Koleksi Warsadiningrat (RNG1936a), Warsadiningrat, c. 1936, #654
1. | Koleksi Warsadiningrat (RNG1936a), Warsadiningrat, c. 1936, #654. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri. |
2. | Koleksi Warsadiningrat (RNG1936a), Warsadiningrat, c. 1936, #654. Kategori: Bahasa dan Budaya > Karawitan. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
[Tanda tangan : Warsadiningrat]
Sêrat sêsindhèn badhaya tuwin sarimpi, ingkang taksih kagêm wontên ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat. Kangge pêpèngêt utawi atêr-atêring bêksa cocogipun kaliyan gêndhing. Inggah-inggahan, dhawah ladrangan saha katawang, punapadene janturan, ngadêg (santun jantur), kêstulan, panahan, pêcak miring, tuwin pinjalan. Gadhahanipun Radèn Ngabèi Gunamardawa, abdi dalem panèwu niyaga kiwa. Kasêrat wontên ing Kampung Jayengan. Nalika ing dintên Jumungah Pon kaping 22 Mulud, Alip 1867 (12 Juni 1936).
--- [0] ---
Inhoud
Katawang Agêng ... kaca 1
Doradasih ... kaca 9
Pangkur ... kaca 14
Anglir Mêndhung, sarta Sangapati Găndakusuma ... kaca 21
Mijil Yogan (Mijil Găndakusuma)... kaca 27
Ludira ... kaca 30
Tejanata ... kaca 37
Kaduk Manis ... kaca 43
Kabor ... kaca 51
Sukaharja ... kaca 57
Mangunharja ... kaca 63
Sinom ... kaca 68
Endhol-endhol ... kaca 73
Gandrung Manis ... kaca 78
Lobong ... kaca 83
Glondhong Pring ... kaca 86
Gêndhiyêng (Sukarsih) ... kaca 89
Tamènggita (Winangun) ... kaca 91
Jalma Kuda ... kaca 93
Lagu Dhêmpêl ... kaca 96
--- 1 ---
[Tanda tangan: Prajapangrawit]
Badhaya Gêndhing Katawang Agêng p. 5.
[Durma]
1. raka pakênira sampun atêngara | sira puniki kari | angling Jayèngsêkar | lah bapa têngaraa | tumulya têngara nitir | sumrêg atata | saparannya ngajabsih ||
2. alancingan pêthak alus kampuh jingga | sabuk pathola wilis | akris cinitrèng mas | sêngkang maniking toya | binapang ing mas angrawit | sêkar cêpaka | gagănda amrik minging ||
3. akêkace cindhe binggêl mas rinêngga | ya urab-urab sari | jamang mas tinatrap | ing rêtna adikara | asumping
--- 2 ---
swarna lan rumbing | sumarsana braT | sumêr gandanya amrik -52- ||
Mêndhak nêmbah, tumuntên mungêl malih Gêndhing (Sêmang-sêmang) kêthuk 2 kêrêp, minggah kêthuk sakawan
1. sêmang-sêmang | sêmang-sêmang dhuh | asarea lêt gêguling | lêt gêguling sêmang-sêmang | sêmang-sêmang dhuh | dewa dharatM | dhuh | dewa dharat apit-apit ing gapura | ning wong agung | susuhunan kadrawasan gêguling aglar ing jogan | ning wong agung susuhunan kadrawasan gêguling aglar ing jogan ||
2. sapa baya g sapa | sapa baya kang awêlasa ing brangti dhuh | ning wong agung susuhunan [susu...]
--- 3 ---
[...hunan] sapa baya sapa | sapa baya kang awêlasa ing brangti dhuh | ning wong agung | susuhunan
3. pandaming rat dhuh | kusuma dinanurwenda M | pandaming rat kusuma dinanurwenda | ning wong agung | susuhunan kawastara nanging sira ing paprêman | ning wong agung | susuhunan kawastara nanging sira ing paprêman
4. danumadya g dhuh | ambara lali sih jiwa M | danumadya ambara lali sih jiwa | ning wong agung | susuhunan dèn asamar aweta anuwun pada | ning wong agung susuhunan dèn asamar aweta anuwun pada
5. lêlewane g
--- 4 ---
lele- | lewane yèn prapti gêtêri ati dhuh ning wong agung | susuhunan lêlewane lele | lewane yèn prapti gêtêri ati dhuh | ning wong agung | susuhunan ||
6. miyanggalit dhuh | rondhone sira tilarsa | miyanggalit rondhone sira tilarsa M | ning wong agung | susuhunan dèn aririh sarira sapa darbea | ning wong agung | susuhunan dèn aririh sarira sapa darbea ||
7. poma-poma g dhuh | yèn babar aja nglingsiri M | poma-poma yèn babar aja nglingsiri | ning wong agung
--- 5 ---
susuhunan tuduhêna gèn manira angawula sun anuwun pada baya | susuhunan | sun balinga yèn katona dadi lara dadi edan baya | susuhunan sumbalinga yèn katona dadi lara ||
8. kapan baya wong agung babo | sun apanggih | ing papreman ning wong agung | susuhunan | bale atma ya dhuh bale atma M | bale atma tunjung alit sinaroja sinaroja | andhe | sinaroja ya dhuh lamun kangên lamun kangên | tumutur pundi parannya pundi parannya | andhe ||
9. g saturune [saturu...]
--- 6 ---
[...ne] wong agung babo | ing paprêman | pra madya tangis | ni mbok dhangur | susuhunan | sinawisa ya dhuh sinawisa M | sinawisa saraga têmah wiyoga | bok langak têmah wiyoga | andhe | têmah wiyoga ya dhuh tan apanggih | tan apanggih yèn boya sarana jiwa | sarana jiwa andhe | sarana jiwa -43- ||
Mêndhak nêmbah, lajêng mungêl malih Katawang Bêbaguse
1. bêbaguse | wayuha sak nambang andhe ||
2. sindura pinipis pindho susuhunan [susu...]
--- 7 ---
[...hunan] (wangsul x 2) T andhe
3. anglawat akèh rabine susuhunan .2. dhe
4. anglawat kathah garwane susuhunan .2. dhe
5. sêsotya aglar ing mega susuhunan .2. dhe
6. kadi lintang kuwasane susuhunan .2.
7. anênangis | tumêngèng dj | ing tawang dhe ||
8. kadya lintang pakartine panêmbahan .2.
9. tanu astra | kadi ta agêni ng dhe ||
10. urube kantar-kantar kiyai .2. dhe
11. yèn mati ngêndi surupe
--- 8 ---
kiyai | yèn mati T pundi surupe kiyai -71- ||
Katawang Raka Pakênira 52 gong
Sêmang-Sêmang 43 gong
Katawang Bebaguse 71 gong
Gunggung 166 gong
[Tanda tangan : Mayadipraja, Prajapangrawit, 30/5 '40]
Gêndhing Katawang Agêng wau miturut sêrat sêsindhèn badhaya ingkang wontên ing Sana Pustaka (mosiyum ing salêbêting karaton Surakarta) anggitan dalêm Sampèyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram.
ciri g : gêndhing, ciri M : minggah, ciri T : tamban sawatawis, dj : jantur, ng : ngadêg.
--- 9 ---
(1706)
Badhaya Gêndhing Doradasih
1. doradasih kadi sinawung asmara | asmara -2- | lamèng guna malu alam dalu arsa | dalu arsa | wêlas mara wawêkase bari lunga | bari lunga ||
2. balik ingsun tinilar tanna basuki | basuki -2- | ăngka warsa ranu mijil bomantara | bomantara | wus alawas kang kari among kunjana | mong kunjana ||
3. nadyan papa nanging ingsun maksih asih, asih | la tan arsa arsa tumibèng ngambara | bèng ngambara | puput pati tan kondur adarbe karsa neseg | darbe karsa ||
Nêsêg dados gêndhing kênong -3-
--- 10 ---
1. dalu kangên kang alalis -2- radèn | dipa ripta jahnawi apraja ima | praja ima wus alawas kang tinilar kari edan | kari edan neseg | wus alawas kang tinilar kari edan ||
Dhawah ladrangan
1. sira lunga -3- | kawula kari kantaka | asma yuda -3- | manyura kuda waskitha | sun gubêla -2- | angrasa dudu sasama | sun gubêla -2- ||
2. kumawawa -3- | amitra wong suka mukti | jambu alas -3- | jêmpana munggwing dwirada | kapok mara -2- | amitra wong tanpa lana | kapok mara -2- ||
3. paran dosa -3- | ningsun [ningsu...]
--- 11 ---
[...n] | tan binotan li | ring toya reka -3- | kang pantun aglar lêleran | bêndunira -2- | sun maninih yèn adosa ||
Mêndhak nêmbah nuntên mungêl Katawang Kinanthi Duradasih s. m. kêndhang 2
[Kinanthi]
1. saya nêngah dènya adus andhe | lara-laraning kinanthi | kasrêg roning tarate bang -2- andhe | tinubing maruta wingkis | kagyat dening iwak molah -2- andhe | amăngsa kalalar kèli -2- andhe | amongsa kalalar kèli andhe ||
2. ganggêng irim-irim arum | tunjung mirut nganan ngering -2-
--- 12 ---
andhe | dêlêgnya angrong ing sela | lêlumute angalingi -2- andhe | kayu apune anamar | katawêng unthuking warih andhe dj | katawêng unthuking warih andhe
3. kinanthi sidadal banyu | kontal patêlêsan kentir -2- andhe | rinangsang-rangsang tan kêna | cinandhak-candhak nginggati -2-andhe | pan ginayuh-gayuh tuna | amuyêng madyaning warih andhe -2-
4. adan mêntas sinjang rambut | lir endhang-endhang maladsih ngd | lir endhang-endhang malad sih andhe | emane rara tandrêman | kayuyun mangun-mangun sih -2- andhe [a...]-
--- 13 ---
[...ndhe] | yèn kinêmbang layonira ngt | kasarah nèng parangrugmi andhe ||
5. sun kakêmbanging wong agung | sun kakêmbanging wong adi -2- andhe | kênanga lan sumarsana | argulo gambir malathi -2- andhe | anrus gandaning kusuma | baya daulating dasih ||
Doradasih kasbut ing nginggil wau sampun sudan.
sirêp (jantur)
wudhar (botên jantur)
Wudar
--- 14 ---
Katawang Pangkur Badhaya s.m.
1. purwakanirèng mangripta | kang tinêngran karsa dalêm sang aji | ăngka sèwu pitung atus | lawan wolung dasa sapta |[1] sinangkalan mulang badan sabdèng ratu |[2] gayuh sêngsêm mrih krêtarta | dwijastha muji sang aji |[3]|
2. sudarsanèng pratmajendra | amigêna langên rêsmining rêrangin |[4] supadi panglipur wuyung | akarya sukaning wadya |[5] têmbung wêwangsalan ukêling agambuh | linut rarasing kang taya | sindhèn sasêndhoning gêndhing ng ||
3. sudama miyos pracima | srênging karsa amangun sihing dêdasih |[6] riwening ron ingabangun | ingsun ngêbun-êbun [ngêbu...]
