih sampun gêsang dhêdhapuranipun ngantos wontên ingkang sapêngrangkul agêngipun, papahipun mawi êri, măngka bilih wêktunipun awoh sabên dhapuran masthi dipun tuwèni wira-wiri. Mila tanêman salak punika bilih dipun kêbonakên longkanging larikan kêdah kenginga dipun ambah wira-wiri wêktu mulasara kalanipun awoh.

Punika bibit salak ingkang sampun kabêdhol, katanêm nyatunggal ing dalêm sakowakan, [sa ...]

--- 118 ---

[... kowakan,] pangurugipun ugi sampun ngantos nyilêpakên sangêt-sangêt dhatêng kêmangganing oyod, utawi dhatêng geyol ingkang thukul maksih anggemblok panggenan dhangkèling bibit wau. Ing sadangunipun kêdah dipun rêksa dhangiranipun murih sampun ngantos bêra dening rumput. Bilih dhapuranipun sampun agêng, pandhangiripun mugi sampun ngantos lêbêt-lêbêt utawi botên kenging dipun gêbrus dipun adhuk-adhuk, awit bilih rantas oyodipun dening pacul, punika wit salak sagêd kêra lajêng pêjah. Măngka bilih sae pangrimatipun wit salak wau sagêd gêsang langkung saking sèkêt taun.

Tanêman salak wau wiwit katanêm dumuginipun purun awoh, botên têbih saking wêwangên tigang taun, awit mawi nimbang loh cêngkaripun siti utawi tênggar lan ayomipun panggenan.

Tanêman salak wau bilih ingkang botên [bo ...]

--- 119 ---

[... tên] pikantuk lêb utawi siram, sagêdipun awoh namung sataun sêpisan, sabên ing măngsa kapat punika wiwit mêdal sêkaripun lajêng pêntil. Ewadene ingkang pikantuk lêb utawi dipun sirami punika sagêd awoh tanpa măngsa.

Salak punika uwohipun gêgadan kadosdene jagung saontong ingkang sampun kabucal klobotipun, namung bedanipun, jagung wau pating trèmpèl ing janggêl alit-alit, wangsul salak anggèning pating trèmpèl ingga lêtipun têbih, ing dalêm sagagang wontên ingkang ngantos nuwuhakên sawidak, măngka ing dalêm sadhapur wontên witipun sadasa utawi langkung. Bilih kalêrêsan bêgja sabên-sabên uwit sami ngawontênakên gagang satunggal mêdal saking sapu lêbuning wit. Punika salak ingkang taksih pating trèmpèl ngantos kêkêrêpên, manawi agêngipun sajêmpol suku kêdah dipun coploki [coplo ...]

--- 120 ---

[... ki] saking ing gagang, ing dalêm lêt kalih utawa lêt tiga kacoplok satunggal. Pamurihipun sampun ngantos pipit sangêt, awit bilih kasangêtên pipit dadosipun sêpuh salak alit sangêt. Makatên ugi bilih sampun langkung saking dumêgan, punika salak dipun tuwèni malih, bilih katingal pipit wontên ing gagang, inggih kêdah dipun suda malih dipun coploki satunggal-satunggal ing dalêm lêt kalih utawi lêt tiga. Bilih pangêlongipun ragi kathah, kantunipun ingkang dipun ingah sêpuh masthi sagêd agêng-agêng, jalaran botên pipit-pinipit kalihan panunggilanipun. Lajêng dipun antawisakên malih, bilih dipun gigit sampun wontên raosipun manis utawi geyolipun sampun warni abrit cêmêng, punika sampun sêpuh kenging dipun undhuh.

Salak kêsudan ingkang wiwitan wau kasade [kasa ...]

--- 121 ---

[... de] inggih wontên rêginipun, nanging mirah sabab botên eca. Salak kêsudan ingkang kaping kalih dipun sade inggih pajêng lan sawatawis mindhak raginipun jalaran sampun ragi eca.

47. Tanêman kitri: 1. dhuku, 2. langsêp, 3. kokosan.

Punika tanêman: 1. dhuku, 2. langsêp, 3. kokosan, sadaya nami kitri taunan. Ingkang katanêm inggih punika isinipun woh, nanging wontên ugi ingkang nanêm dhuku bibitipun ngangge cangkokan. Dhuku, langsêp lan kokosan wau rêmênipun ing siti ingkang botên bacêk, bilih sae pangrimatipun kitri tigang prakawis wau sagêd gêsang langkung saking satus taun. Wiwit nanêm dumuginipun awoh botên têbih saking wêwangên wolung taun, manut loh cêngkaring siti. Punika langsêp [lang ...]

--- 122 ---

[... sêp] lan kokosan bilih awoh, inggih cêkap namung dipun sukani koplok ing panggenan witipun ingkang nginggil pirantos anggêtaki ama ingkang nama kalong, kamprèt utawi cuba. Wangsul tanêman dhuku bilih awoh botên nyampuni ngamungakên dipun sukani koplok kemawon, masthi kêdah dipun brongsongi mawi krênêng ingkang panjang dipun sukani blewehan ing ngiringan, kangge ambrongsong uwoh ingkang nurut pang dipun angkah sagêda lumêbêt ing krênêng dalasan pangipun sawatawis, awit dhuku punika upami botên dipun brongsongi masthi lajêng risak katêdha ing ama sadèrèngipun sêpuh, măngka dhuku punika botên gadhah raos eca bilih dèrèng dumugi sêpuhipun. Upami dipun jiyad kaundhuh maksih ragi nèm mumpung dèrèng risak saking katêdha ing ama, masthi raosipun botên eca sangêt.

--- 123 ---

Sadaya ingkang nama kitri-kitri sanèsipun saking bêra dening rumput masthi karêksa ugi, sampun ngantos ing êpang utawi ing uwit katuwuhan ing sêsakit sanès-sanèsipun, kados ta: 1. kêmadhuan, 2. simbar, 3. picisan, 4. bangkak utawi 5. lumut ingkang sêmunipun anjamur pêthak. Bilih sêsakiting kitri gangsal prakawis wau botên dipun bucali, saèstu murugakên kêra lajêng pêjah. Mênggah pambucalipun sêsakit 5 prakawis ingkang tuwuh tumèmpèl ing wit utawi ing pang kitri, kêdah dipun sisiki ngangge gêgaman kulitipun ingkang katuwuhan saingga ngantos nglokop sagêd kabucal katut oyoding tuwuhan sêsakit wau, awit bilih oyodipun sêsakit botên sagêd katut kabucal, ingkang masthi badhe sagêd tuwuh malih. Ewadene bilih sasakit wau tuwuhipun dumunung wontên ing pucukipun pang utawi dumunung wontên [wontê ...]

--- 124 ---

[... n] ing pang ingkang alit, susah panisikipun inggih dipun kêthok kababar pisan kemawon pangipun, murih sampun ngantos sêsakit wau andados. Awit bilih sêsakit ngantos angrêda mêdal sêkaripun utawi ngantos dados awoh, rontogipun woh sêsakit sumangsangipun ing godhong utawi ing sanès-sanèsipun masthi lajêng kemawon sagêd tuwuh wontên ing ngriku. Sabarang kêkajêngan ingkang sampun katuwuhan sêsakit ingkang kasêbut ing ăngka 1 utawi ăngka 2 ingkang nama kêmadhuan utawi bangkak, ugêr tuwuhipun sampun waradin dhatêng sêdaya pang-pang, punika kajêng masthi pêjah tanpa sabab malih-malih.

48. Tanêman sêkar: 1. cêpaka, 2. kênanga.

Punika tanêman sêkar cêpaka lan kênanga saèstu gampil sangêt, mênggah ingkang katanêm [ka ...]

--- 125 ---

[... tanêm] inggih tuwuhanipun ingkang sampun wontên sakaki inggilipun. Ugêr wontên sêkar cêpaka utawi kênanga ingkang sampun awoh, wasana ing ngandhaping wit utawi sakiwa-têngêning wit botên kapacul sarêndhêng kemawon, amasthi kathah tuwuhanipun. Punika dipun putêr kalihan sitinipun ingkang murwat kalihan agêng aliting bibit ingkang kaputêr wau, sukur ugi bilih purun angipuk inggih langkung prayogi.

Siti ingkang kacawisakên ingkang botên bacêk, dipun kowaki larikan. Bilih sêkar cêpaka kenging kowakanipun lêt kalih cêngkal satunggal, ngetang amung salarik kemawon. Bilih katanêman sêkar kênanga sabab wiwitipun agêng, sanadyan namung ngetang salarik, longkangipun kowakan inggih botên kenging kirang saking lêt kawan cêngkal, cêngkal ingkang panjangipun kalih wêlas kaki. Mênggah wiyar lan lêbêtipun [lêbêti ...]

--- 126 ---

[... pun] kowakan, inggih dipun murwata kalihan agêng inggilipun siti putêraning bibit wau.

Wiwit nanêm dumugi mêdaling sêkaripun, bilih cêpaka salêbêting wêwangên kawan taun sagêd mêdal sêkaripun. Bilih kênanga ing salêbêting wêwangên pitung taun sagêd mêdal sêkaripun. Ewadene kêdah nimbang-nimbang loh cêngkaripun siti lan tênggar ayomipun panggenan.

