Parta Krama, Suryaningrat, 1920, #1296 (Pupuh 17–33)
1. | Parta Krama, Suryaningrat, 1920, #1296 (Pupuh 01–16). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
2. | Parta Krama, Suryaningrat, 1920, #1296 (Pupuh 17–33). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
3. | Parta Krama, Suryaningrat, 1920, #1296 (Pupuh 34–50). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
17. Pangkur
1. kunêng kang lagya lêlalampah[1] | wontên kocap ratu kalih nagari | apan sarêng lampahipun | lan Ngamarta Ngastina | myang ing Dwarawati nging gantya winuwus | paran ta gène nyarêngna | carita gangsal nagari ||
2. sayêkti kinarya gantya | dene ingkang kocap ratu kêkalih | kang satunggal prajanipun | nênggih ing Ngambarmuka | Prabu Kaladênta sudira dibya nung | ing aprang têguh wêntala | tan ana braja nêdhasi ||
3. sêmbada tur sugih bala | kang satunggal ing praja Garbaruci | rasêksa raja pinunjul | Sang Prabu Sindhunggarba | gung aluhur gagah prakosa ing pupuh | wadyane tanpa wilangan | kèh punggawa sura sêkti ||
4. cinatur kalih narendra | Ngambarmuka kalawan Garbaruci | supêna sarêng sadalu | sami supênanira | jroning nendra sami katingal kramantuk | Kusuma Wara Sumbadra | putri kadang Dwarawati ||
5. sawungunira anendra | ratu kalih samya nandhang wiyadi | brăngta ing supênanipun | tan antuk dhahar nendra | siyang dalu wuyungan gunging kung wuyung | tan ana liyan kacipta | namung supênanirèki ||
6. pêpatih punggawanira | samya sêdhih mulat ratunirèki | linglung ing supênanipun | dadya samya mêmarta | sangking nagri liyan samana wus antuk | wêwarta sangking wong dagang | lamun nagri Dwarawati ||
7. wontên ratu binathara | angadhaton praja ing Dwarawati | Narendra Krêsna jêjuluk | darbe kadang wanodya | maksih kênya Sumbadra pêparabipun | diwasa dèrèng akrama | pinarbutan ing para ji ||
8. wusnyantuk warta mangkana | patih kalih matur ratunirèki | langkung sangking sukanipun | sang prabu kalihira | de wus nyata ênggone supênanipun | sigra sami karya surat | pêpatihe kang tinuding ||
9. angaturakên pustaka | marang Nata Krêsna ing Dwarawati | pan anglamar têmbungipun | maring Wara Sumbadra | muni lamun tinampan panglamaripun | saisining prajanira | pèni-pèni rajapèni ||
10. guru bakal guru dadya | ingaturkên marang sang rajaputri | dèn angsua kaya banyu | rajabrana rong praja | dèn angsua sajong miwah saparau | lamun kurang amundhuta | sasrahan pitung nagari ||
11. sayêkti lamun tinêkan |
--- 37 ---
dene lamun panglamare tinampik | ratu kêkalih tan wurung | nêkani saha bala | nagri Dwarawati dinadèkkên awu | sipat lanang tinumpêsan | èstrine dipun boyongi ||
12. kadya wus karsaning dewa | langkung têbih prênahe nagri kalih | Garbaruci prênahipun | kidul wetan Ngamarta | Ngambarmuka lèr Ngamarta prênahipun | sanès jinis ratunira | manungsa lawan rasêksi ||
13. sajêg datan sarawungan | nagrinira samya êlêt jaladri | wus karsaning jawata gung | kinarya lêlampahan | dene dènnya supêna sarêng sadalu | lawan supênane samya | krama putri Dwarawati ||
14. wungune sarêng kewala | antuk warta prasamya antuk warti | sarêng sadina dènnyantuk | miwah dènnya utusan | apan sami pêpatihe kang dèn utus | angkate sarêng kewala | sangking prajanira sami ||
15. apan kadi sasêmayan | sarêng praptanira ing tanah Jawi | mangkana ingkang winuwus | Ki Patih Amonggarba | kang kaparêng nèng marga apan kapêthuk | lawan dêdamêl Ngastina | wadyabala Garbaruci ||
16. ambênêr nunjang kewala | kagyat bala Ngastina aningali | tinunjang ditya balêdug | pangarsane sar-saran | ngungsi wukir Arya Dursasana dulu | lan para ari sadaya | krădha katgadèng ajurit ||
17. angimpun laruting bala | maras mulat maring Patih Sangkuni | marang ngarsa gupuh-gupuh | ngambêngi para putra | mêngko-mêngko aja na rêbut dêlanggung | si buta agawe beka | panggahana tanpa kardi ||
18. ngrêregoni wong lumampah | lah ta payo nyimpang maring wanadri | wusnya ngling ki patih gupuh | dhihini saha bala | nyimpang wana kang kari mawur malêdug | nututi rêkyana patya | sami nyimpang ing wanadri ||
19. ditya wus lajêng lampahnya | ambênêr tan ana ingkang ngungsir[2] | Kurawa Ngastina dulu | ditya lajêng kewala | kang apisah Kurawa prasamya ngumpul | wangsul malih ngambah marga | ginêlak lampahing baris ||
20. ing marga datan winarna | pan cinêndhak lampahira wus prapti | jro kitha Madukara tur | mring Prabu Baladewa | lamun wontên dêdamêl Ngastina rawuh | pangiridipun ing lampah | Rêkyana Patih Sangkuni ||
21. sarwi amundhi nawala | kathah para santana kang umiring | sakapraboning prang pupuh | lan bêkta rajaputra | ing Mandraka jêmpana titihanipun | Radyan Arya Burisrawa | sawêg dènnya nandhang sakit ||
22. sri bupati ing Mandura | langkung kagya[3] sigra dènnya nimbali | Patih Pragota prapta wus | kinèn lajêng mêthuka | maring duta Patih Ngastina kang rawuh | Rêkyana Patih Pragota | budhal sawadyanira glis ||
23. ing wuri Sri Baladewa | wus busana mijil ing păncaniti | putra kêkalih nèng ngayun | Wilmuka lan Wisatha | pra dipati Mandura jêjêl supênuh | wau lampahe Pragota | wus panggih Arya Sêngkuni ||
24. dhinawuhan lajêng bidhal | manjing kitha ing alun-alun prapti | swaraning wadya gumuruh | sagunging pra santana | lan ki patih mudhun sangking kudanipun | Radèn Arya Burisrawa | dèn jagani [ja...]
--- 38 ---
[...gani] kanan kering ||
25. sangking risaking sarira | sêmpoyongan kadya rubuh nèng margi | Arya Sangkuni tumundhuk | ing ngarsa sri narendra | ngaturakên surat tinampanan sampun | sri bupati ing Mandura | sakala ngadêg ngurmati ||
26. dènira nampèni surat | sawusira lênggah nèng dhampar malih | Sangkuni wus kinèn lungguh | mèh jajar lan sang nata | pra santana ngabêkti samya kumrubut | maring Prabu Baladewa | sawusira kinèn linggih ||
27. tata munggèng ngarsa aglar | namung Arya Burisrawa kang magsih | nangis anungkêmi suku | kinèn lênggah tan arsa | Prabu Baladewa anggarjitèng kalbu | sigra dènnya buka surat | sinuksmèng tyas nawung brangti ||
18. Asmaradana
1. wus putus pamaosnèki | sri bupati ing Mandura | kadya jinait ciptane | miyarsa suraosing srat | sangking pangrêpanira | jroning nuwala saklangkung | Sang Aprabu Duryudana ||
2. lawan Rêtna Banowati | miwah kang ibu Mandraka | pramèswari panangise | bakite rêkyana patya | Sêngkuni lawan Durna | mêmangun langêning têmbung | pangrapu tambanging driya ||
3. pamlingpinge langkung ramping | panglarasirèng ukara | pangêsah asih-asihe | mamêla amêlasarsa | pamulut pamiluta | pangêla-êla pangêlus | pangêrês-êrêsing driya ||
4. kadya rêntah tibèng siti | tyasira Sri Baladewa | mangu ing sakala supe | mring kang rayi Madukara | wus dadya kêkudangan | karsane wus pasthi dhaub | lawan kang rayi Sumbadra ||
5. lan wus kathah potangnèki | karyane mring kang sarira | tan kèmutan sadayane | kalingan pangrêpanira | kang mungêl jro nawala | kawratan sihirèng ibu | ipe miwah paripeyan ||
6. kênèng mêmanising tulis | gumujêng sarwi ngandika | Burisrawa kalingane | sira iki lara brăngta | marang ing kadangira | Si Sumbadra sira jaluk | dene ta nora koyoa ||
7. warnanira kongsi salin | wus sasat sawang kunarpa | lara sawarsa padhane | mung kari graga[4] kusika | rusaking badanira | lah lungguha ariningsun | sarèhna subrangtanira ||
8. ingsun pikire kang bêcik | luwih-luwih bêjanira | lamun wus pasthi jodhone | sira lawan Si Sumbadra | yêkti gampang kewala | yèn ana pakewuhipun | sira yayi narimaa ||
9. karana arinirèki | Si Sumbadra wus diwasa | nganggo tinari sarate | duk rare wus pinacang[5] | lawan Si Dananjaya | kongsi mêngko durung dhaub | iya sangking Si Sumbadra ||
10. kang nora gêlêm nglakoni | wus liwat sangking antara | kaliwat-liwat wangkote | ingsun lawan yayi Krêsna | wus nora bisa mêksa | dene lupute ringningsun[6] | aja sumêlang ing driya ||
11. ingsun saguh anglironi | yayi sira silihana | putri tanah Jawa kene | miwah ratu tanah Sabrang | iya măngsa kuranga | kang duwe putri pinunjul | yèn kurange beyanira ||
12. bakyumu Si
--- 39 ---
Erawati | karyanên tukon srah-srahan | ingsun kang dhodhog lawange | Burisrawa duk miyarsa | pangandika mangkana | saya sru panangisipun | dhuh kakang prabu kawula ||
