Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 191–288)

Judul
Sambungan
1. Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 001–095). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
2. Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 095–190). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
3. Pakêm Tarugana, Prawirasudira, 1913, #1831 (Hlm. 191–288). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kagunan.
Citra
Terakhir diubah: 17-09-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

79. Pandamêling lisah klêntik.

Klapa ingkang sampun cinukilan, kaparud dipun wadhahi ing pangaron kasukanan toya nyêmêk-nyêmêk kemawon. Ananing sadaya pirantosipun botên kenging mambêt sarêm. Parudan wau lajêng dipun pêrêsi mawi tangan kêkalih sarta tinadhahan ing saringan ingkang nama kalo. Kalo punika kêdah katumpangakên ing wadhah ingkang agêng ingkang sakintên cêkap kangge madhahi santêning klapa parudan ingkang kapêrês wau. Santênipun lajêng kainggahakên ing jèdhi utawi kèncèng ingkang pancèn pirantos kangge angindêl, santên wau dipun latoni alon-alon, sarta latunipun kêdah ajêg, botên kenging murub pêjah, lan botên kenging kaulah-ulah (kaudhêg utawi kinêbur), awit saupami santên kaulah-ulah ingkang masthi badhe dados toya sadaya, jalaran langitipun pêcah.

--- 192 ---

Manawi sampun wiwit umob, amasthi santênipun lajêng katingal pating pronthol kumambang. Yèn toyanipun sampun misah katingal bêning, langit lan lisah kaleroban kadèkèk ing sanès wadhah, ananging kêdah taksih kadumugèkakên dipun latoni alon-alon, ngantos lisahipun misah, langit dados nama blondho. Lisah dipun iling utawi dipun cidhuki, blondho ugi taksih kalajêngakên pangindêlipun ngantos dados kêkêl sangêt. Manawi sampun kêkêl saèstu, lajêng dipun pênêt mawi irusipun, murih lisahipun sagêd tumurun sadaya, blondho sagêd apuh. Ewadene yèn blondho wau taksih katingal ngêmu lisah, kêdah jinurugan sawatawis mawi toyanipun godhogan santên wau, lajêng kasêpuhakên malih ngantos kenging dipun êpuh mawi irus. Dene yèn dèrèng sagêd apuh inggih taksih rinambah-rambah [rinambah- ...]

--- 193 ---

[... rambah] dipun jogi mawi toyaning godhogan santên lan kasêpuhakên malih.

Blondho punika ingkang sampun apuh (atus lisahipun) kenging katêdha kadamêl lawuhipun tiyang nêdha sêkul, ananging kêdah binumbonan manut cara-caranipun pangocal.

Lisah klêntik wau manawi nêdya kadamêl warni ijêm: nalika santên kaindêl kêdah kasukanan godhonging gandhul ingkang nèm sawatawis lêmbar. Manawi nêdya kadamêl warni jêne: pangindêlipun santên kêdah kasukanan kunir sawatawis kemawon, manut kathah kêdhikipun santên ingkang kaindêl, murih sagêdipun warni jêne.

80. Pandamêlipun lisah bothokan.

Klapa ingkang sampun kacukil dipun kum toya kalih dalu wontên ing jêmbangan, lajêng dipun êntas lan kaêpêp wontên ing kranjang ingkang [ing ...]

--- 194 ---

[... kang] sampun sinarapan godhong pisang lajêng kabrungkusakên ngantos kalih dalu malih, lajêng dipun parud lan kawadhahan ing pangaron utawi jêmbangan, katutupan godhong ingkang sawatawis rapêt katindhihan mawi barang ingkang antêb, murih sasab botên kalingkap. Yèn sampun kalih dalu malih kêdah kabikak dipun wiwir katlêning-tlêning wontên ing pirantosipun pangêpe nama widhig (blarak ingkang kaanam katêpangakên saking kiwa têngên) lajêng dipun êpe ngantos sadintên. Manawi wiwiran punika sampun garing, kasuntak ing pangaron lan dipun ulèni ingkang mumud. Manawi sampun cakêl lajêng dipun pêrêsi, ampasipun nama bungkil ugi. Anggèning ngêpe lan anggènipun ngulèni ngantos rambah kaping kalih.

Punika pratikêlipun warni tiga: ingkang sawarni kados kasêbut ing nginggil wau. Ingkang sawarni mawi dipun pipit kagathok kados [ka ...]

--- 195 ---

[... dos] dening pandamêlipun lisah kacang. Ingkang sawarni malih, bungkil ingkang sampun garing wau dipun êsok wontên ing tumbu, punika tumbu katumpangakên ing dhulang agêng ingkang mawi pancuran, nama jêgèdhèh. Bungkil ingkang wontên tumbu kaidak-idak dipun iras wontên ing ngriku, ugêr bungkil sampun nyunyud masthi lisahipun mili anjog ing jêgèdhèh manthur ing pancuran, lajêng katadhahan ing wêwadhah. Punika lisah kanggenipun kadamêl dilah.

81. Pandamêlipun sêtagèn.

Bênang mêntah gêmuwan, dipun kulak kaudhal, kadèkèkakên ing klêting. Manawi sadaya klêting sampun isi bênang anggubêd, lajêng kaulur, manawi nêdya kadamêl sadasa êlêr inggih kêdah klêting sadasa kaulur sarêng lan kapuntu mawi ubalan (wingka bundêr ingkang kasunduk ing têngah sarta kaubêngakên) [kaubênga ...]

--- 196 ---

[... kên)] manawi sampun dados punton dipun pani, kapasthi panjang cêlakipun, sarta ing ngriku ngiras anata gun kêkalih, pamurihipun botên kagondhong bênang sagêd malit, ugêr gun ingkang satunggal walêsanipun kaidak inggih kenging kaslurupan pakan utawi wlira, lajêng gun satunggalipun kaidak malih, sadangunipun makatên. Nanging wliranipun kados bêndho, lan inggilipun pamanthênging bênang kapasthi sabangkèkanipun ingkang nênun, awit panênunipun mila kalihan angadêg kemawon.

82. Pandamêlipun sinjang tritik.

Mori ingkang sampun kapasthi wiyar ciyutipun, dipun kêthèli (kaulenan kalihan lisah tigang warni sami takêripun, 1. lisah kacang, 2. lisah wijèn, 3. lisah pucung, ingkang sadaya sampun kaêmoran lăndha) sabên [sa ...]

--- 197 ---

[... bên] dintên dipun ulèni lan kapêrês dipun êpe ing dalêm sadintên ngantos rambah-rambah. Yèn sampun watawis kawan dintên, kalungsur dipun kumbah mawi lăndha lan uyêg-uyêgan godhong dhadhap srêp kemawon, lajêng dipun bilasi ing toya ingkang bêning sarta kaêpe, yèn sampun garing kasêrat sasênêngipun mawi toya pêrêsan kunir. Manawi sampun garing, bathikan jêne wau katurut dipun dondomi tutus kajang ngangge êdom ingkang mawi ular-ular. Yèn lampahing dom watawis sagêblog, ular-ular kacènèng, dados saujur-ujuripun ular-ular inggih kêdah katingal anjêmpirut, jalaran katarik supados rapêt. Yèn sampun waradin anggèning andondomi, sinjang wau kêdah kacêlupakên kadospundi sasênênganipun. Yèn badhe kadamêl abrit êbyur inggih kacêlupakên ing bêbakan kêmudhu. Yèn kadamêl blumbangan ing têngah, nalika kacêlub [kacêlu ...]

--- 198 ---

[... b] ing abrit, kêdah têngahipun kabuntêl mawi godhong pisang ingkang wulêd utawi mawi upih, supados ingkang têngah wau sampun ngantos tumut abrit. Makatên salajêngipun. Yèn ingkang têngah kacêmêng, inggih kêdah ingkang abrit ingkang binuntêl, murih botên tumut cêmêng. Bilih sampun, ular-ular dipun lolosi, masthi bathikaning sinjang katingal.

83. Pandamêlipun sinjang lurik.

Kapas ingkang sampun kabucal kutikipun rêsik dipun êpe lajêng dipun gilingi mawi pirantos ingkang nama panggilingan, murih pisahing kapuk kalihan isinipun ingkang nama wuku. Kapuk ingkang sampun rêsik tanpa wuku wau dipun êpe kagêblèg mawi pirantos ingkang nama gêblegan, murih

--- 199 ---

mrusuh sampun ngantos kiwil. Ing wanci jam 4 enjing mumpung dèrèng wontên angin, kapuk ingkang sampun mrusuh kawusonan mawi pirantos ingkang nama wusu pinasangakên kêndhêng agêl (godhong gêbang ingkang sampun kinêsut) sarta kalihan bêkakas ingkang nama bêthut ngantos rambah kaping kalih. Ing wasana kapuk ingkang dipun wusoni manawi sampun ambalêdug masthi kagolong-golong ingkang kêndho kemawon dipun anggang-anggang, lajêng kapènyèd mawi tangan murih gèpèng, lajêng kalinting mawi lantaran wilah ingkang nama pêlêt, kapuk lajêng nama pusuh wiwit dipun antih mawi pirantos ingkang nama jăntra ingkang sampun kapasangan trêntên, klindhên lan kisi ingkang sampun tumancêb ing klabangan oman ingkang tumèmpèl ing onthol-onthol, nama sumping. Manawi kisi wau sampun kêbak bênang watawis agênging lêkêran samanggis alit, namanipun [namani ...]

--- 200 ---

[... pun] ungkêr, lajêng kaulur dipun tika wontên ing bêkakas ingkang nama likasan. Ing dalêm gangsal bênang kaglintir kacanthèlakên sami glintiran, nama gêmbis. Ing dalêm nêm glintir winastan sakayuh, ing dalêm tigang dasa kayuh nama sagêmuh (satus wolung dasa glintir utawi sangangatus lêr bênang) lajêng kapêsat saking ing likasan. Punika bênang gêmuwan manawi nêdya kadamêl cêmêng inggih kawêdêl mawi nila, namanipun wêjêg. Patrapipun makatên: bênang kacêmplungakên ing majan (wêdêlan) dipun cêpêngi katêkêm mawi tangan kêkalih ngajêng wingking lan dipun pêrês-pêrês mubêng ubêng-ubêngan, ugêr sampun saêjam kaisis ngantos asat. Sadangunipun kêdah rinambah-rambah makatên, ngantos bênang dados cêmêng dening nila. Mênggah lêrêsipun dede cêmêng, nama biru sêpuh.

Manawi nêdya dipun abrit, kêdah dipun kêthèli sarta dipun êbang mawi bêbakan kêmudhu [kê ...]

--- 201 ---

[... mudhu] lan jirak. Bênang gêmuwan wau taksih nama bênang mêntah. Salajêngipun manawi badhe kadamêl sinjang, kêdah dipun sêkuli mawi kanji saha kaêpe sinêlobokakên ing gèntèr ngandhap nginggil sarta kajèrèng. Yèn sampun garing dipun kum ing toya pangaron, lajêng dipun êntas lan kacanthèlakên ing dêling cêlak ingkang kasukanan leregan, nama têngkêr. Ingkang ngandhap ugi binaluhan ing têngkêr, lajêng kajèrèng winiwir-wiwir. Têngkêr ingkang ngandhap lereganipun katumpangan ing cingklokipun suku kalih pikantuk buntaring leregan kiwa têngên, tiyangipun linggih ing dhingklik alit, bênang sinikatan mawi sikat tugêlaning sêpêt ingkang sampun kapupugakên. Sadaya kêrokanipun bênang kabucal. Yèn bênang sampun ical ingkang mruwun-mruwun, punika sinampunan panyikatipun, lajêng kapasang ing bêkakas ingkang nama undar sarwi kaudhal katumpuk dipun lêmburukakên wontên [wontê ...]

--- 202 ---

[... n] ing wadhah ingkang nama raga. Ing dalêm bênang sawarni kêdah winadhahan piyambak-piyambak, lajêng dipun anggit katata wontên ing bêkakas ingkang nama pêmanèn, lan angiras nata panggenan gun ingkang pirantos kajunjung lan kagondhong ing pamalitipun bênang wêktu katênun, sarta pinasthi panjang cêlak miwah wiyar ciyutipun sinjang lurik wau. Ewadene bênang ingkang nêdya kadamêl pakan amasthi kêdah dipun kèrèk, patrapipun makatên: kisi kapasangna klêting (carang wungwang ingkang sagagang sêdhah, panjangipun sacêngkang) kisi kaubêngakên, bênang anggubêd. Ing dalêm bênang sawarni-sawarni kêdah kakiyambakakên. Klêting wau ingkang sampun kêbak bênang anggubêd, agênging gubêdan ngantos sajêmpol suku. Lajêng karucat saking kisi kalêbêtakên ing tropong. Tropong punika bumbung ingkang agêngipun kirang saking sajêmpol suku, papakanipun ing

--- 203 ---

êros kabulugakên, ing panggenan wungwang sinuwèk dados tiga dipun êlus, murih sagêd anjêpit ing klêting ingkang isi bênang.

