Petung, Anonim, c. 1920, #1466

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Petung][1]

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. marnguting tyas sinangling ing budi | kaduk limpat ing sarjanèng jagat | bantêr ambanting kasêktèn | wit sangking punggung blilu | kurang kawruh kumêdah bangkit | nglaras purwaning sêdya | têgês dunungipun | sangkan-paraning dumadya | mamèt saking saloka dadine bunci | juga prapta ing nawa ||

2. awit amba ambêk kumabangkit | pagèndènging driya supaya ta | ingaran awujul[2] dhewe | tan wêruh bèkèng kolbu | saking limut ina ing budi | karya wulang ing putra | Dyan Sutikna sunu | kabêtah tinitah wrêdha | saking samar manawa mangguh tan bêcik | ilang talêring gêsang ||

3. mila kita kumêdah mamardi | mardisiwi supadya widada | ayya kabanjur sêdyane | kang tan jêjêr jinujur | kanjrah ngêjum krêjêt tan yukti | kang nuntun tan kêtarja [kêtar ...]

--- 2 ---

[... ja] | pinudya kadya yu | yuwananing madyanjana | sokur bangkit basuki têkaning pati | têtêsing kaninditan ||

4. witing bunci kang dumadi dhihin | kasut iku kang minăngka purwa | lire Sa yèku têgêse | iyèku sipat alus | alus ingkang sinêbut sukci | têgêse sukci wanda | tan kêna dinumuk | mula elok lan sampurna | amisesa murba datan nguciwani | jumênêng langgêng mulya ||

5. bunci kalih plompong kang wêwangi | ingibarat wijining kaanan | kang kumêlip ngalam kabèh | yaktine saking suwung | suwung wangwung mlompong tan isi | anane amung johar | cahya kang narawung | narawang golong gumilang | gilang-gilang dumêling anglêlimputi | jatine kalih tunggal ||

6. tunggal

--- 3 ---

makam mring pithi kang bunci | wujud pithi yeka makna wadhah | wor juga dwi katigane | jatine mung sawujut | dat myang sipat asma kang yêkti | jangkêp kêna dèn petang | tri wêlas wus mathuk | wus katela witing petang | datan nilar wêwaton tiga pan tunggil | iku aran sampurna ||

7. bunci catur tambur kang winarni | măngka pama kinarya saloka | catur warna kaanane | tambur têngarèng pupuh | aluamah amarah dening | supiyah wus samêkta | saeka amupuh | mutmainah kang dèn rămpa | kèkèt udrêg gonira prang tandhing |[3] nutuk ing sadina-dina ||[4]

8. gya tinrambul kang pănca binunci | nama kanthong wêwilangan lima | pantês dèn upamakake | pănca driya wus mungguh | pănca gangsal driya kang wêrdi | nênggih waranèng akal | pêncarnya sumawur [su ...]

--- 4 ---

[... mawur] | ngagêsang lamun kulina | têtêg tatak ngukut angkara kang mijil | gampang gayuh utama ||

9. tama têmên tumanêm ing kapti | wus kewran ngambah ngalam sapta |[5] bunci kêrok ibarate | jinêma sênêt tan baut |[6] ngêrok sagung sakèhing sisip | jinêm luwih ngalela | apa kang tinuju | nuju mrih pranawèng budya | pan atêrang wêruh ingkang anguripi | têtêp nama kawula ||

10. sampurnane kocap sapta bunci | wus kacêtha yakine kang tingal | kera ngera pamawase | iyèku kang dumunung | ing makripat wikan ing gaib | wijange ngalam sapta | tan kithal kagulung | lair batin wus tan samar | gaibing hyang ngalela tanpa ling-aling | sikatu badan sukma ||

11. dene bakuh santosaning budi | ayya pisan koruping [koru ...]

--- 5 ---

[... ping] rubeda | rêrupan kang elok-elok | mas picis bunci wolu | tanpa daya prapta ing janji | mila dipun prayitna | myang waspadèng kewuh | andungkap bunci kang nawa | yêkti kodhêng bilêng yèn wêruh ing ciri | mring nawa têgês sonya ||

12. rata jêmbar rêsik tur gumrining | wus tan ana wujut sawiji apa |[7] dadi gumlindhing lakune | ngulon ngetan lor ngidul | kadi paran sêdyaning kapti | purwaning saking ora | nrima bali suwung | ing êndi dunung kang nyata | pilih jalma sayuta juga kang uning | gêsang pundi wujudnya ||

13. tamat bunci kasut têkèng glindhing | wus kacêtha ibarate tekat | purwa madya wusanane | nanging kang sampun putus | wicaksana waspadèng budi | yêkti datan narima | umanjing mring suwung | mungguh

--- 6 ---

yakine ingkang kak | gaiping hyang wus kajarwa sapta bunci | wruh ora iku ana ||

14. anadene dumane bunci |[8] abang pang sapanunggalnya |[9] beda yèn rinasakake | nadyan saking tri kumpul | boya saking pathokan siji | padha uga kalawan | sairib kang dunung | bunci kasut praptèng nawa | nadyan urut ing marga durung mumpuni | lir kinjêng tanpa soca ||

15. mila samya ayya kurang titi | ... |[10] dèn abisa bedakake | ing agêsang puniku | akèh wae para winasis | ambudi ing panunggal | nrima bali suwung | iku wus dèn anggêp mulya | asal suwung sayêkti wus bali sunyi | andhaku wus sampurna ||

16. adhuh anggèr jiwagèng ngaurip | putu buyut canggah warèng samya | suwawi dipun waspaos | mring surasaning

--- 7 ---

têmbung | kang kawahyèng sakèh palupi | nadyan kurang utama | unggah-ungguhipun | awit ngong uwus prasaja | sêpi kawruh tan wikan sandining gaib | lowung tinimbang nglămpra ||

17. lamun thole suwitèng sang aji | kudu wruh ing sasmitaning praja | kaya ta kang wus jinèrèng | wujuting praja agung | Adiningrat Surakarta di | yeka plambange ngawula |[11] ngwula maring ratu | pan jèrènge kawruhana | dèn satiti yeka pasêmone Gusti | mangkene têgêsira ||

18. kang pinurwa marga ingkang ngarsi | anggaladhag arane kang marga | alon-alon pambudine | ayya katêmpuh ngalun | alun iku ombaking warih | warih yeka klakuan | karsanya sang prabu | ayya nêrak sasêngkêran | kang sinêngkêr kayu wringin [wringi ...]

--- 8 ---

[... n] pancak suji | yeka anggêring nata ||

19. kayu kayun wringin uwok iki | mariyêm ki păncawara |[12] lawan ki suhbrasthane |[13] mandênga sira kulup | ngrawit iku wujut pangêrti | ing dunya myang ngakerat | wok duking panggayuh | suhbrastha ilanging sêdya | ywa kadyèka dèn dugês tindak utami | lamun nêdya ngawula ||

20. wong ngawula dunya praptèng ngakir | datan gampang lamun durung apsah | sarira lawan sarine | jaba jrone kang rujuk | joging sêdya munggah sitinggil | mrambat mêtu sasana | sumewaning prabu | ulubalang pra bupatya | myang pangulu jaksa lawan pra pulisi | yeka uga pralambang ||

21. pralambange ngaurip puniki | sira nyawa kang wêngku ki patya | tan sawah

--- 9 ---

lair batine | patih mêmatah kayun | kya pangulu ingkang ngukumi | jaksa ngêmbat prakara | pulisi nanuntun | nanuntun maring agama | mula thole kalamun sira angabdi | wêruha kukum tiga ||

22. kukum iku kang winêngku katri | ngadat wênang mokal kang wus kalampah |[14] ngadile dèn agêm dhewe | dhèwèkira sang prabu | prabu iku ingkang prabani | têgêse ingkang wênang | jèrèng lawan ngêjum | mula kaki dèn waspada | waspadakna ing lair kalawan batin | yèku wong mêngku gêsang ||

23. antarane paseban jêng patih | kono ana ngalela panggonan | mung maligi slêmbar ijèn | bale kêncuranipun | pasewakanira jêng mulki | yeka têgêse gêsang | kang maligi wau | slêmbar datan duwe rowang | ijèn ora [o ...]

--- 10 ---

[... ra] angijèni têgês kalih | kolipattolah ||[15]

24. lah wêruha galadhag pancêring | wringin iku kang minăngka keblat | lor kidul wetan lan kilèn | têngah ingkang amêngku | mula wringin tinancêp maring | têngahing alunira | ywa mamang sutèngsun | mobah-mosik karsèng sukma | atas saking kang mêngku rohbul ngalamin | poma ayya pêpeka ||

25. rèhning sira wruh obahing kumlip | patih iku kang minăngka rasa | pangulu pikirmu thole | jaksa sira kolbumu | pra pulisi budimu kaki | mula wong tinitah gêsang |[16] tan ganpang[17] gêgayuh | amilih sakèhing akal | kang tan lumrah sinimpênên ywa kaèksi | dadya tan ninggal sipat ||

26. sipat ganêp upama winilis | wilisane mung dumunung sira | ala bêcik saka kowe [ko ...]

