Campur Bawur, Padmasusastra, 1935, #248

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Campur Bawur, Padmasusastra, 1935, #248. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri
  2. Campur Bawur, Padmasusastra, 1935, #248. Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon
Image

A 38. no. 5

--- 0 ---

Ont vangen van M. Tanaja, Soerakarta, Mei 1935 Jogjakarta.

[Tanda tangan]

Campur Bawur

--- 0 ---

Sêrat Campur Bawur, punika karangan sarta tapak astanipun Ki Padmasusastra piyambak, panganggitipun wontên ing nagari Batawi nalika taun 1893. Sêrat punika prêlu kasimpên dening ingkang nglêmpakakên cathêtan-cathêtan lêlampahanipun Ki Padmasusastra, awit kenging kangge pasaksèn sabageaning lêlampahanipun Ki Padmasusastra, bilih nalika taun 1893 wau Ki Padmasusastra wontên ing nagari Batawi, sarta miwiti anganggit sêrat punika winastan: Campur Bawur, sawêg dumugi 13 kaca. (wiwit têmbung: anak, dumugi têmbung: iwak lele). Akiripun sarêng sampun jangkêp lajêng kasantunan nama sêrat: Bauwarna, ingkang lajêng kasumêrêpan ing akathah.

Sêrat punika wontên ing kula sampun mèh 40 taun, awit wiwit kula taksih lare sampun sumêrêp sêrat punika dados gadhahanipun tiyang sêpuh kula.

[Tanda tangan]

4/05/1935

--- 1 ---

Campur Bawur

1893

--- 2 ---

...

--- 3 ---

Layang Campur Bawur

Kawruh rupa-rupa kêna ingaranan layang: Campur Bawur, kaimpun saka ing layang carita lan layang liya-liyane, tuwin mêtu saka ing anggitane dhewe, kang kinira bisa maedahi ing akèh sumurupe marang samubarang kang pantês kinawruhan, sarta murih gampanging pangupayane kaurutake dêntaywanjanane dening: Ki Padmasusastra. Wong mardika ingkang marsudi kasusastran Jawa ing Surakarta, panganggite ana ing nagara Batawi nalika taun 1893.

--- 4 ---

Tuhu pangoncanging sukma kalana jaya dimurti solahira nèng taman tamanira sri bupati, sumana duk umèksi nagamas duduk mangun tumrukab, sri karnantera sisik gung.

--- 5 ---

anak: atmaja | nak | ranak | tênaya | sunu | sunnya | suta | siwi | siya-siya = sya-sya | wêka | wêkaja | putra | ja | yyranak | Zie putu.

Ing ngisor iki pirantine wong ngantih kaya ta:

antih: oncèl-oncèl | agêl | ingan | cêthut = jêdhul | kêndhêng | kênthêng | kisi | kapas | wusu | lancêng | likasan | pindi | pusuh | jôntra | jêdhul = cêthut | malam | gilingan | Zie Hontj: II, 73-2 vo.

intên: ira | aryas = aryyas | rêtna = ratna | sotya | sela |

--- 6 ---

sapathika | wêdhiyan = wêdhian | Ing ngisor iki peranganing manusa mungguh ing basa Indhu, kaya ta: Indhu. | 1. candhala, têgêse: kere utawa wong kang duwe lara gêdhe (nyarah), ingbasa Kawi têmbung: candhala, têgêse bêngis, ing basa Jawa, têgêse: ala,kaya ta asta (of sabda abasa) candhala. | Zie J. ZI. | 2. rêksasa = kuli, ing basa Kawi têgêse buta. | 3. kriya = tukang. | 4. daniswara = sudagar, ing basa Kawi têgêse: sugih singgih. | 5. danuja = prajurit, ing basa Kawi têgêse: satriya linuwih. | 6. sudra = wong asor, utawa wong tani. | 7. satriya = priyayi, ing basa Kawi têgêse: têdhaking ratu. | 8. bramana pujôngga, utawa nujum, têgêse: pandhita lanang. Mêjênun. | Apa ana pandhita wadon. | Ana, brahmani iku pandhita wadon, padhane: | arimba: arimbi, | apsara: apsari | narèswara: narèswari | rasêksa: rasêksi, | ditya: dityi, | widadara: widadari. | wi (pi) sawa (sawi) |

--- 7 ---

bramana: bramani mau.

