Ibêr-ibêr Sarta Uran-uran
--- 409 ---
Hollê
1. Kinanthi
1. sêrat kanthi tabenipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | ping catur ingkang sinung sih | Ridêring Ordhê Nèdêrlan | sênleyo ingkang piniji ||
2. kolnèl myang ajudhanipun | Sri Maharaja Walandi | mirungga komandhanira | lesiyunipun pribadi | ing nagari Surakarta | têlênging karaton Jawi ||
3. dhumatênga sumitrèngsun | Tuwan Hollê kang pinuji | maharja ajuning ajar | jêjêre wong among tani | tinalatèn amrih tata | tatale katon tur titih ||
4. kang dumunung bawah Garut | dhêdhepok waspada wukir | paresidhenan Priyangan | ing mangke sawêg sumiwi | jêng tuwan guprênur jendral | wontên ing Bogor nagari ||
5. sampuning kadya puniku | awiyos sarira mami | sampun tampi srat paduka | cinitra kaping nêm April |
--- 410 ---
sèwu wolung atus lawan | pitung dasa kawan warsi ||
6. dene ta suraosipun | paduka asung pamuji | ing kula myang garwa putra | winantuèng sih salami | nugraha panjang ing yuswa | rahayu jroning dumadi ||
7. myang malih paduka sukur | bingah amarwata siwi | awit saking putraningwang | kang tumut nglurug mring Acih | sampun dhatêng Surakarta | sawadya sami basuki ||
8. punika kula saklangkung | asangêt tarima kasih | mring paduka nrus ing driya | botên supe ing salami | dene katrêsnan paduka | lumintu lir toya mili ||
9. makatên panêdha ulun | mugi Hyang Kang Maha Suci | paduka pinaringana | yuswa panjang rênèng galih | jinurunga ing sakarsa | wilujêng ing dunya ngakir ||
2. Pocung
1. santun kidung pucung tumrap ingkang têmbung | paduka uminta | pawartine among tani | wiji pantun kang tuwan sêbar nèng boga ||
--- 411 ---
2. kang sinawur pawinihan dadosipun | tuwuh angrêmbaka | tumangkar kathah kang siwi | lêmanipun nglangkungi kang kina-kina ||
3. kintênipun para tiyang sêpuh-sêpuh | ing boga sadaya | gadhahi kuwatos kêdhik | sêsêbaran rèhning kasèp mangsanira ||
4. èstu gabug awit saking lintang wuku | wus sumurup ngarga | punika kang dèn ugêmi | petang dhusun ngadat sampun kalampahan ||
5. dene pantun kang sampun tanêm pinugut | sakilèn bêndungan | ing mangke sampun kêtawis | saenipun ngungkuli lan saban-saban ||
6. benjang lamun sampun panèn yêktinipun | gabug aosira | têmtu kula sung udani | mring paduka mêdal ing êpos kewala ||
7. liya sampun kang kêsêbut nginggil wau | amung salam kula | dhumatênga Radèn Kaji | Ngisa ingkang ngulama ngiras pujangga ||
8. titi sampun pustaka rinênggèng
--- 412 ---
kidung | Kêmis tiga wêlas | wulan Mulud taun Alip | tinêngêran katiga tan wolung căndra |[1][2]|
Natabrata a.
3. Mijil
1. kang pustaka winêdhar ingkang sih | kinuswèng pamiyos | pangastawa pajar netyasane | sudarmanta jêng pangran dipati | kang măngka ing maning | pratiwa lesiyun ||
2. yoga tumraptaa siswa mami | kang sutagnya ing don | Jêng Pangran Arya Natabratane | wahyèng thika ingsun wèh udani | yèn sinung basuki | dera Hyang Kang Agung ||
3. benjang ari Ditya tanggal kaping | sapuluh linakon | sajroning sitarêsmi Ruwahe | ingsun arsa ngramakkên kêkalih | barêngan saari | dhaup bata rubuh ||
4. kang sasi ki uga putra mami | priya ingkang anom | Dyan Mas Arya Găndasaputrane | de barênganira juga malih | prênah ari mami | putranirèng [putra...]
--- 413 ---
[...nirèng] dangu ||
5. rama pangeran balatèr swargi | barêng dhaup karo | lan putrane nguni têtilare | swargi jêng kaka pangran dipati | sing pangrêmbe swami | pêparabirèku ||
6. Radyan Ajêng Suminah yun panggih | lan atmajaningong | ya Ki Arya Găndasaputrane | Radyan Ajêng Selok kang sasiki | yèku ingkang dadi | jatukramanipun ||
7. Radyan Mas Găndawardaya benjing | praptaning wêwangson | ijab paningkahe kang pangantèn | wayah sore jam papat marêngi | palasthaning kawin | wêktu mahrib dhaup ||
8. anèng pura pakarangan mami | kang pangantèn karo | ri wusira kang mêngkono dene | sira miwah pra arinirèki | samoha ingsun prih | prapta adêdulu ||
9. la-êlane kang pangantèn kalih | langên ing patêmon | têkanana sukanirèng têmbe | mring sanggyaning kadang putra mami | sumawung rêsmining | sumrambah rum-arum ||
--- 414 ---
10. itih pustaka cinitrèng ari | Buda duk katonton | nujwa kaping sad wulan wimbane | warsa Wawu Isaka winarni | wisayèng udadi | suyakti tumuduh |[3][4]|
b.
4. Kinanthi
1. purwèng thika kang kinidung | unadyèng laras kinanthi | sahaya parja kastawa | ramanta Pangran Dipati | Arya Prabu Prangwadana | praptaèng siwaya mami ||
2. Jêng Pangran Natabrata nung | bêksadu parikrama mrih | sanggyaning wandawa wrêdha | wahyanta dhuh putra mami | manira rêngên pawarta | lamun ibunta pribadi ||
3. simpên thika wasita nung | têtilarira ing nguni | eyang ta jêng pramèswara | Ratu Kancana suwargi | wasita saking jêng uwa | Natakusuma lan malih ||
4. suwargi jêng ramaningsun | tuwin eyangira malih | nararya Jayadiningrat | katri amêmulang sami | mangkono pamiyarsèngwang |
--- 415 ---
prastawa yêktining warti ||
5. yèku kalamun satuhu | ibunira andarbèni | pustaka di pariwara | sira sun cundaka kaki | matura mring ibunira | lamun sêmbada ing kapti ||
6. ingsun dahat kumacèlu | wrining gitanya lan malih | lêgawaa ingsun tulad | supadi antuka sami | pra waktyaning kang wiyata | mring rama lan uwa swargi ||
7. yèn wus lêgawa ing kalbu | ibunira lah tumuli | kulup sira kirimêna | kang pustaka marang mami | ri sêdhêng iki palastha | pasamuwan sri bupati ||
8. itih sambodhaning kidung | cinitrèng Raditya ari | eka wêlas kang candrama | Dulkijah Wawu kang warsi | sangkala yekang winarna | pănca bramana sabda ji |[5][6]|
5. Sêkar Căndrawilasita lampah 12
c.