Punika tanêman sêkar cêpaka lan kênanga bilih sae pangrimatipun sagêd mêdal sêkaripun sabên dintên tanpa măngsa, lan sagêd gêsang langkung saking sèkêt taun. Punika sêkar cêpaka gampil sangêt pangundhuhipun, sabab witipun alit andhap, ugêr dipun cawisi gèntèr wuluh ingkang panjangipun gangsal wêlas kaki ing pucuk mawi dipun cawang, sok tiyanga inggih sagêd nandukakên pangundhuhipun. Bilih sêkar kênanga anggènipun ngundhuh kapara susah jalaran witipun [witipu ...]

--- 127 ---

[... n] agêng inggil, dados botên sêmbarang tiyang ingkang sagêd ngundhuh. Mila ingkang sampun tumănja sêmangke, wontên tiyang ingkang bêbêrah juru mènèk sarta ngundhuh sêkar wau, pirantosipun angundhuh ugi mawi gantar wuluh ingkang panjangipun botên kirang saking gangsal wêlas kaki lan ing pucukipun cinawang. Ing adêgipun punika wit sêkar dipun tèmpèli ăndha dêling agêng satunggal ingkang mawi dipun tatah kabutul, dipun sukani slukat wilah bongkotan utawi kajêng ingkang atos, agêngipun saêdim pasagi, panjangipun sakaki. Sak panjangipun dêling punika sabên lêt kalih kaki inggih katatah dipun slukati, punika ăndha katèmpèlakên ngadêg wontên ing wit kênanga dipun tangsuli kalihan wit mawi tambang duk, lêt gangsal kaki satunggal. Bilih ăndha dêling punika kacupêt, inggih kêdah kasambêtan ăndha sanèsipun, katangsulan ingkang kêrêp supados kêkah lan kuwawi [kuwa ...]

--- 128 ---

[... wi] dipun pènèki. Punika tukang mènèk bêrahanipun palihan, sapintên pikantukipun sêkar kêdah lêrês, upami pikantuk sêkar sarêmbat inggih salayan sewang, ingkang bêrah salayan, ingkang gadhah wit salayan.

49. Tanêman gayam.

Tanêman gayam punika ingkang katanêm inggih wohipun ingkang dèrèng dipun pêcah cangkangipun, nanging botên mawi milih siti, sanadyan bacêk inggih purun dados. Punika tanêman gayam botên kenging katanêm kêrêp, sabab uwitipun agêng inggil. Bilih murih prayoginipun, punika gayam katanêma tigang cêngkal pêsagi, ewadene manawi amung katanêm salarik kemawon, inggih kenging dipun tanêmi kirang saking tigang cêngkal têbihipun. [têbihipu ...]

--- 129 ---

[... n.] Wiwit nanêm dumuginipun awoh botên têbih saking wêwangên pitung taun, lan bilih sampun gêsang sagêd umur langkung saking satus taun. Gayam punika kalêbêt wowohan ingkang gampil sangêt pangocalipun, sami ugi kalihan sukun, ugêr nêmbe dipun undhuh dipun oncèki, kenging ugi lajêng dipun matêngi kagorèng utawi ginodhog, ugêr sampun matêng kenging katêdha.

50. Pananêmipun sêdhah, mrica, kêmukus, utawi cabe.

Bibitipun ingkang katanêm inggih lungipun ingkang rumambat, dipun kêthoki kalih kilan panjangipun, watawis sampun ngantos kirang saking 5 ros. Ing panuju măngsa jawah sapisan, wau bibit katancêbna wontên ing sandhing sapu lêbuning wit-witan ingkang [ing ...]

--- 130 ---

[... kang] sawatawis urup agêngipun. Upami punika ingkang rumambat sagêd gêsang sarta andados, kajêng ingkang dipun rambati kenginga kapènèk utawi kapasangan ăndha kangge angundhuh. Yèn punika tanêman sampun gêsang, pupusipun wiwit purun tumèmpèl ing wit, punika wit ingkang dipun rambati botên kenging pisan-pisan kagrayang dipun pènèki lêlahanan, awit bilih makatên badhe angrisakakên panapêlipun ingkang rumambat, wêkasan dados dhèdhèl-dhèdhèl, mila kengingipun kapènèk amung sarana mawi ăndha kemawon nalika pêrlu ngundhuh. Pangundhuhipun makatên: yèn sêdhah ugêr godhongipun ingkang wontên carangan sampun sêdhêng tumruna, kapunggêl dalasan caranganipun, nanging kêdah dipun ngèngèhakên kalih lêmbar kangge gênderan, ing têmbe gênderan punika mêdal malih caranganipun. Bilih mrica, kêmukus utawi cabe, pamènèking [pamènè ...]

--- 131 ---

[... king] pangundhuhipun woh, sasampuning warni kuning utawi abrit, lajêng dipun jarangi mawi kasiram utawi kacêlubakên ing wedang bêntèr, kaêpe ngantos garing, murih sampun ngantos katêdha ing gagrêmêtan ingkang băngsa coro, bubuk sapanunggilanipun.

51. Mindhah pêthetan tanpa kaputêr.

Ing bawah kabupatèn Purwarêja paresidhenan Kêdhu tiyang padhusunan anggadhahi radinan têrusan rarêngganipun tiyang sadhusun piyambak. Radinan wau wiyaripun amung wolung kaki, ewadene turut pinggiripun kiwa têngên katanêman pêthetan kajêng johar. Sarêng dipun ambah ing grobag radinan wau sêsak, wasana tiyang alit anggadhahi pamikir, radinan wau dipun wiyarakên ngantos kawan wêlas kaki, ewadene tiyang ing dhusun wau tansah kawêkèn [kawê ...]

--- 132 ---

[... kèn] ing bab prakawis tanêmanipun kajêng johar ingkang dumunung ing pinggiring radinan lami, samangke ingkang salarik dumunung wontên ing têngahipun radinan sasampuning kawiyarakên. Sarêng kacoba dipun putêr rèhning kajêng johar wau agêngipun sampun sapupu inggih botên kenging, punapa malih lakar kathah panunggilanipun. Ing wêkasan wontên ingkang gadhah pamanggih, ingatasipun kajêng johar lêlarikan, punika ing sapu lêbunipun kagorèk ing pacul ngantos katingal pakahipun oyod, dipun kowak ngantos katingal atinipun, lajêng dipun ukur, bilih saking sapu lêbu dumugi pinggiring radinan wontên nêm kaki, punika kowakan kajêng johar dipun suwèk (dipun blêdhag) ugi nêm kaki panjangipun, saking panggenan sapu lêbu dumugi pinggiraning radinan sitinipun kajêgong sakêdhik, blêdhaganipun wau dipun ngèngèhakên kalih

--- 133 ---

têngah kaki ingkang prênah nginggil, gangsal têngah kaki ingkang prênah ngandhap dipun kêthok kabucal, wiwit panggenan sapu lêbu kabêkuk ngantos sagêd lumêbêt saurutipun siti jêgongan lajêng kaurug, notogipun blêdhagan ugi kadêngkèk manginggil dipun êdêgagên. Blêdhagan ingkang dipun kêthok wau congat-congatipun kalih têngah kaki dipun tancêbakên siti, lajêng dipun sukani jragang tigang iji kangge cagak kajêng johar ingkang dipun adêgakên wau. Bilih sampun kawan wulan, blêdhagan ingkang tumancêb siti wau sampun mêdal oyodipun, jragang kabucal. Punika sadaya kajêng johar sami katingal ngalih panggenan saha botên ngêtawisi, jalaran botên suda rênuk-rênukipun lajêng gêsang lêstantun. Saking pamanggih kula tanêman sanès-sanèsipun ugêr ingkang băngsa wulêd kajêngipun, dugi-dugi inggih kenging kadamêl kados makatên.

--- 134 ---

52

Ing bawah paresidhenan Kêdhu ingkang sisih kidul wetan, punika kathah wêdalipun pêlêm sêngir. Pêlêm sêngir wau nama wowohan ingkang alus piyambak raosipun, tinimbang kalihan panunggilanipun ingkang băngsa pêlêm, sanèsipun saking kuwèni lan pakèl. Punika pêlêm ingkang katanêm pêlokipun, rêmênipun kêdah katanêm wontên ing siti cabuk ingkang bangsanipun tanah loh, kados ta lêmpung cêmêng ingkang loh inggih sae sangêt dadosipun. Ananging yèn katanêm ing siti lincad, siti lêmpung utawi patêgilan ingkang dede cabuk, ing ngadat kirang sae slêdhunging godhong, jalaran sanadyan witipun purun gêsang, nanging pucuking pang pêrdapanipun asring garing, dados kajêng wau botên sagêd rênuk-rênuk utawi ngrêmbuyung.

Pêlêm punika bilih witipun sampun agêng, [a ...]