13. lintunên para absari | isining Endrabawana | Ratih myang Rarasatine | yèn dede Wara Sumbadra | gêsang asil supana | dhuh pukulun kakang prabu | sêksènana tur kawula ||
14. yèn tuwan tan arsa galih | dhaub kawula kalawan | kang karya brăngta wirage | Kusuma Wara Sumbadra | wong wadat tanpa krama | kawula ge pamit lampus | kasêksèna ing paduka ||
15. suduk jiwa sapuniki | Sêngkuni alon turira | punika sampun adate | sabên tinari krama lyan | wontên nagri Ngastina | makatên sêsauripun | mila rayi padukendra ||
16. langkung pêgêle kang galih | Dursasana nambung sabda | sarwi anampèl wêntise | ana kana kene nora | wong iku nganggo beda | gone bêrung andalurung | yèn ingsun wêdia[7] ||
17. marang kangbok pramèswari | wong iku wus kalampahan | sun odhot-odhot ususe | Burisrawa sru karuna | dawêg kakang sumăngga | lêhêng patènana ingsun | sang prabu mênggah ngandika ||
18. dalanane awak mami | yèn nora kèdhêp kèrêma | mulat marang sira kiye | lan miyarsa sambatira | hèh paman putra dika | Kurawa aywa na kantun | sadaya manira bêkta ||
19. lajêng dhatêng Dwarawati | kula paman mangkat enjang | pun Burisrawa badhene | kula brukakên kewala | mring yayi Patmanaba | Kurawa sarêng umatur | inggih pukulun sandika ||
20. sang prabu ngandika malih | hèh Pragota wong Mandura | kang sun gawa mung saparo | prajurit lan pra dipatya | saparo tunggu praja | sira kang milu maringsun | Si Prabawa kang karia ||
21. lan gustinira kêkalih | Si Wilmuka lan Wisatha | atunggua mring ibune | kabèh padha dèn prayitna | kang kari anèng praja | padha asaosa tugur | karana ing lakuningwang ||
22. kaya wus nora kuwatir | kanthi lawan gustinira | ing Ngastina sadayane | wus padha samêktèng yuda | yèn nêmănana karya | kaya-kaya wus barukut | kang rumêksa raganingwang ||
23. hèh paman Arya Sangkuni | lamun krodhane Pandhawa | pan botên kawula raos | pan amung putra andika | ing Dwarawati paman | kula tatêdhèng Hyang Agung | lêgaa ing galihira ||
24. anuta ing pikir mami | myang putranta pun Sumbadra | kalamun wontên wangkote | kenging kawula kapêksa | Sêngkuni aris turnya | kang wêling arinta prabu | ing Ngastina mring kawula ||
25. miwah ing arine sami | yèn paduka manggih karya | sampun kinèn labuh kabèh | tumpêsa ngarsa paduka | Dursasana tur sêmbah | ajura dèn kumur-kumur | sarambut datan suminggah ||
26. Sri Baladewa lingnya ris | iya yayi sun tarima | kabèh-kabèh prasêtyane | lah paman dika ngasoa | saputranta sadaya | pasowan ing alun-alun | sadaya wus tinaruban ||
27. enjang [e...]
--- 40 ---
[...njang] samêktaa sami | putranta pun Burisrawa | dimèn panggih lan bakyune | manira bêkta mring pura | sadaya tur sandika | sang prabu jêngkar ngadhatun | wau pramèswari nata ||
28. Rêtna Dèwi Erawati | mêthuk nèng tundhaning pindha | sigra kinanthi astane | sarawuh ing dalêm pura | wus tata dènnya lênggah | Radyan Burisrawa gupuh | nungkêmi pada karuna ||
29. ing raka Dyan Erawati | rinangkul lungayanira | Burisrawa ariningong | rusak têmên angganira | apa ta sira lara | Sri Baladewa lingnya rum | yayi dèwi arinira ||
30. larane anandhang brangti | mring kadange Si Sumbadra | kongsi mangkono rusake | lah ta iki layangira | yayi Prabu Ngastina | wacanên dangiyahipun | manise ingkang ukara ||
19. Dhandhanggula
1. pramèswari sigra anampèni | ponang surat pan lajêng binuka | sinuksmèng driya raose | putus pamaosipun | mèsêm sarwi matur wotsari | ing mangke kadiparan | inggih lajêngipun | arinta pun Burisrawa | karsa tuwan sang prabu ngandika aris | ya ingsun benjang-enjang ||
2. budhal marang nagri Dwarawati | arinira Burisrawa lawan | Kurawa sun gawa kabèh | dene ta karsanipun | yayi prabu ing Dwarawati | tămpa nora tămpaa | mring arinirèku | ingsun brukake kewala | kaya-kaya yayi Prabu Dwarawati | kalamun ingsun pêksa ||
3. ngrasa nome sayêkti tan wani | nênggalangi ing pamêksaningwang | kang garwa aris ature | pun Janaka pukulun | paran dadosipun samangkin | kalawan pun Sumbadra | dene nguni sampun | paduka angarsa-arsa | ing panggihe wadana tuwan ing mangkin | anggalih Burisrawa ||
4. sri narendra angandika aris | baya yayi wus karsaning dewa | pinasthi dudu jodhone | pan nora kurang bagus | Si Janaka warnanirèki | ping pira gon sun mêksa | myang pamêksanipun | yayi Prabu Patmanaba | Si Sumbadra tyase nora kengguh magsih | durung karsa akrama ||
5. sabên-sabên arsa sun angkati | ing têmune têka nuli ana | ingkang dadi pangkalane | nora pindho ping têlu | sasi buri iki tyas mami | duwe kalêthêg arsa | mikir panggihipun | dene wus dadya ubaya | têka nuli arinira iki prapti | panangise maringwang ||
6. lamun nora kalakone panggih | lawan arinira Si Sumbadra | pratignya suka patine | nora kêna linipur | lah ta paran gon ingsun suthik | nyatane pan kawogan | katêmpuh ing sêpuh | sun timbang boting tyas ingwang | Si Janaka lan Si Burisrawa yayi | abot Si Burisrawa ||
7. lah wis aja akèh sira pikir | amung rowangana anênêdha | iya marang dewa bae | muga arinirèku | jinurungna tumuli panggih | kalawan Si Sumbadra | bisa nuli panggih | bisaa banjur kewala | ing dhaupe yayi Prabu Dwarawati | manuta sak rèh ingwang ||
8. ywana ewuh kang amakèwuhi | pramèmèswari [pramè...]
--- 41 ---
[...mèswari] iku ariningwang[8] | Si Burisrawa awake | kaliwat rusakipun | sangking sangêt anandhang brangti | blonyonên gănda wida | lawan jêbat arum | lan rambute kramasana | bangêt gimbal dimène rêsik sathithik | aja kaya drubiksa ||
9. pramèswari gumujêng wotsari | Burisrawa pan sampun binêkta | mring dalêm wuri kaputrèn | binlonyo jêbat arum | rigma gimbal dèn karamasi | ing dalu tan winarna | enjangira sampun | samêkta kang pra dipatya | ing Mandura sakapraboning ajurit | tuwin bala Kurawa ||
10. andhihini dènnya tata baris | èsmu suka sagung pra santana | dènnya anata barise | jêjêl nèng alun-alun | tan kêna wor sagunge baris | lubèr maring padesan | miwah lurung-lurung | sadaya jêjêl gêgaman | pra dipati sadaya nindhihi baris | tuwin kang pra santana ||
11. ya ta wau salêbêting puri | Prabu Baladewa wus busana | kapraboning aprang kabèh | makutha abra murub | Burisrawa sampun kinanthi | binêktèng pagêlaran | obah kang wadya gung | sang prabu lênggah dhêdhampar | pan anganti budhale sagung kang baris | Kyana Patih Pragota ||
12. dhinawuhan têngara nulya glis | budhal wadyabala ing Mandura | pra dipati sadayane | ingkang dadya panganjur | rikat sêsêg lampahing baris | têlas bala pangarsa | sri narendra gupuh | angawe titihanira | agêming prang dipăngga gêng ulês putih | anama puspadênta ||
13. sri narendra têdhak sigra nitih | Nênggala Lugora agêming nata[9] | kawot[10] ing dipăngga kabèh | sumrêg pangayabibun | mantri jro kang samya kinanthi | trahing andon sadaya | gumulung kadya lun | tumundhung matundha-tundha | sagung wadya Kurawa sumundhul wuri | kadya robing samodra ||
14. Radèn Burisrawa maksih nitih | anitihi ing jêmpananira | Arya Sêngkuni rêmbage | kinubêng ing wadya gung | para mantri kang magêrsari | prapta jawining kitha | swaranya gumuruh | cinêndhak lampahing marga | sampun prapta jajahan ing Dwarawati | gègèr paminggir desa ||
15. mantri ampingan wus nupiksani | têtela yèn prabu ing Mandura | sarta Kurawa rawuhe | mantri ampingan gupuh | nandêr samya nitih turanggi | tur pêksa mring Udawa | lajêng katuripun | maring Sri Narendra Krêsna | lamun badhe tamuan ingkang raka ji | Mandura saha bala ||
16. rawuhipun sakaprabon jurit | sarta bêkta Kurawa Ngastina | pra santana kathah dhèrèk | sakapraboning prang pupuh[11] | pangiride Arya Sangkuni | lan Arya Dursasana | Burisrawa tumut | rajaputra ing Mandraka | tinitihkên jêmpana anandhang sakit | sang prabu duk miyarsa ||
17. langkung sangking kumêpyuring galih | wus anduga wêwadining raka | Prabu Mandura rawuhe | kang dadya karsanipun | sri narendra sigra nimbali | mring putra Radèn Sămba | prapta ing ngarsa wus | lawan Arya Wrêsniwira | dhinawuhan amêthuk rawuhirèki | sang prabu ing Mandura ||
18. tur sandika satriya kêkalih | nêmbah mundur praptèng jawi sigra | budhal [budha...]