1. bênang pisang (sêrat) rakêting têmbung kêkadang (sadulur) | sêrat sarta dinulur ing pudya arja |
--- 416 ---
bokor wrêksa (dhuwok) wangun sêngkang jaman kuna (natabrata) | dhumatênga Jêng Pangêran Natabrata ||
2. barat wanda (ambêkan) kukila duta sungkawa (kudhasih) | kang bêksanta asih marang kadang warga | bèbèk rawa (maliwis) ron lêsah ingkang ginăngsa (kulub)[7] | ing sawise kulup kang kadya mangkana ||
3. krama mimba (miyos) wêkaja Sri Dasarata (Rama) | wiyose gèr ramanta asung pariksa | ratri purna (esuk) panjalin tulising arga (tingal) | amung sesuk kabênêr tingalan ingwang ||
4. pêrkutut gung (dêrkuku) calêri kang munggèng gunung (endhang) | ingkang iku yèn dhangan sira sun undang | wêka suta (wayah) gêntha gêng têngêring surya (jam) | wayah sore jam pitu sira praptaa ||
5. kawi asta (buja) baligo kang mindha gada (terong) | abojana lawan gerong sawatara | tongkèng seta (kêmbang dangan) putra adi Bali pura (Dèwi Mandayaprana) | kadangira sira gawaa sadaya ||
--- 417 ---
6. tapas arèn (duk) dhukut arum ingkang lata (larasêtu) | duk cinitra ri Saptu tanggal ping astha | blêndok năngka (pulut) atmaja Narpati Karna (Warsakusuma) | sasi Mulud Alip angkaning kang warsa ||
7. klalar brama (awu) kukila kang jăngga seta (wolung) | sèwu pitung atus wolung dasa sapta |[8] jarwa duta (kongkonan) pakaryanta ngupakara (mangku) | kang pratăndha wakira Mangkunagara ||
d.
6. Kinanthi
1. srat kanthi pangèstunipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Nararya Mangkunagara | dhumatênga ingkang siwi | Jêng Pangeran Natabrata | wrêsninta jêng sri bupati ||
2. kang lagya pinaring dunung | munggyèng sadalêming puri | pratistha wismèng utara | sakaroron lawan swami | among raras karasikan | sumungku nèng jinêm wangi ||
3. wiyose dhuh siwayèngsun | sira umasung kintaki | kang cinitrèng
--- 418 ---
ari Soma | kaping tri ing sitarêsmi | jroning Sapar kang candrama | walgita wus sun tampani ||
4. têlas panungkaran ingsun | kamantyan tarima mami | kulup marang jênêngira | myang dupi ingsun miyarsi | lamun grahanta sang rêtna | ing mêngko pinunjung ing sih ||
5. mring ari jêng sang aprabu | sinung kawiryawan kadi | ngadat putrining narendra | ingkang miyos saking sori | panênggahirèng grahanta | Ratu Timur wus prayogi ||
6. sun sukur sèwu jumurung | kastawaningsun ing Widhi | muga sira sagarwanta | bisa anglênggahkên dhiri | lulus dèn ta palakrama | karya rênane sang aji ||
7. lawan pinanjang nèng tuwuh | praptaa ingkang kinapti | winantua ing nugraha | silara saliring dhasthi | basuki salaminira | kongsi praptèng alam suci ||
8. titi lukitaning kidung | kang cinitra ing Buda ri | ping lima ing sasi Sapar | ing măngsa Kasa Be warsi | sangkala ngrungu jawata | anyabdakkên [a...]
--- 419 ---
[...nyabdakkên] marang siwi |[9][10]|
7. Sêkar Căndrawilasita lampah 12
Cakradiningrat
1. panjum kiswa (sêrat) turăngga sutaning ditya (sêkar diwijan) | sêrat sinawung ing sêkar candrawela | campuh asta (kanthi) kali kapa nyêdrah jala (babakan salam) | kanthi salam kang sayogya dhumatênga ||
2. parab Karna (Suryaputra) jêmparing konta kesawa (cakra) | ingkang putra Jêng Pangran Cakradiningrat | pangkat rina (wayah) kang wulan tampining warsa (Sura) | wayahira Jêng Sinuhun Surakarta ||
3. wêsi tadha (paku) patyastananing Pandhawa (Saptarêngga) | Pakubana ping gangsal lawan ping sapta | dupa waktra (sês) krama tumêdahing warna (punika) | sasampune ingkang kadya sapunika ||
4. wijil nata (wiyos) gambir bang ngumpul salaga (soka) |
--- 420 ---
wiyosipun kula asuka uninga | kawal basa (bilih) parabe Narpati Salya (Narasoma) | bilih benjing kawan wêlas dintên Soma ||
5. palu wrêksa (pukul) rangkêpe têmbung candrama (wulan) | wanci pukul sawêlas wulan punika | Madrim putra (Nakula) arane pangulah bawa (nikah) | kula badhe nikahakên putra kula ||
6. bau pada (pupu) wukir gêng Purwamandhala (gunung Dipa) | pêpulunan dèn ayu Dipakusuma | wismanggana (bangsal) marga gêng luluh kang kisma (jêblog) | angsal Cakranagara Tumênggung Blora ||
7. tuduh warna (punika) satriya Paranggarudha (Sămba) | kang punika pangeran bilih sêmbada | sêntèg wastra (walira) lajêring jaro saroja (jênêng) | kang salira kula purih jênêngana ||
8. lalu rena (nini) parabe Sri Yudhistira (Guna Talikrama) | sontênira panggihipun ingkang krama | basa ana (wontên) jawataning diwangkara (Bathara Surya) | wontên [wo...]
