Kawi - Jarwa, Dirjasupraba, 1931, #1263

Judul
Sambungan
1. Kawi - Jarwa, Dirjasupraba, 1931, #1263. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kawi - Jarwa, Dirjasupraba, 1931, #1263. Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 18-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bausastra: Kawi-Jarwa

Dening Radèn Dirjasupraba

Cap-capan sapisan

Isinipun: 1. Bausastra (Ha - Nga), 2. Pratelan namining kewan-kewan, 3. Namaning peranganing badan, pangangge sarta rêrêngganing badan, 4. Namaning têtuwuhan, sêsêkaran, sarta woh-wohan.

Bukhandêl S.M. Diwarna, Kuthagêdhe saha Mataram

No. 21-B, Rêgi F ...

--- [0] ---

[Iklan]

--- 1 ---

Bausastra Kawi-Jarwa sarta Pathibasa Kawi-Jarwa

Isinipun ± 3000 têmbung, anggitanipun Radèn Dirjasupraba. Cap-capan sapisan, 1931 Musnèng batang angèsthi wiji.[1]

Isinipun: 1. Bausastra (Ha - Nga), 2. Pratelan namaning kewan-kewan, 3. Namaning peranganing badan, pangangge sarta rêrêngganing badan, 4. Namaning têtuwuhan, sêsêkaran, sarta woh-wohan. Kawêdalakên dening:

[Grafik]

--- 2 ---

[...]

--- 3 ---

Bausastra Kawi - Jawi

Ha

a =
hora, tanpa.
aom =
hom, nênêkung, tapa, pahomman, patapan, pamujan.
anala =
gêni, ati.
analana =
dolanan, dolan, dolan-dolan.
analika =
nalika: niti priksa, maspadakake.
ananta =
tanpa watês, tanpa wêkasan, ula gêdhe bangêt.
anitya =
langgêng.
anila =
angin.
anih =
lumuh, suthik.
anindha =
linuwih, ngluwihi.
anung =
nung: kuwasa, pintêr, linuwih, anak anung: anak kang pintêr bangêt, paranung-anung: para pintêr, para linuwih.
anwam =
anom.
anya =
ana.

--- 4 ---

anyang =
boyongan.
acala =
cala: gunung.
anauti =
anauti: cacing.
ari =
dina, adhi, arinta, rinta: adhimu.
arina =
kidang.
ariyak =
alun.
aris =
alon, sarèh.
arimong =
rimong: macan.
are =
bodho.
arok =
awor, têmpuh, angrok, ngrok: nêmpuh.
aru-ara =
horêk, gègèr, sasaran.
arus =
pantês, ili, arusan: banyakan, tan arus: ora pantês.
arum =
wangi, lêgi, wadon.
arêgud =
nyêbrak, nyêndhal.
akasa =
kasa: langit, awang-awang.
aking =
garing.
adiraja =
sabar, sugih pangapura.

--- 5 ---

aditya =
srêngenge.
ata =
sigêg.
atanapi =
tanapi: utawa, sarta, apadene.
atakara =
teja.
atap =
tumpuk, sungsun, undhung.
atag =
akon, prentah.
atis =
adhêm, matis: krasa adhêm, kadhêmên.
atri =
tri: rame, têlu.
atruh =
truh: udan, trutruh: udan ricik.
asa =
pawadonan, kuwat, rosa.
asada =
ilat.
asung =
sung: awèh, wèwèh.
asrêt =
alot.
asrama =
tapa. pasraman: patapan. ngasrama: lagi tapa, manggon ing patapan.
awanda =
pêtêng.
awinda =
padhang.

--- 6 ---

awiyat =
awang-awang. ngawiyat: ing awang-awang.
awig =
bêcik, bisa.
awran[2] =
mêndhung.
awun-awun =
ampak-ampak.
alaya =
jahe.
alwang =
kalong.
aliwawar =
prahara.
apan =
pan: awit, tur, sanajan.
apituwi =
utawa.
apus =
tali, pring apus: pring tali, apus buntut: tali buntut.
adhing =
jodhang.
ajar =
pandhita, nujum.
aji =
ratu.
aywa =
ywa: aja.
ayu =
bêcik, slamêt.
ayun =
arêp, kêpengin. pangayunan: ngarêpan.
anyut =
kèli, larut.

--- 7 ---

ama =
pasu, wari.
amah =
murka, alu amah: kamurkan.
amla =
mla: kêcut.
amit =
pamit.
amrik =
wangi.
amêm =
antêng, mênêng.
amrêta =
tămba, banyu urip.
agra =
gra: pucak, pucaking gunung.
agya =
gya: enggal, kasusu, banjur.
agung =
gung: gêdhe.
agêr-agêr =
ganggêng.
abi =
luwih, baris, abirawa, birawa: muruh, luwih rowa, abi sêtiya têmên bangêt, abi mana linuwihing ati, abi sama, bisama wicaksana.
abra =
bra: warata, gumêbyar, ambranang.
anging =
nanging, mung.
anguwuh =
surak, ambêngok.
angrês =
wêdi, miris, giris.

--- 8 ---

andaka =
banthèng.
andaga =
mancal, ambalela, anjêjak.
andini =
sapi.
andimapa =
mokal, nglêngkara, kaandimapan kamokalan.
andon =
nêba.
andupara =
dupara: mokal, nglêngkara, bobat.
andulu =
andêlêng, nonton.
andul =
sungsun.
andrawina =
sênêng-sênêng ngombe.
anta =
wêkasan, luwih.
antah =
êmbuh.
antanu =
mangsi.
antarala =
awang-awang.
antar =
lantas, bantas.
anti =
manganti, nganti, ngêntèni.
antuk =
olèh.
antêlu =
êndhog.

--- 9 ---

antya =
luwih. kaantiyan: kaluwihan.
andhah =
asor, andhahan: sorsoran.
andhali =
tiba, mantiyung, tumêlung.
andhêm =
rungkêp, kandhêm: krungkêb, ngandhêmi: nyungkêmi, ngrungkêbi. andhêman: rungkêban dhadhane kidang jaran utawa liyane.
anthok =
tlakup.
arcamana =
raup.
arka =
hyang arka: srêngenge.
arkamaya =
teja, banyu mandi.
arda =
murka, luwih, bangêt. răga-tiharda: lara bangêt. ardawalepa: ambalèkake ujar.
ardana =
rêdana: dhuwit.
ardawalika =
ula.
ardi =
gunung.
arta =
dhuwit. hartana: ênggon dhuwit, tukang nampa dhuwit.
artati =
lêgi, luwih.
artala =
madu.

--- 10 ---

arti =
sumurup, têgês.
arsa =
arêp, bungah.
arsaja =
anak pambarêp.
arsaya =
bungah. kaharsayan: kabungahan.
arpat =
klumpuk. marpat: nglumpukake.
arja =
rêja, têntrêm, slamêt. raharja: slamêt. karaharjan: kaslamêtan.
arjana =
kaslamêtan, bêcik.
arjuna =
jêmbangan, banyu jêmbangan.
aryana =
budi.
aryas =
watu, intên.
arga =
gunung.
argya =
kurmat. pahargyan: pakurmatan.
aksara =
gêgaman.
aksama =
apura. pangaksama: pangapura.
atma =
atmaja, anak.
atmaka =
mati, nyawa.
ascarya =
eram, gumun.

--- 11 ---

astana =
kuburan, kraton.
astati =
rayap.
astani =
bantal.
astawa =
sêmbah, bêkti. umastawa, ngastawa: ngabêkti. pangastawa: pangabêkti.
astama =
sênêng-sênêng.
astra =
gêgaman, astrawara: panah.
asti =
gajah.
astuti =
astutiya, sêmbah, bêkti. pangastuti: pangabêkti.
asmana =
pikat.
asmara =
sêdhih, sêngsêm. kasmaran: kasêngsêm, asmaradana: nêngsêmi. asmaranala: sêngsêming ati. asmaralaya: suwarga. asmaragama: sêngsêming sanggama.
astha =
wolu, bahu.
asthaga =
wolu, angus.
asthi =
sêdiya, gajah, hastina: ênggon gajah.
alpa =
kurang, tuna.

--- 12 ---

apsara =
dewa.
apsari =
widadari.
hyang =
dewa, hyang brahma, hyang siwah, hyang hiswara, hyang sri lan liya-liyane.
ancala =
cala: gunung.
ancur =
ajur.
anculan =
kala.
ancêm =
pola.
anjana =
gajah.
anjrah =
warata, sumêbar.
anjrêm =
anjêrum.
ampang =
ènthèng.
ampeyan =
pinggir, sikil. garwa ampeyan: garwa paminggir.
amba =
kula.
ambahak =
ngrayah, anjarah rayah.
ambawang =
pakèl.
ambar =
ngambar: wangi, sumêbar, sumrambah.

--- 13 ---

ambartala =
ara-ara.
agna =
kaku.
agni =
hyang agni: gêni.
angkya =
aku.
angkara =
gumêbyar, luwih, murka. angkaramurka: murka, luwih murka. mangkara-kara: gêbyar-gêbyar.
angkus =
êcis.
angkên =
upama, pindha.
angsa =
ăngsa: banyak.
angsaka =
mungsuh, satru.
angga =
awak, wujud, upama.
anggana =
ijèn, ayu.
anggara =
dina Salasa.
anggas =
walang, gadhing, ibêr-ibêran.
anggarjita =
anggagas, ngangên-angên, ngeling-eling.
anggarbini =
mêtêng, ngandhêg.
anggop =
towong, kêndhat.

--- 14 ---

anggung =
tansah.
anggi =
bumbu.
ina =
cacad, kuciwa, nistha.
ira =
intên.
irawati =
angin gêdhe, gêtêr-patêr irawati: prahara.
irah =
jêroan.
ikanang =
kang.
iku =
buntut.
iti =
êntèk, rampung, wêkasan.
itina =
sigêg, lèrên.[3]
ituwa =
luwing.
itêm =
irêng.
ile =
anèh, kumaki.
iluta =
arih-arih. miluta: ngarih-arih.
iswara =
ratu.
inyang =
biyung.
ima =
imawan: mega.

--- 15 ---

indriya =
ati, rasa, păncaindriya: rasa lima.
indupati =
rêmbulan.
inte =
injên. nginte: nginjên. juru panginte; mata-mata, têlik.
ir =
intên.
istadha =
bathuk.
imbal =
gênti, nyêlani.
ingsun =
aku.
ingwang =
aku.
inggut =
lirik. nginggut: nglirik.
inggong =
ngong: aku.
èni =
pèni.
ènu =
rêmbulan.
erang =
isin, wirang. ngerang-erang: ngisin-isin, mirang-mirangake, gawe wirang.
èrêm =
cêplok.
eka =
siji, ijèn.
etu =
mula, hetun: hetuniyo, hetuni: mulane, sêbab saka iku.

--- 16 ---

ewrên =
horêg, gègèr.
epya =
repot. kaepyan, karepotan.
èmêng =
pêtêng, susah, sêdhih.
endra =
ratu, linuwih, endraloka: jagat linuwih, kayangan, kadewan, suralaya, endrapada, endrabawana.
endung =
mega.
endhan =
gila.
endhe =
tamèng.
hèr =
har: banyu. hèrnawa: sagara. hèrtati: udan.
èksa =
waspada.
èstha =
upama, karêp, sêdhiya.
èsthi =
karêp, sêdhiya, gajah.
onêng =
kangên, mangonêng: kangên, sêdhih.
ota =
piranti, pasangan, adon-adon.
otêr =
gègèr, horêg.
ojat =
suwur. kojat: kasuwur.
opya =
alok.

--- 17 ---

ăndakara =
srêngenge.
ăntakara =
srêngenge.
ăntarapura =
kraton.
or =
ahor, gêtar.
oncom =
tempe bosok.
oncong =
colok.
ompak =
ganjêl.
una =
linuwih. wisa una, wisuna: wisa linuwih, wisa mandi.
uni =
nguni: biyèn.
uninga =
wêruh, gêni.
unu =
kècèr, kicir.
unar =
suwur.
ucup =
lêpas. ingucup: dilêpasake.
uradati =
anggêgirisi.
ure =
udhar, ucul.
uruh =
unthuk. muruh: kaya unthuk.
urus =
tata, bênêr.

--- 18 ---

ukip =
ulap. ukipên: sulap.
ukup =
sabuk.
uda =
banyu.
udara =
dara. dhara: wêtêng.
udaka =
banyu.
udakara =
kira-kira.
udanagara =
tata-krama.
udaya =
sagara.
udyana =
taman.
udrasa =
tangis.
udani =
wêruh. atur udani: awèh wêruh. ngudanèni: mêruhi, nyumurupi.
uta =
lintah.
utara =
lor. ngutara: ngalor, ing lor.
utari =
mangkono, mangkana.
utawaka =
gêni.
utamangga =
êndhas.

--- 19 ---

utêr =
bundêr.
usara =
êbun.
usada =
usadi: jamu, tămba.
uswa =
ambung. nguswa: ngambung. kinuswa-kuswa: diambungi.
uswasa =
swasa: ambêkan.
uwun =
wurung.
ulinga =
nêpsu bangêt.
ulu =
êndhas. swara, ulon: swara, uni, têkèk mati ing ulone: paribasan: mati saka swarane (gunême) dhewe.
ulun =
kula, kawula.
upa =
êlas. saupa: saêlas.
ujana =
udiyono: taman.
ujwala =
sorot, gêbyar, cahya. ngujwala: sumorot.
uji =
dadar, lèlèr.
ujung =
pucuk, pinggir, pongol. ujungan: pucukan.
ujêl =
wêlut.
unya =
uniya: uni, munya. munia: muni.

--- 20 ---

umarah =
ngangkah, golèk.
umi =
wiji, biyung.
umiyat =
miyat: andêlêng, nonton.
umyar =
angon, ngawat-awati.
umyus =
midit, sumilir.
umyung =
rame.
ubaya =
jangji. cidra ing ubaya: cidra ing jangji.
uthuh =
lalêr. nguthuh: kaya lalêr.
untar =
wudun.
untung =
bêgja.
undhagi =
pintêr, wasis.
undhan =
pancikan, pancadan.
udsaha =
usaha: panguripan, upajiwa: ngudsaha: anggaota, nyambut gawe.
usnipah =
tutup gêlungan.
ungkih =
angkah. ngungkih: ngangkah, marsudi.
ênu =
dalan. ing ênu: ing dalan.

--- 21 ---

êla =
eman, puji. ela-ela: eman-eman. ingela-ela: didama-dama, dieman-eman, diugung.
êntar =
begal. ngêntar: ambegal. kaêntar: kabegal.
êntyar =
êntèk.
ênting =
êntèk, katog. ngênting: ngêntèk, ngêtok. êntingan: êntèk-êntèkan, pungkasan.
êrdawa =
mangsi.
ênjali =
sêmbah, bêkti. ngênjali (mangênjali): nyêmbah, ngabêkti.

Na

nahên =
nandhang, mangkene, ngampêt, nahan. nahênkung: nandhang susah. nahênwaspa: nahan êluh.
nauti =
anauti: cacing.
naraca =
traju.
nara =
wong lanang.
nari =
wong wadon.
naraiswara =
naradipa, naradipati, naradipatiya, narapati: ratu.

--- 22 ---

narawăngsa =
turuning ratu, trahing ratu.
narawung =
ambarêng. narawungi: ambarêngi.
narèswari =
ratu putri.
narendra =
ratu.
naki =
iki.
nakoda =
nangkoda: sudagar alaku prau.
nadi =
kali, bêngawan, sagara.
nadukara =
manadukara: anjurungi.
nadya =
bêbayu.
nata =
ratu.
natin =
nglirik.
natar =
latar.
nasa =
dewa.
nasika =
irung.
nasun-ya =
nasunya: suwung.
nawa =
padhang, sanga.
nawala =
layang.