--- 11 ---

[... we] | mulane wêkas ingsun | nadyan cilik bêcik angabdi | ngabdi sri naranata | kang amêngku kaprabun |[18] yeka dadya tatuladan | aran urip wêruh urip kang nguripi | donya aywa kasmaran ||

2. Asmaradana

1. sitinggil pasêmon lalis | siti pralambanging jasat | marga kanan kiri lire | pamêngkang lan supit urang | yeka lampahing napas | kang datan ingan lumaku | jumênêng sang hyang pramana ||

2. sri nata plambanging urip | dadya wujuding suksmana | jumênêng anane dhewe | jumênêng anèng antara | antaranirèng napas | nyamati sakèhing makluk | yèn sirna rusak kang kisma ||

3. lamun kondur sri bupati | supit urang kang kinarya | marga miyos jêng pamase | lah thole titènana |[19] kalamun ana jalma |

--- 12 ---

wus parêk antarèng layu | nunggal marga sri narendra ||

4. nulya buka ponang kori | duwaraning brajanala | byak padhang katon margane | marga kang têrus jro pura | yeka pêtênging nala | sumrambah ing netranipun | netra karna tanpa daya ||

5. sirêping pramana jati | nuwuhakên pêtênging iman |[20] rupaking pănca driyane | dadya pêtêng tan katingal | wujuting ngalam donya | gya mandhêg mandhungan kulup | gumêbyar kaca brênggala ||

6. tan katingal ponang kori | talang patyan katon padhang | kasorot rasa kacane | padhanging tanpa wayangan | wruh wujud mawa rupa | rupa tan siwah kang mlêbu | kang wujud mayangga seta ||

7. yya sulap kaca wêwirangi |[21] ana wujut bale atma | kang tanpa wayangan tinon [tino ...]

--- 13 ---

[... n] | sinêngguh wujuting sukma | yeka dayaning rasa | pralambang donya awujut | sima tutul lawan kombang ||

8. pêtêng padhang kombang pêtik | kang dungkap praptaning laya | nulya mulat ana bale | marcukundha ingkang kiwa | kang têngên sri pangantya | aywa korup lamun mangsuk | tan mangsuk dalêm sri nata ||

9. korinya sri narapati | wanodya yu ingkang têngga | tanpa rasukan slirane | yeka ijab sing sang nata | yèn janma bêk utama | tan melik wanodya yu |[22] mangangsêg ancasing sêdya ||

10. wanodya têgêse èstri | ès rêmbês êtri têtiga | rêmbês tatêlu têgêse | wujuting rasa tatiga | luwih luhur lan mulya | nanging tan kêna rinasuk | awit tan ngagêm rasukan ||

11. kalamun tan ngrasuk kaki | tan pangling [pa ...]

--- 14 ---

[... ngling] kijabing Suksma | tan mangeran wujut manggon | kalamun maksih katingal | netra kita punika | nadyan tan sêsiwah wang-uwung |[23] maksih sasar sèwu cêngkal ||

12. rasa nglangut lawan luwih | rasa lêga myang kapenak | ingkang maksih ajêjodhon | têgêse rasa kawula | mung mandhêg nèng wanodya | mula thole wêkas ingsun | ywa mandhêk tomolèh sira ||

13. lamun bisa nyêgah kaki | anyimpên rasa tatiga | sida ing kono pamore | pamomor moring kawula | bisa manjing jro pura | datan rumăngsa angeyub | ngeyub mring sri naradipa ||

14. mula galadhinên kaki | ri ratrinya ngulah patrap | donya praptèng antakane | yeka wajibing agêsang | mangulah sandining Hyang | sandining Hyang kang manglimput | nglimputi dating kawula ||

--- 15 ---

3. Mijil

1. dênawa wil pinarcayèng aji | tatas tusing ngêndon | martandhani marica wujute | kagunanira rêmit mausadi |[24] têtalining abdi | tan ngunduri lampus ||

2. klumpukane surti lan pangêrti | musamèng jro batos | tanpa rarang mèdêm pramanane | amranani saindênging jisim | kadis lawan latip | latibulkobiru ||

3. rupa warna rubedaning jisim | simpênên ywa katon | tontonêna kabèh saisine | ngalam donya kuwasaning Widhi | dimèn ora pangling | yèn tinitah apus ||

4. lah ajarên nalamu pribadi | dimèn mari bodho | karsa mungkar kang murang-sarake | binuwanga linawêt lan siti | dimèn tan lastari | kang karya ru-biru ||

5. rumakêta sira lamun angabdi |[25] dimèn kanggêp kanggo | angêdohna sungkan sirikane | tata [ta ...]

--- 16 ---

[... ta] krama solah bawanèki | dèn marêkkên ati | mring kănca-kancamu ||

6. jroning batin nanuwuna ing Widhi |[26] galadhag kang lakon | lakon gampang gêlis dumadine | alun-alun sumungilna têbih | tinêbihna maring | alun-alun pungkur ||

7. sinêngkêra lir kayu waringin | sakêmbaran katong | mung wêkasku marang sira thole | lamun kanggêp dènira ngabdi |[27] ywa pisan darbèni | tindak ingkang rusuh ||

8. suhing ngabdi ywa pisan manèni | mring wakil si katong | katong katon mariyêm sabdane | bebas lamun thole tan ngunduri | bale dèn wastani | pamandêng sang ulun ||

9. pamandêngan pamandênging Gusti | datan bisa dhompo | dhêdhompolan sana sumewane | pra bupatya pangulu lan patih | pralambanging urip | donya [do ...]

--- 17 ---

[... nya] praptèng lampus ||

10. dene thole pralambanging batin | sitinggil kinaot | janma tama mangolah batine | ri ratrinya mangêning sêmèdi | marga kang kinardi | supit urang iku ||

11. lan pamêngkangmu tansah dèn liling | brajanala tinon | wênganing tyas ngadat lan ngadile | supayanta ywa mandhung kang karsi | wus praptèng ing kori | tanglangpatèn wau ||

12. bêtah ngangkah ênêng lawan êning | mindêng ingkang raos | karaosna mring kabutuhane | yèn wus ana gumrênggênging kardi | ywa pisan anggonjing | manjing dalêm iku ||

13. Nur Mukamad yèn têmbung ja rabi | sulihe Hyang Manon | amanoni kabèh dumadine | tingkah polah mobah lawan mosik | osiking tyas wêning | marga kang satuhu ||

14. tuhuning dat idayating Gusti |

--- 18 ---

wayangannya tinon | yeka kaca brênggala wujute | lamun thole malbèng jroning puri | pangling wujutnèki | kasasar panuwun ||

15. kono ana wujut bale rêsik | nanging wujut jodhon | marcukundha sri manganti rane | nadyan rêsik nora ika-iki | manawa kaèksi | panasaran kulup ||

16. pan mangkana lapile kang muni | Al-kuran kacriyos | lamak budapil wujudi lire | nora nyêmbah barang kang kaèksi | tan lyan mung sawiji | dad kang nuksmèng pandum ||

17. amandumi pandaming sabumi | langit saantero | rêroncène manawa parêke | ing kabêjan lawan kawlasasih | sihing suksma kadi | dinadar ragèngsun ||

18. cinoba gung eloking pakarti | pakarti mrih dhoyong | andhoyongkên [andhoyongkê ...]

--- 19 ---

[... n] mring kadadeane | lamun thole bisa anguwati | nguwati pakarti | kang karyaa wurung ||

19. sri manganti araning kang kori | wanodya yu tugon | ayêm têntrêm tan ngudi dadine | yeka jalma kang parêk Hyang Widhi | ri ratri tan ngudi | jamaling Hyang Agung ||

20. mung sumarah kanthi awas eling | elinging lêlakon | nabi wali sadaya titahe | lamun datan akarya pribadi | tan parêng ngênggoni | ngadil aran kukum ||

21. upamane tan mangkono kaki | panyawangku gumoh | kongsi paham kang mangkono thole | gonku mulat jlamprah têngkèng[28] kucir | ngucira ajail | tindak kang tan jujur ||

22. jurên aglis ciptèng kang tan bêcik | mbudia karahayon |[29] singa nrajang suh brastha donyane | yèn na sima crêmane kang muni | yèn [yè ...]

--- 20 ---

[... n] jalma pakarti | pakarti duk idhup ||

23. kang cinêluk pakartining urip | nanging ywa salah ton | anganggoa duga pangirane | têtarène saranduning ciri | netra karna dadi | juru basa putus ||

24. lan panggănda minăngka saksi |[30] marga kang krahayon | titi tamat anggèr panulise | ari Buda limêngan kaping tri | Robingulawali | Jimawal kang taun ||

25. sinêngkalan wijining alêgi | ngèsthi Hyang Manon |[31][32] ting sancaya kulawu lambange | ari Buda nuju wuku Mrakih | pun bapa pêpeling | asmara pun siyung

Wiyose anakku lanang Dyan Sutikna, aja kaduk ati kajêron panămpa, sarèhning pun bapa aja kongsi, kêna ingaranan paribasan kainan (nanging satêmêne ina), amarga [amar ...]

--- 21 ---

[... ga] saka kumudu-kudu, lan aja kongsi anuwuhake paran tutuhan, săngka anggonku kêrêp amrangguli para priyayi, lan para sêpuh, utawa liya-liyane, kawirangan saka kagawa (sewaning jiwangganira) durung tau marbudi, jajah ing kawruh, tur kang kaya mangkono mau, bokmanawa kaya ing ngisor iki.