--- 421 ---
[...ntên] gènnya Pangeran Suryadiningrat ||
9. tahên rêkta (sana) araning basa trêpsila (taklim) | ing wusana taklim kula sakalihan | pala wrêdha (matêng) prabu wre Guwakiskêndha (Sugriwa) | dhumatênga garwanta sang atmajendra ||
10. tapas arèn (duk) patih nagri ing Ngalêngka (Prahastha) | duk cinitra Salasa tanggal ping astha | nata wrêdha Pirkari (Sarsaban) Ngawăngga putra (Warsakusuma) | sasi Saban Jimawal sangkalèng warsa ||
11. kawi suka (tustha) rangkêpe basa tênaya (putra) | ujar trustha asung sabda mring kang putra |[11][12] bayu patra (sêrat) têlênging brama baskara (awu) | sêrat saking kang uwa pangran dipatya ||
12. Sri Kumbina (Arya Prabu) tanah gêng panggenan raja (nagara) | Arya Mangkunagara kaping sakawan | sarpa krêsna (ula dumung) urubing dahana wrêdha (mulad-mulad) | mung kinarya mêmalat wardining sastra ||
--- 422 ---
Rara Kênya
8. Kinanthi
1. kinanthi pralambangipun | kênya kang nêdhêng birai | anglir sêkar nagapuspa | kang mèdêm mêncit nèng uwit | mêkare mudhar salaga | kang sari misih piningit ||
2. kang gănda mung sumêr arum | tan kongas sangkaning têbih | marma sagung kang sadpada | kang ruruh maduning sari | kêkilapan kang mangkana | mung marsudi kang kaèksi ||
3. puspitanjrah nuksmèng taru | sumyar kang gănda mrik minging | kapita dènnya umara | ngungkih mangingsêp kang sari | sruning rèh têmah katrêsan | kusut tanpa teja sêpi ||
4. tuwuking sadpada mabur | tumiling ngalih ngulati | manolih mulat puspita | kang mèdêm mandarèng warni | winêwêr dening salaga | tinubing ron angayomi ||
5. tandya sadpada tumurun | mara marang goning sari | kang sinêrung ron pradapa | umidêr ngupaya margi | brangêngêng lir dwijawara |
--- 423 ---
matêk mantraning sêmadi ||
6. bramara sêkung mangunkung | mrih kongkal ron kang ngalingi | liniling sêlaning slaga | lêgane kang ingupadi | dumadi dumunwèng patra | patrape kadya manganti ||
7. silaring salaga lumung | lumindhih ron kang ngalingi | lingkap linangkip maruta | mirut umire maring wit | kang sêkar wang-wang umêkar | dumêling mandanèng wangi ||
8. sadpada dupi andulu | kusuma amêdhar warni | mara rumambat maring pang | maripih milar malipir | sumingit mungup mring slaga | salagyarsa amurwani ||
9. ngangsêg sadpada tumanduk | mamardi wigaring sari | sêrêng nêrang sru magirang | ngrêrêngih lir ngarih-arih | tan pae pêpindanira[13] | priya mrih mrêp mring pawèstri ||
Kênya Candhala
9. Gambuh
1. kumêdah nyêkar gambuh | dasih paduka pun Rara Wiju | ingkang sawêg pinardi nyindhèni gêndhing | dèrèng sagêd amung nurut | ing karsa gusti
--- 424 ---
sang anom ||
2. mring lagu maksih kadung | iramane dèrèng patos atul | saking dene kadêrêng arsa malês sih | marmanta darbe panuwun | aksamanira kang anon ||
3. salendhang kênya ing Rum (sal) | têtêmbange găngsa kang tinabuh (gêndhing) | wêwangsalan ingkang tinunggil ing gêndhing | tămbra krêsna (arêng-arêng) kiswa lumung (sinom) | parênge gusti sang anom ||
4. dewanirèng sitangsu (Bathara Căndra) | sikarane kang băngsa lêlêmbut (angganggu) | candranira wanodya angganggu ati | wêru gêng (sana) kang klapa trênyuh (kopyor) | yèn busana sarwa mompyor ||
5. kiswa tinambang jumbuh (gêlung malang) | cêplik panjang (cundhuk) ingkang jamur wungu (jamur kuping) | gêlung malang cundhuk kêmbang dhuwur kuping | wangke sisaning mong kantun (burukan) | pantês lamun pindha borok ||
6. wida wadana rêmu (pupur) | rêkatha gêng (kapithing) pulas răngka dhuwung (sungging) | pupur jênar kadi kapithing sinungging | alis [a...]
--- 425 ---
[...lis] gamêng lir bêtatung | yèn luntur pating calerong ||
7. kadang Wiratha Prabu (Rupakenca) | têmbang dhalang (carita) sasmitaning nêpsu (grêgêtên) | salin rupa mari grêgêtake ati | kutha Madura kang kidul (Pamêkasan) | wêkasan kaya Ni Thowok ||
Kangjêng Gusti
10. Kinanthi
1. kinanthi laguning kidung | sanityasa ingkang taklim | katur ing sang narpatmaja | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | ing Surakarta nagari ||
2. nahên ta gèr wiyosipun | mas kakèk nungsung pawarti | paran kawontênanira | raka paduka sang aji | lawan sang narpadayita | miwah ibu pramèswari ||
3. jêng ratu agêng kang mashur | pêpundhèn sajroning puri | tuwin sarira paduka | myang putra santana abdi | punapa sami raharja | sapêngkêr kula mring ardi ||
4. de ta kawontênanipun | wănda kula miwah swami | myang suta [su...]
--- 426 ---
[...ta] wadu wandawa | tumêrah mring brêtya cili | antuk brêkahing narendra | sadaya sami basuki ||
5. ing nalika angkat ulun | tanggal pisan dintên Kêmis | ing wulan Jumadilawal | ugi ing warsa Jimakir | wanci pukul pitu enjang | numpak rata bangku katri ||
6. sarêng dumugi ing Jurug | angrucat kuda pangirid | ginanti tinarik janma | tumurun dhatêng bênawi | kula taksih wontên rata | lan saputra tuwin swami ||
7. lajêng minggah dhatêng prau | gembong amudhik malipir | dumugi antaranira | lajêng angancas umilir | mangetan praptèng bêbagan | rata tinarik mring gisik ||
8. tinampèn wadya kang mêthuk | sinurung minggah mring margi | kèndêl ing pos ngrakit kuda | manggihi kang ngatêr sami | lawan putra mantu kula | kulup Pangeran Ngabèi ||
9. anunggil pra ipenipun | dumugi wetan bênawi | sarêng rata wus samêkta | kula pamit mring pra
--- 427 ---
siwi | kang ngatêrkên lampah kula | kula jak andum basuki ||
10. tan winarna anèng ênu | lampahing rata lêstari | dumugi ing Karanganyar | kèndêl mung salin turanggi | sakêdhap lajêng umangkat | praptèng Tawang gantos malih ||
11. ing ngriku wontên kang mêthuk | tuwan-tuwan mung kêkalih | Phan Rosêm lan Tuwan Susman | sami sung wilujêng prapti | tan dangu rata samêkta | kula mangkat sung basuki ||
12. dupi prapta wetanipun | dhusun Kêron têngah margi | wontên wisma tinaruban | pinalêngkung janur kuning | saubênge ginêbêran | ing wastra winingkis-wingkis ||
13. winarna tri sungsunipun | gêdhah seta nginggil abrit | punika dhusun Gumawang | Seratdhabo kang cêcawis | kula prapta ingurmatan | monggang maryêm sarêng muni ||
14. rata kèndêl tarub agung | kuda pangirid ginanti | Tuwan Dhabo gurawalan | nambrama asung basuki | lan sêgah wedang minuman | sumrambah tumêkèng [tumê...]