--- 15 ---
[...n-êbun] enjang |[7] sarpa krêsna kandhêla ingkang sêsungut | mung sira kumpulan ingwang | gêndèr arèn sun rêrinding ||
4. calana munggwing sarira | pangandêle kang sela panglawêd sari |[8] sun rasuk pisan ywa tanggung | sêndhang gêng ing pawukiran |[9] kramèng rasa lêganana raos ingsun | ngawirya ajading nata | tingalana wong amugti ||
5. pêksi mijil ing pandhogan | kêpêt dangan pring anom rinujid miring |[10] katêtêsan lir tinutus | kêkara gung pindha kangkam |[11] loking jana bibis tasik nora mundur | gêgilang grit pangajaran | saking gêng kabyataning sih ||
6. pamèke
--- 16 ---
pari wus măngsa | pangatase ature wong kang tinuding |[12] amugut wicara rampung | kang muka rinênggèng warna |[13] pasêmayan warêsah kang awoh dhuwur | paèse pulang asmara | wastra alus sun amori ||
7. minarda gêng ing samudra | janma miyat kalolodaning abrangti |[14] kêmăngga kang sobèng ranu | anganggang bae sihira |[15] tulang janur angusadani maring sun | kêkuwut ingkang salaga | parikudu ing sirèki ||
8. sotya adi ngantariksa | amung sira dhuh babo sun kawulani |[16] puspita ginayuh kadung | tuna-dungkaping kang nala |[17] pêken alit urut marga [mar...]
--- 17 ---
[...ga] nora wurung | lêngkawa angawêng wetan | kêkuwunge anêlahi ||
Mêndhak nêmbah nuntên mungêl malih Kinanthi.
padhang bulan kakêncaran | sêdhênging purnamasidhi ||
Jrudêmung
1. jrudêmung ingêla-êla | kawilêt langlangan lalu | lênglêng kalingan kalulun | kalangên langêning brăngta | ngarang mirong, mirong rangu-rangu | karurungan mingiriya | riyaning tyas lir tinutus ||
2. puspa krêsna ing astana | kalabang sinandhung murub | karênan marang sihipun | satriya andêling yuda | surasaning, saning tyas wulangun | wilatung buntal sorotan | anggung katingal wong agung ||
--- 18 ---
3. dêlanggung loro parannya | jangkrik gunung wong arangkung | kadi tan nyimpang sir ingsun | kramaning pulasing wayang | sata wana, wana akêkuncung | mêrak ati warnanira | bandera lit sun lêlayu
4. minarda ing pakêdhungan | patinggi tilar dhêdhukuh | baya kasusahan wuyung | walulang rineka janma | kukus gantung, gantung jêbug arum | wayangane kang sinawang | sumapala |[18]|
Dhawah Ladrang Kêmbang Pepe kêndhang 2
1. andhe | babo teja wiyat kang wisma salin panggonan | babo | srênging karsa, tanna ngalih amung ||
2. dhe ba | wastra adi,
--- 19 ---
pakaryan wong nungsatara | ba | sun kaliling lêlana saya kha ||
3. dhe ba | sêmbung gilang dwipăngga lit ing Palembang | ba | singa-singa kang sun gêgumi kha ||
4. dhe ba | tirta wiyat jamna têlik duratmaka | ba | kadya edan kalanglangan lara ||
5. dhe ba | puspa rêta nayana tan kawatgata | ba | wira-wiri sun ulati nora ||
6. dhe ba | buron toya wilisan sanga lan kalih | ba | baya sira, nora wêlas maring ||
7. dhe ba | tambang kuda puspitaning janma lena | ba | ngapus krama paran wus têlas sih ||
8. dhe ba | ujung kampuh baju kang tanpa lêngênan |
--- 20 ---
ba | tanpa kănca kontang-kanting lara ||
9. dhe | puspa krêsna sapu bale winatara | ba | kalênglêngan kalut ing lara wi ||
10. dhengt ba | toya reka sêmut bang kang cinonthongan | ba | bêndunira arang-arang kawis ||
11. dhe ba | ilèr ijo ingkang sasana ing têgal | ba | kênthang-kênthang dasihe tan sinat ||
12. dhe ba | kisma rêngat gagêlang mungging dariji | ba | sun la-êla tan kêna lali sha ||
13. dhe ba | pêksi krêsna toya mijil jumantara | babo | kudhandhangan dasihe kedanan dika ||
--- 21 ---
Sêsindhèn sarimpi gêndhing Anglir Mêndhung p. barang
Durma
1. anglir mêndhung kang wadyabala wus tata | aglar samya sumiwi | santana arampak | samya busana endah | neka warna tinon asri | lir singa rodra | sadaya golong pipit ||
2. swara nata ingkang pangandika nata | kangjêng sri narapati | nitih rata rêtna | pangirid kuda astha | binusanan murub adi ||
santun cengkok
tinon asri ênggih | kang mêntas mênang jurit | wong agung babo | wus pinasthi dènira jumênêng aji suka kaduk luwih |
--- 22 ---
kaduk luwih | wisikar nata ing bala | kang satriya mancur kang cahya awêning | wong agung kang gawe mulya | tulusêna mugti sari awibawa | tulusa suka wiryaa ||
mêndhak nêmbah (pathêt barang) nuntên mungêl Katawang Langên Gita kêndhang 2 (bawa swara)
1. sri narendra kang minulyèng jagad raya | babo jagad raya radèn radèn | andhe | babo | tawas pita darpa driya wisnu garwa | murwèng gita karsa dalêm sri narendra | babo babo murwèng gita radèn radèn ||
2. dhe ba mardi basa
--- 23 ---
wêngku salu wêlut wisa | karya wulang wêwatone wong ngawula | basêsêg ba karya wulang ra radj ||
3. dhe ba tambah cacah sêmbilang taji sapasang | măngka peling marang wadyadj kang lêlewa || (lajêng sami nginggil wau)
4. dheA ba êmpu sêndhang ari Prabu Gêndrayana | supayantuk sudarsana kang prayogaA | ba ba supayantukngd ra ra ||
5. dhe ba sisa bramangd aranesêsêg êmpu Madura | wong ngawula ing ratu noradj rêkasa ||
6. dhe ba pakêm praja bubuhane saniskara | anggêr mungkul anglakoni wajibiraA | ba ba anggêr mungkul ra ra ||
--- 24 ---
7. dhe ba roning tanggungA bêbasan tanpa malecangd | antêpana budi têmên anarimadj ||
8. dhe ba kang suwarna pasêbutaning jawata | gusti iku sayêkti netra bathara | ba ba gusti ikungt ra ra ||
9. dhe ba sindu wiyat surasa kang durung mimbangd | ngudanèni obah osiking kawula ||
10. dhe ba mêrang dhêle wiji tanjung ina rupa | anitèni kang bêcik lawan kang alangt ||
11. dhe ba kolik priya pariman mawa sarana | lamun sêtya tuhu ing sabarang karya | ba ba lamun sêtya tuhu ing
--- 25 ---
sabarang karya ||
suwuk mênawi Sangapati wêwah sapada
12. dhe ba tambang more atèn-atèn jroning wrêksa | andhe babo yêkti mulur galihira sri narendra | andhe yêkti mulur galihira sri narendra ||
(ngajêngakên jantur Anglir Mêndhung wirama radi sêsêg)
Cakêpan tawas pita saurutipun wau ugi kagêm cakêpan gêndhing Sangapati sarimpi kèngsêr kaping 2 (gong gulu kaping 3) minggah bêksa mêndhak (dhodhok) wirama nêsêg lajêng dhawah Katawang Longgor Lasêm kêndhang 2 ngajêngakên jantur kirang sak gong wirama nêsêg dhawah kênong jantur (tamban) wiwit sindhèn wontên lik Kêtawang Longgor
--- 26 ---
Lasêm salêbêtipun jantur sabên mêntas kènjèr lajêng pêcak miring wirama kaêndhakakên dene atêr janturandj ngadêgngd tuwin kêstulan (ngêstul = ngt) ingkang tumrap Sangapati kula cirèni aksara agêng (A. Anglir Mêndhung pêcak miring). Kajawi punika ugi kagêm cakêpan Gêndhing Găndakusuma sarimpi kèngsêr kaping 2 minggah Ladrang Găndasuli kêndhang 2 wiwit sindhèn wontên Găndasuli ngêlik barang (Găndasuli tanpa janturan, tanpa kêstulan) cakêpanipun wiwit tawas pita amung dumugi wong ngawula ing ratu nora rêkasa suwuk pathêt sanga jugag, lajêng cêluk Mijil Yogan
--- 27 ---
(Bawa swara gêndhing kêmanak) cakêpanipun kados ing ngandhap punika
Mijil
1. mijil yoganing sabda anunggil | pamungkas karya nom | langêning sang sri pamasa angrèh | narpatmaja narendra naya mrik | Surakarta Adi- | ningrat kang linuhung ||
2. sinatriya kusuma apêkik | wirotamèng kewoh | anglir madu pinasthika tyase | ambêg santa budya martèng dasih | tuhu sudibya di | wicaksana putusngt dj ||
3. apratistha wasistha ing titi | titih tataning don | krêtarta kyating
--- 28 ---
jana kawite | abipraya pakartining kapti | anindhita êning | maha prananing hyun ||
4. pamulu lir kumala cinawi | wênêsing pasêmonngd | anranggana sumunar cahyane | kasomaning hyang asmara wilis | tajêming pangèksi | jatmika lus luruh ||
5. susilarja malar marbuk kang sih | tan wèh wuh ingkang wong | sung waluyangt dj maya lumayane | mèt tyas trustha ring wadya gung alit | mulut angluluti | satriya pinunjul ||
6. wadya wêdi trêsna lumalad sih | tansah wruh kêkèpon | saking sumungku suka rênane | amiwaha [ami...]
--- 29 ---
[...waha] wahananing gustingd | agung miyataning | mring wadya kang juru ||
7. kang siniwi sumunu kang dadi | pulung trang kadalon | tanpa mimba sabda lus ambêge | ambêbungah ring kiswa kaswasih | sumarambah dening | dayita myang sunu ||
Cakêpan Sangapati : dumugi yêkti mulur galihira sri narendra suwuk.
--- 30 ---
Sarimpi Gêndhing Ludira Madura minggah Kinanthi pelog pathêt barang. Bêksa kèngsêr kaping kalih utawi gong jăngga kaping 3, dumugi kênong 2 nêsêg minggah. Minggah Kinanthi wiwit sindhèn wontên Kinanthi kados ing ngandhap punika.
Kinanthi
1. dhe. wahyaning panêmbrama yu | yayah miyat ing sitèngsi | dadari pratisthèng purwa | sêdhênging purnamasidhi | nirmala datanpa ima | ing ngawiyat gumarining ||
2. dhe. sudama katon mawêlu | saking sang hyang sitarêsmi | ujwalanira kumênyar [kumê...]