Wong urip ana ing donya iki, kaanane warna-warna, samubarange ora bisa padha, sanadyan ana kang padha, iya ora caplak, dadi padhane wong urip iki, mung mèmpêr bae, dene jêmbar-jêmbaring jagad, utawa nêtêpi warna-warnane kaanan, bokmanawa ana kang kêmbar, nanging kang mangkono mau anane mung sathithik, dadi ing donya iki têtêp, ora kakurangan, nanging pangiraku ora sêpi saka

--- 22 ---

ing sababe, mulane aku awèh sasorah kaya ing sasisih (dhuwur) supaya ana padha angêdohna kalakuan angarah apa, angagoa[33] pangati-ati, ing donya iki kang parlu dhewe kabutuhan, dene kabutuhan iku warna-warna, ana kang I. kapengin sugih, II. kapengin pintêr, III. kapengin agung waras, IV. kapengin dadi priyayi, tarkadhang kapengin anyumurupi, kawruh kang jêro, lan liya-liyane. Wose sakèhing kabutuhan, mau parlu mung amrih enak lan kapenak, mulane padha sumurupa, witing kapenak enak iku ora liya mung nandangi apa kang parlu dadi kabutuhan, samubarang ăngka siji aja kongsi dilirwakake, supaya bisa cukup kang dadi kabutuhane. Parlune anyukupi [anyu ...]

--- 23 ---

[... kupi] witing kabutuhan, supaya aja nganti, aja ana kang duwe pangira, yèn ana barang-barang ujug-ujug dadi tanpa ginawe, utawa tanpa sabab, kabèh-kabèh mêsthi ana wite, kaya ta: witing pintêr saka sinau, witing sêgêr waras, saka pangati-ati pamangane, sarta kêrêp têtămba utawa jêjamu, witing dadi priyayi, saka magang sarta kanggo ing gawene, witing wêruh jajahan, saka lêlana, iku sapiturute.

Wong urip iku kang adhakan pinikir mung bungah lan susah, bungah iku kang diarêp-arêp, susah iku kang sinirik, karêpe uwong. Sabên dina mung tansah tinêkana ing kabutuhane, kabungahan, sining rasa ing kasusahan, nanging pangarêp-arêp mangkono mau arang-arang, kang agolèki wose kang akèh mung mandhêk [ma ...]

--- 24 ---

[... ndhêk] ana ing pangarêp-arêp bae, têtêse kang akèh, agolèki wose mangkene.

Wose kabungahan iku awake waras, mangan enak sarta warêg, nyandhang bêcik, olèh rêjêki ora rêkasa, turu kapenak, disihi sapadhaning uwong, digugu, ditiru, dialêm bêcik, diandêl, cêkake samubarang kêkarêpane kang katêkan iku bungah.

Wose kasusahan, lara, kakurangan, kacingkrangan, kawirangan, kêna prakara, disêngiti, tanpa panggonan kang têtêp, kurang mangan kang ora sinêdya. Dadi kêkarêpan kang ora kasêmbadan iku susah.

Dadi wis têtela kabungahan iku kêkarêpan kang katêkan, kasusahan iku kang ora [o ...]

--- 25 ---

[... ra] katêkan, mulane dèn tabêri angapal-apalake, rêroncèn petung, kaya kang wus tak sorahake iki poma anggèr.

Sanadyan akèh petung, petungku mau wus tak yakinake, lan manawa ora cocok kanyataane aku paribasan, kasusu arsa wêruh cahyaning hyang kinira yèn karuh, ngarêp-arêp, kurup arsa dèn kurêpi, tan wêruh yèn urip iku ... kaliru ênggon, dene kang diarani petung mau, manawa ana kang kapetung, têgêse barang kêsompokan cumpèn, iku ora susah kapetung.

Ringgingkêsan[34] manawa arêp anyumurupi, tumibane dina, kang kanggo tanggal sapisan, miturut kurub arbangiyah, kaya ing ngisor iki.

1. Aboge, tê, taun Alip tanggale sapisan tiba dina Rêbo Wage.

--- 26 ---

2. Akatpona, tê, taun Ehe tanggale sapisan tiba ing dina Akat Pon.

3. Jangahpon, tê, taun Jimawal tanggale sapisan tiba ing dina Jumungah Pon.

4. Daltugi, tê, taun Dal tanggale sapisan tiba ing dina Sabtu Lêgi.

5. Jasapaing, tê, taun Jhe tanggale sapisan tiba ing dina Slasa Paing.

6. Bemisgi, tê, taun Be tanggale sapisan tiba ing dina Kêmis Lêgi.

7. Wunènwon, tê, taun Wawu tanggale sapisan tiba ing dina Sênèn Kaliwon.

8. Jangahgeya, tê, taun Jimakir tanggale sapis[35] tiba ing dina Jumungah Wage.

Dadi murih gampang anggone ngapilake, anggolèki tanggal kang bakal dikarêpake kudu [ku ...]

--- 27 ---

[... du] apal Aboge, Akatpona sapiturute, kaya ing dhuwur mau.

Dene kang kanggo anggolèki tanggal sapisan ing sasi apa bae, utawa taun apa kang bakal digolèki, kudu eling tanggale sapisan, taune kang bakal kanggo kaya ta, taun Alip: Aboge, tanggale sapisan sasi Sura, tumiba ing dina Rêbo Wage, upama kang digolèki tanggale sapisan, sasi Rêjêp, iku mangkene:

Parluji, têgêse sasi Sapar, têlu karo siji.

Nguwalpatma, têgêse sasi Mulud 4 karo 5.

Ngukirnêmma, têgêse sasi Rabingulakir 6 karo 5.

Diwaltupat, têgêse sasi Jumadilawal 7 karo 4.

Dilkirropat, têgêse sasi Jumadilakair 2 karo 4.

Jêplulu, têgêse sasi Rêjêp 3 karo 3.

Banmalu, têgêse sasi Saban Ruwah 5 karo 3.

Lannêmro, têgêse sasi Ramlan Pasa 6 karo 2.

Waljiro. têgêse sasi Sawal 1 karo 2.

Dahroji, têgêse sasi Dulkangidah 2 karo 1.

Jahpatji, têgêse sasi Bêsar Dilkijah 4 karo 1.

Dadi kaya kang bakal disumurupi sasi Rêjêp ing

--- 28 ---

dhuwur mau, mangkene taune. Aboge, taun Alip Surane tiba dina Rêbo Wage, măngka digolèki, tanggale sasi Rêjêp. Iku Jêplulu, têgêse 3 3 kang 3 dhisik iku dina kang kanggo tanggale sasi Sura, 3 kèri iku pasaran, dadi tumiba Jumungah Lêgi, tanggale sasi Rêjêp, iku sapiturute.

Kang diarani omahing dina, iya iku naga dina lan pati dina.

Ing dina Jumungah ana wetan, pasaran Lêgi, wetan.

Ing dina Sabtu, Ing dina Akat -->kidul, pasaran Paing, kidul.

Ing dina Sênèn, Ing dina Salasa -->kulon, pasaran Pon, kulon.

Ing dina Rêbo, Ing dina Kêmis -->lor, pasaran Wage, lor.

Dene kang diarani pati dina, pangitunge uga saka wetan, ananging kang kago[36] metung, saka nêptuning dina lan pasaran, kaya ta: dina Salasa Wage, Salasa 3, Wage 4, gunggung nêptuning dina lan pasaran 7

--- 29 ---

pangetunge saka wetan, wetan kidul, kulon, lor, ganêpe 7 tiba kulon, iku sabanjure.

Petung jagal dina ora kêna katêrak, ngalih turu lan ambêdhol omah.

Kang diarani petung jagal dina iku pati dina, amung manawa awan kawuwuhan 9 manawa bêngi kawuwuhan 10.

Kaya ta, dina Slasa Wage, katêmu pitu pati dina ana kulon, banjur kasambungan jagal dina, saka êlor saêntèke 9 mau dadi jagal dina tumiba lor.

Petung bintang wasesa, iku ora kêna anggawa kanggo ambêdhol, omah lan alih-alihan turu, pangetunge kang kanggo waton, sana[37] nêptune dina lan pasaran, upama kaya ta, dina Sênèn Kaliwon, iku katêmu 12, kang iku dina Sênèn Kaliwon êntèke 12, tiba Jumungah Lêgi, kang diarani bintang wasesa iku dina.

--- 30 ---

walisudha, pasaran, sarèhning dina Jumungah naga dina omahe wetan, pasaran Lêgi, uga wetan, bintang wasesa walisudha ngumpul, ana wetan, ugêr nglumpuk, omahing dina lan pasaran, diarani bintang wasesa walisudha.

Ingkang diarani dina sangarani[38] sasi, ora kêna kanggo alihan turu, lan anyantrèkake têmantèn, nuju ing dina iki.

Kaya ta: sasi Pasa, Sawal, Dulkangidah, sangare tiba ing dina Jumungah. Bêsar, Sura, Sapar sangare tiba ing dina Sabtu Akat. Mulud, Rabingulakir, sangare tiba ing dina Sênèn Salasa. Jumadilakir, Rêjêp, Ruwah, sangare ana tiba ing dina Rêbo, Kêmis.

Naga taun uga kanggo kaya dhuwur.

Ing sasi Bêsar, Sura, Sapar, naga manggon, lor.

--- 31 ---

Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, wetan.

Jumadilakir, Rêjêp, Ruwah, kidul.

Pasa, Sawal, Dulkangidah, kulon.

Naga jatingarang kanggo kaya dhuwur:

Sura, Sapar, Mulud naga ana wetan.

Rabingulakir, Jumadilawal, Jumadilakir, kidul.

Rêjêp, Ruwah, Pasa, kulon.

Sawal, Dulkangidah, Bêsar, lor.

Tumbuking naga taun karo jatingarang.

Bêsar lor, ing sasi Jumadilakir, kidul.

Mulud wetan, ing sasi Pasa, kulon.

Pasa, Sawal, Dulkangidah, sirahe naga ana wetan, sirige mangulon, buntute ana kulon, wêtênge ana kidul, gêgêre ana lor bênêr.

