Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42)

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Gondhö Pangrawit

Buk Padhalangan

Tahun Ehe 1836

1906

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Gondhö Pangrawit

13/1 '36

njang poenja ini boekoe

[Tanda tangan: K. M. Gondopangrawit]

[Tanda tangan: Gondopangrawit]

[Tanda tangan: Gondopangrawit]

--- [0] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1
ÔngkaWuku
1wuku Sinta
2wuku Landêp
3wuku Wukir
4wuku Kurantil
5wuku Tolu
6wuku Gumbrêg
7wuku Warigalit
8wuku Warigagung
9wuku Julungwangi
10wuku Sungsang
11wuku Galungan
12wuku Kuningan
13wuku Langkir
14wuku Môndhasiya
15wuku Julungpujud
16wuku Pahang
17wuku Kuruwêlut
18wuku Marakèh
19wuku Tambir
20wuku Madhangkungan
21wuku Maktal
22wuku Wuye
23wuku Mênail
24wuku Prangbakat
25wuku Bala
26wuku Wugu
27wuku Wayang
28wuku Kulawu
29wuku Dhukut
30wuku Watugunung

Dhandhanggula

Sinta landêp wukir lan kurantil | tolu gumbrêg wrigalit gagungnya | julung sungsang galungane | kuningan langkiripun | siya pujut pahang anuli | wêlut mrakèh tambirnya | mêdhang maktal wyèku | manail miwah prangbakat | bala wugu wayang kulawu anuli | dhukut myang selacala ||

--- 1 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1
III
Ing SasiTanggal Sapisan ing DinaAlip LangkirAlip Kulawu
SuraRêbo WageLangkirKulawu
SaparJumungah WageKuruwêlutLandêp
MuludSêtu PonMaktalGumbrêg
RabingulakirSênèn PonWuguGalungan
JumadiawalSlasa PaingSelacalaJulungpujud
JumadiakirKêmis PaingKurantilTambir
RêjêbJumungah LêgiWarigagungMênail
RuwahAkat LêgiLangkirKulawu
PasaSênèn KaliwonKruwêlutLandêp
SawalRêbo KliwonMaktalGumbrêg
DulkangidahKêmis WageBalaSungsang
BêsarSaptu WageDhukutMôndhasiya
Wage1835 | Kg | 1835 | (1883) | {1883}Kangge 1843

--- 2 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1
III
Ing SasiTanggal Sapisan ing DinaEhe LangkirEhe Kulawu
SuraAkat PonKurantilTambir
SaparSlasa PonWarigagungMênail
MuludRêbo PaingKuninganWayang
RabingulakirJumungah PaingPahangSinta
JumadiawalSaptu LêgiMadhangkunganTolu
JumadiakirSênèn LêgiBalaSungsang
RêjêbSlasa KliwonDhukutMôndhasiya
RuwahKêmis KaliwonWukirMrakèh
PasaJumungah WageWarigalitWuye
SawalAkat WageKuninganWayang
DulkangidahSênèn PonPahangSinta
BêsarRêbo PonMadhangkunganTolu
1852

--- 3 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1
Ing SasiTanggal Sapisan ing DinaJimawal LangkirJimawal Kulawu
SuraJumungah PonPrangbakatJulungwangi
SaparAkat PonDhukutMôndhasiya
MuludSênèn PaingWukirMrakèh
RabingulakirRêbo PaingWarigalitWuye
JumadiawalKêmis LêgiGalunganWugu
JumadiakirSabtu LêgiJulung PujudSelacala
RêjêbAkat KaliwonMadhangkunganTolu
RuwahSlasa KliwonPrangbakatJulungwangi
PasaRêbo WageKulawuLangkir
SawalJumungah WageLandêpKruwêlud
DulkangidahSaptu PonGumbrêgMaktal
BêsarSênèn PonGalunganWugu

--- 4 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1
Ing SasiTanggal Sapisan ing DinaJe LangkirJe Kulawu
SuraSlasa PaingJulungpujudWatugunung
SaparKêmis PaingTambirKurantil
MuludJumungah LêgiMênailWarigagung
RabingulakirAkat LêgiKulawuLangkir
JumadiawalSênèn KaliwonLandêpKruwêlut
JumadiakirRêbo KliwonGumbrêgMaktal
RêjêbKêmis WageSungsangBala
RuwahSaptu WageMôndhasiyaDhukut
PasaAkat PonTambirKurantil
SawalSlasa PonMênailWarigagung
DulkangidahRêbo PaingWayangKuningan
BêsarJumungah PaingSintaPahang

--- 5 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1
Ing SasiTanggal Sapisan ing DinaDal LangkirDal Kulawu
SuraSaptu LêgiToluMadhangkungan
SaparSênèn LêgiSungsangBala
MuludSlasa KliwonMôndhasiyaDhukut
RabingulakirKêmis KaliwonMrakèhWukir
JumadiawalJumungah WageWuyeWarigalit
JumadiakirAkat WageWayangKuningan
RêjêbSênèn PonSintaPahang
RuwahRêbo PonToluMadhangkungan
PasaKêmis PaingJulung WangiPrangbakat
SawalSaptu PaingLangkirKulawu
DulkangidahAkat LêgiMrakèhWukir
BêsarSlasa LêgiWuyeWarigalit

Babonipun tanggal 1 Sura, Ngat Paing, Gumbrêg :Maktal

Babonipun tanggal 1 Sawal Saptu Paing, Môndhasiya: Dhukut

--- 6 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1
Ing SasiTanggal Sapisan ing DinaBe LangkirBe Kulawu
SuraKêmis LêgiWuguGalungan
SaparSêtu LêgiSelacalaJulungpujud
MuludNgat KaliwonToluMadhangkungan
RabingulakirSlasa KliwonJulungwangiPrangbakat
JumadiawalRêbo WageLangkirKulawu
JumadiakirJumungah WageKruwêlutLandêp
RêjêbSaptu PonMaktalGumbrêg
RuwahSênèn PonWuguGalungan
PasaSlasa PaingWatugunungJulungpujud
SawalKêmis PaingKurantilTambir
DulkangidahJumungah LêgiWarigagungManail
BêsarNgat LêgiLangkirKulawu
(1864)
(1879)

--- 7 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1
Ing SasiTanggal Sapisan ing DinaWawu LangkirWawu Kulawu
SuraSênin KaliwonKruwêlutLandêp
SaparRêbo KliwonMaktalGumbrêg
MuludKêmis WageBalaSungsang
RabingulakirSaptu WageDhukutMôndhasiya
JumadiawalNgat PonKurantilTambir
JumadiakirSlasa PonWarigagungMênail
RêjêbRêbo PaingKuninganWayang
RuwahJumungah PaingPahangSinta
PasaSaptu LêgiMadhangkunganTolu
SawalSênèn LêgiBalaSungsang
DulkangidahSlasa KliwonDhukutMôndhasiya
BêsarKêmis KaliwonWukirMrakèh