Bênang ingkang sampun kapani utawi kaênamakên wau karucat lajêng sinurup-surupakên ing suri. Yèn botên kapanjing: ing dalêm salêngkanging suri kêdah kaisenan bênang satunggil nêkuk dados kalih bênang. Mênggah yèn nêdya kapanjing: ing dalêm salêngkanging suri kêdah kaisenan bênang kalih têkuk dados sakawan bênang, lajêng dipun kêlab, ing panggenan gun katrapan incing, sandhingipun katrapan gondhong miwah usêg, lan kapatrapan wlira, lajêng dipun trapi pangricik ing pucuk, kacanthèlakên ing sênthil ingkang manthingis wontên ing abah-abah. Abah-abah kadamêl anggulung bênang ingkang dèrèng kaisenan pakan. Bênang ingkang cakêt kalihan ingkang wiwitan kaisenan pakan kasukanan bêkakas [bê ...]

--- 204 ---

[... kakas] ingkang nama rêge. Punika rêge katèmpèlakên ing apit pirantos kangge anggulung bênang ingkang sampun dados sinjang. Nanging pundi lampahipun pakan lan wlira, ing sandhingipun kêdah katrapan sumbi, murih sampun ngantos mingkup wiyaripun jalaran kêpanthêng saking panyènèngipun tropong. Makatên ugi pakan ingkang sampun katrapakên sarta sampun kadhêdhêg mawi wlira, sabên-sabên sampun pikantuk sasigar nyari kêdah kabèrèd dipun têlêsi ngangge toya, pamurihipun pundi ingkang sampun katênun sampun ngantos angêndhoni.

Mênggah bêkakas nênun ingkang botên kacriyosakên ing ngajêng, nama: cacak, por, lorogan, tampar tali apit, lalêmah ing cacak, lincak panênunan.

Mênggah bênang potokanipun ingkang sampun dados sinjang, nama sigi.

--- 205 ---

84. Pandamêlipun sinjang bathik.

Lawon ingkang sampun kapasthi, sanadyan kêthelan utawi botên kêthelan, dipun sêkuli mawi bubur alus ingkang ragi cuwèr kemawon, lajêng dipun êpe. Pangêpenipun botên kenging dipun pe wontên ing gantar, awit asring dados pating klênthung botên sagêd radin. Kêdah dipun êpe wontên ing anjang-anjang kajèrèng radin sampun ngantos pèncèng. Yèn sampun garing kaeyubakên, ugêr sampun asrêp mêmês, dipun kêmplongi mawi bêkakas pangêplongan murih sagêd alus. Bilih sampun alus: mênawi nêdya kasêrat cacêplokan inggih kêdah dipun garisi mawi êmplong lan kablêbês. Yèn nêdya kapola inggih botên mawi kagarisan, lajêng kasampirakên ing gawangan, kasêrat [kasêra ...]

--- 206 ---

[... t] mawi lilin ajèr ingkang winadhahan canthing têmbagi, lajêng katêrusan. Ingkang nêdya kadamêl warni pêthak wiyar, masthi katembok ing sabên-sabên longkanging bathikan, lajêng dipun lèlèh kaêpe ing sawatawis kemawon, murih lèdèngipun malam ingkang sampun tumêrap ing lawon. Manawi wontên salah satunggalipun ingkang pêcah jalaran kêtêkak-kêtêkukipun, sagêda pulih sarana dipun pe, ananging sampun ngantos kasèp kalumèngên, dadosipun lanas. Sadaya bathikan mingkêm ical larikanipun, lan risak lawonipun jalaran malam rumasuk wontên ing salêbêting bênanging lawon. Sanadyan ing têmbe kalorod inggih taksih katingal warninipun malam ingkang rumasuk wau.

Yèn sampun kalèlèh lajêng kawêdêl, ananging ingkang langkung prayogi pamêdêlipun kêdah kagulung kêndho sampun ngantos katêkak-katêkuk. Yèn sampun kalih êjam, [ê ...]

--- 207 ---

[... jam,] kaêntas lan dipun angin-anginakên kajèrèng ngantos rambah-rambah. Yèn sontên wanci jam satêngah gangsal, bathikan wau kêdah kakumbah, mênggah pangumbahipun ugi botên kenging kawasuh, masthi amung kakêplok kemawon linandhêsan èpèk-èpèk tangan ingkang kiwa, kinêplok ngangge èpèk-èpèk tangan ingkang têngên. Pamurihipun sagêda ical latêking majan ingkang anggêdabul wontên ing bathikan. Lajêng kaisis sadalu pisan. Watawis gangsal dintên sampun katingal biru sêpuh sinampunan, lajêng dipun kum ing toya bêning murih malam sagêd gêtas, lajêng kakucêk binucalan malamipun, manawi sampun rêsik dipun isis. Nanging sadaya ingkang nama tembokan botên kenging kaicalakên malamipun, lajêng dipun sêkuli mawi tajin ingkang mawi gêndhis sakêdhik, lan kaisis. Yèn sampun garing, sadaya panggenan cêmêng wiyar kêdah dipun temboki lilin, [li ...]

--- 208 ---

[... lin,] nama dipun bironi, pamurihipun ingkang cêmêng wiyar botên bawuk dening soga. Nanging punika biron sampun ngantos nrajang nindhihi bathikan, namung sawarnining cêcakan ingkang kêdah dipun tindhihi ing lilin biron. Nuntên kakumbah alon-alon, yèn sampun rêsik kaisis, sasampuning garing lajêng kalêbêtakên ing toya godhogan soga ingkang sampun asrêp wontên ing pangaron, dipun nyêk-ênyêk ngantos rambah-rambah, ugêr sampun radin kaisis. Yèn sampun asat kalêbêtakên, yèn dalu kacêncêm soga wontên ing pangaron. Yèn sampun kawan dintên amasthi cêkap, lajêng kasarèkakên ing toya sarèn, kaisis. Yèn sampun malêm-malêm dipun wiru kinêbyokakên ing wedang umob ingkang wontên jèdhi ngantos lilinipun rêsik. Lajêng kakumbah ing toya tawa lan kaisis. Punika sampun rampung nama dados sinjang.

--- 209 ---

Mênggah pandamêlipun soga lan sarèn kêdah manut ingkang sampun kacriyos ing sêrat dêdamêlanipun Tuwan G.S.T. Vandhorêp, ing Samarang taun 1871, têrangipun kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Kaca 6, bab 4.

Mênggah patrap tuwin bumbunipun anyoga sinjang punika warni tiga, kados ta: 1. soga asor, 2. soga têngahan, 3. soga ingkang sae piyambak. Bumbunipun soga asor kados ing ngandhap punika.

1. Soga jambal wawrat 100 sèn, tingi wawrat 50 sèn, sami kadhêplok lajêng kagodhog katoyanan tigang timba dhara. Latunipun sampun ngantos pêjah saengga toya wau kantun sapalih.

Soga ingkang mêntas kagodhog wau lajêng kaêlèr ing pangaron cèpèr (jêmbaran), [(jêmbara ...]

--- 210 ---

[... n),] bilih sampun mangêt-mangêt, sinjang wau kawiru kacêlubakên ing soga sarta kaênyêt-ênyêt ingkang ngantos kawradinan soga, lajêng kaêpe. Bilih sampun malêm lajêng kaisis ngantos garing, sarta kasoga malih rambah kaping tiga, patrapipun kados ingkang sampun kasêbut ngajêng wau. Lajêng kacêncêm sadalu, enjingipun kaêpe tuwin kaisis malih. Bilih sampun garing lajêng kacêlub ing toya apu akalihan gêndhis (kasarèkakên). ing ngandhap punika pratelaning pandamêlipun sarèn.

1. Gêndhis têbu wawrat 10 sèn, 2. apu ingkang lumêr wawrat 5 sèn, 3. toya tawa 2 siwur kadamêl ngêkum gêndhis sadalu. Sinjang wau kacêlubakên ingkang waradin lajêng dipun êpe. Bilih sampun garing kakumbaha ing toya tawa sarta lajêng kakêbyokakên ing wedang umob ingkang taksih kagodhog, ngantos lilinipun [lilini ...]

--- 211 ---

[... pun] sagêd luntur sadaya (kalorod) wasana kabilasan ing toya asrêp lajêng kaêpe, bilih sampun malêm lajêng kaisis kemawon ngantos garing.

Bumbunipun soga ingkang têngahan, punika botên sanès kalihan ing nginggil wau, nanging bilih sampun kakêbyokakên ing wedang sapisan, lajêng dipun sarèkakên malih, dados kasarèkakên rambah kaping kalih. Bumbunipun sarèn ingkang kaping kalihipun kados ing ngandhap punika:

1. Pijêr wawrat 6 sèn, 2. tawas wawrat 6 sèn, 3. sari cina wawrat 7 sèn, 4. toya jêram pêcêl 2½ suru jangan, 5. gêndhis batu wawrat 15 sèn, 6. toya tawa 5 siwur. Sadaya punika sami kagodhog, bilih sampun umob lajêng kaêlèr. Patrapipun nyarèkakên ugi kadosdene nyarèkakên kala kaping sapisanipun.

--- 212 ---

Patrap utawi bumbunipun soga ingkang sae piyambak kados ing nganhap punika:

1. Soga jambal wawrat 500 sèn, 2. tingi wawrat 100 sèn, 3. têgêran wawrat 120 sèn, 4. găndarukêm wawrat 25 sèn, 5. sêkar pulu wawrat 60 sèn, 6. blêndoking trêmbalo wawrat 50 sèn, 7. gêndhis têbu wawrat 250 sèn, toya tawa 12 timba dhara. Punika kagodhog dados satunggal kadosdene soga asor ingkang kasêbut ing ngajêng, namung patrapipun anyoga punika ngantos sakandêlipun, supados sae sarta awèting soga wontên ing sinjang. Punika panyoganipun kêdah ambal kaping 12, sarta sabên dalu kacêncêm ngantos tigang dalu lajêng kasarèkakên. Bumbunipun sarèn kados ing ngandhap punika:

1. Pijêr wawrat 6 sèn, 2. tawas wawrat 6 sèn, 3. sari cina wawrat 7 sèn, [sè ...]

--- 213 ---

[... n,] 4. gêndhis batu wawrat 37 sèn, 5. toya jêram pêcêl 1½ suru jangan, 6. toya tawa 5 siwur. Punika kagodhog dados satunggal, bilih sampun umob lajêng kaêlèr ngantos mangêt-mangêt. Sinjang wau kacêlubakên ingkang waradin lajêng kaisis, sasampunipun garing lajêng kacêlubakên ing toya tawa sarta lajêng kalorod ingkang ngantos rêsik, wasana lajêng kabilasan ing toya tawa kaisis ngantos garing. Sabên enjing kêdah kaêbun-êbunakên ngantos gangsal utawi nêm dintên. Manawi kaangkah sagêd katingal jêne, sinjang wau kacêlubna toyaning godhogan têgêran.

Mênggah takêring soga ingkang kasêbut ing nginggil wau, sadaya punika tumrap ing sinjang wiyar ingkang panjangipun 2½ utawi 3 kacu, dene bilih kirang utawi langkung punika kêdah kawêwahan utawi kasuda.

--- 214 ---

85

Mênggah panggaotan angêbang-êbang (ngêthèli) murih nêrangakên saking nalar-nalaripun kêdah katurut saking pananêmipun kêmudhu, dumunung mangsuli kadosdene ingkang sampun kacriyos ing ngajêng.

Angupadosa wohing kêmudhu ingkang nama pace ingkang sampun sêpuh awarni pêthak sangêt. Punika kaimbu ngantos dalu lajêng kawênyêd wontên ing bêkakas ingkang warni kadosdene irig ingkang kêrêp nama kalo. Nuntên kagimbang mawi toya murih dagingipun pace sagêd misah saking isinipun, sabab daging sami kumambang isi sami kêmêlêm. Isi punika lajêng dipun êpe sawatawis, murih sagêd asat kenging winadhahan piyambak.

Yèn sampun sadhiya lêlahan alus, kapănja awis-awis longkangipun kadugi tiga têngah kaki pasagi, kawuwuran wiji satunggal utawi kalih ing dalêm saêlèng, [saê ...]