Bêsar, Sura, Sapar, sirahe naga ana lor, sirige mangidul, buntute ana kidul, wêtênge ana wetan,

--- 32 ---

gêgêre ana kulon bênêr.

Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, sirahe naga ana kulon, sirige mangetan, buntute ana wetan, wêtênge ana kidul, gêgêre ana lor bênêr.

Jumadilakir, Rêjêp, Ruwah, sirahe naga ana kidul, sirige mangalor, buntute ana lor, wêtênge ana kidul, gigir ana wetan.

Dene manawa tiba sirahing naga, manggih rubeda, cakême[39] naga ambayani.

Dene manawa tiba buntute naga, manggih lara, sirige naga nêmu suka.

Dene manawa tiba wêtênge naga, manggih arja, gigire naga gêringên.

Kunarpaning taun lan sangaraning[40] taun.

Alip kunarpane Slasa Pon, sangare Rêbo Wage.

Ehe kunarpane Sêtu Paing, sangare Akat Pon.

Jimawal kunarpane Kêmis Paing, sangare Jumungah Pon.

Je kunarpane Sênèn Lêgi, sangare Salasa Ping.

Dal kunarpane Jumungah Kliwon, sangare Sabtu Lêgi.

Be kunarpane Rêbo Kliwon, sangare Kêmis Lêgi

Wawu kunarpane Akat Wage, sangare Sênèn Kaliwon.

Jimakir kunarpane Kêmis Pon, sangare Jumungah Wage.

--- 33 ---

Ringkêling tanggal, kang ora prayoga kanggo duwe gawe.

Kaya ta sasi Sura tanggal kaping 8.

Kaya ta sasi Rabingulakir tanggal kaping 8.

Kaya ta sasi Rêjêp tanggal kaping 8.

Kaya ta sasi Sawal tanggal kaping 8.

Dene kang diarani wasing tanggal iku anjukuk saka tanggal kang arêp dianggo, kaya ta, iya iku dina pasarane katêmu pira, tanggale sapisan, upama tiba dina Sênèn Pon, iku katêmu 11, nase tanggal 1.11.21. upama tanggale sapisan sasi Jawa tiba Rêbo Kaliwon.

Katêmu 15, nase ana tangg[41] 5.15.25.

Akat Lêgi 10, nase ana tanggal 10.20.30.

Sênèn Lêgi 9, nase ana tanggal 9.19.29.

Salasa Wage 7, nase ana tanggal 7.17.27.

Iku sabanjure.

--- 34 ---

Dina kang ora kêna dianggo ningkahan amarga asring ora duwe anak, lan sadurunge ningkahake têmantène katakonana wêtone kang bakal arêp dadi têmantèn, upama têmantène, wêtone Rêbo Kaliwon, iku ora kêna kaningkahake ana dina Salasa Wage, yèn Akat Lêgi, ora kêna dina Sêtu Kaliwon, iku sapiturute.

Lan kaya ing ngisor iki:

Kêmis Pon, Akat Paing, Salasa Wage, Rêbo Lêgi, Sabtu Kaliwon --> Sababe ora kanggo tanggal sapisan.

Sirikan kanggo ijab ningkahan.

Upama wêton Rêbo Kaliwon, ora kêna ijab Rêbo Wage, utawa Slasa Wage, têgêse Rêbo Kaliwon, êkke nêptu 15, Rêbo Wage, Slasa Wage durung lair.

Petung tarub.

Dina lan pasarane kang bakal kanggo tarub kakumpulake kabuwang 4.4.

Manawa kari 1 dhanyang lanang têgêse kukuh.

Manawa kari 2 dhanyang wadon têgêse boros.

Manawa kari 3 dhanyang guwa têgêse slamêt.

Manawa kari 4 dhanyang seluman têgêse kelangan.

--- 35 ---

Pasatuan rakam.

Wêtone kang bakal arêp disatuh mau kakumpulna katêmu pira banjur kabuwang 7.7. pangetunge kaya ing ngisor iki.

Dina Jumungah 1 pasaran Kaliwon 1.

Dina Sabtu 2 pasaran Lêgi 2.

Dina Akat 3 pasaran Paing 3.

Dina Sênèn 4 pasaran Pon 4.

Dina Salasa 5 pasaran Wage 5.

Dina Rêbo 6 pasaran

Dina Kêmis 7 pasaran

1. Pêsthi watêke angèl pisahe.

2. Jodho watêke runtut.

3. Padu watêke kêrêp sulaya.

4. Drajat watêke mriyayèni.

5. Pandhita watêke sabar.

6. Sêndhang waringin watêke kêna dieyubi.

7. Ratu watêke kêmratu kang wadon.

Upama temantène wêtone Jumungah Kaliwon : 1,1 = 2

olah Sênèn Lêgi : 4,2 = 6

Iku tiba pasthi. Dadi gugung:[42] 8

--- 36 ---

Satuhan timbangan.

Wêtone kapetunga dhewe-we,[43] kabuwanga 4.4.

Yèn kari : 1 bumi, 2 langit, 3 suwarga, 4 naraka --> Manawa anjodhokake arahên bumi olèh langit, suwarga olèh naraka.

Satuhan rangkêb, jaba, jêro.

Satuhan rangkêp iku mangkene, upama wêtone kang lanang, katêmu pira têmantène, iya iku upama Rêbo Kaliwon, dina lan pasarane katêmu 15, pangetunge saka Rêbo Kaliwon tumêka dina Rêbo Wage, gugung ganêp 15.

Dene kang diarani petung jaba, Rêbo Kaliwon.

Dene kang diarani petung jêro, Rêbo Wage.

Dene wujute kang bêcik iku cêdhak jaba lan jêrone, lan runtut.

Kaya ta: Rêbo Paing olèh Kêmis Pon. Kaya ta: Rêbo Paing jêrone Kêmis Paing. Kaya ta: Kêmis Pon jêrone Kêmis Paing. --> Yaiku kang bêcik diarani kumpuling sri.

Jumungah Lêgi olèh Slasa Wage, Jumungah Lêgi tiba Sênèn Lêgi. Slasa Wage, tiba Slasa Kaliwon, iya iku diarani tiba sri dadi.

Sabtu Paing olèh Jumungah Kliwon, Sêtu Paing tiba Slasa Wage.

Sabtu Paing olèh Jumungah Kliwon, Sêtu Paing tiba Kêmis Pon.

Iya iku diarani sumêngkaning sri.

Sambêtipun wontên ing kaca 37.

--- 37 ---

Upama manèh, kang lanang Akat Paing, jêrone tiba Sabtu Kliwon, Rêbo Pon jêrone tiba Slasa Lêgi.

Wose petung iki, jêrone wêton aja kongsi adoh dina lan pasaran, nomanawa[44] nganti lêt, rong dina, utawa rong pasaran, iku ora prayoga kabacutane.

Bab Geing.

Geing iku rong warna, iya iku Geing ing pasaran.

2. iya iku Geing ing dina.

Kang diarani Geing ing dina Jumungah, wetan olèh Sênèn, Slasa Kulon.

Dina Rêbo, Kêmis olèh Sabtu Akat. Pasaran Lêgi Pon, olèh Wage, Paing.

Dadi kang diarani Geing iku omahing dina lan pasaran, nanging kang luwih abot, manawa Geing jêro, kayadene pasatuhan jaba jêro mau.

--- [38] ---

Petung tingkêb.

Petung tingkêb iku kajaba tanggal lan dinane bêcik, aduse kudu nganggo sangat Nabi, utawa sangat palintangan. Banjur dina pasaran kang bal[45] kanggo mau kapetunga katêmu pira, kabuwanga 3.3. pira karine.

Manawa kari 1 Mukamad., 2. Rasul, 3. Kubur

Manawa tiba kubur, mêtu lanang, bapakne kalah wadone uga, utawa manawa ana bayi lair, satitèkna, têngah utawa pinggir, tumancêping usus marang ari-arine (bibi) manawa ora ana têngah bênêr, ora parlu kasamuwakake, mêtune bocah mau, kosokbaline mangkene.

Manawa arêp anitèni laire jabang bayi, kudu takon kang têrang, manawa ana wong wadon anggarap sari, ing dalêm sêsasi dhobêl, iku mêsthi arêp mêtêng, dene manawa arêp anyumurupi [anyu ...]

--- [39] ---

[... murupi] laire, anggone nggarap sari (sukêr) kang kèri kapetunga tanggal pira, upama tanggal 15 kawuwuhan ana 9 dadi gugung 24, sasine etungên 10 upama sasi Sura ping 15, besuk sasi Sawal tanggal kaping 24 laire.

Bêja lan orane bayi lair.

Pangetunge dina lan pasarane nalika laire kabuwang 5.5.

yèn kari 1 akèh bêjane,

yèn kari 2 bêjane lunga têka,

yèn kari 3 ngiwa panggawene,

yèn kari 4 rupane bêcik,

yèn kari 5 mlarat

Gawe sumur.

1. Yèn sumur ana sawetaning omah watake slamêt.

2. Yèn sumur sakidul wetan omah watake ngêdusi rêjêki karam.

3. Yèn sumur sakidul bênêr watake adus wong prihatin.

4. Yèn sumur ana kulone omah watake rêjêki kalal.

5. Yèn sumur ana kulon bênêr watake têmantèn.

6. Yèn sumur kulon loring omah watake wong kêlaran.

--- [40] ---

7. Yèn sumur ana lor bênêr watake lara bangêt.

8. Yèn sumur ana lor wetan watake mayit.

Manawa arêp gawe pagêr bumi ing pomahan, yèn ngukur saka kidul wetan, kang ginawe ngukur dhêpane dhewe, dèn petunga kaya ing ngisor iki:

1. bumi

2. karta

3. kala

4. kali

yèn mangulon arahên tiba, bumi, lamun gawe lawang butulan, arahên tiba, kala, lamun gawe pagêr bumi kang jaba pisan, katêpusa ing tampar, wiwit pojok kidul wetan, tumêka pojok kidul kulon, nuli katêkuka kapara sanga, jinukuka sabagean, kinarya ukure gawe lawang, kaya ing ngisor iki pratelane.