--- 135 ---

[... gêng,] masthi sabên taun pêndhak măngsa katiga inggih ngangkat awoh mêdal sêkar lan pêntilipun. Ewadene sagêdipun awoh ingkang nama dados (tulus) kenging kapetang radin sabên tigang taun sêpisan. Pratandhanipun sampun sêpuh kenging kaundhuh, masthi satunggal kalih wontên ingkang nyoplok saking gantelan rêntah ing siti. Pinanggiha wêtah utawi pinanggiha pêcah, bilih kapriksa dagingipun sampun warni kuning, dipun gitik sampun gadhah raos manis sawatawis, punika sampun nama sêpuh kenging kaundhuh. Pangundhuhipun saking êpang botên kenging dhawah ing siti, mênggah wadosipun makatên: bilih pêlêm dhawah ing siti saking ing pang, punika ingkang sasisih ingkang katanggor ing siti, ing lêbêt masthi rêmuk, malah ing jawi têrkadhangan inggih katingal pêcah utawi rêmuk. Ingkang makatên punika namanipun pêlêm balakên, bilih dipun iris, [iri ...]

--- 136 ---

[... s,] sanadyan sakojur sampun matêng wontên madunipun, panggenan ingkang rêmuk wau masthi katingal garing kemawon botên purun mêdal madunipun. Ewadene murih pêlêm ingkang dipun undhuh wau sampun ngantos dados balakên, kêdah nganggea pirantos kados ing ngandhap punika.

Cêcawisa pirantos ingkang nama urung, nanging wontên ingkang mastani nama sosog, utawi wontên ingkang mastani nama songgrok. Ingkang dipun damêl deling ingkang agêngipun sajêmpoling suku, panjangipun sampun ngantos kirang saking tigang ros. Sangandhaping ros ingkang pucuk ing antawisipun saking ros ngandhapipun, punika dipun pêcah-pêcah kapara nêmbêlas, ing lêbêt kapasangan, blêngkêr kêkalih, kluwênging blêngkêr cêkapa linêbêtan pêlêm ingkang agêng, antawising blêngkêr satunggal dhatêng satunggalipun ugi sampun ngantos sêsak bilih linêbêtan ing pêlêm ingkang agêng. Punika [Pu ...]

--- 137 ---

[... nika] blêngkêr dipun palit kaliyan pêcahan wilah nêmbêlas wau, warninipun kados ruji kurungan pêksi, punika ruji ingkang sisih dipun kêthoki papak. Blêngkêr nginggil utawi blêngkêr ngandhap ngantos sagêdipun wangun pasagi, kăntha-kanthanipun kados lawanging kurungan pêksi ingkang tanpa tutup. Punika urung dipun garani mawi dêling alit ingkang panjangipun kenging kadamêl anggayuh pêlêm ingkang wontên ing pucuk pang saking panggenan pakah. Tiyang ingkang ngundhuh pêlêm manggèn ing plogrok sarwi nyandhing sênik ingkang sinalang saha mawi uluran tambang. Pêlêm ingkang dipun tuju kalêbêtakên ing lawang urung lajêng kacènèng utawi kasodhokakên. Pêlêm coplok saking gantelan lajêng kapêndhêt kasukakakên ing sênik. Bilih sênik sampun kathah isinipun kaudhunakên alon-alon mawi uluran ngantos dumugi ing siti, lajêng dipun imbu wontên [wontê ...]

--- 138 ---

[... n] ing kranjang ingkang sampun sinarapan omaning pantun.

Ingkang masthi kaundhuh mawi urung utawi ingkang kaundhuh saking êpang bilih dhawah ing siti lajêng dados balakên wau, inggih botên ngêmungakên pêlêm sêngir kemawon, sanadyan ingkang nama pakèl, kuwèni utawi pêlêm sanès-sanèsipun ugi kadosdene pêlêm sêngir wau.

53

Sadaya rajêging pakarangan ing dalêm lêt tigang dhêpa satunggal kadamêla sêlang-sêling, katanêmana turus kajêng sana lan turus kajêng randhu, awit turus kalih warni punika kalêbêt enggal agêng lan migunani sangêt. Kajêng randhu kenging kapêndhêt wohipun saha pêrlu sangêt kaangge dhatêng sadaya manungsa kêdah mêrlokakên ngangge kapuking kajêng randhu kadamêl dandosan patilêman. Wondening kajêng sana wau sanadyan botên [bo ...]

--- 139 ---

[... tên] kalap wohipun, ewadene prayogi sangêt, awit wit sana punika ewonipun tanêman gampil tur enggal agêng, ugêr sampun sadasa taun umuripun wiwit kenging kadamêl dandosan sakaning griya. Mênggah turus-turus sanèsipun, saking kalih prakawis wau ugi wontên paedahipun, nanging kirang prêlu katimbang kalihan kalih prakawis wau, inggih punika kajêng sana lan kajêng randhu.

54

Ing bawah Paresidhenan Madiun, sauruting radinan agêng urut pinggiran sami katanêman kajêng asêm kamal. Punika prayogi sangêt, jalaran wohipun amigunani dhatêng sadaya tiyang, awit sadaya tiyang sabên dintên masthi nêdha asêm kamal kaangge bumbu-bumbuning tatêdhan, utawi bumbu-bumbuning jêjampi Jawi. Măngka tanêman [tanêma ...]

--- 140 ---

[... n] kajêng asêm wau kalêbêt têtanêman ingkang dangu sangêt, wiwit nanêm dumuginipun awoh. Mila sok tiyanga botên sagêd anècèk nanêm kajêng asêm. Wontênipun ingkang sampun kalampahan, asêm wêdalan saking bawah Paresidhenan Madiun sagêd angalabi dhatêng nagari sakiwa têngênipun ingkang sawatawis kapara cakêt. Mila sêdaya padhusunan mênawi wontên pasitèn ingkang pêrnah sakintên botên makèwêdi punapa-punapa, prayogi sangêt katanêman klungsu, pamurihipun benjing ing lami-lami manawi asêm punika sagêd awoh, supados anyêkapana kabêtahan. Mila pamujinipun ingakathah: mugi-mugi ingkang ngasta paprentahan karsa aparing dhawuh saurutipun sadaya pinggiring radinan agêng supados katanêman asêm, awit punika pinggiring radinan ingkang nama siti sêla ingatasipun siti ingkang dede tlatah wana utawi rêdi.

--- 141 ---

55

Rabuk ingkang kapisan, sae piyambak ingatasipun tumrap dhatêng băngsa tanêm-tuwuh, inggih punika garinganipun rêrêgêd, kados ta: rêrêgêding ayam, peksi, kewan sapanunggilanipun. Wondening ingkang nama garingan wau makatên: sadaya rêrêgêd kadunungna ing panggenan ingkang botên katrocoban ing toya jawah, lan botên karêmbêsan toya tuk sapanunggilanipun. Sabên măngsa bêntèr kêdah dipun pe ingkang ngantos garing lêrês-lêrês. Pratandhanipun garing saèstu kêdah panjunjungipun ènthèng lan sampun ical gandanipun ingkang asal. Manawi sampun maujud garing ingkang makatên, lajêng kapêndhêta samurwat kathahipun, kadèkèk ing sapu lêbuning têtanêman, lajêng kasiram kalaning wêktu ngêrak. Toya siraman ingkang sampun mambêt bladhêg garing sampun ngantos amblèbèr [amblè ...]

--- 142 ---

[... bèr] têbih saking sapu lêbuning kajêng, mila patrapipun sacakêting sapu lêbu kêdah kagalêngan sacêkapipun kangge ngadhangi pamblèbèripun toya utawi bladhêg.

Bladhêg ingkang kaping kalih suda saenipun, inggih punika bladhêg ingkang asal saking sadaya rêrêgêd utawi saking uwuh-uwuh, kaimbu kabosokakên wontên ing luwangan. Manawi sampun dados siti tumuntên sawêg dipun angge. Punika bladhêk kakiyatanipun sampun suda, awit nalika wontên ing luwangan sampun nate kaêkum ing toya jawah, dados sarinipun sampun katut kêbêkta ing toya rumêsêp dhatêng salêbêtipun siti luwangan.

Bladhêg ingkang kaping tiga asor piyambak, inggih punika ingkang asal saking maujud awu, arêng sapanunggilanipun. Punika bladhêg sampun têrang botên wontên [wontê ...]

--- 143 ---

[... n] gunanipun babar-pisan, yèn dèrèng kacarub kalihan siti ngantos lami.

Ingkang kadamêl năndha makatên: 1. bladhêg garing, 2. bladhêg bosokan ing luwangan, 3. bladhêg awu, kapêndhêta sami takêripun, kadunungna ing panggenan ingkang prayogi, nanging kapisah-pisah. Ing têmbe yèn kataman toya jawah tamtu sagêd tuwuh wêkanipun. Ingkang nama wêka punika têtuwuhan rumput utawi sanèsipun, ing bladhêg garing lan ing bladhêg bosokan têmtu tuwuh wêkanipun. Ing bladhêg awu têmtu botên katuwuhan wêka yèn dèrèng lami sangêt. Punika ingkang mratandhakakên sadaya tanêm-tuwuh botên rujuk kalihan awu. Mila ing bawah dhistrik Kalialang kabupatèn Lêdhok paresidhenan Kêdhu mèh sabên tiyang sami damêl simpênan bladhêg garingan. Ewadene ing tanah ngriku sangêt asrêpipun mila ing awang-awang awis-awis sumilak, punika anjalari lêmèn botên [botê ...]