êndhas: u (gu) tamangga (mangga) | hulu | kumba | têndhas | sirah | sidhira | pasuhunan | murda = murdda | mukyana | mastaka = maStaka.

unyêng-unyêngan: uwra | ungsran | pundri | pundran | munyêng | munyung.

ece: karaca | kumira | [...]Teks tidak jelas. | daki.

arèn: alingan | ampungan | onggok | kawung | kolang-kaling.

urip: atma | daru | daruka | tuwuh | tubu | jiwita | gêsang.

irung: nasika | trisma = triSma | parsana = parSaNa | grana.

urang: udhang | yuyu |

--- 8 ---

udhang wahatu | udhang gala (= watang) | makara | mangkara.

idu: criwaya | kêcoh | idu | ludaka | luddha.

udan: caraca | caracap | riris | rêrêp | rarabi | rêmun | drês | dêrsa = dêrSa | trêh | truh | sra = Sra | surur | carsa | carsia = carSia | wrêsti = wrêSti | sawarsa = swarsa | jawah | jawêh | jawuh.

idêp: irpya | itara | wiruya | wiromèksi.

ati (daging): kukulung | lêmbana.

ati (pikir): ardaya | êrdaya = hrêddaya | ambêk | angên-angên | nala |

--- 9 ---

cita | srana | driya | drasa | tyas | sota | wardaya = warddaya | lyali | prana | praya | manah | galih | budi | budaya.

otèk: jawawud (t) | japawud (t).

otot: urata | uraba | anggota = anggota | bayêm | paraddha.

itil: krêntika | karêntya | kalêntik KI | sêmara (= smara) catra | wagaprana | purana.

itung (cacah): eka | dasa | tusan | ewon | lêksan | kêthèn | yutan | wêndran | baran | gulman | sacamu | wurdan | kirnan | Zie gr 326.

--- 10 ---

itung (cacah): siji - een | loro - twee | têlu - drie | papat - vier | lima - vijf | nanêm -nênêm. zes | pitu - zeven | wolu - acht | sanga - negen | sapuluh - tien | sawelas - elf | rolas - twaalf | têlulas - dertien | patbêlas - veertien | limalas - vijftien | salikur - een en twintig | salawe - vijf en twintig | sèkêt - wijftig | sawidak - zestig | satus - honderd | sèwu - duizend | salaksa - tinduizend | sakêthi - honderd duizend | enz | pêthikan saka directie genootschap taun 1863.

Itung (Kawi en Holl): eka - een | dwi - twee | tri - drie | catur - vier | pônca - vijf | sad - êes | sapta - zeven | astha - acht | nawa - negen | dasa | tien.

itung (têmbang): samas = 95 Zie gr: 329-7vo) | Maarkiv = 400 | Dhomas = 800 Zie id | mirit têmbung: sa, lan, dho. |

--- 11 ---

Samas = 400 | Dhomas = 800 | Kaya ta: 1. kadho-kadho, têgêse = môngga-manggu = pikir, ro maro, 2. dhocang, kardhêle karo kacang, barange rupa loro, 3. dhorangan, layangan kèpète loro, 4. dhoglong, wong owah pikire utawa kang atine jagjog, 5. ngalapdho = malik tingal, iya iku gêlêm maguru wong loro. Zie B.I.D 80.2.

Itung (sarat): Satak = 100, Sabiting = 400 Zie Gr.329.6 v.o. Têmbung satak sawe = suwang saprapat, iku dhuwit têtindhih marang dhukun, sawe têmbung Kawi têgêse: isarat, yèn rinimbag sêsêlan: ra, dadi salawe, têrange: têtindhih = isarat, Satak sawe = 125, Suwang saprapat = 12.5 dhuwit, Sadrahmah = 24 dhuwit, Zie 1001 N.III.160 3.

Itung (windu enz): 1. sawindu iku wolung taun, saline sabên taun Alip, nuju sasi Sura tanggal sapisan. 2. sataun iku rolas sasi, saline sabên sasi Sura tanggal sapisan. 3. sasasi iku 29-30.

--- 12 ---

dina saline sabên tanggal sapisan. 4. sadina iku 24 jam, saline mênêng asar. 5. sajam iku 60 mênut. 6. samênut iku 60 skon. 7. sawuku iku 7 dina saline sabên Ngahad. 8. sajungmungah iku 7 dina. 9. sapasar iku 5 dina. 10. sataun iku 354 wastu 355 wuntu. 11. yèn itungane sasi Walônda mangkene. | 1. sasasi iku 30-31 dina, mung sasi Pebruari umure 28-29 dina sarta salining dina sabên wayah jam 12 bêngi. | 2. sataune ana 365-366 dina, dadi kacèk 10 dina tinimbang lan taun Jawa, utawa kacèk sasasi ing dalêm 3 taun, kang cocog karo taun Walônda: pranata môngsa Zie môngsa. Almanak. 1865.

asu: kikik | Kudus | Walônda | Pèrsi | Jawa.