Yèn marêp mangidul, dèn ukur saking kidul wêtan mangulon.

Yèn marêp mangulon, dèn ukur wiwit pojok kidul mangalor.

Yèn marêp mangalor,dèn ukur wiwit lor kulon mangetan.

Yèn marêp wetan, dèn ukur wiwit lor wetan mangidul.

Gambare kaya ing sasisih iki.

--- [41] ---

[grafik]

[Lor]

Krêp kêlaran, tèh[46] sanak wong tuwa sugihan sanak, lih wong sêja ala, krêp kelangan, lih gawe têna anak, rosa budine, lih donya saka anak, bangêt mêlarate.

Lèr wetan.

[Wetan]

Suka sampurna sabarang sugih saka sranane wong susahan atèn, dadi barang gawe, sugih sanak, susah sakalyan, kêrêp tukaran, gêdhe atine, kêrêp kelangan.

Kidul wetan.

[Kidul]

Duka cipta, sugihan batur, lih cacad wong gêdhe, kêrêp susah. rosa budine, kêrêp kêmalingan, lèh kapintêran, ora duwe utang, duwe anak bêcik.

Kidul kulon.

[Kulon]

Krêp ulih arta kalal, kasugihan, sugih anak putu, mênangan angkuh, sugih picis, lèh ala saka wadon, kêmalingan, krêp olèh bungah gêringên.

Lor kulon.

--- [42] ---

Kawruh kupiya mutêr wali.

Kawruh ningkahake têmantèn, sing sapa amutêr wali, iku sajrone sataun, amêsthi rêkasa donyane, lan akèh rubedane, têgêse amutêr wali mangkene, saupama anake a kamantokake ana ênggone b, nanging a mau omahe ora kumpul b dadi a kaputêr (mara mênyang ênggone b iku si b mêsthi rêkasa sajroning sataun, dene jênêng mutêr mau ugêr wali têmantèn mara) ora manggon ana ngomahe dhewe, kajaba wali anjujug masjid, têmantèn anjujug masjid.

Ing sasisih iki kang diarani sangat lima (sangat nabi) mungguh lakune miturut tanggal, ing dalêm sêsangate, 1 pis, 2 jam, sabanjure, 2 jam 24 mênit , dene urute mangkene, tanggal 1 padha karo tanggal 6.11.16.21.26 wiwite tumapak, saka sangat, ahmad, iku sabanjure.

--- [43] ---

[Grafik]

Dene supayane inggal cumanthèl, ing pikiran anggone ngapilake mangkene: mad, jaimsupngi, têgêse tanggal sapisan wiwite sangat sapisan saka mad, têgêse Ahmad, tanggal kaping 2, ja = Jabarail.

Sapiturute, dene rangkêpane, tur, lang, si, mêt, ki sangat 1 2 3 4 5.

Tanggal 2: ki, tur, lang, si, mêt, tê, tur, iku pitutur.

Tanggal 3: mêt, ki, tur, lang, si, tê, lang, kalangan.

Tanggal 4: si, mêt, ki,tur, lang, tê, si, pacak wêsi.

Tanggal 5: lang, si, mêt, ki, tur, tê, mêt, slamêt.

Tanggal 6: bali, tur, lang, si, mêt, ki, tê, ki, rêjêki.

--- [44] ---

Katrangan sawantawis amung raringkêsan.

Wuku Galungan.

Mênggah ingkang kawastanan wêwulang tumrap ing wuku galungan, salêbêtipun tigang dintên miwit, Akat Paing dumugi dintên Salasa Wage, dewanipun dintên amung manjêr, Bathara Kala, punika ingkang kawastanan sarik agung, pikajêngipun sirikan agêng, nanging sawênèh wontên ingkang mastani sarik agung punika bokmanawi kalèntu, purwanipun ing kina makatên bêbukanipun, nalika Sang Hyang Jagad Nata, midêr-midêr ing gêgana, sakalihan pramèswari, Dèwi Uma, nitih lêmbu Andini, dumugi sanginggiling sagantên salèripun pulo Jawi, sampun ngajêngakên sêraping surya, candhik ala anyunari mega-mega asring kawuryan, andadosakên kumênyutipun ing panggalih, Sang Hyang Jagad Nata, sanalika wau kapengin sarêsmi akalihan ingkang garwa, adrênging karsa, botên kenging sinayudan, sang pramèswari botên anglanggati, awit rumaos merang yèn cumbana awontên ing gigire lêmbu, nyuwun kasabarna, ngantos sakonduripun dhumatêng ing kahyangan, nanging Sa[47] Hyang Jagad

--- [45] ---

Nata, adrêng karsanipun, têmah anandukakên wasesa, ingkang garwa pinayuh (pinangku) sarêng badhe rinurah ing asmara, Dèwi Uma nginggati, Sang Hyang Jagat Nata langkung kaduwung ing galih, wasana Sang Hyang Jagad Nata, sanalika sakalihan pramèswari kondur dhumatêng kahyangan.

Kacariyos kama salah dhumawah wontên sagantên, tansah murub angkara-kara, mawi gara-gara, gêtêr patêr dhèdhèt irawati, adamêl gègèring para dewa, wasana para dewa dhinawuhan anyirnakakên, lajêng sami tumandang, nanging sawarnining dêdamêl ingkang katamakakên, botên sami amitayani, kama salah lajêng dumados maujud danawa agêng, sakathahing dêdamêl dados saranduning badan, para dewa botên sagêd wontên ingkang nanggulangi, têmah sami kaplajêng, danawa agêng anglut ambujêng dumugi ngarsanipun Sang Hyang Jagad Nata, lajêng pitakèn ingkang yayoga, ringkêsipun ingakên putra, pinaringan sêsilih nama Bathara Kala, wiwit kama dumados danawa agêng, lajêng pitakèn ing yayoga, [yayo ...]

--- [46] ---

[... ga,] ngantos kapagas rambutipun, kacublês ilatipun kawêdalakên wisanipun, tuwin kakêthok siyungipun kêkalih, katunggilakên wisanipun (upasing ilat) lajêng kacipta Sang Hyang Jagad Nata, kadadosakên dhuwung pasopati akalihan kunta. Mila bêbasanipun tiyang ing jaman purwa, bilih pêrang mawa dêdamêl, dipun wastani ngabên siyungipun Bathara Kala, punika kabêkta saking siyung ingkang dados dhuwung kalih wau, sawênèh cariyos laminipun tigang dintên manawi pinuju wuku Galungan, ingkang kumandêl bab punika (sarik agung, dhumulang) dados sirikan agêng, manawi gadhah damêl.

Wondene ingkang dipun wastani dhêndhan kukudan, ringkêsipun kemawon inggih punika, nalika para arya wuku kurantil, tolu, gumbrêg, sapanunggilanipun, ambêg purun dhumatêng para dewa sami kadhêndha nêmahi dados arca kukudan, inggih punika sarêng Dèwi Sinta pinulung ing

--- [47] ---

dewa, kakukud sariranipun kabêkta dhumatêng ing kahyangan. Ingkang kawastanan dhumulang punika, sawênèh cariyos saking kaol, ugi nama dhêndhan kukudan, purwanipun nalika ing kina makatên babukanipun. Sasirnanipun Prabu Silacala (inggih Prabu Watugunung) kasor ing prang akalihan Rêksi Sètmata (Bathara Wisnu) katrap ing padhati, sirna sakadangipun, sami putranipun Prabu Palindriya, ing Mêdhangkamulan kaping tiga, saking asruning panjritipun, Dèwi Sinta wau ibunipun inggih dados garwanipun Prabu Selacala, nêmahi gara-gara agêng, ing ngriku Dèwi Sinta wau lajêng pinulung sinêndhal mayang ing dewa, kabêkta dhumatêng kahyangan, sarêng dumugi ngarpat kêpanasan, Dèwi Sinta anjrit malih, margi karănta-rănta ing galih sumêrêp wangkene para putra-putra sami dados arca (watu) amila manawi Akat, nuju wuku Sinta, salêbêtipun kawan dasa dintên pandonganipun dangu, têgêsipun watu, wêktu punika [pu ...]

--- [48] ---

[... nika] wau, dipun wastani dhêndha kukudan, manawi dhêndha kukudan asring kathah ingkang nyirik, botên purun ngangge gadhah damêl sasaminipun, adat kathah rubedanipun ing wingking, dene manawi nuju Akat Paing panuju wuku Galungan, salêbêtipun tigang dintên para putranipun ingkang kagungan wuku Galungan botên kalilan ngagêm gadhah damêl, tuwin anyarêngi wiyosanipun rama ibu, punika kabêkta dewa dintên amung manjêr Bathara Kala, manawi katêrak adat kathah rubedanipun, tuwin kirang lulus.

Ing sarèhning wuku iku arang-arang kang apal urute, lan sajak kurang ngumum, kanggo ing jaman saiki, amung aku aja kongsi, kapatèn wijining kawruh, mulane anakku gèr thole, aja wêgah kongsi anggonmu mikir, supaya cumanthèl, dene watone anggolèki wuku mau mangkene, siji kudu wêruh tumanggaling windu, lan lakune windu, iku anjukuk saka [sa ...]