--- 144 ---

[... n] dipun pe, namung dipun tumpuk wontên ing griya ngajêng kemawon utawi ing griya ngiringan, dipun kêrbongi mubêng botên kadèkèk ing luwangan lan botên suka kenging toya jawah. Tiyang ing kadhistrikan Kalialang wau bilih nanêm palawija ingkang măngka kalêrês botên gadhah bladhêg ingkang sampun garing, salajêngipun inggih kalampahan numbas bladhêg ingkang sampun garing, ing dalêm saelo kubuk botên kirang saking rêgi f 2.50, ewadene bladhêg ingkang têlês rêginipun suda kathah tinimbang kalihan ingkang garing. Nanging bladhêg garing wau bilih panganggenipun kacarub kalihan siti saèstu awon jalaran anjamur.

58[2] Namaning wit arèn.

1. Sêkung: oyoding arèn, yèn kairat kapêndhêt galihipun kadamêl tangsul [tangsu ...]

--- 145 ---

[... l] godhi prayogi sangêt, botên bosok kapêndhêm lan botên bosok kaêkum ing toya utawi botên gapuk kabênteran.

2. Bogor: witing arèn, kajêngipun ingkang atos nama ruyung. Punika yèn kapulasara kadamêl dandosan alit-alit ugi prayogi sangêt. Sanadyan dipun kum toya utawi kapêtak ing siti ugi botên sagêd bosok, punapa malih dipun pe ugi botên purun gapuk.

3. Onggok: atinipun wit arèn, yèn kacacah dipun bêbak kenging kapêndhêt pathinipun kadamêl panganan katêdha. Kabubur tanpa gêndhis lajêng dipun ayaki kadamêl ampas dhawêt inggih eca, patrapipun makatên: onggok punika dipun slusuhi wontên ing lêsung ngantos lêmbat, lajêng dipun jèri ngangge toya sawatawis (murih nyêmêk-nyêmêk) [nyêmê ...]

--- 146 ---

[... k-nyêmêk)] kêpêrês mêdal toyanipun, inggih punika pathi (sagu) nama gelang, punika kabubur kalihan gêndhis eca sangêt. Wondening ampasipun kangge têdhaning ayam utawi kambangan.

4. Sada arèn: punika sada arèn yèn dipun sisiki ingkang rêsik, prayogi sangêt kaanggit kadamêl bêkakasipun băngsa èstri ingkang nama rege utawi tampilan, maujudipun mèmpêr kadosdene tampah ingkang wêngkunipun wiyar, amung kaotipun tampah rapêt, rege awis-awis, dados botên kenging kaangge wadhah barang ingkang lêmbat kados ta uwos sapanunggilanipun ingkang băngsa lêmbat.

5. Papah arèn: papahipun godhong, ingkang sampun kalampah papah arèn punika kapulasara kadamêl bêkakas, kados ta: gapitipun suri tênun, punapadene [pu ...]

--- 147 ---

[... napadene] kadamêl dêdolananipun lare, inggih punika ingkang nama rinding.

6. Kawung: godhong (janur) arèn, godhong punika ingkang taksih nèm dipun wedangi lajêng kabêsutan lan dipun pe, pirantos kaangge nglintingi sata ingkang kaudud (rokok), godhong ingkang sampun sêpuh, pirantos dipun anam ing siti batur salêbêting griya nalikanipun tiyang nuju gadhah damêl, dumunung kangge sèmèkipun gêlaran.

7. Kawul: guluhipun papah arèn, punika dipun kêriki dipun kumpulakên kakumbah rêsik, lajêng dipun pe ngantos garing, pirantos kangge nguncang latu agaran utawi latu thithikan.

8. Duk: tapasipun wit arèn, punika yèn kapulasara prayogi sangêt kaangge tangsul, kapuntu, katampar utawi lêmbaran, awit duk punika upami

--- 148 ---

kaêkum, kapêtak utawi dipun pe botên sagêd risak. Mila ing tanah Bagêlèn sadaya griya atêp tangsulipun duk, punapa malih manawi tiyang ingkang kalêbêt sugih, gadhah pamanggih duk wau kadamêl payoning griya, awit sagêd awèt sangêt, punapa malih manawi sampun têtaunan laminipun payon duk punika warninipun kados siti, jalaran manawi măngsa katiga kasangsangan balêduging siti, wusana sarêng măngsa jawah, blêdug wau botên sagêd kèli.

9. Sruwa: sadaning duk, sruwa punika kangge sangêt pirantos dipun damêl kalam panyêratan.

10. Kade: sêkaring arèn ingkang dèrèng mêgar (taksih kuncup).

11. Dangu tuwin thèkèl: dumunung wontên panggenan wit sangandhapipun papah têbih, warninipun mèmpêr kade,

--- 149 ---

inggih punika ingkang kadèrès kapêndhêt badhègipun ingkang kadamêl gêndhis.

12. Kolang-kaling: wohipun arèn. Kolang-kaling punika ingkang măngsa dêmêgan kablêdug wêtahan, yèn sampun sami anjêblug, isinipun ingkang warni pêthak kapêndhêtan kinumbah dipun damêl manisan.

57. Uwit tal.

Uwitipun nama tal, godhongipun nama kropak. Kropak punika kala jaman kina pirantos kasêrat mawi tosan, ingkang lincip, kangge cathêtan utawi kangge sêrat ibêr-ibêr. Ewadene samangke kropak wau inggih taksih kangge ugi, kaanggit kadamêl bêkakas jawi nama tutup saji. Panganggitipun mawi dipun pacar ingkang warni abrit, ingkang warni cêmêng kaêkum ing tiyèng, ingkang warni jêne dipun kunir,

--- 150 ---

lugas kemawon ingkang warni pêthak, nanging kêdah kagodhog rumiyin.

Mênggah wohipun tal: nama siwalan, ingkang taksih dêmêgan ugi kenging katêdha sarta kenging kaewokakên tatêdhan băngsa èdi.

58. Tanêman klapa.

1. Klapa ingkang sêpuh ingkang taksih wontên ing uwit, sukur ugi manawi ingkang sampun satêngah kiring, punika kapêndhêt, ananging sampun ngantos coplok kopèngipun, lajêng kagantang wontên ing sanjawining griya, ugêr sampun sawatawis wulan tamtu sagêd tuwuh, lajêng kaudhunakên katanêm ing pundi prênahipun. Pananêm wau yèn ing tanah cabuk utawi tanah pasabinan, cêkap namung kaurugan sapalihipun wiji ingkang nama cikal. Nanging

--- 151 ---

yèn tanah patêgilan sarta ing tanah parêdèn, nanêm cikal kêdah kakowak sakaki midêr, lêbêtipun botên kenging kirang saking kalih têngah kaki. Kowakan dipun rêsiki, cikal kalêbêtakên, nanging botên kaurugan, namung kaganjêl mawi siti sakêdhik kemawon murih botên gumlinting. Kowakan punika lami-lami pikantuk lêmèn ingkang katut ing toya mili lumêbêt ing kowakan, ugêr kowakan punika katingal kêbak walêd ngantos nyilêpakên cikal inggih kêdah dipun êntasakên.

2. Cikal ingkang sampun wiwit mêgar godhongipun: nama sêmuru. Ingkang sampun wiwit katingal glugunipun: nama anggênuki. Ingkang sampun katingal sêkaripun: nama wala.

3. Patrêm: sêkaring klapa ingkang dèrèng katingal mêkar. Yèn sampun mêgar, nama manggar. [mang ...]

--- 152 ---

[... gar.] Angkuping patrêm nama mancung, gaganging patrêm nama dolèr, sunguting manggar nama upat.

4. Pêntilipun klapa nama bluluk. Yèn sampun isi toya nama cêngkir. Yèn sampun wiwit wontên isinipun lamat-lamat nama kêmringêt. Yèn sampun radin isinipun nanging taksih lêmês, nama dêgan. Yèn sampun wiwit kenging kaparud, nama gêmobor. Yèn sampun radi sêpuh sakêdhik, nama kêmendho. Yèn radi sêpuh malih nama kêmurang. Yèn sampun sêpuh sangêt nama kiring. Kulitipun nama sêpêt, tutupipun panggenan gantèlan nama kopèng, cangkangipun nama bathok. Sêpêt yèn sampun dipun thuthuki nuntên kapilihan, ingkang lêr-lêran nama unus kenging kadamêl bêkakas tambang kangge salang. Mênggah ingkang juwul-juwul nama kawul sêpêt, ugi kenging kadamêl bêkakas [bêka ...]

--- 153 ---

[... kas] isèn-isèn sawarnining kasuran.

5. Witipun klapa nama glugu, godhongipun nama janur utawi blarak, kangge bêkakas tulungan dipun anam kagapit kadamêl aling-aling, utawi kadamêl mayoni tratag. Godhong ingkang jêne nama janur wau kangge kupat. Lan glugu wau pirantos kangge bêkakas griya. Glugu ingkang taksih pêthak wontên pucuking wit, nama pondhoh, eca kadamêl janganan, gudhêg utawi lalaban. Godhong ingkang garing nama klari, kakèkrèk ingkang sae nuntên kawêlit kadamêl payon griya, punapadene dipun bêngkaki kadamêl obor, sadanipun kenging kaangge bêkakas sapu kasar. Papahing godhong nama blungkèng kangge kajêng obong. Dukipun nama tapas, kenging kadamêl bêkakas ingkang warni karung yatra, [ya ...]