--- 31 ---
[...nyar] | nyarong lir pratănggapati | warata sapramudita | kêkuwunge anêlahi ||
3. dhe. mawèh ascaryaning kayun | kayungyun janma gêng alit | wrêdha nom sudra myang wirya | tan pae samya suka sih | mangarcana mring sang nata | muga tulusa basuki ||
4. dhe. pinanjangna yuswanipun | marma mahya pudyastuti | awit jêng sri naranata | kaping sadasa mandhiri | tampi sihnya Sri Bagendha | Kangjêng Maha Raja Putri ||
5. dhe. ing Nèdêrlan sang aprabu | anuju [anu...]
--- 32 ---
[...ju] Agustus bèji | sèwu wolung atus lawan | sangang dasastha lumaris | tingalan dalêm wiyosan | ngiras jumênêng pinundhi ||
6. dhe. wiwit têtêp ngasta mêngku | panguwasaning nagari | miwah satêlatahira | sadaya sami ngurmati | sruning suka parisuka | lawan karamean adi ||
7. dhe. marma kangjêng sang aulun | ing Nèdêrlan Nata Dèwi | mulung mêncarkên ganjaran | warni bintang mring pra dasih | sampeyan dalêm sang nata | ugi tampi pratăndha sih ||
suwuk.
--- 33 ---
Sasuwuking Kinanthi, pathêt jugag pelog barang, lajêng cêluk (bawa swara) katampèn ing găngsa Ladrang Mijil, gêndhing kêthuk kênong (kêmanak) mawi rêbab gêndèr gambang. Cakêpanipun Mijil kados ing ngandhap punika.
Mijil
1. duk nampèni bintang grut opisir | oranyê nasao | ing kadhaton pasamuwan gêdhe | dèn pèngêti ping gangsal lumaris | dhesèmbêr nujoniH | sangkalaning taun ||
2. ngèsthi trusthaH salirèng narpati |[19] ri Sênèn Kaliwon
--- 34 ---
tanggal ping salikur Rêjêb Ehe | windu Sancaya sangkalèng warsi | salira kaèksi | murtine sang prabuH |[20]|
3. tuhu lamunH nugraha dhatêngi | dènnya madêg katong | sri narendra ping sadasa dene | kamulyaning tumaruntun prapti | măngka tăndha yêkti | bintang kang rinasukH ||
4. angagêmH komandhur ordhê saking | Nèdêrlansê lèyo | grut upisir kang lagya katampèn | myang grut upsir lèyopol ing Bèlgi | sakawan grut upsir | kris [kri...]
--- 35 ---
[...s] krun ordhê ikuH ||
5. saking prabuH Siyam duk ngêjawi | lan bintang kaprabon | nata jawi sakawan cacaheH | kawistara nèng jaja rêspati | ujwalèng narpati | sangsaya ngênguwung ||
Kasbut nginggil cakêpan anyar, wondene ingkang lami: kinanthinipun midêringrat enz. Mijilipun wastra ngangrang tèbènging patani. enz.
--- 36 ---
Badhaya Gêndhing Tejanata p.5
1. andhe, pamarsudi, 2, andhe ingriku lêm, 2, kê
--- 37 ---
Badhaya Gêndhing Tejanata p.5
1. andhe pamarsudi, 2, sindhèn gêndhing Tejanata, Tejanata | andhe ingriku lêm, 2, Kêmis ping catur kang căndra tur kang căndra ||
2. ngêlikandhe Madilakir ,2, dumadya Ehe kang warsa, he kang warsa | andhe sinangkalan, 2, tayèng dyah swaraning janma (1796), raning janma | andhe kang ginita, 2, duk Banjaransari yuda, sariyuda ||
3. ngêlikandhe lan narpa dyah, 2, galuh prawirèng ngalaga, rèng ngalaga | andhe prabu kênya, 2, ngrasuk busana bra mulyaneseg, na bramulya |
--- 38 ---
andhe amakutha, 2, jêjamang kinarawistha ||
minggah
1. babo babo, radèn, narawistha | andhe tan katongton, 2, wadon lir Narpati Karna | babo babo, Radèn Pati Karna ||
2. ngêlikandhe patih Rêtna, 2, Gênawati pan sawanda, pan sawanda | andhe lir Sumantri, 2, lan Prabu Arjunasasra | babo babo, Radèn Junasasra | andhe sagotrèng kang, 2, prajurit samya wanudya | babo babo radèn, mya wanudya ||
3. ngêlikandhe sumiwandhèr, 2, anglir panjrahing puspita [puspi...]
--- 39 ---
[...ta,] ing puspita | andhe atêngara, 2, miyos ngasmara dilaga | babo babo radèn, ra dilaganeseg | andhe atêngara, 2, miyos ngasmara di ||
Ladrang Sêmbawa
1. andhe babo, lêladrangan dyah catur kang magut yuda§ | babo, kawuwusa banjaransari narendra babo kawuwusa ||
2. dhe, babo, wus angrasuk busana maneka warna | babo makutha ran topong karna diwangkara§ | babo makutha ran ||
3. dhe babo barang ingkang rinasuk saking Sindhula | babo
--- 40 ---
jimat têdhak run-tumurun sangkan kuna | babo jimat têdhak ||
4. dhe§ babo duk Jahnawi munah Newata yaksendaH | babo gung sih ning sang Bathara Kelatarupa | baboneseg gung sih ning sang ||
Ladrang Playon 5
1. dhedj babo= dipati ing Tirta Kancana mangarsa, na mangarsa | ba=bo Banyak Widhe lan Arya Banyak Sêpatra nyak Sêpatra§ | radèn Radèn Banyak Widhe ||
2. dhe babo dipati ing Bandhung lan ing Sukapura, Sukapura | babo ngêpung
--- 41 ---
kutha anantang prang tăndha munya, tăndha munya | radèn radèn ngêpung kutha ||
3. dhe§ babo surak umung kapingul sura diwatya, ra diwatya | babo mangsah dharat catur prawira mangarsa, ra mangarsang | radèn radèn mangsah dharat ||
4. dhe babo turanggane kapat kinarung ing wadya, rung ing wadya | babo duk tumingal mungsuh nèng rêngganing kuda, ganing kuda | radèn radèn duk tumingal ||
5. dhe baboneseg sigra nitih kuda lawunge ingasta, nge ingastangt | babo [ba...]
--- 42 ---
[...bo] asêsumbar êndi Si Banjaran PadmaT, jaran Padma | radèn radèn asêsumbar ||
6. dheH babo kapat ingkang bupati mangrêbut yuda, ngrêbut yudaH | babo dyah tarampil kadi putri ing Cêmpala, ing Campala | radèn radèn dyah tarampil ||
7. dhe babo sinasiwo tan kewran tangkis lêgawa, kis lêgawa | babo catur wadu sor prang rinêbut ing wadya but ing wadya ||
ciri § laguning bêksa mêthik sêkar, wirama tamban, ciri T tamban sawatawis, ciri H êngkyèk.
--- 43 ---
Badhaya Gêndhing Kadukmanis p. 6
1. dhuh kusuma babo dhuh kusuma kang măngka pandayèng durna | ênggih, lah papagên kang tirta maya di swarga | babo mêngko mirah sun jarwa jatèstri priya | babo gurda pingul pacangkramaning Ngastina ||
2. babo, kongsi rusak gonira mrih sastra cêtha | ênggih, eman lamun gusti tan wrin angganira | babo, tirta maya asrama dwija Ngastina | babo, suka rêna matia jroning asmara ||
3. babo, kadhal gangga, bêngawane wong mamênang | ênggih, baya sira pantês sun labuhi jiwa | babo, sang lir
--- 44 ---
rêtna mangun wiyoganing driya | babo, rangu-rangu amirangrong mariringan
4. babo, dhuh pangeraningsun ing Ngèndra Bawana | ênggih, kawining ro swara gora midêringrat | babo, lalu merang yèn sidantuk dwijawara | babo, karuna sru waspa drês lantaran grana ||
5. babo, lalumosa woh tiris kang pinatêsan | ênggih, yèn kasèpa baya dasihe palastra | babo,neseg narpaputra tumutur onênging driya | babo, krodhaning sun sapa kêlar nranggulanga ||
minggah
1.kaduk manis, krodhaningsun sapa kêlar nanggulanga |
--- 45 ---
kaduk manis, marma mirah aywa kadurus sungkawa /o/ | kaduk manis, mènda wana galugu kang sêkar mayang | kaduk manis, mêrandangi pêpacange wong pa ||
2. ênggih, babo, mêrandangi pêpacange wong pasaja | ênggih, baya durung pasthi karsaning jawata /o/ | kaduk manis, siti rêngka badhak kinêmbar pajangan | kaduk manis, wus sinambut Rukmini linela-lela /o/ | kaduk manis, wus sinambut Rukmini linela-lela | kaduk manis, sinrênggara wohing rat lan madu ||
3. ênggih, babo, jagad wayang sudarma Dyah Sukasalya |
--- 46 ---
ênggih, lir kantaka sang rêtna sare ngêmbanan /o/ | kaduk manis, lir kantaka sang rêtna sare ngêmbanan | kaduk manis, lir sudama katawêng ima têng ||
4. §ênggih, babo, midêr-midêr jroning gupita mandrawa | ênggih, puspa lata upaya kinêmbar rupa /o/ | kaduk manis, pêpataheneseg kang anawung nungsarêngga | kaduk manis, ênggih, adan krodha /o/ ||
lajêng Ladrang Kaduk
1. ênggih, adan krodha kesawa lir Hyang Birawa /o/ | babo, pamit marang rêtnèngrat amurwèng laga /o/ | ênggih, pamit [pa...]
--- 47 ---
[...mit] marang
2. ênggih 2, gro tumindak kapilêng kang amiyarsa | ênggih, dwijawara gêtêr sagătra syuh sirna | babo, sang asmara wus purna ing krodhanira | ênggih, sang asmara ||
3. ênggih 2, mèsêm-mèsêm wangsul angimur sang rêtna | ênggih, panu biru madyaning cala juwita | babo, wong pasaja pantês sun tohana jiwaneseg | ênggih, wong pasaja, ênggih katawanging /o/ ||
Dhawah Katawang Dhêndha Gêde
1. pandamdj wadana murnama | adhuh wong agung | kadi lintang sor praba lan diwangkara ||
2. ênggih
--- 48 ---
kukus gantung, waja sinotya mrih lata | adhuh wong agung | gung sinawang-sawang cinêcêp lathinya ||
3. ênggih, kagyat nglilir, kang sawang pratiwa rêtna | adhuh wong agung | amlasarsa sang rêtna matur ring raka ||
4. ênggih, wêlut wana, jawata di ing duksina | adhuh wong agung | udhunêna§ kawularsa anambrama ||
5. ênggih, gudhe rambat, gănda tumrap ing sarira | adhuh wong agung | kamangkara wong asêdhêp tumindaka ||
6. ênggih, sotya rêkta, paksi krêsna among dhustha | adhuh wong agung | mirah ingsun tuhunên sêtya kawula [ka...]
--- 49 ---
[...wula]
7. ênggih, nata dewa§ Narendra Mantilirêja | adhuh wong agung | wasesanên janaloka ngendraloka ||
8. ênggih, cipta ardang panyawak[21] kang tamèng raga | adhuh wong agung | sun tatêdha tulusa jinatukrama ||
9. ênggih, wohing dami, kawining rah panu lata | adhuh wong agung | wong parigêl pantês toh takêr ludirangt /o/ ||
10. ênggih, ulêr kisma, Narpa Dasarata putra | adhuh wong agung | nora larang sêrama tugêling murda ||
11. ênggih, kêthèk bukung, kêbon gung kang sinaroja | adhuh wong agung | eman-eman [eman-e...]