--- 23 ---

nawung =
nganggit. sinawung: dianggit.
nala =
ati, gêni.
nalika =
niti priksa, maspadakake.
napang =
nabok.
naya =
nayana: ulat, polatan.
nayaka =
pangarêp, panggêdhe, têtunggul. nayakaningrat: kangjêng nabi Muhammad. nayaka waktra: patih.
nayadi =
sumèh.
nayogyani =
ngrujuki, anjurungi.
naga =
ula. nagapati, nagaji, nagaraja, nagendra: ratuning ula.
nabi =
wudêl.
nanda =
êlèng.
nandi =
bayu.
nanta =
watês, wêkasan. ananta: tanpa watês, tanpa wêkasan.
narpa =
ratu. narpa dayita, narpa duita, narpa umi, narpa wadu: ratu putri.
narpati =
ratu.

--- 24 ---

narmada =
kali.
natpada =
nonton, ngabêkti.
natmata =
nonton, maspadakake, namatake.
nasthaka =
lingir.
nambak =
ambêndung.
nampeka =
nêlik.
nambrama =
ambagèkake. panambrama: pambage.
nambula =
nginang.
nangkil =
seba, ngadhêp.
nanggulang =
ngêndhak, nyêgah, ambalèkake.
nrang =
nêrang. manrang: nrajang, nêmpuh.
nihan =
niyan: mangkene, mangkono, mangkana.
nikanang =
kang.
nikèn =
wong wadon.
niditya =
linuwih.
nitra =
nulis, mata.
nitya =
nitiya: ulat.

--- 25 ---

nityasa =
netiyasa, sanetiyasa: tansah.
nitêh =
ulêr.
nisaka =
rêmbulan.
niwata =
newata: panganggo.
nila =
angin, biru, manik. nila warsa: udan angin. nila pracandha: angin pangabaran.
nilakrama =
takon.
nilap =
nyilip, andhêlik, nyidra.
nilip =
nyilip, andhêlik, nyidra.
nipuna =
nimpuna: nglumpuk, mumpuni.
nidhikara =
muji.
niyata =
yêkti, nyata.
niyasa =
langgêng.
ningêp =
nyaput.
nindya =
linuwih. nindya mantri: mantri linuwih, patih.
nindi =
midih.
nindita =
pintêr, linuwih. anak anung aninditi.[4] anak kang pinter bangêt.

--- 26 ---

ninta =
andhêmêni.
nindha =
narub, mayu.
nir =
ilang, êntèk, tanpa. nirdeya: tanpa gawe. nirhantara, nirantara: tan pêgat, ora kêndhat, ora lêt, tansah. nirrasa, nirasa: tanpa rasa.
nirlaba =
tuna.
nis =
ilang, tanpa, ora ana.
niscaya =
masthi, tan kêna ora.
niskara =
saniskara: samubarang, barang-barang.
neka =
warna. neka-neka, neka warna, maneka warna: warna-warna, rupa-rupa.
netra =
mata.
netyasa =
sanetyasa: tansah.
nendra =
turu.
nono =
mangkono, mangkana.
nor =
ngasor.
non =
dêlêng. panon: pandêlêng.
nuning =
andêlêng, nonton.
nuraga =
digdaya, pêngpêngan. kanuragan: kadigdayan.

--- 27 ---

nukarta =
nyruwe, ngaru biru, nyikara.
nuding =
ngutus.
nusa =
nuswa: pulo.
nuswapada =
donya, jagad.
nugraha =
bêgja, ganjar. kanugrahan: kabêgjan. sinugraha: diganjar.
nung =
pintêr, linuwih.
nênêr =
tètès.
nêrês =
nugêl.
nêlahi =
madhangi.
nêbah =
tlapukan, kêlud.
nêmbah =
nyêmbah.
nênggih =
inggih.

Ca

cacata =
gludhug.
cacak =
coba, jajal.

--- 28 ---

carana =
athi-athi, urang-uranging mata.
caraka =
utusan.
carat =
pancuran, mancur.
cakil =
canthèlan.
cakra =
bundêr, buwêng. cakrawati: jagad bundêr, buwênging jagad. cakrawala: bundêring langit.
cakarwa =
mliwis putih.
catur =
papat, araning dolanan.
cawaca =
cuwaca: padhang bangêt.
cala =
nistha, gunung, anjarag, calaina: cacad nistha, picak.
calimi =
cukup. mantu calimèn: mantu sacukupe.
capa =
gandhewa.
caga =
bêburon.
canga =
lombok.
canguk =
têlik, mata-mata.
candu =
lalar, pathi.
candhala =
ala.

--- 29 ---

canthoka =
kodhok.
canthang =
kêprak.
car =
mlaku. carraka, caraka: wong kang gawene mlaku, kongkonan.
carya =
ascarya: gumun, eram.
carma =
kulit, walulang.
carmin =
pangilon.
caksu =
caksuh: suluhan, urêng-urênging mata.
cancala =
obah, polah.
campah =
pênggak.
cambul =
cêmêthi.
cangkrama =
dolan-dolan, amêng-amêng.
ci =
kali.
citra =
warna, rupa, tulis, juru panitra: juru tulis, juru nulis. cinitra: tinulis.
cintya =
bêcik, ayu. acintiya: panggêdhe.
cintaka =
manuk cêkaklak.
cintra =
cacad. cintraka: cilaka, sangsara.

--- 30 ---

cinthaka =
bilai.
ceda =
cacad. cineda: dicacad.
coli =
culi: towok, kudhi.
căndra =
rupa, sasi, rêmbulan. yuswa wolung căndra: umur wolung sasi. candra sangkala: taun rêmbulan, taun kang manut lakune rêmbulan.
cuni =
ilang, panunggul (ali-ali suwêng).
cucuh =
cocoh, suduk.
cucur =
manuk kêdhasih.
curiga =
kêris.
cumanthaka =
kumlungkung, kumaki.
cundaka =
têlik. cumandaka: nêlik.
cumbu =
bali.
cêla =
cacad.
cêdhis =
lêthêk, andharidhis.
cêguk =
busuk.
cêndhani =
cêndhana.
cêmbing =
jenggot.

--- 31 ---

crêmih =
juwèh.
cêthèthèt =
kêcipir.

Ra

rana =
pêrang, paprangan. trining rana: gêni paprangan. kasambut madiyaning rana: mati pêrang, mati ing paprangan.
ranu =
banyu. singa ranu: baya.
rara =
prawan.
raras =
runtut, bêcik, asri, laras.
raditya =
srêngenge.
rata =
kreta, tunggangan. rata gothaka: kreta gêrbong, kreta pêtêng, kreta tutupan.
rati =
ratih: rêmbulan.
ratri =
latri: bêngi.
ratuh =
hratuh: lumut.
rasa =
nênêm, kaya, upama.
rasika =
bungah, suci, bêning.

--- 32 ---

rasêksa =
buta lanang.
rasêksi =
buta wadon.
rawi =
srêngenge.
rawan =
mêndhung.
rawanda =
rondha.
rapa =
lapa: luwe.
rapuh =
lara, susah, lêsu.
rajatadi =
raja brana, barang mas intên.
rajah =
ciri, tulis.
raya =
gêdhe. riyaya, riaya: dina gêdhe.
rayung =
glagah.
ramaja =
bajing.
ramya =
rame.
ramon =
sarah, kambang, bantên.
raga =
awak, wadhah.
ragi =
bumbu. paragiyan, pragèn: ênggon bumbu, wadhah bumbu, bumbon.

--- 33 ---

rago =
êlèng, guwa.
rabasa =
rusak. nrabasa: ngrusak. rinabasa: dirusak.
rangas =
giras, galak.
rangin =
laras, dhadhap.
rangu =
gajêg. rangu-rangu, kapirangu: gajêg-gajêg, gojag-gajêg.
rahsa =
wadi, rasa.
rantan =
tata, rancang.
randhi =
mênjangan, ranggah.
randhêh =
randhu.
raksasa =
buta, buta lanang.
raksasi =
buta wadon.
rat =
jagad.
rancang =
ukir. trancangan: ukiran.
ranji =
kranjang.
ranju =
borang.
rambi =
èmpèr.
ranggon =
gubug.

--- 34 ---

ri =
dina, adhi. rinta: adhimu.
rini =
wadon. siswa rini: murid wadon.
ririh =
alon, sarèh.
riris =
udan.
risakan =
kiring.
risaksana =
nuli, tumuli.
riwe =
kringêt.
rimong =
macan.
riba =
ruba: pawèwèh, bêsêl, kamelikan.
ringa =
duga. ringa-ringa: duga-duga, kira-kira.
ringan =
maringan: ènthèng.
rimbit =
jodho. sarimbit, srimbit: sajodho, sakaloron, sakalian.
rimbon =
simpênan. parimbon, primbon: simpênan, pasimpênan, buku simpênan.
rimbu =
simpênan. parimbon, primbon: buku simpênan.
ringgahan =
kandhang.
rena =
biyung.

--- 35 ---

rewănda =
kêthèk.
regoh =
lumpuh.
rota =
galak. rotadanawa: buta galak.
rowangga =
bawera.
roga =
lara. roga tiharda: lara bangêt.
robaya =
pantês, mêngko.
rontaka =
bêndhe.
rondhon =
godhong.
rok =
têmpuh, trajang. angrok: nêmpuh, nrajang.
rompak =
begal, begal sagara, bajag.
ruhun =
rumuhun: biyèn, dhisik.
ruci =
bajang. Dewa Ruci: dewa bajang.
rurah =
lêbur, rusak, angkah. ngrurah: ngrusak, nglêbur. rumarah: golèk, ngangkah. pangrurah: pangrusak.
rudah =
rusak. rudhatin, rêdatin: rusak atine, susah.
rudita =
prihatin.
rutan =
pênjalin.

--- 36 ---

ruwastha =
ugêl-ugêl.
ruwida =
susah.
ruwiya =
warata.
rujit =
anggit, suwèk, suwir. rinujit: dianggit, disuwèk. pusparujit: gubahan. rinujit-rujit: disuwèk-suwèk.
rubaya =
jangji.
rubiyah =
bojo.
rungas =
pêrung.
runtik =
muring, nêpsu, bêndu.
rukti =
rakit, pasang, rumat.
rukmi =
êmas.
rumpaka =
gubah, anggit.
rumpuk =
sungsun.
rumbah =
jangan. rumbahan: janganan. ngrumbah: anjangan.
rumbu =
sêgêr.
rêrêng =
rêngrêng: asri, ngêngrêng, anggamêng.
rêkatha =
yuyu.

--- 37 ---

rêke =
mangke.
rêdatin =
rudatin, rudahtin: susah.
rêtu =
rusuh, gègèr, horêk, suksukan.
rêtuh =
buthêk, bukêt.
rêsi =
pandhita, rêsindra: pandhita ratu.
rêsigana =
dewa.
rwawa =
luntas.
rêjasa =
arjasa: asri, bêcik.
rêgêm =
gêgêm. ngrêgêm: anggêgêm, rinêgêm-rinêgêm: digêgêm.
rêngya =
rungu, prungu. karêngiya: krungu, kaprungu.
rêngut =
jêngkêrut, mrêngut: anjêngkêrut.
rêkta =
abang. palarêkta: bolu.
rêtna =
intên. manik nawarêtna: barang intên warna sanga. rêtna wadu: bêcik-bêcike wong wadon.
rêspati =
pidêksa, pantês.
rêsmi =
asri, rêsêp, sêngsêm. sarêsmi: padha sêngsême, padha rêsêpe, cumbana.

--- 38 ---

rêncana =
godha.
rêncaka =
ribêd, susah.
rêncêm =
rêmuk, pêcah.
rêmbaka =
rêmbuyung, kêtêl. ngrêmbaka: ngrêmbuyung.
rêbda =
ngrêpda. ngrêda: andadi, sumêbar, warata.
rêngrêng =
asri, ngêngrêng, anggamêng.
rêngka =
bênthèt, nêla. mulwa rêngka: srikaya.
rênggut =
sebrak, sêndhal, jambak. ngrênggut: anjambak, nyêndhal, nyêbrak. rênggut-rumênggut: jambak-jambakan.
rênggêp =
candhak, cêkêl. ngrênggêp: nyêkêl, nyandhak.

Ka

kahastaman =
kabungahan.
kahargya =
kajèn.
kaharsayan =
kabungahan.
kahomitan =
susah, kasusahan.
kahopan =
kopèn.

--- 39 ---

kahosmurda =
kêthu.
kahol =
crita.
kahêntar =
kabegal.
kanaka =
êmas.
kanan =
têngên.
kanin =
tatu.
kanang =
kang.
kacundhuk =
kapêthuk, kapranggul.
kacung =
le, thole, bocah lanang.
kacêmba =
kacêmbang: kêcut.
karana =
jalaran, sabab, awit, amarga.
karaca =
kijing.
kariti =
sêmut.
karuna =
nangis.
karas =
kothak, papan.
karêngya =
krungu, kaprungu.
karêndar =
krêndar: sungsum.

--- 40 ---

karêndhi =
mênjangan, mênjangan tutul.
karangulu =
bantal.
karês =
balur.
kaka =
kakang, gagak.
kaki =
sikil, anggèr.
kakiki =
nyata.
kakăndha =
gandera, lêlayu.
kada =
kunthing.
kadalurung =
kêbanjur.
kadya =
kaya.
kata =
têmbung, crita.
katiga =
gêni.[5]
katiwang-tiwang =
katula-tula, kalunta-lunta.
kater =
tambir.
katêka =
têkan.
katang =
kêkatang. katang-katang: sukêt.
katong =
ratu.

--- 41 ---

katrêsan =
giris, miris.
kasatika =
tutut.
kasida =
lêstari.
kasusra =
kasuwur, misuwur.
kasung =
katur.
kasub =
misuwur, kasuwur.
kaswada =
kalong.
kaswasih =
mêmêlas, mêlas asih.
kaswas =
kasyas: katur.
kawaca =
panganggo, kaprabon.
kawawa =
kuwat, kuwagang, kangkat.
kawanda =
kawandha: gêmbung.
kawindra =
kawiradiya: pujăngga.
kawilut =
kagubêd, kapulêt.
kawistara =
katara, katon.
kawuri =
kapungkur.
kawuntat =
kapungkur.

--- 42 ---

kawuryan =
katon.
kawêwang =
mêrak.
kawêlak =
kapêlak: suwèk.
kala =
jaman, nalika.
kalika =
nalika.
kalingking =
jênthik.
kalingga =
kapundhi, kaadêg.
kale =
pênding.
kaloka =
kondhang, misuwur.
kalurak =
kapundhung.
kalulun =
kelut, katut.
kalêntit =
dubur, itil.
kapa =
ulês, lurup.
kapracondhang =
kataton, katiwasan.
kaprajaya =
kataton, katiwasan.
kapwa =
kapya: padha, kabèh.
kapang-kapang =
dhampyak-dhampyak, katebang-katebang.

--- 43 ---

kapi =
kapati, sêmu, bangêt. kapirêkta, kapurănta: jambon, jambon, ênom. kapilare: sêmu bocah, kaya bocah. kapidêrêng, kapiadrêng: adrêng bangêt, karêp bangêt.
kapirangu =
mangu-mangu, sêmu gajêg-gajêg, ribêt.
kapila =
kêpila: putih.
kapiluyu =
katut, kelut, kapencut.
kapita =
kagèt.
kapidhara =
klêngêr, sêmaput.
kadhana =
lanang.
kadhini =
wadon. kadhana-kadhini: anak loro lanang wadon.
kayun =
karêp. ngayun: ngarêp.
kamantya =
luwih, ngluwihi, bangêt.
kamal =
asêm.
kamijara =
sêre.
kamutya =
kamutiyan: kamuktèn.
kamohitan =
sênêng, bungah.
kaga =
manuk.