--- 154 ---

[... tra,] karung wos utawi kangge isèn-isèn barang sinjang ingkang rinangkêp pinurih akas, punapa malih kangge ambrongsongi wowohan.

59. Wohan (jambe).

1. Pucang: witing jambe, kenging kadamêl bêkakas kasar utawi bêkakas alus, warninipun ingkang kasar: talang, uwot, cagak sapanunggilanipun. Warninipun ingkang alus: kisi, wlira, gun utawi incing sapanunggilanipun ingkang nama bêkakan[3] ngantih lan nênun.

2. Upih: blungkènging jambe, punika upih kenging kadamêl bêkakas timba utawi kadamêl buntêl-buntêl. Amplok mancunging jambe. Mayang: manggaring jambe, kangge pirantos rarêngganing tratagipun tiyang gadhah damêl utawi kangge buntal.

--- 155 ---

3. Dhene: pêntiling jambe. Klinjêm: jambe ingkang sampun ragi agêng. Jambe ingkang sampun sêdhêng kagantèn, ingkang ragi sêpuh nama cêmlakêt. Ingkang sampun warni jêne: nama jêbug. Tabon: kuliting jêbug.

60. Namaning dêling (pring).

Dhungklak: dhangkèling dêling. Pring: witing dêling, kangge bêkakas warni-warni tuwin tangsul-tangsul. Ros: gêrêtaning dêling. Soca: mripating dêling. Gêlangan: gligiring ros dêling. Wêlat: kuliting dêling. Srumpil: ros salêbêting dêling. Cêplik: mripat dêling ingkang badhe tuwuh pangipun. Carang: panging dêling. Klothokan utawi clumpring: tapasing dêling, kenging kangge bêkakas ingkang nama tudhung (tarik utawi caping) kangge ing tiyang parêdèn. Clumprit: gaganging godhong dêling. Ada-ada: [Ada-a ...]

--- 156 ---

[... da:] sadaning godhong dêling. Sêmprit, godhong ingkang taksih kuncup. Godhong ingkang sampun mêgar kenging kangge pirantos buntêl kupat sompil. Lugut: wuluning dêling. Bung: anak utawi thukulaning dêling. Lajar: bung thukul saking siti, yèn bunging dêling pêtung, lêgi, lan ampèl kenging katêdha kangge janganan lan lalaban. Thèkèl: bung ingkang mêdal saking tunggak, utawi saking dhangkèl. Dêling punika ingkang katanêm dhungklakipun ingkang wontên tunggakipun panjang, watawis sampun ngantos kirang saking kawan kaki: pananêmipun ing măngsa jawah sapisan, sanadyan papanipun ayom ugêr loh inggih purun.

61. Witing năngka.

Tambi: oyod ingkang nganggrang. Lajêr: oyod ingkang nunjêm. Kêmăngga: oyod ingkang cawang-cawang alit. Dhangkèl, [Dhang ...]

--- 157 ---

[... kèl,] panggenan pêncaring oyod. Klika: kulit ingkang jêplok. Kulit ayam: kulit ingkang taksih rapêt. Klokopan: lulubing wit, kuwal: kajêng ingkang warni pêthak. Galih: kajêng ingkang warni abrit utawi jêne, prayogi sangêt kangge dandosaning griya. Ati: bolonging galih ingkang têngah-têngah. Pakah: pang ingkang agêng. Pokol: tunggaking pang ingkang tilas putung utawi kakêthok. Pang: inggih punika pang ingkang ragi alit. Ragas: pang alit-alit ingkang cakêt kalihan godhong. Gagang: gantelaning godhong. Ada-ada: sadaning godhong. Godhong: inggih punika godhong năngka ingkang taksih ijêm. Pêrdapa: pupusing godhong. Kleyang: godhong ingkang sampun jêne. Pulut: tlutuhing năngka. Angkup: clumpringing sêkar, bungkus sêkaring năngka. Babal: pêntiling năngka. Gori: năngka ingkang

--- 158 ---

taksih mêntah utawi nèm, kenging kangge janganan. Năngka: gori ingkang sampun matêng. Nyamplungan, punika nangkanipun lêrês, inggih punika ingkang katêdha. Dami: kriwit-kriwitaning năngka. Bêton: isining năngka, kenging kadamêl panganan. Glabat: buntêling bêton. Mangkot: kuliting năngka. Bagal: atining năngka. Gantelan: gaganging năngka. Sêrat: susubing galih kajêng năngka. Bayu: jlèrèt-jlèrèting galih kajêng năngka. Năngka wau ingkang katanêm bêtonipun, nanging sampun ngantos langkung saking tigang nyari lêbêting kowakan, utawi kandêling pangurugipun.

62. Witing kêkajêngan sanès-sanèsipun.

Sadaya kêkajêngan sami ugi, namung yèn asêm kamal ingkang beda awit godhongngipun [godhong ...]

--- 159 ---

[... ngipun] nama sinom, pêntilipun nama kèpèk, yèn sampun ragi sêpuh nama cêmpaluk, wiwit kenging kangge bumbu-bumbu tuwin jampi. Isinipun nama klungsu. Ada-adanipun ing salêbêting woh turutipun gagang nama jarot.

Yèn pêlêm kuwèni utawi pakèl, pêntilipun nama pruntil, inggih punika ingkang asring kadamêl acar. Gêndheya ugi pruntil, isinipun nama pêlok. Pêlok punika kenging kadamêl panganan sarana kabubur, nanging ruwêt pangocalipun.

Yèn durèn, manawi sampun matêng kasigar dados gangsal, punika ing dalêm sabageanipun nama saajar, isinipun nama pongge, ingkang katêdha glabading pongge. Pongge punika ugi kenging kadamêl panganan kabubur. Durèn ingkang nèm nama bêlêm.

Yèn pête, ingkang saombyok nama [na ...]

--- 160 ---

[... ma] sapêndul, ingkang sadlujur nama sakêris, ingkang sadasa kêris tinangsulan nama salinggêt, ingkang gangsal linggêt katangsulan, nama sabêngkak. Yèn dipun oncèki isi satunggal nama samata, kenging lajêng katêdha kangge lalaban utawi janganan.

Yèn pisang, witipun nama gadêbog utawi gêbog tuwin kadêbog, kenging kangge pirantos buntêl. Sêkaripun nama jantung utawi tuntut. Wohipun saombyok nama satundhun. Yèn sarèntèng nama saèpèk utawi salirang. Yèn satunggal nama saulêr. Lirangan ingkang nginggil piyambak, nama tadhah udan. Ingkang ngandhap piyambak nama bêcicing. Tuntut ingkang sampun kèndêl anggènipun ngawontênakên pêntil, nama tajin.

Yèn kelor utawi turi, wohipun nama klenthang kangge janganan, punapa malih godhonging kelor lan sêkaring turi ugi pirantos kangge janganan.

--- 161 ---

Yèn dhadhap utawi cangkring sêkaripun nama kêcilung, wohipun nama blêndhung. Cangkring lan dhadhap punika godhongipun ingkang nèm keging kadamêl kuluban kangge lawuh nêdha, lan godhongipun dhadhap srêp kenging kadamêl jampi tapêl sarana kabumbonan.

Yèn kimpul talês sapanunggilanipun, sêkaripun nama pacal. Dhangkèlipun ingkang winastan woh. Papahipun nama lompong. Godhongipun anama lumbu. Punika papah lan godhong asring kakêla.

Yèn kêtela rambat, witipun nama lung, godhongipun nama lêngguk utawi jlegor. Punika eca kadamêl janganan utawi kuluban.

Yèn kacang ruji lan kacang lanjaran, pêntilipun nama sungut, woh ingkang ragi sêpuh têtêp nama kacang, witipun nama lung, godhongipun nama lêmbayung, kenging kakêla tinêdha.

Yèn kacang cina, witipun ingkang nêmbe tuwuh taksih pêthak: nama thokolan, [thokola ...]

--- 162 ---

[... n,] kenging katêdha kadamêl kuluban utawi dipun jangan. Woh ingkang nèm taksih warni pêthak, nama glêndhèh. Woh ingkang sêpuh têtêp nama kacang. Wit utawi godhong nama rèndèng.

Yèn wit êso, sêkaripun nama ucêng, pêntilipun nama cêngkarang, woh ingkang sêpuh têtêp nama mlinjo. Punika sadaya kenging kadamêl kêlanan. Dene woh ingkang sampun matêng abrit sami dhawah ing siti nama klathak, kangge panganan ingkang nama êmping. Godhongipun nama êso, eca kadamêl janganan. Lulubipun nama bago, prayogi sangêt kadamêl tambang.

Yèn kluwih, wohipun têtêp nama kluwih, kangge janganan, nanging isinipun nama klathak ugêr sampun sêpuh kenging kadamêl panganan. Sêkaripun nama cloncong.

Yèn boros, sêkaripun nama cumbrang kenging kadamêl pêcêl, wohipun nama

--- 163 ---

onje, kenging kadamêl asêm, ingkang katanêm dhangkèlipun.

Yèn kajêng trênggulun, wohipun nama kêtos, botên kenging katêdha.

Yèn kajêng nagasari, wohipun nama gandhèk, botên katêdha.