--- 8 ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1
Ing SasiTanggal Sapisan ing DinaJimakir LangkirJimakir Kulawu
SuraJumungah WageWarigalitWuye
SaparNgat WageKuninganWayang
MuludSênèn PonPahangSinta
RabingulakirRêbo PonMadhangkunganTolu
JumadiawalKêmis PaingPrangbakatJulungwangi
JumadiakirSaptu PaingKulawuLangkir
RêjêbNgat LêgiWukirMrakèh
RuwahSlasa LêgiWarigalitWuye
PasaRêbo KliwonGalunganWugu
SawalJumungah KliwonJulungpujutSelacala
DulkangidahSaptu WageTambirKurantil
BêsarSênèn WagePrangbakatJulungwangi
(1882)

--- [9] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Ing ngandhap punika dintên anuju dhawahing taliwangke

BudhandêpRêbo Paing = Landêp
RêspatilitKêmis Pon = Warigalit
SukraninganJumungah Wage = Koeningan
Tumpak luteSêtu Kliwon = Koeroeweloet
SomayeSênèn Kaliwon = Woeje
AnggarayangSlasa Lêgi = Wajang

1. Wuku Sinta dewa bumi Bathara Yamadipati, kayu kandhayakan, watêke dadi pangaubane wong lara lan wong kangelan. Manuke gagak, watêke wruh ing wangsit, gêdhonge ana ngarsa, watêke ngatonake donyane, mandhi umbul-umbul, watêke ana kamulyane wong wuku Sinta iku, pradikane wuku Sinta, lintang karahinan, watêke tan sarèh budine, kêbat budi tanpa dadia, bilaine satêngah tuwuh tur tandrêman, sidhêkahe sêga pulên dang-dangan bêras sapitrah, iwake kêbo pinindhang tukon 21 kèthèng aja nganyang, dongane tulak bilai, Bathara Yama sukune wuri kakobok toya, watêke parentahe panas ngarsa asrêp wuri.

--- [10] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Kala ana wetan marêp ngulon 7 dina aja marani kala.

Akat Paing: Dèwi Sri wontên ngandhap. Sênèn Pon Endra aryang.

Slasa Wage Dewa Guru wurungkung.[1] Rêbo Kliwon, Dewa Yama, paningron dangu.

Kêmis Lêgi, Dewa Lodra, nuju uwas jagur. Jumungah Paing, Dewa Brama mawulu gigis.

Sêtu Pon, Dewa Kala, Tungle, kerangan, tumuruning sapi gumarang.

2. Wuku Landêp dewa bumi Bathara Mahadewa, kayune kandhayakan, watêke dadi pangaubane wong lara, lan wong minggat, manuke atatkêmbang, dadi ingon-ingoning wong agung, karêm angawula wong kang wuku Landêp, gêdhonge ana ing ngarsa, watêke ngatingalakên donyane, sukune wuri kêkobok warih, parentahe adhêm wuri panas ngarsa wong kang wuku Landêp iku pradikane wuku Landêp surating raditya, amadhangi atining wong sapêpadhane, bilaine karubuhan kayu, têtulake tumpêng dang-dangan bêras sapitrah, iwake mênjangan, kinalak ginêcok lan binakar slawate 4 kèthèng dongane kabula.

Kalajaya bumi ana kulon marêp ngetan, 7 dina aja marani kala.

Akat Wage, Dewa Uma, aryang nohan. Sênèn Kaliwon Dèwi Sri, wurungkung wogan.

Slasa Lêgi Dewa Endra, paningron, nuju tulus. Rêbo Paing, Dewa Guru, nuju uwas, wurung taliwangke.

Kêmis Pon Dewa Yama, mawulu nuju dadi, Jumungah Wage Dewa Lodra Tungle Dangu nuju turuning cèlèng têmbalung, Sêtu Kliwon Dewa Brama aryang jagur sêngkaning kuthilapas.

3. Wuku wukir dewa bumi Bathara Mahayêkti, kayune nagasari, bagus warnane tur anduwèni prihatin, manuke manyar, tan kêna kaungkulan budine, beda lan manusa kathah, banyu jêmbangan nèng ngarsa, watêke

--- [11] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Budine andhap asor, watêke gunung sakgon-ênggon kudu angrèh, gêdhonge ana ing ngarsa, watêke ngatingalakên donyane, pradhah wong kang wuku wukir, gunung asri katon tiningalan, yèn pinaranan ambêbayani têgêse tan kêna sinêdya budine, bilaine kinaniaya, têtulake sidêkahana sêga wuduk dang-dangan bêras sapitrah, ulame ayam putih, sawayahe dèn olah lêmbaran, dongane rajukna, kuluban warna 5 slawate 5 kèthèng. Kala ana kidul wetan marêp ngalor ngulon, 7 dina aja marani kala.

Akat Lêgi, Dewa Kala, Wurukung, nuju gigis, sêngkaning Srigati. Sênèn Paing Dewa Uma, Paningron, kerangan. Slasa Pon Dèwi Sri, Uwas nohan, Rêbo Wage Dewa Endra, mawulu wogan. Kêmis Kaliwon Dewa Guru Tungle nuju tulus.

Jumungah Lêgi, Dewa Yama aryang wurung. Sêtu Paing Dewa Lodra wurungkung nuju dadi, tumruning asu ajag.

4. Wuku Kurantil, dewa bumi Bathara Langsur, kayune ingas, watêke panasbaranan ananging alon, manuke slindhitan, watêke tan bisa nganggur, gêdhonge mlumah gumuling ngarsa, watêke lèrwèh tan bisa simpên sarta boros, angiwakke banyu, watêke budi ngiwa, mawi umbul-umbul, ana kamulyane wong kang wuku Kurantil, wuku Kurantil Anggara Kasih nuju wogan, têgêse nora lana budine, bilaine mêmènèk, sidêkahe sêga dang-dangan bêras sapitrah, ulame ayam lurik sawayahe, dongane pina, slawate 7 kèthèng.

Kala ana ngisor marêp mandhuwur, 7 dina aja mêmènèk lan aja dhudhuk-dhudhuk.

Akat Pon Dewa Brama paningron dangu, tumruning sapi gumarang. Snèn Wage Dewa Kala uwas jagur.

Slasa Kliwon Dewa Uma, uwas nuju gigis. Rêbo Lêgi Dèwi Sri kerangan.

Kêmis Paing, Dewa Endra, aryang nohan. Jumungah Pon, Dewa Guru wurungkung wogan

--- [12] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Sêtu Wage Dewa Yama, paningron tulus, tumuruning cèlèng têmbalung.

Sigêg

Ing ngandhap punika dintên anuju dhawahing sampar wangke, wontên ing dintên Sênèn (aryang).