--- [49] ---

[... ka] ăngkaning taun, kasuda loro dhisik, kakèrène kapara têlung puluh loro, manawa:

1 tumêkan kaping 8 iku tiba windu Adi.

9 tumêkan kaping 16 iku tiba windu Kunthara.

17 tumêkan kaping 24 iku tiba windu Sêngara.

25 tumêkan kaping 32 iku tiba windu Sancaya.

Dene manawa luwihe 32 banjur kapara 4 luwihe pira, iya iku kaya ing dhuwur mau. Dene windu mau manawa tiba windu Kunthara lan Sêngara Alipe, sasi Sura, wukune ingaran lambang langkir, windu Sancaya lan Adi, ingaran lambang kulawu.

Kanggo tani, garap sawah.

Ing ngandhap punika pêthikan sêrat pusaka saking eyang Kiyai Agêng Ngandul Rahman (Kyai Agêng ingkang dhêdhêkah ing Sêsela) bab titinipun sadaya tiyang angolah sabin (among tani).

1. Taun Alip.

Manawa taun Alip, awita mluku dina Jumungah, [Jumu ...]

--- [50] ---

[... ngah,] yèn ngurit utawa tandur, aja ninggal dina Jumungah, yèn ana amane, bang-bang arane, dene kang dadi tambane, jêruk lili karo godhong tom, dèkèkna ing tulakan, sidhêkahe sêga liwêt karo pitik putih mulus, dongane salamêt kabul.

2. Taun Ehe.

Lamun taun Ehe, awita mluku ing dina Rêbo awita saka êlor ditêmu gêlang, ngurit nandur aja ninggal dina Rêbo, sidhêkahe sêga liwêt karo êndhog, sambêl wijèn, pêcêl pitik jangan mênir, dongane kasah, larane sêsundêpan, tambane godhong wangunan, karo tlethong jaran putih, dèkèkna ing tulakan.

3. Taun Jimawal.

Lamun taun Jimawal, awita mluku dina Kêmis, awita saka kidul wetan pungkasan kulon bênêr, ngurit utawa tandur aja ninggal dina Kêmis, sidhêkahe sêga liwêt dadaran êndhog, dongane salamêt, amane manuk, tambane gêdhang saba, karo godhong doya, dèkèkna ing tulakan, iki

--- [51] ---

rapalana, ana doyan ora saba, ana saba ora doyan.

4. Taun Je.

Lamun taun Je, awita mluku ing dina Jumungah, awita saka lor kulon, pungkasane têngah bênêr, ngurit tandur aja ninggal dina Jumungah, sidêkahe sêga punar, pêcêl pitika,[48] donga titik, amane cèlèng, srananana sêga walang, binakar karo trasi abang, dèkèkna ing tulakan, iki rapale, gunung gêni sêgara wedang, sing mara mara mati, lêbu luluh, ujar jarah iman.

5. Taun Dal.

Lamun taun Dal, awita mluku dina Rêbo ngurit tandur aja ninggal Rêbo, sidêkahe sêga liwêt iwak loh, dongane ngalpina, amane lodhoh. Tambane timah budhêng pinêndhêm ing tulakan.

6. Taun Be.

Lamun taun Be, awita mluku dina Rêbo,

--- [52] ---

ngurit tandur aja ninggal ing dina Rêbo, sidêkahe sêga liwêt iwake loh urip-urip, dongane kunut, amane walang, tambane lênga taun, dikèrèka tampar bêdhiyan, ngabanana pajupat.

7. Taun Wawu.

Yèn taun Wawu, awita mluku dina Jumungah, awit saka kidul kulon, pungkasane saprayogane, ngurit tandur aja ninggal dina Jumungah, sidhêkahe sêga punar, iwake loh karo gêrèh, dongane aruwah, amane putih, tambane jêruk linglang dèkèkna ing tulakan.

8. Taun Jimakir.

Lamun taun Jimakir, awita mluku dina Kêmis, awita saka kidul wetan, pungkasan têngah bênêr, ngurit tandur aja ninggal dina Kêmis, iwak loh pêcêl gêrèh, sêga wuduk, amane tikus, tambane tukon pasar pangaji sêpuluh dhuwit aja nganyang rewange wêsi ditalèni lawe wênang, kaubêtna kaping [ka ...]

--- [53] ---

[... ping] têlu, lan jênang baro-baro sèlèhna ing tulakan.

Sinom

1. dêdununganing sri nata | têtêp pamoring Hyang Widhi | makikining kakekatnya | sanyatane saking eling | nuksma mahya umanjing | antaraning napas nupus | papas pêpês pinapas | pamadhêping salat daim | ngriku wontên saglèntèring ra Hyang Suksma ||

2. tinon saking jinêm raras | kawuryan alaming gaib | cêtha wijang têkèng prana | mêlok rasaning Hyang Widhi | yèku janma mumpuni | nir warana angênguwung | wiwaling păncabaya | jumênêng anyakrawati | darbe wênang kaonang-onang kanang rat ||

3. iku wênganing nugraha | wong wani lara prihatin | ngalah samubarang polah | rêmên karya naking ati | sanggêm praptaning pati | lamun kinèn ala kudur | tinêmah praptèng risak | ngêncêngi lêgawèng budi | yèku măngka marganing wanuh Hyang Suksma ||

4. Allah tan rupa sasana | kinaya ngapa tan kêni | dumunung wong wicaksana | wignya umanjing asêpi | aninggal ati budi | mênêng nêrus balung sungsum | punika yêkti wênang | condhong karsa nugil[49]

--- [54] ---

warni | obah osik muna-muni saking Allah ||

5. têgêse jiwangganira | sasat sipating Hyang Widhi | istijab sasabdanira | saujare luwih mandi | kalêgan jroning urip | jamaning pati kacakup | jinurung kawiryawan | tulus panitraning dhiri | sumarmanta dèn wignya kridha mardawa ||

Kiyamat kubra.

Pangkur.

1. sêkar Pangkur kang winarna | marnèng jaman kiyamat kubra ngakir | kukuting jiwangganipun | nipuna gunging rasa | rasaning roh larat-linaratan ngumpul | marga date nyirêp hawa | nabsu budi caya êsir ||

2. sadaya sami masesa | gung gumulung nunggil purbaning urip | gêgolongan mawèh limut | lire kiyamat kubra | băngsa kiyam mung sajuga nêdya ngumpul | mat puniku yêkti nikmat | kubra têgêse waradin ||

3. rasaning jiwangganira | pan waradin gêtêr patêr tinarik | lir brotayuda binangun | rame swarèng gurnita | sru jumêgur lumpur gugur amrih kuwur | winor orêging bantala | lir lindhu agonjang-ganjing ||

--- [55] ---

4. kathah janma samya lupa | wit prabawèng hawaning badhe ngakir | kisruh ing pêngèksinipun | pinêtik tan miyarsa | ngeca-eca dènira narik angukut | kukutnya tan parah-parah | mung manut karsa pribadi ||

5. daluya saya angrêbda | singa ingkang kasingsal laju atis | otot kêdêr balung kêju | judhêg tanpa budaya | ngayang-ayang poyang-paying wayang-wuyung | dènnya amrih wiwalira | nora wurung angêmasi ||

6. kêtiwasan polahira | sakarate ngagak-agak gêgêti | jênggèlèk arsa lumayu | nanging bayuning angga | gêtêr lumpuh laju gêro sambatipun | gêrêng-gêrêng karya maras | sadaya ingkang miyarsi ||

7. yèku lobaning manungsa | sungkan mamrih rahayuning pambudi | mung amburu sênêngipun | eca lawan sakeca | cacah-cucah yèn ginunggung munca-muncu | cèwèt ing rèh kasarjanan | pon-ponane tan pinikir ||

8. kalamun wong ahli rasa | ing rêrasan surasaning asêpi | ngingsêp-isêp nugraha gung | gumêlaring kaanan | lair batos pinetanan amrih cundhuk | dhudhuking | tekad sajuga

--- [56] ---

| gumantung sihing Hyang Widhi ||

9. dhidhikan ingkang sanyata | sanyatane wani ambanting dhiri | rinusuh supadi luluh | luluhing rasa murka | ngèli maring lêlakon amrih rahayu | mêmpan ing sapangarêpan | pinardi tan madal sumbi ||

10. bèbèrane wus binabar | angêbèri mring pawong sanaknèki | angayomi tyas rahayu | yuwana lampahira | laku lakon minăngka pralambangipun | pamancadira sakarat | sakarate dadya aris ||

11. pêcating jiwangganira | lir tinalèn tali wangsul tinarik | sinêndhal tumuli ucul | cumloroting sasana | sirna sipat sakèhing rêncana kosus | sumêbar mlayu sar-saran | sumilak padhanging margi ||

12. milanira pra nupiksa | dèn waspada pangastaning kadadin | laku-laku dèn kadulu | lamun lugu èsthinya | sanyatane dumadya atêluh timbul | kombul asmaning sarjana | ing dunya praptaning akir ||

13. titi wirayat sapala | tinêngêran ya ari Akat Paing [Pa ...]

--- [57] ---

[... ing] | wulan Sêla panuju |[50] nuruning tanggal juga | warsa Ehe trawaca sêngkalanipun | cipta kuntag angèsthi Hyang |[51] ngêmudhèni pangaksami ||

Wirasating wanita.