Yèn kajêng kêpuh, wohipun nama jangkang, botên katêdha. Yèn kajêng klampis, wohipun nama ale, botên katêdha.

Yèn kajêng plasa, wohipun nama gabèl, botên katêdha

Yèn kajêng kêsambi, wohipun nama kêcacil, botên katêdha

Yèn pace utawi kudhu, wohipun nama pace, kenging katêdha.

Namaning băngsa sêkar ingkang dèrèng kasêbut ngajêng, lan ingkang gèsèh kalihan namaning uwit kados ing ngandhap punika:

Pudhak, sêkaring pandhan, punika wangi. Jèngèr, sêkaring kênthang, punika botên wangi. [wa ...]

--- 164 ---

[... ngi.] Gacêng sêkaring walur, punika arus gandanipun. Jangglêng punika sêkar utawi wohipun jati. Polaman, sêkaring kênanga, punika wangi. Kanthil, sêkaring cêpaka, ugi wangi. Karuk sêkaring jambu utawi randhu. Drèngès sêkaring sêdhah. Raung sêkaring glagah. Kacuwis sêkaring jengkol.

Namaning băngsa isi ingkang dèrèng kasêbut ing ngajêng, kados ing ngandhap punika:

Yèn kacipir, isinipun nama botor, godhongipun nama cêthèthèt, sami kenging katêdha.

Yèn isining tanjung lan sawo nama kêcik.

Yèn isining kapas nama wuku, yèn isining kapuk randhu nama klênthêng.

63. Tanêman pantun.

Pantun ingkang kapilih badhe wiji: nama

--- 165 ---

langgoran. Pangurutipun gabah kêdah kailês, namanipun angi. Yèn gabah sampun rontog katapenan, uwuh lan oman nama kapak. Gabah lajêng dipun kum sadintên sadalu lajêng kaêpêp. Yèn sampun manthingis nama ngêcambah, lajêng kauwurakên ing papan panyêbaran ingkang sampun alus. Yèn gabah thukulipun sampun sadim, nama sêmumbi. Yèn kalih dim nama dêmêruk, yèn gangsal dim nama sêmingkal. Yèn sampun cêkap umur kawan dasa dintên ing tanah bêntèr, lan pitung dasa dintên ing tanah asrêp, punika kenging katanêm. Pambêdholipun nama dhaut. Yèn sampun kabêngkakan ing dalêm sabêngkak nama sabawang, ingkang sadasa bêngkak nama sabêntèl. Wiji ingkang kapanjangên, kêdah kakêthok pucukipun, nama kêbiri, pamurihipun yèn katanêm botên dhoyong dening angin. Wiji yèn sampun kadunungakên ing leleran nama banjaran. Yèn tiyang [ti ...]

--- 166 ---

[... yang] tanêm wiwit tumandang, wiji bêngkakan kapêndhêt satêkêm-satêkêm nama têmpah. Yèn tanêman wiwit ijêm nama nglilir, yèn godhong wiwit ambyar nama gêmundha. Yèn inggilipun anak sampun sami kalihan babon, nama ngapit. Yèn godhong sampun ragi pêpêt sarta inggilipun sami, nama mapak. Yèn sampun wiwit katingal rosipun nama mêtêng kisi. Yèn sampun pating plênthèt nama mêtêng. Yèn wiwit wontên ingkang anjêpot satunggal kalih nama ngacir-aciri. Yèn sampun ragi kathah nama mlêncut. Yèn sampun pating grombol nama anjêbuli. Yèn sampun wradin sadaya nama mratak, limrah pantun mratak kêdah nyungar majêng manginggil, gabahipun sami mangap. Yèn sampun sawatawis dintên, mangaping gabah kalêbêtan sarining sêkar pantun ingkang pating kruwis wontên ing pucuk ingkang asring pinriyêmbada ing tawon sarta kalêbêtan bun, sawêg mingkêm wiwit isi.

--- 167 ---

Mênggah nalaripun gabah mangap ingkang kalêbêtan sari punika minăngka cumbananing pantun. Ingkang sampun isi nuntên tumungkul, nama mratak tumungkul. Yèn sampun ing pucuk kuning nama bangcuk. Yèn kuningipun sampun satugêl, nama mêmping. Yèn sampun jêne sadaya nama kêmêndêl. Yèn godhong ingkang nginggil piyambak (kitir) lan gagang wiwit katingal jêne, punika nama sêpuh kenging kapêndhêt. Pamêndhêting pantun mawi ani-ani katugêl ing gagang ingkang sanginggiling ros, kacêthut ngangge tangan ingkang têngên, katampenan ngangge tangan ingkang kiwa. Yèn sampun satêkêm kabêsèt godhongipun, nama dipun gêbangi, lajêng kasèlèhakên nama saselehan. Yèn sampun kèndêl anggènipun ani-ani lajêng dipun bongkoki ngangge tangsul ingkang nama panjalang, ing dalêm gangsal selehan sabêngkak, nama sapocong,

--- 168 ---

saimbong, sabondhot utawi sapêncar. Ing dalêm kalih pocong nama sagèdhèng, ing dalêm gangsal gèdhèng nama saăngga, ing dalêm gangsal ăngga nama saamêt. Pantun wau lajêng kapondhok (katumpuk) yèn sampun wayu sadalu tuwin kalih dalu dipun pe nama kakêpyurakên utawi kaayarakên. Pangêpenipun rambah kaping kalih murih garing lêrês. Yèn sampun garing dipun êntasi nama kapulung lajêng kapondhok malih.

Nalika jaman rumiyin pantun garing kêdah dipun gèdhèngi, nanging jaman samangke sampun radi botên patos kalampahan. Mênggah patrapipun anggèdhèngi makatên: pantun kabucal lamènipun (gaganging godhong ingkang taksih krakêt ing oman), lajêng katangsulan mawi panjalang, nanging radi pucuk, lan ing dalêm kalih pocong kaganthèt mawi papunton lulubing waru ingkang botên dipun kum, lajêng dipun papaki ngangge [ngang ...]

--- 169 ---

[... ge] bêndho, nuntên kasimpên. Mila dipun gèdhèng, pamurihipun yèn kasimpên sagêda ringkês.

Wadhahing pantun punika, yèn utêr alit nama krêmbêng, yèn utêr agêng nama lumbung, yèn ingkang kadunungakên sanjawining griya ingkang mèmpêr gêdhogan, nama kampèk. Wontên ingkang mastani lumbung kampèk.

Pantun punika yèn badhe kadamêl uwos kêdah kagêntang wontên ing lêsung dipun slusuhi mawi alu ngantos rontog saking gagang lajêng tinapenan mawi tampah murih ical kulitipun gabah ingkang nama mêrang, gaganging gabah nama oman. Gabah ingkang sampun mlècèt lajêng kabêbak wontên ing lumpang, lan katapenan malih murih ical rarêgêdipun ingkang nama dhêdhak. Dhêdhak punika kangge têdha babi, ayam, kambangan (bèbèk), banyak, enthog utawi kapal. Wos ingkang sampun [sampu ...]

--- 170 ---

[... n] ical dhêdhakipun kasosoh lan tinapenan, murih ical mênir katêpu lan katulipun. Mênir punika: rêmukaning wos, katêpu antuping gabah ingkang pirantos panggenan tuwuh. Katul, guluhipun wos, sadaya eca katêdha.

Mangsuli Cariyos Ngajêng.

Wiji pantun ingkang sampun kalangkah saking umur, lajêng katingal êrosipun nama wuku, punika upami katanêm lajêng jèngklèk. Sanadyan gêsanga utawi awoh nanging kêra sangêt, lan botên purun manak babar-pisan.

Upami kapêksa dipun ingah wontên ing panyêbaran, inggih badhe purun awoh, nanging lêmbat sangêt, namanipun pantun gêdhêgan. Mênggah cariyosipun tiyang kathah pantun gêdhêgan punika prayogi sangêt kadamêl wêdhak.

Tancêbing wit pantun nama dhapuran, witipun [witi ...]

--- 171 ---

[... pun] nama damèn, gagangipun nama oman, ing dalêm sagagang nama sarungge utawi sawuli, pang-panganipun runggehan nama jathan. Satunggal-tunggaling gabah nama saêlas, kuliting gabah nama rambut.

64. Tanêman jagung tuwin canthèl.

Yèn tanêman jagung, ingkang sampun kawuwur bilih thukulipun sawêg gangsal dim nama cêmonthong. Yèn sampun mêgar godhongipun gangsal, nama gêmundha. Yèn sampun sêkar, sêkaripun punika nama jêplak, pêntilipun nama amplok, yèn sampun katingal rambutipun abrit, nama truncung. Yèn rambut sampun sêmu cêmêng nama sirêp, yèn kulitipun wiwit warni jêne nama ambêloki. Punika sampun sêpuh wiwit kenging kapêndhêt.

Uwitipun jagung nama katêbon, kulitipun nama klobot, gagangipun nama janggêl, [jang ...]

--- 172 ---

[... gêl,] kados ingkang kasêbut ngajêng. Ing dalêm jagung sagagang nama saontong. Ing dalêm jagung saprinthilan nama saêlas. Kloboting jagung ingkang ênèm ingkang dipun godhog, kenging kaangge udud. Mênggah kloboting jagung ingkang sêpuh mêntah ugi kenging kadamêl udud, nanging kasap sangêt.