--- 50 ---
[...man] piniyarèng dwijawara ||
12. ênggih, srênggala gung, wiku raja Saptaarga | adhuh wong agung | ngupayaa sajagad măngsa antuka ||
13. ênggih, made atma, woh arèn cinêncêm gula | adhuh wong agung | larasati sor rêbut mêmanisira ||
--- 51 ---
Gêndhing Kabor badhaya p.6
1. andhe, murwèng langên kinarya panglipur brăngta, nglipur brăngta | karsanira 2, Jêng Gusti Pangran Dipatya, ngran Dipatya | Anom Mangku 2, nagara ingkang sudibya, kang sudibya | trahing nata 2, narendra ing Ngèksigănda, Ngèksigănda ||
2. andhe, Surakarta kaping catur kang gumantya, kang gumantya | sinangkalan 2, murti astha wiku nata (1788)neseg wiku nata | kisma lungit 2, wêdharing têmbung kêkêran ||
minggah
1. bung kêkêran, sampun lincat 2 | lamun kababaring basa, baring basa | dhe, roning tanggung ancur [a...]
--- 52 ---
[...ncur] gêdhah winikara ||
2. winikara, dèn amantêp 2 | ing jangji sami karasa, mi karasa | dhe, mindho lima singa ranu aduskarta, aduskartaneseg | ing sadasa 2, dasa angan ||
dhawah Ladrang Gleyong
1. dhe, ba = bo, lêladrangan karsanya risang sudibya§ | babo=, atmajendra kaping nêm Pakubuwana | baboseseg (èrèk), atmajendra ||
2. dheT babo, sempol wana têmbung anukarta basa | babo, nanging kêdah sinaruwe ing sang rêtnaH | babo, nanging kêdah ||
3. dheH babo, sêkar kapas wêlut wana mawa wisa | babo, kapitêmên gèn ingsun kêdah [kê...]
--- 53 ---
[...dah] ngawulaT | babo, kapitêmên gèn ingsun kêdah ngawulaSW ||
Mêndhak nêmbah nuntên mungêl malih Katawang Sundawa
1. dhe,6= wus katawang karsèng sang narpa siwaya | babo= angulati pitutur utamèng praja ||
2. dhe, sasi surya wiwratmaja ing astana | babo iya măngsa kewrana ing rèh utama ||
3. dhe,seseg (èrèg) sangkan dawa atmajane dwijawara | babo wus santosa ing driya kanthidj prayuga ||
4. dhe, kawi sêmu§ wong atiwas têmbung lampah | babo, ing sasmita nora kongsi kasamaran ||
5. dhe, jênu tawa mega panjang ing gêgana | babo, ywa katungkul [katung...]
--- 54 ---
[...kul] nuruti ardaning driya ||
6. dhe, imbal sabda pangabaran duratmaka | babo, bisa nyirêp rêrasan kang tan prayuga ||
7. dhe, ninging tingal panyandhêt sidaning karya | babo, wus waspada pamurunging kawiryawan ||
8. dhe, tirta maya timbangane janaloka | babo, wus awêning tingal ingsun mring kamuksan ||
9. dhe, salah cipta wiryane putra narendra | babo, nora urus idhêp ingsun mring pangeran ||
10. dhe, basa purwa lalu diwasaning surya | babo, ya mulane aja gingsir ing prasêtya ||
11. dhe, tèbèng kori tanpa cengkok [ceng...]
--- 55 ---
[...kok] ing wacana | babo, dèn pasaja ing wuwus aja warana ||
12. dhe, sêkar kara sari rasa soring jăngga | babo, bundhêlana prasêtya yèn wus kadhadhang-perang ||
13. dhe, surya giwang têgêse basa sarkara | babo, aja gingsir dening manising wacana ||
14. dhe,dj wisma raja janma anggêlar wiweka | babo, dèn prayitna anggonira tunggu praja ||
15. dhe, tanduk astra palwa tiwas ing samudra | babo, manahira aja karêm ing kasukan ||
16. dhe, pêksi raja pambabare guna wisa | babo, dèn tabêri angawruhi barang karya ||
--- 56 ---
17. dhe, lêlawa gung têgêse basa kadarman | babo, nora kalong wong agawe kabêcikan ||
18. dhe,ng labêt katon sastra sinandhangan rowang | babo, dèn asandi barang rèh aja katara ||
19. dhe, sumbagèng tyas satriya kang amarjaya | babo, dèn apanggah nanging aja amisesa ||
Badhaya Kabor punika mawi dhadhap, mawi dhuwung (tanpa kêstul). Dhadhap punika manawi cara Ngayogya anggènipun mastani jêbêng.
--- 57 ---
Badhaya Gêndhing Sukaharja (Miyanggong) p.6
1. ênggih, sri narendra murwèng gêndhing Sukaharja | babo, ênggih, sang mahayun murwèng karsa mhayasa langên kaprabun ||
2. ênggih, kalokèngrat nagari ing nayagănda | babo, ênggih, kang mandhirèng kadhaton ing Surakarta Adiningrat ||
3. ênggih, apranyata pêpakuning kang buwana | babo, saèstune senapati kang sinêmbah ing ngalaga ||
4. ênggih, trah tumêrah narendra gung kang linuwih | babo, ênggih, kang darbèni tah têlatah ing nungsa Jawi sadaya ||
5. ênggih, sang mahadi panênggak ari narendra | babo
--- 58 ---
ênggih rêmbêsing madu wijilingneseg atapa andana warih ||
minggah
1. ênggih, ulunaning pra sumêndhi sahadaya /o/ | tan kêna sah sihing kaka naranata | lir puspita inganggit tan kêna ginggang ||
2. ênggih, rakêt kêkêt lulut lumalading driya | winardaya kaanggêp putra pangarsa | kinarya nang-kaonênganing wardaya ||
3. ênggih, ingkang măngka kondhang surayaning karsa | marmanira kalintang sih kaka prabu | lan sasama samine kadang narendra ||
4. ênggih, tuwin dènnyamot mong mêngku pra rinira | tan ana kang sumêlang sasêdayanyaneseg | rinojongan ingêmong
--- 59 ---
sakarsanira | ênggih, ambêg santa budya darma ||
Dawah Ladrang Surung Dhayung kendhang kalih.
1. ênggih, babo= jangkrik gunung puput jiwa dhuh kusuma | babo, sir kantaka yèn tan ningali badhaya | babo, sir kantaka ||
2. ênggih, babo,dj menda wana sêsotya rêngganing karna§ | babo, sapa ingkang pantês ngêngudang badhaya | babo, sapa ingkang ||
3. ênggih, babo, rêsi dênta satriya Sumitraputra§ | babo, mati anglês yèn tan lênggana badhayang | babo, mati anglês ||
4. ênggih,§ babo, jayèng ranu panêmbahaning jawata | babo, baya sira guru ratuning badhaya |
--- 60 ---
babo, baya sira ||
5. ênggih, babo, nata dewa kuntane Sri Danardana | babo, jroning nendra kacakrabawa badhayaT | babo, jroning nendra kacakrabawa badhaya -o- ||
Mêndhak nêmbah nuntên mungêl malih Katawang Sumêdhang kêndhang 2
1. ênggih, babo, sang kusumanawarsa amêdhar karsa | babo, kang kinarya pangiksaning madyapada | babo, kang kinarya ||
2. ênggih, babo, kang busana abra markata tumeja | babo, angarênyêp anêlahi ing kalangyanM | babo, angarênyêpdj= ||
3. ênggih, babo, uncal sutra mandhala linut parada | babo, arja sinjang wastra adining jro pura | babo
--- 61 ---
arja sinjang ||
4. ênggih, babo, awêwida jênar sumunar sumunu | babo, atasikan katon suluhing wadana | babo, atasikan ||
5. ênggih, babo, akrawistha pratistha pamusthinira | babo, bêksa priya kang laras langkap madura | babo, bêksa priya
M |
ww.wetny.2.1.y.t. |
6. ênggih, babo, ngêmbat larasng wawas winawasing tingal | babo, nèng kotara yun anguculkên warastra | babo, nèng kotara ||
7. ênggih, babo, mêsat ngasutngt sumêbut amawa bajra | babo, aliringan liru aliron panggonan | ba, aliringan ||
8. gih, babo, akarya nang ebat sagung kang tumingal | babo, saking
--- 62 ---
dènnya kagunggung kyèhning tanaga | babo, titi purna ing purwa madya wasana ||
Kasbut nginggil bêksan jangkêp, dène mênawi sudan, sudanipun wontên Ladrang Surung Dhayung dumugi cakêpan sapa ingkang pantês ngêngudang badhaya, suwuk, dados tanpa janturan mênawi sadaya botên ewah. (Badhayanipun ngasta jêmparing, dene panahanipun wontên Katawang Sumêdhang) ciri § = pêcak miring, wirama tamban, ciri M = manah, ciri dj = jantur, ciri ng = ngadêg (mantun jantur), dene ciri ngt = ngêstul.
--- 63 ---
Badhaya Gêndhing Mangun Arja (Gambirsawit) salendro pathêt sanga
1. mangun arja babo mangun arja sri maha narendra putra, rendra putra | babo, amarsudi babo amarsudi supadya praptènga ||
2. dhe, tèng akrama babo | wus pininta babo wus pininta mring sang narendra minulya, dra minulya | babo, nanging durung babo nanging durung tinamtu ubayèng karya, bayèng karya | babo, duk manitra babo duk manitra Saptu ping catur kang ||
3. dhe, tur kang căndra babo | Bêsar Ehe babo Bêsar Ehe sangkalanira [sangka...]
--- 64 ---
[...lanira] winarnaneseg ra winarna | babo, èsthi murti babo èsthi murti dwijawara sri narendra (1788) ||
minggah
1. babo, sri narendra babo | patra wisa dhe patra wisa gudhe pandhak wêlut wana ||
2. babo, wêlut wana babo | dhuh sapanên dhe dhuh sapanên kawulane kang sumiwa ||
3. kang sumiwa babo | mangu mulat dhe mangu mulat tumon kartika sajuga ||
4. ka sajuga babo | gurawalan dhe gurawalan dinalih sang mawèh brăngta ||
5. mawèh brăngta babo | pêksi krêsna dhe pêksi krêsna
--- 65 ---
găngsa ugêring wirama
6. babo ring wiramaneseg babo | kudhandhangan dhe kudhandhangan dasihe nandhang sung ||
Dhawah Ladrang Utama (Kêmbang Tanjung ngêlik barang) kêndhang 2.
1. dhe babo= cumlorod kang sarpa tapak maruta | babo babo= tyas kumêsar= rinasa= rasa udrasa | babo babo tyas kumêsar ||
2. dhe babo masjid sundha pakaryaning dwijawara | ba ba garjitèng tyas madhêp mring keblat mêmuja | ba ba garjitèng tyas ||
3. dhe baneseg juwitaning jatmika ingkang sinêdyangt | ba ba kang jinêjêr ujar jajêring jêjana | ba ba kang jinêjêr ||
4. dhe ba arka muka [mu...]