Kinanthi

1. Rănggawarsita karuhun | ingkang nganggit layang iki | sangkalanira pinetang | catur tuwi ngêsthi aji |[52] yèku sêrat kang tinêdhak | pêthikan kitab ing nguni ||

2. Endrasmara namanipun | pacandran tingalannèki | pramilanya dipun têdhak | pujăngga ingkang anganggit | sadaya ingkang miyarsa | sampun kirang ing pamanggih ||

3. sun tămpa dhawuh Hyang Anggung |[53] manira pan kênèng nganggit | wirasatirèng wanita | krana wong lanang puniki | labêting kênèng ganjaran | saking godhaning pawèstri ||

4. anak putu dipun emut | kang wus kalêbu ing tulis | yèn Jumungah Pon wêtonnya | tan sabar kaku kang ati | watêk wani mring wong wa |[54] lan ora sinungan sugih ||

5. nanging ana

--- [58] ---

dayanipun | lamun ana kang nuturi | tan ketang sabarang karya | anjungkung raina wêngi | tinêkan sasêdyanira | jinurung gangsar Hyang Widhi ||

6. Jumungah Wage puniku | tan pantês kinarya rabi | groboh ora amicara | dene gêlêm anglakoni | panggawe ala ngiwa |[55] tan ajêg pikirirèki ||

7. yèn maksih anyar dèn ugung | yèn wis lawas dèn alani | Jumungah Wage tarkadhang | sandhungane larang siwi | nanging sok sinungan dunya | jinurung rêjêki eblis ||

8. Jumungah Kliwon puniku | kawruhane dèn nastiti | pikirane rada lumrah | mring wong tuwa wêdi asih | nging kêdhik wani mring priya | jinurung sugih rêjêki ||

9. sêtiti ngrêti mring kakung | mituhu wuruk kang bêcik | mring maratuwa prayoga | kalawan bêtah sêsirih | sandhungane wong punika | padone ambuntut arit ||

10. Jumungah Lêgi puniku | wirasate ala bêcik | pikire sok kêbrangasan | nanging ora mitayani | gêdhag-gêdhig ing pratingkah | nanging rilan marang bukti ||

11. lan maninge wong puniku | pasthine laki

--- [59] ---

ping kalih | wit pikire tan antêpan | kêncêng ngarsa kêndho wuri | lan wus takdire Hyang Suksma | kudu laki kaping kalih ||

12. Jumungah Paing puniku | imul watêke ngaruwil | saèn opèn tanpa prênah | kêlire akarya bêcik | ing lair têmah isinan | dadya imul tan kêtawis ||

13. tan cidra wirasat iku | kang wus kalêbu ing tulis | kaki padha angèstokna | ing kanthi kalawan takdir | yèn wis pinasthi jodhonya | cumadhong karsaning Widi ||

14. yèn Sêtu Pon wêton iku | watêke anyudagari | samubarang kang dèn tambak | etunge kudu lèh bathi | antuk sih kalawan priya | padone jăntra lumaris ||

15. lumuhan ing lairipun | kabrabrehan jroning ati | mamah lawan bapa biyang | mring kakung tan nganggo wêdi | dhat nyêng yèn karo wong lanang | wêdine amung sakêdhik ||

16. lamun Sêtu Wage iku | watêke sok lêpas budi | ajrih asih marang priya | sumingkir panggawe juti | sandhungane larang anak | lan asring pêtêng kang galih ||

--- [60] ---

17. Sêtu Kliwon puniku |[56] lumuhan sabarang kardi | lan trape ora prasaja | mring kakung tan nganggo wêdi | Sêtu Kliwon watêknya |[57] rada jail ambasiwit ||

18. Sêtu Lêgi watêkipun | datan sabar têka bêngis | mamah marang bapa biyang | nging sinung rêjêki mintir | lan sinung wignya wong ika | sandhungane larang siwi ||

19. Sêtu Paing watêkipun | yèn bêcik jatine èstri | tur karêm ing ngèlmu êkak | ananging sêpuluh siji | ingkang pasthi watêkira | ingkang wêton Sêtu Paing ||

20. lumuhan tur dhêmên padu | nora sabar têka bêngis | lawan nyudakakên drajat | marang kakunge sru wani | tan trima laki sapisan | kudu laki kaping kalih ||

21. tarkadhang laki ping têlu | yèn wong mangkono puniki | kang tulus laki sapisan | rada karêm marang ngèlmi | nanging takdiring Hyang Suksma | lan lakine pêgat mati ||

22. wêton Akat Pon puniku | kakon atèn sarta bêngis | nging bisa momong wong tuwa | Akat Pon watêke bêcik | cacade rada

--- [61] ---

mlaratan | wit bêgjane mung sakêdhik ||

23. bêkti laki wong puniku | sabarang tindak nastiti | gantya Kat Wage watêknya | rêsikan sabarang kardi | sumingkir panggawe ala | lawan manèh bêkti laki ||

24. datan prênah padonipun | akèh bêgjaning sakêdhik | Akat Kaliwon watêknya | lumuhan sabarang kardi | drêki imul tanpa prênah | têmahan kaku kang galih ||

25. rêmên ngiwa karyanipun | adoh bêgjane wong iki | wêton Akat Lêgi ika | watêke sok lêpas budi | ladak mantêp nging lumuhan | candrane laki ya maning ||

26. agung bêgjane wong iku | ngunggahkên drajating laki | Akat Paing watêkira | dhingini dadya mungkasi | dèn êlih ingkang anêdhak | pratelane Akat Paing ||

27. kakon atèn watêkipun | padone ambuntut arit | jalukan ora wewehan | nanging sangêt angikipi | dhêmên ngêlong tan kalongan | bèrbuja krama ing lair ||

28. nanging karsane Hyang Agung | rêjêkine sinung mintir | amung ora darbe bapa |

--- [62] ---

dilalah drajate inggil | krana Akat Paing ika | nahase Hyang Udipati ||

29. duk asalira kasiku | dene Sang Hyang Maha Inggil | ing dina Akat Paingnya | mulane nak putu mami | nênggih ingkang samya maca | pan sampun kirang pamanggih ||

30. Akat wirasate sampun | pilihên salah sawiji | lamun ana ingkang nyimpang | saka ing wirasat iki | iku ganjaran Hyang Suksma | wijile sapuluh siji ||

Mijil

1. witing bêcik wêkasaning juti | kang wêton Sênèn Pon | iku pasthi ping pindho lakine | nora trimah sapisan yèn laki | rêjêkine mintir | padon kêndho pungkur ||

2. lamun pinèt iriban sathithik | lanang tuwin wadon | pasthi lamun tan ana bedane | nadyan silih kakung lan pawèstri | padha bae kaki | ing wirasatipun ||

3. Sênèn Wage bêjane sathithik | pangucape dhoso | nanging bisa momong wong tuwane | bêkti laki lan pikire lantip | sandhungane thithik | rada dhêmên padu|| [pa ...]

--- [63] ---

[... du||] 4. jêmbar budi tunggala kêkalih | de Sênèn Kaliwon | doyan mangan drêmba imul saèn | rada kibluk kalawan basiwit | kawirangan mintir | wêdi marang kakung ||

5. dene ingkang wêton Sênèn Lêgi | lêmês nanging dhoso | kabrangasan rosa ing tandange | ora kêna kungkulan sasami | kudu angungkuli | barang kudu punjul ||

6. mring ramebu yêkti wêdi asih | yèn bênêr èmbêkos | mring lakine sathithik wêdine | pan jinurung rêjêkine kêdhik | nanging nunggak sêmi | padon kêndho pungkur ||

7. dene ingkang wêton Sênèn Paing | padone angganthol | lêmês rècèh sugihan watêke | pan kèringan carobo ing bêcik | wêton Sênèn Paing | sring pêtêng ing kalbu ||

8. dina Sênèn wus jangkêp winilis | gantya Salasa Pon | ngêmbang cêpaka iku watêke | yèn wanodya mênêng bêkti laki | rila marang bukti | băngsa cangkêm karut ||

9. ambêg wêgig tarampil mring ngèlmi | kabrangasan linyok | mung puniku cacade alane |

--- [64] ---

yèn ngawula dèn êmong ing Gusti | yèn gung bêgjanèki | sandhungan tan tutug ||

10. Slasa Wage wirasate bêcik | antuk sihing uwong | kadya wuni iku upamane | yèn andulu warnane kang wuni | ithêng sêmu abrit | pinangan jêngkêrut ||

11. kèh kapencut myarsa dènira ngling | wruh rasane mlengos | mring lakine sathithik wêdine | akèh prentah nging bêgjane mintir | lan tan bêngis nanging | nora pintêr padu ||

12. ati gêdhe bêgjane sathithik | marga saking dhoso | dhêmên ngiwa puniku watêke | sandhungane karusakan pikir | rada murka kêdhik | padon kêndho pungkur ||

13. tarkadhangan sok alarang siwi | wêton Slasa Kliwon | pan wus pasthi ping pindho lakine | nora trima sapisan yèn laki | yèn tan kaping kalih | iku pêgat lampus ||

14. dene ingkang wêton Slasa Lêgi | pikire lir botoh | nanging jêmbar budine wong kuwe | kabrawasan kawirangan mintir | bêgjane mung kêdhik | lumrah mring sadulur ||

15. Slasa Paing watêke puniki | lantap bêngis dhoso | nging sugihan wong iku watêke | lair blaba satêmêne [satêmê ...]

--- [65] ---

[... ne] cêthil | wêton Slasa Paing | rada dhêmên padu ||

16. pan wus jangkêp kaki dipun eling | gantya Rêbo Êpon | drêngki imul sring pêtêng atine | nanging mênêng ora darbe uni | lamun darbe uni | kadya blêdhèg sèwu ||

17. Rêbo Wage wêtêkira bêcik | nanging laki pindho | lan kèringan marang sapadhane | jruwèh crobo sarta bêkti laki | rilan marang bukti | băngsa cangkêm karut ||

18. mung padone sok ambuntut arit | gantya Rêbo Kliwon | doyan mangan drêmba sabarange | rada kêbluk kalawan basiwit | lumuh marang kardi | wong anom dèn emut ||

Sinom

1. roning kamal kang gumantya | wirasate Rêbo Lêgi | kakon atèn ambêg wirang | mung pikire gêdhag-gêdhig | rosa tandangirèki | kurang ajar sok bragundung | tan kêna dèn ampaha | wong kang wêton Rêbo Lêgi | lamun bêcik yèn ala kaliwat ala ||

2. padone jăntra lumampah | wani buri wêdi ngarsi | padune akèh kang ngiwa | dene wêton Rêbo [Rê ...]