Mênggah tanêman canthèl, ing dalêm sagagang (saombyok) ugi nama saontong, têka botên kawastanan sarungge. Mênggah witipun ugi nama katêbon.

65

Ing bawah tanah Bagêlèn, ingatasipun kawêkêlaning tiyang, ing sawatawis kalêbêt sêngkud, awit wontên tandhanipun kados ing ngandhap punika:

Sadaya pasitèn sanèsipun ingkang tanah pasir dhahas pinggiring gisik sagantên utawi sanèsipun parêdèn ingkang

--- 173 ---

pancèn dhahas, utawi parêdèn ingkang taksih wana kalêstantunakên dados wana. Ing pundi-pundia sampun kenging kapetang bontên wontên ingkang bêra sataun muput, ingkang jalaran tanpa pinulasara. Mênggah ingkang masthi pundi ingkang kabêrakakên nalika rêndhêng, inggih kapulasara kêtiga. Warninipun kados ta: tanah ing banarawi utawi pinggiring lèpèn. Lan pundi ingkang bêra katiga, têmtu kapulasara rêndhêngipun, kados ta: siti patêgilan utawi sabin ingkang tanah lincad.

Mênggah wêdaling tanêm-tuwuh sanèsipun saking tanêman kagunganipun kangjêng gupêrmèn, tiyang alit sagêd mêdalakên sarta ngalabi dhatêng sanès nagari, ingkang warni: uwos, sata, klapa, lisahing klapa ingkang kaklêntik, gêndhising klapa ingkang kadèrès, lan gêndhising arèn, manggis, pêlêm sêngir, jêram kuwik, durèn, sêmăngka, kadhêle, mlinjo, kacang landhês, lombok, [lo ...]

--- 174 ---

[... mbok,] brambang, bawang, kênthang, kobis, kêtumbar, mrica utawi kêmukus. Punapa malih ing salêbêtipun taun 1877 wiwit kathah tiyang ingkang sênêng mêncarakên tanêman jêram bali.

66

Mênggah katabêrèning tiyang sampun misuwur sagêd angalabi dhatêng ing sanès nagari. Warninipun ingkang maujud pêpanganan kemawon, warni: jipang, brondong, brêm, uwi sabun. Wondening ingkang maujud pangangge: sinjang lurik wiyar utawi ciyut, sinjang tatak ciyut utawi udhêng, sêtagèn, slêpèn wadhah rokok kadamêl saking godhonging pandhan, tudhung caping, tlepak wadhah kinang, sami kadamêl saking irat-iratan dêling. Salaka damêl saking unusing sêpêt, karung wadhah yatra kadamêl saking tapas, klasa băngka kadamêl saking godhong pandhan, klasa pacar kadamêl saking

--- 175 ---

godhong mendhong, grabah kadamêl saking siti.

67. Cariyosing pandamêlipun kados ing ngandhap punika:

Pandamêling jipang kasar.

Wos kêtan dipun dang, yèn sampun matêng dipun êpe kadadosakên karag, yèn sampun garing kagorèng ing lisah klêntik, lajêng kalêbêtakên ing godhogan gêndhis ingkang sampun mèh kênthêl, kaulêt mawi pirantos centhong utawi sorok. Yèn sampun kêkêl dipun êntas kasukakakên ing dhulang, dipun atur kandêl tipisipun. Yèn sampun asrêp kairis-iris lan kabuntêlan mawi klaras pisang.

68. Pandamêlipun brondong.

Gabahipun pantun kêtan ingkang garing, kagorèng [ka ...]

--- 176 ---

[... gorèng] ing sangan amasthi mrêkotok, lajêng dipun êntas. Yèn sampun asrêp katapenan murih ical mêrangipun, yèn sampun rêsik kalêbêtakên ing indêl-indêlan badhèg ingkang satêngah kênthêl, nanging botên kenging klomoh sangêt amung kalês-kalês kemawon, lajêng dipun êntas. Yèn sampun ragi asrêp dipun kêpêli sakêpêl-sakêpêl.

69. Pandamêlipun brêm.

Badhègipun tape kêtan kaindêl, yèn sampun ngangkat kênthêl kasukanana ipah lisah klêntik. Yèn sampun kênthêl dipun êntas kalihan kuwalinipun, lajêng katitis wontên ing conthongan klaras pisang. Conthongan ingkang sampun isi brêm wau dipun tancêbi oman ingkang badhe kangge pirantos anjunjung. Manawi sampun garing lajêng katata ing dalêm gangsal oman [o ...]

--- 177 ---

[... man] katangsulan sarta kabundhêlan mêrangipun, ingkang kalih bundhêl katêpangakên saha kabundhêlan.

70. Pandamêling panganan ingkang nama sabun.

Sabun punika warni kalih utawi tiga. Ingkang sawarni: glêpunging kêtan kabubur mawi badhèg, yèn sampun kênthêl kaledre wontên ing godhong pisang dipun êpe. Yèn sampun garing, godhongipun pisang dipun bêsèti kabucal, sabun dipun jaiti kaangkah sami wiyar ciyutipun lajêng kalinting utawi kagulung, nanging cuwil-cuwilanipun kadèkèkakên ing lêbêting lintingan.

Ingkang sawarni: glêpung kêtan kabubur kalihan godhogan gêndhis.

Ingkang sawarni: glêpung uwos dede kêtan, ugi kabubur kalihan godhogan gêndhis.

--- 178 ---

71. Mênggah pandamêling dandosan.

Pandamêling slêpèn wadhah rokok.

Godhong pandhan êri kabucal atinipun, kasuwir-suwir alus kagodhog lan kakumbah dipun êpe, ingkang murih sae ngantos rambah kaping kalih, lajêng kabêsut sarta dipun anam. Punika pandamêling slêpèn botên ngêmungakên tiyang sêpuh kemawon, sanadyan rare angèn inggih sami damêl slêpèn, utawi sanadyan jalêr utawi èstri ugi sagêd damêl.

72. Pandamêling gêlaran băngka.

Godhonging pandhan êri kasuwiran agal-agal ati kataksihakên, kagodhog lajêng dipun êpe, yèn sampun garing kasimpên, manawi sampun ayêm kabêsut mawi wilah ingkang lampir nuntên dipun [di ...]

--- 179 ---

[... pun] anam. Anam-anaman ingkang lêmbat satunggal, anam-anaman ingkang agal satunggal. Punika sami dipun jèrèng katumpang-tumpangakên. Ing pinggiran dipun têkuki lan dipun dondomi anggêgêr wêlut ngangge ular-ular sami bangsanipun pandhan.

73. Pandamêling gêlaran pacar.

Mendhong ingkang sampun garing dipun godhog lajêng kakumbah kaêpe. Ingkang badhe kadamêl abrit kêdah dipun bang mawi nuja kagodhog sarêng-sarêng mendhong lan godhong nuja. Murih abritipun sêpuh kêdah rambah kaping kalih utawi kaping tiga panggodhogipun. Yèn sampun abrit dipun êntas. Ingkang badhe kadamêl cêmêng mendhong garing wau kêdah kaêkum ing lêndhut utawi toya ingkang ninjayèng, danguning pangêkum sadintên sadalu, lajêng kagodhog kalihan dhêplokan babakan sênu,

--- 180 ---

yèn sampun cêmêng kaêntas dipun êpe. Ingkang pêthak: namung sarana kagodhog mawi toya tawa blaka kemawon. Bilih sampun luntur lêkanipun ingkang warni ijêm lajêng kaêpe, manawi sampun garing dipun êntas kasimpên. Yèn kasimpên sampun mêmês abrit, cêmêng lan pêthak sami kabêsut mawi wilah ingkang lampir lajêng dipun anam.

74. Pandamêlipun caping lan wadhah kinang ingkang nama tlepak.

Kêdah ngupados dêling apus ingkang sawêg umur sangandhaping 15 wulan, punapa malih ngupadosa ingkang êrosipun awis-awis (ingkang lêtipun ros wontên tiga têngah kilan) katugêl wungwang, (tanpa êros) lajêng kasigar dados kalih wêlas utawi nêmbêlas, dipun bucal kulitipun [kuliti ...]

--- 181 ---

[... pun] lan atinipun. Yèn sampun alum lajêng kairat iring kapasthi wiyar ciyutipun kadamêl sami, lajêng kairat edhok ingkang tipis sangêt. Manawi sampun sawatawis ragi alum, kabêsutan mawi pangot. Yèn sampun cêkap alusipun sawêg kaanam kepangan.

Yèn caping dipun anam mawi rimbagan, bilih sampun dados anam-anaman lajêng katata, ingkang nginggil piyambak anam-anaman ingkang alus, ngandhapipun anam-anaman kasar murih akas, ngandhap piyambak anam-anaman ingkang alus sawatawis kasar, lajêng kawêngku mawi gapit gilig, kajêjêt mawi bênang êduk utawi kawat salah satunggalipun, lajêng dipun pasangi jamangan lan dipun êcèt. Punika kasade ngantos dumugi tanah Pasuruhan.

Yèn tlepak panganamipun tanpa rimbagan.