1. Warigalit, 2. Bala, 3. Langkir, 4. Sinta, 5. Tambir.

Kangge pangengêt-engêt ngangge têmbung cêkakan wabalangsita.

Ing ngandhap punika dintên anuju dhawahing dhungulan utawi dhêndhan kukudan, pangapêsaning dewa wontên ing wuku Galungan.

1. Akat Paing, 2. Sênèn Pon, 3. Slasa Wage.

--- [13] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Ada-ada Hastakuswala

gagrag andhêmaningkang | jaranira mangrik | sang narpaputra gantya manitih | pamêkaking sudarsana dahat | manjing lak-lakaning kuda | manaut agêming jurit ||

Ada-ada Baladewa duka

duk samana Sri Baladewa miyarsa mring aturira | èstu kengis dukanira | jaja bang mawinga-winga | nityandik mangondar-andir | kêjèp padoning lathi ||

Pathêt sastradatan

mawantu witaning gita | ginupitèng kandhanira risang | gôndawastratmaja | sabêdhahing Jodhipati | punggawa samya anungkul | branèstri wus kaboyongan | tan ana sawalèng driya | sigra kondur sawadya | samarga rame gumuruh | dalu kèndêl masanggrahan | ngunggar sukaning wadya | rinilan sakarsanira | dènirandon ôndrawina ||

Pathêt Sanga

mangu-mangu manguwung | wang-wang winangun mangêni | nênangi onênging nala | lam-lamên ing driya | rarasing driya rèhira | risang Parta Pandhusiwi | satriya ing Madukara | winangun duk bratayuda | tandhing lan Narpati Karna | narèswara ing Ngawangga | tur kadangira priyangga ||

--- [14] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Ada-ada

gya mangsah Kuru Nata | sigra pinapag | de Bima marayaka | kanggêg mundur mangunggut-unggut | kalayu munggwing kadohan ||

Ada-ada

adan prapta prahara gora walikan | bayu mêsês ngirit kang pôncawara | mikalpa lan bayubajra

Mênthang Gandewa

mênthang gandewa sudibya bintala rinukmi gadhing | kaya kayu kumuning | anrusing gigir | praptèng jaja surarara | manjing pakêkêsaningkang | dharat prapta lancaran panah | tanpa katon ||

Ada-ada (Bima)

Bima palguna wruh sêkaring toya | alun gulung-gulungan | parang paku diridikung | kathah karangan pêjah | kapêthuk maragati cacebolan ||

Ada-ada

wang-wang èsmu kabrangas | kengis kongas jaja bang mawinga-winga | kêjèp padoning lathi | netya kocak mangondar-andir ||

Ada-ada (Wrêkudara)

Bima Palguna | wruh sêkaring toya | alun gulung-gulungan | apan prapta prahara | gora walikan | bayu mêsês ngirit kang pôncawara | mikalpa lan bayu bajra ||

--- [15] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

gagrak andhêmaningkang jaran ngrik magalak | gênti manitih | pamêkaknira risang | sudarsana dahat | kêndhali rangah manjing lak-lakan kuda ngrik mijil rah | kadya tuk sumarambah | yaksa têmahan krura sru manaut | yitna sang narpatmaja ||

Ada-ada

wang-wang èsmu kabrangas kengis dukanira | jaja bang mawinga-winga | netyandik mangondar-andir | kêjèp padoning lathi | kadya sirna jagad raya ||

ya ta umangsah krodha Kuru Nata | sigra pinapag | de Bima marayaka | kanggêg mundur mangunggut-unggut | kalayu munggwing kadohan ||

Bima Palguna wruh sêkaring toya | alun gulung-gulungan | prahara gora walikan | bayu mêsês ngirit kang pôncawara | mikalpa lan bayubajra ||

Mênthang Gandhewa

mênthang gandhewa dibya | bintala rinukmi gadhing | kaya kayu kumuning | anrusing gigir | praptèng jaja surarara | manjing pakêkêsaningkang | dharat prapta lancaran | panah tan katon ||

--- [0] ---

[24 halaman kosong]

--- [16] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Pocapan Wrêkudara

Kocapa Radèn Arya Warkudhara cancut taliwônda, cancut cincing taliwônda cawêtan. Angrasuk busana, apa busanane Radèn Arya Warkudhara, gêlung minangkara, cundhuk mas rineka jaroting asêm. Sumping pudhak sinumpêt. Tinatah balibar manggis. Anting-anting tunggul maniking toya, kalung nagabônda, gêlang côndrakirana. Dodot polèng bang bintulu, lancingan cindhe puspita, kinancing grudha kancana, porong wastane. Pangagêmane Radèn Arya Warkudhara, kinarya pratôndha duwe têgês dhewe-dhewe:

1. Gêlung minangkara, èndhèk ngarêp dhuwur buri, pranyata sinatriya bisa minta aksama, waspada lungguhing kawula gusti, kêna sinêbut jalma patrap. Mila wiwit timur dumugi samangke durung tau sinaru ing sapadhane.

2. Cundhuk mas rineka jaroting asêm. Radèn Wrêkudara têka wuwuh kajarotane, kabèh titahing dewa padha wêdi lawan asih.

3. Sumping pudhak sinumpêt. Tinatah balibar manggis. Pranyata Radèn Arya Warkudara mung anindakake sabênêre, bisa nyumpêt basa ala lan bêcik, wong kang ala dèn alani wong bêcik dèn bêciki, jaba jêrone padha, jaba 5 jêro 5.

4. Anting-anting tunggul maniking toya, pranyata Radèn Wêrkudara sukci panggalihe, mung nganggo sabênêre. Cuplak andhêng-andhêng yèn ora pêrnah dununge cinukil binuwang têbih, bau kiwa bau têngên yèn ala sinêmpal pribadi.

--- [17] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

5. Kalung Nagabônda, naga têtêngêr, bônda karosan. Pranyata Warkudara dadya panêngran panênggaking Pandhawa, yèn mêtu kanêpsone, kabèh titahing dewa tan ana bisa ngêmbari ing karosane.

6. Gêlang Côndrakirana, côndra sasi, kirana sorot. Pranyata Radèn Arya Warkudara waspada sorot sirating dumadi, dadya cuplak andhêng-andhênging bawana, sayêkti tan kênaning pati, tanggal nom katon ênom, tanggal tuwa katon mêjana. Wrêkudara uga bisa sirna, nanging sirnaning barêng kalawan jagad. Besuk yèn wus jagad ginulung kari samrica binubut, ing kono sirnane Wrêkudara. Yèn arêp nyatakake mêtua wayah bangun raina, tumêngaa mandhuwur, sayêkti wruh wayangane Wrêkudara, nganggrang ingaranan lintang Bimasêkti.