--- 215 ---

[... lèng,] ananging mugi sampun ngantos kalintu măngsa. Mênggah pananêming kêmudhu wau kêdah ing măngsa jawah sapisan anujoni siti mawur abrit. Kêmudhu punika upami katanêm langkung kêrêp inggih kenging, nanging dadosipun kêra, botên sagêd lêma-lêma malêdhung. Ingkang sampun limrah pananêmipun kêmudhu namung kadamêl mênciri kemawon, kalancarakên amor kalihan tanêman sanèsipun, kados ta: gaga, jagung, gudhe sapanunggilanipun.

Ing sadangunipun punika tanêman kêmudhu ugi botên kenging bêra dening rumput. Yèn sampun umur wolung wulan wiwit kenging kabêdholan, kapêndhêt oyodipun. Ewadene wontên ugi kêmudhu ingkang dipun sêbarakên kaingah ngantos umur kalih taun sapanginggil. Têrkadhangan manawi witipun misah utawi pêrnah panggenanipun, wontên ingkang ngantos umur langkung saking sadasa taun, nanging murugakên [muruga ...]

--- 216 ---

[... kên] kirang bathinipun jalaran kêlamèn. Dados langkung prayogi kabêdhol ingkang umur sataun.

Kêmudhu punika ingkang dipun bêdhol dipun kêthoki, uwitipun kabucal wangkid ing dhangkèl ingkang tilas kapêndhêm. Pundi kuliting dhangkèl utawi oyod warninipun abrit sêmu jêne, punika ingkang kangge angêbang-êbang. Punika kuliting oyod utawi dhangkèling kêmudhu ingkang warni jêne sêmu abrit dipun klokop saking kajêngipun. Mênawi ragi angèl dipun klokop, kêdah kathuthuk murih sagêd anglothok, klothokan kabêbak wontên ing lumpang ngantos sawatawis alus, lajêng dipun pipis wontên ing sela panglawêdan, kagangsur lêmbat kadosdene gangsuranipun anggi-anggi ingkang kaangge loloh (jamu), yèn sampun alus winadhahan ing pangaron sarta kasukanan toya wantah ingkang bêning ngantos [nganto ...]

--- 217 ---

[... s] dhawah sêdhêngan sampun ngantos kabêningên lan sampun ngantos kakênthêlên. Anuntên ngriptaa malih godhong jirak ingkang sampun garing sangêt, kalêmbatakên kados glêpung. Patrapipun kadhêplok ing lumpang, ugêr punika jirak garing kumripik, inggih sagêd lêmbat kados glêpung, ananging manawi jirak wau panuju mlêmpêm inggih kêdah kapipis ing sela panglawêdan murih sagêdipun lêmbat, lajêng winadhahan piyambak. Nanging nalika angêjèri kêmudhu ingkang sampun lêmbat kêdah katakêr kadosdene ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika.

Kangge nglêbêtakên bênang ingkang wiwitan: kêmudhu tigang takêr, jirakipun satakêr.

Kangge nglêbêtakên bênang rambahipun kaping kalih: kêmudhu tigang takêr, jirakipun satêngah takêr.

Kangge nglêbêtakên bênang ingkang rambah kaping tiga: kêmudhu tigang takêr, jirakipun sapara sakawan takêr.

--- 218 ---

Kangge nglêbêtakên bênang ingkang rambah kaping sakawan: kêmudhu tigang takêr, jirakipun sapara wolon takêr.

Yèn bênang kalêbêtakên rambah kaping gangsal utawi kaping nêm, takêranipun kêmudhu lan jirak sami ugi kadosdene abên-abênanipun ingkang kalêbêtan bênang rambahan kaping sakawan. Ananging bilih murih sae, anggèning nglêbêtakên bênang kêdah dipun êlêti sakawan utawi gangsal dintên sawêg dipun lêbêtakên malih.

Mênggah bênang ingkang nêdya dipun bang, mula bukanipun kêdah dipun godhog ing toya kêthèl. Mênggah toya kêthèl punika lunturanipun lisah kacang cina dipun mor kalihan toya landhaning oman, ingkang sampun nate kangge rumiyin. Panggodhogipun wau bênang kadugi kalih têngah êjam, lajêng dipun pêthèt. Patrapipun mêthèt makatên: bênang sagêmuh kacanthelakên ing têngkêr ingkang mawi lèrègan, [lèrèga ...]

--- 219 ---

[... n,] lan lereganipun ing pinggir kagantung ing nginggil kiwa têngên, ing ngandhap ugi kabandhulan ing têngkêr, dene satunggalipun lajêng kawiwir. Lan yèn wontên ingkang pêdhot kêdah kasambêt malih, lajêng dipun êpe ing gèntèr. Yèn sampun garing, dipun ulèni mawi lisah kacang kalihan landhaning oman (mêrang) wontên ing pangaron. Mênggah takêripun: yèn lisah sacangkir dhara wadhah wedang, landhanipun oman (mêrang) kêdah sasiwur, punika kêdah linêbêtan bênang sacêkapipun sagêd kalês lalês kemawon têlêsipun, sampun ngantos kopoh-kopoh, nanging kêdah waradin, lajêng dipun êpe ing gèntèr. Ing dalêm sadintên kêdah dipun ulèni rambah kaping kalih, lan yèn wanci dalu punika bênang kêdah dipun cêncêm ing pangaron, enjingipun dipun ulèni lan dipun pe, makatên salajêngipun saengga ngantos gangsal wêlas dintên laminipun. Punika bênang

--- 220 ---

lajêng dipun kumbah mawi lăndha oman ingkang tanpa lisah, ngantos bênang wau sagêd rêsik ical kêthèlipun. Pangumbahipun wau nama kalorod utawi kalungsur ngantos ical plikêtipun. Lunturanipun punika ingkang nama kêthèl. Bênang wau yèn sampun rêsik lajêng kinumbah mawi toya tawa lan dipun êpe sarta kapêthèt ugi kadosdene ingkang sampun kasêbut. Yèn sampun garing sawêg kalêbêtakên dhatêng kêmudhu, upami bênang sadasa gêmuh, kêmudhunipun ingkang sampun pinipis sadèrèngipun kaêjèr kêdah tigang bathok. Patrapipun makatên: kêmudhu ingkang sampun kaêjèran kadèkèkakên ing pangaron, bênang kacêmplungakên ngantos kasilêp, dipun kum ngantos kalih dasa jam dangunipun, lajêng kaêntas dipun pêrês sarta kinumbah ing toya tawa lajêng dipun pe. Sasampuning garing kalêbêtakên ing toya kêmudhu malih ngantos [nga ...]

--- 221 ---

[... ntos] rambah kaping tiga enggal-enggal kemawon, nanging rambahipun kaping sakawan lan kaping gangsal, punika mawi dipun êlêti kawan dintên. Punika dadosipun bênang abrit ingkang prayogi sangêt.

Manawi bênang sumêdya kadamêl warni jêne, patrapipun inggih sami ugi kadosdene adamêl bênang abrit kasêbut ing nginggil, namung bedanipun kalêbêtakên toya kêmudhu ingkang radi bêning sapisan kemawon murih abrit lamat-lamat, lajêng kakumbah lan dipun êpe. Yèn sampun garing, ingkang kangge ngêkum kêdah lawêdanipun kunir, ugi rinambah-rambah ngantos jênenipun sagêd kandêl.

86

Mênggah panggaotan adamêl bênang cêmêng sarana kanila (biru sêpuh) amasthi sadhiya majan ing jêmbangan agêng. Mênggah pandamêlipun majan wau: mêndhêt latak (êndhêk-êndhêkipun [(êndhê ...]

--- 222 ---

[... k-êndhêkipun] majan ingkang sae) watawis kalih tong timba dipun kum toya bêning wontên ing jêmbangan, lajêng kaudhêk-udhêk enjing sontên. Yèn sampun warni biru nuntên kapur lan toyaning nila biru ingkang sampun kaêjèr kalihan apu watawis kalih utawi tigang bêruk, lajêng kacêmplungana toya tètèsing gêndhis sabathok. Manawi sampun sipêng sadalu, lajêng katingal sêmringah jêne sêmu abrit, punika wiwit kenging kaangge nyêlub bênang kawan gêmuh. Patrapipun makatên: yèn majan nêmbe kaudhêk, bênang kawan gêmuh ingkang sami panjangipun kaêmor dados satunggal kacêmplungakên ing majan, nanging kêdah dipun cêpêngi kemawon kapêrês-pêrês kaubêng-ubêngakên, dangu-dangu têmu gêlang ngantos mubêng kaping tiga utawi kaping sêkawan lajêng kapêrês, dipun puh lajêng kakumbah ing toya bêning dipun pe kajèrèng. Watawis lêt saêjam kalêbêtakên ing majan [ma ...]

--- 223 ---

[... jan] malih dipun pêrês-pêrês kados ingkang sampun, namanipun kawêjêk. Makatên sadangunipun, bênang wau kêdah kawêjêk sadintên rambah kaping kalih utawi kaping tiga. Yèn sampun pikantuk kalih utawi tigang dintên amasthi sampun warni biru sêpuh (ingkang limrah kawastanan cêmêng) nanging ingkang langkung prayogi ing dalêm sadintên sagêda lumêbêt kaping sakawan, ugêr majanipun sae inggih sagêd tumindak, botên nama kluron (bêning kemawon), mila punika majan sabên sontên kêdah kajogan jèr-jeranipun nila satuwung, nanging pangêjèripun nila ingkang kadamêl ngêjogi wau kêdah mawi toyaning klapa lan mawi apu.

Punika majan ugêr ingkang kadamêl angêjogi nilanipun kirang sae, sampun tamtu majanipun awon. Mênggah nila ingkang sae wau ingkang cahyanipun warni biru sêpuh (biru sêmu wungu), dene sosoranipun [so ...]

--- 224 ---

[... soranipun] inggih ingkang warni biru sêmu pêthak. Mênggah ingkang awon piyambak inggih punika nila ingkang warni cêmêng. Mênggah kadadosanipun nila ingkang warni cêmêng punika makatên: upami nila agêngipun sakluwak, kagêrus kauworan toya, nuntên dipun cêmplungi lawon pêthak, sanadyan dipun klomohna babar-pisan, sarêng kakumbah inggih sagêd pêthak malih. Punapadene nila cêmêng ingkang taksih prongkolan garing, upami kacorèkakên ing kêrtas, dipun pilaur kêrtasipun tatu botên purun wontên tabêtipun biru, ing saèmpêr kados-kados sami ugi kalihan potlot ingkang atos.

Nila ingkang ijêm punika ugi awon, sakêdhik manjingipun dhatêng barang, mila kaewokakên nila asor, mèh sami ugi kalihan nila ingkang cêmêng.

Nila sadaya punika pinangkanipun saking

--- 225 ---

godhonging tom ingkang kapêndhêt pathinipun sarana dipun êkum lan dipun kêbur.

Nila ingkang warni biru wungu punika godhong tom wêdalan măngsa rêndhêng, warninipun riyêm-riyêm katingal ngêmu toya. Pangêkumipun nêm jam, pangêburipun ulêt sangêt tur radi kapara dangu, dumunung sêpuh kêburanipun.

Nila ingkang biru sêmu pêthak, punika ugi wêdalan godhong tom rêndhêng utawi warninipun ugi riyêm-riyêm sarta katingal angêmu toya, anamung godhong wau taksih kathah ingkang nèm (dêrdap).

Nila ingkang warni ijêm, punika wêdalan godhong tom ing măngsa rêndhêng warni riyêm-riyêm sarta ngêmu toya, ananging pangêkumipun godhong langkah saking nêm jam, ngantos kalih wêlas êjam utawi langkung. Dados punika pathinipun ingkang kapêndhêt katutan lêkanipun kuliting wit, mila yèn dipun kum namung nêm jam kemawon amasthi

--- 226 ---

pathinipun sagêd luntur sadaya. Wangsul ingkang nama uwit punika mawi kulit ingkang sawarni mèh kadosdene klika, mila yèn kêdangon pangêkumipun, klika sagêd ambadhêdhêg, lajêng yiyit utawi lêkaning kulit sagêd tumut luntur, dadosipun nila awarni ijêm.

Nila ingkang warni cêmêng, punika wêdalipun godhong tom wêktu katiga. Warnining godhong kusi, sêmunipun garing kemawon, malah-malah pucukipun pang kathah ingkang katingal cêmêng, dados punika godhong sampun têtela yèn botên wontên toyanipun. Awit upami kacoba godhongipun kapêthik lan dipun uyêk, inggih garing kemawon botên wontên uruhipun. Mila sarêng kajiyad dipun kum, sanadyan mêdal pathinipun, ananging dados cêmêng. Ewadene punika prakawis ingkang mugi sampun ngantos kalintu tampi, ingkang kula aturakên tom ingkang dados nila [ni ...]