--- 428 ---
[...kèng] dasih ||
15. nanging kula botên mudhun | saking rata lawan swami | awit mung kèndêl sakêdhap | dupi rata wus rinukti | kula pamit lajêng mangkat | prasami andum basuki ||
16. sadhatêng kula ing purug | Karangpandhan ngandhap ardi | kuda pangiriding rata | prasami dipun rucati | salin pangiride janma | saksana minggah mring ardi ||
17. dumugi sapucakipun | ngaldaka rata lêstari | jujug pasanggrahan wetan | punika kang kula gèni | kang kilèn suwêng kewala | kinarya cawis mênawi ||
18. wontên priyagung kang rawuh | têtuwi dhumatêng ardi | yèn nêtêpi ing ubaya | sarêng tita gangsal ari | botên wontên wartosira | dados lajêng kula gèni ||
19. ing ngriku salêbêtipun | kalih dasa dalu maksih | jawah angin botên kêndhat | mawanti Hyang Wrahaspati | dados botên sagêd kesah | ngupados enggaring galih ||
20. sarêng tanggal gangsal likur |
--- 429 ---
nuju dintên Ngahad Lêgi | kula ngalih pasanggrahan | dhumatêng Srikaton wukir | ing ngriku langkung sakeca | mulyaning ăngga nyrambahi ||
21. enggaring manah andulu | padhusunan ingkang têbih | dalah pura Langênarja | kinèkêr langkung dumêling | sumawana Surakarta | anggênggêng sênêne asri ||
22. miwah mulat taru-taru | kang wontên pucaking ardi | muyêk wilis angrêmbaka | puspita anjrah kaèksi | saubênging pasanggrahan | akarya rênaning galih ||
23. wusana tur sêmbah ulun | lan swami suta kang mugi | konjuk kangjêng narèswara | saha kangjêng ibu sori | ratu agêng kang minulya | pêpundhèn sajroning puri ||
24. titi lukitaning kidu[14] | Srikaton ing Sênèn Paing | nêmlikur ingkang candrama | Jumadilawal kang sasi | Jimakir sangkalanira | nênga putra salira ji |[15][16]|
--- 430 ---
Sandiasma
11. Sinom
1. kang kocap jêng sri narendra | gusthi titikaning nagri | patih ngengeras pandriya | rancakan angêrèh budi | dining para warga ji | tinata arja tan ayun | yayah manggung sulaya | kulina nalar tan yukti | gagasira rêrasan kang tanpa karya ||[17]
12. Dhandhanggula
1. kang winahya Jêng Sang Kusumanji[18] (Ngusman Aji) | Gusthi Sastra tinuting sujana | pangringkêse ngeramake | rantaman amangapus | dibyanira para maharsi | titika arjèng naya | manggih nugraha gung | kunane ana pandhita | gagarane rakêt lan sang sida jati | pingit mring patyastana ||[19]
Arya Atmaja
13. Maskumambang
1. tumimbuling salam ngong mring putra mami | Jêng Pangeran Arya | Suryatmaja kang piniji | umiring [u...]
--- 431 ---
[...miring] jêng tuwan jendral ||
2. ing mangkyarsa tindak mring nagara Ngacih | ingsun sung pamujwa | ing marga praptèng nagari | amangguha suka rêna ||
3. kaping dwi ngong asung wah prabeyèng margi | mung sèwu rupiyah | awarni krêtas sasuwir | minăngka tăndha katrêsnan ||
4. titi sinrat patlikur ing Pèbruari | sèwu tusan astha | pitung dasapta lumaris | ramanta Mangkunagara ||
14. Sêkar Agêng Căndrawilasita lampah 12
Surya Sasraningrat
1. bayu patra (sêrat) patrape ngêgungkên krama (taklim) | sêrat sarta ingkang taklim sanityasa | rema seta (wan) narendra Pratiwiputra (Narakasura) | wantu-wantu tan pêgat saking kang raka ||
2. sotya karna (sêngkang) arane windu pangarsa (adi) | kangjêng gusti nênggih pangran adipatya | Sri
--- 432 ---
Kumbina (Arya Prabu) sèrène kang katri măngsa (kapat) | Arya Mangkunagara kaping sakawan ||
3. kawi tiga (tri) wiyata pangrèh turăngga (panêgar) | satriya gêng ing nagari Surakarta | pala wrêdha (matêng) lajêring jaro saroja (jênêng) | dhumatênga panjênênganing arinya ||
4. jarwa raka (kakang) manggalane pra nayaka (adipati) | kangjêng gusti sira pangran adipatya | parab Karna (Suryaputra) badhoyo panjang kang warna (sêmăngka) | Surya Sasraningrat punika kang măngka ||
5. sètu marga (tanggul) praja Sang Sri Dhasarata (Ngayugya) | tanggulanging nagari Ngayogyakarta | dupa waktra (sês) lukita tuduh sakala (punika) | sasampuning ingkang kadya sapunika ||
6. wijil nata (miyos) rênguning karsa sabawa (wadu) | wiyosipun yayi sapêngkêr paduka | ari Parta (Nakula) parabe Sang Hyang Berama (Bathara Kala) | kula taksih lam-lamên kala uninga ||
7. pêksi mendra
--- 433 ---
(kalangan) saka layare kang palwa (tiyang) | kalangênan paduka tiyang kang bêksa | silih warna (mindha) paguting kang paku wrêksa (tandhing) | ingkang mindha Karna tandhing lan Arjuna ||
8. perak tulya (timah) maruta măndra samodra (angin) | têmahira kapengin arsa darbea | ngumpul warga (ngimpun) atmaja Sri Danardana (Sămba) | milanipun yayi mas lamun sêmbada ||
9. calon warna (badhe) ing rèh namakkên sayaka (manah) | badhe pintên bingahipun manah kula | katu wana (sana) pandaya pangêjum rema (sêratan) | ing wusana sapêngkêring srat punika ||
10. arêng kisma (steenkool) wiku dyah nagri Jênggala (Dèwi Arja) | kula saha garwa putra sami arja | Sri Manggada (Citragada) parabe Narpati Salya (Narasoma) | duk cinitra Soma tiga likur căndra ||
11. sinrang pada (kêsampar) atmaja Natèng Ngawăngga (Warsakusuma) | sasi Sapar Jimawal kang ponang warsa | Durga putra (Bathara [(Ba...]