7. Kuku Pôncanaka, kuku kukuh pônca lima, kukune Wrêkudara lima sisih, padha dawane, nanging mung katon sawiji, luwih ampuh ingaranan kuku pôncanaka. Pranyata Wrêkudara dadya suh pikukuhing Pandhawa lima. Kukunipun Wrêkudara mila ampuh dening Hyang Singa ingkang manuksma manggèn ing pôncanaka. Pranyata sinatriya ing sadina-dina, tansah anggêgêm siyunge Sang Bathara Singa.

8. Dodot polèng bang bintulu, rikala Warkudara puruhita Hyang Ruci Dewa, antuk kanugrahaning jawata, anon cahya môncawarna, sigra inganggit kinarya busana, wêrnane abang irêng kuning putih, duwe têgês dhewe-dhewe. Abang marang kanêpson,

--- [18] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

irêng kalanggêngan, kuning abyoring busana, putih kasukcèn.

9. Lancingan cindhe puspita kinancing grudha porong wastane. Wrêkudara tumitah ing ngarcapada, datan bisa mabur, nanging lumpate kêna diêndêlake, sarta kêna kinarya panêngran ura-uruning praja, yèn kancikan parangmuka, sanadyan nagara ing Ngamarta kariya saiyubing payung, yèn garudha porong thinuthuk maksih angangkang, sayêkti tan kênaning bêdhah.

Ing mangke Radèn Arya Wêrkudara arsa lumumpat, matak aji ungkal bênêr, kinarya babad ing dêlanggung, kang arawe-rawe rantas, kang amalang-malang putung. Sarta dèn iring bayu pitu cacahe.

{ Ada-ada }

1. Bayu bajra, bayuning buta, saka yaksa jajalwrêka,[2] 2. Bayu sindhung, bayuning gunung, Gunung Maenaka, 3. Bayu suduk, bayuning ula, Sang Hyang Anantaboga, 4. Bayu Angliwawar, bayune Manuswa, bayune dhewe, 5. Bayu Nangkurat, bayuning kêthek, bagawan Anoman, 6. Bayu Nilapracondha, bayuning gajah, gajah Sindubônda,[3] 7. Bayu Kenala, bayuning manuk, Rêsi Gathayu. {Ada-ada trus sampak}

Ngandhap punika pocapan Gathutkaca.

Mangkana Radèn Gathutkaca, ngrasuk busana. Apa busanane Radèn Arya Gathutkaca. Gêlung sinapit urang cinandhi rêngga, sinôngga ing praba, ajêjamang sungsun tiga, sumping mangkarawistha kinancing ing grudha mungkur, ulur-ulur naga mangangrang, kêlat bau sarparaja. Gêlang kana gêlang gôngsa, pranyata sinatriya Prabu Pringgadani miyos bacingah. Kampuh parangrusak pinarada, clana cindhe puspita. Uncal wastra uncal kêncana. Wusnya ngrasuk busanane dhewe, ngrasuk pusaka paringing Hyang Girinata:

1. Wasunanda, ana udan nora kodanan ana panas nora kêpanasên,

2. Kotang ôntakusuma, kuwasa gêgana tanpa êlar, kasut pada kacrêma, kinarya ngambah lêmah sangar kayu angkêr dadi tawa, ing mangke arsa gêgana mlintir gumbala, gêgêt waja sampeyan binandul ambal kaping tri, jêjak bantala mandhêlong trus kasapta pêsate satriya Prabu Pringgandani kaya thathit.

--- [19] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Punika Pocapan Jêjêr

Syuh rêp datapitana

Syuh rê[4] datapitana, anênggih wau ta kocapa, nagari pundi ingkang kaeka adi dasapurwa. Eka marang sawiji adi linuwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan, wênang ingucapna kinarya bêbuka. Sanadyan kathah titahing Hyang Girinata, kang kasôngga ing pratiwi, kaungkulan ing akasa, kaapit ing samodra kathah kang sami anggana raras, botên wontên kados ing nagari /... /. Dhasar nagara panjang apunjung, pasir wukir loh jahnawi,[5] gêmah ripah karta raharja, mila winastan panjang apunjung, dene nagara dawa pocapane adoh kuncarane luhur kawibawane, sugih wadyabala rakiting pura munggul akutha, kêkojor amajupat, bêbasan nagari pasagi panjang wiyaripun sami. / pasir awukir, [a...]

--- [20] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

[...wukir,] dene nagara ngajêngakên samodra ngungkurakên parêdèn, kaapit ing pasabinan, anêngênakên bangawan amangku bandaran agêng, / loh jahnawi dene lulus[6] kang sarwa tinandur, sabên patêgalan asri kawuryan. Murah kang sarwa tinuku gêmah aripah dene kawula kang adagang layar sangking nagari ing ngamônca, têka lunga anggili tan ana pêdhote, / mila winastan karta raharja dene kawula dhusun kang among tani ngingu bèbèk ayam tanpa kinandhangan, kêbo sapi tanpa cinancang, yèn rina andhèr wontên ing pangonan, yèn wancining dalu samya wangsul mring prênahe sowang-sowang. Sangking kalising durjana têbih ing parangmuka, dene para wadyabala mantri bupati tan wontên cêngil-acêngilan, tansah atut rukun, [ru...]

--- [21] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

[...kun,] gènira angangkat karyaning narendra, tan pêgat dènira ulah pujabrata ngabêkti ing dewa, angèstokakên pituduh anglampahi parentah, ingkang makatên punika botên ngêmungakên ing salêbêting nagari kemawon sanadyan sajawining nagari praptane padhusunan miwah pagunungan têka sami têmtrêm marêm ayêm. Bêbasan têntrêming janma lêrêming rajakaya, sami suka sokur anarima, mila kêna ingucapkên maling ilang botoh kabutuh begal kajagal, sangking dene kaungkulan pangaribawaning ratu, kocap yèn gêdhe obore dhuwur kukuse padhang jagade adoh kuncarane, sakalangkung wingit kasusilaning ratu, bêbasan kang

--- [22] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

adoh manglung kang cêdhak padha tumiyung, sami nungkul aris tan linawan ing prang, asrah bulu bêkti raja pèni guru bakal guru dadi, sabên taun asok glondhong pangarêng-arêng, abon-abon papundhutan.

Sintên ta dasanamane kang jumênêng nata. Dasa sapuluh nama aran, ajêjuluk Sri Mahaprabu / ... / dhasar narendra agung kinasihan ing jawata kinêmulan[7] midadari, mila kocap ratu binathara, ambawani ing bawana, kineringan ingamônca, awit sangking lêlabuhanira, ambêg paramarta murda ngenaki ati asih ing dasih, bêbasan ratu punjul ing apapak barojol ing akêrêp. Luhur tan kêna ingungkulan andhap tan kêna ingasoran, pangrasa ratu bisa mancala putra manjili rêtna, anjaring angin anglangi mega. Dhasar

--- [23] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

ratu wus misuwur salaminira tan pêgat angobori kang pêtêng-pêtêng. Ambabati kang runggut-runggut, paring boga kang kaluwèn, paring sandhang kang kawudan, paring kudhung kang kêpanasên, paring têkên kang kalunyon. Sangking dene pambêkanira bèrbudi bawalaksana, suragèng jagad, amiguna ingaguna, tan ngêndhak ing kôndha tan mancah ing rucah. Pangrêngkuhira mring bala inganggêp putra santana. Putra santana inganggêp sarira, ingkang punika botên tumrap dhatêng ingkang agêng kemawon, sanadyan pidak pandarakan miwah cebol papêlikan, cêcèkèl longkanging bale, sadaya tan ginawe beda sami kinulit daging awon saene wus kauningan, pramila para wadya santana sami sabiyantu tan wontên sulayèng budi, yèn ta ngupadosana satus tan [ta...]

