Ngacih, Padmasusastra, 1898, #1495

JudulCitra
Terakhir diubah: 02-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ngacih

Prins Gondo Sisworo

Panêmbrama konduripun Kangjêng Pangeran Arya Găndasiswara pêrang saking nagari Ngacih taun 1803.

1. Sêkar Walagita tumrap ing gêndhing ladrang Sumatra dhawah katawang Ngacih salendro pathêt sanga.

1. pulo rawa (êmbag) | atmaja Sang Hyang Nurasa (Sang Hyang Wênang) | adhuh anggèr | sukur bagya | rahayu kang mênang yuda ||

2. Patih Kăngsa (Suratimăntra) | pangèsthi kang amrih kêna (ngincih) | adhuh anggèr | nèng Sumatra | ambêdhah ing Ngacih praja ||

3. urug wrêksa (ram) | dewaning Hyang Sasadara (Căndra) | adhuh anggèr | ramening prang | campuhe luwih sacăndra ||

4. bêsat rata (pir) | kahyangan para jawata (Suralaya) | adhuh anggèr | pira-pira | mungsuh rowang kang pralaya ||

5. wastra seta

--- 306 ---

(mori) | tamtuning kang parasêja (sida) | adhuh anggèr | mari yuda | kasaru ratune seda ||

6. panduk carma (èlês) | kang lata misayèng mina (tunggul) | adhuh anggèr | anglês driya | merang kalamun nungkula ||

7. perak pindha (timah) | tawing mukaning wiwara (warana) | adhuh anggèr | têmah praja | bêdhahe tanpa karana ||

8. tuduh warna (kana) | santining janma sangsaya (tulung) | adhuh anggèr | kang mangkana | èstu pitulunging Suksma ||

9. krama wrêksa (kajêng) | ari Prabu Basudewa (Ugrasena) | adhuh anggèr | kangjêng raja | Nèdêrlan sinung nugraha ||

10. garwa Salya (Citrawati) | sudarma Rêsi Wisrawa (Pulastha) | adhuh anggèr | duk cinitra | malêm Rêbo kaping astha ||

11. parab Boma (Narakasura) | jawata kang salah warna (Bathara Kala) | adhuh anggèr | sasi Sura | taun Alip kang sangkala ||

12. pandhan pita (nanas) | pambajêng Sri Basudewa (Baladewa) | adhuh anggèr | panas sirna | sarira praptaning bala ||

--- 307 ---

2. Sêkar Walagita tumrap ing gêndhing ladrang Sumatra dhawah katawang Ngacih salendro pathêt sanga

Sindhenan

1. tapas krêsna (duk) | kang wulan tanggaping warsa (Sura) | duk praptane | setatsiyun Surakarta ||

2. jarwa warta (kăndha) | wiji gêng mawa sarkara (kurma) | kang kinăndha | kurmate kang mênang yuda ||

3. trah ngawirya (satriya) | sabawa sukaning driya (surak) | pra satriya | surak santi jaya-jaya ||

4. gindawanda (urut: pijêt) | kutha waruju Pandhawa (Sawojajar) | urut marga | jajaran rontèn[1] bandera ||

5. salar basa (prasabên) | punggawa andêl Ngalêngka (Dumrêksa) | sabên plêngkung | bul-umbul kalawan găngsa ||

6. bikang gora (srabi) | we mijiling bomantara (udan) | rabinira | ngudani găndakusuma ||

7. rêming arka (mahrib) | kang tambang pranti wisaya (kala) | iribira | kaya Arjunawijaya ||

8. parab wipra (wiku) | ari Prabu Gêndrayana (Sudarsana) | iku măngka | sudarsananing prawira ||

--- 308 ---

3. Sêkar macapat Mijil dhawah Ladrang Langên-gita salendro pathêt sanga

1. radèn kula ngêmban timbalaning | Hyang Endra dhumawoh | mring andika kinèn maringake | waranggana pêpitu kang sami | ngrancana ing nguni | dhatêng sang abagus ||

2. tapas krêsna kang wulan tanggaping warsa | duk praptane sêtatsiyun Surakarta ||[2]

3. jarwa warta wiji gêng mawa sarkara | kang kinăndha kurmate kang mênang yuda ||[3]

Cariyos

4. bagya rahayu kang mênang yuda | nèng Sumatra ambêdhah ing Ngacih praja | ramening prang | campuhe luwih sacăndra ||

Sindhenan

5. pangkat sonya (praja) | sabawa sukaning driya (surak) | wong sapraja | surak santi jaya-jaya ||

6. idêr wastra (para) | ngasrama Sang Abiyasa (Saptarêngga) | parawira |

--- 309 ---

rinêngga kalung puspita ||

Cariyos

7. pira-pira mungsuh rowang kang pralaya | abêring prang | kapalang ratune seda | anglês driya | amerang lamun nungkula ||

Ura-ura

8. nèng tirta Ngendrakila ardi |[4] kasapta kinaot | nayakèng dyah amêngku salire | arum-arum myang minăngka dadi | guruning mêmanis | musthikaning ayu ||

Găngsa, Sindhèn

9. gindawanda | kutha waruju pandhawa | urut marga | jajaran rontèk bandera ||[5]

10. salar basa | punggawa andêl Ngalêngka | sabên plêngkung | bul-umbul kalawan găngsa ||[6]

Cariyos

11. mêksa bala kiwuling ngayuda | labêt arsa ngukuhi [ngu...]

--- 310 ---

[...kuhi] nagaranira | ing wusana tan gilig salayèng karsa ||

Sindhenan

12. jurung sabda (ngèstrèni) | we mijil ing ngantariksa (udan) | èstrinira ngudankên găndakusuma ||

13. sayut nêtra (arip) | pêpatih nagri Cêmpala (Tuhayata) | mirib Parta | duk sinraya batharendra ||

Cariyos

14. nêja sami amawat priyangga | rêbut unggul arsa dhêpani nagara | dadi raja ananging nora kuwawa ||

Ura-ura

15. katampenan mring andika mangkin | kang minăngka dados | gêganjaran kang jaya jurite | sakarsanta mring wau surastri | kêlampahan yêkti | tumêkèng sakayun ||

Găngsa: Sindhèn

16. ina wastra (bêdhah) | bukur gêng munggèng samudra

--- 311 ---

(kima) | bêdhah praja aran Ngima-imataka ||

17. yayah nendra (ngankuk)[7] | kalpika tumraping braja (mêthuk) | antukira pinêthuk para jawata ||

Cariyos

18. dadya praja bêdhah tanpa krana | kang mangkana antuk pitulunging Suksma | Kangjêng Raja Nèdêrlan sinung nugraha ||

Sindhenan

19. buron brama (kêmamang) | wiron tatahaning carma (sêmbulihan) | kang mangkana sêmbulih ing wong tohjiwa ||

20. parab wipra ari Prabu Gêndrayana | iku măngka sudarsananing prawira ||[8]

Cariyos

21. purna cinitra malêm Salasa | sasi Sura patbêlas ingkang candrama | kang sangkala tri kombul èsthining bala |[9][10]|

Kèndêl.

 


rontèk. (kembali)
§ zie boven. (kembali)
§ zie boven. (kembali)
Kurang satu suku kata: anèng tirta Ngendrakila ardi. (kembali)
§ zie boven. (kembali)
§ zie boven. (kembali)
ngantuk. (kembali)
§ zie boven. (kembali)
§ = 1803. (kembali)
10 Tanggal: Salasa (Slasa) patbêlas (14) Sura: tri kombul èsthining bala (AJ 1803). Tanggal Masehi: Selasa 3 Maret 1874. (kembali)