--- 42 ---
[...l] sawadyabalane | mangkana sang aprabu | sampun dhawuh ing garwa katri | sanengga kang sugata | badhe rawuhipun | ingkang raka ing Mandura | pramèswari katiga sandika sami | miwah Patih Udawa ||
19. lawan sagung ingkang pra dipati | nyamêktani pasanggrahanira | kunêng ing dalu enjinge | Sri Patmanaba sampun | miyos munggèng ing păncaniti | nganti rawuhing raka | wau kang winuwus | Radèn Arya Wrêsniwira | pamêthuke wus panggih lan sri bupati | samya angraub pada ||
20. sawusira matur yèn tinuding | angaturi lajêng manjing kitha | ari nata pangantine | nèng paglaran wus dangu | sri narendra sigra ngundhangi | ing wadya gya têngara | lajêng bidhalipun | umiring manjing jro kitha | tan adangu ing alun-alun wus prapti | gumuruh gunging bala ||
21. Prabu Patmanaba têdhak aglis | pan jumênêng têpining taratag | Sri Baladewa nulya ge | sangking èsthi tumurun | marêpêki marang kang rayi | sarêng paran-pinaran | tundhuk kalihipun | gapyuk samya rêrangkulan | sawusira kanthèn asta prabu kalih | aris sarêng lumampah ||
22. wangsul lênggah nèng bangsal pangrawit | ingkang raka sampun sinaosan | palênggahan dhampar dhewe | pra santana kumrubut | ing Ngastina sampun ngabêkti | mring Prabu Patmanaba | wusnya tata lungguh | munggèng ngarsa atab aglar | Dursasana kapara ngarsa pribadi | lan Arya Burisrawa ||
23. mung Rêkyana Apatih Sangkuni | nginggil batur dènira alênggah | Sang Sri Krêsna sasampune | nambramèng raka prabu | gantya marang Patih Sangkuni | myang sagung pra santana | ing Ngastina sampun | sadaya sinamudana | Sri Bupati Mandura ngandika aris | hèh ta yayi narendra ||
24. praptaningsun nagri Dwarawati | pan dinuta marang arinira | Ngastina tur prasêtyane | mring sira yayi prabu | myang arinta bok pramèswari | lan jêng rama Mandraka | miwah kangjêng ibu | apadene bakyunira | prasêtyane yayi Dèwi Erawati | marang ing jênêng para ||
25. kapindhone pan dinuta yayi | masrahake yayi Burisrawa | katura mring sarirane | myang pati uripipun | ingaturkên yayi mêkathik | marang ing jênêng para | yèn sami pinuju | arinira Si Sumbadra | kang dèn suwun mring Burisrawa ri mami | nora cipta akrama ||
26. mung anyipta among angêmbani | ngadhatona jro nagri Mandraka | kasraha lan saisine | dadya têtalinipun | ing Mandraka lan Dwarawati | Ngastina lan Mandura | saya bakuh kukuh | mêmajangêt kinatigan | nagri papat lair batin dadi siji | yêkti tan kêna bênggang ||
27. marma ingsun kaliwat jurungi | pan mangkono yayi pamrih ingwang | yèn sambada lan karsane | wau ta Sang Aprabu | Patmanaba duk amiyarsi | pangandikaning raka | sungkawa kalangkung | dangu nglênggêr tan ngandika | pan kasaru gumêrah gègèr ing jawi | prapta duta sri nata ||
20. Sinom
1. Kyana Patih Amonggarba | lan Kaladaru kang prapti | mulat alun-alun aglar [a...]
--- 43 ---
[...glar] | gêgaman kaprabon jurit | dadya kèndêl nèng jawi | dhêdhêg lan sawadyanipun | Udawa gupuh mêsat | sangking byantara narpati | praptèng jawi wus panggih duta kalihnya ||
2. wus têtela patakonnya | nama myang karyanirèki | ratu miwah prajanira | Udawa wangsul ngarsa ji | matur saha wotsari | dhuh pukulun sang aprabu | wontên caraka prapta | kêkalih samya duta ji | Garbaruci kalawan ing Ngambarmuka ||
3. pêpatihe kang dinuta | prasami amundhi tulis | ing Ngambarmuka manungsa | ing Garbaruci rasêgsi | sami kaprabon jurit | duta kalih praptanipun | mila abdi paduka | orêg prayitna ing jurit | Dwarawati Ngastina miwah Mandura ||
4. sang prabu mèsêm ngandika | Udawa iritên aglis | duta karo ngarsaningwang | balane kèria jawi | Udawa nêmbah mijil | praptèng jawi panggih sampun | lawan buta kalihnya | dhinawuhan lajêng kerit | tinêngahan marang Ki Patih Udawa ||
5. wus prapta ngarsa narendra | cingak kang samya ningali | warnane duta rasêksa | Amonggarba angajrihi | miwah dhapurirèki | Kyana Patih Kaladaru | wus tan kalih lan ditya | godhèg wok bris angajrihi | duta kalih wus samya kinèn alênggah ||
6. tinêngahan mring Udawa | kalih sarêng awotsari | umatur lamun dinuta | marang ing ratunirèki | angaturakên tulis | Narpaputra Sămba gupuh | anampèni nawala | lajêng katur ing sang aji | kalih pisan suratnya lajêng binuka ||
7. winaos sinuksmèng driya | têmbunge suratnya sami | anglamar Wara Sumbadra | sang prabu mèsêm ing galih | sêrat ngaturkên kalih | mring kang raka sang aprabu | lajêng samya binuka | winaos sinuksmèng galih | wus kadriya surasaning kang pustaka ||
8. gumujêng Sri Baladewa | sumuking gumujêng runtik | asru dènira ngandika | yayi Prabu Dwarawati | ingsun ingkang mangsuli | maring duta loro iku | hèh hèh duta matura | marang ing ratunirèki | lamun arsa mondhong ari ngong Sumbadra ||
9. pan wus sun karya ubaya | aja tinuku mas picis | sapa kang bisa anyêmpal | ing bauku kanan kering | sayêkti lamun dadi | jatukramane riningsun | yèn takon ratunira | kadange tuwa wak mami | iya Prabu Baladewa ing Mandura ||
10. duta kalih duk miyarsa | pangandikane sang aji | supe yèn lumaku duta | kalih katgodèng ajurit | sugal aturirèki | sarwi mandêng sang aprabu | hèh ratu ing Mandura | kula ingkang amakili | sayêmbara inggih ing ratu kawula ||
11. sami samangke kewala | sakarsanta angladosi | Sri Baladewa miyarsa | jumênêng krodha tan sipi | cinandhak mring kang rayi | sarwi ngrarêpa turipun | pukulun paran marma | dene krodha sanêgari | maring duta langkung sangking sèwu nistha ||
12. apan botên wontên adad | raja duta manggih pati | tuwin manggih siya-siya | kang mêsthi tampi pisalin | kang raka duk miyarsi |
--- 44 ---
lênggah aris krodhanipun | Sang Prabu Patmanaba | pangandikanira aris | maring duta nata patih kalihira ||
13. hèh duta pa gene sira | mangkono nèng ngarsa mami | padha ngrusak tatakrama | pan sira iku pêpatih | yêkti wruh sêsikuning | karaton tindak kang dudu | duta kalih miyarsa | ngraos kadudonirèki | nêmbah-nêmbah prasamya nuhun agsama ||
14. sang prabu aris ngandika | lah ta wis mundura sami | matura ing gustinira | pan ingsun nora mangsuli | layang dene sirèki | padha patih kang tinuduh | marang ing ratunira | sayêkti luwih utami | sira iku sangking pira-pira layang ||
15. wus prasasat ratunira | katêmu dhewe lan mami | dene karo ratunira | goning padha asung tulis | anglamar kadang mami | Si Sumbadra wus katrucut | apan mèh dhaupira | lawan pacangane lami | sasi ngarêp iki ing pangarakira ||
16. lamun adrêng ratunira | dènnya mrih ing kadang mami | dèn barêngana kewala | iya pangarakirèki | mring nagri Dwarawati | dèn rêbuta ing prang pupuh | lah wis padha muliha | mêngkono wangsulan mami | duta kalih sarêng nêmbah undurira ||
17. praptèng jawi lajêng bidhal | sawadyane patih kalih | ginêlak lampahing wadya | wau ta ing păncaniti | Sang Prabu Arimurti | mring raka aris umatur | pukulun sri narendra | paduka kawula turi | manjing pura angayêmna kang sarira ||
18. mangke wontên jroning pura | amba matur kang sayêkti | lan malih tuwan panggiha | lan ipe paduka katri | kang raka ngandika ris | tiyang bangêt onêng ingsun | lan bok ipe katiga | hèh paman Arya Sêngkuni | angasoa lan putra dika sadaya ||
19. sami amasanggrahana | sandika sadaya sami | sang prabu jêngkar ngadhatyan | kêkanthèn astanya kalih | kang wontên păncaniti | bubar sadaya dumunung | nèng pasowan sadaya | lun-alun kang dèn tarubi | wadyabala Mandura lawan Ngastina ||