Asu, araning ...:anjing | aswibuja = aswibuja | sika | camêra | kuwaka | sona | srênggala = srênggala. | Swa = Swa | sagawon | wêrka = wrêkka |

--- 13 ---

purisika | basu | bugêl.

Ing ngisor iki isarat lêlungan nglêluri lampahe para nabi ing jaman kuna kaya ta:

Isarat lêlungan dina: 1. Ngaad, nganggo sêsumping lampahe Nabi Yusup. | 2.Sênèn, natap lêlandhêp lampahe Bagendha Ngumar. | 3. Salasa, manggang tangan ing gêni lampahe Bagendha Abubakar. | 4. Rêbo, kudhung jarit, lampahe Nabi Ayup. | 5. Kêmis, tumênga ing langit, lampahe Bagendha Ngali. | 6. Jumungah, akêkêmu, lampahe Nabi Mukamad. | 7. Saptu, ngandhut lêmah ing pusêr lampahe Nabi Adam. | Zie J.Z I, 204.9 v.o En

Usus: iswa = iSwa | sarisi = Sarisi | pusdhara.

asêm: amla | kurindên | kamal = kammal | kamalligi.

asêman (sêlaning dariji): asman | kamlita | sumanjari.

uwi: ula | alas |

--- 14 ---

cicing | randhu | rôndhasaluku | kêtan | doro | dêlêg | lênggi | putih | jêmpina | bêras | bang kulit, verk | abang kulit.

awak: angga = angga | ôngga = ông ga | raga | kawangga = kawangga | tuhu | tubuh | sarira = Sarira | sula (Sula) ksana | wanda | wônda | wak | lingga = lingga | linggana | pasikêpan (= kêpan) | yêrangga = yyrangga | badan | baddhi

Ing ngisor iki araning iwak kêbo sapi pikolèh saka sêsurupane Nyai Boging, kaya ta:

iwak kêbo sapi: ati | iso sêrêgan | iso pait | iso pang | iso bandhang | asinan | ulur (ula-ula) | ulur rambut | ulur gantung |

--- 15 ---

olor (sajroning ula-ula) | ayam-ayam (iwak sadhuwuring thethelan) | impês | cêthik ulur | cungur (irung) | congor (lambe dhuwur) | kacangan (tumèmplèk ing daging awak) | kikil (ginawe rambak lan pindhang kang pakolèh) | kisi (kempol) | kuwadonan (kêna ginawe isarating kaslamêtan) | kulit cêpitan tracak (ginawe rambak luwih enak tinimbang lan rambak kulit) | klêpon (pranakan) | kapur (susu) | kambangan (gajih kang kumambang) | kangsi (bol) | tuntut | tunjang (kempol) | tunjang pêndhul | sandhung lamur (awak) | suri (balung nom) | silap (kempol) | sayadan (iwak ala rêsikan daging rupane putih pating klithêr) | sungsum kikil (miyur-miyur ora bisa ajur) | sungsum balung (nglênga bisa ajur) | walulang (ginawe krupuk) | wayang (oyot, mung kêna ginawe abon) | lidhah | lamak ati (awak) |

--- 16 ---

limas (pupu) | limpa | lambe gôngsa (kang dhuwur) | lêmungsir (awak) | pêndhul (pupu) | pringsilan | pok lidhah | polo | palanangan | pipi | jambalan (awak) | maras (yèn diiris tipis aran paru, yèn kandêl kêbuk) | mata | mayang zie wayang | gandhik (kempol) | ginjêl (wadhah uyuh) | gurung ( balung nom) | babon ( bokong) | babad alus | babad tipis | babad sumping | babad lunyu | babad galêng | thinthil | thumol (bokong) | thethelan (daging sacêdhaking balung).

Ing ngisor iki araning iwak loh, kaya ta: iwak loh: arêng: arêng-arêng | urang | uling | udhèt (anak wêlut) | ungkil | cakul | cebong (anak kodhok) | rêbon | kocolan (anak kutuk wis rada gêdhe) | kacangan |

--- 17 ---

kura | kakap | kada | kêtul (anak bulus) | kêting | kewangan | kalalèn | kaluyu | kodhok | kadhalan | kijing | kêbogêrang | kongkang | dêlêh: dêlêg | damarwulan | trumpah | tikusan | totok | tawès | tômbra | tagèh | têngiri | sriwêd | surung | susuh | sili | sêpat | sidhat | sêmbilan (lang) | sogok itil | sêbut | sêbit lontar | sanggrêng | sênggaringan | wirasoca | wadêr | wadêr pari | wadêr pèthèk | wadêr bang | wêlut | wagal | lundhu | larong | lele.