--- 44 ---

kagum =
kagèt.
kagyat =
kagèt.
kabul =
katurutan, kalakon.
kabyaktan =
kayêktènan.
kabyatan =
kabotan.
kandarang =
kêndhali.
kantaka =
klêngêr, sêmaput.
kantar =
ulat, tamèng.
kantu =
klêngêr, sêmaput.
kandha =
kăndha: crita. maca kandha, maca kăndha: maca crita. darma kăndha: crita bêcik.
karna =
kuping, sungu.
karni =
ambaning kuping, sungu.
kardi =
gawe. kinardi: digawe.
karta =
têntrêm, slamêt.
karti =
gawe, banyu.
kartika =
lintang.

--- 45 ---

karsana =
bungah.
karya =
gawe. kinarya: digawe. pakaryan: pagawean, panguripan.
karma =
tata, basa, tata krama.
kaksan =
sanalika.
kas =
kuwat, santosa.
kalpa =
ali-ali.
kalpika =
ali-ali.
kalbu =
ati.
kapti =
karêp, sêdiya.
kancana =
êmas.
kampita =
kagèt, lindhu.
kambil =
abah-abah jaran.
kambing =
wêdhus.
kanggêg =
kandhêg.
kratalasa =
bulus.
krama =
patrap, pratingkah.
kramika =
ulêr.

--- 46 ---

kyasa =
sêpêt.
kyama =
bulus, pênyu.
kirana =
rêmbulan, sorot.
kirata =
wong alasan. kiratabasa: basane wong alasan.
kitiran =
manuk pêrkutut.
kisi =
susuk kondhe, kancing gêlung.
kintaka =
layang.
kirna =
sakèhe. palakirna: sakèhe woh-wohan.
kirtya =
makirtiya: gawe.
kisma =
lêmah.
kingkin =
susah.
kridha =
ulah. kridhasara, kridha astra, kridhastra: ulah gêgaman.
kriya =
tukang.
kerah =
karêp.
kering =
kiwa. kanan kering: kiwa-têngên.
ketang =
kilang.
keswa =
rambut, gêlungan.

--- 47 ---

kewala =
bae.
kelikan =
kêsèd, sungkan.
kewran =
kèwuhan.
kejani =
lutung.
kengis =
katon sathithik.
kèn =
prawan, wadon.
kentar =
katut, kèli.
kendhang =
kèli, buwang.
ko =
kowe.
kohên =
kowe.
konêng =
kobêr.
kocika =
palanangan.
koce =
sondhèr.
kosara =
kusara: êbun.
koswa =
rêngga, panganggo, kaprabon.
koligha =
sadulur sinara wadi, sadulur sinara wèdi.
kolêm =
kulah.

--- 48 ---

komis =
brêngos.
kongas =
ngambar, sumêbar. ngongasake: ngetokake, ngumukake, mamèrake.
kontab =
kondhang, misuwur.
kotbuta =
kaya buta, mêdèni, anggilani.
kongkal =
kasingsal, kontal, kasongkèl.
krodha =
muring, nêpsu, mêta.
kroya =
karoya: wit waringin.
kunarpa =
bangke, mayit, layon.
kunira, kumkuma =
kunir.
kunêng =
sigêg, lèrèn.
kuras =
rêsik.
kuranji =
asêm.
kurug =
kalung.
kurita =
rante, oyod.
kucumbi =
bojo.
kukila =
manuk.

--- 49 ---

kukuwung =
cumlorot, sumorot.
kukya =
kuku.
kuda =
kudaka: jaran.
kutêr =
putêr.
kutu =
tuma.
kuswa =
ambung, isêp, kinuswa-kuswa: diambungi.
kuswara =
kasêbut.
kusuma =
kêmbang.
kusung-kusung =
kêsusu, ngaya-aya.
kuwawa =
kawawa: kuwat, kuwagang, kangkat.
kuwu =
dhepokan palerenan.
kuwăndha =
mayit, bangke, layon.
kulita =
rakêt, rumakêt.
kulup =
thole, anggèr.
kuji =
kanthong, kujian: kanthongan.
kumara =
kumandhang.
kumuda =
kêmbang tanjung.

--- 50 ---

kumut =
kêbês, têlês kêbês.
kuthira =
pasêr.
kuthila =
kêthèk.
kuthip =
bajang.
kun =
aku.
kurma =
kurniya: bulus pênyu.
kunjara =
kandhang gajah.
kumbayana =
wadhah banyu, gênthong, klêmuk, jêmbangan, klênthing.
kumbi =
selak, mukir.
kung =
susah, sêdhih, prihatin.
kêni =
kêna.
kêning =
alis.
kêta =
gumêtêr.
kêtur =
candhana.
kêlir =
aling-aling.
kêping =
gèpèng, pèsèk, kimpès.
kêjar =
bêdhak, mburu.

--- 51 ---

kênya =
prawan.
kênyar =
gêbyar, sorot, kumênyar: gumêbyar, sumorot.
kêmat =
kaluwihan, pamèr.
kêmit =
jaga.
kêndhuru =
wit gêndhuru.
krêdya =
kagèt.
krêdyat =
kêrdiyat: kagèt.
krêpuk =
pèpèt, sompok, kakrêpuk: kapèpèt, kasompok.
krêmun =
grimis.
krêsna =
irêng, wage.

Da

dahana =
gêni.
dahat =
bangêt.
daut =
dhaut: bêdhol, pêdhot.
danawa =
buta.
daniswara =
sugih tur priyayi, sugih singgih.

--- 52 ---

danu =
dhanu: mega, panah, gandhewa.
danuja =
satriya linuwih.
danurja =
turune wong pintêr, turune wong sugih ngèlmu.
dara =
dhara: wêtêng, lintang gêdhe, prawan.
darana =
drana: sabar, sarănta.
darani =
caping.
daraka =
draka: sabar, sarănta.
darapon =
supaya.
daruna =
sabab, jalaran, wiwitan, bêbuka. paran darunanira: apa sêbabe, kêpriye bêbukane.
dadya =
dadi.
data =
padu, para data, pradata: para padu, pangadilan, jêksa. andata: madu, padon.
datan =
ora. datanpa: tanpa, ora nganggo.
dasa =
batur lanang, sapuluh.
dasi =
batur wadon.
dasih =
kawula, abdi batur. andasih: ngawula.

--- 53 ---

dalasa =
dalah, kêlayan.
daya =
kuwat, rosa. kadayan: kêkuwatan karosan.
darsa =
darsana: tuladan, tuladha. sudarsana: tuladan bêcik.
darpa =
kumudu, kadêrêng, bangêt.
darma =
wèwèh, bêcik. darmawasita: pitutur bêcik.
darbe =
duwe.
daksina =
ênggon, kidul, wêkasan. daksinalaya: kuburan wêkasaning pati.
dagda =
limpat. widagda: luwih limpat.
dang =
kukus. dangan: kukusan.
drana =
sabar, sarănta. sabar drana: sabar têmênan.
drawina =
ombe. drawinan: ombèn-ombèn. andrawina: sênêng-sênêng ngombe.
drawaya =
mili, dlèwèran.
drawasa =
trajang, tiwas. kadrawasan: katiwasan. andrawasi: niwasi.
drawita =
bêngkah, bênthèt.
drastha =
makutha.

--- 54 ---

drasthi =
alis.
dwara =
lawang.
dwaja =
umbul-umbul.
dyana =
dhuwit, ganjaran. diyanawimala: rajabrana, ganjaran luwih lara.
dyah =
putri.
dyasa =
sirna.
dirada =
gajah.
dite =
dina Ngaad.
ditya =
srêngenge, ngluwihi.
diwasa =
măngsa, sêdhêng.
diwangsa =
diwăngsa: sanak, akrab.
diwangkara =
srêngenge.
dipara =
gajah.
dipăngga =
gajah.
dipan =
padhang. andipani: madhangi.
diya =
sulaya. diya-diniya: pasulayan.
dimapa =
nglêngkara, mokal.

--- 55 ---

dimèn =
supaya.
dibya =
linuwih, pêng-pêngan, utama. sudibya: luwih utama, linuwih.
dik =
bangêt, awang-awang, keblat papat. diksura, dêksura: kuwanènên.
dirja =
slamêt.
dirya =
katon, katara.
dirga =
dawa. dinirgakna ingkang yuswa: diganjara umur dawa.
dirgama =
borang.
dirgantara =
awang-awang.
dwi =
loro.
dwija =
guru, pandhita. dwijawara: guru linuwih, pandhita gêdhe.
dwistha =
karêp, sêdiya.
dri =
gunung. wanadri: alas pagunungan.
driya =
ati.
de =
dene.
dewata =
dewa lanang.
dewati =
dewa wadon.

--- 56 ---

deya =
mardeya: gawe.
denta =
anggone.
doradasih =
daradasih, duradasih: nyawa têrus impèn ana nyawane, impèn duwe nyawa, impèn têrus.
don =
papan, ênggon, panggonan. andon: nêba.
duhita =
putri. narpaduita: ratu putri.
dura =
asin, adoh.
duratmaka =
maling.
dukacipta =
nêbsu batin, prihatin.
dukut =
sukêt.
duta =
utus, utusan. dinuta: diutus.
dulya =
dêlêng, dahwèn.
dulu =
dêlêng. dinulu: didêlêng.
dulur =
iring. dinulur: diiringake. andulur: ngiringake.
dupara =
nglêngkara, mokal.
dupi =
barêng, têkan.
dumaya =
mêndhung.

--- 57 ---

dumadi =
tumitah, kang dititahake.
duhkita =
susah, sêdhih.
dur =
ala. durjana: wong ala. dursila, duryasa, durniti: patrap ala, panggawe ala. durcara: gunêm ala. duratmaka, dur atmaka: nyawa ala, maling, buta.
duryan =
durèn.
duryat =
sorot, pêngpêngan.
durma =
macan.
durmas =
drumas: kuningan.
durga =
ala, pakewuh, bêbaya.
duk =
tuju, dhèk, nalika. duksamana: nalika samana. dukdinuk: tuju-tinuju.
duksina =
kidul.
duskarta =
sangsara, ora slamêt.
drustha =
ala.
dlurung =
banjur. kadlurung: kêbanjur.
dêlaha =
dalahan, dêlahan: pungkasan, ing têmbe, mati, jaman kalanggêngan. praptèng dêlahan: têkan jaman kalanggêngan, têkan mati.

--- 58 ---

dêring =
bêras. padêringan, padaringan: gênthong wadhah bêras, simpênan bêras.
dêling =
cêtha, ujar, kăndha.
dêmi =
thithik, saksi. sadêmi: sathithik. dêmi Allah: kalawan saksi Allah.
dêmung =
gêndhing.
dênta =
gadhing, untu.
drêdya =
trêsna, asih. kadrêdiyan: katrêsnan.
drêman =
wêrdèn.

Ta

tahên =
ampêt, tahan, kayu taun sandhang. nahên: ngampêt, nahan, nandhang. mangkene nahênkung: nandhang susah. nahên waspa: nahan êluh, ngampêt êluh.
tanapi =
utawa, sarta, apadene.
tanaya =
anak.
tanu =
blungon, mangsi.
taratya =
kêmbang trate.

--- 59 ---

taru =
godhong.
taruna =
anom. prabu taruna: ratu anom.
taruwara =
kêkayon.
tarêm =
tandur. tarêman: tanduran.
taka =
pati.
tata =
angin, gêtih ing otot.
tatab =
kêbuk, maras.
tasik =
sagara, pupur.
tawan =
boyong. tawanan: boyongan. katawan: kaboyong.
tawak =
tăngga.
tawo =
madu.
tala =
lêmah, tawon. pratala: sap-sapaning lêmah, warna-warnaning lêmah.
taling =
kuping.
talu =
wiwit.
taluh =
blêthokan, kringêt.
tapang =
angin, glêpung.
tajum =
antêng.

--- 60 ---

tajêm =
mênêng, ayêm, têntrêm, antêng.
tayuh =
drajat, kaluhuran.
taman =
ora.
tamuhana =
tamuyana: manuk prênjak.
taga =
sato.
tagyana =
pacangan.
tabid =
tabib: dhukun.
tabuh =
jam.
tan =
datan: ora.
tandya =
banjur, nuli, têrus.
tantra =
tăntra: bala.
tansipi =
tansah, bangêt.
tandhana =
gandera.
tanya =
takon.
tanbara =
dhudha.
tanbuh =
tambuh: ora wêruh. tumambuh: api-api ora wêruh. mitambuhi: api-api ara[6] mêruhi.

--- 61 ---

tar =
ora. tarlèn: ora liya.
tarkas =
endhong.
tarpa =
tanpa.
tartamtu =
tar tamtu: masthi.
tanjak =
ngigêl, mênthang.
tampang =
bandhul, êmblèg.
tampis =
êntèk.
tamping =
pinggir.
tampo =
tape.
tampu awang =
dhampu awang.
tampêr =
wêdhi. uyah tampêr: uyah wêdhi.
tambang =
tali, opah. panambang: kanggo nalèni. tambangan: opahan.
tambula =
kinang. nambula: nginang.
tambêng =
budhêg, tamèng.
tang =
kang.
tangkar =
pêncar.
tangkil =
seba, adhêp. tinangkil: sineba, ingadhêp.

--- 62 ---

tangke =
êpang.
tangkêp =
tutup. tumangkêp: nutup.
tanggap =
tampa. tumanggap: nămpa. pananggap: juru nămpa.
tranggana =
lintang.
trantang =
kudhi.
tyas =
ati. matiyas: mikir.
tiarda =
bangêt. răga-tiarda: lara bangêt.
tinon =
katon.
tirah =
têtirah: pinggir.
tikin =
iki, iku.
titi =
êntèk, katam, tamat.
têtika =
solah, tindak, pariksa.
titir =
kêrêp.
tiwar =
simpar. katiwar-tiwar: kasimpar-simpar.
tiwikrama =
mêsu, prihatin bangêt.
tiwe =
swiwi.
tila =
ratus.

--- 63 ---

tilarsa =
lêmpuyang.
tilam rum =
tilam wangi: paturon.
tilam sari =
paturon.
tidharsa =
manuk kêdhasih.
tidhêm =
sirêp, surêm.
timun =
timun.
tingêl =
budhêg.
tinting =
pilih.
tindha =
payon, payu, tarub.
tirta =
banyu. tirtamarta: banyu urip.
tikta =
pait. wila tikta: maja pait.
tiksna =
landhêp, gathèkan.
tikbra =
susah.
tismasa =
măngsa adhêm, badhidhing.
timpung =
pincang.
timbul =
kumambang.
tri =
atri: têlu, rame. trimurti: têlu-têluning atunggal. trisula: gêgaman alandhêp têlu.

--- 64 ---

tèki =
taki: tapa. têtèki, tèki-tèki: mangun tèki: martapa nglakoni tapa.
tekang =
kang, sing.
tètèh =
cêtha, têrang.
tetah =
tuntun.
tèlèr =
wit kelor, kuwat, umbêl.
towang =
towong, kêndhat.
toya di =
banyu rêsik, banyu suci. katoya rasa upaya: kêna mêmanising ruba, dibêsêli.
tăntra =
bala.
tuhu =
têmên. mituhu: tumêmên. nuhoni: nêmêni, nêtêpi.
tunu =
obong. tumunu: kobong.
turida =
susah, prihatin.
turăngga =
jaran. turăngga rata: jaran rakitan.
tuding =
êkon, tinuding: diêkon.
tuwêk =
kêris.
tulya =
tuli: tulèn, têmênan.