--- 182 ---

75. Pandamêlipun salang.

Sêpêt kabucal kawulipun lan kabucal kulitipun, kapupuh lan kakumbah, sadangunipun kapupuh kêdah kacêlupakên ing toya. Yèn sampun rêsik kaêpe lajêng kapuntu lan dipun tambang, kakêthok kapêsthi panjangipun, lajêng kaanggit dadosipun salang.

76. Pandamêlipun karung wadhah yatra.

Tapas ingkang ragi ênèm sawatawis, kabêkuk ing têngah lêrês, dipun angkah pucuk sagêda lêlayanan kalihan bongkot, nanging panêkukipun mlumah, dados gigiring têpês kadèkèk ing lêbêt, wêtêngipun kadèkèk ing jawi, pinggiranipun dipun têkuki murih sami wiyaripun, lajêng dipun awig mawi tamparan duk ingkang alit [ali ...]

--- 183 ---

[... t] sangêt kacublêsakên mawi dom ingkang nama êdom karung.

77. Pandamêling grabah siti.

Grabah siti punika warni-warni, kados ing ngandhap punika:

1. Jêmbangan, utawi jambangan. 2. Pêngaron, kêmaron, gubah jêmbaran, mandhèn utawi pane. 3. Gênuk. 4. Padasan. 5. Gênthèng. 6. Êjun. 7. Klênthing. 8. Dandang. 9. Kêndhil. 10. Kuwali utawi paruk. 11. Prengsengan. 12. Êmpluk. 13. Cuwo. 14. Lèyèh utawi layah, 15. Cowèk. 16. Lèmpèr utawi cowèk panyambêlan. 17. Klowoh. 18. Kêrên. 19. Anglo. 20. Padupan. 21. Clupak. 22. Ajug-ajug. 23. Celengan.

Punika sadaya grabah ingkang kadamêl siti, mênggah patrapipun makatên: ngupados [ngupa ...]

--- 184 ---

[... dos] siti galong lêmpung ingkang ambungkil sarta plikêt. Kapêndhêt lajêng kauwur-uwuran pasir ingkang lêmbat, lan dipun idak-idak ngantos lulud, murih pasir punika sagêd ulêt amor kalihan lêmpung galong wau ngantos sami cakipun. Lajêng sadhiya bêkakas ingkang nama pêrbot. Punika pêrbot maujudipun bêkakas kajêng blabag kabundêr watawis kalih kilan wiyaripun, nanging kêkalih, ingkang satunggal kasukanan paku cêlak ingkang minăngka incêr, agênging paku sapucukipun jênthik, panjangipun ingkang mungup (manthongol) sakrosing pucuk dariji. Blabag bundêr ingkang wontên pakunipun kasukakakên ing ngandhap, nanging pakunipun kadunungna kaprênah nginggil, lajêng blabag bundêr ingkang satunggalipun katumpangakên ing paku, nanging têngah lêrês kêdah kalêgok sacêkapipun paku kinurêbakên, dados punika lêgokan kapêrnahakên kalihan paku murih yèn kaubêngakên, [kau ...]

--- 185 ---

[... bêngakên,] blabag ingkang nginggil sagêd sêsêr.

Punika pêrbot katata lajêng tiyangipun linggih mawi dhingklik alit. Lêmpung kapêndhêt sarta kaentha-entha punapa ingkang badhe kadamêl, lajêng kasèlèhakên ing pêrbot ingkang nginggil, sarta tanganipun midih lêmpung wau, pêrbot kaubêngakên mawi suku, ugêr sampun mungsêr sêsêr lêmpung wiwit gatra punapa ingkang nêdya kadamêl. Manawi gatra wau sampun sagêblog inggilipun, lajêng dipun êpe murih asat sagêd akas dados botên sagêd peyot. Manawi sampun malêm-malêm lajêng kagarap malih. Makatên sadangunipun, ugêr sampun pikantuk sagêblog panggarapipun amasthi dipun kèndêli, kaêpe rumiyin kadosdene ing ngajêng wau. Sanès prakawis manawi damêl bêkakas alit kados ta: klowoh, clupak, lèmpèr utawi cowèk, ugêr trimah

--- 186 ---

peyot sakêdhik ugi kenging kagarap lajêng dados kemawon.

Sadaya bêkakas ingkang kadamêl wau ugêr sampun dados kêdah dipun angin-anginakên kajèjèr wontên ing panggenan eyub. Manawi sampun malêm satêngah garing lajêng kapêndhêt saking satunggal, dipun gosok mawi sela lintang, pamurihipun barang wau sagêd madhêt utawi sagêd katingal gilap sawatawis, lajêng dipun angin-anginakên malih kintên-kintên tiga utawi kawan dintên laminipun, manawi sampun satêngah garing kenging kaobong. Mênggah patrapipun angobong makatên: banon matêng katata kados dening cara-caranipun pawon pangobongan, inggilipun winêtawis sakaki, lêngkangipun satunggal-tunggaling banon ugi sakaki. Punika pawon pangobongan ngantos sakawan utawi gangsal lomponganipun, ing sanginggiling lompongan katumpangan [katumpanga ...]

--- 187 ---

[... n] bêkakas grabah ingkang badhe kaobong mawi katata. Panatanipun sadaya kêdah miring, awit upami panatanipun kakurêbakên, asring kathah ingkang dados bênthèt, jalaran ngungkêp lampahing kukus latu. Grabah ingkang agêng kêdah katata rumiyin wontên ngandhap, ing nginggilipun kenging katumpangan grabah alit-alit. Ananging ing adat ugêr juru damêl grabah agêng, masthi botên damêl grabah alit. Kosokwangsulipun ugêr damêl grabah alit, masthi botên damêl grabah agêng.

Pangobongan wau manawi sampun rampung panatanipun, lajêng lèng-lenganipun kaisenan kajêng rencekan lan kasumêd alon-alon, watawis tiga utawi sakawan jam dangunipun. Ugêr grabah ingkang ngandhap sampun wiwit katingal sawatawis abrit dados wongwa, ingkang nginggil kasukanan uwuh godhong dêling ingkang garing kaêbrukakên ingkang wradin, ugêr godhong dêling

--- 188 ---

punika sampun dados wongwa, lajêng kaêjog dipun bruki malih ngantos sadaya grabah sagêd warni abrit, punika sawêg dipun kèndêli. Manawi latunipun sampun sirêp lan sampun asrêp, wiwit kadhudhah dipun udhunakên saking pangobongan.

Punika grabah sadaya warninipun abrit, mênawi badhe kadamêl warni cêmêng, grabah abrit wau kêdah katumpuk lan kaurugan mêranging gabah pantun kasumêd, ugêr kalamusan amasthi warninipun cêmêng. Dene ingkang damêl grabah punika dipun wastani kundhi.

78. Pandamêling gêndhis klapa.

Mênggah patrapipun makatên: uwit klapa ingkang sampun awoh dipun rêsiki sadaya ingkang romot-romot ing nginggil, lan manawi tataranipun kirang sae [sa ...]

--- 189 ---

[... e] ugi kadamêl prayogi. Lajêng sadhiya bumbung dêling apus ingkang agêng saha panjang kadamêl nyak êros. Bumbung wau kasukanan tangsul tampar ingkang kapati kalihan bolonganing lambe bumbung. Makatên ugi mênggah pangêthokipun dêling ingkang kadamêl bumbung wau ing sajawinipun ros ing pucuk kêdah linangkungan watawis sagêblog, pamurihipun yèn bumbung sampun isi badhèg ingkang taksih gêmandhul wontên ing manggar, sampun ngantos gampil cinidra ing kalong. Punika prakawis sabên tiyang amasthi sumêrêp ingatasipun adamêl bumbung, ingkang kataksihakên masthi êrosipun ingkang pucuk.

Mênggah ingkang kadèrès wala ingkang taksih dèrèng mêgar, kapêcah mancungipun, sarta punika mancung kakêthok pandhês lan kabucal, manggaripun tinangsulan kagêbung ngantos tigang dintên lajêng kabuyarakên, dipun uruti kabucal sêkaripun manggar ngantos rêsik. [rêsi ...]

--- 190 ---

[... k.] Manggaripun kagêbung malih tinangsulan ngantos kalih dintên, lajêng katugêl pucukipun manggar pinapak, ingkang kadamêl ngiris, dêdamêl ingkang nama dèrès, lajêng kasabarakên kalih wêlas jam dangunipun, bilih manggar wau sampun wiwit tumètès badhègipun, punika sawêg pinasangan bumbung, ing dalêm kalih wêlas jam amasthi bumbung ingkang isi badhèg kaudhunakên. Manggar kausap mawi dèrès. (Kairis ingkang tipis sangêt, sami ugi kalihan dipun kêrik) panggantosipun bumbung wau kêdah dipun ajêgakên enjing lan sontên. Makatên ugi bumbung ingkang badhe kapasang wau kêdah kaisenan laru kados dening patrapipun andèrès arèn. Salajêngipun pangindêl miwah pandamêlipun gêndhis inggih sami ugi kados dening damêl gêndhis arèn kasêbut ing bab 5 ngajêng wau. Mênggah satunggaling manggar ingkang sae kenging kadèrès tigang wulan.

--- 191 ---

 


katanêm. (kembali)
56. (kembali)
bêkakas. (kembali)