20. namung Arya Burisrawa | lan Arya Patih Sangkuni | binêktèng Patih Udawa | wau kang kondur mring puri | Sri Krêsna lan raka ji | pramèswari tiga mêthuk | munggèng tundhaning pindha | katiga pisan ngabêkti | maring raka sri bupati ing Mandura ||
21. wus samya satata lênggah | aglar parêkan lan cèthi | Sang Aprabu Patmanaba | mring raka umatur aris | duk wau wontên jawi | kawula tan sagêd matur | mangsuli pangandika | wontên ing kathah lan malih | pan kasaru praptane duta kalihnya ||
22. ari tuwan pun Sumbadra | samangke sampun nglampahi | pukulun sak rèh kawula | dhaupe lan pun Prêmadi | amba sampun ubanggi | lan ari Ngamarta Prabu | wulan ngajêng punika | pangarakipun mariki | pun Janaka panggihe lan pun Sumbadra ||
23. kawula sampun dhêdhawah | mring pun Udawa ngaturi | pukulun ing padukendra | badhe pangkat benjing-enjing | lan pun Arya Sêtyaki |
--- 45 ---
anuntên paduka rawuh | Sri Bupati Mandura | miyarsa nglênggêr tan sipi | dangu jêtung sidhakêp asta kalihnya ||
24. wasana aris ngandika | paranta rèhira yayi | iya mring sariraningwang | kaya pa gone balèni | dene ta wus nyaguhi | ingsun maring yayi prabu | Ngastina lan jêng rama | Mandraka sun gawe pasthi | ing dhaupe arinira Si Sumbadra ||
25. iya lan Si Burisrawa | ing pangrasaningsun yayi | wus nora nana kuciwa | putra jodho lawan putri | binobot kang sayêkti | wus timbang tarajunipun | iya Si Burisrawa | mêngku Si Sumbadra yayi | nora nistha lair batin wus utama ||
26. Sang Aprabu Patmanaba | gumujêng turira aris | lêrês pangandika tuwan | punapa kang dèn ulati | ananging kadospundi | wus dadya kudanganipun | swargi jêng rama nata | praptèng sedane mêmêling | pun Sumbadra sampun liya jodhonira ||
27. angamungna pun Janaka | paduka sami winêling | kang raka aris ngandika | iya wus pinacang yayi | marang jêng rama swargi | nanging ta pangrasaningsun | wus pasthi arinira | karsaning dewa linuwih | iya nora jinodho lan Si Janaka ||
28. pira ta antaranira | lawase kongsi samangkin | samangsane pinikira | dhaupe lan Si Prêmadi | nuli kèh angalangi | pakewuhe wuwuh-wuwuh | iku sira pikira | sayêkti yèn durung pêsthi | Si Janaka jinodho lan Si Sumbadra ||
29. yayi prabu yèn sumêlang | yèn ana kurdhanirèki | arinta Nata Pandhawa | ingsun dhewe kang nyaguhi | dadya lampahing jurit | aja sira milu-milu | Sang Prabu Patmanaba | sêndhu aturira ririh | pan kawula botên brăngta mring Pandhawa ||
21. Asmaradana
1. kawula botên andugi | pukulun karsa paduka | dene ta kapati supe | mring arinta pun Janaka | punapa tan kèngêtan | de wus kathah pênêtipun | inggih dhumatêng paduka ||
2. kala maksih papa sami | tuwan tapa milu tapa | agung rêruntung rêrèntèng | lêlana tumut lêlana | luhung dhatêng kawula | kêdhik kapênêtanipun | kathah dhumatêng paduka ||
3. kala kangbok Erawati | dhinustha rasêksa raja | sintên paduka kanthine | lumêbèng dhasar samodra | mangrurah ripu ditya | pamirêng kawula namung | rayi tuwan pun Janaka ||
4. lan malihe kang nglampahi | rayi tuwan pun Sumbadra | lagi ana piturute | panêdhane wus tinêkan | patiba sampirira | pun Janaka dhuwungipun | sampun wontên pun Sumbadra ||
5. mung arsa tuwan lintoni | jodho lan pun Burisrawa | yêkti yèn pilaur layon | măngsa paduka kilapa | watakipun Sumbadra | lamun dene manahipun | pinêksa suka matia ||
6. Sri Baladewa miyarsi | anglês ing wardaya lupa | rumăngsa salah karsane | alon dènira ngandika | ya yayi bênêr sira | ingsun ingkang bangêt luput | ananging sira kapakna ||
7. sira kang sun tutuh yayi | bok iya nganggo rêmbugan | apa sira jabakake | sun iki kadange tuwa |
--- 46 ---
ing mêngko kayaparan | saguh ingsun wus katrucut | kang yayi Prabu Ngastina ||
8. sang rayi umatur aris | marmamba tan mawi rêmbag | pan amung nglêstarèkake | ing kudangane jêng rama | kang wau gih paduka | kang sangêt dènnya jumurung || | ing karsanipun jêng rama
9. lair batine kapati | sihe mring Si Dananjaya | sok mèh sêsoroh kadange | durung măngsa gung pinêksa | samêngko wus diwasa | bocahe lagi piturut | têka mring Si Burisrawa ||
10. kang sêndhu raka nauri | ya wis bênêr saurira | nanging kaya priye bae | pangrèhira mring ragèngwang | pan ingsun nora bisa | balèni wuwus katrucut | angur ingsun patènana ||
11. Sang Aprabu Arimurti | mangu kèndêl tan ngandika | dene kang raka adrênge | dènnya galih Burisrawa | kapati nrus ing driya | kadya wus tan kêna mundur | nglabuhi kalajêngira ||
12. dangu-dangu sri bupati | èngêt kêkudanganira | ingkang rayi duk timure | dadya lon matur ing raka | pukulun yèn sêmbada | ing nguni kawula emut | inggih gadhah kêkudangan ||
13. pun Sumbadra lamun krami | mugi angsala satriya | kalangkung pêkik warnane | kang prawira măndraguna | ingkang trahing kusuma | kang alus bêbudènipun | sabar ing samonging garwa ||
14. lan pasrahane ri mami | kêbo danu satus ingkang | suku pancal panggung kabèh | lan pangantèn lamun ngarak | kang lanang anitiha | ing rata kancana murup | pangirit turăngga yaksa ||
15. patah dewa kang apêkik | sêrati kusire dewa | lawan pangasihe wadon | widadari ingkang endah | punika yèn sêmbada | dadosa pêpanggilipun | yèn kramane pun Sumbadra ||
16. sintên kang sagêd dhatêngi | inggih kudangan punika | pinêsthi dados jodhone | lan arinta pun Sumbadra | kang raka duk miyarsa | èngêt ing tyas sigra jumbul | gumujêng sarwi ngandika ||
17. ingsun yayi iya eling | lamun duwe kêkudangan | duk ingsun dadi pangantèn | kinarinêngga ing dewa | Suralaya sadaya | kêmbar mayang dewadaru | gamêlan muni ing tawang ||
18. dadya calathu wak mami | lamun laki Si Sumbadra | bisaa kaya wak ingong | wis yayi iku prayoga | kinarya sayêmbara | ingsun kang duwe panjaluk | mring yayi Prabu Ngamarta ||
19. sira ingkang anduwèni | panjaluk marang Ngastina | lah wis yayi pamit ingong | padha kèria raharja | ingsun mêtu ing jaba | banjur budhal lan wak ingsun | kang rayi aris turira ||
20. miwah pramèswari katri | bok inggih ing benjang-enjang | pan dere[12] asat riwene | sadalu sarea pura | kang raka angandika | wus bangêt tarimaningsun | bok ipe sih marmanira ||
21. Sri Baladewa wus mijil | sapraptanira ing jaba | Sangkuni ngandikan age | lawan Radèn Dursasana | myang Arya Burisrawa | Kurawa sadaya sampun | prapta glaring ngarsanira ||
22. ngandika sri narapati | hèh paman lampah kawula | wangsul sangêt pakèwuhe | putra dika
--- 47 ---
pun Sumbadra | katrucut mèh karyanya | wulan ngarsa badhenipun | panggihe lan pun Arjuna ||
23. dene dadose samangkin | pun Sumbadra pan kinarya | sayêmbara kudangane | swargi jêng rama Mandura | sintên-sintên kang bisa | nêkani sadayanipun | kudanganira jêng rama ||
24. sayêkti yèn jatukrami | lan putranta pun Sumbadra | benjang dika aturake | mring yayi Prabu Ngastina | Sangkuni wus jinarwan | sadaya kudanganipun | langkung ngungun ing wardaya ||
25. wus têlas pangandika ji | sasmitèng Patih Pragota | têngara lajêng bidhale | Sang Aprabu Patmanaba | sampun nimbali putra | Radèn Sămba kang ingutus | maring nagari Ngamarta ||
26. wus têlas wêlingira ji | ing putra Rahadèn Sămba | sigra budhal sadayane | rêrakitan lampahira | wau ta kang winarna | nagri Ngamarta winuwus | Sang Aprabu Yudhisthira ||
27. samana lagya nimbali | mring rayi Sang Aryasena | myang Nangkula Sadewane | wus munggèng ngarsaning raka | Sang Prabu Yudhisthira | pangadikanira arum | hèh Wêrkudara kaya pa ||