--- 65 ---

tumuntur =
mèlu.
tumpak =
dina Sabtu.
tumpal =
sèrèt, tumpang.
tungkat =
têkên.
tungguk =
tunggu, jaga.
tunggul =
unggul, dhuwur, gêndera.
tunggung =
gêtun.
truna =
banyu, ênom, bodho, jaka.
truni =
ênom, prawan.
truh =
udan. truhtruh: udan-udan, udan ricik.
trustha =
bungah, êlèng.
trusthi =
êlèng.
têrusan =
lawang butulan.
têkit =
cêthik.
têlari =
lêmari cilik.
têpi =
pinggir.
têpu =
dhêdhak.

--- 66 ---

têdhuh =
mêndhung, timbrêng, srêngenge ora katon.
têguh =
rosa, kuwat, wêntala.
têbêng =
aling-aling.
têngran =
aran.
têrbis =
jurang, pèrèng.
têmpayang =
gênthong.
têmbaya =
jangji. patêmbayan: prajangjian.
têmbing =
pinggir.
trêna =
êlung.

Sa

sahaya =
kănca, batur, rewang.
sahar =
unthuk.
sahab =
jêjêl, sêsêk.
saha =
mrica.
sahid =
pintêr, cukup.
sahing =
cabe.

--- 67 ---

saudara =
sadulur, kadang.
sana =
ênggon, panggonan.
saniskara =
sabarang, samubarang.
sanepa =
upama, tuladha, pasêmon.
sanetyasa =
sanitiyasa, nitiyasa: tansah.
sanubari =
ati.
sara =
panah, lêlandhêp.
sarasidya =
kêmbang tunjung.
sari =
kêmbang.
sarija =
itil.
saroja =
rangkêp. kasaroja: karangkêp. sinaroja: rinangkêp. mata sinaroja: mata rangkêp, mata ronyok, têmbung sinaroja: dwi lingga.
saruni =
sruni: suling.
sakatha =
kreta.
sakèthèng =
lawanging kutha.
sadana =
wèwèh, sêkti.
sadarpa =
kadêrêng, bangêt.

--- 68 ---

sadarga =
kira-kira.
sadak =
kancing gêlung.
sadêmi =
sathithik.
sata =
pitik.
satata =
tansah.
satak =
satus.
satiti =
langgêng.
satikswa =
sathithik.
sato =
kewan. sato iwèn: kewan iwèn. sato galak: kewan galak.
sasa =
lintang.
sasana =
sana: ênggon, panggonan. asana: manggon.
sasaki =
akik.
sasadara =
sasadhara: lintang gêdhe, rêmbulan.
sasra =
sèwu. sasra bau: bau sèwu.
sasi =
rêmbulan.
sasăngka =
rêmbulan.
sawala =
gèsèh, sulaya. data sawala: sulaya padune, sulaya rêmbuge.

--- 69 ---

sawaja =
swaja: bêlo.
sawastu =
mêsthi, têmênan.
sawega =
piranti, mrabot, sadhiya.
sawung =
barêng. sinawung: binarêng, dianggit.
sawunggaling =
jago êmas, jago patohan.
sawêgung =
kabèh.
salatara =
mlandhingan.
salaba =
slaba: laron sulung.
salemuka =
pilingan.
saloka =
upama, pasêmon.
salu =
ambèn.
sapala =
sapele, sathithik, utama.
sapangu =
sadhela.
sadhawara =
atur. manadha wara: matur.
sajuga =
siji, sawiji.
saya =
piranti. sayèng kaga: kala.
sayaka =
panah.

--- 70 ---

sayasta =
kasur.
sayoga =
sumêta, sêdhiya.
sayogya =
prayoga.
samadya =
gajah.
samatra =
sathithik.
samapta =
sumêta, sadhiya, miranti.
samirana =
angin.
samodra =
sagara.
samuha =
bêcik, kumpul. manganggo samuha: manganggo bêcik. samuhan: tontonan manganggo bêcik. lagune bêcik, jogède bêcik. pasamuan: kumpulan bêcik, jagongan.
samêndhang =
sadhela.
saban-saban =
sabên-sabên.
sangara =
sêngara: banyu.
sandi =
samar, wadi, samun. sandi sastra: tulis kang disamar, tulis kang digawe wadi. sandi upaya: paêkan ngrêmit.
sandeya =
sandiya: kuwatir, sumêlang.

--- 71 ---

santa =
sabar, sarèh, bêcik.
santika =
sêkti.
santya =
mênging, muji, santiya pudiya, santiya budiya: mêmuji, nênuwun.
sandhang =
anggo. nyandhang: ngangga.[7] sandhangan: anggon-anggon.
sandhang walikat =
kêris.
sarkara =
lêgi.
sardana =
sugih.
sardala =
siyung.
sardula =
macan.
sarpa =
ula. sarpa krêsna: ula dumung.
sarjana =
wong pintêr.
sarju =
sênêng.
saksana =
nuli, tumuli.
sad =
nênêm. sadrasa, sadrasa: rosa[8] nênêm. sadpada: sikil nênêm, bangsa kinjêng, bangsa kombang.
satmaka =
urip.

--- 72 ---

sastra =
tulis. parama sastra: tulis kang linuwih. sastra sandi: tulisan kang digawe wadi, tulisan wadi. sastraji: layanging ratu.
sapta =
pitu.
sancaka =
srawungan.
sancaya =
srawungan.
sampêt =
rampung, cukup.
sambrama =
bage. panambrama: pambage. manambrama: ambagèkake.
sabda =
gunêm cêlathu.
sangkala =
taun.
sangkaya =
pantês. datan sangkaya: ora pantês.
sangkin =
saya, sangsaya. sangkin andadra: saya andadra.
sangkêp =
ganêp, cukup.
sangsipta =
mulane, jalaran saka iku.
sanggya =
kabèh.
sanggraha =
dhepokan, omah palèrènan.
srawa =
sêmut.
sraya =
rewang, tulung. minta sraya: njaluk tulung, njaluk direwangi.

--- 73 ---

swanita =
kringêt.
swakuda =
jaran.
swasa =
uswasa: ambêkan.
swami =
garwa, pramèswari.
swamipa =
pinggir, pasisir.
swandana =
tunggangan, kareta.
sinipi =
bangêt, kapati-pati.
sinidhikara =
didongakake, dipujèkake.
sinom =
wadon, pradapa.
sinukarta =
dirêngga, disruwe, diaru-biru.
sira =
kowe.
sirung =
pêtêng, lindhuk.
sikara =
tangan, bau.
siking =
gêni, upêt.
sida =
prasida: lêstari.
sidi =
bênêr. pramana sidi: awas têmênan.
sidik =
waskitha.

--- 74 ---

sita =
luwih.
sitarêsmi =
rêmbulan.
sitibêntar =
sêtinggil.
sitèngsu =
rêmbulan.
siswa =
kănca, wêtu.
siwah =
beda.
siwi =
anak, seba. sumiwi: sumeba. sumiwèng: seba ing.
siwi bantya =
anak mantu.
sila =
patrap, pratingkah. dursila: patrap ala, maling.
silar =
singkir. sumilar: sumingkir.
sipi =
bangêt, kapati-pati.
sidhikara =
puji, măntra, donga.
siyaga =
dandan, miranti.
siyasat =
siksa.
sigra =
enggal, rikat, wahing.
singanadi =
baya, bajul.
singaranu =
baya.

--- 75 ---

singangsana =
dhampar palênggahaning ratu.
sindu =
banyu.
sindura =
mêthuk.
sindung riwut =
lesus, prahara.
sirna =
ilang, musna.
sipta =
cipta.
slira =
salira, mênyawak.
sri =
ratu. sriwêdari: tamaning ratu. srinata, srinarpati, srinarendra, sripamasa: ratu.
sribupati =
ratu.
sing =
saking.
singsim =
ali-ali.
singgang =
poking dami.
sena =
prajurit pikukuh.
seta =
putih.
setra =
kubur tan kapêndhêm.
seswa =
murid. seswarini: murid wadon.

--- 76 ---

sewa =
sewaka: seba. sumewa: sumeba, seba. pasewakan: paseban. sinewaka, siniwaka: sinowan.
sèntèl =
kempol.
sona =
asu.
sori =
ratu putri.
soroh =
wèh, wèwèh, sinorohwadi, sinarawèdi: diwèhi wadi.
soka =
susah.
sokana =
sêdhih, susah.
sokanandi =
abang ênom sêmu kuning.
sota =
rasa.
sowang =
dhewe, ijèn. sowang-sowang: dhewe-dhewe, ijèn-ijèn.
sonya =
suwêng.
song =
rong, lèng.
su =
luwih, bangêt.
suhun =
sunggi, pundhi. sinuwun: kang dipundhi, disunggi. sinuhun-suhun: dipundhi-pundhi, disunggi-sunggi, diaji-aji. susuhunan: wong kang dipundhi-pundhi.

--- 77 ---

sunya =
sunya, suwung.
sunar =
sorot.
sunu =
anak, sorot.
sura =
wani, kêndêl, linuwih.
sura duhita =
widadari, putri linuwih.
sura wadu =
widadari, putri linuwih.
suralaya =
kadewan.
suraya =
gêgêdhug, kêndêl.
surastri =
sulastri: widadari.
suka =
bungah, sênêng. kasukan: kasênêngan, suka-suka, sênêng-sênêng, bungah-bungah.
sukarta =
rêngga, aru-biru, sruwe.
sukra =
dina Jumuah, cèlèng.
sudama =
lintang, bodho bangêt.
sudarsana =
darsana: tuladan bêcik.
sudarma =
bapa, bêcik. sudarman: kabêcikan.
sudra =
sangsara, asor nistha.
sudira =
kêndêl.

--- 78 ---

sudibya =
linuwih.
suta =
anak.
sutikna =
sutikna: landhêp, anggitan.
susra =
suwur. kasusra: kasuwur.
susila =
patrap bêcik.
suweda =
sweda: driji.
sulayah =
angglimpang, klumah.
sulah =
slumbat, sunduk, sujèn.
sulaksana =
awak.
sulastri =
widadari, patrêm.
supadi =
supadiya: supaya.
sujita =
turune wong linuwih.
suyati =
pandhita.
suyasa =
yasa: dalêm.
sumawana =
apadene.
sumantri =
mantri linuwih, patih.
sumarsana =
kêmbang kanthil.

--- 79 ---

sumêne =
sumaya.
sumêngka =
munggah.
sumirat =
sumorot, gumêbyar.
sumyar =
ambyar, sumêbar.
sugata =
suguh. pasugatan: suguhan.
subadya =
subadi: santasa.[9]
sundara =
bêkisar, sawangan.
sunya =
suwêng.
sumbaga =
misuwur, gunasêkti. sugih sumbaga: sugih guna sêkti.
sung =
awèh. sinung: diwènèhi. kasung: katur. pisungsung: pawèwèh.
sungkawa =
susah.
sru =
sêro,[10] bangêt.
sênên =
sorot, cahya.
sêca =
sêtiya: têmên.
sêrah =
suruh.
sêrang =
têmpuh, trajang. nêrang, manrang: nêmpuh, nrajang.
sêkung =
adrêng, bangêt.

--- 80 ---

sêkêl =
susah.
sêlah =
kêmbên.
sêbit =
suwèk. sinêbit: disuwèk.
sêndhaya =
para nyai.
srênggala =
asu, asu ajêg.[11]

Wa

wahana =
banyu, tunggangan. wadiya wahana: prajurit jaranan.
wail =
pancing.
waudadi =
sagara.
wauwa =
wawa.[12]
wanara =
kêthèk.
wanadri =
alas pagunungan.
wanawasa =
alas ngrètèk, alas trataban.
wanarga =
wana arga, wanagiri: alas pagunungan.
wanita =
wadon.
wanodya =
wadon.

--- 81 ---

wacana =
gunêm, cêlathu.
wacu =
klambi. wacu kambala: klambi ăntra kusuma.
wara =
wadon, linuwih. wara sêmbadra, wara srikandhi. wara hastra: gêgaman linuwih, panah. wara duita: putri linuwih, widadari. wara wadu: putri linuwih, widadari. dwijawara: guru linuwih, pandhita gêdhe.
wara taruna =
jaka, jêjaka.
wara taruni =
prawan.
wara sana =
dhampar palênggahaning ratu.
wara wirêsmi =
rêmbulan.
warana =
aling-aling, wêsi.
warayang =
panah, bêdhil, gênthong.
warastra =
wara astra: gêgaman linuwih, panah.
warang =
pacang, pingit, sêngkêr. warangan: pacangan, pingitan, sêngkêran.
waranggana =
widadari.
warêgung =
gudhe.
warih =
banyu.
wadya =
bala. wadiyawahana: prajurit jaranan.

--- 82 ---

wadanta =
widara.
wadu =
wadon, putri. narpawadu: ratu putri. warawadu: putri linuwih, widadari.
wati =
jagad. cakrawati: jagad bundêr. dwarawati: lawanging jagad.
wasa =
rusak, sêdhêng. wanawasa: alas rusak, alas trataban, alas ngrètèk.
wasi =
pandhita, sabab.
wasita =
pitutur. darmawasita: pitutur bêcik.
wasir =
wasèrèn: nayaka, panggêdhe.
wasistha =
wicaksana.
wawa =
gawa, tandhing. wawan: gawan. winawa: digawa. wawan sabda: tandhing gunêm, padu.
wala =
bocah.
waluya =
slamêt, waras.
waju =
klambi. waju kambala: klambi ăntra kusuma.
waya =
banyu.
wayasa =
wyasa: gagak.
waga =
pawadonan.

--- 83 ---

wahya =
wêtu, lair. kawahya: kawêtu, kalair.
wahdat =
wadat: ijèn.
wanda =
wănda: awak.
wandawa =
sanak, kulawarga.
wandu =
sanak.
wantu =
bantu, watak, winantu: kabantu. mawantu: ambantu.
wanteya =
manuk garudha, luhur.
warna =
banyu, ucap, crita. winarna, kawarna: kocap, kacrita.
wardaya =
ati.
wardugangga =
lintah.
warsa =
warsi: udan, taun. triwarsa: têlung taun. warsaya: mangsa rêndhêng.
warsita =
wursita: ucap, crita, winursita, kawarsita: kocap, kacrita.
waktra =
rai. nayaka waktra: patih.
wastra =
jarit.
wastu =
èstu, masthi.
waswa =
wastu: èstu, masthi, têmênan.

--- 84 ---

waspa =
êluh.
walgita =
layang.
wancak =
walang, palang. wancak driya, walang kayun: walang ati, sumêlang. walang sangkêr: wêwalêr.
wakawa[13] =
awang-uwung, kêkuwung, kluwung.
wangsa =
wangsa: bangsa, sanak.
wangwang =
banjur, nuli.
wra =
mawra: warata, sumêbar.
wraha =
cèlèng, warata.
wrahat =
arahan. wrahat bala: bala arahan.
wrahatsari =
kêmbang cêpaka.
wratmaka =
kêmbang gambir.
wi =
luwih, bangêt.
wihara =
wiyara: patapan, susah.
winata =
kêmbang tunjung.
winaya =
anggang-anggang.
winarna =
kocap, kacrita.

--- 85 ---

winiwi =
wira-wiri.
wicara =
gunêm, ujar.
wicitra =
rupa luwih bêcik, ayu bangêt.
wira =
prajurit, pêngpêngan, panggêdhe, kuwasa. wira utama, wirotama: prajurit utama.
wirangrong =
susah, kedanan.
wirong =
susah, purik, pasang, rimong.
wirungan =
pawon.
wikan =
wêruh.
wiku =
pandhita. sangawiku: sang pandhita.
widada =
tulus, lêstari.
widadara =
dewa.
widayaka =
pujangga.
widayat =
pulung, wahyu.
widagda =
limpat putus.
widi =
dewa.
widik =
keblat papat, awang-awang. widik-widik: awang-awang, katon sadhela.

