Salisir Kagêm Gerongan, Padmasusastra, 1898, #1351

JudulCitra
Terakhir diubah: 12-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Anggitan Dalêm Sampeyan Dalêm kaping IX.

Sêkar Salisir Kagêm Gerongan

1. Salisir

1. kinanthi têmbang tinêmbung | calunthang laguning gêndhing | binarung swara ambarung | kalênglêngan kang miyarsa ||

2. ras-arasên sru kapencut | cikating têmbung mèt swara | rarasing gêndhing mrih jumbuh | bungah kang samya nênabuh ||

3. bêbukaning gêndhingipun | salendro pathêtnya sanga | Găndakusuma têmbang gung | kang ngripta jêng sri narendra ||

4. Surakarta ping sangèku | mrih sukaning para sunu | ingkang karsa têtêmbangan | winoring gêndhing mrih runtut ||

5. dumadya mardawèng kidung | kusuma wirotamadi | widagda ing rèh sukarja | lumuntur rêna martasih ||

6. pangrêmbe sang Pandhusunu (Rarasati) | rarasing driya tumuntur | kurênya Bathara Wisnu (Sri) | lir pendah srining udyana ||

7. kawining sêkar tinêmbung (puspita) | puspitabra măncawarna | Sri Arjunayana putra (Găndawati) |

--- 233 ---

sumrik gandanya mênuhi ||

8. kramaning pulas winangun (warna) | lan taru-taru mawarna | nêdhêng ingkang gora rupa (mariyêm) | riyêm-riyêm angrêmbaka ||

9. jingga winor lawan pingul (dadu) | wilis jênar wungu dadu | kadange kang yayah wrêdha (uwa) | kèh mawa gănda arum mrik ||

10. dene pangodoting etung (kaping) | katiyup ing samirana | lungsene anuju ratri (dalu) | lumrang arume mranani ||

11. ron mlinjo sanèng wanagung (tangkil) | sumrambah kang samya nangkil | pasugataning wicara (tanduk) | katandukan ruming sari ||

12. woh tiris lungse pangundhuh (kiring) | sumyah angga niring lêsu | klabang lit kang mawa praba (rêna) | dumadi suka pirêna ||

13. garwa Brama sang rêtnèng rum (Rarasati) | wus dangu sangsaya raras | prabaning kang ngantariksa (lintang) | abyoring lintang kumêlip ||

14. sotyadi nèng karna mungguh (suwêng) | titi sonya têngah wêngi | tirta maya (bêning) swarèng singa (ho) | sung ascaryaning [a...]

--- 234 ---

[...scaryaning] umèksi ||

15. kramaning suwalèng kayun (padu) | kèh kadulu ngantariksa | wanita wus lalumăngsa (nini-nini) | gumêbyar sorot mranani ||

16. sirakting bramara arum (madu) | woh enggar ingkang dêdulu | darpaning kang nungsang praja (dahuru) | myat daru kartika ngalih ||

17. gurating muka mrih suluh (pupur) | sêdhênge purnamasidhi | manêsêp kaswaning rena (inya) | lawênya amaratani ||

18. tiyubing angin tumêmpuh (isis) | kaisisan wrining ima | pramukaning waranggana (Supraba) | prabane sumunar wêning ||

19. karsa kang durung kawêtu (êsir) | mangkin gumingsiring dalu | warana solahing wayang (kêlir) | lir ambêking amêgat sih ||

20. dewadi cahya umancur (asmara) | tanpanolihèng asmara | lindrining netra kêkalih (riyêm-riyêm) | lintang ariyêm araras ||

21. rêrêgêd kentaring ranu (sarah) | samana gagat raina | ima seta kang tumêlung (mega) | megabang katon sumirat ||

22. jawataning samodra [sa...]

--- 235 ---

[...modra] gung (Baruna) | wetan soroting aruna | tulang mijiling panuduh (kuku) | sasăngka kulêm prabanya ||

23. satriya wijiling gunung (bambang) | tandya brangêngênging kombang | parabe sang kasatriyan (Panji Priyêmbada) | li[1] swaraning priyêmbada ||

24. manêsêp sarining santun | mangrurah puspita mamrih | mèt madu riwusnya antuk | sadpada muluk ngambara ||

25. sêkar sarinya wus ruru | kang mèdêm mandarèng warna | pinarwasa ing sadpada | têmahan ambabar gănda ||

26. gumarênggêng kang tawon gung | rumarah mara mangungsir | manêsêp sarining sêkar | kongkih madune wus kêndhih ||

27. tan rusak sêkare wutuh | malah mandar tinon mawur | mawuring rupa sawarna | dadya langêning pandulu ||

28. lumalat andudut kalbu | lir mangkana isthanira | rumênggêp rarasing driya | kabudayaning kagunan ||

29. mangayubagya sumuhun | sagung kadang warga kumpul | amung rèh manadukara | widada salaminira ||

30. tinêngran [tinêngra...]

--- 236 ---

[...n] ri Soma nuju | lèk kaping pănca sitèngsu | Sapar Je angrasa purna | pangèsthining pra atmaja |[2][3]|

 


lir. (kembali)
§ = 1806. (kembali)
Tanggal: Soma (Sênèn) pănca (5) Sapar Je: angrasa purna pangèsthining pra atmaja (AJ 1806). Tanggal Masehi: Senin 19 Februari 1877. (kembali)