28. sadhiyanira ing kardi | apa wus padha samêkta | Wêrkudara lon ature | iya kabèh wus samêkta | tan ana kêkurangan | yèn mêngkono sêdhêngipun | sira ngatur-aturana ||
29. mring jêng rama Cêmpala ji | miwah jêng eyang Wiratha | sagarwa putrane kabèh | kapindhone arinira | iya Si Dananjaya | bêcik timbalana iku | rêksanên anèng Ngamarta ||
30. iya kurang pira yayi | karyane ing sasi ngarsa | bêcik rêksanên nèng kene | Wêrkudara lon turira | ya wis sêdhêng rinêksa | pangantèn wus adatipun | dèrèng dugi angandika ||
31. kasaru praptanirèki | satriya Paranggarudha | katur tinimbalan age | kerit mring Radèn Nangkula | sapraptanirèng ngarsa | Radèn Sămba nêmbah matur | sarwi nolih wurinira ||
22. Pangkur
1. pukulun amba dinuta | dening raka paduka jêng rama ji | ngaturkên pangèstunipun | kaping kalih dinuta | angundurkên jêng paman ing karyanipun | udaya ing wulan ngarsa | wontên dhadhakan nusuli ||
2. jêng uwa Prabu Mandura | saha bala rawuh ing Dwarawati | sakapraboning prang pupuh | bêkta pun Burisrawa | pra santana Ngastina sadaya tumut | praptanipun wa Mandura | amundhut marang jêng bibi ||
3. pan arsa dhaupkên lawan | lan pun Burisrawa rêmbug wus dadi | lan raka paduka prabu | paman aji Ngastina | marma kadya angarak ing praptanipun | jêng uwa Prabu Mandura | supe kêlamun jêng bibi ||
4. wus pinacang lan jêng paman | Madukara lawan dèrèng miyarsi | kalamun mèh panggihipun | jêng bibi lan jêng paman | Madukara wulan ngarsa badhenipun | marma rakanta jêng rama | langkung tikbranirèng galih ||
5. dene jêng Uwa Mandura | wus katrucut dènira anyagahi | nistha panjênêngan ratu | kalamun mangsulana | pangandika sagah ingkang wus katrucut | maring sasamining raja | siniku ing jawata di ||
6. kinêbat darajatira | jêng rama ji sangking kewraning galih |
--- 48 ---
kangjêng bibi dadosipun | kinarya sayêmbara | kêkudanganipun jêng eyang winangun | jêng bibi duk timurira | kinudang lamun akrami ||
7. tampia tukon sasrahan | kêbo danu satus kang pancal putih | lan malih pangarakipun | pangantèn anitiha | rata rugmi pangiriding kuda diyu | kusir lan sarati dewa | lan patah dewata pêkik ||
8. lan gamêlan munyèng tawang | pangarihe absari kang lunulih[13] | sêkar mayang dewadaru | sintên kang dhatêngêna | ing kudangan sadaya punika wau | sayêkti yèn jatukrama | inggih kalawan jêng bibi ||
9. pukulun kang pangandika | kangjêng rama sangêt gyanira mêling | paduka sampun pakewuh | dumèh lăngka sadaya | kêkudanganipun jêng bibi pukulun | yèn sampun pêsthi jêng paman | jinodho lawan jêng bibi ||
10. sayêkti gampil sadaya | singa-singa ingkang paduka tuding | ngupaya pasthi yèn antuk | Sang Prabu Yudhisthira | duk miyarsa mangunêng ing tyas mangun kung | dangu kèndêl tan ngandika | ing galih dèrèng kapanggih ||
11. dènirarsa mangsulana | Wêrkudara kurdha sru anauri | hèh pambarêp kadang ingsun | aja mangsuli sira | ingsun ingkang mangsuli prakara iku | durung tutug wong Ngastina | gone ngajak nora bêcik ||
12. têka si bule Mandura | wiwit mèlu milu atining bêlis | Jalithêng têka ya katut | yèn parêng karsanira | Si Janaka ingsun arak besuk-esuk | sarta sun payungi gada | sun iring kaprabon jurit ||
13. pangantène wong Ngastina | si bule kang mayungana ing bindi | kurang Kurawa kon wuwuh | kang jajari gêgaman | mring pangantèn sun tunjange ganjuripun | singa tiwasing ngayuda | kang raka datan aturi ||
14. ngandika mring Radèn Sămba | iya kulub aturna sêmbah mami | mring ramanira sang prabu | ingsun darma kewala | anglakoni iya satimbalanipun | muga ta ingsun antuka | pangèstune sri bupati ||
15. nêmbah matur Radèn Sămba | ing timbalan pukulun jêng rama ji | pan kawula kinèn tumut | mring utusan paduka | ingkang badhe paring uninga pukulun | mring jêng paman Madukara | undure karyanirèki ||
16. sang prabu alon ngandika | yèn mangkono kulup ya luwih bêcik | Wêrkudara sakalangkung | èbêg wardayanira | bêkuh lajêng mêdal morot unduripun | marang pasanggrahanira | wau Sri Yudhisthira ji ||
17. ngawe Radèn Gathutkaca | praptèng ngarsa kang uwa ngandika ris | dandana kulub sun tuduh | angupaya sasrahan | kêbo danu satus ingkang pancal panggung | lan mampira pasanggrahan | bapakmu ingsun bubuhi ||
18. ngupaya rata kancana | kang pangirit kuda yaksa linuwih | lamun takon bapakamu | gone rata kancana | kang pangirit ywa kuda yaksa puniku | tuturên kêncênging cipta | ywa mopo datan lumaris ||
19. ywa iku rata kancana | sun ulati jro têlênging jaladri | yèn nora ing gêni murup | wusnya ngandikèng putra | mring Nangkula hèh
--- 49 ---
yayi sira sun utus | kakangira dhawuhana | Madukara sun bubuhi ||
20. ngupaya sêrati dewa | lawan patah dewa kang luwih bêcik | lawan kayu dewadaru | gamêlan muni tawang | lan pangarih widadari ingkang ayu | sadina iki mangkata | yèn ngono sun upatani ||
21. Nangkula lan Radèn Sămba | Gathutkaca sarêng tur sêmbah mijil | wau ta ingkang winuwus | Rahadyan Wêrkudara | sapraptaning pasanggrahan lagya lungguh | lan garwa lan putra prapta | ingawe maring ngarsa glis ||
22. sira nusul ana apa | ing paseban kang putra awotsari | ingutus mring uwa prabu | dhawuhe kang timbalan | mring paduka kinèn angupaya gupuh | nênggih kang rata kancana | pangirit kuda rasêksi ||
23. prênahe rata kancana | manggèn wontên kêncênganing panggalih | kawula inggih kautus | angupaya sasrahan | mesa danu satus ingkang pancal panggung | jêng paman ing Madukara | wau inggih dèn bubuhi ||
24. ngupaya sarati dewa | lawan patah jawata kang pinêkik | lawan kajêng dewadaru | gamêlan munyèng tawang | dupi myarsa Wêrkudara asru bêkuh | balia sira matura | marang wakamu dèn aglis ||
25. ingsun tan bisa ngupaya | ingkang rata kancana dhasar suthik | mulane morot wak ingsun | iya măngsa wurunga | yèn dinuta atur dèn kona angamuk | marang Kurawa Ngastina | samăngsa ingsun saguhi ||
26. kang putra umatur nêmbah | yèn paduka mopo datan lumaris | sayêktine uwa prabu | nyalirani ngupaya | kang rata mas salêbêting gêni murub | yèn tan wontên jro dahana | ngupaya jroning jaladri ||
27. jêng paman ing Madukara | lamun mopo wau dèn upatani | Wrêkudara sru gumuyu | jêlèh bosên wak ingwang | adatimên yèn pinopo karêpipun | nuli mring pati kewala | lamun nora ngupatani ||
28. sirèku kinèn ngupaya | kêbo danu kang pancal gone ngêndi | takona mring uwakamu | iya kadang ngong tuwa | kêthèk putih amarga pakaryanipun | nèng wukir Kêndhalisada | Anoman namanirèki ||
29. satuduhe lakonana | ingsun iya ngupaya guru mami | manawa bisa katêmu | gone têlêng samodra | payo mangkat aku ngisor kowe dhuwur | Radèn Arya Gathutkaca | lagya gêrgêt kang lumaris ||
30. bayuning angga wus mêdal | sindhung riwut adrês kang angin-angin | sumêngkut mangkat sumêbut | malumpat kadya kilat | salumpatan saonjotan tibanipun | lampahe Sang Aryasena | lir naga krura ngajrihi ||
31. ambênêr murang ing marga | bayuning kang angga saya mawêrdi | prahara gora gumuntur | wrêksa sol kaparapal | sêmpal punggêl drêsing lesus lir pinusus | prahara gora ruhara | sindhung riwut rèh gumêrit ||
32. wuri Radyan Gathutkaca | gya umangkat dêdêl gayuh wiyadi | gêtêr patêr rèh gumuruh | pracala sru magora | lir kruraning Narendra Krêsna umabur | wuwusên Arya Nangkula | ing Madukara wus prapti ||
33. lan kang putra Radèn Sămba | tinimbalan laju mring tamansari | praptèng ngarsa kalihipun | samya angraup pada | Radèn Sămba rinangkul lungayanipun | wus samya kinèn alênggah | anèng ngarsanira kalih ||