--- 86 ---

widigda =
alun, putus, luwih limpat.
widung =
kupu.
witana =
sitinggil.
witaradya =
bangsa luhur, trahe wong mêngku nagara.
wisata =
lêlaku, lunga, lêlungan.
wisaya =
panggawe, piranti, paeka. misaya: golèk.
wisesa =
kuwasa. misesa: nguwasani, ngêrèh. kawisesa: kêrèh. mantri wisesa, mantri sesa: mantri kuwasa, patih.
wiso =
iso: usus.
wisuna =
wisa linuwih, wisa mandi.
wisudha =
unggah. misudha: ngunggahake. kawisudha: diunggahake.
wiwaha =
rêngga, bêcik, adi. wiwahan: rêrênggan. pamiwaha: pangrêngga.
wiwara =
lawang.
wiwaga =
piranti.
wila =
maja. wilatikta: maja pait.
wilaca =
limpe. winilaca, kawilaca: dilimpe, dilimpèkake.
wilasa =
wêlas, pêlêm.

--- 87 ---

wilasita =
êlèng.
wilapa =
layang.
wilaja =
maja alasan, wulu cumbu.
wilaya =
lêpas.
wilaba =
andaru.
wilis =
ijo.
wipra =
pandhita.
wipanca =
dlima.
widhe =
lêncir.
wijah =
bungah. mawijah-wijah: bungah-bungah.
wijaya =
unggul, mênang. wijaya kusuma: kêmbang kang unggul dhewe.
wijayanti =
luwih unggul, luwih sêkti.
wijil =
wêtu. mijil: mêtu: kawijil: kawêtu.
wiyara =
wiyar, patapan.
wiyadi =
susah.
wiyata =
wulang. pawiyatan: pamulangan.

--- 88 ---

wiyati =
awang-awang, langit.
wiyat =
awiyat: awang-awang.
wiyoga =
susah.
wiyăngga =
kodhok.
wimala =
luwih lara, lara bangêt.
wimursita =
mursita: klêngêr, sumaput, tiba.
wigati =
pêrlu, luwih pêrlu.
wigêna =
prihatin, susah.
wibawa =
mukti, kawibawan: kamuktèn.
wibajra =
angin linuwih, prahara.
wibi =
biyung.
winda =
ambu, wisa. windaka: ambon-ambon.
windu =
wayu. windu tirta: banyu wayu.
wirya =
luhur, mukti. wiryawan: kaluhuran, kamuktèn.
wisma =
omah, wismaka: kêthu.
wima =
wêtu. mimba: mêtu.
wimbuh =
wuwuh.

--- 89 ---

wignya =
pintêr.
wingwrin =
wêdi, giris.
wrin =
wêruh. tanwrin: ora wêruh.
wriga =
kidang.
we =
banyu.
wèni =
rambut.
wèri =
mungsuh.
weda =
wedha. wediya: ngèlmu, kawruh.
wèstri =
bêbaya. jaga wèstri: jaga baya.
wèsthi =
pakewuh, bêbaya. jaga wèsthi: jaga baya.
wèdha =
gêni.
wre =
kêthèk.
wănda =
awak, wujud.
wot =
êmot, oyod. winot: diêmot.
wotsari =
wot santun: nyêmbah.
wot sinom =
nyêmbah.
wong =
êmong. winongwong, winong-wong, winong: diêmong.

--- 90 ---

wurahan =
sumêbar, gègèran.
wuri =
buri. kawuri: kapungkur.
wuruk =
kusir.
wukir =
gunung.
wuduk =
gurih. sêga wuduk: sêga gurih.
wuwus =
wêtu, gunêm, ujar tangis.
wulan =
rêmbulan.
wulangun =
sêngsêm, kangên, sumêlang.
wulinga =
berag, bêsus.
wuling =
uling.
wulon =
rambutan.
wuyung =
susah. wayang-wuyung: susah bangêt, poyang-paying.
wuntat =
buri. kawuntat: kapungkur.
wuntu =
buntu.
wurya =
wiwit, katon, wuryan: wiwitan, tontonan. tigas kawuryan: anyar katon.
wursita =
ucap, crita. winursita, kawursita: kocap, kacrita.

--- 91 ---

wuk =
uwuk, suwuk: wurung.
wênês =
mêlês.
wêca-wêca =
bangkong, kongkang.
wêruju =
waruju: wuragil.
wêka =
anak.
wêdari =
taman.
sriwêdari =
tamaning ratu.
wêtis =
pace.
wêlada =
woh êlo.
wêlagar =
obong. kawêlagar: kaobong, kobong.
wêgang =
tikus.
wêgig =
putus, pintêr, baud.
wêrcita =
cacing.
wêrka =
wrêka: ulêr.
wêrdi =
jarwa, andadi, akèh wohe.
wêrjit =
cacing.
wrêsa =
udan.
wrês =
dêrês.

--- 92 ---

wrêsti =
udan.
wrêdha =
tuwa. mantri wêrdha: patih.
wrêksa =
kayu.
wrêgil =
wêrgil: paran, ênggon.

La

lahita =
gada.
lana =
langgêng, lêstari, jajah. lêlana, malana: anjajah.
lanat =
cucuk. lumanat: nucuk.
larwan =
laron.
laris =
laku. lumaris: lumaku.
larung =
kèli, labuh.
ladrang =
lancap.
lata =
oyod.
latuha =
lumut.
latak =
latêk: êndhut.
latang =
latêng.

--- 93 ---

lawana =
pêdhês.
lawan =
karo, sarta, mungsuh, timbang. lawanan: timbangan, mungsuhan.
lawad =
lumawad: awor.
lawat =
lawata: muluk.
lawiya =
wajib.
lawu =
pêrèng,[14] èrèng-èrèng.
lawun =
pêdhut.
lawung =
umbaran, ngamuk, landheyan.
lawên =
sorot, cahya.
lalahi =
saradan.
lalawora =
lalawara: tanpa gawe, ala nganggur.
lalang =
alang-alang.
lalis =
mati.
lapa =
luwe, ngêlih.
ladha =
lombok.
laju =
têrus.
laya =
alaya, pralaya, malaya: mati.

--- 94 ---

layap =
liyêp, rayap.
lanyo =
umuk.
lama =
lawas.
lamun =
yèn, manawa.
laga =
pêrang, paprangan. palagan: paprangan.
lagya =
lagi.
langên =
sênêng. lêlangên: sênêng-sênêng. kalangênan: kasênêngan.
langon =
langên: sênêng. lêlangon: sênêng-sênêng.
langun =
langên: sênêng.
landhi =
mênjangan rangkah.
larwa =
gangsir.
laksana =
laku. lumaksana: lumaku.
laksita =
laku. lumaksita: lumaku.
laklak =
têlak.
lancar =
lêpas, lumancar: lumêpas, nglêpasi.
lanji =
lunyu, lonthe.
lamlam =
sênêng. nglamlami: nyênyênêng.

--- 95 ---

lampita =
pralampita: pralambang, pasêmon.
lampus =
mati.
lambang =
ijol. lambang sari, lambang santun: ijol sari, cumbana, bedhangan.
lagnyana =
wuda.
langkap =
gandhewa. mênthang langkap: mênthang gandhewa.
langking =
irêng. pête langking: pête irêng, kêdhawung.
linang =
ilang, pindêng, luminang: mêndêng, ngrusak.
lirip =
towong, kêndhat.
lidhah =
ilat, kilat.
lidhi =
sada.
limaya =
jêruk.
limut =
lali. linalimut: dilali-lali.
limus =
timun.
lindhih =
tumpang, tindhih. lumindhih: numpang, nindhih, nindhihi.
lindhung =
lindhu, aling-aling.
lir =
pêdhot, kaya, kabèh. saliring: sakabèhing.

--- 96 ---

lirwa =
cidra, tinggal, rèmèh.
liklik =
sêntil.
listya =
alus, endah, bêcik, ayu. sulistiya: wong ayu.
limput =
kêmul, aling-aling, kodhêng.
limbang =
iling. lumimbang, nglimbang: ngiling.
limbe =
kimpul.
lingga =
adêg, pundhi, sunggi. kalingga: kaadêg, kapundhi, kasunggi. dahat kalingga murda: disunggi-sunggi bangêt, dipundhi-pundhi bangêt.
linggar =
oncat, lunga, linggaran: lungan.
lena =
mati.
lèjêm =
lêjêm: sêmuning rai.
lèn =
liya. tarlèn: ora liya.
lèndhi =
lonthe.
lembak =
kambang. lembak-lembak: kambang-kambang.
lona =
pêdhês.
locana =
êluh, pasuluhan, urang-uranging mata.

--- 97 ---

locita =
unandika, graita. nglocita: ngunandika, anggraita, ngangên-angên.
loka =
jagad. loka endra, lokendra: jagad linuwih, kahyangane bathara endra. loka pala: wohing jagad. lokananta, lokanănta: watêsing jagad, pungkasaning jagad, gamêlan ing suralaya. triloka: jagad têlu, jagad têtêlu.
lowe =
luwing.
londho =
kêndho.
luhung =
adi, angur, aluwung.
lunas =
mati.
lukita =
têmbung.
luda =
tlutuh.
ludaka =
cêthik.
ludra =
dewa, srêngên, nêpsu, galak.
ludira =
rudira: gêtih.
lusi =
cacing.
lulus =
lêstari.
lupa =
marlupa: lungkrah, lêmês, lêsu, lali.
ludhaha =
banyu idu.

--- 98 ---

lumalat =
nonton, andêlêng.
lumrang =
warata, ngambar, sumêbar.
lumung =
duwe êlung, ngêlung.
luba =
murka, kêthaha.
lungaya =
gulu.
lungid =
anggitan, landhêp, gathèkan.
lunda =
alun.
lungsir =
sutra.
lêtuh =
buthêk, bukêt, rêgêd.
lêlayu =
gêndera.
lêmak =
gajih.
lêguta =
kulina, udi, rêmbug. linêguta: diudi, dibudi, dikulinakake, dirêmbug.
lêngis =
wit waru.
lêntur =
lêmês.
lêntang =
lumah. lumêntang: mlumah.
lênjing =
alu.

--- 99 ---

lêmbi =
walang.
lêmbora =
iwak tămbra.
lêbda =
lêmês, pintêr, olèh. lêbda jiwa: olèh urip.
lêngka =
pait, langu.
lêngkawa =
teja, kêkuwung.
lênglêng =
sêngsêm, asri, dhêlêg-dhêlêg.
lênggana =
langgana: sungkan, suthik, mopo. datan lênggana: ora mopo, saguh. langganan: sungkanan.

Pa

pahala =
pakolèh, pituwas.
pahat =
pêrês, pipit, saring sarana umêb.
pail =
oncat. pailan: mangsa koncatan pangan.
paing =
gêthing.
pae =
beda, seje.
paès =
ilo. paesan: pangilon.
pahom =
puja, mahom: muja. pahoman: pamujan.

--- 100 ---

panaha =
pangira.
panahên =
pangampêt.
panalika =
paniti priksa, pamriksa.
panasbaran =
brangasan.
pani =
godhoh, kuping.
panika =
kalam, palanangan.
panon =
pandêlêng.
panukma =
panêlik, panitis, samun.
panêkar =
priyayi cilik.
panêpi =
sèrèt, sèrèting sêmbêt.
panêmbung =
panggitik, cêmêthi.
pacara =
kêna supata.
pacima =
kulon, pacimatara: lor kulon.
pacu =
sikut.
para =
kowe, raka para: kakangmu.
parahi =
timun.
parama =
linuwih. parama sastra: tulis kang linuwih. parama yoga.

--- 101 ---

paran =
apa, kapriye, kêmbang gêdhang. ana paran: ana apa. kadi paran: kaya apa, kapriye. paran darunanira: apa sababe, kapriye sababe.
parasdya =
rasaning ati.
parangmuka =
satru, mungsuh.
pari =
luwih. parimurti: linuwih. parimarma: luwih wêlas, wêlas bangêt, kawêlasan, pangowêl, pangeman. paribasa: basa kang linuwih. paripurna: rampung têmênan, rampung-rampungan. pariminta.
paris =
tamèng.
pakarti =
panggawe, pagawean. pakartinya: pagaweane.
pakirtya =
panggawe. makirtiya: anggawe, gawe.
pakuwon =
pamondhokan.
pakênira =
kowe.
pada =
sikil, ênggon. marcapada: ênggon uwong, jagad, donya. ngèstupada, nguswa pada: ngabêkti.
padarakan =
urakan. pidak padarakan: turune wong urakan.
paduka =
sampeyan, sikil, trumpah.
patani =
ambèn, èmpèr.

--- 102 ---

pataka =
bilai, mati.
patra =
godhong.
patik =
trètès. pinatik: tinrètès.
patikbra =
kawula.
patêmbaya =
prajangji, sêmaya.
pasraman =
patapan.
paso =
jêmbangan.
pawana =
angin. pawanan: kanginan.
pawaka =
gêni.
pawal =
krikil.
pawitra =
bêning, rêsik.
pawitarja =
dhêdhasar bêcik. rèh-pawitarja: dhêdhasar pratingkah bêcik.
pawongan =
para nyai.
pala =
woh. pala rêkta: woh abang, bolu. pala gumantung: woh gumantung.
palana =
lapak, lapak gajah.
palakrama =
pala-krami: salaki-rabi.

--- 103 ---

palastra =
mati.
palastha =
rampung.
palam =
daging.
paliyas =
pangluput. paliyasan: pangluputan.
palăngka =
dhampar.
palupi =
tuladha, lêpiyan.
palugon =
paprangan.
papa =
asor, cilaka, nistha. papasana: naraka.
padhêm =
mati, pinadhêm: dipatèni.
pajampuwa =
muga-muga.
pajang =
rêngga. pinajang: dirêngga. pajangan: rêrênggan. majang: ngrêngga.
pajungkungan =
pamujan.
payudara =
susu.
payudan =
paprangan.
payuh =
ukêl.
payus =
pucêt, kucêm.

--- 104 ---

pama =
upama.
pamasa =
ratu.
pamihat =
pandêlêng.
pamilawa =
jagal.
pagut =
tarung, têmpuh, tuju. magut: narungi, nuju, nêmpuh.
pangasih =
sumur, pucuk, poncot.
pangastuti =
pangabêkti.
pangrawit =
pangrajang.
pandara =
rêngga. mandara: ngrêngga. pinandara: rinêngga. pinandara sanggyaning pahargyan: rinêngga sakèhing kahurmatan.
pandaya =
piranti, paeka.
pandak =
tlatèn.
pandam =
diyan, pêpadhang.
pandêling =
pangucap.
pantaka =
pati, mati.
panti =
omah.
pantèn =
thole, ênggèr.

--- 105 ---

pantên =
pari.
pandhana =
pandhan.
pandhaya =
julik.
pandhak =
cebol.
pandhe =
pintêr.
pandhuya =
pintêr, baud.
pandhêm =
balang, bandhêm.
parwata =
gunung.
parwasa =
rusak, têmpuh, trajang. marwasa, mrawasa: ngrusak, nêmpuh, nrajang.
parpat =
kumpul, klumpuk. marpat: ngumpulake, nglumpukake.
parjaya =
trajang, têmpuh, suduk, tiwas. marjaya: nêmpuh, nyuduk. pinarjaya: ditrajang, disuduk.
parma =
kanugrahan.
paksa =
pêksa: uwang, bau, swiwi. paksi: kang aswiwi, manuk.
padni =
ratu putri.
padma =
kêmbang tunjung.