--- [24] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

[...n] antuk satunggal, sèwu tan angsal sadasa, kadidene wong agung ing /... / kawibawanira nulus, tuhu ratu muktisari anyakrawati, abôndha bandhu. Mila winastan muktisari dene yèn dhahar sarwa eca, yèn sare sarwa sakeca, mila winastan anyakrawati, dene dadi pangauban sagunging jagat traya kawêngku. Mila winastan bôndha bandhu, dene ratu sugih rajabrana sugih wadyabala tur para santana, bêbasan ratu kasêmbadan ing panguja, kaduluran ing panêdha, sangking dene panjênênganira sihing rajaniti, anggêlarakên sama beda dana dhêndha, yèn andum bageyan kinarya sama, yèn matah pandamêlan kinata beda, yèn mancasi prakara anglampahakên pidana. Yèn mancasi pidana andhawuhakên dhêndha, mila kocap [ko...]

--- [25] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

[...cap] panjênênganira anêtêpi dana wêsiayate.[8] Dene botên kalongkangan adil, santosa ing panjênênganira têtêp dadya pakuning buwana. Wiyaring jajahan tuwin kaluhuraning karaton punapadene pambêganing narendra. Baya sêwêngi tan ana pêdhote, sêmana amarêngi dina Rêspati, sri bupati miyos tinangkil ing sitihinggil binatarata, lênggah ing dhampar dênta pinalipis ing kancana pinatik ing nawarêtna. Alêlèmèk kasur babut prangwêdani, sinêbaran sari gôndawida. Ing lisah jêbat kasturi, ingayap para biyada parêkan manggung katanggung jaka palara-lara miwah srimpi badhaya, kang angampil-ampil upacaraning kaprabon, cêpuri pakêcohan kacumas ardawalika, banyak dhalang sawunggaling, dwipôngga busur, sarampang, lêmbing rontal lantaran, miwah langkap jêmparing. Kinêbutan laring manyura ing kanan kering.

--- [26] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Kongas gandanya sri bupati dumugi sajawining pangurakan. Tinon sirna kamanungsane lir pendah jawata angejawantah ginarbêg ing para widadara widadari.

Sintên ta ingkang kapiji cakêt mungging ngarsa nata. Anênggih punika satriya ing /.../ ingkang kêkasih Radèn /.../ dhasar satriya bagus warnane anom dhasare. Karêngga ing busana. Dene kang lênggah mungging ngandhap, anênggih punika mantri mukya ing /.../ ingkang kapasrahan bambang[9]pangalum-aluming praja. Ingkang marêg ngarsa nata dhasar waskitha awiweka pangulah praja. Langkung guna karya rapêt ing arênggang. Bêbasan wêrôngka amanjing curiga. Lir satru[10] mungging rimbagan, dene ing pôncaniti aglar kang samya nangkil. Andhèr dumugi sajawining taratag, sangking gunging wadyabala [wa...]

--- [27] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

[...dyabala] amblèbèr dumugi ing pangurakan. Pindha angrubuhna pancak sujining alun-alun, têka rêp sidhêm pramanêm tan wontên sabawaning walang alisik. Pangrasa godhong kayu tan ana obah. Angin tan lumampah. Mung suwaraning pêksi êngkuk kang mencok panging mandera, tuwin suwaraning abdi kriya gêndhing kêmasan, miwah pandhe kang samya nambut karya têka pating crêngkling, lir angganing mandaraga, cat mirêng cat botên, tinom[11] sangking mandrawa amuwuhi wingiting pasewakan. Sigêg

Ing ngandhap punika pocapan caraka

Wau ta Rêkyana Patih /anu/ samandhaping sangking sitihinggil, lajêng cundhuk caraka ing anu dinuking sasmita sampun jinarwan.

Mangkana Radèn anu sampun trang ing pamiyarsane, lajêng jumênêng anata busanane. Ambucal koncane lir pendah (lajêng mungêl gêndhing ladrangan, manut punapa waringgitipun, kados ta Radèn Pamadi ladrang Asri Katon.

--- [28] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Pocapaning Kajantur

Lah ing kono ta wau, lampahing satriya = anu = duk piniji minggah ing sitihinggil, horêg sagung nayaka ingkang sami anangkil, sami narka yèn wontên karya.

Mangkana lampahnya dupi prapta ing ngarsa nata. Angeka pada, rupèpèh-rupèpèh kadya sata arsa mèmèti. Pantês tan ana mimba, dhasar satriya bagus warnane anom dhasare, karêngga ing busana. Tinon sirna kamanungswane, pindha jawata lir pendah Sang Hyang Mahadewa. Sawusnya cakêt lajêng awotsari, lênggah marikêlu, muka kadya konjêm ing siti. sigêg

Pangandikaning ratu jêjêr. Ratu ngandikan lan ingkang ngadhêp

Ratu : Aja andadèkake kagèting atinira, sun piji ana ing ngarsaningsun.

Ingkang ngadhêp Kula nuwun sakalangkung andadosakên gêtêring manah kawula sarêng tampi timbalanipun ingkang sinuhun, kadyangganing tinêbak ing mong tuna sinambêr ing gêlap lêpat. Kêpyuring manah kawula kadi ningali calèrèt dangu tan midhangêt ungêling gêlap, ing mangke sarêng wontên ing ngarsanipun ingkang sinuhun,

--- [29] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

botên anggadhahi manah uwas tuwin kuwatos, têmbung atadhah wadana.

Ratu : Apa mulane kulub sira ana ing jaba bangêt gêtêring atinira barêng ana ing ngarsaningsun, boya anduwèni maras ing pikirira.

Ingkang ngadhêp : Kawula nuwun sangking panampining manah sarèhning lami botên kapiji, bokmanawi kawula amanggih dêdosan, alit dosa sakit agêng dosa pêjah, sayogi kangjêng pukulun ingkang nyakiti, tuwin amêjahi, sampun enjing utawi sontên kawula sumôngga ing asta kêkalih.