--- 66 ---
[...ka] tawon gung kang tala kisma | ba ba kang pininta lunturing sih sang kusuma | ba ba kang pininta ||
5. dhe ba mari onêng yèn gusti karsa natmata | ba ba dasihira suka lêbur nèng asmara | ba ba dasihira ||
6. dhe ba sumbêr wisma jawata sirah dwipangga | ba ba ajur mumur kawulane anglênggana | ba ba ajur mumur ||
7. dhe ba nadyan silih kinunjara ing turida | ba ba têmah tuman tumonton tuntunging jaja | ba ba têmah tumanseseg ||
8. dheT babodj sawêr langking sidhat agung panu krêsna | ba ba mung tulusa kawulane atoh jiwa | ba ba mung tulusa ||
9. dhe ba wus sinêdya ing dunya
--- 67 ---
praptèng pralena | ba ba nuhu ciptamaya ubayèng dumadya | ba ba nuhu cipta ||
10. dhe ba pari têgal turu ècèr sarwi sila | ba ba mugantuka sasmita sang pindha rêtna | ba ba mugantuka ||
11. dhe ba mengo mulat purnama tumamèng arga | ba ba mungup-mungup isthane mawèh sasmitangt | ba ba mungup-mungup ||
12. dhe ba atmajendra pakaryaning duratmaka§ | ba ba dhuh gustiku sun têtêdha aywa cidra | ba ba dhuh gustikuneseg ||
13. dheng ba kang purnama malbèng agraning ancala | ba ba pêtêng dhêdhêt dhêkukul amawas dhadha | ba ba pêtêng dhêdhêt ||
14. dhe ba jati mudha rewănda wulune krêsna | ba ba dhêlog-dhêlog [dhêlog-dhêlo...]
--- 68 ---
[...g] anjêtung sarwi tumêngaT | ba ba dhêlog-dhêlog anjêtung sarwi tumênga ||
Yèn sudan, jantur tanpa ngêstul.
Badhaya Gêndhing Sinom p. Barang
1. ênggih emba babo radèn sêsinome kusuma kang karya brăngta | babo sêsinome kusuma kang karya brăngta -o- radèn ||
2. ênggih amba babo 2 radèn amarsudi mrih dumulure sakarsa | babo amarsudi mrih dumulure sakarsa -o- radèn ||
3. ênggih emba babo 2 radèn kang sinêdya ngayomi wadya sapraja | babo kang sinêdya ngayomi wadya sapraja -o- radèn ||
4. ênggih emba babo 2
--- 69 ---
radèn wanara gung witing wrêksa rumambaka | babo wanara gung witing wrêksa rumambaka -o- radèn ||
5. ênggih emba babo 2 radèn tan kawawa nahêni brangtaning driya | babo tan kawawa nahêni brangtaning driya -o- ||
6. ênggih emba babo 2 radèn nata sura patalunan kang abêra | babo, nata sura patalunan kang abêra -o-radèn ||
7. ênggih emba babo 2 radènneseg anggung mendra ing wuwus angaruara | babo anggung mendra ing wuwus angaruara -o- ||
minggah
1. ngaruara patra wisa pakaryaning dwijawara | babo radèn patra wisa pakaryaning dwijawara -o- ||
--- 70 ---
2. dwijawara adhuh mati kangên pêpujan kawula | ba, ra, adhuh mati kangên pêpujan kawula -o- ||
3. jan kawula made atma tunjung alit sinaroja | ba, ra, made atma tunjung alit sinaroja -o- ||
4. sinaroja kangên ingsun tumutur pundi parannya | ba, ra, kangên ingsun tumutur pundi parannya -o- ||
5. di parannya tasik mănda jaman katon jro anendra | ba, ra, tasik mănda jaman katon jro anendra -o- ||
6. jro anendraneseg lamat-lamat anggung kèpi warnanira | ba, ra, lamat-lamat andhe lêladrangan -o- ||
Ladrang Singa-singa
1. babo= leladrangan= karsanya ri=sang sudibya | ba=bo, atmajendra kaping nêm Pakubuwana |
--- 71 ---
ba=bo, atmajendra dhe ujung jari -o- ||
2. ba, ujung jari balung rondhoning kalapa | ba, kawêngkua sayêkti dadi usada | ba, kawêngkua de kisma rêngat -o- ||
3. ba, kisma rêngat guladrawa pinasthika | ba, sun la-êla tan kêna lali sadina | ba, sun la-êla dhe cengkrong alit -o- ||
4. babo, cengkrong alit têngkêran têbu arjuna | ba, saking dene katêkan èsthining driya | ba,seseg saking dene dhe barat mijilngt ||
5. ba, barat mijilT wetan têmbung jatukrama | ba, timur mila sun puji dadia garwaneseg | ba, timur mila ||
Dados Ladrang Sobrang Barang kêndhang 2
1. andhe kancing lambang -o- | dj andhe= kancing lambang majasta ruwêt kang patra -o- | ba=bo, kancing
--- 72 ---
la=mbang ||
2. dhe, sun tatêdha 2 sampun kongsi kawistara | ba, sun tatêdha ||
3. dhe, sêkar randhu 2 putra Nata Yudayana | ba, sêkar randhu ||
4. dhe, nadyan gêndra 2 yèn wis karuwan ing măngsa | ba, nadyan gêndra ||
5. dhe puspa mindi 2 manggis jênar isi rêkta | ba, puspa mindi ||
6. dhe yêktènana 2 lamun ingsun amaleca | ba, yêktènana dhe jaman bakang ||
7. dhe, jaman baka puspa mindha ila-ila | ba, jaman baka ||
8. dhe, praptèng pati 2 ingsun nora nêdya cidra | ba, praptèng pati ||
9. dhe, sêlangking bang 2 pangajapaning wardaya | ba, sêlangking bang dhe nadyanT pisah ||
10. andhe, nadyan pisah maksih ingsun arsa-arsa -o- ||
--- 73 ---
Badhaya Gêndhing Endhol-endhol p. barang
1. dhe, murwèng gita wuryaning sindhèn badhaya | babo, dhèn badhaya radèn | dhe karsa dalêm jêng gusti pangran dipatya | babo, ngran dipatya radèn dhe | kaping catur kang mandhirèng Sura ||
2. ngêlikdhe, ba=bo, dhe, kaping ca=tur kang mandhirèng Surakarta, Surakar=ta | dhe, sinangkalan èsthi murti sabda nata | babo, sabda nata radèn dhe | duhkitèng tyas sri maha narpa atmajaneseg babo narpatmaja radèn | dhe amargiyuh anggayuh kang asung rimang ||
Minggah
1. babo, radèn, sang dayita sinêdya sinidhikara | dhe, sinêdya sinidhikara [si...]
--- 74 ---
[...nidhikara] -o- ||
2. ba, ra, mung kusuma kang kasêdya winikara | dhe kang kasêdya winikara ||
3. ba, ra, riris sumyar prapta margiyuh ing prana | dhe, prapta margiyuh ing prana ||
4. ba, ra, rangu-rangu rongèh muriring mangarang | dhe, rongèh muriring mangarang ||
5. ba, ra, cumalorot kartika mimbuhi brăngta | dhe, kartika mimbuhi brăngta ||
6. ba, ra, wintang roro kadi netranta kusuma | dhe, kadi netranta kusuma ||
7. ba, ra, silir ingkang maruta mangrujid driya -d- | maruta mangrujid driya ||
8. ba, ra, mawiyadineseg wiyoga raras rumira | dhe, wiyoga raras rum ||
Ladrang Manis kêndhang 2
1. dhe, babo= adan prapta [pra...]
--- 75 ---
[...pta] ruditèng tyas sang sudibya | babo= atmajendra kaping nêm Pakubuwana | babo= atmajendra ||
2. dhe, ba, sêmbah mring Sang Narpati Malawapatya | ba, dèn mituhu wawêlinge kang sudarma | ba, dèn mituhu ||
3. dhe, ba, kawi imba karsa durung kawêcana | ba, wus kaèsthi tan darbe liya panyipta | ba, wus kaèsthi ||
4. dhe, ba, netra tarung manggung yuda tanpa swara | ba, kadi nora keron kasêngsêming liyan | ba, kadi nora keron kasêngsêming liyan ||
Suwuk.
Suwuk, pathêt jugag p. barang nuntên mungêl malih bawa swara (cêluk) lajêng katampèn ing găngsa, Katawang Santri Brai [Bra...]
--- 76 ---
[...i] kêndhang 2 bawa dalah sindhènipun kados ing ngandhap punika.
1. singa tirta kawi dhayoh winagita -o- | babo, paran baya katêmu lawan sang rêtna | adèn adèn ||
2. dhe, badjbo= ancur gêdhah wrêksa kang kinarya wisma | babo babo, sajatine sun bangêt angarsa-arsa | adèn adèn ||
3. dhe, ba, kawi nêdha sêsulung kang mêdal enjang | ba ba, sun sêsuwun tumulia karon jiwa | adèn adèn ||
4. dhe, ba, pari têgal jêjuluk Nata Pandhawa | ba ba, muga-muga mituruta sudarmanta | adèn adèn ||
5. dhedj ba, pangot alit sastra kang munggwing pangarsa [pa...]
--- 77 ---
[...ngarsa] | ba ba, supayane tumulia winiwaha | adèn adèn ||
6. dhe ba, sama warna aran etung rolas căndra | ba ba, sun têtêdha jroning taun kalakona -o- ||
Endhol-endhol ing nginggil punika wêtah. Dene mênawi sudan, ingkang dipun suda minggahipun suda sak gongan, dados namung dumugi cakêpan silir ingkang maruta ngrujid driya. Sêsêg dhawah Ladrang Manis.
--- 78 ---
Badhaya Gêndhing Gandrung Manis p barang
1. ênggih, sri narendra Pakubuwana ping astha Surakarta | amurwani carita ing jaman kuna radèn | kang kinăndha prajarja adi Ngurawan | kang ginêndhing ing kidung Panji Susupan | ênggih, sumawita mring Sang Prabu Bauwarna ||
2. babo, antuk karya langkung kinulawisudha sinami lan putranira | kinondhang măngka suraya radèn | sinung bawah wawêngkon wong patang nambang | wus misuwur sapraja kang ambiseka | ênggih, Adipati Kalana Jaya Kusuma ||
3. babo, sinêdhahan map ripu Nungsakambangan | Sang Kalana wus sumaguh ubaya samăngsa karsaneseg radèn | asamêkta kadang kadean [kade...]