--- 106 ---

padmasana =
dhampar.
pascima =
kulon.
palwa =
prau.
palwaga =
kêthèk.
panjuta =
ting, obor, diyan.
prana =
ati, tuju, kapranan: katuju.
pranaja =
dhadha.
pracadi =
pracaya.
pracalita =
thathit, kilat.
pracika =
kalajêngking.
pracima =
kulon.
pracăndha =
prahara.
pracondhang =
tiwas, tatu. kapracondhang: katiwasan, kataton.
prakatha =
surak, rame, gumuruh, gumêdêr.
prakuswa =
putus, rosa.
prakêmpa =
gonjing.
pradana =
ganjaran, loma.

--- 107 ---

pradata =
paradata: para padu, jêksa.
pradipta =
urub, gêbyar. mradipta: murup, gumêbyar. pradiptaya: luwih gumêbyar.
pradăngga =
gamêlan.
pratala =
lêmah, sapsapaning lêmah. saptapratala: lêmah warna pitu, lêmah sap pitu.
pratama =
bêcik, putus, pambarêp. yoga pratama, pratama yoga: anak pambarêp.
pratiwa =
priyayi, mantri, punggawa.
pratiwi =
lêmah.
pratipa =
lesus.
pratima =
golèk.
pratistha =
manggon, mungguh.
pratignya =
prajangji.
pratănggapati =
srêngenge.
praswa =
githok.
prasida =
lêstari, sida, têkan.

--- 108 ---

prasêdya =
karêp, sêdiya.
prasêtya =
prajangji, katêmênan.
prawa =
cahya, sorot. prawan: kang duwe cahya, kang duwe sorot.
prawata =
gunung.
prawira =
prajurit, pêng-pêngan.
prawita =
jalaran, wêwinih.
pralaya =
mati.
pralampita =
pralambang, pasêmon.
pralêbda =
pakolèh, pintêr, prigêl.
praja =
nagara.
prajaka =
kongkonan.
prajaya =
tiwas, trajang, têmpuh, suduk. kaprajaya: katrajang, kasuduk.
praya =
pikir, karêp, ati.
pramati =
linuwih, pêng-pêngan.
pramu =
luwih, ămba, jêmbar. pramudita: luwih jêmbar. pramusesa: jajahan ămba.
pragya =
susah.

--- 109 ---

pragalba =
rosa, galak.
pragosa =
kêthèk.
pragola =
rukêt.
praba =
sorot, cahya.
prabu =
ratu, pantês.
prastawa =
awas, têrang, dhamang.
prastha =
pasangan tikus, githok.
prasthi =
alis, sêdiya.
prapta =
têka, têkan.
prambayun =
susu, pangarêp.
priya =
lanang.
priyăngga =
dhewe, ijèn.
pribadi =
dhewe, ijèn.
pringga =
bêbaya, pakewuh. wana pringga: alas kang ambêbayani, alas gêdhe. surapringga: surabaya.
pine =
beda. kapine: kabeda. bau kapine: bau kabeda, pilih asih.
picis =
dhuwit. maspicis: dhuwit mas.

--- 110 ---

pikut =
cêkêl. pinikut: dicêkêl.
pidana =
ukuman.
pita =
kuning. jalak pita: podhang. kunir pita: têmu.
pilangên =
cumbana. kêmbang pilangên.
pidhir =
wêdi.
piyarsa =
pyarsa: prungu. kapiyarsa, kapyarsa: kaprungu.
piyuh =
dèrès.
pingul =
putih.
pindêl =
bisu.
pindha =
kaya, èmpêr.
pirma =
eman, wêlas, owêl.
pingging =
bodho.
pelag =
bêcik, bagus.
peya =
panas.
pendah =
kukuh, beda, luwih.
pendhe =
pêdhang.
pèt =
cêkêl, jupuk. pinèt: dicêkêl, dijupuk.

--- 111 ---

ponang =
punang: kang, sing.
pănca =
lima. păncaindriya, pănca-ndriya: rasa lêlima. pănca weda: ngèlmu lêlima. pănca baya: bêbaya lima.
păncakara =
tarung, padu, kêrêngan.
păncawăra =
prahara.
păncaniti =
pasowanan.
puha =
lara.
puhara =
puwara: wêkasan, têmahan.
puhi =
manasi, mêrês.
puhun =
jêmpol.
puna =
pulih.
punagi =
punagya: kaul, nadar, jangji.
punah =
rusak, sirna. pamunah: pangrusak.
punar =
kuning. sêga punar: sêga kuning.
pura =
puri: kraton. purana: papaning kraton.
purusa =
pêksa, palanangan, lanang.
puruhita =
maguru, anggêguru. [anggê...]

--- 112 ---

[...guru.]
pukulun =
gusti, panjênêngan dalêm.
pusara =
tali.
pusika =
kucing.
puwa-puwa =
panasan, panasatèn, mêmanasi.
puwun =
jêmpol.
pupuh =
gitik, campur, campuh. pêrang pupuh: pêrang campuh.
pudhaka =
kêmbang pandhan.
puyi =
gêni.
puyika =
gêni.
puyuh =
gêmak.
punya =
duwe.
purna =
rampung. pari-purna: rampung-rampungan, rampung têmênan.
purwa =
wiwit, wetan. purwa-duksina: kidul wetan. murwani: miwiti. purwaka: wiwitan, bêbuka, pambuka.
pustaka =
layang, buku. pustaka-warti: layang kabar. radiya pustaka: layang nagara, buku nagara. bale pustaka: gudhang buku.
puspa =
kêmbang. puspa krêsna: kêmbang têlasih.

--- 113 ---

puspita =
kêmbang.
pusthi =
cêkêl. pinusthi: dicêkêl.
punghas =
wêkasan. punghaskala: jaman wêkasan, kiyamat, wêktu wêkasan.
punggung =
bodho.
pênat =
sayah.
pênuh =
kêbak.
pênêd =
bêcik, asri.
pêra =
akas.
pêrot =
usus.
pêkathik =
tukang ngarit.
pêkik =
bagus.
pêlari =
lêrak.
pêndil =
pêthil.

Dha

dhaèng =
panji.

--- 114 ---

dhanu =
mega, mêndhung, gandhewa.
dhara =
dara: prawan, wêtêng. sasadhara: lintang gêdhe, rêmbulan.
dhatu =
ratu. kêdhaton, dhatulaya: kraton.
dhadhak =
tlutuh, sabab, jalaran. dhadhakan: sabab, jalaran.
dhandhang =
gagak.
dhag =
lowong. didhagake: dilowongake. ngêdhag-êdhag: barang tanpa isi tutupe kabukak. ngadhag-adhag: tanpa rewang, tanpa kănca (tumrap wong lara).
dhangkak =
bucu.
dhangdhi =
gogor.
dhihin =
dhisik.
dhiri =
awak.
dhingin =
dhisik.
dhindhing =
aling-aling.
dhepok =
patapan. mardhepok, dhêdhepok: manggon ing patapan.
dho =
pindho: loro. dhomas: wolung atus.
dhucung =
unggul. rêbut dhucung: rêbut unggul.

--- 115 ---

dhukut =
sukêt.
dhustha =
ala, maling.
dhêdhêp =
sirêp, lêrêp.
dhêndha =
gada, gitik. bau dhêndha.
dhêstha =
ganjil.
dhêsthi =
piala, alis. andhêsthi: miala.
drêstha =
siyung.

Ja

jana =
wong, gajah. durjana: wong ala.
janawi =
kali, banyu.
janela =
cêndhela.
jati =
tuhu, têmên. anjatèni: nuhoni.
jawata =
dewa.
jawat =
gêpok, senggol, êlar. anjawat: nyenggol, ngaruh-aruhi.
jalanidhi =
jala nidi: sagara.
jaladri =
jaladhi: sagara.

--- 116 ---

jaladha =
mêndhung.
jalagra =
riyak.
jalu =
lanang.
jaludha =
gadhing. jaludha tata gati: gadhing kêmbar.
jaya =
unggul, pêng-pêngan, sêkti.
jamul =
irêng mêlês. waja jamul: untu sisig.
jabang =
bocah.
jatha =
siyung.
jahning =
banyu.
janma =
titis, uwong. manjanma: nitis.
jalma =
janmi: uwong.
janggala =
kagila-gila.
jinêm =
turu, mênêng. jinêmrum, jinêm wangi: paturon.
jirak =
kapundhung.
jiwangga =
awak.
jinjing =
jinjit, cincing.
jimbun =
kawak.

--- 117 ---

jingga =
abang.
jegos =
bisa.
johar =
sêsătia.
jodhi =
tiwas, asor. anjodhi: gawe tiwas, ngasorake.
jor =
asor, rusak. anjor: ngrusak.
jro =
jêro, sajrone.
jurit =
pêrang. prajurit: wong kang gawene pêrang.
juti =
ala, panggawe ala.
juwita =
putri.
jumantara =
awang-awang.
juga =
siji, ijèn.
jugul =
bodho, boncis.
jum =
tata, dum. anjum asta: salaman.
jênar =
kuning.
jêring =
jengkol.
jêngku =
dhêngkul.
jrênih =
bêning, rêsik, têrang. jinrênih: ditêrangake.

--- 118 ---

Ya

yadi =
birahi.
yata =
sigêg, mangkene.
yasa =
gawe, dalêm.suyasa: dalêm.
yayah =
kaya, bapa. yayah kadi: kaya.
yayi =
adhi.
yama =
jêksa. titikaning yama mungguh: mungguh pamriksaning jêksa.
ywa =
aja.
yaksa =
buta.
yatna =
awas, prayitna, eling.
yatma =
yatmaka: nyawa, urip.
yyang-yyang =
dewa.
yeka =
yèku: iya iku. yèki: iya iki. yèkang: iya iku kang.
yowati =
prawan.
yoga =
anak, tapa, bêcik. yoga brata: laku bêcik, laku tapa, mêmuja.
yogya =
bêcik, prayoga.

--- 119 ---

yogi =
bêcik, pandhita. sang ayogi: sang pandhita.
yuda =
pêrang. payudan: paprangan. yuda gama: pêrang agama, pêrang sabil. yuda asmara, yudasmara: cumbana. yuda yana: lurahing pêrang.
yuwana =
slamêt, tulus.
yuyud =
tali.
yumana =
ati bêcik, lêganing ati. kayumanan: kaslamêtan.
yuga =
yoga: bêcik, prayoga, anak, puja, tapa.
yun =
arêp, kapengin. ngayun: ngarêp. pangayunan: ngarêpan. ayun uninga: arêp wêruh, kapengin wêruh. kayun: karêp. kayuyun: kasêngsêm.
yukti =
yêkti: têmên, bêcik.
yungyun =
sêngsêm, eram. kayungyun: kasêngsêm.

Nya

nyarawidya =
nyoroh wadi, nyara wèdi.
nyarandu =
mratani, ngratani.

--- 120 ---

nyakrawati =
ngubêngi jagad.
nyawung =
ambarêng, nganggit, ngêmban.
nyarwètèh =
anèh, ora lumrah.
nyidhikara =
nyidhikara: muja măntra.
nyitra =
nulis, ngrupa.
nyintaka =
kaya manuk cêkaklak.
nyu =
ênyu: krambil, cêngkir.
nyudênta =
ngênyu dênta: ngrambil gadhing, nyêngkir gadhing.
nyuluh =
nyoloki, ngobori.
nyugata =
nyuguh.
nyundaka =
nêlik.
nyêrang =
nêmpuh, nrajang.
nyêtha =
ambadhe, ambatang.
nyênggut =
nyêbrak, nyêndhal.

--- 121 ---

Ma

maha =
luwih. maha agung: luwih agung. maha wikan: luwih priksa. maha tirta: banyu agung, banyu gêdhe. maha dwija: pandhita gêdhe. maha rasa: panah linuwih. maha jana: wong linuwih. maha japa: puja linuwih.
mahawan =
ngambah, ngliwati.
mahat =
mêrês, ngêpuh, nyaring sarana umob.
mahatma =
wêkasan.
mahas =
nusup, manggon ing pasêpèn.
mahyas =
maèsi, ngrêngga.
mahya =
alok.
maèswara =
maiswara: ratu.
maèrtambang =
mêtêng.
maom =
muja.
mausadi =
jamu, tamba.
maup =
mêmule.
mana =
ati. yumana: lêganing ati, ati bêcik. kayu manan: kaslamêtan.

--- 122 ---

manahên =
nahan, ngampêt, nyandhêt, mênggak.
manaruhi =
notohi.
manadukara =
jumurung, anjurungi, ngrujuki, ambiyantoni.
manawung =
nganggit, ambarêngi.
manawur =
nyêbar.
manadha wara =
matur.
manabda =
calathu, kăndha.
manira =
aku.
manitra =
nulis.
manilib =
nyilib, andhêlik.
maniyup =
nyêbul, andamu, nepasi.
manik =
sêsotiya. manikmaya: sêsotiya linuwih, sêsotiya gumilang. manik nawa rêtna: sêsotiyawarna sanga.
maneka warna =
maneka-neka: warna-warna, mănca warna.
manèp =
nglimpe.
manrang =
nunjang, nêmpuh, nrajang.
manuwara =
ngrêsêpake, tanduk manis, ngarih-arih.

--- 123 ---

manukma =
nitis, nêlik, nyamun.
manundha =
nungsun, ngundha.
manungku =
mêlêng. manungku puja: mêlêng mêmuja.
manêkung =
mêmuja.
manêbah =
ngadoh. nêbak.
manêngkung =
monêngkung: nyêrêng, mêsu, marsudi bangêt.
macarana =
ngrêngga.
macu =
nyikut.
mara =
aku, ayo.
marawaya =
mrawaya: mili, andalèwèr. marawayan, mrawayan: dlèwèran.
marikêlu =
andhêkukul.
marindang =
anggorèng.
maru =
timbang, sisih, tandhing.
maruta =
angin.
marêki =
nyêdhaki.
makala =
kancil.
madura =
madu: lêgi.

--- 124 ---

madukara =
kombang.
madubrata =
kombang.
madya =
sêdhêng, têngah, samadiya: sêdhêngan, gajah.
madya gantang =
awang-awang.
madyantara =
awang-awang.
mataya =
anjogèt, ngigêl.
matis =
adhêm, kadhêmên, krasa adhêm.
matyas =
mikir.
masih =
maksih. misih: isah.[15]
mawantu =
mantu, ambantu.
mawra =
warata.
mawèh =
gawe.
mawur =
sumêbar, nyêbar.
mawuk =
murungake, ngamuk.
mawrung =
mamprung.
mawêrdi =
andadi, tulus.
malaya =
lêpas, mlana, lêlana.

--- 125 ---

malat =
nênangi, golèk. malatkung: nênangi susah, golèk susah. malat sih: golèk asih.
maleca =
cidra. maleca ing jangji: cidra ing jangji.
malela =
lêmbut.
maluya =
bali.
malêtik =
mancolot.
mla =
mlê: kêcut.
maya =
gumilang, bêning, padhang. maya-maya: gilang-gumilang.
mamak =
lamur, picak.
mami =
aku.
magut =
nrajang, nêmpuh, narungi.
mabonglot =
oncat, nglungani, ngoncati.
mangayu bagya =
anjurungi, ngrujuki, ambiyantoni.
mangamêr =
ngarih-arih, ngrêrapu.
manglah =
lara.
mangu =
mandhêg tumulih.

--- 126 ---

manguntur =
sitinggil. manguntur tangkil: bangsal cilik ing sitinggil kanggo siniwaka.
mangimur =
ngarih-arih, ngrêrapu, nglêlipur.
mangintya =
ngincêng, nginjên.
mandana =
ruwêd, bundhêt.
mandara =
ngrêngga, maèsi.
mandari =
mimi.
mandakini =
bale kambang.
mandakiya =
bale kambang.
mandata =
madoni.
mandaya =
nganggo piranti, maeka.
mandrawa =
adoh.
mandira =
mandera: wit waringin.
mandriya =
mikir.
manduta =
anduta: ngongkon, ngutus.
manduk =
nuju.
mantya =
luwih, bangêt. mantiyani: ngluwihi, sakamantiyan: ngluwihi, bangêt.