--- 227 ---

[... la] warni cêmêng wau inggih punika tom wêdalan kêtiga ingkang nama tunggak, dados mratandhakakên nama tom sampun badhe pêjah. Sanadyan tom katiga, ugêr nama tanêman enggal ingkang gêsangipun sarana lêb-lêban inggih sae ugi, awit upami kacoba dipun uyêk, godhong tom wau inggih kathah toyanipun.

Tanêman tom punika manawi badhe sae nilanipun utawi kathah pikantukipun, kêdah kababadana ingkang panuju godhon wêktu sêdhêng. Mila upami wontên pabrik ingkang nyambutdamêl langkung saking kalih dasa dintên amasthi nyandhak nila kirang kathah utawi kirang sae, jalaran pambabadipun wontên tom ingkang sawêg panuju sêdhêng, wontên tom ingkang sampun radi kasèp. Sanès prakawis manawi nalika pananêmipun wau kadamêl gagêntosan (utawi botên kasarêng salêbêtipun sadasa dintên), măngka trubusipun tom punika [pu ...]

--- 228 ---

[... nika] botên sami, têrkadhang ingkang panuju sitinipun kalêrêsan sae trubusipun gangsar enggal lêma. Wontên ing wêkasan trubusipun lêsu, kirang gangsar awèt kêra, wasana sarêng pambabadipun kapetang mèh kenging kawastanan kagêbag radin. Dados tumapakipun babadan, têrkadhang ngantos wontên tom ingkang dèrèng sêdhêng nèm-sêpuhipun, kababad rumiyin, lan wontên tom ingkang sampun kasèp saking kababad kantun. Punika ingkang dados sabab. Saupami tiyang babad tom, ajêg sagêd amilihi tom ingkang sawêg sêdhêng sadaya, amasthi prayogi sangêt, saged pikantuk nila kathah sarta sae.

Punika tom inggih sami ugi kalihan têbu utawi gêgodhongan sanèsipun. Ugêr ingkang nama dèrèng măngsa utawi kasèp, sampun masthi suda toyanipun utawi suda gêndhisipun. Punapa malih ingatasipun băngsa godhong wiwit [wi ...]

--- 229 ---

[... wit] saking pêrdapa dumugi sumuruh, sumuruh dumuginipun sêpuh kados-kados inggih namung salêbêtipun tigang dasa gangsal dintên kemawon. Lan kadospundi kemawon, yèn babadan ingkang wêkasan sagêd sami kalihan wiwitan. Măngka saangsal-angsal pambabadipun ingkang wiwitan kedah ngêntosi sêdhêngipun tom, wasana nyambutdamêl ngantos sawulan utawi langkung. Mila kadospundi kemawon murih anggèning sagêd pikantukipun nila sae utawi kathah, upami pambabadipun ingkang wiwitan katangguhakên sadèrèngipun sêdhêng nèm-sêpuhipun, amasthi babadan ingkang pungkasan inggih mêksa sampun kasèp.

87. Pandamêlipun kêrtas Jawi ingkang winastanan dlancang.

Punika dlancang jaman rumiyin pirantos kasêrat kangge kitab, sêrat waosan,

--- 230 ---

lan serat ibêr, saèstu prayogi sangêt, awit maujudipun kandêl sarta alus. Ananging jaman samangke sampun botên patos kangge sarta botên kalampah, jalaran kêrtas ingkang dhatêng saking sabrang saklangkung kathah sarta mirah. Ewadene sanadyan jaman samangke upami kaangge lèmèk panyêratan ugêr kadamêl wiyar, inggih langkung prayogi sanget. Mênggah rekanipun anggarap makatên: katurut saking mula buka.

Oyodipun wit dlancang watawis sakilan panjangipun katanêm ngadêg ing siti ingkang prayogi sawatawis tênggar utawi sawatawis woh, ugêr sampun angsal wolung dintên ingkang masthi thukulipun katingal. Longkangipun pananêm sampun ngantos kirang saking tigang kaki pasagi, sadangunipun kêdah kapulasara dhangiranipun sampun ngantos bêra dening rumput. Punika tanêman witipun lêncêng-lêncêng, agêngipun sakempol [sake ...]

--- 231 ---

[... mpol] utawi kapara langkung sakêdhik, ugêr sampun umur sataun wiwit kenging katêgor. Nanging tunggakipun mêksa taksih sagêd burus malih sarta sae, punapa malih yèn kikrik pamulasaranipun ngantos salangkung taun têmtu taksih sae, ugêr nêmbê kababad amasthi burus malih mêdal saking tunggak.

Kajêng dlancang ingkang sampun kababad wau dipun kêrik kabucal kulitipun ayam, lan kêdah katêngkêl lulubipun sadèrènging kaklothok sarana dipun kêrêt-kêrêt, mênggah panjangipun manut punapa niyatipun ingkang nêdya damêl panjang utawi cêlakipun. Wondene wiyaripun sanadyan bahan wau ciyut, ananging kenging kasambung-sambung kajèjèr murih sagêd anyêkapi wiyaripun. Kajêng ingkang sampun kakêrik kulitipun ayam, lulubipun kaklokop saking kajêng, dipun kêmplong mawi bêkakasipun pangêmplongan. Punika pangêmplongan [pangêmplong ...]

--- 232 ---

[... an] gandhenipun kuningan, tadhahipun kajêng ingkang băngsa atos, kados ta: kêsambi, tanjung utawi dlisên, kawangun dhingklik. Panggêbagipun kêdah kanthi dipun têlêsi, yèn sampun sagêd tipis dugi-dugi anyêkapi kandêlipun lajêng dipun kèndêli lan dipun pe ngantos garing. Yèn badhe dipun lusakên murih dados babar-pisan: bahan kêrtas dipun tata wontên ing tlawah nuntên dipun têlêsi sadaya, lan katutupan ngantos tiga utawi sakawan dalu laminipun, nama dipun plêp, murih mêdala yiyitipun. Lajêng dipun pe ing panggenan ingkang cêkapan asrêp bêntèripun. Ingkang kadamêl landhêsan mepe: gadêbogipun pisang ingkang taksih glundhungan, lan mawi kagosok ngangge wêtêngipun godhong năngka ingkang sampun kuning, pamurihipun sagêd alus, nama dados. Ugêr dlancang wau sampun garing amasthi sami anjêplok saking gadêbog, [gadê ...]

--- 233 ---

[... bog,] lajêng dipun gosok mawi kuwuk. Mênggah patrapipun makatên: Sadhiya blabag kajêng dlisên ingkang alus, dlancang kaglethakakên, nuntên katumpangan kuwuk ingkang sampun kapadal mawi walêsan. Ananging wontên malih ingkang gadhah pamanggih panguwukipun wau botên susah ngangge kuwuk, cêkap lan langkung prayogi ngangge sêtrika kemawon. Nanging yèn lulubipun kathah sangêt botên rampung kakêmplong sadintên, inggih kenging kagarap benjing malih, nanging sabên badhe anggarap inggih kêdah dipun kum, murih mêdal yiyitipun têlês.

Lan wontên malih ingkang gadhah pamanggih têksiran, awit dèrèng kacoba linampahan. Pangêmplonging lulub wau langkung prayogi sinantunan kalihan panggilingan. Panggilingan wau kêdah tundha sakawan utawi gangsal, ingkang rumiyin piyambak ingkang sagêd anipisakên sarta miyarakên [miyar ...]

--- 234 ---

[... akên] lulub. Ingkang kaping kalih nambahi tipis lan wiyaripun. Ingkang kaping tiga ugi saurutipun makatên.

88. Pandamêlipun mangsi Jawi.

Mangsi Jawi punika cêmêng sangêt, kanggenipun pirantos kadamêl nyêrat kitab utawi sêrat wêwaosan. Nalika jaman rumiyin sanadyan sêrat ibêr inggih ngangge mangsi Jawi, ananging jaman samangke sêrat ibêr-ibêr kasêrat ngangge mangsi wêdalan Sabrang.

Pandamêlipun mangsi wau patrapipun makatên: balêndoking kajêng klampis winêtawis saklapa agêngipun, punika dipun kum ing toya tawa ingkang bêning wontên ing pangaron alit utawi ing wadhah sanèsipun. Yèn sampun sadintên sadalu lajêng dipun udhêk mawi solèd ingkang kakên (kandêl). Manawi blêndok wau sampun [sa ...]

--- 235 ---

[... mpun] dados toya radi cuwèr, lajêng dipun iling saking sakêdhik dhatêng panyaringan lan katadhahan ing wadhah sanèsipun, ananging kêdah rêsik. Ingkang kadamêl nyaring sinjang pêthak ingkang kasar saha kêndho. Patraping panyaringan makatên: saringan wau kêdah wontên tiga têngah kilan panjangipun, lan kalih têngah kilan wiyaripun. Punika saringan ingkang sasisih kêdah cinêpêngan ing tiyang satunggal, sisihipun kacêpêngan ing tanganipun kiwa ingkang nyidhuki, tangan ingkang têngên anyêpêng bathok ingkang alus kacidhukakên ing jèr-jeran balêndok saking wadhahipun lami kailing dhatêng panyaringan lan kinusêk ngangge bathok wau, murih sagêd andrèdès tumètès mangandhap. Ugêr ing panyaringan sampun asat lajêng dipun ilingi malih saking bathok ngantos satêlasipun. Wadhipun saringan balêndok wau katutupan ingkang rapêt sampun ngantos karebelan punapa-punapa.

--- 236 ---

Lajêng angriptaa langês, pandamêlipun langês makatên: amarnèkna damar sela kathahipun katikêl sakawan saking agênging balêndoking klampis wau, dados yèn balêndok saklapa kêdah ngangge damar sela sakawan klapa. Damar sela wau kaglêpung ingkang lêmbat, ingkang saèmpêr kadosdene dhêplokan kopi, lajêng cêcawis sacêkapipun, conthong godhong ingkang panjang sarta mawi garan wilah dipun tancêpi. Glêpungan damar sela wau kaisèkna ing conthong lan sajawining godhong kêdah kablêbêd ing gombal, murih sagêd kêncêng botên purun udhar, lan sajawinipun gombal kablêbêda ing godhong malih murih gombalipun botên sagêd amrèntèk, lajêng tinangsulan ingkang ragi kêrêp. Conthong ingkang sampun isi glêpunging damar sela wau kêdah dipun cègêrna garanipun wontên ing tugêlan gadêbog, glundhungan ingkang botên sagêd gumilir [gumi ...]

--- 237 ---

[... lir] glindhing, mila kêdah kapapras ingkang sasisih ngandhap, lan kasukanan jangkar wilah malang ing pucuk lan ing bongkot.

Angriptaa pirantos, klênthing utawi jun ingkang taksih enggal, kagantung kinurêbakên, inggilipun kadugi-dugia conthong ingkang dipun adêgakên pucukipun sagêda lumêbêt ing êjun, sarta sampun ngantos sundhul jalaran kainggilên conthong. Conthong wau lajêng kasulêd ing latu murub amasthi mèntèr sangêt, kukusipun sagêda dhumawah ing salêbêting êjun. Sadaya langêsipun ingkang tumèmplèk ing salêbêting êjun, punika dipun kêruki kawadhahan ingkang sae, mila kêdah êjunipun rangkêp, awit manawi ingkang satunggal panuju dipun kêruki langêsipun, ingkang satunggal kenging kadamêl anadhahi kukusipun damar sela ingkang taksih murub. Mênggah pangobongipun damar sela kêdah ing wêktu dalu, murih sêpên saking

--- 238 ---

angin, awit yèn katampêk ing angin, masthi urubipun damar sela mobat-mabit. Dados amurugakên langêsipun mawut-mawut.

Punika langês ingkang sampun winadhahan, kalêbêtna toyaning balêndok lajêng dipun udhêk (dipun ubêk) alon-alon ngantos sagêd amor lêrês-lêrês langês kalihan balêndok. Manawi pangudhêkipun sagêd radin sadintên, dintênipun malih kêdah dipun pe dalasan pangaronipun, ananging kêdah tabêri, ugêr pangaron kaiyubakên inggih kêdah kaudhêk malih ingkang ngantos radin. Manawi kadugi sampun wolung dintên amasthi sagêd kênthêl, lajêng katitis ing sasênêngipun. Yèn sampun garing kasimpên winadhahan sinimpên utawi kasade. Ing ngadat mênawi pawitan kalih ringgit, sagêd pajêng kawan ringgit.