34. Radèn Nangkula tur sêmbah | dhuh kakangmas lampah [la...]
--- 50 ---
[...mpah] amba tinuding | ing rakanta kakang prabu | kinèn paring uninga | damêl tuwan ing mangke kinarya mundur | lampahe putra paduka | dinuta andhandhang gêndhis ||
23. Dhandhanggula
1. mangkya wontên pakèwêd nusuli | raka tuwan Sinuhun Mandura | rawuh sawadyabalane | sakaprabon prang pupuh | rawuhipun nèng Dwarawati | bêkta pun Burisrawa | wadya Kurawa gung | karsane raka paduka | ing Mandura kakangbok Banoncinawi | nêdya pinanggihêna ||
2. lan Burisrawa karyanira ji | tan miyarsa lamun mèh karyanya | lawan paduka dhaupe | wulan ngarsa pukulun | raka tuwan ing Dwarawati | kêkah Madura kêkah | dènnya wus katrucut | sagahe ing wulan ngarsa | têmahipun kakang Prabu Dwarawati | akarya sayêmbara ||
3. kakang êmbok ing Banoncinawi | duk timure apan ta kinudang | mring swargi yang Madurane | yèn krama panujwantuk | satriya nom ingkang apêkik | atampia sasrahan | kêbo danu satus | kang pancal panggung sukunya | lan pangantèn lanang pangarakirèki | sampun anitih kuda ||
4. anitiha rata kancana di | kang pangirit ing turăngga yaksa | kusir dewa myang patahe | jawata ingkang bagus | lan gamêlan munyèng wiyati | lan mawi sêkar mayang | kajêng dewadaru | puniku tan milih jalma | sintên-sintên ingkang sagêd andhatêngi | sayêkti jatukrama ||
5. lan kusuma ing Banoncinawi | kakang prabu apan sampun sagah | andhatêngi sadayane | kudanganipun wau | kakang êmas dipun bêbahi | ngupaya sêkar mayang | kajêng dewadaru | lan gamêlan munyèng tawang | kusir dewa patah dewa kang pinêkik | dene raka paduka ||
6. ing Mamênang pan dipun bêbahi | angupaya kang rata kancana | turăngga wil pangirite | putra tuwan pukulun | Pringgodani dipun bêbahi | maesa danu ingkang | pancal panggung satus | satriya ing Madukara | duk miyarsa saputing tyasira kadi | pinêtik karnanira ||
7. laraping tingal ringas gumilir | sirat abang sêmutên kang jaja | kadya murub pêrnajane | mukanya sumung-sumung | gung kumêjot padoning lathi | bau kêdut cancala | gung rênggang maregung | rungèh palênggahanira | garês sangking wardaya panduking runtik | mring kang raka Mandura ||
8. nging sinamun pan datan katawis | sinawung gujêng dènnya ngandika | yayi mas matura age | sadukane ngong suwun | aywa dadi galihirèki | ingsun nora kaduga | ngupaya riningsun | pamundhute Sri Narendra | Dwarawati patah dewa myang sêrati | gamêlan munyèng tawang ||
9. kêmbang dewadaru kayu swargi | sapa wonge kang bisa ngudhuna | lagia kusire bae | dewa kinèn amêcut | iya yayi apa kinardi | samudana kewala | pan ing batinipun | sri bupati ing Mandura | miwah ingkang sinuhun ing Dwarawati | kaduwung galihira ||
10. gone arsa ngabdèkkên ing mami | yèn linimbang lan putra Mandraka | sayêkti dudu timbange | dadya tyas ingsun mupus | wus angrasa lamun wong cilik | nêdya rabi bêndara | dudu bobotipun | namung abdine kewala | Si Sulastri ingkang ingsun suwun mulih | kakalawan [ka...]
--- 51 ---
[...kalawan] kêris ingwang[14] ||
11. Radyan Sămba wau duk miyarsi | pangandikanira ingkang paman | sigra nungkêmi padane | ngrarêpa aturipun | adhuh paman wong tuwa mami | sampun paduka narka | ing galih pukulun | mring rakanta kangjêng rama | yèn gadhaha inggih kang panggalih malih | liyan sangking paduka ||
12. pan kawula purun ananggêmi | ing cor miwah ing upatanira | mring kawula bêbisike | rakanta rama prabu | sangêt-sangêt dènira mêling | kulup yèn pamanira | dadi ing tyasipun | tan arsa anêkanana | mutung dening sayêmbara anusuli | warahên wus tan kêna ||
13. yèn lumuha kudu anêkani | kabèh ingkang kocap kêkudangan | mring bibèkamu dhaupe | kalawan pamanamu | pan wus tiba mangsane mangkin | norangèl pamanira | ing kudangan iku | nêkani sayêkti bisa | yèn suthika dadi maido kang uwis | pinêsthi dening dewa ||
14. darma bae nglairkên wak mami | ing kudangan dhasar wus cinadhang | ing dewa kang kocap kabèh | iya kudangan wau | sadurunge pan wus pinêsthi | dhaupe pamanira | lawan bibèkamu | pangrêngganira ing dewa | linuwihkên lan panganggananirèki | wakamu ing Mandura ||
15. Dananjaya gumujêng sarywa ngling | iya kulup wus ingsun tarima | sih parimarmanta anggèr | bangêt-bangêt maringsun | ngrasa nora bisa mangsuli | nanging sun lakonana | karsanira iku | kang pêsthi măngsa antuka | mundhak dadi gêguyoning wong sabumi | ingaran tanpangrasa ||
16. dene cebol pêksa gayuh langit | kêrangsangan măngsa ta kukuta | gayuh dudu sapadhane | tan wruh kanisthanipun | sudra papa anyipta putri | amung sira kewala | tulusna nak ingsun | dènira angaku bala | mring wong nistha Radèn Sămba duk miyarsi | ngrungkêpi sru karuna ||
17. Nangkula gya nêmbah matur aris | dhuh kakangmas sampun tan lumampah | kakang prabu ing dhawuhe | sangêt pêpacuhipun | lamun mopo dèn upatani | miwah raka paduka | ing Mamênang wau | lamun mopo tan lumampah | kakang prabu pamit arsa lêbu gêni | marma sangêt tur kula ||
18. sampun tuwan tan botên nglampahi | botên wande yèn lêbu dahana | kakang prabu ing samangke | punapa tuwan kantun | myang kawula alêbu gêni | satriya Dananjaya | tyasira kumêpyur | myarsa ature Nangkula | pan kadaut angrêsing tyas dènira jrih | mring raka sih bêktinya ||
19. lir sinapon runtiking panggalih | marang Prabu Baladewanira | wong Ngastina sadayane | miwah ing runtikipun | marang raka ing Dwarawati | anggalih kang timbalan | kang raka sang prabu | alon dènira ngandika | iya yayi matura ing sri bupati | atur ingsun sandika ||
20. darma bae wak ingsun nglakoni | ing timbalan jêng sri naradipa | mugyantuka pangèstune | miwah sira nak ingsun | umatura ramanirèki | yèn ingsun wus sandika | ing timbalanipun | ingkang rayi ing Ngamarta | pan wus pasthi lakuningsun nora olih | sangking wêdi kewala ||
21. yèn mopoa ing karsa narpati | Radèn Sămba lan Radèn Nangkula | miyarsa langkung sukane | wus pamit kalihipun | mundur sangking ngarsa wotsari | satriya Dananjaya | ing saunduripun | Radèn [Radè...]