--- 127 ---

mantri wrêdha =
mantri muka, mantri wisesa. mantri sesa: patih.
mandhaga =
pantês.
mandhala =
pulo, unèn-unèn, ênggon. mandhalasana: ênggon unèn-unèn.
mandhegani =
manggêdhèni, nindhihi.
marna =
ngrupa, ngrêngga, nganggit. marnani: rupa-rupa, ngrupakake, ngrênggani.
marca =
uwong. marcapada: ênggon uwong, jagad. manusa pada: jagad.
markata =
murub, ambranang, mêncorong.
mardawa =
lêmês, alus. mardawani: nglêlêmêsi.
mardeya =
gawe.
mardu =
mêrdu: lêmês, alus.
martana =
urip.
marta =
adhêm.
martua =
mara tuwa.
marpat =
ngumpul, ngumpulake, nglumpukake.
marpêki =
nyêdhaki, nyakêti.

--- 128 ---

maryana =
ambudi.
marma =
mula, wêlas. marmane: mulane. sumarma, pari marma: luwih wêlas.
marga =
dalan. margalena: dalaning pati, dalane wong mati. samarga-marga: sadalan-dalan, turut dalan. marga suta: dalan bayi.
margana =
angin, panah.
margadipa =
marga pati: macan.
marbudi =
nyipta, anggagas.
marbuk =
sumrambah, warata, ngambar.
maksih =
masih: isih.
matsika =
klabang.
mas =
patangatus. dhomas: wolung atus.
masma =
angkêr.
masmu =
sêmu.
mastuti =
nyêmbah, ngabêkti, ngrujuki.
mancala =
malik, malih. mancala putra: malik lanang. mancala putri: malik wadon.

--- 129 ---

manjanma =
manjalma: nitis.
manjila =
mêncil, andhewe, misah.
mangkara =
gumêbyar. mangkara-kara: gumêbyar-gêbyar.
mangsêh =
mangsah.
manggala =
gajah, panggêdhe. manggalani: manggêdheni.
manggilut =
ngudi, marsudi, mamah.
manggistha =
manggis.
manggrui =
nêmoni.
manggung =
tansah, calon sêlir.
myang =
sarta, karo, lan.
mranani =
ngênani, nuju.
mracondhang =
natoni, niwasi.
mradipta =
murub, gumêbyar.
mrasada =
anggêdhong.
mrawasa =
ngrusak, nêmpuh, nrajang.
mrajaya =
natoni, nêmpuh, nyuduk.
mrabawa =
duwe prabawa.

--- 130 ---

miyarsa =
krungu, ngrungu.
mina =
iwak loh.
micapa =
nubruk.
mirata =
maras.
miraga =
nglarani, gawe lara.
mirong =
kêmul, masang, nganggo rimong.
miruda =
minggat, lolos.
midosa =
ngukum.
misrama =
enak, mirasa.
misaya =
miranti, golèk sarana piranti. misaya mina: golèk iwak.
miwah =
sarta, karo, lan.
milangêni =
milangoni: gawe asri, gawe bungah, nyênêngake.
milir =
ngèli.
miluta =
ngarih-arih, mulasara, ngrêrapu.
miya =
ngêndhoni.
miyatani =
nyatani, nêmêni.
miyaga =
miyagah, miyagahi: nguwasani.

--- 131 ---

miyat =
nonton, andêlêng.
minta =
nglugas, anjaluk. mintaya: anjaluk. mintasraya: anjaluk tulung. minta raga: nglugas raga.
mimba =
mêtu.
merang =
isin, wirang.
mèdi =
silit
mèsi =
isi
mèpu =
sumuk, panas, manasi.
mendaka =
cêmpe.
mentar =
mintar: lunga.
mèt =
mèmèt: golèk.
mèstu =
umèstu: nyêmbah, ngabêkti.
mènjèng =
lonthe, kênès-mèndès.
moha =
murka, kêthaha. drêmba-maha: drêmba tur kêthaha.
mohita =
susah. kamoitan: kasusahan, nandhang susah.
moda =
wêngku.
mojar =
kăndha, calathu.

--- 132 ---

măndra =
sugih, luwih.
mong =
rimong, arimong: macan. mongging ranu: baya.
măngka =
minăngka.
măngga =
pisan, anggawêr, anggăndra, têgêg, datan măngga puliha: ora pisan pulih, ora anggăndra pulih.
muara =
wêkasan, plabuhan.
munah =
ngrusak, nglêbur.
munya =
munya: muni.
muni =
pandhita. muniwara: pandhita gêdhe. munindra: raja pandhita.
muram =
nyimpang.
mure =
modot. dirgamure: modot dawa.
muka =
rai, mantrimuka: patih.
musika =
tikus.
musrik =
sêkuthu, madhani.
musus =
nguyêg.
muwus =
kăndha, nangis.
mudha =
ênom. roning mudha: êlung. ratu mudha: ratu anom. mudha pangarsa: panggêdhe ăngka loro.

--- 133 ---

mundhing =
kêbo.
murca =
ilang, pisah, tiba. murcasing ngêmbanan: pisah saka êmbanan, tiba saka êmbanan.
murcita =
klêngêr, sumaput, tiba.
murda =
êndhas.
murti =
cêcak, linuwih, tunggal. parimurti: linuwih, linuwih bangêt. trimurti: têluning atunggal. murti gung gora sabda: têkèk.
murba =
nitahake. murbèng jagad: nitahake jagad.
muksa =
musna, sirna anglês.
mungkar =
ala.
mêne =
saiki, mêngko.
mêjana =
sêdhêng. dêdêg mêjana: dêdêg sêdhêngan.
mêlagar =
ngobong, nglarag.
mêluk =
ngrangkul.
mêta =
ngamuk. gajah mêta: gajah ngamuk.
mêmêla =
mêmêlas, mêlas asih.
mêrcu =
marcu: gêni. mêrcon, mêrcon: dolanan kang mawa gêni.

--- 134 ---

mêpêk =
mèh, andungkap.

Ga

gana =
lanang, tawon.
ganal =
agal, gêdhe.
gatra =
êlèng.
gati =
pêrlu, têmên, kêkêtêk, wigati: luwih pêrlu. anggatèkake: mêrlokake, nêmêni, tumêmên.
galiga =
gliga: uci-uci.
galuh =
prawan, wadon.
gapura =
lawang, kori.
gadhung =
ijo. gumadhung: ijo royo-royo, ijo ijone.
gagal =
mrucut.
gagana =
awang-awang.
gathita =
êjam.
gwah =
mungguh, bab. gwah laksitaning jana: mungguh lakuning uwong.

--- 135 ---

gandya =
wujud. gandyaning wănda: wujuding awak.
gandarwa =
dewa, gêndruwo. gandarwa sura: dewa lanang.
gandês =
pantês.
gantya =
ganti.
gardaba =
warak.
garjita =
gagasan, angên-angên. anggarjita: anggagas, ngangên-angên.
garba =
wêtêng, ringkês. garban: ringkêsan. ginarba: diringkês.
garbini =
anggarbini: mêtêng.
gra =
agra: pucak. sumêngka agraning wukir: munggah pucaking gunung.
grandim =
jagung.
gya =
banjur, nuli, enggal.
gambira =
bungah, berag.
gambiralaya =
sagara.
gambuh =
dhamang, pintêr, prigêl.
gini =
wadon: gana-gini: barange wong lanang wadon.

--- 136 ---

giri =
gunung. wanagiri: alas pagunungan. girindra, giriwara: gunung gêdhe. girilaya: gunung bêbanjêngan, gunung kuburan.
girisa =
kêkês, miris.
giro =
gila: kagèt kêbogiro: kêbo kagèt (araning gêndhing).
gita =
rikat, anggit. ginita: dianggit. gitaya: anggitan, gathèkan.
giwang =
sêling.
gili =
punthuk, gumuk, pulo. anggili prapta: kaya gumuk têka.
gile =
tumbar, katumbar.
gilut =
mamah, udi. manggilut: mamah, ngudi, marsudi.
giyota =
prau.
griwa =
githok, cêngêl.
gintungan =
kusambi.
genda =
dadah.
gora =
gêdhe. gora sabda, goraswara: ambêngok, anggêro. gora pracăndha: prahara. goraya: luwih gêdhe.
goragadha =
aru-biru, gludhug, umuk, pamèr.

--- 137 ---

gothaka =
gêrbong, guwa, rata gothaka: kreta gêrbong, kreta tutupan, kreta pêtêng.
guna =
kapintêran, pangasihan. kêna guna: kêna pangasihan. gunawan: kapintêran linuwih.
gunita =
gunêm, rasan. ginitan: gunêman, rarasan. gumunita: anggunêm.
gutis =
sikut.
guling =
turu. gumuling: gumlindhing, gumlinting.
guluda =
gorokan.
gupala =
rêca.
gupita =
budi, anggit. ginupita: diparsudi, dibudi dianggit.
gupuh =
enggal.
gumulung =
gumlundhung, glundhungan.
gubah =
ronce, anggit. gubahan: roncèn. kagubah: kaanggit.
gundhala =
trêbang.
guntur =
gludhug.
gurnita =
rame, gumuruh, gêlap.

--- 138 ---

gurniti =
kilat.
gurnang =
gong jumêgur.
gurda =
kayu wringin, wit waringin.
gusthi =
gunêm, rasan. ginusthi: digunêm, dirasani.
gul-gula =
mênyan.
gung =
agung: gêdhe.
gênêng =
mênggêr, dhuwur, punthuk, gumuk.
gêrah =
gludhug.
gêrot =
bondhot, bulêd. alas gêrotan: alas bondhotan, alas gêdhe.
gêtêm =
bêton kaluwih.
gêlar =
tata. ginêlar: ditata. gêlaring prang: tataning prang.
gêpila =
kêpila: putih.
gêmpang =
sirna, rusak.
gêng-gêng =
jèjèr-jèjèr.
grêndaka =
banthèng kawak.

--- 139 ---

Ba

bahak =
rayah. ambahak: ngrayah. ambêbahak: anjarah rayah.
bauwarna =
gêlang.
bana =
panah, alas gêdhe. banaarja, bana rêja, banarja: têgal, ara-ara.
banas =
setan. banaspati: lêlêmbut gêni mêtu saka ing bumi.
banawa =
prau.
bacira =
alun-alun, ara-ara.
barong =
gombyok. singa barong: macan duwe gombyok. barongan têtironing singa barong.
baruna =
banyu.
barung =
barêng. binarung: dibarêng.
baki =
cèlèng.
basu =
têkèk.
basuki =
slamêt. andum basuki: andum slamêt.
bawana =
jagad. tribawana: jagad têtêlu endrabawana: jagad linuwih. kadewan, kahyangan, suralaya.
bale =
ambèn, omah. bale pustaka: gêdhong buku.

--- 140 ---

balendar =
blèndèr: lunyu. blèndèran: lunyon, lonthe.
baluwarti =
bètèng.
balênggi =
blênggi: gombyok. blênggèn: nganggo gombyok.
badhong =
pawadonan.
bajra =
angin. bajrapati: prahara.
bayu =
angin. bayubajra: prahara.
baga =
pawadonan.
bagaskara =
srêngenge.
bagya =
bêgja, slamêt, bage. pambagya: pambage.
babu =
biyung.
bathara =
dewa.
bathari =
widadari.
bathara gana =
mega.
bathu =
urun. bathon: urunan.
bah rubah =
barubah: rusak. barubahing galih: rusaking ati.
bahna =
banjir.
bahni =
gêni.

--- 141 ---

bandana =
beka, tali. kabandana: ditalèni.
bandarakan =
padarakan: urakan. pidak bandarakan: turune wong urakan.
bantala =
lêmah. bantala rêngka: nêla.
bandhung =
gêdhe, sungsun. sumur bandhung: sumur gêdhe, sumur sungsun.
bangkit =
bisa, pintêr.
baskara =
srêngenge.
bagna =
rusak, ilang, lêbur. bagnawirya: ilang kamuktène.
banjar =
urut. bêbanjaran: urut-urutan. ambanjari: ngurut, mrênca.
bamban =
wiwit.
bra =
ratu, murub, ambranang, warata.
brana =
barang, tatu. nandhang brana: nandhang tatu, kataton. rajabrana: rajaning barang, mas intên.
brakara =
sulung.
brakithi =
sêmut.
brata =
laku, tapa. yogabrata: laku bêcik. tapa brata: laku tapa.

--- 142 ---

braja =
gêgaman.
brama =
gêni. bramastra: panah gêni.
bramantya =
bramatiya: muring, nêpsu.
bramara =
brêmara: kombang.
braminta =
susah.
brahma =
gêni.
brahmana =
pandhita lanang.
brahmani =
pandhita wadon.
brastha =
rusak, lêbur.
brangti =
susah, birai.
byantara =
ngarêpan. ngabyantarane: ing ngarêpane.
byakta =
yêkti, têmên. kabyaktan: kayêktènan.
byat =
bwat: abot. kabyatan: kabotan.
bina =
gila, anggilani. kabina-bina: kagila-gila.
birawa =
bungah, muruh, luwih rowa.
birat =
ilang.
bisama =
wicaksana.

--- 143 ---

bisik =
bisika: parab, juluk, jênêng. bêbisik: pêparab, jêjuluk.
bijang =
pundhak.
bijaksana =
wicaksana.
biyada =
prawan, wong wadon.
biyas =
pucêt, kucêm.
bima =
anggêgilani.
bimana =
abimana: linuwihing ati, ati bêcik.
bibi =
biyung.
binda =
tumpang. binda upaya: tumpanging paekan.
bintala =
gandhewa.
biksa =
lêlêmbut.
biksuka =
sapi.
blitar =
têmbaga.
blilu =
bodho. bodho blilu: bodho bangêt. blilu tau: bodho nanging wis tau.
belu =
jagang.
bèji =
tlaga, sêndhang, blumbang.
bèngkas =
ilang, rusak.

--- 144 ---

bolot =
dhangkal, rêgêding awak. kokot bolot: gêbèl dhangkal.
boja =
pangan. bojana: mangan. kêmbul bojana: pista. bojakrama: pasuguh, pambage.
boma =
bomantara: awang-awang.
boga =
pangan, rêjêki. sandhang boga: sandhang pangan. ngupa boga: golèk pangan.
bonglot =
lunga, oncat. mabonglot: oncat, ngoncati, nglungani.
bănda =
tlikung, tali, pêrang. bondawala: pêrang ijèn, pêrang tandhing. bondawala pati: pêrang ijèn rêbut pati. angrok bondawala pati: nglabuhi pêrang ijèn rêbut pati.
botrawi =
sêndhang.
brăngta =
birai, susah.
burat =
borèh.
budaya =
budi, pikir.
buwahpada =
dlamakan.
buja =
bau, tangan.
bujakara =
kêlat bau.

--- 145 ---

bujăngga =
ula gêdhe.
bumi =
lêmah.
bungkul =
wungkul: wutuh. bungkulan, wungkulan: wutuhan. sabungkul: sawutuh. wiji wungkul: wiji wutuh.
buntala =
panah, gandhewa.
bêsta =
bonda. kabêsta: kabonda.
bêntar =
dhuwur. sitibêntar: sitinggil.

Nga

ngacari =
ngancari: ngaturi.
ngacarani =
ngancarani: ngaturi, ambagèkake.
ngacintya =
andhêmêni.
ngaras =
ngambung.
ngarip-arip =
ngarêm-arêmi. pangarip-arip: pangarêp-arêp.
ngadiraga =
ngasrèni awak, manganggo bêcik.
ngadiyah =
ngluwihi.
ngawiyat =
awang-awang.