--- 239 ---

89. Pandamêlipun mangsi abrit Jawi.

Mangsi abrit Jawi punika kanggenipun pirantos nyêrat kitab, sêrat waosan sapanunggilanipun ing panggenan pada-pada utawi tăndha-tăndha. Patrapipun pandamêl kados ing ngandhap punika:

Nyawisna balêndokipun kajêng kawista, dugi-dugi wontêna saking sakluwak agêngipun, dipun kum ing toya bêning wontên ing tuwung kadugi-dugia sampun ngantos kacuwèrên sangêt. Yèn sampun ajèr sarta dados toya lintrêg-lintrêg, kasaring mawi sinjang pêthak ingkang kasar saha kêndho (awis-awis). Saringan wau sampun ngantos kirang saking kalih kilan panjangipun, lan sakilan wiyaripun, kapanthêng saking pucuk lan ing bongkot, ingkang bongkot kacêpêngan mawi tangan kiwa dening ingkang nyaring, tanganipun ingkang têngên anyidhuki jèrjeran [jèr ...]

--- 240 ---

[... jeran] balêndok mawi bathok ingkang alus, kaêsokakên ing saringan sarwi kinusêk mawi bathok murih sagêd andrèwès tumètès mangandhap. Ananging ing ngandhap kêdah tinadhahan mawi wadhah ingkang nama pinggan blêwung (pinggan agêng). Toya balêndok dipun lêbêti gincu, lajêng kaudhêk-udhêk ingkang ngantos amor lêrês-lêrês gincu kalihan balêndok, lajêng dipun êpe, lan sabên-sabên wadhah kajunjung dipun iyubakên. Balêndok ingkang sampun warni abrit wau inggih kêdah dipun ubêk murih sampun ngantos mênêb gincunipun, lan ing dalêm kalih jam sapisan kêdah dipun udhêk, awit gincu punika pikajênganipun kêdah mênêb kemawon. Yèn sampun watawis wolung dintên laminipun, balêndok abrit sampun radi kênthêl, punika kenging wiwit katitis sasênêngipun.

Mênggah takêripun gincu inggih kadugi-dugia [kadugi-du ...]

--- 241 ---

[... gia] piyambak sagêdipun awarni abrit.

Mangsi jawi ingkang warni cêmêng utawi abrit, upami sampun kadamêl nyêrat kitab utawi sêrat waosan, ugêr papanipun botên risak, sanadyan satus taun, warninipun cêmêng utawi abrit inggih taksih ajêg warni gilap.

Mênggah pangêjèripun, yèn mangsi cêmêng kêdah nêdha wadhah kuningan, lan ing salêbêting wadhah kêdah kasukanan sêrat bênang sutra ingkang botên tamparan, kinuwêl-kuwêl kalêbêtakên ing wadhah mangsi, pirantos gampil kaudhêg sampun ngantos mênêb. Mangsi glindhingan garing kalêbêtakên ing wadhah sarta dipun êsoki toya tawa ingkang bêning samurwatipun. Mênggah yèn mangsi abrit, wadhahipun ingkang băngsa bêling utawi gêlas, mênggah sêrat lan pangêjèripun inggih sami ugi kados dening cariyosipun angêjèri mangsi ingkang cêmêng

--- 242 ---

wau, langkung-langkung malih manawi mangsi dipun damêl nyêrat dhumawah ing papan dlancang, warninipun mèh kadosdene sasêratan ingkang wontên ing bêlinging piring. Nanging dlancangipun kêdah dipun ambêti racun murih sampun ngantos katêdha ing gagrêmêtan ingkang nama rêngêt.

90. Pandamêlipun lulang ingkang dipun kamus kangge pirantos warni-warni.

Patrapipun kados ing ngandhap punika, mêndhêt saking cariyosipun tiyang wasta Muhamad Idris ing dhusun Bayêm Kulon. Kamusan abrit (kandêl).

Lulang salêmbar ingkang sae inggih lulangipun lêmbu, awit dadosipun sagêd wulêd. Wondening yèn lulang mahesa punika dadosipun ambêdhêl, kirang wulêdipun.

Lulang salêmbar yèn taksih têlês inggih

--- 243 ---

tanpa kaêkum, nanging yèn lulang wau sampun garing inggih kêdah dipun kum ing toya rumiyin, murih sagêdipun têlês, lajêng nyawisna toya jèr-jeran apu ingkang kadugi sami kalihan saklapa tabonipun, kaêjèr ngangge toya tawa dugi-dugi sagêd dipun ngêlêmakên lulang satunggal yèn kaêkum ing jêmbangan. Yèn pangubêkipun apu wau sampun radin (botên krompolan) lulang wau kalêmpit lan kalêbêtakên ing jêmbangan ingkang isi toya jèr-jeran apu wau. Punika lulang katindhihana ngangge sela sasagêdipun kumêlêm, murih sampun ngantos sagêd kumambang. Punika lulang ingkang dipun kum sabên kalih wêlas êjam kêdah dipun êntas, kaewahan lêmpitanipun murih sampun ngantos wontên ingkang kalangkungan botên mambêt toyaning apu, awit saupami wontên ingkang kalangkungan botên kambêtan dening toya apu, lulang wau dados [dado ...]

--- 244 ---

[... s] bosok. Sasampuning kalêmpit malih lajêng kalêbêtakên ing toya apu wau. Makatên sabên dintên saengga salangkung dintên utawi sawulan, sabên-sabên lêt kalih wêlas êjam, lulang kapêndhêt saking kum-kuman, dipun ewahi lêmpitanipun lajêng dipun kum malih kados ingkang sampun. Manawi badhe sinampunan saking pangêkum, lulang dipun kumbah ing toya tawa saengga rêsik, lajêng kinurêbakên tumumpang ing gadêbogan ingkang glundhungan kapanthêng dipun kêrok mawi wêlad kaplêngkungakên, supados ical wulunipun. Manawi wulu sampun ical sadaya, lulang kalumahakên wontên ing dhingklik, ugi pinanthêng kinêrok mawi gobèd, pêrlu angicalakên rambak-rambak utawi ingkang katawis kêkandêlên, murih sami cakipun kandêl utawi tipis. Lajêng dipun kum ing toya tawa sadintên, murih ngicalakên apu ingkang krakêt-krakêt ing lulang. Sasampuning [Sasampu ...]

--- 245 ---

[... ning] kaêntas kêdah dipun usapi apu-apu ingkang katingal krakêt ing lulang ical sadaya, pangusapipun mawi ginrujugan ing toya tawa. Yèn sampun pasêk, anyawisna bumbunipun ingkang sêpêt-sêpêt, warnining bumbu kados ing ngandhap punika:

Babakan witipun kajêng trêngguli ingkang sampun garing, watawis wawrat kalih wêlas kati, dipun cacah ngantos sajêmpol-jêmpol agêngipun, nuntên kadhêplok runyah-runyah, ewadene yèn kadhêplok radi angèl, inggih kêdah dipun têlêsi murih gampil kadhêplok. Sêpining trêngguli kenging ngangge babakanipun wit kajêng pilang, ananging wawratipun kêdah wolulas kati cêkapipun kangge lulang satunggal. Sêpinipun trêngguli lan pilang, kêdah babakanipun kajêng wêru ugi ingkang sampun garing, ananging kêdah wawrat sêlangkung kati cêkapipun lulang satunggal.

Punika babakan trêngguli ingkang sampun kadhêplok [kadhê ...]

--- 246 ---

[... plok] dipun kum ing toya tawa wontên ing jêmbangan kasarêng kalihan lulang ingkang sampun rêsik wau, ngantos langkung saking gangsal dintên gangsal dalu laminipun. Ananging mugi sampun ngantos supe, sabên dintên kêdah winolak-walik supados sagêd wradin matêngipun lulang. Yèn sampun matêng lajêng dipun êpe kapênthèng wontên ing bênteran sinarapan kepang, murih botên rêgêd dening siti, ananging yèn panuju surya cêkapan bêntèripun, sampun enggal dipun êntas saking kum-kuman, awit yèn bêntèripun botên santêr, dados botên sagêd garing sadintên, amasthi wacucalipun warni biru. Wondene yèn sampun garing lêrês lajêng kasimpên, punika sampun têtêp nama matêng.

91. Pandamêlipun kamus lulang ingkang warni pêthak.

Patraping pangêkum ing toya apu utawi [u ...]

--- 247 ---

[... tawi] patrapipun panggarap inggih sami ugi kadosdene pandamêlipun kamusan lulang abrit kasêbut ing ăngka 90 ing ngajêng wau, namung kaotipun, sarêng sampun dipun kumbah rêsik, botên mawi kabumbonan sêpêt ingkang warni babakanipun kajêng trêngguli, pilang utawi wêru, cêkap namung dipun bumboni kalihan tawas lan sarêm kemawon. Mênggah patraping ambumboni makatên: ing dalêm lulang satunggal kêdah kacawisan tawas rêgi tigang dasa sèn, sarêm rêgi wolulas sèn, sami dipun bêbak runyah-runyah lajêng dipun êkum ing toya tawas sagêdipun kanclub lulang wau, sarta dipun kum sarêng-sarêng kalihan lulang punika ngantos gangsal dintên utawi langkung, sarta inggih kêdah sabên-sabên kalih wêlas êjam, ugi dipun wolak-walik lêmpitanipun, murih sagêd wradin sampun ngantos wontên ingkang kalangkungan tanpa kambêtan toyaning tawas, awit [a ...]

--- 248 ---

[... wit] badhe amurugakên bosok. Mênggah pangêpe utawi pamênthèng inggih sami ugi kadosdene adamêl kamus lulang abrit wau.

92. Pandamêlipun lulang jêne (tipis lêmês).

Punika lulang salêmbar dipun êkum ing toya apu kawolak-walik, pinulasara kadosdene pamulasaranipun adamêl kamus lulang abrit kasêbut ing bab 90 ngajêng wau. Namung kaotipun yèn lulang wau sampun dipun kumbah rêsik, botên susah dipun kum ing bumbu sêpêt ingkang warni babakanipun kajêng trêngguli, pilang utawi wêru, punapa malih botên dipun kum ing bumbu ingkang warni tawas kalihan sarêm. Namung cêkap dipun garang ing kukusipun kambêngan sarta mawi kabêsut. Mênggah patrapipun anggarang (nglamusi) kados ing ngandhap punika :

--- 249 ---

Sadya pawon wangunipun kados gênuk mêngkurêb, lawangipun margining kambêngan wiyaripun sakaki pasagi, wiyaripun ing lêbêt kalih têngah kaki, marginipun latu murub manginggil, wiyaripun satêngah kilan kaubêngakên bundêr. Mênggah inggilipun saking dhasar ngandhap dumugi inggiling lowahan pawon tiga têngah kaki. Punika pawon lepanipun kêdah alus.

Anyawisna kambêngan garing sarêmbat alit utawi salayanipun rêmbatan ingkang agêng. Kambêngan wau dipun gêbungi kasugokakên ing pawon saking sagêbung kadekekan latu murub. Anuntên lulang ingkang sampun kakumbah rasik wau dipun tumpangakên ing pawon punika murih sagêd kasromong ing urubipun kambêngan, sarta kaingsêr-ingsêr supados sagêda radin ngantos bêntèr sangêt. Wêtêngipun kagarang nganton[1] bêntèr. Gigiripun namung dipun ambêti kemawon [kema ...]

--- 250 ---

[... won] dhatêng kukus, murih sagêd warni jêne, nanging sampun ngantos gigiripun katingal radi cêmêng. Yèn sampun radin kambêtan kukus sadaya lajêng dipun kèndêli panggarangipun, lan dipun lumahakên wontên ing dhingklik kabêsut. Ingkang kadamêl ambêsut mawi pirantos tosan, ingkang warninipun kadosdene tatah radi buwêng, nanging wiyaripun satêbah, panjangipun satugêl kilan, punika dipun garani panjangipun kalih têngah kaki, lan mawi kasukanan pakah garanipun ing wingking, pakah wau pirantos kacagolakên ing padharanipun ingkang anggarap. Tatahipun buwêng pucuk, kaangsalakên ing lulang. Punika lulang kacènèng-cènèng ngantos radin kadhawahan ing tatah (kêrok) sadaya. Ugêr sampun wradin dhinawahan kêrok lajêng kagarang malih lan kakêrok malih ngantos rambah-rambah watawis kaping sadasa. Manawi lulang wau sampun katingal ringsig [ring ...]

--- 251 ---

[... sig] (garing lêmês) punika sampun dados kenging dipun kèndêli, lan lulang kasimpên.

93. Pangamusipun lulang ingkang kataksihakên wulunipun.

Punika patrapipun pangêkum ing toya apu lan ambumboni mawi babakanipun kajêng trêngguli pilang utawi wiru, punapadene yèn badhe kadamêl warni pêthak, inggih kêdah mawi tawas lan sarêm, inggih sami ugi kadosdene ingkang sampun kamot ing bab 90 lan bab 91 kasêbut ing ngajêng. Namung bedanipun punika lulang wulunipun botên kinêrok taksih kawêtahakên kemawon. Ugêr punika lulang sampun kambêtan bumbu, ingkang masthi wulunipun inggih lajêng kêncêng malih botên purun mrèthèli, nanging pangêpenipun ugi kêdah kapênthèng murih sampun ngantos mangkêrêd.