--- 434 ---
[...thara] Kala) pundhène para jawata (Hyang Girinata) | kang sangkala sabdaning Hyang Girinata |[20][21]|
Păncatoya
15. Sinom
1. pèngêt iki layang ingwang | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Prabu Prangwadana | kaping pat ingkang mandhiri | litnan kolnèl pinuji | komêndhanirèng lesiyun | ing praja Surakarta | praptaa marang sirèki | bocah ingsun Si Ngabèi Păncatoya ||
2. kaliwon pulisi Pajang | kang lagi anambut kardi | anèng desa Ngadipira | liring layang ingsun iki | bêbuka wèh udani | nalika ing Ngahad esuk | ingsun lan kangjêng tuwan | residhèn duk amirsani | pakaryan ta kang lagi patbêlas dina ||
3. wus kapara kèh kang dadya | jêng tuwan rêna ningali | tuwin panjênêngan ingwang | tan pae suka umèksi | nanging kurang sathithik | garoboh panggarapipun | undhak-undhakanira |
--- 435 ---
nora turut kurang radin | jêrokêna mrih tuntas ilining toya ||
4. karodene wêkas ingwang | aja sira angêntèni | têkane bocah anginan | mundhak anyênyuwe kardi | tandangana pribadi | saanane bocah ingsun | aja wêdi kangelan | tulada bapa lan kaki | karo padha wèh labêt mring gustinira ||
5. sira sun kudang bisaa | anglêluri bapa kaki | dulunên Dèn Mas Sudibya | Sunita karone sami | kanyataan sayêkti | kramate para luhurmu | marma sira èngêta | ala bêbakal pribadi | bêcik sira dumulura yogabrata ||
6. kajaba kang wus winahya | abarêng lan layang iki | ingsun pêparing mring sira | sawiji sênjata buwis | aran guna sayèki | pangruwate satru mungsuh | yogya karyanên kunta | turuna sutanta benjing | tampanana kalawan sukaning driya ||
7. wusanane
--- 436 ---
nora liya | ya amung pangèstu mami | mring sira sakancanira | răngga dêmang lan ngabèi | kang padha nambut kardi | kabèh bocah ingsun dhusun | muga ta raharjaa | enggala rampung ing kardi | lêstaria aja ana kara-kara ||
8. titi kang têmbang sri nata | cinitrèng Salasa ari | wolu likur ingkang tanggal | ing măngsa kalima akir | Sungsang Sapar kang sasi | taun Wawu ăngka sèwu | pitung atus kalawan | wolung puluh lima tuwin | rêbut sênêng păncastha suwaranira |[22][23]|
Priyasmara
16. Dhandhanggula
1. pisang lêsah (dalu) sang rajèng Kubarsi (Ratu Mas Pataniburni) | sabên dalu datan antuk nendra | gunting wohan (kacip) swarèng bêndhe (mung) | kacipta mung sirèku | garwa Prabu Malawapati (Sêtyawati) | sêtyanana kawula | pambagening etung (para) | paran wèha mung sakêdhap | suling dara (sawangan)
--- 437 ---
wana lit turuting têpi (tarataban) | yèn nyawang tarataban ||
2. gayung sumur (timba) wêlut ing wanadri (ula) | tambanana intên brănta kula | rotan buntal tan ginawe (pênjalin tingal) | tingalana mas ingsun | putri adi nagri Kubarsi (Dewi Kadarwati) | sakadare kewala | calumpringing pantun (lami) | lamine wanuh lan sira | suku palwa (wêlah) kang arta ciri turanggi (kêton) | katon sasolahira ||
3. sukêt galêng rinumpaka gusti (grinting) | kang baita kandhêg ing samudra (labuh) | rontang-ranting têmahane | abdinya nêdya labuh | mring kusuma kang asung branti | blimbing mindha widara (cêrme) | carême dumunung | wismèng pêpujan ngulama (masjid) | raosing tyas dhuh gusti kadya rinujit | kang ketang amung sira ||
Priyangkara a.
17. Kinanthi
1. tata trêpsilaning têmbung | tumiba [tumi...]
--- 438 ---
[...ba] têmbang kinanthi | kinentha kanthaning gita | gatine kang ingupadi | pada panduming budaya | dayaning rèh silakrami ||
2. karêming nayaka lamun | lam-lamên ing lama-lami | lumalat mulat sasama | samining basa marsudi | suda sandeyaning karya | karasa rosing dumadi ||
3. sinambung sêmbadèng kidung | kumêdah kadi awanti | wantu watêking amudha | padha mindha kawarjadi | juwêt-juwèh tan wêweka | wikaning awak pribadi ||
4. beda budine wong punjul | tan paja jêjêling kapti | kapita myat ing pantaka | pantoging manah mêmanis | manohara ring sasama | sêmune turida yakti ||
b.
18. Dhandhanggula
1. pisang jênar gandanira amrik (garahita) | janma ingkang kajantakèng praja (kaluputan) | grahitanên sabacute | ingkang tumibèng luput | saranane kang palwa milir (wêlah) | parikan jênu tawa (tungkul) | ywa sira kêtungkul | ing solah kang tanpa
--- 439 ---
karya | mênyan pita (walirang) ingkang we mijil jasmani (kringêt) | èngêta kawirangan ||
2. nuswa alit tampingan sarandil (Malaka) | pacêt agung kang sasanèng toya (lintah) | kang narima satitahe | bêgja cilaka iku | dasih nata ingkang sinêlir (kêpilih) | waruju Sri Cêmpala (Dêsthadyumêna) | nistha kawlas-ayun | tan pilih paraning marga | jênang sobrah (gudir) ancur bang jabaning tulis (lak) | takdir tan kêna selak ||
Pitutur
19. Kinanthi
1. dudu sarat lan mardhukun | tirakat myang jaluk idi | marang bulus kayu arca | margane wong dadi pyayi | mung tabêri mardi guna | ngèstokkên wajibing kardi ||
Piliph
20. Mijil
1. wijiling kang pirêna winrating | walgita sarwa om | sanetyasa parjapahargyane |
--- 440 ---
tumrap ta ring sumitranta dani | rakryan dhèrêk Piliph | wantyaning pra sunu ||
2. wahyanira ti-kintekang mamin | lèn wilapaningong | sumapala mitranta yêktine | sung sapasang sêsran ing karnèstri | măngka pasumbanging | kramanta kanang wus ||
3. tar pawarna mwang una sadêmi | kuciwa hyan tinon | muhung ande tayuh kaharjane | mwang sriyatna pawong mitra mami | tinanggapa mugi | lèn tusthaning kalbu ||
4. titi tekang lukita tinulis | macapat pamiyos | saniskara sawêlas kanang lèk | Kaji candra Ehe ponang warsi | rahsaning maharsi | winulang nèng sunu |[24][25]|
Puji
21. Dhandhanggula
1. suta santi sugênging sudarmi | darma maya dirganing kang yuswa | wèt sinewa wahanane | myang pra sidaning kayun | kayungyun mrih arjaning dasih | de sudarsanèng praja | jajagi silastu | winantu nugrahèng
--- 441 ---
Suksma | sumarambah kang kambah kabèh ngastuti | tut wijiling pangagnya ||
Dhalang
Dhawuh dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV dhumatêng abdi dalêm dhalang, samăngsa pangringgitipun ngajêngakên bibar ing wanci enjing sasampunipun janturan, lajêng ucap-ucapan, angura-uraa kados ing ngandhap punika, bilih sampun lajêng atancêp kayon.