Ratu : I i i i, munduran sira kaya wong kadosan nganggo ngaturakên[12] pati uripira, iya bangêt panarimaningsun, dene sira angaji-aji kraton, anjunjung kaprabon ingsun sanadyan sira duwe dosa pati kaya mung tumêka ing lara, yèn dosa lara ingsun ngapura

--- [30] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

kaya-kaya misih agung ambêg martaningsun marang sira.

Ingkang ngadhêp : Kawula nuwun sakalangkung pamundhi kawula dhawuh timbalanipun kangjêng dewaji.

Ratu : Iya kulub, nanging sira aja katênta yèn sun ganjar dodod kang dawa ubête, gêgaman kang bêcik tangguhe, iku ora pisan, bêbasan adoh lintang sawat abalang kayu nglêngkara yèn ngênanana. Ingkang ngadhêp : Nuwun sajrah saangin-angin sarigma pinara sapta sagluguting kolang-kaling botên pisan anyênyadhang ganjaran, sampun botên kêkirangan, kucahipun kangjêng dewaji. Anamung ingkang kula cadhang rintên kalawan dalu pandamêlan ingkang awrat, manawi wontên satru jaya dalêm andhatêngi lumampah ingkang têbih angrangsang ingkang inggil, botên ketang atêtêkên jaja suku jêjanggut sampun dhatêng sakit sanadya[13]

--- [31] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

prapta ing pêjah kawula lampahi.

Ratu : Iya kulup ingsun tarima. Mungguh prasêtyanira kadyèku, mulane pakênira sun piji ana pasewakanira, sanadyan akèh bocah ingsun kang samêrak gumbalane, kang sapangku jêjenggote, nanging ingsun sawang kaya boya nana kang bisa amadhangakên[14] panggalih ingsun, utawa kang pantês ingsun jak imbal wacana, kajaba jênêng sira.

Ingkang ngadhêp : Kawula nuwun, sangking rumaosing manah kawula maksih kathah tuna dungkapipun, saha dèrèng pisan-pisan yèn anguntap-untapana, anyandhak ing kalukitanipun ingkang sinuhun, anamung ngaturakên cêguk bodho balilu kawula.

Ratu : Iya kulub uwis ingsun uningani, sabobote sira bocah wus ingsun arani sêdhêng.

Ingkang ngadhêp : Kawula nuwun, anyumanggakakên, wangsul ing-ing[15] sinuhun amiji

--- [32] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

pasowanan kawula punapa wontên karsa paduka ingkang wigatos, manawi pancèn kenging kawijil ingakathah mugi kaparênga andhawuhakên.

{Pathêt jugag}

Sakèndêling pathêtan andhawuhakên saparlunipun.

Pocapan Gapura

Pèngêt katalika wau sri bupati kondur angadhaton, têdhak jog sangking sitihinggil, tindaknya macan kaluwèn, lembehan amrak kontal, riyak agajah ngoling, satindak mangu, sapêcak kèndêl, kagagas ing driya.

Mangkana lampahnya sri bupati prapta kori wijil kapisan, kèndêl sangajênging wiwara, pantês tan ana memba. Sri bupati kondur sangking panangkilan, ginarbêg ing manggung, katanggung, jaka palara-lara, biyada, srimpi badhaya, ingkang sami angampil-ampil upacaraning kaprabon, jinajaran kalih lajur sisih, wanodya kang endah warnane, tinon sami akarya brôngta. Apa ta busananing narendra, manawi miyos sinewaka, makutha kancana kinarawistha sinôngga ing praba.

--- [33] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Jêjamang sungsun tiga kinancing ing grudha mungkur winehan kumala, sinung utah-utahan sagara muncar, asêsumping sêsotya rineka gêgubahan surèngpati, anting-anting rêtna, sangsangan kêbo mênggah, ulur-ulur naga kang ngangrangan, kêlat bau sarpa raja, binggêl carang buntala, karoncong nagapasa, kampuh bèrêm pinarêmas, clana gubêg cindhe puspita, amangagêm gôndawida, saha mangagêm lisah jayèngkatong, kabantonan gandaning lisah jêbad kasturi, miwah ukêling badhaya srimpi arum angambar, pindha sri nata binayangkarya, mangkana wus dangu anon uparêngganing gapura, agênging pindha wukir mahmèru, luhure ngungkuli witing pucang lan tirisan, pucaking gapura sinungan maniking toya, botên agêng botên alit amung sakêpuh jênggi, rêbut praba lan sunaring hyang pratanggapati. Lir pendah surya kêmbar, siraping gapura parunggu sari, adêg-adêg wêsi balitung, talundhag salaka acih, dene inêbing wiwara sinungan kaca gêdhah binuwang rasane ing jro sinungan gambar, jalu lawan èstri rineka Hyang Kamajaya lan Dèwi Kamaratih, kang priya bagus warnane, kang wadon endah warnine, yèn mênga kadi bedhang lagi sêmayan, yèn minêp kadya pangantèn posa-pasihan, anadene pipining gapura, sinungan rêca gupala sakêmbaran. Dèn awak-awaki prunggu sari, rambut pamor, brêngos kawat, netra kumala ingilatan mas jingga, dèn untuni salaka, cinêpêngan pêdhang tamèng, irungnya jinara têrus praptaning kuping, dèn isèni brêmana brêmani, brêmana kombang lanang, brêmani kombang

--- [34] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

wadon, pramila yèn nuju mênga minêbing dwara, gêroting wiwara kabarung brêngêngênging kombang, sang gupala kadya bisa gêrêng-gêrêng obah arsa anubruk, kaya bisa mêdhang-mêdhanga gapyuk, yèn kang nêmbe uninga datan nyana yèn punika arca, sinêngguh satuhuning rêksasa, pindha Hyang Cingkarabala Balaupata, jawata yaksa kang têngga korining sela panangkêb (matangkêp).

Anane palataraning kadhaton sami sinêbaran wêdhi malela. Pramila yèn kinarya lumampah kasampar kasandhung, têka pating glêbyar pating pêncorong, kadya lintang arêbut prênah. Saking kèhing sêsotya kinarya rêrêngganing kadhaton. Têmah amrabawani, tan kantênan rina wêngine yèn wêngi kadya raina. Anadene kang kinarya panêngêraning raina lan wêngi, kalangênane sang nata winastan paksi jiwa-jiwa sajodho, yèn wancining rina samya asaba, yèn minggah jajodhon punika antawising dalu. Ing wêkasan janma salêbêting pura sami anut lampah jantraning pêksi.