--- 252 ---

Ewadene liyanipun saking lulang ingkang kataksihakên wulunipun, kados ta: lulang ingkang kinamus abrit, ingkang kinamus pêthak, lan ingkang kinamus jêne ingkang sampun kamot ing bab 90, 91 lan bab 92 kasêbut ing ngajêng sadaya, ingkang sae piyambak inggih namung lulangipun mênjangan (sangsam) awit punika lulang sangsam upami sampun dipun kamus, sanadyan kinuku ingkang sangêt, ewadene sarêng kuku kajunjung, lulang punika tatunipun botên wontên.

Punika prakawis ingkang sampun kamot ing bab 90, 91, 92 lan bab 93, yèn sagêd, ingkang langkung prayogi pangêkumipun lulang kadunungna ing kulah murih kathah momotanipun, lan botên susah mawi nglêmpit, sarta gampil pamalikipun. Ananging kaangkaha: panggenanipun pangêkuman mugi kapêrnahna ing panggenan ingkang radi [ra ...]

--- 253 ---

[... di] sakeca utawi têbih saking griya, awit gandanipun arus sangêt.

94. Pandamêling lisah wangi.

Pandamêlipun lisah wangi ingkang saking gêgodhongan, kêkajêngan, wowohan utawi oyod-oyodan, punapadene sêkar ingkang băngsa gănda wangi-wangi, mênggah pandamêlipun nama mahat. Wondening pratikêlipun mahat kadosdene ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Damêla pirantosipun pahatan ingkang warni satunggal dandang siti utawi têmbagi ingkang dèrèng nate kangge kadamêl anggodhog barang sanèsipun saking ingkang kapahat. Dandang wau katêrapakên ing luwênging pawon, kasukanan banon ngantos papak kalihan dêdêgipun dandang, makatên ugi pasangan wau ing sakiwa têngêning cangkêm dandang kêdah wiyaripun wontên saking satêngah kaki [ka ...]

--- 254 ---

[... ki] sarta dipun kajog, mangandhap sakaki wiyaripun, ananging dhumawah ing kiwa lan ing têngênipun dandang, pirantos kangge andèkèkakên bêkakas ingkang dados pirantos mahat. Ananging punika pawon mugi sampun supe kêdah kasukanana bolongan margining kukus latu, kadugi-dugia sacêkapipun kangge nyêrot kukusing latu ingkang wontên ing pawon punika.

Dandang wau kêdah kadamêlakên kêkêb tamêbagi ingkang barunjung, utawi kêkêb kêmrakas tuwin siti, salah satunggalipun kemawon. Kêkêb wau kasukanana rahu ing lêbêt, punika rahu ragi dipun èncèngakên, kacingkupakên, ing panggenan cingkupan kabolong sarta kasukanan pancuran ingkang cêkap jênthikipun lare ingkang umur gangsal taun. Pancuran wau kadamêla kados dening pancuranipun padasan, ananging ingkang panjang. Kêkêb wau kanggenipun [kanggeni ...]

--- 255 ---

[... pun] mangkurêb, ing urutipun pinggiran kêdah kasukanan tambir mubêng, inggilipun tambir wau sagêda angungkuli barunjunging kêkêb. Pancuran saking salêbêting kêkêb wau kabablasna sagêda nêrus dhatêng sanjawinipun tambir, lan ragi kadhêngklukna sawatawis, murih kenging sinambungan ing wuluh ingkang purugipun ngèncèng-èncèng mangandhap. Makatên ugi tambir punika ingkang lêrês sisihipun panggenan pancuran saking kêkêb, inggih kêdah kasukanana pancuran piyambak, pirantos ambucal toya ingkang wontên salêbêting tambir, awit tambir wau pancèn wadhah toya asrêp ingkang pirantos angêkum utawi ngasrêpkên kêkêb sapancuranipun pisan. Ugêr toya ing tambir ragi angêt, inggih kêdah kasantunan mawi toya ingkang asrêp, toya ingkang angêt kaporot mêdal saking pancuraning tambir wuluh ingkang pirantos kangge nyambung pancuraning kêkêb, inggih kêdah kaslusupakên ngèncèng-èncèng [ngè ...]

--- 256 ---

[... ncèng-èncèng] mêngandhap wontên sagêmbunging tong ingkang kaisenan toya asrêp. Tong punika inggih kêdah kasukanana pancuran piyambak pirantos ambucal. Manawi toya salêbêting êtong ragi angêt, tumuntên kasantunan mawi toya ingkang asrêp malih. Ing pucukipun wuluh ingkang mêdal saking tong kalêrêsna kalayan cangkêmipun gêndul pêthak agêng nama lodhong ingkang sampun kabolong ing ngiringan kapara ngandhap, kasukanan pancuran ugi pirantos anyuda toya pahatan, mênawi lisahipun sampun kumambang.

Punika dandang kaisèn punapa barang ingkang wangi-wangi watawis sabauning dandang nuntên kasukanan toya bêning sampun ngantos anganclabakên gêgodhongan wau. Kêkêb kapasang dipun dalit mawi dhêmpul apu kalayan lêmpung ingkang plikêt. Pancuran-pancuran ingkang masthi kasambung ugi kadalit, ingkang dede sambungan kêdah kasumpêlan [kasumpê ...]

--- 257 ---

[... lan] sadaya, ing tambir lan ing tong kasukanan toya asrêp. Pawon kasukanan latu sampun ngantos agêng-agêng nanging kêdah ajêg. Ugêr toya salêbêting dandang umob, kukusipun amasthi mêdal nurut pancuran ingkang anjog ing cangkêm gêndul sarwi ambêkta toya. Punika gêndul yèn toyanipun sampun papak bauning gêndul amasthi mêdal langitipun, inggih punika ingkang nama lisah anjalirit wontên ing nginggil. Dados toyanipun kêdah kasuda supados toya ingkang kantun ingkang sami ambêkta lisah sagêda wontên papanipun. Nanging wau porotan toya saking gêndul mugi sampun ngantos kabucal, amasthi kêdah winadhahan ingkang prayogi, ugêr mahat malih inggih punika toya kaêmorna, ugêr ingkang badhe kapahat nunggil sabăngsa lan ingkang sampun. Yèn ingkang kapahat sanès bangsanipun lan ingkang sampun amasthi bêkakasipun inggih kêdah kasantunan, sampun [sampu ...]

--- 258 ---

[... n] ngantos mambêt saking tabêtipun ingkang sanès băngsa wau. Punika toya ingkang kaporot saking gêndul inggih prayogi sangêt kangge nêlêsi sinjang-sinjang, amasthi gandanipun arum.

Manawi pamahatipun sampun kinèndêlan, punika gêndul pêthak ingkang isi toya pahatan ingkang wontên langitipun, amasthi kapêndhêt, langit wau tumuntên dipun tutuli utawi dipun sendhoki winadhahan ing gêndul alit, ingkang sampun limrah dipun wastani gêbyas, lajêng kasimpên, punika nama sampun dados.

95

Ingkang sampun limrah ing tanah Jawi, ugêr nama lisah wangi inggih wangi saèstu, lan ingkang kadamêl wujud ing ngandhap punika:

Yèn ingkang băngsa kajêng, inggih punika

--- 259 ---

kajêng cêndhana utawi kajêng garu ingkang sampun kadadosakên tatal alit-alit.

Yèn ingkang băngsa godhong, inggih punika godhongipun wit găndapura, dilêm pandhanwangi, sêre, kalalika lan graniyum.

Yèn ingkang băngsa uwoh: waron (rêgulo) lan adas.

Yèn ingkang băngsa sêkar: kênanga (polaman), cêpaka, tanjung, sêmboja, cêplok piring, anggrèk, nagasari, jambe, kêmuning, jêram, pacar cina, pacar kuku. Punika sadaya sami anggănda siyang dalu. Mênggah sêkar ingkang gandanipun amung pêndhak suruping surya dumugi bangun enjing, inggih punika sêkar gambir, mênur, mlathi, dhangan, kêtongkèng, mawar lan sêdhêp malêm.

Yèn ingkang băngsa oyod, inggih punika namung oyodipun larasêtu, punika larasêtu sakalangkung gampil sangêt [sa ...]

--- 260 ---

[... ngêt] pananêmipun, botên kumêdah kadamêl alus lêlahanipun ugêr botên bêra dening rumput inggih sagêd dados. Punapa malih sanadyan pananêmipun kaprapèkakên ingkang anggunthah, dados sakêbon utawi katurut-turutna lêlarikan ing pinggir margi, ing tanggul, ngantos galêng utawi ing urut pinggiraning tanêman sanèsipun, ugêr pikantuk radi tênggar sawatawis, amasthi sagêd dados. Punika larasêtu ingkang katanêm dhangkèl dalasan witipun saêlêr kemawon. Ewadene sarêng sampun andados dhêdhapuranipun sagêd saprangkul, lajêng kadhongkèl dipun kopyok ing toya, yèn sampun rêsik, oyodipun pinêndhêtan kaêpe, dhangkèlipun cinuwil-cuwil katanêm malih ugi kenging. Punika oyoding larasêtu saupami kirang kongasipun gandaning wangi, kêdah kaglèthakna ing siti ingkang rêsik, ugêr mambêt sumukipun [su ...]

--- 261 ---

[... mukipun] siti amasthi wanginipun sagêd kongas.

96. Sasêrêpan panulakipun kapal makêm.

Kapal punika bilih makêm, ing ngadat kêndhangsulipun ing têngah panggenan pakêm ingkang botên wontên rangahipun, punika kapadal ing lidhah, dados sanadyan apusipun kapanthênga ingkang kados punapa, kapal inggih botên karaos sakit cangkêmipun, jalaran ing lidhah ingkang kadamêl madal botên anggêpok dhatêng barang ingkang nyêngkring. Mila dipun wastani kapal makêm sabab lidhahipun kapadalakên ing panggenan pakêming kêndhangsul.

Ing bagêlèn wontên satunggaling priyantun ingkang sawatawis sagêd dhatêng titihan, punika kalêrêsan kagungan kapal băngsa sandêl, agêng inggil panjang taksih nèm, sêmunipun kapara dipun trêsnani, ewadene [ewade ...]

--- 262 ---

[... ne] cuwaning panggalih jalaran kapal punika makêm. Sabên dipun agêm punika kapal lajêng bibrah lampahipun, jalaran kapal botên kenging dipun rèh, ngangge sakajêng-kajêngipun piyambak. Ing wasana punika priyantun kagungan pamanggih: agêmipun kêndhangsul rangah ingkang sampun adatipun kagêm, punika dipun yasakakên rodha tosan kakalih, wiyar tuwin kandêlipun rodha sami ugi kalihan arta ingkang rêgi 2½ sèn, ing pinggir mubêng kadamêl pating crêngingih. Punika rodha kêkalih dipun dunungakên ing sakiwa têngênipun pakêming kêndhangsul, antawisipun rodha satunggal dhatêng rodha sanèsipun namung kalih nyantun. Pangêtrapipun wau makatên: sasampuning dipun bolong ing têngah kawatawis cêkap dipun lêbêti ing gaganging kêndhangsul, punika rodha kabêdhat ing panggenan bolongan dumugining pinggiran, lajêng dipun wêngkang kagèngsotakên. [kagèngsota ...]

--- 263 ---

[... kên.] Sarêng sampun kalêbêt ing gaganging kêndhangsul, lajêng dipun thuthuk ugi sagêd pulih wangsul radin kados botên tilas kagèngsot. Sarêng punika kêndhangsul dipun pasang ing kapal, rodha kêkalih wau kalêrês dhumawah tumumpang ing lidhah kapal. Sarêng kapal wau dipun titihi apusipun kapêpêg, kapal sumêdya makêm, ilat kadunungakên ing panggenan papan pakêm sêdya kadêdêlakên, ing wasana anggêpok rodha kêkalih ingkang tumumpang ing ilat. Sarêng nêdya kadêdêl ing ilat, rodha kêkalih gumilir mubêng sarwi nyêngkring, dipun angkat-angkat kadêdêl mêksa gumilir mubêng pating clêngkring, ing wasana kapal sirahipun lajêng andhingkluk tumungkul, cangkêmipun anggowèh, gulunipun ambêkur. Punika kapal ing ngajêng rêgi f 200.- sarêng sampun purun anglêpèhakên kêndhangsul lajêng wontên ingkang purun anggêntosi numbas f 550.-.

--- 264 ---

Mila para agêng utawi para băngsa sadaya bilih kagungan titihan sae, măngka gadhah meda purun makêm kêndhangsul, inggih prayogi dipun damêlakên rodhaning kêndhangsul kadosdene ingkang kasêbut ing ngajêng wau.