--- [66] ---

[... bo] Paing | lumuh marang ing kardi | sarta drêki mring sadulur | saèn nanging prasaja | isine sugih kêkêlir | Rêbo titi padha dèn udamamaha ||

3. Kêmis Pon watêke ala | rada lumuh marang kardi | drêki imul tanpa prênah | watêke kanggo ing laki | jinurung marang eblis | sandhungan juwèh wong iku | jalukan tan wewehan | dhêmên ngiwa wong puniki | bisa sugih nanging ora bisa lawas ||

4. Kêmis Wage watêkira | puniku laki ping kalih | yèn ora pindho lakinya | yêkti bakal luwih bêcik | yèn nganti kaping kalih | nêmu rusak klantur-lantur | yêkti wurung dandanan | yèn sapisan banjur dadi | iku pasthi kêna ginawe gondhelan ||

5. kalamun bêcik wong ika | nanging mring kakung sru wani | mring wong tuwa uga lantap | nging sora budinirèki | sabarang pintêr dadi | êndi kang cinandhak rampung | sandhungane wong ika | yèn padu kêndho ing wuri | gêlêm ngiwa Kêmis Kliwon witing tuwa ||

6. bêlaba rada isinan | dhêmên nyêngkolong yèn angling | nadyan dèn jar-ujarana [jar-u ...]

--- [67] ---

[... jarana] | yèn lagi pisan ping kalih | durung gêlêm nyauri | maksih ngalahan dhêkukul | ping tiga ping sakawan | yèn wus gêlêm anyauri | pamalêse rinewangan takêr pêjah ||

7. lawan apilan wong ika | sabarang ingkang kaèksi | sok wêruh anuli bisa | watêke rêmên ing ngèlmi | dene ta Kêmis Lêgi | butarêpan wong puniku | lan gêdhe melikira | barang watêke ngaruwil | dhêmên ngiwa padune akèh kang nakal ||

8. yaiku watêkanira | dene ingkang Kêmis Paing | drêki imul tur saenan | tarkadhang sok larang siwi | nanging bêkti ing laki | bêtah luwe wong puniku | sêpên marang pakaryan | dhêmên anglakoni silip | anak putu sami dipun rasakêna ||

9. sakèhe kang nêdya maca | miwah sagung kang miyarsi | kang darbe wêton punika | aja na kang kurang pikir | kang antuk pêthèk bêcik | ywa bungah lamun binagus | yèku têmbung colongan | dene pêthèk kang tan bêcik | aja duwe sêrik masgul iku padha ||

10. de kang muni gêlêm ngiwa | iku akèh lire kaki [ka ...]

--- [68] ---

[... ki] | basa ngiwa akèh lirnya | pan ora amung sawiji | aja kok kira kaki | wong kang bandrèk jina iku | sanadyan lagon salah | kang ora ngêblak ing pikir | pêpadhane yèku aran laku ngiwa ||

Asmaradana

1. Asmaradana winarni | tumrap ing dina pasaran | tumindak rina wêngine | Akat watêk samudana | bêcik sapangarêpan | Sênèn samuwa puniku | lir pakartining bawana ||

2. Slasa tan pracayèng ati | Rêbone watêk sêmbada | Kêmis nyurasa sabarang rèh |[58] Jumungah suci rêsikan | Sêtune sêsumbungan | ngalêm-alêm mada muput | iku sêsumbung arannya ||

3. Kaliwon micara wasis | Lêgi mêngku barang karya | sumêngguh pangarêpane | Paing sabarang penginan | Êpon pamèring dunya | Wage kaku basanipun | nging lêgawa trusing manah. ||

Tamat

--- [69] ---

[...]

--- [70] ---

Jumungah Pon kaping 9/11/56 măngsa 6.

Awit tanêm pari slabog. Kartotaruno.

Rêbo Kliwon kaping 21/11/56

Tanêm wetan bêluk măngsa 6. Kartataruno.

Sêlasa Kliwon kaping 10/12/56

Tanêm kidul griya

Rêbo Pon kaping 19/12/56

Tanêm luguh. Kartataruno.

Jumungah Pon kaping 12/1/62 gadhèke pêndhok Rp 6.000 tapsir f. 6.720.

Taun 1963 rêga bêras 1 bêruk f 200 rupiyah.

Gronjol 1 bêruk f 75 rupiyah.

--- [71-74] ---

[...]

--- [75] ---

Sabuma. Taun 1973, pajêge f 1.592,60.

--- [76] ---

Kanggo wong tani taun 1960 - 1961 - 1962 rêkasa bangêt, marga rêrêgan larang bangêt.

Rêbo Paing kaping 22/11/61 kaping 13-12 Madilakir taun Jimawal 1893 kula mantokke Satinêm, rêga bêras 1 bêruk Rp 25 rupiyah.

Wêdhus 1 rêga f 600.

Kambil 1 rêga f 8.

[Tanda tangan: Kartataruna]

Kêmis Paing kaping 17 Bêsar Dal 1887, Saiman rabi.

Akat Lêgi kaping 29, 28 Bêsar Jimakir 1890 Sugiman rabi.

 


Judul tambahan dari Redaksi. (kembali)
ajujul. (kembali)
Kurang dua suku kata: kèkèt udrêk gonira apêrang tandhing. (kembali)
Lebih satu suku kata: nutuk sadina-dina. (kembali)
Kurang satu suku kata: wus tan kewran ngambah ngalam sapta. (kembali)
Lebih satu suku kata: jinêm sênêt tan baut. (kembali)
Lebih satu suku kata: wus tan ana wujut swiji apa. (kembali)
Kurang satu suku kata: anadene dumadine bunci. (kembali)
Kurang dua suku kata: abang-abang pang sapanunggalnya. (kembali)
10 Baris ke-2 tidak ada. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: yeka plambang ngawula. (kembali)
12 Kurang dua suku kata: wujud mariyêm ki păncawara. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: kalawan ki suhbrasthane. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: ngadat wênang mokal wus kalampah. (kembali)
15 Kurang dua suku kata: yèku kolipattolah. (kembali)
16 Lebih satu suku kata: mula tinitah gêsang. (kembali)
17 gampang. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: kang mêngku kaprabun. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: lah ta thole titènana. (kembali)
20 Lebih satu suku kata: nuwuhkên pêtênging iman. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: yya sulap kaca wirangi. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: tan melik wanodya ayu. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: nadyan tan siwah wang-uwung. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: kagunane rêmit mausadi. (kembali)
25 Lebih satu suku kata: rumakêta sira lamun ngabdi. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: jroning batin nuwuna ing Widhi. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: lamun kanggêp dènira angabdi. (kembali)
28 têkèng. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: mbudia krahayon. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: lan panggănda minăngka kang saksi. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: ngèsthi Sang Hyang Manon. (kembali)
32 Tanggal: Buda (Rêbo) tri (3) Robingulawali (Mulud) Jimawal: wijining alêgi ngèsthi Hyang Manon (AJ 1861). Tanggal Masehi: Rabu 30 Juli 1930. (kembali)
33 anganggoa. (kembali)
34 Rêringkêsan. (kembali)
35 sapisan. (kembali)
36 kanggo. (kembali)
37 saka. (kembali)
38 sangare. (kembali)
39 cangkême. (kembali)
40 sangaring. (kembali)
41 tanggal. (kembali)
42 gunggung (dan di tempat lain). (kembali)
43 dhewe-dhewe. (kembali)
44 bokmanawa. (kembali)
45 bakal. (kembali)
46 lèh. (kembali)
47 Sang. (kembali)
48 pitik. (kembali)
49 nunggil. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: wulan Sêla kang panuju. (kembali)
51 Tanggal: Akat (Ngahad) Paing juga (1) Sêla (Dulkangidah) Ehe: cipta kuntag angèsthi Hyang (AJ 1868). Tanggal Masehi: Minggu 2 Januari 1938. Kata "kuntag" dalam sangkala ini tidak jelas. Pada abad 19, Ngahad Paing tanggal 1 Dulkangidah tahun Ehe, jatuh pada tahun AJ 1868, 1876, 1884, dan 1892. Kemungkinan besar tahun yang dimaksud adalah AJ 1868 atau 1876, mengingat kata "cipta" sering berwatak bilangan delapan (8) atau enam (6). (kembali)
52 Tanggal: catur tuwi ngêsthi aji (AJ 1824). Tahun AJ 1824 jatuh antara tanggal Masehi: 5 Juli 1894 sampai dengan 23 Juni 1895. (kembali)
53 Agung. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: watêk wani mring wong tuwa. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: panggawe ala angiwa. (kembali)
56 Kurang satu suku kata: Sêtu Kaliwon puniku. (kembali)
57 Kurang satu suku kata: Sêtu Kaliwon watêknya. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: Kêmis nyurasa barang rèh. (kembali)