--- 79 ---
[...an] sabala | miwah garwa kusuma putri cêmara | ênggih, mrih tumutur ngadoni jayèng ranangga -o- ||
Minggah
1. babo, babo, wus têngara budhal mring bali nagara | ênggih, asanengga wahana jêmpana rata ||
2. babo, babo, tri gumuruhneseg wadyane sang adipatya | ênggih, asri tinon lir prawata ||
Ladrang Kuwung
1. ênggih, lir baskara murub ingkang tutup gêlung | gandhewa dibya nèng ngar=sa | jêmparing= mungging ngendhong mas | lir Suwănda Maèspati | duk mapag prang ing Ngalêngka | kinubêng prajuritira ngajab têmpuh ing nga ||
2. ênggih, Sang Dipatya Kalana Jayakusuma | tumon lamun yèn pinêthuk kadèyan kinèn prayitna | gêlar byukaning ngayuda | yuda [yu...]
--- 80 ---
[...da] pati mungging kanan | Răngga Jayalêksana kang mungging ing pangawat kiwa ||
Suwuk, nuntên mungêl malih Kêtawang Playon p. barang
3. ênggih, babo, yun magut prang pinalang ing garwanira | babo, marmèng raka arsa magut prang priyăngga | ênggih, sampun tandhing surèngrana jayasmara | babo, linancaran kya patya kundhah kêtawan | babo, Sang Apanji nuduh kinèn amu ||
4. ênggih, ba, winot anèng rata anunggal kalana | ba jayasmara tan samar mulat ing raka | ênggihdj tinangisan lungsur pamalihe priya | ba, Panji Trustha mulat ing ari Onêngan | ba, wus misuwur apatih Jaya As ||
5. ênggihng ba, kasoring prang malah tigas ingkang murda | ba, katur marang sri nata
--- 81 ---
ing Balipura | ênggih, Prabu Jayangtlêngkara langkung rudita | ba, angundhangi wadyabaladj para raja | ba, sri narendra mungging ing rata ri ||
6. ênggih, ba, miwah para putri wus winot ing rata | ba, bêdhol kêrig samya kang para prawira | ênggih, umung gurnang thongthong grit myang kalasăngka | ba, praptèng rana têmpuh campuh pranging bala | ba, sang aprabung anguculakên sag ||
7. ênggih, ba, kadya jawah srêsêg anibani bala | ba, kerut mirutngt larut prajurit Ngurawan | ênggih, Sang Kalana Jayadjkusuma umangsah | ba, samya tandhing wahana rata rêtna bra | ba, angalintêr kitêr putêr dêr ri ||
8. ênggih, ba, pêthuk gathuk kang rata tunggal sasana | ba, pêpanggile sang sri anggarut curiga | ênggih, patrêm [patrê...]
--- 82 ---
[...m] lungit tan tumama tanpa guna | ba, kantar kentarira Sri Jayalêngkara | ba, sira Panji angamêr sabda srêng ||
9. ênggih, ba, sang sri mengas luntur winarga wiluta | ba, kacêthikan badhar dènya malih warna | ênggih, wus srah jiwa pranyata Căndrakirana | ba, atur putri sapta siki adi-adi | ba, gya sinambut kusuma adi Kadhiri | ba, sarêng nêmbah sadaya angèstu pada ||
Sarimpi Gêndhing Lobong, salendro pathêt manyura, wiwitipun sindhèn mênawi sampun angsal sak gong (2 gong kalêbêt buka) ngajêngakên kênong tiga, dene atêr minggah bêksa kèngsêr kaping 4 wirama nêsêg minggah Pareanom. Wondene atêr ladrangan, mênawi sampun pêcak miring utawi bêksa gênjot pinjalan kaping 2 bibar gong dumugi kênong 1 wirama nêsêg dhawah Ladrang Kăndha Manyura kêndhang 2 mawi panahan. Cakêpanipun sindhèn kados ing sawalik punika.
--- 83 ---
Sarimpi Gêndhing Lobong
1. Suci sabda swarèngrat sri narpa putra | babo, narpa putra | dhe, mangun suka langên dyah lir waranggana | duk Hyang Rudra acangkrama ||
2. babo, acangkrama | dhe, sung nugraha mring sang tyas purnèng wigêna | wong agung Cintakapura ||
3. babo, takapura | dhe, jayèngyuda ngrabasèng kutha Ngastina | wus ngadhaton Darmaputra ||
4. babo, Darmaputra | dhe, nir pra cidra brastha rikang duratmaka | kèh ratu bêg sumawita ||
5. babo, sumawita | dhe, de Sri Krêsna rumêksèng mong ing Pandhawa | marma nir pakarti dhustha ||
6. babo, karti dhustha | dhe, nir pra cidra brastha rikang duratmaka | kèh ratu mbêg sumawita ||
7. nesegbabo, sumawita | dhe, de Sri Krêsna rumêksèng mong ing Pandhawa | marma nir pakarti dhustha ||
Minggah
1. babo, adèn, Danangjaya tuhu rumêksèng ing praja | dhe, pakaryane ngluluskên subratanira ||
2. babo, adèn, pinandhita prayitna ngrêksêng bawana | dhe, têtêp mantêp tinutuping tapa-tapa ||
3. babo, adèn, tan antara mèngêt tyas duhkitèng runya | dhe, sirna gêmpang ambêgnya kang dwijawara ||
4. babo, adèn, tan têtilas purna duk Pamadegănda | dhe, tuwuh
--- 84 ---
onêng wiyoga maring surendra ||
5. babo, adèn, Nata Krêsna giyuh rêngu duk dukacipta | dhe, cundhamanik pinundhut sinrah ing narpa ||
6. §babo, adèn, Sang Pamadya kagiwang tuwuh brangtanya | dhe, lir tinutus tinitis titis wus tatas ||
7. babo, adèn, lali kadang mung mindêng age ngêngudang | dhe, trênyuh tyasnya rêmak rêmpu kaparjaya -o- ||
8. babo, adèn, de sang rêtna anggung siningit jro pura | dhe, sarêng dènnya kapi rangu karungrungan ||
9. babo, adèn, patra wisa dwijawara nungku cipta | dhe, adhuh mati kangên pêpujan kawula ||
10. §babo, adèn, jayèng toya pasawakan jro nayaka | dhe, kang sun anti wong sêdhêp ubayanira ||
11. babo, adèn, ulêr kismaneseg sujanma undhagi praja | dhe, katêmpuhan jêr siranggungani ||
Ladrang Kăndha Manyura kêndhang 2
1. dheM babodj rêkatha lit sêlaning cala juwita | babo, ayunira cok nuwêg wong tanpa dosa | dhe, ayunira ||
2. dhe, babo, ăngsa wisma wiyoganing jumantara | babo, solah ruruh gapyak branyak ing wicarang | dhe, solah ruruhneseg ||
3. dheM baTbo,dj bayêm arda [ar...]
--- 85 ---
[...da] dursila lenèng ngabahan | babo, antêngira pangisasing wong sapraja | dhe, antêngira ||
4. dhe, babo, braja wrêksa jangkrik alit ing pagagan | babo, liringira kang larang akarya rimangng | dhe, liringira ||
5. dhe, baboneseg pêkên alit wêdale ajading natangt | babo, nora wurungT kawulane mati ngarang | dhe, nora wurung ||
6. dhe, babo, kawi netra kikiran woh pindha kroya | babo, tingalana abdine kawêlasarsa | dhe, tingalana abdine kawêlasarsa ||
Bêksan Sarimpi Lobong kasbut nginggil wau wêtah, dene manawi sudan, sudanipun wontên minggah, inggih punika namung dumugi cakêpan trênyuh tyasnya rêmak rêmpu kaparjaya, lajêng dhawah Ladrang Kăndha Manyura, dados namung 7 pada. Manawi sadaya botên ewah, nanging atêripun bêksa inggah sami, sami pêcak miring utawi gênjot pinjalan rambah kaping 2, bibar gong angsal kênong 1 wirama nêsêg. Dene titikanipun makatên, ugêr angsal tigang gongan sampun pêcak miring, nandhakakên manawi sudan.
Dene bab cakêpan Kăndha Manyura, ing nginggil punika ingkang baku, nanging
--- 86 ---
prikănca pasindhèn kêrêp-kêrêp (malah ajêg) nyambut cakêpan Ladrang Sukarsih, inggih punika: wus siyaga kusuma Drupada putra, sapiturutipun. Sababipun punapa? Kula botên mangrêtos. Têka nyambut cakêpan sanès, botên purun ngangge cakêpanipun piyambak.
Glondhong Pring
Sarimpi Gêndhing Glondhong Pring p. 6
1. dhe, swara murti sindhèn janma murwènggita -o- | murwèng gita | purwaning rèh mangikêt wur | dhe, purwaning rèh mangikêt wuryaning praja -o- | yaning praja | anglêluri langên agêng | dhe, anglêluri langên agênging kaprabun ||
2. ngêlikdhe, babo, tumurasing kawibawan | dhe, tumurasing kawibawan suka wirya -o- | sukawirya | tumuwuhing kamuktyan pi | dhe, tumuwuhing kamuktyan pinudyèng janma -o-neseg | nudyèng janma | putusing rèh swarjana am | dhe, putusing rèh swarjana ambijaksana -o- ||
Minggah Ladrang Gudhasih kendhang 2.
1. babo, ingkang măngka masaning sudarsana | babo, anindita krêtarta ha ||
2. lik dhe, babo, anjêladri madu tyas [tya...]
--- 87 ---
[...s] pasthika maya | babo, kamayangan mangayun kayuyunira -o- § | babo, ing kaharjan sinarju sa ||
3. dhe, babo, mring prajarja suka rênaning punggawa | babo, miwah sagung santana myang wadyabala | babo, èstri priya samya bungah ||
4. dheS, babo, kaeraman dening langêning kalangyan | babo, ciptanira katêmbyan panduluniraneseg | babo, wanudyèndah kauparêng ||
Dhawah Kêtawang Sumêdhang kêndhang 2 (lastantun kêndhang kalih)
1. dhe, babo, sang kusumaneseg kasoman amêdhar karsaM | babo, amulang rèhT mring siswa sadjpta wanudya | babo, amulang rèh ||
2. dhe, babo, tinatula ukêling taya wanita | babo, kang kinarya pangiksaning madyapada | babo, kang kinarya ||
3. dhe, babo, kang busana abra markata tumeja | babo, angarênyêp kumitêr kitêr ngujwala | babo, angarênyêpng
.ww.wetny.2.1yt
4. dhe, babo, sêngkangiraseseg anêlahi ing kalangyanM | babo, akalpika têtajugadjn hèr baskara | babo, akalpika ||
5. dhe, babo, uncal sutra mandhala linut parada | babo, arja sinjang wastra adining jro pura | babo, arja sinjang ||
6. dhe, babo, awêwida
--- 88 ---
jênar sumunar sumunu | babo, atasikan katon suluhing wadana | babo, atasikanng ||
7. dhe, babo, ngêmbat laras wawas winawasing tingal | babo, nèng kotara yun anguculkên warastra | babo, nêng kotara-ngt
.ww.wetny.2.1.y.t
8. dhe, babo, akarya nang ebat sagung kang tumingal | babo, saking dènnya kagunggung kwèhing wiraga | babo, titi purna ing purwa madya wasana ||
Atêr minggah bêksa kèngsêr kaping 2 wirama nêsêg minggah Ladrang Gudhasih, dene atêr badhe kêtawang bêksa pêcak miring utawi gênjot pinjalan rambah kaping 2 langkung sak gongan wirama nêsêg dhawah Kêtawang Sumêdhang (cakêpan pênding rugmi botên kaangge)
Ciri § bêksa gênjot pinjalan wirama tamban
Ciri M = manah, T = tamban, dj = jantur, ng = ngadêg, ngt = ngêstul, mênawi badhe ngêstul utawi manah wirama kêdah sêsêg, badhe ngadêg ugi mawi sêsêg amung sawatawis.