22. Kinanthi Gêndhing.
1. rampunging cariyosipun | ingkang winêdhar ing ratri | lampahan duk zaman purwa | kang pinirit linaluri | winarna tumraping carma | kinarya langêning Jawa | kaidèn para narpati ||
2. marmanta pamintanipun | mring kang nanggap myang ningali | mugi sami ngaksamaa | dhumatêng ingkang angringgit | miwah dhatêng pra niyaga | kang lêpat dènnya mrih suka | wit sayah nambut saratri ||
3. wusana pamujinipun | dhumatêng kang darbe panti | pinanjangna yuswanira |
--- 442 ---
kadugèna kang kinapti | sumrambah mring garwa putra | miwah rajakayanira | dinulur ayu lêstari ||
Dhawuh dalêm marêngi ing dintên Rêbo kaping 15 wulan Siyam taun Jimawal, angkaning warsa 1797.[26]
Jakalala
23. Asmaradana
1. kasmaran dènnya miyarsi | sêkar wasta Jakalala | nalika panjênêngane | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara | ping kalih rikalanipun | lêlangên winoring găngsa ||
2. duk samana kang ngladosi | pangrêbab Dêmang Cakarma | Sewandana panggambange | Jêlamprang panggêndèrira | ngêndhang Sêcamiruda | pun Sinom talèdhèkipun | Pak Kêdhu kang ura-ura ||
3. kang sênggak mêtêngan katri | Prabangkara Singgunkara | Candrangkara katigane | kang kêplok badhut têtiga | pun Canthèl pun Gadhuha | pun Bêndho katiganipun | nama sêpuh [sê...]
--- 443 ---
[...puh] Sutakara ||
4. ingkang linagu nèng gêndhing | samana sêkar macapat | dhinawahkên saangsale | mung Pucung lan Jakalala | dèrèng winor ing găngsa | marma ing mangke sinawung | ing gêndhing măngka sriyatna ||
5. amrih sumêrêpe sami | putra wayah ingkang karsa | marsudi ing cariyose | nalika jaman samana | ananging kalangênan | yêkti têbih sungsatipun | lawan jaman sapunika ||
Jayaningrat
24. Sinom
1. pèngêt iki layang ingwang | Jêng Gusti Pangran Dipati | Ariya Mangkunagara | kaping pat ingkang mandhiri | kolnèl kang ngomêdhami[27] | ing wadyaningsun lesiyun | praptaa marang sira | graning prawira inpantri | ariningsun Mayor Arya Jayaningrat ||
2. liring layang jênêng ingwang | nglairkên sukaning galih | wit saka sira sun karya | komêdhamira[28] inpantri | saprene sun yêktèni | akèh [a...]
--- 444 ---
[...kèh] kaundhakanipun | para atmajaningwang | myang kadang kadeyan mami | ingkang dadya upsir karèh dening sira ||
3. wus akèh ingkang uninga | marang wajibing prajurit | lan maju marang pakaryan | mangkono pra ondêr upsir | sêsêg tur sukèng kapti | dalah kopral myang suldhadhu | lumuntur tan suwala | duwe cipta mrih utami | yèku măngka tandhane tabêrinira ||
4. miwah pangajaranira | masalah tingkahing jurit | tan ana ingkang kuciwa | kabèh kang para upêsir | wus samya wruh ing wadi | gêlar pamunahing ripu | naracak praptanira | kopral myang suldhadhu sami | parigêle dènnya ngulahkên sênjata ||
5. têtela yèn saking sira | kasubing wira inpantri | wèh kêkêsing parangmuka | myang gêbyaring payung mami | kang iku ingsun yayi | abangêt tarimaningsun | mring sira sakancanta | pawiyatan ingsun mukti | dèn pracaya mring ingsun salaminira ||
--- 445 ---
6. tamtu nora lali ingwang | mring labêtira kang uwis | pamujwèngsun muga-muga | sira sakancanta sami | lulusa amarsudi | ing rèh kaprawiran mau | ing têmbe bokmênawa | ana karya mangun jurit | dèn sêmbada ing pangudang ingsun driya ||
7. bakal bungah myat ing sira | sawadyaningsun inpantri | kang samya ambêk utama | wêruh kramaning dumadi | duwe pangira mami | lamun sira sakancamu | tan nêdya angucira | asih mring praja sayêkti | ngluhurakên mring asma Mangkunagara ||
8. nahên ta kang wus winahya | kang barêng lan layang iki | ingsun pêparing mring sira | sawiji sênjata buwis | aran antisayèki | pambengkasing satru mungsuh | yèku dadya pratăndha | sih ingsun mring sira yayi | tampanana kalawan rênaning driya ||
9. ing têmbe pusakakêna | mring atmajanira laki | nadyan iku tan prayoga | mung karya pangeling-eling | dene [de...]