Pocapan Kadhatonan

Ing mangke gantya kocapa, salêbêting dhatulaya. Anênggih punika pramèswarining nata, putri sangking nagari /anu/ putranira

--- [35] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Sang Prabu -anu- ingkang kêkasih dèwi -anu-. Dhasar wanodya endah warnane karêngga ing busana, dadya garwane narendra agung. Mila sakalangkung endah warnine tuwin endah sênêning cahya. Dhasar dêdêge pidêgsa, sarira jênar rema cêmêng mêmak angêmbang bakung, larapan nela[16] candhani imba nanggal sapisan, netra jait, idêp tumênggèng[17] tawang, pipi durèn sajuring, lathi dhamis anyigar jambe, waja rêntêt tatahan miji timun, jôngga angolan-olan, pundhak anraju mas, bau anggandhewa gadhing, driji amucuk ri, lambung anawon kêmit. Prêmbayun amuyuh dênta, yèn ta cinôndra warnane baya kurang papan luwih warna, wus angasorakên habsarining Endra bawana. Dene sang nata, sabên ari Soma lan Rêspati amiyos sinewaka wontên ing sitihinggil, pramèswari pinarak wontên ing gupit môndragini kêmayangangrum,[18] dèn ayap para parêkan ingkang ngampil-ampil upacara, andhèr dumugi ing paringgitan, pêpak kalangênan badhaya srimpi kang sami dèn ajar bêksa kawal[19] lajur sisih. Pradôngga munya angrangin, kêplok imbal angadhasih sênggak rêbut wirama. Sintên ingkang lênggah cakêt ing ngarsane, anênggih punika ingkang putra kêkasih Dèwi =anu= dhasar endah warnane, karêngga ing busana pantês putri dadi ojating praja. Mangkana pramèswari lagya andhawuhakên bêksaning srimpi badhaya, ingkang

--- [36] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

rambah kaping tri, kasaru myarsa têngara kunduring sri narendra. Enggal jumênêng siyaga mungwing têpining wiwara.

Bocah wadon banjur rêsikana ing sanggar palanggatan, pirantènana sapalakartine.

Krêsna Gêgana

Mangkana wong agung ing Dwarawati, têdhak ing sanggar pamujan angrasuk busana prajutiran, lênging driya badhe têdhak dhumatêng ing nagari Ngamarta, karsa miyos ing gêgana. Katalika samana lajêng ambêsmi dupa, agênging saklapa dalah satabone, urubing pawaka angalad-alad, kukusing dupa kumêlun kaya sundhul ing akasa. Mangkana wong agung ing Dwarawati sigra ngumbara lir kinjêng tanpa sotya.[20]

Ing Pagêlaran

Ing mangke gantya cinarita ing pagêlaran para mantri bupati ingkang sami anangkil, pêpak andhèr sajawining taratag, tinon abyor pindha kêmbang palasa kang lagi nêdhêng. Sangking kèhing sêsotya busananing wadyabala pating glêbyar kaya nyurêmna sunaring hyang pratônggapati, panjêran bandera rontèk daludag katiyub ing maruta pating krêlap, lir ombaking samodra. Mangkana sri bupati ing sakonduring ngadhaton para wadya tuwin mantri bupati sadaya

--- [37] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

dèrèng bibaran, katungka wêdaling satriya ing kadipatèn, dhinèrèkakên ingkang =anu= satriya ing =anu= tuwin rêkyana Patih =anu= laju pinarak ing pagêlaran, horêg para prajurit saha mantri bupati, sami urmat sila mabukuh, aniling-nilingakên manawi wontên timbalaning nata.

Mangkana ta wau, sinatriya ing kadipatèn, dhasar bagus warnane, anom dhasare karêngga ing busana. Pantês dadya kêkidunganing para wanodya, padha kasmaran, nanging rajaputra têbih langêning wanita, taksih kasêngsêm ulah kagunan tuwin kaprawiran.

Dene satriya ing =anu= sêmbada lan kaprawirane, mila kinarya senapatining praja, dèn ugung ing sakarsane, nanging tangèh yèn agênga kang galih.

Dene Rêkyana Patih =anu= pantês dadya warangkaning nata, wiweka anrangwèsthi widagda angulah praja, linulutan ing sasama, kèdhêp sagunging mantri bupati, dening Patih têtêg tangguh tate amungkasi karya, singlar maring kahardan, mudhari ing tyas mudha têtela amradata waskitha ing sasmita, ing mangke rêntênging narendra ingkang tansah kaèsthi. Mangkana mangudasmaraning[21] driya kapriye ucaping jagat yèn gustiku ora kalakon karsane.

--- [38] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Pocapan Kayon Sabibaring Kapalan

Lah ing kono ta wau budhaling prajurit ing =anu= mijil sangking praja ing ngajêng kaya maesa sêsingat, ing wingking banyu anjog swarane, lir wêrsa canthoka. Wêrsa udan canthoka kodhok, kaya kodhok kabanyon, warna-warna pangandikane. Lampahe agêgolongan, apêpanthan, swaraning bêndhe sauran, grêdêging lampah krapyaking watang agathik, pangêriking kuda panjêriting liman, kabarung swaraning tambur salomprèt lan suling kaya mêtika talingan, lir wêrsa cintèki. Wêrsa udan, cintèki pajatèn, kumrusuk kadi udan sinêmèni. Amindha gêrah masa kapat. Untaping wadyabala lir wêrdu gangga sasra. Wêrdu lintah gangga banyu, sasra sèwu, kaya lintah sèwu barêng kumêlap, lampahing wadyabala kadya sela blêkithi. Sela watu blêkithi sêmut, kaya sêmut lumaku ing watu. Mangkana para wadyabala sami ngasokake sarirane. Ana kang ngudhunake bêbrokohe, ana kang giyak-giyak, sawênèh ana kang ngimbir-imbirake turanggane, ana kang ura-ura sinênggaki mring kancane. Kang jirih dadi kêndêl, kang kêndêl mundhak kuwanène. Neka-nekaning prabot gêbyaring panganggo kang irêng kumpul padha irêng. Tinon sangking mandrawa, kadya mêndhung angêndhanu, kang kuning kaya podhang arêraton, kang ijo kadya sawah lagi gêmadhung, kang putih kaya kontul nêba leleran, kang abang kadya wana kobar. Môngka kumpul dadi sawiji, tinoning sangking mandrawa abyor lir sêkar sataman. Mangkana kasaputing dalu kèndêl samya masanggrahan (pathêt jugag).

--- [39] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Mangkana wus lêpas lampahe prajurit ing =anu= gênti kacarita nagara ing =anu= kaya (lajêng mungêl gêndhing manut punapa waringgitanipun kados ta sabrang dênawa raton: gêndhing Mêjêmuk, sabrang bagus gêndhing Udan Sore).

Ratu Sabrang Thêlêngan

Ing mangke gantya kocapa. Ana gêmpalaning kôndha babakan anglayoni, kalêbu taturutane nanging seje caritane. Titahing jawata ingkang jumênêng nata wontên ing nagari tanah sabrang, ingaranan nagara / Bulukatiga

[jêjuluk Prabu Tega Lêlana]. Dhasar narendra bagus warnane karêngga dening busana, kineringan ing ngamônca sugih wadyabala bacingah, jawa tuwin rêksasa.