--- 89 ---
Sarimpi Gêndhing Gêndhiyêng kalajêngakên Ladrang Sukarsih kêndhang kalih lajêng dhawah Kêtawang Srêpêgan Martapuran ugi kêndhang 2 pelog pathêt nêm
Atêr minggah bêksa kèngsêr rambah kaping 2 (5 gongan) wirama nêsêg minggah, minggah amung sak gongan lajêng Ladrang Sukarsih.
Dene atêr kêtawang wontên kêstulan nyarêngi gong ngêstul lajêng dhawah Kêtawang Martapuran trus jantur.
Wiwitipun sindhèn wontên Ladrang Sukarsih.
Ladrang Sukarsih
1. ênggih, wus siyaga kusuma Drupada putra | babo, ajêjamang tundha ro kinarawistha | babo, ajêjamang ||
2. ênggih, babo, ngore rema pinapêkak pita rêkta | babo, tasik seta burat mas pindha baskara | babo, tasik seta ||
3. ênggih, babo, arja sinjang wastra adining jro pura | babo, asêmêkan wungu liron jring mardapa | babo, asêmêkan ||
4. ênggih, babo, kadya Rêtna Rarasati ing duksina | babo, swara rênyah baranyak solah jatmika | babo, swara rênyah ||
5. ênggih, babo, praptèng papan wus yunan lan parangmukaneseg | babo, lir kinêmbar citrane kang tandhing -o- ngt ||
TKatawang Martapuran
--- 90 ---
1. ênggihdj 2, lir kantaka babo, lir kantaka kanggêg mênggah têkêm jaja | babo, sang lir rêtna marpêgi anawang asta ||
2. ênggih 2, anggung midêr babo, anggung midêr kinitêr sinawang-sawang | babo, marasing tyas manawa mungsuhe lena ||
3. ênggih 2, kang kantaka babo, kang kantaka nolih mring Arya Palgunang | babo, asasmita padhêkan kinèn malêsa ||
4. ênggih 2, nyandhak laras babo, nyandhak laras Sri Kandhi wus pinarjaya | babo, bêbadhonge sang rêtna timpan kasingsalngt dj ||
5. ênggih 2, arda merang babo, arda merang karuna sang nayakèngrat | babo, tanpanon rat waspa drês lantaran grana ||
6. ênggih 2, Sang Arjuna babo, Sang Arjuna marpêgi minta aksama | babo, anambrama mrih lêjar tyase sang rêtna ||
7. ênggih 2, Sang Arjuna babo, Sang Arjunang marpêgi minta aksama | babo, anambrama mrih lêjar tyase sang rêtna. ||
8. ênggih 2, plana kuda babo, plana kuda sidhat gêng kang mawa karna | babo, sang kusuma manêmbah lulus kagarwa ||
--- 91 ---
Sarimpi gêndhing Tamènggita pelog pathêt nêm kalajêngakên Ladrang Winangun pelog pathêt barang.
Atêr minggah bêksa kèngsêr rambah kaping 2 (5 gongan) dhawah cengkok ompak gong gangsal wirama nêsêg minggah, minggah angsal tigang gongan (panggenan cengkok barang ingkang kaping kalih) bêksa gênjot pinjalan kênong 2 wirama nêsêg dhawah Ladrang Winangun (jujug lik). Dene wiwitipun sindhèn wontên Ladrang Winangun pelog barang. Cakêpanipun sindhèn kados ing ngandhap punika.
Ladrang Winangun
1. dhe, babo, lêladrangan pathêt nêm barang unggahnya | babo, yayasendra Ladrang Winangun arannya | babo, yayasendra ||
2. dhe, babo, tinrap langên sarimpi pinurwèng gita | babo, dimèn trustha sakyèhning wadya sumiwangt | badjbo dimèn trustha ||
3. dhe, babo, hayu sapta nawa sanga Surakarta | babo, kang mangripta akêkasih udakara | babo, kang mangripta ||
4. dhe, babo, kênur jiwa kawis jênar nata dewa | babo, ambêgira durung paja-paja trisna | babo, ambêgira ||
5. dheH babo, wening angga wastra sinulam kêncanaH | babo,
--- 92 ---
dèn aèngêt kalamun nata kang murba | babo, dèn aèngêt ||
6. dhe,§ babo, jênu tawa lunturing karsa tumibang | babo, yèn katungkul sihing gusti nora prapta | babo, yèn katungkul ||
7. dhe, babo, wêlut wisa pamujinirèng dursila | babo, ya mulane bêcik ingkang kêrêp sebangt | badjbo, ya mulane ||
8. dhe, babo, bale atma wanita durung diwasa | babo, dèn akangên kadi dulu prawan kênya | babo, dèn akangên ||
9. dhe, babo, buron rema pasêmon dununging netra | babo, têtumanên dimène antuk nugraha | babo, têtumanên ||
10. Hdhe, babo, bèbèk rawa turu ècèr sarwi silaH | babo, yèn wis antuk aja sira apêpeka | babo, yèn wis antuk ||
11. dhe§ babo, pring salining lata sumêbar ing kismang | babo, malah-malah wuwuhana sungkêmira | babo, malah-malah ||
12. Hdhe, babo, ujung kampuh sujanma wijiling kustaH | babo, marang kănca dipun bêcik anggêpira | babo, marang kănca dipun bêcik anggêpira -o- ||
--- 93 ---
Sarimpi Gèndhing Gambirsawit (jalma kuda) salendro pathêt sanga
Atêr minggah bêksa kèngsêr rambah kaping 2 wirama nêsêg minggah, minggahipun amung sak gongan lajêng dhawah Ladrang Gonjang-ganjing salendro pathêt sanga.
Wiwit sindhen ngajêngakên kênong 2 merong Gambirsawit. Cakêpanipun kados ing ngandhap punika.
1. jalma kuda babo jalma kuda maharsi narendra putra -o- | rendra putra babo | ngêla-êla babo ngêla-êla mangun langêning kalangyan -o- | ning kalangyan | babo sang lir rêtna babo sang lir rêtna kang dadya panglipur ||
2. ngêlikdhe, nglipur gita babo rinarêngga babo rinarêngga dyah catur busananira -o- | sananira babo abra mancur babo abra mancur ujwala pindha baskara -o-neseg | dha baskara babo lir tan napak babo lir tan napak sahasta lawan bantala -o- ||
minggah
1. babo wan bantalaneseg babo karya onêng | dhe karya onênging sapraja ||
dawah Ladrang Gonjang-ganjing
1. dhe babo jangkrik [jangkri...]
--- 94 ---
[...k] gunung puput jiwa dhuh kusuma | babo sir kantaka yèn tan ningali mring sira | babo sir kantaka ||
2. dhe babo roning mlinjo garwa jawata duksina -o-§ | babo sasolahe bisa wèh lara asmara | babo sasolahe ||
3. dhe babo rêsi dênta satriya Sumitra putra | babo mati anglês yèn sira têmah lênggana | babo mati anglês ||
4. dhe babo jayèng ranu panêmbahaning jawata -o-§ | babo baya sira guru ratuning wanudya | babo baya sira ||
5. dhe babo nata dewa kuntane Sri Danardana | babo jroning nendra kacakrabawa mung sira | banesegbo jroning nendra ||
6. dhengt babo ancur kaca purnama mijil kapisanT | babodj raosing tyas kadya ge nunggala jiwa | babo raosing tyas ||
7. dheH babo garwa Salya dhandhang alit among dhusthaH | babo mati gênting yèn tan tuhu ing prasêtyang | babo mati gênting ||
8. dhe babo balung janur putra yaksa Madukara | baboneseg yèn tan paring usada lara wigênangt | babo
--- 95 ---
yèn tan paring ||
9. dheT babodj lalumăngsa panusule magut yuda | babo yèn kasèpa bantoni lara asmaraH | babo yèn kasèpa ||
10. Hdhe babo kêndhal jêram sêsotya sumorot urang | babo srênging karsa tan liyan pan amung sira | babo srênging karsa ||
11. Hdhe babo roning gêbang kang pêksi tanpa cumbana -o-H | babo mêrak ati parigêl bisa tênaga | babo mêrak ati parigêl bisa tênaga ||
--- 96 ---
Sarimpi Gêndhing Lagu Dhêmpêl minggah Ladrang Lagu Dhêmpêl suwuk pathêt sanga jugag lajêng bawa swara utawi cêluk "lamun sira madêg narapati" katampèn ing găngsa Katawang Mijil salendro p athêt sanga
Atêr minggah bêksa kèngsêr rambah kaping 4 wirama nêsêg minggah, bêksa pêcak miring utawi gênjot pinjalan rambah kaping 2 langkung 1 gongan wirama tamban dumugi gong suwuk. Suwuk pathêt jugag lajêng cêluk Kêtawang Mijil lamun sira.
Nama Lagu Dhêmpêl punika ngêndika dalêm (P.B. X) sarêng kaêlih dados gêndhing rêbab wontên pathêt sanga: kagêm Sarimpi, kala taksih gêndhing gêndèr namanipun Dhêmpêl botên mawi Lagu.
Dene Sarimpi Lagu Dhêmpêl punika ingkang kapacak ing buku ngriki bêksan wêtah, lajêng wontên ingkang sudan, sudanipun wontên ing Kêtawang Mijil. Suda 1 pada nglangkahi cakêpan "yèn wadyanta binobot pinardi" sapitirutipun. Dados lajêng nyandhak cakênan "pan lêlima ingkang bêbayani" enz.
--- 97 ---
Dene titikanipun mênawi sudan (longlongan) makatên : ngajêngakên ngêstul botên mawi kènjèr mundur, mênawi wêtah (jangkêp) mawi kènjèr mundur.
Ing ngriki kula dèkèki ciri ngêstul jantur tuwin ngadêg tumrap bêksa wêtah aksara agêng, yèn sudan aksara alit.
Kêjawi punika wontên malih ingkang suda ngantos 2 pada, inggih punika kula wastani bêksa sarimpi kadhatonan (Gusti Kangjêng Ratu Pambayun putri dalêm P.B. X) nalika bêksa Sarimpi Lagu Dhêmpêl ngagêm ingkang sudan kalih pada wau malah ingkang kêrêp kagêm sapunika (ing taun 1935–1938) Lagu Dhêmpêl kadhatonan wau, mênawi gêndhingipun dumugi minggah botên ewah, ingkang ewah (suda) amung Mijilipun. Murih cêthanipun supados botên cawuh, Mijil Kadhatonan wau kula mijèkakèn piyambak.
Wondene cakêpanipun sindhèn Gêndhing Lagu Dhêmpêl wêtah : kados ing ngandhap punika.