--- 446 ---
[...ne] layange iki | aja pisah ênggonipun | lawan sênjatanira | supaya ing wuri-wuri | padha wruha purwane ingkang sênjata ||
10. titi purnaning panitra | ing dina Salasa Lêgi | nuju tanggal ping limalas | Jumadilawal kang sasi | măngsa kapitu tampi | Landêp ing Paningrong[29] tulus | itung windu Sangara | Alip angkaning kang warsi | sèwu pitung atus wolung dasa sapta |[30][31]|
Ngèlmu
25. Dhandhanggula
1. cipta èmêng emut marang ngèlmi | ngalam dunya dènnya tanna sama | sêmang-sêmang panganggêpe | ngandhap ingaran luhur | ingkang ana ingaran sêpi | sêpi ingaran ana | anane tan tamtu | tuman kataman warana | kang ngawêri tan wêruh marang kang wêrit | warata tan waspada ||
--- 447 ---
Ngalamat
26. Kinanthi
1. kinanthi riniptèng pemut | makirtyaning Hyang Sayêkti | măngka tan wrin darunanya | duk ing aldaka Marapi | mubal amijil dahana | tinon dahat gêgirisi ||
2. swara gêtêr gumaludhug | wawanta datan ngêndhani | saking mandrawa kapyarsa | karya ruharaning kapti | lir grah kapitu swaranya | sotaning tyas mawèh tistis ||
3. tan wruh gati purwanipun | muhung tibaning kang riris | awu malêtuk pyur anjrah | tanapi kang guntur pasir | anglir bun tibaning kisma | rata rêsik kadya tasik ||
4. satêmah ariris têdhuh | Hyang Bagaskara tan kèksi | kawênganing ngampak-ampak | pêtêng dhêdhêt ing wiyati | ngêndhanu abang sumirat | sunaring dahanèng wukir ||
5. samana ing wanci dalu | kang ari Anggara manis | nênggih wasesa sêgara | satêngah sanga marêngi | lèking Sapar kaping sapta | nuju wuku Warigalit ||
--- 448 ---
6. pan Lodra Wogan Wurukung | nêdhêng sadasa wus akir | Wawu gumiliring warsa | kang tansah lagya gumanti | Sêngara pan sinangkalan | janma muluk bujăngga ji |[32][33]|
7. titi trastha aywa limut | yogya kinarya palupi | lêpiyaning kang wahana | wahananing nguni-uni | sinamun samaring basa | basa kang amrih basuki ||
Ngabèi a.
27. Mijil
1. wijili[34] kang lukita mangsuli | kanthi salam ingong | tumraptaa putraningsun anggèr | siwayendra jêng pangran ngabèi | kang măngka uluning | sagung para sunu ||
2. wahyanira ingsun wus nampani | timbalan sang katong | kang cinitra nèng cabak têmbunge | lamun benjang ri Anggara iki | ingsun lawan swami | ing karsa sang prabu ||
3. tinimbalan nginêpa sawêngi | ana ing pakuwon | Langênarja yèn wus sapraptane | Parangjara ing karsa sang aji | mrih
--- 449 ---
lêrêming dhiri | tulusing rahayu ||
4. kang mangkono ing karsa sang aji | ing panampaningong | saking gunging sih parimarmane | têmah dahat anuwun sun pundhi | sandika tur mami | tan sawalèng kayun ||
5. titi ingkang panitraning tulis | ing Ngahad Kaliwon | ping sawêlas ing Saban sasine | tahun Ehe sangkalaning warsi | cinatur luhuring | salira sang prabu |[35][36]|
b.
28. Sinom
1. kiswa kang rumênggèng warna (sinom) | rodamala kang luminting (pupus) | sinom sêkaring pustaka | ron anggi sangkaning ardi (salam) | kalawan salam mami | mring sira siwayèng ulun | wilangan lwih tri dasa (bèhji) | candrama tanggaping warsi (Sura) | Pangran Bèi Atmajendrèng Surakarta ||
2. wicara wimbaning nata (miyos) | kukila seta piningit (putêr) | wiyosenggèr putraningwang | rondhon wangi nuksmèng warih (kalilika) | nalika jênêng mami | seba [se...]
--- 450 ---
[...ba] ramanta sang prabu | patra lêsah ing kisma (uwuh) | nata wrêdha ing Pirkari (Sarsaban) | dhinawuhan ing sajroning sasi Saban ||
3. pambajêng Sri Dasarata (Rama) | Raja Wedha warsa titi (tingalan) | ramanta jêng sri narendra | arsa aningali pabrik | pathi rêmbêsing sari (madu) | ingkang aran Tasikmadu | patih kêmbar Blambangan (Angkatbuta) | atmaja Sri Kurandhagni (Kartawiyoga) | angkatira ramanta mundhut prayoga ||
4. kang patra alum ginăngsa (kulub) | duta Prabu Kusumaji (Dora Sêmbada) | iku kulup yèn sêmbada | ing karsa jêng sri bupati | wuwung pangarak panti (panuwun) | saka ing panuwun ingsun | krama jangkahing têpa (tindak) | jawataning sitarêsmi (Hyang Căndra) | atindaka ing ditya tri wêlas căndra ||
5. parabe sang dwijawara (wiku) | janma nir dayaning kapti (bodho) | kang iku măngsa bodhoa | konjuke jêng sri bupati | wêru gêng sêkar wangi (sana) | wusana pamintaningsun | mring sira narpatmaja |
--- 451 ---
pusara winudhar gampil (tali wangsul) | ngarsa-arsa kang dadi wangsulanira ||
6. kèn atma Sri Danardana (Siti Sundari) | kawining kang pandhan sari (kintaka) | titi wêdharing kintaka | parabe Sri Salya Aji (Narasoma) | cinitra Soma ari | purwa wijiling sitangsu (tanggal) | ping sanga likur tanggal | jawata kang salah warni (Bathara Kala) | kang sangkala tata luhur ngèsthi raja |[37][38]|
--- [0] ---
...