97. Sasêrêpan panulaking ama rayap.

Mênggah saking pamirêng kula, ing pundi-pundia sabên tiyang ingkang karisakan barang tuwin bêkakasipun griya ingkang sami katêdha ing rayap, sampun kabudi-budi pambiratipun, ananging dèrèng angsal pamanggih ingkang lêrês, ingkang cocog kalihan nalar-nalaripun. Wontên ingkang kabudi sarana pamanggih kados ing ngandhap punika, ewadene dèrèng pikantuk daya ingkang migunani.

Kajêng ingkang kaangge saka kablêbêd ing êduk, utawi mawi dipun êtir, tumuntên [tumu ...]

--- 265 ---

[... ntên] kapêtak, sêdyanipun murih kalis dening rayap.

Siti ingkang badhe kadunungan bêkakas kados ta saka sapanunggilanipun, punika kadekekan arêng, wontên ingkang kadekekan pasir, wontên ugi ingkang kadekekan awu.

Ing panggenan lèng wêdalipun rayap, wontên ingkang kasiram ing toya sarêm, wêkasan lèngipun ngalih. Wontên ingkang dipun soki wedang bêntèr, ananging wedang bêntèr punika manawi malêbêt ing siti inggih dados asrêp. Punika sadaya taksih dèrèng wontên ingkang nyirêpakên ing pangrêdanipun rayap, jalaran rayap wau pamanggènipun wontên ing salêbêtipun siti.

Mênggah pamanggih anyar-anyaran: wontên satunggalipun tiyang, bale-griyanipun dumunung ing pasitèn ingkang kathah sangêt rayapipun. [raya ...]

--- 266 ---

[... pipun.] Gadhah akal makatên: ing saubêngipun saka ingkang katancêbakên, utawi saurutipun ngandhaping pagêr dabag lêrês, sitinipun sami dipun mongkogakên sawatawis sarana dipun tancêbi gaman ingkang landhap lancip, lajêng dipun gêrongi lêbêtipun watawis satêngah kaki, wiyaripun kadugi tigang dim. Punika siti dhudhukan saking gêrongan dipun damêl sawatawis lêmbat, lajêng kacarub kalihan bungkil kacang cina, tumuntên kaurugakên malih dhatêng ing gêrongan wau, lan dipun siram toya sarta kagêblog malih murih radin. Ing wêkasan punika siti dipun ênggèni ing sêmut gatêl, pêrlu ngupados têdha sami anêdhani bungkil kacang wau. Punika sêmut ing sanès dintên inggih wêwah kathah, mila ugêr wontên rayap lêledhang mumbul saking ngandhap amasthi lajêng katampenan dening sêmut saha katêdha. Makatên ugi para sêmut ugêr nyipati lèng rayap, inggih lajêng

--- 267 ---

kaungkih sapurug-purugipun wontên ing salêbêting siti. Ing têmbe manawi taksih wontên rayap katingal mumbul, punika mratandhakakên yèn sêmutipun kirang kathah, punika dipun enggal amêndhêmana bungkil kacang malih wontên ing pêrnahipun lami. Wondene yèn wontên bêcirah banon sarta kaplêstèr, wasana wontên rayapipun mumbul, murih sampun ngantos angrisakakên plêstèr, inggih kêdah lèngipun rayap kemawon dipun êsokana lisah kacang ingkang sawatawis kathah, amasthi sêmut gatêl badhe enggal manggèn ing pêrnah ingkang mambêt lisah kacang, lan punika sêmut badhe sadangunipun sami mêmăngsa dhatêng rayap. Ugêr punika sêmut sagêd awèt anggèni[2] dumunung wontên ing pagenan[3] ngriku, sanadyan rayap botên sagêd ical sanalika, ewadene dangu-dangu inggih badhe suda, têrkadhang têlas babar-pisan. Ewadene malih ugi kula dèrèng sagêd amasthèkakên [amasthèkakê ...]

--- 268 ---

[... n] dadosipun lêrês, bokmanawi punika prakawis pancèn nama wêwarisan, bêgjanipun satunggal-tunggaling tiyang ingkang sampun sami anyoba. Ananging mênggah ing nalar kados pinanggih saèstu, awit punika rayap mila botên sagêd tahan yèn mambêt dhatêng lisah, măngka ingkang nama lisah wau ugêr tumètès dhatêng sanèsipun ingkang băngsa bêlinging gêndul, amasthi sagêd têrus kadosdene nalika nètèsing dhatêng kêrtas tumpukan. Makatên ugi ingkang nama sêmut gatêl, ugêr sumêrêp gandaning lisah, sanadyan wontên ing salêbêting siti inggih mêksa kaungkih. Punapa malih nalikanipun wontên ing salêbêting guwa yèn manggih rayap amasthi lajêng dipun măngsa kemawon.

Mênggah rêginipun bungkil kacang ing dalêm sagêthèng, kados botên langkung saking kalih dasa sèn, măngka cêkapipun kangge ambungkili griya satunggal, kados-kados [kado ...]

--- 269 ---

[... s-kados] botên langkung saking sadasa gêthèng, dados gunggungipun rêgi botên langkung saking kalih rupiyah.

98. Pambudinipun baturing griya.

Manawi tiyang gagriya wontên ing tanah ingkang radi ngumês, punika susah sangêt, yèn batur salêbêting griya têlês botên sagêd garing, jalaran ingkang sapisan raosipun yèn dipun ambah suku jiji. Ingkang kaping kalih: gandanipun samukawis ingkang rêntah miwah krakêt ing siti inggih botên prayogi sangêt. Makatên ugi raosipun dhatêng pulung ati inggih radi andulêk. Mila pêrlu sangêt kabudia murih sagêdipun dados garing. Măngka sabên-sabên pasitèn ingkang tanah walêd, gruguh tuwin ing panggenan rêncêb, amasthèkakên baturipun griya yèn măngsa rêndhêng kêdah sami ngumês, sanadyan kadamêla

--- 270 ---

sawatawis inggil utawi kabanon sarwi katombok, inggih mêksa taksih sagêd ngumês. Mênggah pambudinipun murih sampun ngantos sagêd umês, patrapipun makatên: manawi tiyang damêl batur griya sumêdya dipun angkah kalih têngah kaki utawi langkung inggilipun, punika ingkang tigang prapat inggilipun, kaurugana ngangge luluhanipun siti ingkang plikêt nama lêmpung, sampun ngantos kamomoran siti ingkang walêd utawi gruguh. Yèn ing panggenan ngriku botên wontên siti plikêt utawi lêmpung, inggih kêdah andhudhuka ingkang lêbêt, ing ngriku masthi badhe manggih siti lêmpung. Yèn punika batur pangurugipun sampun tigang prapat utawi langkung sakêdhik inggilipun, lajêng kaurugana mawi siti walêd murih katingal alus utawi risig. Punika batur sampun masthi botên purun umês ugêr botên kalêban toya ingkang ngantos sangêt.

--- 271 ---

Wondene yèn punika batur sêdya kajubin ngangge babon utawi katembok, sampun tamtu ing nginggilipun siti plikêt lêmpung botên susah kaurug ing siti walêd, cêkap katrapan babon kemawon, saèstu sagêd radin. Wondene yèn pancèn botên kapasangan srasah banon, mila kêdah ingkang saprapat nginggil kapurih ngangge siti walêd, pamurihipun namung supados sagêd alus kemawon, awit ingkang nama siti lêmpung, sanadyan dipun lus ngantos kados punapa, king wêkasan inggih mêksa pating brênjul utawi mlêkah-mlêkah nêla.

Mênggah yèn griya dumunung ing pasitèn lêmpung ingkang têbih saking siti walêd, ingkang kadamêl ngicalakên plêkah-plêkahing batur ingkang nama têla, inggih kenging ngangge awu sapara tigan, tlethong kapal sapara tigan, siti ingkang sapara tigan, sami kaêkum ing kêkowèn. Yèn talethong [tale ...]

--- 272 ---

[... thong] wau kadugi sampun lêmês, lajêng dipun ulêt ingkang radi ulêt, tumuntên kajèrèng karadinakên ing panggenan batur ingkang nêla wau sarwi dipun gêblèg. Ananging mugi sampun ngantos kasupèn, batur ingkang nêla wau kêdah kasiramana ing toya rumiyin ingkang ngantos sagêd têlês, murih sagêda krakêt, dados botên anyoplok.

Punika prakawis batur umês sampun nate kalampahan ing nagari Kuthaarja (Bagêlèn) ingkang kadunungan kitha punika ing ngajêng siti sabin ingkang lêmpungipun kêmpêl. Mênggah ingkang sapalih sisih kidul, ing ngajêng sitinipun têgil rêncêb, sarêng taun 1861 kalaban ing toya banjir, dados pikantuk walêd kandêl sangêt, ing wasana dhawuhing parentah punika siti kinarsakakên kadamêl kitha. Saèstu nyênêngakên, sabab sitinipun walêd pasir, bilih ing wêktu katiga katingal gasik sangêt. [sa ...]

--- 273 ---

[... ngêt.] Ing wasana sarêng wêktunipun jawah ngrêcèh măngsa rêndhêng, ing ngajêng mila wantu siti rêncêb, sadaya baturipun griya sami angumês têlês, sanadyan griya kawêdanan ingkang dipun yasani ngangge arta gupêrmèn saha baturipun mawi têmbok, inggih mêksa umês, jalaran ing ngajêng nalika wiwitanipun angurug bêbaturipun mawi siti walêd kemawon, botên kabudi mawi siti plikêt ingkang sawarni kadosdene lêmpung. Măngka ing salêbêtipun kampung-kampung wontên ugi baturipun griya alit, ingkang inggilipun namung sakaki, wasana botên umês. Mênggah nalar-nalaripun makatên: ing ngatasipun kănca kampung capurinipun ciyut sangêt, dados sarêng sumêdya damêl baturing griya kèwêdan pamêndhêtipun siti, ing wasana mêjahakên pasitènipun ing dalêm pintên kaki pasagi, dipun jêgong sacêkapipun kangge ngurug baturipun griya, dados têrang sangêt punika

--- 274 ---

urug-urugan batur ingkang kapêndhêt saking jêgongan saèstu dede siti walêd, măngka ingkang nama batur griyanipun tiyang kampung ingkang sumrambah panêdhanipun, punika măngsa ngangkah sapintên inggilipun.

Ewadene punika prakawis bilih sanèsipun panggenan utawi sanèsipun tanah-tanah, botên sami kadosdene tanah Kuthaarja, inggih kasumanggakakên dhatêng kayêktosanipun tumrap dhatêng satunggal-tunggaling tanah utawi satunggal-tunggaling pasitèn wau.

99. Pambudinipun kangge mitulungi kasusahan.

Yèn wontên tiyang ingkang nuju kenging wisaning sawêr ingkang jalaran saking kacokot, punika ingkang sampun asring susah pangupayaning jampi, awit saking sangêting rikat ing pangêsukipun wisa, têrkadhangan wontên ugi [u ...]

--- 275 ---

[... gi] ingkang kalajêng dados pêjah, jalaran saking punika tiyang botên kuwawi nahan sakitipun. Ewadene wontên ingkang gadhah pamanggih anyar-anyaran, tur sakalangkung saking gampil ing pinangkanipun, ingkang sagêd amitulungi kangge anulak punika wisaning sawêr, têrangipun kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Godhonging sata ingkang taksih têlês, sêpinipun godhong sata ingkang taksih têlês, inggih sata ingkang sampun dados rajangan, ingkang sampun garing panunggilanipun ingkang kadamêl udut utawi ingkang kadamêl ngêmut, nanging inggih kêdah ingkang ewonipun nama sata eca (sata ampêg) nanging yèn sata garing inggih kêdah dipun toyani murih sagêdipun têlês, lajêng dipun uyêg, lan dipun pêrês. Toyanipun kaombèkakên dhatêng tiyang ingkang kenging wisaning sawêr wau, kathahipun toya pêrêsan sata sampun ngantos langkung saking sagêlas [sa ...]

--- 276 ---

[... gêlas] sopi. Yèn tiyangipun wangkal utawi lesanipun ragi gathik, inggih kêdah dipun cangarakên, murih toya pêrêsan sata wau sagêd lumêbêt ing gorokan lajêng dhatêng salêbêting padharan. Punapa malih ing panggenan tatuning untu sawêr utawi ing panggenan abuh-abuh, inggih kêdah dipun balonyoa winêdhakan ngangge toya pêrêsan sata eca wau. Tiyang ingkang sakit amasthi lajêng sagêd tilêm, jalaran mêndêm saking toyaning sata kemawon. Mênawi kadugi sampun tiga utawi sakawan jam dangunipun, lajêng nglilir sampun ical rasoipun wisaning sawêr (saras).

