Pralambang Rara Kênya, Pigeaud, 1953, #1409

JudulCitra
Terakhir diubah: 08-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pralambang Rara Kênya

1. Kinanthi

1. kinanthi pralambangipun | kênya kang nêdhêng birai | anglêr sêkar nagapuspa | kang mèdêm mêncit nèng uwit | mêkare mudhar salaga | kang sari misih piningit ||

2. kang gănda mung sumêr arum | tan kongas sangkaning têbih | marma sagung kang sadpada | kang ngruruh maduning sari | kêkilapan kang mangkana |

--- 4: 54 ---

mung marsudi kang kaèksi ||

3. puspitanjrah nuksmèng taru | sumyar kang gănda mrik minging | kapita dènnya umara | ngungkih mangingsêp kang sari | sruning rèh têmah katrêsan | kusut tanpa teja sêpi ||

4. tuwuking sadpada mabur | tumiling ngalih ngulati | manolih mulat puspita | kang mèdêm mandarèng warni | winêwêr dening salaga | tinubing ron angayomi ||

5. tandya sadpada tumurun | mara marang goning sari | kang sinêrung ron pradapa | amidêr ngupaya margi | brangêngêng lwir dwijawara | matêk mantraning sêmadi ||

6. bramara sêkung mangun kung |

--- 4: 55 ---

mrih kongkal ron kang ngalingi | liniling sêlaning slaga | lêgane kang ingupadi | dumadi dumunwèng patra | patrape kadya manganti ||

7. silaring salaga lumung | lumindhih ron kang ngalingi | lingkap-linangkip maruta | mirut umire maring wit | kang sêkar wawang umêkar | dumêling mandanèng wangi ||

8. sadpada dupi andulu | kusuma amudhar warni | mara rumambat maring pang | maripih milar malipir | sumingit mungup mring slaga | silagyarsa amurwani ||

9. ngangsêg sada tumanduk |[1] mêmardi wigaring sari | sêrêng nêrang sru magirang |

--- 4: 56 ---

ngrêrêngih lir ngarih-arih | tan pae pêpindhanira | priya mrih mrêp mring pawèstri ||

 


Kurang satu suku kata: ngangsêg usada tumanduk. (kembali)