Prawira Adinagara, Pigeaud, 1953, #1425

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Panêmbrama dhumatêng Kangjêng Pangeran Arya Prawira Adinagara

1. Căndrawilasita

1. pantisewa candrama tanggaping warsa | wêwangsalan sinêkarkên surarêtna | gori wrêdha panênggak Hyang Girinata | kang minăngka nambrama kang wau prapta ||

2. krama wrêksa jarwa araning kang praja | Kangjêng Pangran Prawira Adinagara | rasa puspa nata wimba parisuka | ing Madura ingkang saking acangkrama ||

3. jarwa laga sudarma Sang Hyang Nurcahya | lawan Kangjêng Pangeran Găndasiswara | parab Karna prajane Sri Basudewa | tuwin putra kêkalih saking Madura ||

4. purwa tanya wiku dyah nagri Jênggala | punapa ta sadaya sami raharja |

--- 4: 130 ---

Madrim suta puspita arum kang gănda | kula bingah sukur dene tan sangsara ||

5. wrêksa krêsna gawar pangiringing mina | bilih parêng mugi paringa pawarta | minta darwa krama bênduning bêndara | kadospundi gèn paduka mêmariksa ||

6. dhepok raja panggrenda sranduning ngrangga | pasanggrahan ingkang sami urut marga | krawu patra kang wastra panglimut nendra | gudhung-gudhang tuwin êmul sadayanya ||

7. langsêp seta kang curi pinggir samodra | dhukuh dhusun pakarangan palakirna | taman desa gêndul pasagi kang warna | kêbon kopi punapa sae sadaya ||

8. saka palwa curiga agêm wanita | tiyang dhusun punapa têntrêm gêgriya | dêlêg wrêksa ciri asmaning nawala | wit punika tăndha sumrambahing arja ||

9. krai gora patih jaba ing Madura | ingkang măngka sêrananira gaota |

--- 4: 131 ---

mulwa rêngka basa kawining nagara | karyanira kinarya anyanggi praja ||

10. wusing karya ancur gêdhah paku wrêksa | dados sami sarasa tumut anêdha | traju karsa nata baya kêdhung surya | saking adil mila sadaya rumêksa ||

11. ngajap karsa narendra Biraji praja | mila saking pangajêng-ajênging driya | laron seta pasiran kang sabèng rawa | kaprênatan ing têmbe mugi lulusa ||

12. căndrawela parabe Wisnu Bathara | titi purna cinitra ing ari Buda | cêngkir wana jawataning sasadara | sasi Sawal nêmlikur ingkang candrama ||

13. mancal toya parabe Sang Hyang Berawa | ing taun Dal sangkala ingkang winarna | mindêng cipta tanaya Pandhita Durna | pujanira barakan ngèsthi utama |[1][2]|

 


§ Taun Jawi 1807, taun Walandi 1887 [sic], wulan Oktobêr. (kembali)
Tanggal: Buda (Rêbo) nêmlikur (26) Sawal Dal: pujinira barakan ngèsthi utama (AJ 1807). Tanggal Masehi: 23 Oktober 1878. (kembali)