Ing mangke marêngi dina Rêspati, sri bupati miyos sinewaka, ing sitihinggil, alênggah dhampar dênta pinalipit ing sêsotya. Apa ta busanane yèn miyos sinewaka. Gêlung sinapit urang, kinancing ing gurdha[22] mungkur sinôngga ing praba. Ulur-ulur naga kang ngangrangan, sangsangan kêbo mênggah. Kêlat bau sarpa raja, binggêl carang buntala, karoncong nagapasa. Mangkana salêbêting sinewaka sang nata kataman ing badra irawan, badra mêndhung, irawan sasi. Kadyangganing wulan katiwêng ing mêndhung, pêtênging driya sri bupati awit sangking kagagas supênanira, dhaup kalihan putri ing tanah Jawi ingkang kêkasih

--- [40] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Dèwi =anu= rinasa saya karasa, ginugu saya ngranuhi. Sintên ta ingkang kapiji munggèng ngarsa. Anênggih punika mantri muka, panungguling wadyabala, anama Patih Mandanasraya. Dêdêg parusa sêmbada brêngos capang. Waskitha awiweka, prawira môndraguna, tate angentasi karya. Amila kathah praja ing kanan kering sami nungkul aris sami sumawita. Awit rêkyana patih langkung amiguna, kêna ingucap warôngka manjing curiga, curiga manjing warôngka. Lir satru munggèng rimbagan. Dene ing pôncaniti aglar nayaka Jawi tuwin yaksa. Sami anangkil, andhèr kadi ngrubuhna pancak sujining alun-alun, warna-warna busanane, abyor lir kêmbang palasa kang lagi nêdhêng. Yèn sêkar sêkar dewondaru swarga, kang uwit êmas galigèn, apatra suwasa, pradapa mirah sela, apêntil intên jumêrut, baya wohe dadi sira.

Punika nama Palênggahanipun Sang Hyang Guru

1. Bale Markata.

2. Bale Marcukundha, Bale Martyukundha

3. Bale Martikundha

4. Bale Marakata, Bale Asmaracakra.

Palênggahanipun para nata, namanipun kados ing ngandhap punika

1. Dhampar dênta

2. Singangsana

3. Mèrupadma.

Sadaya wau manawi ngêcakakên salah satunggal kemawon, kados ta Sang Hyang Pramèsthi Guru lagya lênggah ing bale Markata, utawi Sang Prabu Anu miyos ing sitihinggil binatarata, alênggah dhampar dênta, punika pamènipun.

--- [41] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Nata Sabrang Bagus

Ing mangke gantya kocapa. Ana gêmpalaning kôndha babakan anglayoni. Taksih tunggal taturutane, nanging seje caritane. Titahing Hyang Girinata, ingkang jumênêng nata wontên ing tanah sabrang, ingaran nagara ing /.../ ajêjuluk Mahraja = anu = bagus warnane anom dhasare, karêngga dening busana, sugih rajabrana sugih wadyabala bacingah, jawa tuwin rêgsasa.

Ing mangke marêngi dina Rêspati, sri bupati miyos ing sitihinggil, alênggah dhampar dênta pinalipit ing kancana, pinatik ing nawa rêtna, dèn ayap para parêkan ingkang sami ngampil-ampil upacaraning kaprabon. Apa busanane yèn miyos sinewaka. Gêlung sinapit urang cinandhi rêngga sinôngga ing praba, sêsumping gajah ngoling sinotya. Anting-anting kumala, sangsangan kêbo mênggah, ulur-ulur naga kang ngangrang. Kampuh parangrusak pinarada, karoncong nagapasa, calana cindhe puspita kinêbutan laring manyura ing kanan kering, kongas gandanya sri bupati dumugi sajawining pangurakan. Tinon sirna kamanungsane lir jawata ngejawantah. Dhasar narendra agung kinasihan ing jawata, kinêmulan widadari, kineringan ing ngamanca. Akèh praja sami nungkul pinungkul[23] ing ayuda, sami kasoran sudibyanira. Mangkana ing pagêdhongan sri bupati katahman[24] badra irawan, badra mêndhung irawan sasi. Kadya wulan katiwêng ing mêndhung, pêtênging driya sang prabu awit sangking nampèni wangsiting dewa, kinèn anglamar putri ing /anu/ ingkang kêkasih Dèwi /.../ kang pantês dadya pramèswarining narendra. Ginagas saya karasa, ginugu saya ngranuhi, nanging sri bupati sakalangkung sabiling[25] galih.

--- [42] ---

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497 (Hlm. 01-42): Citra 1 dari 1

Sintên ta ingkang piniji munggwing ngabyantara nata. Anênggih punika mantri muka ing /.../ ingkang nama Patih /.../ ingkang pinasrahan bambang pangalum-aluming praja. Ingkang winênang mangkat tuwin anglungsura mring wadyabala sadaya. Dêdêg parusa sêmbada, brêngos capang simbar jaja, sêkti môndraguna, tate amungkasi karya, ambêdhah kutha amboyong putri. Mila sang nata sakalangkung pracaya. Bêbasan warôngka manjing curiga, curiga manjing warôngka. Lir satru mungging rimbagan. Dene ing pagêlaran, aglar nayaka môncapraja, jawa tuwin ragsasa ingkang sami anangkil, andhèr dumugi sajawining taratag, sangking gunging wadyabala amblabar dumugi sajawining pangurakan, kadya andhoyongna pancak sujining alun-alun, warna-warna busanane, lir kêmbang palasa kang lagi nêdhêng.

Bupati Yaksa Kapiji

Wau ta rêkyana patih sampun mêdal ing pagêlaran, amiji bupati yaksa Kala Dirgôngsa, dinuking sasmita majêng sampun jinarwan. Mangkana Ditya Kala Dirgôngsa anata busanane kaya bêdhata jamange (lajêng mungêl gêndhing ladrang Bêdhat, gêndhing kajantur).

Lah ing kana ta wau dupi Ditya Kala Dirgôngsa piniji minggah ing sitihinggil

--- [43] ---

Catatan kaki:

1. wurukung (dan di tempat lain) (kembali)
2. jajahwrêka (kembali)
3. Situbônda (kembali)
4. rêp (kembali)
5. jinawi (dan di tempat lain) (kembali)
6. tulus (kembali)
7. kinamulèn (dan di tempat lain) (kembali)
8. wêsiasate (kembali)
9. bang-bang (dan di tempat lain) (kembali)
10. satu (dan di tempat lain) (kembali)
11. tinon (kembali)
12. ngaturake (kembali)
13. sanadyan (kembali)
14. amadhangake (kembali)
15. ing (kembali)
16. nyela (kembali)
17. tumêngèng (kembali)
18. kêmayangarum (kembali)
19. kawan (kembali)
20. soca (kembali)
21. pangudasmaraning (kembali)
22. garudha (kembali)
23. pinukul (kembali)
24. kataman (dan di tempat lain) (kembali)
25. sêkêl ing (kembali)