Mênggahing nalar mila pinanggih saèstu, upami wontên sawêr ingkang panuju mêmangsa saha panyakotipun kêdah ing sukunipun wingking ingkang dipun măngsa, punika mêmangsan kacobi sirahipun kinêcêrana ngangge toya pêrêsan sata ingkang eca. Ugêr punika mêmangsan [mê ...]

--- 277 ---

[... mangsan] sampun kaulu wontên ing salêbêting padharanan, amasthi sawêr lajêng malumah kakên ngantos lêstantun pêjahipun. Mila dados kenging winastanan, ingkang kenging kadamêl nawar wisaning sawêr mandi, botên sanès kajawi inggih namung pêrêsaning toya sata wau.

100. Pambudinipun angumbah tabêting lisah.

Mêndhêt saking cariyosipun tiyang wasta Mas Khaji Mokhamad Nur, mênggah angumbah tabêting lisah ingkang wontên ing barang sinjang nganggea isarat ingkang prayogi. Mênggah krakêting êtir sagêd ical kagosok ngangge lisah, sabab sagêd ajèr lajêng dipun kosodi mawi kawuling sêpêt. Wangsul krakêting lisah sagêdipun ical kagosok ngangge sabun, jalaran kaêndhih. Mênggah krakêting sabun sagêd ical saking dayaning toya tawa ingkang bêning. Ewadene

--- 278 ---

yèn lisah tumèmpèl ing barang kajêng utawi barang sinjang sêsaminipun, sanadyan kasabun kinumbah inggih mêksa taksih kemawon katingal tabêtipun. Mila Mas Khaji Mokhamad Nur wau anggadhahi pamanggih anyar-anyaran, ingatasipun tabêting lisah ingkang tumèmpèl ing sinjang utawi ing kajêng, botên badhe sagêd ical warnining tabêt yèn botên kagosok mawi toyaning kadhêle. Patrapipun andamêl toyaning kadhêle wau kados ing ngandhap punika:

Kadhêle dipun godhong ngantos matêng lajêng dipun pêndhêt, toyanipun godhokan kabucal. Kadhêle ingkang sampun matêng wau kawadhahana ing pinggan sarta katutupana ingkang rapêt. Watawis wolung dintên utawi langkung sakêdhik, kadhêle wau sampun bosok, lajêng kapêrês, ampas kabucal, toyanipun kapêndhêt dipun saring winadhahan gêndhul ingkang [ing ...]

--- 279 ---

[... kang] rêsik, pundi barang ingkang sêdya kaicalakên tabêtipun lisah, kêdah dipun tètèsi ngangge toyanipun kadhêle punika sarta kinucêkakên sawatawis, lajêng dipun bilasi mawi toya tawa ingkang bêning, murih ical warninipun toya kadhêle wau.

101. Pambudinipun wit kalapa ingkang kirang woh, murih sagêd kathah.

Yèn wontên uwiting kalapa kirang kathah uwohipun jalaran saking kêra, punika prakawis botên wontên malih pamulasaranipun, anjawi namung dipun urug mênggah patrapipun kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Ugêr wontên uwit kalapa kirang woh, punika amasthi wontên sababipun tigang prakawis.

Yèn panuju uwit kalapa botên awoh [a ...]

--- 280 ---

[... woh] jalaran saking bacêk, pamulasaranipun kêdah dipun balumbang (dipun got wiyar sandhingipun). Upami larikanipun kalapa mujur ngalèr, ing sakilènipun sarta sawetanipun uwit, kadugi lêt nêm kaki sisih têbihipun saking wit kalapa kasukanana balumbang (got) ingkang wiyar. Siti dhudhukaning blumbang kaurugna dhatêng prênah lêrêsipun larikaning wit kalapa wau, supados sagêda tambah inggih dugi-dugi ngantos sadhêngkul. Makatên ugi salaminipun, sabên-sabên wêktu katiga blumbang wau inggih kêdah dipun kêruki walêdipun sarta kainggahna ing prênah larikanipun wit kalapa wau, amasthi wit kalapa punika dados sae lan badhe kathah wohipun.

Yèn nuju wontên wit kalapa kirang woh jalaran kêra-kêra dening sukêt kêlèt, mênggah pamulasaranipun inggih yèn panuju măngsa katiga angajêngakên jawah sapisan, [sapisa ...]

--- 281 ---

[... n,] punika sitinipun kagêbrus ngantos sagêd angrantasakên oyod, amasthi sadaya sukêt sami pêjah. Ing têmbe yèn wontên jawah sapisan, punika ing prênah panggenan uwit kalapa watawis kalih dhêpa pasagi, kauruga sawatawis ngangge siti tilasing krowalanipun paculan ngantos anyilêpakên prênahing oyod ing dhangkèling wit. Ugêr sampun lêt tigang wulan uwit kalapa punika ngangkat lêma ijêm, lan kawan wulanipun ngangkat mêdal patrêmipun ingkang agêng.

Yèn wontên wit kalapa botên kêra dening sukêt lan botên bacêk, wasana kirang uwoh, punika nama nyandhi. Witipun kalapa mogèl katingal oyodipun kalih têngah kaki sarta dhangkèlipun mêmênting. Dados salaminipun botên sagêd amêdalakên oyodipun ingkang nèm. Mila pambudinipun kêdah makatên: dugi-dugi lêt sakawan kaki mubêng têbihipun saking [sa ...]

--- 282 ---

[... king] uwit, dipun tanggul uwitipun sami kalihan pamogèlipun wit kalapa wau, lajêng kaurug ngangge siti ingkang têbih. Sampun ngantos ngangge siti sandhingipun wit, yèn sagêd inggih mawi lêmèn. Yèn pangurugipun sampun papak tanggul, lajêng kainggilna ing têngah, murih sagêd anyilêpakên prênah thukuling oyod ingkang sampun garing. Ugêr sampun kalih wulan amasthi oyodipun ênèm mrupug nêdha ing siti urug-urugan enggal wau. Yèn punika oyod nèm sampun ragi rosa panêdhanipun dhatêng siti urug-urugan enggal, amasthi godhong lan uwohipun andados.

Tamat.

--- [283] ---

Ing ngandhap punika isinipun Pakêm Tarugana.

Ăngka ... kaca:

1. Pamulasaraning siti ... 5 | 2. Siti patêgilan ampah ... 8 | 3. Têgil siti rêdi miring ... 10 | 4. Siti rêdi ... 11 | 5. Siti rêdi ingkang saklangkung miring ...12 | 6. Cêngkaripun siti pasabinan ... 18 | 7. Tanêman palawija ... 25 | 8. Pananêming canthèl kapas lan jarak ... 26 | 9. Pamulasaraning nanêm sata ... 28 | 10. Tanêman timun ... 37 | 11. Pananêming lombok ... 39 | 12. Pananêmipun sêmăngka kalihan krai ... 41 | 13. Pananêmipun terong ... 42 | 14. Pananêmipun kacang ruji, kajang ijêm, kacang grubug utawi kacang solor ... 43 | 15. Pananêmipun kadhêle ... 45 | 16. Pananêmipun kêtela rambat ... 47

--- 284 ---

Ăngka ... kaca:

17. Pambikakipun siti ... 50 | 18. Ananêm budin ... 50 | 19. Pananêmipun kacang cina ... 55 | 20 Pananêmipun kênthang cêmêng ... 57 | 21. Pananêmipun wijèn ... 59 | 22. Tanêman rêgulo ... 61 | 23. Pananêmipun kimpul ... 62 | 24. Pananêming têbu ... 63 | 25. Palawija ing măngsa rêndhêng ... 65 | 26. Tanêman bawang lan brambang ... 65 | 27. Palawija ing pakarangan ... 66 | 28. Tanêman kunir lan têmu ... 67 | 29. Pananêming laos, lêmpuyang, jae lan sunthi ... 69 | 30. Tanêman kêncur lan kunci ... 71 | 31. Ngrambah tanêman palawija ... 72 | 32. Pananêmipun pisang ... 73 | 33. Pamulasaraning kitri taun ... 76 | 34. Hawaning măngsa ingkang sae ... 77 | 35. Pèngêt ... 78

--- 285 ---

Ăngka ... kaca:

36. Pananêmipun nanas ... 81 | 37. Pananêming dlima ... 84 | 38. Tanêman srikaya ... 86 | 39. Pananêming gandhul utawi katès ... 89 | 40. Tanêman kitri jambu sadaya ingkang nama jambu ... 92 | 41. Tanêman sadhengah jêram ... 95 | 42. Tanêman sukun ... 101 | 43. Tanêman kitri ingkang băngsa agêng ... 103 | 44. Tanêman pala kapêndhêm ... 107 | 45. Tanêman gêbang ... 111 | 46. Tanêman salak ... 116 | 47. Tanêman kitri: 1. dhuku, 2. langsêp, 3. kokosan ... 121 | 48. Tanêman sêkar: 1. cêpaka, 2. kênanga ... 124 | 49. Tanêman gayam ... 128 | 50. Pananêmipun sêdhah, mrica, kêmukus, utawi cabe ... 129 | 51. Mindhah pêthetan tanpa kaputêr ... 131 | 52. Pêlêm sêngir ... 134 | 53. Sana lan randhu ... 138

--- 286 ---

Ăngka ... kaca:

54. Asêm kamal ... 139 | 55. Rabuk ... 141 | 56. Namaning wit arèn ... 144 | 57. Uwit tal ... 149 | 58. Tanêman klapa ... 150 | 59. Wohan (jambe) ... 154 | 60. Namaning dêling (pring) ... 155 | 61. Witing năngka ... 156 | 62. Witing kêkajêngan sanès-sanèsipun ... 158 | 63. Tanêman pantun ... 164 | Mangsuli cariyos ngajêng ... 170 | 64. Tanêman jagung tuwin canthèl ... 171 | 65. Kawêkêlaning tiyang Bagêlèn ... 172 | 66. Katabêrèning tiyang Bagêlèn ... 174 | 67. Pandamêling jipang kasar ... 175 | 68. Pandamêlipun brondong ... 175 | 69. Pandamêlipun brêm ... 176 | 70. Pandamêling panganan ingkang nama sabun ... 177 | 71. Pandamêling slêpèn wadhah rokok ... 178 | 72. Pandamêling gêlaran băngka ... 178

--- 287 ---

Ăngka ... kaca:

73. Pandamêling gêlaran pacar ... 179 | 74. Pandamêlipun caping lan wadhah kinang ingkang nama tlepak ... 180 | 75. Pandamêlipun salang ... 182 | 76. Pandamêlipun karung wadhah yatra ... 182 | 77. Pandamêling grabah siti ... 183 | 78. Pandamêling gêndhis klapa ... 188 | 79. Pandamêling lisah klêntik ... 191 | 80. Pandamêlipun lisah bothokan ... 193 | 81. Pandamêlipun sêtagèn ... 195 | 82. Pandamêlipun sinjang tritik ... 196 | 83. Pandamêlipun sinjang lurik ... 198 | 84. Pandamêlipun sinjang batik ... 205 | 85. Patrap pananêmipun kêmudhu ... 214 | 86. Damêl bênang cêmêng ... 221 | 87. Pandamêlipun kêrtas jawi ingkang winastanan dlancang ... 229 | 88. Pandamêlipun mangsi Jawi ... 234 | 89. Pandamêlipun mangsi abrit Jawi ... 239 | 90. Pandamêlipun lulang ingkang dipun kamus kangge pirantos warni-warni ... 242

--- 288 ---

Ăngka ... kaca:

91. Pandamêlipun kamus lulang ingkang awarni pêthak ... 246 | 92. Pandamêlipun lulang jêne (tipis lêmês) ... 248 | 93. Pangamusipun lulang ingkang kataksihakên wulunipun ... 251 | 94. Pandamêling lisah wangi ... 253 | 95. Ingkang kadamêl lisah wangi ... 258 | 96. Sasêrêpan panulakipun kapal makêm ... 261 | 97. Sasêrêpan panulaking ama rayap ... 264 | 98. Pambudinipun baturing griya ... 269 | 99. Pambudinipun kangge mitulungi kasusahan ... 274 | 100. Pambudinipun angumbah tabêting lisah ... 277 | 101. Pambudinipun wit kalapa ingkang kirang woh murih sagêd kathah ... 279

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

JAVAANSCH LEESBOEK

PAKÊM TAROEGANA

VERVAARDIGD DOOR WIJLEN

MAS NGABEHI PRAWIRA SOEDIRO

4e DRUK.

Semarang-Drukkerij en Boekhandel

H.A. Benjamins, Semarang, 1913.

 


ngantos. (kembali)
anggèning. (kembali)
panggenan. (kembali)