Karangpandhan, Padmasusastra, 1898, #1493

JudulCitra
Terakhir diubah: 31-08-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Karangpandhan

Z. Ex. den Gouverneur Generaal.

1. Kinanthi

1. nulus panêmbramanipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Ariya Mangkunagara | ingkang katur amranani | jêng tuwan kang wicaksana | mring Karangpandhan samangkin ||

2. sarjuning tyas saha atur | wilujêng rawuh ing ngriki | langkung ing sukur kawula | paduka tumêdhak malih | sèwu bêgja kamayangan | saksat tamuan dewa ji ||

3. bingahipun manah ulun | kadi gring manggih usadi | kabanjiran ing sarkara | kajugrugan wukir sari | ratus gănda paripurna | sumrik sumrambah mring dhiri ||

4. marmanta paminta ulun | ing paduka ingkang mugi | rinêsêpna ing wardaya | kalilana ing samangkin | sumêngka atur sunggata |

--- 299 ---

lêlangên tumramping[1] gêndhing ||

5. dadya panêmbramèng rawuh | nadyan saru kapiyarsi | awit punika minăngka | paèse kawiryan jawi | sampun kirang pangaksama | amêngku kang nêdya asih ||

6. wiyah ing jagad saèstu | wêwijanganing nagari | wontên carane priyăngga | kadi botên sang dewa ji | paduka kêkilapana | laksitanirèng dumadi ||

7. waspada panduming kalbu | saking labêting tyas sukci | puwara jati pra santa | sanetyasa kang pinusthi | jêjêg arjaning rat Jawa | mulyanê kang winarsudi ||

8. tita têtelaning atur | tumutur atur pamuji | mugi-mugi jêng paduka | kadugèna kang kinapti | pinanjana[2] yuswanira | dening Hyang Kang Maha Sukci ||

9. santi panêmbramèng kidung | cinitrèng Raditya ari | patlikur ingkang candrama | lèk Sapar ing taun Alip | satata trus pujinira | jêng gusti pangran dipati ||[3][4]

--- 300 ---

2. Panêmbrama ing nginggil punika mawi rangkêpan kadamêl lagu gêndhing Walandi

Wien Neerlands Bloed

1. sarjuning tyas saha atur | wilujêng paduka | rawuh wontên bawah ulun | Karangpandhan nami | langkung ing sukur kawula | paduka tumêdhak | bêgja kamayangan | saksat katamuan dewa | dewa kang linangkung ||

2. bingahipun manah ulun | tan kenging kinintên | kadi gring manggih usada | kalangkung utami | wah kabanjiran sarkara | kajugrugan wukir | sarira tus gănda | paripurna sumrik yêkti | sumrambah mring dhiri ||

3. marmanta paminta ulun | mring kang wicaksana | rinêsêpna ing wardaya | wah anglilanana | pun dasih sumêngka atur | sunggata lêlangên | kang tumrap ing gêndhing | minăngka pakurmatanta | ing rawuh paduka ||

4. nadyan kapiyarsa saru | dening sri paduka | botên ketang sumapala | kêdah manêmbrama | wit punika măngka paè- | sing kawiryan Jawi | sampun kêkirangan |

--- 301 ---

pangaksama sri paduka | mêngku kang sêdya sih ||

5. wiyahing jagad saèstu | pangkating nagari | wontên carane priyăngga | beda ing sayêkti | wit punika yogyaning Hyang | ingkang maha sakti | kados sri paduka | botên yèn kakilapana | lampahing agêsang ||

6. waspada panduming kalbu | saking labêt adi | kang trus sukcining panggalih | mila ing samangkin | paduka sampun kawuryan | wicaksana sangêt | mêngku nagri Jawi | jêjêg sarta karaharjan | mulya pinarsudi ||

7. samantên pantoging atur | têmên trusing manah | tumuntên atur pamuji | dhatêng jêng paduka | langgênga ing kasugêngan | kadugèn ing karsa | wah yuswa paduka | pinanjanèng[5] Gusti Allah | ingkang Maha Sukci ||

8. têlas panêmbramèng kidung | kang katur punika | cinitrèng Raditya ari | tanggal ping salikur | wulan Sapar taun Alip | angkanipun warsa | mawi sinangkalan | satata trus pujinira | Pangran Adipati |[6][7]|

--- 302 ---

9. Ariya Mangkunagara | kolonèl komandhan | ing lesiyun kang kaasta | wontên Surakarta | sarta jumênêng piyambak | ridêr saking ordhê | Nèdêrlansên leyo | saha ajudhaning nata | nata ing Nèdêrlan ||

 


tumraping. (kembali)
pinanjangna. (kembali)
§ = 1795. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) patlikur (24) Sapar Alip: satata trus pujinira jêng gusti pangran dipati (AJ 1795). Tanggal Masehi: Minggu 8 Juli 1866. (kembali)
pinanjang nèng. (kembali)
§ = 1795. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) salikur (21) Sapar Alip: satata trus pujinira Pangran Adipati (AJ 1795). Tanggal Masehi: Kamis 5 Juli 1866. Mungkin tanggal yang dimaksud adalah 24, lihat hlm. 299 di atas, maka Ngahad 24 Sapar AJ 1795 (Minggu 8 Juli 1866). (kembali)