1 | § = 1803. (kembali) § = 1803. |
2 | Tanggal: Kêmis tiga wêlas (13) Mulud Alip: katiga tan wolung căndra (AJ 1803). Tanggal Masehi: Kamis 30 April 1874. (kembali) Tanggal: Kêmis tiga wêlas (13) Mulud Alip: katiga tan wolung căndra (AJ 1803). Tanggal Masehi: Kamis 30 April 1874. |
3 | § = 1785 [sic. 1745]. (kembali) § = 1785 [sic. 1745]. |
4 | Tanggal: Buda (Rêbo) sad (6) Wawu: wisayèng udadi suyakti tumuduh (AJ 1745). Tidak ada bulan dalam tanggal ini. Pada tahun AJ 1745, hari Rêbo tanggal 6 jatuh pada bulan Mulud dan Bêsar, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Rêbo 6 Mulud atau Bêsar AJ 1745 (Rabu 14 Januari atau 7 Oktober 1818). (kembali) Tanggal: Buda (Rêbo) sad (6) Wawu: wisayèng udadi suyakti tumuduh (AJ 1745). Tidak ada bulan dalam tanggal ini. Pada tahun AJ 1745, hari Rêbo tanggal 6 jatuh pada bulan Mulud dan Bêsar, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Rêbo 6 Mulud atau Bêsar AJ 1745 (Rabu 14 Januari atau 7 Oktober 1818). |
5 | § = 1785. (kembali) § = 1785. |
6 | Tanggal: Raditya (Ngahad) eka wêlas (11) Dulkijah (Bêsar) Wawu: pănca bramana sabda ji (AJ 1785). Minggu 2 Agustus 1857. (kembali) Tanggal: Raditya (Ngahad) eka wêlas (11) Dulkijah (Bêsar) Wawu: pănca bramana sabda ji (AJ 1785). Minggu 2 Agustus 1857. |
7 | (kulup). (kembali) (kulup). |
8 | § = 1787. (kembali) § = 1787. |
9 | § = 1792. (kembali) § = 1792. |
10 | Tanggal: Buda (Rêbo) lima (5) Sapar Be: ngrungu jawata anyabdakkên marang siwi (AJ 1792). Tanggal Masehi: Rabu 22 Juli 1863. (kembali) Tanggal: Buda (Rêbo) lima (5) Sapar Be: ngrungu jawata anyabdakkên marang siwi (AJ 1792). Tanggal Masehi: Rabu 22 Juli 1863. |
11 | § = 1717. (kembali) § = 1717. |
12 | Tanggal: Salasa (Slasa) astha (8) Saban (Ruwah) Jimawal: ujar trustha asung sabda mring kang putra (AJ 1717). Tanggal Masehi: Rabu 13 April 1791. Perbedaan satu hari (Slasa versus Rabu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) Tanggal: Salasa (Slasa) astha (8) Saban (Ruwah) Jimawal: ujar trustha asung sabda mring kang putra (AJ 1717). Tanggal Masehi: Rabu 13 April 1791. Perbedaan satu hari (Slasa versus Rabu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. |
13 | pêpindhanira. (kembali) pêpindhanira. |
14 | kidung. (kembali) kidung. |
15 | § = 1810. (kembali) § = 1810. |
16 | Tanggal: Sênèn Paing nêmlikur (26) Jumadilawal Jimakir: nênga putra salira ji (AJ 1810). Tanggal Masehi: Senin 25 April 1881. (kembali) Tanggal: Sênèn Paing nêmlikur (26) Jumadilawal Jimakir: nênga putra salira ji (AJ 1810). Tanggal Masehi: Senin 25 April 1881. |
17 | § : Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara. (kembali) § : Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara. |
18 | § spreekt. (kembali) § spreekt. |
19 | § : Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ping pat. (kembali) § : Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ping pat. |
20 | § = 1717. (kembali) § = 1717. |
21 | Tanggal: Soma (Sênèn) tiga likur (23) Sapar Jimawal: sabdaning Hyang Girinata (AJ 1717). Tanggal Masehi: Selasa 2 November 1790. Perbedaan satu hari (Sênèn versus Selasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali) Tanggal: Soma (Sênèn) tiga likur (23) Sapar Jimawal: sabdaning Hyang Girinata (AJ 1717). Tanggal Masehi: Selasa 2 November 1790. Perbedaan satu hari (Sênèn versus Selasa) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. |
22 | § = 1785. (kembali) § = 1785. |
23 | Tanggal: Salasa wolu likur (28) Sapar Wawu: păncastha suwaranira (AJ 1785). Selasa 28 Oktober 1856. (kembali) Tanggal: Salasa wolu likur (28) Sapar Wawu: păncastha suwaranira (AJ 1785). Selasa 28 Oktober 1856. |
24 | § = 1776. (kembali) § = 1776. |
25 | Tanggal: sawêlas (11) Kaji (Bêsar) Ehe: rahsaning maharsi winulang nèng sunu (AJ 1776). Rabu 8 November 1848. Tahun AJ 1776 adalah tahun Be dan bukan Ehe. (kembali) Tanggal: sawêlas (11) Kaji (Bêsar) Ehe: rahsaning maharsi winulang nèng sunu (AJ 1776). Rabu 8 November 1848. Tahun AJ 1776 adalah tahun Be dan bukan Ehe. |
26 | Tanggal: Rêbo 15 Siyam (Pasa) Jimawal AJ 1797. Tanggal Masehi: Rabu 30 Desember 1868. (kembali) Tanggal: Rêbo 15 Siyam (Pasa) Jimawal AJ 1797. Tanggal Masehi: Rabu 30 Desember 1868. |
27 | ngomêndhani. (kembali) ngomêndhani. |
28 | komêndhanira. (kembali) komêndhanira. |
29 | Paningron. (kembali) Paningron. |
30 | § = 1787. (kembali) § = 1787. |
31 | Tanggal: Salasa (Slasa) Lêgi limalas (15) Jumadilawal Alip AJ 1787. Tanggal Masehi: Selasa 21 Desember 1858. (kembali) Tanggal: Salasa (Slasa) Lêgi limalas (15) Jumadilawal Alip AJ 1787. Tanggal Masehi: Selasa 21 Desember 1858. |
32 | § = 1801. (kembali) § = 1801. |
33 | Tanggal: Anggara manis (Slasa Lêgi) sapta (7) Sapar Wawu: janma muluk bujăngga ji (AJ 1801). Tanggal Masehi: Selasa 16 April 1872. (kembali) Tanggal: Anggara manis (Slasa Lêgi) sapta (7) Sapar Wawu: janma muluk bujăngga ji (AJ 1801). Tanggal Masehi: Selasa 16 April 1872. |
34 | wijiling. (kembali) wijiling. |
35 | § = 1804. (kembali) § = 1804. |
36 | Tanggal: Ngahad Kaliwon sawêlas (11) Saban (Ruwah) Ehe: cinatur luhuring salira sang prabu (AJ 1804). Tanggal Masehi: Minggu 12 September 1875. (kembali) Tanggal: Ngahad Kaliwon sawêlas (11) Saban (Ruwah) Ehe: cinatur luhuring salira sang prabu (AJ 1804). Tanggal Masehi: Minggu 12 September 1875. |
37 | § = 1805. (kembali) § = 1805. |
38 | Tanggal: Soma (Sênèn) sanga likur (29) Sura: tata luhur ngèsthi raja (AJ 1805). Tanggal Masehi: Jumat 25 Februari 1876. Bulan Sura dalam tanggal ini diambil dari gatra ke-enam: purwa wijiling sitangsu (bulan awal). Pada bulan Sura tahun AJ 1805, hari Sênèn jatuh pada tanggal: 4 (Sênèn Lêgi), 11 (Sênèn Pon), 18 (Sênèn Kliwon), dan 25 (Sênèn Paing), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Sênèn 4, 11, 18, atau 25 Sura AJ 1805 (Senin 31 Januari, 7, 14, atau 21 Februari 1876). (kembali) Tanggal: Soma (Sênèn) sanga likur (29) Sura: tata luhur ngèsthi raja (AJ 1805). Tanggal Masehi: Jumat 25 Februari 1876. Bulan Sura dalam tanggal ini diambil dari gatra ke-enam: purwa wijiling sitangsu (bulan awal). Pada bulan Sura tahun AJ 1805, hari Sênèn jatuh pada tanggal: 4 (Sênèn Lêgi), 11 (Sênèn Pon), 18 (Sênèn Kliwon), dan 25 (Sênèn Paing), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Sênèn 4, 11, 18, atau 25 Sura AJ 1805 (Senin 31 Januari, 7, 14, atau 21 Februari 1876). |