--- 52 ---
[...n] Nangkula lan Sămba | animbali Sêmar Bagong kinèn sami | angobar dupanira ||
22. Sêmar Bagong sukane tan sipi | dènnya arsa minggah suralaya | sigra angobar dupane | Sang Parta nurut kukus | Sêmar Bagong kalih tan kèri | saparane gustinya | wau lampahipun | Radèn Nangkula wus prapta | ngarsa nata sadaya wus katur sami | sasolahe dinuta ||
23. yèn kang raka sampun nyandikani | satimbalan lajêng lumaksana | mring suralaya lampahe | langkung suka sang prabu | amiyarsa aturing rayi | wau ta kang winarna | nênggih lampahipun | satriya Paranggarudha | sampun prapta nagari ing Dwarawati | ngarsane ingkang rama ||
24. matur solah-tingkahe tinuding | mring Ngamarta miwah Madukara | ingkang paman wangsulane | sadaya sampun katur | ingkang rama suka miyarsi | kunêng gantya winarna | nênggih lampahipun | sri bupati ing Mandura | saundure sangking nagri Dwarawati | lan Kurawa Ngastina ||
25. praptèng marga sêsimpangan nuli | Prabu Baladewa sawadyanira[15] | lajêng kondur mring prajane | Kurawa lajêng mantuk | sapraptane Ngastina nagri | sadaya tinimbalan | manjing jro kadhatun | Durna sampun munggèng ngarsa | Arya Burisrawa nangis anungkêmi | ing pada sri narendra ||
26. Arya Sêngkuni matur miwiti | duk prapta ing nagri Mandura[16] | sêrat tuwan ing kature | lajêng ing budhalipun | maring nagri ing Dwarawati | purwa madya wasana | sadaya wus katur | solah-tingkahe dinuta | myang dadosing sayêmbara katur sami | gumuyu Rêksi Durna ||
27. yèn mêngkono hèh adhi apatih | atur ingsun ing nguni lan sira | paekan kalakon kabèh | nora nana kang luput | wangsulira iki pan sangking | Sumbadra lan Arjuna | mêngko wus katrucut | mèh dhaupe sasi ngarsa | yèn ajaa mangkono yayi wus pasthi | lakunirantuk karya ||
28. sri narendra angandika aris | hèh ta paman paran dayanira | amrih olèhe banjure | nora bisa wak ingsun | tinangisan sutanirèki | Rêksi Durna turira | pukulun sang prabu | kang kocap ing sayêmbara | pan sadaya saklangkung eloke sami | ananging padukendra ||
29. sapikantuk kêdah anganani | sawontêne nagari Ngastina | anggèr rata kêncanane | inggih rata sang prabu | linimputa parada kuning | turangganipun yaksa | dipăngga kang tutut | patah dewa kusir dewa | amundhuta wiku kalih kang satunggil | kang pêkik warnanira ||
30. kajêngipun dewadaru kardi | sêsotya di-adi ingkang kathah | kinarya woh lan kêmbange | kêncana godhongipun | winarnaa ing rajawêrdi | banthèng maesanira | găngsa munyèng luhur | inggahêna ing jêmpana | lan kang nabuh yèn sampun samêkta sami | aturna mring Mandura ||
31. sri narendra angandika aris | iya paman nuli samêktaa | kang kadya turira kabèh | Burisrawa riningsun | sarèhêna brangtanirèki | antinên sasi ngarsa | anèng tamansantun |
--- 53 ---
poma kabèh dèn samêkta | kudangane putri ing Batacinawi | kang kocap sayêmbara ||
32. tur sandika rêkyana apatih | lawan Dhahyang Durna nulya mêdal | sangking jro pura kalihe | sang prabu angêdhatun | Burisrawa pinarsah malih | wontên ing pataman[17] | sangsaya akuru | ing siyang dalu karuna | sambat-sambat Kusuma Banoncinawi | katon nèng wurinira ||
24. Pangkur
1. kunêng nagari Ngastina | gantya ingkang winursita ing kawi | Arya Sena lampahipun | prapta pinggir samodra | kèndêl mangu ngadêg jêjêr tanpa muwus | sidhakêp asta kalihnya | datan obah datan mosik ||
2. sêmadi jroning wardaya | kang pininta nênggih jroning sêmèdi | ing praptaning gurunipun | tan adangu katingal | Dewaruci lênggah ngudayaning alun | minggir anut dening umbak | Wêrkudara aningali ||
3. langkung sukaning wardaya | mudhar asta luwar sangking sêmèdi | Dewaruci gya sumêbut | mêsat saingga kilat | tinadhahan marang Arya Sena sampun | lênggah èpèk-èpèk kanan | Wêrkudara anungkêmi ||
4. Dewaruci angandika | Wêrkudara apa karsanirèki | dene nyipta praptaningsun | Sena ris aturira | dhuh pukulun sadèrènge kula matur | kang dados lampah kawula | sayêktine sang murbèng sih ||
5. saliring sêdya tan samar | sru gumuyu Dewaruci sarywa ngling | iya ta lakunirèku | dinuta rakanira | kaki Prabu Darmaputra kang angutus | ngupaya rata kancana | bakal tungganganirèki ||
6. arinira kaki Parta | lamun ngarak mring nagri Dwarawati | sasi ngarsa dhaupipun | lan Si Wara Sumbadra | aywa maras Sena ingsun kang jumurung | iya marang lakunira | lor bênêr samodra iki ||
7. ana ratu binathara | pan sinêmbah samining narapati | dene jêjuluking ratu | Sang Prabu Bisawarna | angadhaton Singgêla narendra agung | trahing Prabu Wibisana | Ngalêngka narendra luwih ||
8. yèku ingkang ginadhuhan | rata rugmi kang pangirit kuda wil | ing nguni titihanipun | Sang Sri Bathara Rama | nalikarsa mungkasi ing aprang pupuh | marang yaksendra Ngalêngka | tanpa titihaning jurid ||
9. Dasamuka munggèng rata | Batharendra mulat sandeyèng galih | tinurunan rata gupuh | sarta Guwawijaya | hru pamungkas Rawana tiniban rampung | Păncasona tanpa dadya | dhas sapuluh tibèng siti ||
10. sirnane Bathara Rama | rata iku praptèng samangke maksih | Sri Bisawarna kang gadhuh | wus pasthi lamun kêna | rata rugmi iya salakunirèki | myang lakune Si Janaka | gone marang suranadi ||
11. ngupaya sêrati dewa | patah dewa pangarih widadari | kêmbar mayang dewadaru | gamêlan munyèng tawang | antuk kabèh siji tan ana kang luput | miwah ta Si Gathutkaca | gone lunga angulati ||
12. kêbo danu satus ingkang | pancal panggung sayêkti uwis luwih | apa pamundhutirèku | Sang Prabu Patmanaba | antuk kabèh nora nana ingkang luput | kang kocap kudanganira | Kusuma Batacinawi ||
13. lah payo sun atêr nabrang | lor sagara Wêrkudara turnya ris [ri...]
--- 54 ---
[...s] | paranta gèn kula anut | lumampah ing samodra | sayêktine pêjah kêlêm dening banyu | Dewaruci angandika | yèn sira anut mring mami ||
14. sayêkti kaya dharatan | Wêrkudara guguk turira aris | inggih suwawi pukulun | anut ing lampah tuwan | sigra mêsat sangking èpèk-èpèkipun | Dewaruci anglir kilat | lampahe anèng jêladri ||
15. saingga ngambah dharatan | saparane Wêrkudara tan kari | sakêdhap lampahira wus | prapta lèring samodra | samya kèndêl Dewaruci ngandika rum | sun bali kene kewala | sira banjura pribadi ||
16. ngalor bênêr aja nyimpang | ing Singgêla ratu agung linuwih | Sri Bisawarna dibya nung | sugih bala prawira | wêkas ingsun poma dèn prayitna kewuh | aywa ta kurang wêweka | kalamun sira wus prapti ||
17. iya nagara Singgêla | têmu lawan Bisawarna Narpati | apa ing saaturipun | poma sira turuta | pasthi tuhu nora cidra aturipun | besuk yèn bali kewala | sira ingsun papag maning ||
18. lah ta wis sira karia | wusira ngling musna Sang Dewaruci | mantuk mring kahyanganipun | Rahadèn Wêrkudara | saungkurnya Dewaruci gya sumêbrung | sinêru kras lampahira | saya drês kang angin-angin ||
19. prahara rèh magênturan | sindhung riwut bayu bajra gumêrit | wrêksa rug rêbah kabrubuh | sol sêmpal pan kapêrapal[18] | murang marga ambêbênêr lampahipun | gègèr kang samya kamargan | wau ta ingkang winarni ||
20. nênggih nagari Singgêla | kacarita pêpatihing narpati | apan wus saingga ratu | sinêmbah pra dipatya | Kyana Patih Kartabasa sudibya nung | gagah prakosèng ayuda | măndraguna sura sêkti ||
21. ing sabrang wus tanpa lawan | duk samana nuju rêkyana patih | saseban sakancanipun | sagunging pra dipatya | para mantri anèng panangkilan atub | gègèr katrajang prahara | sindhung riwut rèh gumêrit ||
22. taratag rambat suh sirna | mawur-mawur katunjang dening angin | tan adangu gya kadulu | lampahe Arya Sena | ambêbênêr mawa lesus lir pinusus | prapta jujug panangkilan | Kartabasa amanggihi ||
23. prasamya adêg-adêgan | pra dipati atut rubung prasami | kyana patih têtanya sru | hèh ta wong ngêndi sira | angakua sapa ta aranirèku | dahat wuta murang krama | praptanira gawa angin ||
24. jumujug nèng panangkilan | dumarojog ngadêg datanpa kering | Wêrkudara ris sumaur | ingsun wong tanah Jawa | pan kinongkon marang kadangira sêpuh | Sang Aprabu Darmaputra | Arya Sena aran mami ||
25. kinongkon anyilih rata | kancana kang pangirit turăngga wil | marang ingkang dadi ratu | nagara ing Singgêla | lah ta apa sira iku ratunipun | Singgêla Sri Bisawarna | ki patih sugal nauri ||
26. pan ingsun dudu narendra | wruhanira ingsun iki pêpatih | Singgêla wus sasat ratu | sinêmbah pra dipatya | ranku ring rat Nata Bisa sudibya sung | Wêrkudara lon lingira | yèn sira iku pêpatih ||
27. ingsun nuli aturêna | marang ratunira ingsun arsa pêpanggih[19] | dinuta kadang ngong sêpuh | narpati ing Ngamarta | Patih Kartabasa [Kar...]