1. catur swara -o- babo catur swara gora ngrat Sri Dasarata | adèn ratu agung kang ngadhaton ing Ngayudya | ambêg [ambê...]
--- 98 ---
[...g] wiku mardikèng rat tyas ngumala | angenaki ||
2. ing wadyanya babo amrih ayu wor mêmanising wacana | adèn wêdi asih lulut kang para santana | agêng alit winêngku barang parartaneseg | samya eca ||
minggah
1. kadya yayah -o- babo= datan kongsi pinukul ing madya laga | ba=bo kasor de=ning tyasira ing kapandhitan | babo babo adèn adèn waskitha mrih | babo rèhing patya - patitis pamoring suksma | andhe adèn tan antara ||
2. dya mangering -o-§ babo ing panyipta wignya moring batharanya | babo sanalika tanna uwus pamèngêtnya | babo babo adèn adèn kungas ing rat | babo Dasarata - sampat tyas kaprabunira | andhe adèn ingkang padma ||
3. paripurna -o- § | babo | amudhari lir sasăngka kawistara | babo | lêlangênnya amangun uluirèngratT | babo babo | adèn adèn | wiyoga triwikramanya ||
Mêndhak nêmbah nuntên mungêl Katawang Mijil bawa swara.
Mijil
1. lamun sira madêg narapati -o- | yayi wekas ingong | apan ana ing prabu ugêre | sastra cêtha ulatana yayi | omahna dèn pasthi | wulanging sastrèku ||
--- 99 ---
2. rèhning janma tama nguni-uni | kang mêngku kaprabon | ingkang nistha kawruhana kabèh | miwah madya utama ywa lali | liring siji-sijingt dj | dèn kêna ywa tungkul ||
3. tindaking nistha măngka mawêdi | têmah tan agêpokngt dj | ingkang madya rêsêpana bae | mring utama sira dèn kapengin | dèn kadi sira mrih | sêngsêming dyah ayu ||
4. nistha iku tindak walangating | saliring pakewoh | iya bela-bela ing ciptane | mring santana myang punggawa mantring | anggung sănggarunggingt dj | andhêdhêr pakèwuh ||
5. ala ayu pan darbèkirèki | ing rat tan pakewoh | ingkang ala purihên bêcike | winot ing suka dinandan ugi | warêgana pingpingngt dj | jêjêlana wuruk ||
6. ing kadarman wruhna pakênaningng | pètên sukaning wong | barang karya ana bêbukane | winawika ing rèh ingkang isi | ala lawan bêcik | tuwin gampang ewuh ||
7. yèn wadyanta binobot pinarding | tyas mèsi pakewoh | agung bêbaya ing wêkasane | kang mangkono kêkêsên tumuli | iku tan winaris | ing gunêm rahayu ||
8. pan lêlima [lê...]
--- 100 ---
[...lima] ingkang bêbayani | gunggunging pakewoh | den prayitna ing wadyanira kèh | sasat mungsuh angêpung purèki | iku dèn pakeling | Brata nêmbah ngayun ||
Wiwit sindhèn Lagu Dhêmpêl ngajêngakên gong ingkang kaping 2 panggenan badhe ngêlik gangsal.
Ing ngandhap punika sêsindhèn Mijil Lagu Dhêmpêl Kadhatonan. Mênawi gêndhingipun Lagu Dhêmpêl dumugi minggah botên ewah. Kados ingkang sampun kapacak ing inggil wau, amung Mijilipun ingkang ewah (suda).
Mijil
1. lamun sira madêg narapati | yayi wêkas ingong | apan ana ing prabu ugêre | sastra cêtha ulatana yayi | omahna dèn pasthi | wulanging sastrèku ||
2. rèhning janma tama nguni-uni | kang mêngku kaprabon | ingkang nistha kawruhana kabèh | miwah madya utama ywa lali | liring siji-sijingt dj | dèn kêna ywa tungkul ||
3. tindaking nistha măngka wêwêdi | têmah tan agêpok | ingkang madya rêsêpana bae | mring utama sira dèn kapengin | dèn kadi sira mrih | sêngsêming dyah ayu ||
4. nistha ikung tindak walangati | saliring pakewoh | iya bela-bela [bela-be...]
--- 101 ---
[...la] ing ciptane | mring santana myang punggawa mantringt dj | anggung sănggarunggi | andhêdhêr pakewuh ||
5. ala ayu pan darbèkirèki | ing rat tan pakewoh | ingkang ala purihên bêcike | winot ing suka dinandan ugi | warêgana pingping | jêjêlana wurukng ||
6. pan lêlima ingkang bêbayani | gunggunging pakewoh | dèn prayitna ing wadyanira kèh | sasat mungsuh angêpung purèki | iku dèn pakeling | Brata nêmbah ngayun ||
Badhaya Gêndhing Suka Utama
Dhandhanggula
1. wiku wolu amuji sang aji |[22] Sri Nara Nata Pakubuwana | ping astha Surakartane | maya sasêndhon kidung | gula milir sinawung gêndhing | tinumrap ing pamêdhar | wuwuse sang wiku | yèn sira mêngku mong praja | dèn piranti nastiti angati-ati | anêrapakên karya ||
2. kang abêcik dèn laksana kaki | lirnya panggawe kang luwih mulya | rumêksèng tyas sasamane | kang dumadi sawêgung | kang pracaya marang Hyang Widhi | ywa singgah ing wisesa- | nira kang Mahagung | tingalira kang sanyata | dene tyas kang angrusak samaning urip | kang tan pracayèng Suksma ||
--- [102] ---
3. iya iku kang tinrapan sisip | poma kaki dèn aèngêt sira | ing tindak ala bêcike | bênêr kalawan luput | yêkti padha amratandhani | dipun titi ing tata | têtulaning laku | tumulya samya manêmbah | rèrèh sampun nulya adêdalon malih | mrih wulang wirya guna ||
Suwuk nuntên mungêl malih
1. swaraning bala - gu - mêrah - angra - kit sadaya sami- | kang munggèng ngarsa mawarna - samya - a - saos ing kardi | tuwin ingkang | kadeyan sa - nta - na - sa-daya wus kumpul ||
2. nayaka waktra sumiwa - aglar ing ngarsa atapa prasami | kang - pa - ra - prawira - tê - na - ya - ta - runa marapit ||
3. wadya gung lir pendah
--- [103] ---
kadya - ingkang | samudra pasang nêlahi | sami - rana - su - mi - lir - e - ing - kang gănda arum ||
4. wadya ingkang upacara - ata - p ing - wuri mangapit | pucak manik - mase - sa - ma - ni - k mas. ||
minggah
1. sun tutêna - sun tutêna wadya sadaya raharja - sami rah - arja | LwongH - a - gung - sami raharja | sun tutêna | têkèng do - n mukti wibawa - mu=gti wibawa.g ||
2. abra mancur - abra mancur - ujwala - pindha baskara - pindha ba - skaraL | Hwong - a - gung - ambuwang gănda [gă...]
--- [104] ---
[...nda] | ingsun sawang | ing samang - kya | pambabare - pambabare ||
3. gkêncana mrik - kêncana mrik manik - intên isi mi - rah - ya isi - mirah | LwongH - a - gung - kang ambêg bu - dya parimarma | samya kinulawisudha - sahadaya ||
4. gwus kêtara - wus kêtara - prawira - anglir sasmita - saliring - karyaL | Hwong - a - gung - muga tulusa lêlewane | prabawa - gê - têr - i ati - gê=têri ati - wong - a - gung tulus wibawa - mugti ||
Suwuk nuntên mungêl malih.
Sinom
1. sira bênêrakên karya | aja salinca [sa...]
--- [105] ---
[...linca] ta kaki | lamun sira nambut karya | aja piturunan kaki | ana kang tinaèki | cawêngah ing manahipun | tan enak karyaneka | lamun karya alit kaki | kang anambut karya sampun kêkathahan ||
2. miwah yèn karya gung aja | kurang kang tumandang kaki | aja kabalik ing karya | aja amrih ilang maring | kabisane ing dasih | yèn sira asung karyèku | kaki prayogakêna | lan dèn sakuwawanèki | karuwan kang tiwas enak sira niksa ||
3. kang bakit iku linoba | aja tapa maras kaki | kinarya mêmadung gurda | wadung kinarya ni-ani | ya ta katiga bêkti | dènira sami winuruk | tingkah cidraning aprang | wus sumurup sang hyang rawi | radèn kalih sami ngaturan mantuka ||
--- [0] ---
[Sisipan]
Mêmungu kombuling putri = 1706
Mêmungu kombuling putri
Ki Mas Suramlaya, nalika dintên Sênèn Kaliwon, kaping 19 wulan Sapar, taune ăngka 1838, kakarsakakên dados abdi dalêm miji panggêndèr niyaga kiwa, kaparingan nama Ki Mas Găndapangrawit.
Turunan saking pèngêtanipun Kamas Bèi piyambak.
--- [0] ---
marga [...]
katêmua palayaran
(1). Babonipun mungêl pênthekawêdhar
Kawawas ingkang
Purilaga, rame caruk
1 | Lebih satu suku kata: lan wolung dasa sapta. (kembali) |
2 | Tanggal: mulang badan sabdèng ratu (AJ 1787). Tahun AJ 1787 jatuh antara tanggal Masehi: 11 Agustus 1858 sampai dengan 30 Juli 1859. (kembali) |
3 | Tanggal: dwijastha muji sang aji (AJ 1787). Tahun AJ 1787 jatuh antara tanggal Masehi: 11 Agustus 1858 sampai dengan 30 Juli 1859. (kembali) |
4 | Lebih satu suku kata: amigêna langên rêsmining rangin. (kembali) |
5 | Lebih satu suku kata: karya sukaning wadya. (kembali) |
6 | Lebih satu suku kata: srênging karsa amangun sihing dasih. (kembali) |
7 | Lebih satu suku kata: ingsun ngêbun-bun enjang. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: pangandêle sela panglawêd sari. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: sêndhang gêng pawukiran. (kembali) |
10 | Lebih satu suku kata: kêpêt dangan pring nom rinujid miring. (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata: kara gung pindha kangkam. (kembali) |
12 | Lebih satu suku kata: pangatase ature wong tinuding. (kembali) |
13 | Lebih satu suku kata: muka rinênggèng warna. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: janma miyat kalolodaning brangti. (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata: nganggang bae sihira. (kembali) |
16 | Lebih satu suku kata: mung sira dhuh babo sun kawulani. (kembali) |
17 | Lebih satu suku kata: tuna-dungkaping nala. (kembali) |
18 | Kurang empat suku kata. (kembali) |
19 | Tanggal: gangsal (5) Dhesèmbêr: ngèsthi trustha salirèng narpati (1898 M). (kembali) |
20 | Tanggal: Sênèn Kaliwon salikur (21) Rêjêb Ehe: salira kaèksi murtine sang prabu (AJ 1828). Tanggal Masehi: Senin 5 Desember 1898. (kembali) |
21 | manyawak. (kembali) |
22 | Tanggal: wiku wolu amuji sang aji (AJ 1787). Tahun AJ 1787 jatuh antara tanggal Masehi: 11 Agustus 1858 sampai dengan 30 Juli 1859. (kembali) |