--- 146 ---

ngalika =
nêlik.
ngalul =
ngulinakake.
ngalunapung =
tansah nêpsu, têrus nêpsu.
ngapilangên =
nyumbana.
ngayap =
ngiringake, ngadhêp, ingayap: diiringake, diadhêp.
ngayubagya =
jumurung, nayogyani.
nganyut =
andudut. nganyut driya: andudut ati. nganyut tuwuh.
ngamandaka =
gawe-gawe, doracara.
ngamêr =
ngarih-arih, nglêmêsi, ngênêng-ênêngi.
ngandani =
ambêciki.
ngantaka =
matèni.
ngantyani =
nganti, manganti: ngêntèni.
ngandhêmi =
ngrungkêbi.
ngranuhi =
saya krasa, muwuhi.
ngratika =
nyipta.
ngrajaniti =
ngadili.
ngrantam =
nata, ngrancang, anggladhi, ngulinakake.

--- 147 ---

ngrantêg =
ngiyêg-iyêg.
ngrancana =
anggodha, nganggit, ngrêngga.
ngrancaka =
ribêd.
ngaksi =
nonton, andêlêng.
ngascaryani =
anggumuni, ngeram-eramake.
ngastawa =
nyêmbah, ngabêkti. pangastawèng ulun: pangabêkti kula.
ngastuti =
nyêmbah, ngabêkti. nawala kanthi pangastuti hamba: sêrat saha pangabêkti kula.
ngasthaka =
anggayuh, ngangkah.
nglancari =
nglêpasi.
ngisapu =
mangku.
ngimur =
nglimur: nglipur, ngarih-arih.
nginte =
nginjên. juru panginte: mata-mata, têlik.
ngisthawa =
nyana.
ngimpun =
ngumpulake.
nginggut =
mlirik, nglirik, mlerok.
ngripta =
nata, nganggit. pangripta: panata, panganggit, pangarang.

--- 148 ---

ngling =
kăndha, calathu.
ngrima =
anjambak.
ngèstrèni =
anjurungi, ngrujuki, nêksèni.
ngèstupada =
ngabêkti.
ngèpi =
nyêbari.
nguni =
biyèn, dhisik.
nguniwèh =
utawa.
ngucup =
ngucupi: nglêpasi. ingucup: dilêpasake.
nguruh =
ngunthuk.
ngudara =
mêtêng.
ngudakani =
ngilèni banyu.
nguswa =
ngambung.
ngulul =
ngrêngga. pangulul: pangrêngga.
ngupadi =
ngupaya, golèk, anggolèki.
ngujwala =
sumorot.
ngujiwat =
awèh ulat. ngujiwati: tansah awèh ulat. pujiwati: wong kang gawene awèh ulat.

--- 149 ---

ngumala =
sumorot.
ngênguwung =
sumorot, gumêbyar.
ngrujit =
nyuwèk, nyuwir, nganggit.
ngrurah =
ngrusak.
nglut =
ngoyak, amburu, ngêsuk.
ngumbara =
ngambara: mabur.
ngrumpaka =
ngrupaka, rumapaka:[16] nganggit, ngrêngga.
ngungkih =
ngangkah, ngarah.
ngrompak =
ambègal, ambajag.
ngong =
aku.
ngongkal =
nyongkèl, ambungkar, andhungkar.
ngêla-êla =
ngeman-eman, andama-dama, ngalêmbana. ingêla-êla: didama-dama, dialêmbana, dieman-eman.
ngêmasi =
mati.
ngêntar =
ambegal.
ngênting =
êntèk, ngêtog.
ngêndhanu =
anggamêng.

--- 150 ---

ngênjali =
mangênjali: nyêmbah.
ngêmbun =
mundhi.
ngrêngih =
ambrêngêngêng, rêngêng-rêngêng, ngidung.
ngrêmbaka =
kêtêl, ngrêmbuyung, ngrêmpoyok.
ngrênggêp =
nyêkêl.

--- 151 ---

Pathibasa: Kawi - Jarwa.

2. Pratelan namaning kewan-kewan.

anauti =
cacing.
arina =
kidang.
arimong =
macan.
alwang =
kalong.
andaka =
banthèng.
andini =
sapi.
ardawalika =
ula.
astati =
rayap.
asti =
gajah.
asmana =
pikat.
asthi =
gajah.
anjana =
gajah.
angsa =
banyak.
anggas =
ibêr-ibêran.
ituwa =
luwing.
uta =
lintah.
ujêl =
wêlut.
nauti =
cacing.
naga =
ula.
nagapati[17] =
ratuning ula.
nagaraja =
ratuning ula.
nagaji =
ratuning ula.
nagendra =
ratuning ula.
nitêh =
ulêr.
cakarwa =
mliwis putih.
caga =
bêburon.
canthoka =
kodhok.
cintaka =
manuk cêkaklak.
cucur =
manuk kêdhasih.
ramaja =
bajing.

--- 152 ---

rimong =
macan.
rewănda =
kêthèk.
rêkatha =
yuyu.
karaca =
kijing.
karêndhi =
mênjangan tutul.
kariti =
sêmut.
kaka =
gagak.
kaswada =
kalong.
kawêwang =
mêrak.
kaga =
manuk.
kambing =
wêdhus.
kratalasa =
bulus.
kramika =
ulêr.
kyama =
pênyu.
kitiran =
pêrkutut.
kejani =
lutung.
kukila =
manuk.
kuda =
jaran.
kutu =
tuma.
kuthila =
kêthèk.
kurma =
pênyu, bulus.
dirada =
gajah.
dipara =
gajah.
dipăngga =
gajah.
durma =
macan.
tanu =
blungon.
tala =
tawon.
tamuhana =
prênjak.
tidharsa =
manuk kêdhasih.
turăngga =
jaran.
sata =
pitik.
sawaja =
bêlo.
sawung galing =
jago atos.
salaba =
laron, sulung.

--- 153 ---

samadya =
gajah.
sardula =
macan.
sarpa =
ula.
sadpada =
kinjêng, kombang.
srawa =
sêmut.
swakuda =
jaran.
singanadi =
bajul.
singaranu =
baya.
slira =
mênyawak.
sukra =
cèlèng.
sundara =
bêkisar.
srênggala =
asu ajag.
wanara =
kêthèk.
wayasa =
gagak.
wanteya =
manuk garudha.
wardu gangga =
lintah.
wancak =
walang.
wraha =
cèlèng.
winaya =
anggang-anggang.
widhêng =
[...][18]
wiyăngga =
kodhok.
wriga =
kidang.
wre =
kêthèk.
wuling =
uling.
wêca-wêca =
kongkang.
wêgang =
tikus.
wêrcita =
cacing.
wêrka =
ulêr.
wêrjit =
cacing.
larwan =
laron.
layap =
rayap.
landhi =
mênjangan ranggah.
larwa =
gangsir.
lowe =
luwing.

--- 154 ---

lusi =
cacing.
lêmbi =
walang.
lêmbora =
iwak tămbra.
palwaga =
kêthèk.
pracika =
kala jêngking.
pragosa =
kêthèk.
pusika =
kucing.
dhandhang =
gagak.
dhangdhi =
gogor.
makala =
kancil.
madukara =
kombang.
madubrăngta =
kombang.
mandari =
mimi.
margapati =
macan.
matsika =
klabang.
manggala =
gajah.
mendaka =
cêmpe.
mong =
macan.
monging ranu =
baya.
musika =
tikus.
mundhing =
kêbo.
murti =
cêcak.
murti gung gora sabda =
têkèk.
gana =
tawon.
gardaba =
warak.
grêndaka =
banthèng kawak.
baki =
cèlèng.
basu =
têkèk.
brakara =
sulung.
brakatha =
[...][19]
brakithi =
sêmut.
bramara =
kombang.
biksa =
lêlêmbut.

--- 155 ---

biksuka =
sapi.
bujăngga =
ula gêdhe.

3. Namaning Peranganing Badan, Pangangge, sarta Rêrêngganing Badan.

asa =
pawadonan.
asada =
ilat.
antêlu =
êndhog.
irah =
jêrowan.
iku =
buntut.
istadha =
bathuk.
udara =
wêtêng.
utamangga =
êndhas.
usnipa =
tutup gêlung.
anggas =
gadhing.
nadya =
bêbayu.
nasika =
irung.
nala =
ati.
nabi =
wudêl.
nandi =
bêbayu.
netra =
mata.
newata =
panganggo.
nêbah =
tlapukan.
carana =
athi-athi.
carma =
walulang, kulit.
caksuh =
suluhan.
curiga =
kêris.
cuni =
panunggul.
cêmbing =
jenggot.
rajatadi =
mas intên.
riwe =
kringêt.

--- 156 ---

ruwastha =
ugêl-ugêl.
rukmi =
êmas.
kaosmurda =
kêthu.
karêndar =
sungsum.
kaki =
sikil.
kawaca =
kaprabon.
kawanda =
gêmbung.
kalingking =
jênthik.
kale =
pênding.
kalêntit =
itil.
karna =
kuping, sungu.
karni =
ambaning kuping, sungu.
kalpa =
ali-ali.
kalpika =
ali-ali.
kalbu =
ati.
kisi =
kancing gêlung.
keswa =
rambut.
kocika =
palanangan.
koce =
sondhèr.
koswa =
panganggo.
komis =
brêngos.
kurug =
kalung.
kurita =
rante.
kukya =
kuku.
kêning =
alis.
dara =
wêtêng.
darani =
caping.
drastha =
makutha.
drasthi =
alis.
driya =
ati.
dênta =
gadhing, untu.
tatab =
kêbuk.
taling =
kuping.
tyas =
ati.

--- 157 ---

tiwe =
swiwi.
tungkat =
têkên.
têkit =
cêthik.
sarija =
itil.
sadak =
kancing gêlung.
salemuka =
pilingan.
sandhang walikat =
kêris.
sardala =
siyung.
sikara =
tangan bau.
singsim =
ali-ali.
sèntèl =
kempol.
sonya =
suwêng.
suweda =
driji.
sulaksana =
awak.
sulastri =
patrêm.
sêlah =
kêmbên.
wacu =
klambi.
waju =
klambi.
waga =
pawadonan.
wanda =
awak.
wardaya =
ati.
waktra =
rai.
wastra =
jarit.
waspa =
êluh.
wiso =
usus.
wismaka =
kêthu.
wèni =
rambut.
lanat =
cucuk.
lak-lak =
têlak.
lidhah =
ilat.
lik-lik =
sêntil.
locana =
pasuluhan.
ludaka =
cêthik.

--- 158 ---

ludira =
gêtih.
ludhaha =
idu.
lungaya =
gulu.
lêmak =
gajih.
pani =
godhoh.
panika =
palanangan.
pacu =
sikut.
pada =
sikil.
paduka =
sikil.
palam =
daging.
payudara =
susu.
paksa =
uwang, swiwi, bau.
pranaja =
dhadha.
praswa =
githok.
prastha =
githok.
prasthi =
alis.
prambayun =
susu.
puhun =
jêmpol.
purus =
palanangan.
pêrot =
usus.
dhara =
wêtêng.
dhiri =
awak.
dhêsthi =
alis.
dhrêstha =
siyung.
jalagra =
riyak.
jaludha =
gadhing.
jatha =
siyung.
johar =
sêsotiya.
jêngku =
dhêngkul.
manik =
sêsotiya.
mirata =
maras.
mèdi =
silit.
muka =
rai.
murda =
êndhas.

--- 159 ---

gliga =
uci-uci.
griwa =
cêngêl.
gutis =
sikut.
guluda =
gorokan.
bauwarna =
gêlang.
badhong =
pawadonan.
baga =
pawadonan.
bijang =
pundhak.
burat =
borèh.
buwahpada =
dlamakan.
buja =
bau.
bujakara =
kêlat bau.

4. Namanipun Têtuwuhan, Sêsêkaran sarta Sowohan.

alaya =
jae.
agêr-agêr =
ganggêng.
ambawang =
pakèl.
canga =
lombok.
cêndhani =
cêndhana.
cêthèthèt =
kêcipir.
ratuh =
lumut.
rayung =
glagah.
rangin =
dhadhap.
randhêh =
randhu.
risakan =
kiring.
rondhon =
godhong.
rutan =
pênjalin.
rêwawa =
luntas.
kêkatang =
sukêt.
kalurak =
kapundhung.

--- 160 ---

kamal =
asêm.
kamijara =
sêre.
kroya =
waringin.
kunira =
kunir.
kuranji =
asêm.
kurita =
oyod.
kusuma =
kêmbang.
kumuda =
kêmbang tunjung.
kêtur =
cêndhana.
kêndhuru =
wit gêndhuru.
dukut =
sukêt.
duryan =
durèn.
tahên =
kayu taun.
taratya =
wit trate.
taru =
godhong.
taruwara =
kêkayon.
tarkas =
endhong.
tangke =
êpang.
tilarsa =
lêmpuyang.
timuna =
timun.
trêna =
êlung.
sahang =
mrica.
saing =
cabe.
sarasidya =
kêmbang trate.
sari =
kêmbang.
salatara =
woh mlandhingan.
singgang =
poke dami.
sumarsana =
kêmbang kanthil.
sêrah =
suru.
warêgung =
gudhe.
wratsari =
kêmbang cêpaka.
wratmaka =
kêmbang gambir.
winata =
kêmbang tunjung.
wila =
maja.

--- 161 ---

wilaja =
maja alas.
wipanca =
dlima.
wot =
oyod.
wulon =
rambutan.
wêtis =
pace.
wêlada =
êlo.
wrêksa =
kayu.
lata =
oyod.
latuha =
lumut.
latang =
latêng.
lalang =
alang-alang.
ladha =
lombok.
limaya =
jêruk.
limus =
timun.
limbe =
kimpul.
luda =
tlutuh.
lêngis =
waru.
parai =
timun.
patra =
godhong.
pala =
uwoh.
palarêkta =
bolu.
pantên =
pari.
pandhana =
pandhan.
padma =
kêmbang tunjung.
pudhaka =
kêmbang pandhan.
puspa =
kêmbang.
puspakrêsna =
tlasih.
puspita =
kêmbang.
dhadhak =
tlutuh.
dhukut =
sukêt.
jirak =
kapundhung.
jugul =
boncis.
jêring =
jèngkol.
nyu, ênyu =
cêngkir.

--- 162 ---

mandira =
wit waringin.
manggistha =
wit manggis.
grandim =
jagung.
gile =
katumbar.
gintungan =
woh kusambi.
gêrot =
bondhot.
gêtêm =
bêton kaluwih.
gurda =
kayu wringin.

Hak Pengarang Kaayoman Staatsblad. Sêrat punika bilih tanpa tăndha tangan, botên afsah kawontênanipun

Boekh S. M. DIWARNO

[Tanda tangan]

--- [163] ---

ERRATA[20]

--- [164] ---

[...]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


Tanggal: musnèng batang angèsthi wiji (AJ 1860). Tahun AJ 1860 jatuh antara tanggal Masehi: 9 Juni 1929 sampai dengan 29 Mei 1930. Ada perbedaan satu tahun antara tanggal publikasi tersebut (1931) dan sangkala ini. (kembali)
awan. (kembali)
lèrèn. (kembali)
anindita. (kembali)
kêtigên. (kembali)
ora. (kembali)
nganggo. (kembali)
rasa. (kembali)
santosa. (kembali)
10 sêru. (kembali)
11 ajêg. (kembali)
12 wowo. (kembali)
13 wangkawa. (kembali)
14 pèrèng. (kembali)
15 isih. (kembali)
16 rumumpaka. (kembali)
17 Entri ini dibagi menjadi empat entri: nagapati, nagaraja, nagaji, nagendra. (kembali)
18 yuyu. (kembali)
19 sulung. (kembali)
20 Ralat sudah langsung dimasukkan dalam teks. (kembali)