Găndasiswara, Pigeaud, 1953, #1417

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Panêmbrama Konduripun Kangjêng Pangeran Ariya Găndasiswara Pêrang Saking Nagari Ngacih Taun 1803

1. Sêkar Walagita[1]

1. pulo rawa atmaja Sang Hyang Nurasa | adhuh anggèr | sukur bagya rahayu kang mênang yuda ||

2. Patih Kăngsa pangèsthi kang amrih kêna | adhuh anggèr | nèng Sumatra ambêdhah ing Ngacih praja ||

3. urug wrêksa dewaning Hyang Sasadara | adhuh anggèr | ramening prang campuhe luwih sacăndra ||

--- 4: 100 ---

4. bêsat rata kahyangan para jawata | adhuh anggèr | pira-pira mungsuh rowang kang pralayang ||

5. wastra seta tamtuning kang parasêja | adhuh anggèr | mari yuda kasaru ratune seda ||

6. panduk carma kang lata misayèng mina | adhuh anggèr | anglês driya merang kalamun nungkula ||

7. perak pindha tawing mukaning wiwara | adhuh anggèr | têmah praja bêdhahe tanpa karana ||

8. tuduh warna santining janma sangsaya | adhuh anggèr | kang mangkana èstu pitulunging suksma ||

9. krama wrèksa ari Prabu Basudewa | adhuh anggèr | Kangjêng Raja Nèdêrlan sinung[2] nugraha ||

10. garwa Salya sudarma Rêsi Wisrawa | adhuh anggèr |

--- 4: 101 ---

duk cinitra malêm Rêbo kaping astha ||

11. parab Boma jawata kang salah warna | adhuh anggèr | sasi Sura taun Alip na sangkala ||

12. pandhan pita pambajêng Sri Basudewa | adhuh anggèr | panas sirna sarira praptaning bala |[3][4]|

2. Sindhenan

1. tapas krêsna kang wulan tanggaping warsa | duk praptane Sêtatsiyun Surakarta ||

2. jarwa warta wiji gêng mawa sarkara | kang kinăndha kurmate kang mênang yuda ||

3. trah ngawirya sabawa sukaning driya | pra satriya surak santi jaya-jaya ||

4. ginda wanda kutha waruju Pandhawa | urut marga jajaran rontèk bandera ||

--- 4: 102 ---

5. salar basa punggawa andêl Ngalêngka | sabên plêngkung bul-umbul kalawan găngsa ||

6. bikang gora we mijil ing bomantara | rabinira ngudani Găndakusuma ||

7. rêming arka kang tambang pranti wisaya | iribira kaya Arjuna Wijaya ||

8. parab wipra ari Prabu Gêndrayana | iku măngka sudarsananing prawira ||

 


§ Tumrap ing gêndhing ladrang Sumatra dhawah katawang Ngacih, salendro pathêt sanga. (kembali)
nyinung. (kembali)
§ Taun Jawi 1803, Masèi 1874, wulan Pèbruari. (kembali)
Tanggal: Rêbo astha (8) Sura Alip: panas sirna sarira praptaning bala (AJ 1803). Tanggal Masehi: Rabu 25 Februari 1874. (kembali)