--- 55 ---
[...tabasa] sugal aturipun | balia sira tan kêna | seba marang ratu mami ||
28. dene sira iku wuta | tatakrama ing Singgêla tan kêni | apa ta kana prajamu | tan ana bisa basa | lawan nora nana kang abisa lungguh | Wêrkudara saurira | iya amung sun pribadi ||
29. ingkang nora bisa basa | hèh ta patih yèn tan arsa sirèki | tur uninga ing ratumu | iya mung lilanana | ingsun dhewe banjur maring jro kadhatun | katêmu ing ratunira | ki patih duk amiyarsi ||
30. kurdha sru ing wuwusira | babo-babo wong apa sira iki | ambêgmu darung dalurung | tan ana keringira | apa ta wus katon kucing raganingsun | miwah sagung pra dipatya | kang katon durmaning jurit ||
25. Durma
1. lamun magsih urip Patih Kartabasa | lan sagung pra dipati | kaya nora bisa | sira manjing jro puri | buh ta yèn ingsun wus mati | lan pra dipatya | kabèh ajur wor siti ||
2. Wêrkudara nauri nadyan wak ingwang | yêkti pilaur mati | kalamun balia | anèng kene kewala | miyarsa krodha tan sipi | rêkyana patya | ngêjèpi pra dipati ||
3. wong sawiji paripêksa găndra pira | parêng ambyuk ngêbyuki | marang Arya Sena | astanya pinarbutan | rêkyana patih jêjêki | ngadêg nèng ngarsa | sarwi angundha bindi ||
4. pan kalimput Sena dening pra dipatya | adêgira tan osik | pinarbutan kathah | astanya mring binănda | katgodèng Sena mrih budi | bayuning angga | prahara sarêng mijil ||
5. Wêrkudara tinibanan gada tadhah | jajanya datan osik | Sena gya lumumpat | kyana patih cinandhak | gapyuk parêng anadhahi | rêkyana patya | prakosa gêng ainggil ||
6. tanah sabrang patihing prang tanpa lawan | kuwate nglêliwati | lan Sang Arya Sena | mèh sami prakosanya | dêdêr-dinêdêr prasami | sêndhal-sinêdhal | sigra kang pra dipati ||
7. sarêng tandang têtulung marang ki patya | mangambul angêmbuli | Sena pinarbutan | ginada binadhama | pinalu-palu mapiling | cakra candrasa | bingung Arya Sena glis ||
8. nilar marang ki patih malumpat nyandhak | punggawarsa binanting | ki patih anggada | dadya wal panyêkêlnya | sèlèh mring patih ginitik | musala dhêndha | mring sagung pra dipati ||
9. krodha Arya Wêrkudara gya lumumpat | nyandhak rêkyana patih | sru sinêndhal dhadhal | tiba kongsêp jinambak | linaran dèn oncat-ancit | kidak jinambak | pra dapati[20] nulungi ||
10. pinapag ing senapati kang kinarya | nyabêti pra dipati | rêbah kasulayah | kambah kadya jêrambah | patih kang kinarya gitik | kantokèng asta | wor lawan pra dipati ||
11. Arya Sena tan arsa mrih patinira | nyandhak kang pra dipati | sinawatkên marang | jro pura tibanira | kumrutug gègèr jro puri | Sri Bisawarna | guguping tyas gya mijil ||
12. praptèng păncaniti mulat marang Arya Sena[21] | pangamukira maksih | mobat-mabit babat | ki patih kang kinarya | babadi kang pra dipati | kang wus cinandhak | sinawatkên jro puri ||
13. Bisawarna sigra dènnya nyandhak cakra | mèh lumêpas ningali | cahyane Sang Bima | anut sêrênging duka | kadya sunaring hyang rawi | munggèng [mung...]
--- 56 ---
[...gèng] wadana | dinulu balêrêngi ||
14. Prabu Bisawarna tyase wus tan samar | lamun kusuma yêkti | trah andana tirta | wijiling maratapa | sèlèh cakra marêpêki | sarwi ngrarêpa | dhuh sang prakosèng jurit ||
15. sampun-sampun kadêrêng darung dêduka | mring dasih tanpa kardi | lêburên sapraja | sirna kurdhèng paduka | ananging paduka gusti | sasat angrusak | ing kagungan pribadi ||
16. pan kawula adarmi têngga kewala | nagri Singgêla ngriki | kagungan paduka | saisining jro pura | punapa kang dèn karsani | ulun sumăngga | bronarta busanèstri ||
17. nadyan silih ing pêjah gêsang kawula | sakarsanta pan dadi | Radyan Wêrkudara | kèndêl pangamukira | ningali marang sang aji | seje warnanya | mawa cahya tur pêkik ||
18. wus anduga yèn punika ratunira | sinèlèhakên aglis | Patih Kartabasa | gumlinting nèng bantala | ngalumpruk sangêt tan eling | Sri Bisawarna | ngrarêpa matur aris ||
19. lah suwawi anggèr paduka lênggaha | aso nèng păncaniti | mangke dhêdhawuha | punapa kang kinarsan | dene kongsi anêmahi | dhawuhkên duka | mring dasih karya kingkin ||
26. Asmaradana
1. Wêrkudara anuruti | ing ature sri narendra | lênggah mring panangkilane | Sang Aprabu Bisawarna | langkung dènnya mangrêpa | kawulanggèr kamipurun | nuwun jinarwanèng nama ||
2. miwah pinangkaning nagri | rawuh ing praja kawula | paran kang dadya karsane | dene kongsi têmah duka | mring kang abdi sadaya | Wêrkudara ris umatur | ingsun iki wong Ngamarta ||
3. prapta ngong prajanta aji | pan nora bêbarang ing prang | sayêkti lamun kinongkon | marang kadang ingsun tuwa | Sang Prabu Darmaputra | nêdya pawong mitra tuhu | kakang prabu maring sira ||
4. praptaningsun dèn adhangi | iya mring pêpatihira | miwah sakancane kabèh | nora wèh têmu lan sira | têmah padha sikara | maring sun amamrih lampus | marma sun lawani yuda ||
5. Bisawarna matur aris | yèn makatên dasih tuwan | anggèr kang sangêt lêpate | muhung agsama paduka | hèh patih marenea | ngabêktia mring gustimu | padha nyuwuna agsama ||
6. ki patih lan adipati | èngête sangking kantaka | maksih rêngkêng-rêngkêng kabèh | kumrubut ngabêkti samya | maring Sang Arya Sena | sawusnya atata lungguh | aglar munggèng ngarsanira ||
7. Wêrkudara angling aris | hèh ta Prabu Bisawarna | lakuningsun sayêktine | dinuta kadang ngong tuwa | nyêlang rata kancana | kinarya tungganganipun | ariningsun kang Pamadya ||
8. rabi putri Dwarawati | pangarake anungganga | rata mas jêjulukane | kang pangirit kuda yaksa | kusir sêrati dewa | timbalane kakang prabu | rata pintêra kagawa ||
9. barênga salaku mami | Bisawarna tur sumăngga | mundhut kagungane dhewe | wartine bapa kawula | inggih rata punika | ing nguni titihanipun | Bathara Ramawijaya ||
10. milane wontên ing ngriki | dhasar lêluhur [lêlu...]
--- 57 ---
[...hur] kawula | kang darbe gadhuhan anggèr | marmane jrih anitiha | lamine mung rinêksa | pun bapa pitungkasipun | sirnane Bathara Rama ||
11. nuksmèng Ratu Dwarawati | mangkya arinta akrama | putri ing Dwarawatine | dhasare ingkang kagungan | nênggih Bathara Krêsna | yêkti kawula tan kantun | anggèr kang rata kancana ||
12. paduka kawula turi | ngadhaton sajroning pura | ngayêmêna sarirane | sêdhêng kawula samêkta | ing bala myang baita | mring Ngamarta nabrangipun | Wêrkudara èngêt ing tyas ||
13. wêlingipun Dewaruci | kinèn nuruti kewala | Bisawarna sêmayane | dadya ris dènira nabda | lah iya sun tarima | sih palimarmanirèku | nanging ingsun nora kêna ||
14. yèn ngantia lami-lami | watir kang kèri ing praja | namung poma wêkas ingong | sasi ngarêp aja cidra | praptanira Ngamarta | karana ing karyanipun | rata iku sasi ngarsa ||
15. lamun cidra sun balèni | Sang Aprabu Bisawarna | sarwi gumujêng ature | măngsa ta puruna cidra | anggèr dhatêng paduka | Wêrkudara lingira rum | lah wis karia raharja ||
16. ingsun amit ing saiki | gya sumêbut Arya Sena | saingga mibêr lumpate | wuri Prabu Bisawarna | parentah mring apatya | samêktaa kang wadya gung | myang baita panabrangan ||
17. sandika rêkyana patih | mêdal ing jawi parentah | mring punggawa sadayane | sigra siyaga baita | kunêng gantya winarna | Gathutkaca lampahipun | wus prapta Kêndhalisada ||
18. Senaputra angabêkti | mring uwa Sang Kapiwara | dangu nungkêmi padane | Anoman aris têtanya | lah sira iku sapa | dhuwur tênggak ingsun dulu | kaya na èmpêre uga ||
19. ngêngrêng jarote ngêblêgi | iya lan Si Wêrkudara | lah ngakua sapa kowe | Gathutkaca matur nêmbah | prasaja yèn putranya | anulya rinangkul gapyuk | nora linyok ujar ingwang ||
20. bok aja kabèh ngêplêki | jarote myang swaranira | kang seje lan bapakane | Si Wêrkudara balengah | sirèku bambang awak | praptamu pratapan kulub | apa ta sira dinuta ||
21. mring wong tuwanira kaki | Senaputra matur nêmbah | pukulun inggih kinèngkèn | mring uwa Prabu Ngamarta | ngupaya kang maesa | danu satus pancal panggung | jêng paman ing Madukara ||
22. krama putri Dwarawati | Kusuma Wara Sumbadra | ing wulan ngarsa dhaupe | mundhut sasrahan maesa | danu satus kang samya | sukunira pancal panggung | milamba marêk ing tuwan ||
23. nyuwun têdah kang sayêkti | ing pundi gèning maesa | Anoman suka gujênge | sun arani wong gêlathak | Sang Prabu Patmanaba | jaluk kêbo danu satus | kang pancal panggung sadaya ||
24. ubrêsên sajagat iki | sawiji măngsa antuka | kang kaya aturmu kuwe | kêbo danu satus pancal | dhasare nora nana | kang duwe panjaluk iku | golèka măngsa bisaa ||
25. lah ta wis muliha kaki | matura mring uwakira | yayi Prabu Ngamartane | yèn mangkono atur ingwang | Gathutkaca tur sêmbah |
--- 58 ---
yèn uwa tan paring dhawuh | pitêdah gèning maesa ||
26. suka pêjah anèng ngriki | merang mantuk mring Ngamarta | mendah jêng uwa dukane | miwah arinta jêng rama | Anoman duk miyarsa | kang putra rinangkul gapyuk | bocah iki wus kabapan ||
27. iya kulup sun tuturi | pan dudu ing ngarcapada | kêbo iku panggonane | sayêktine suralaya | kagungan Batharendra | Bathara Gana kang gadhuh | satus pancal panggung samya ||
28. jujuga Sêmèru wukir | pucake ingkang lor wetan | pan ing kono pangonane | pêsthi kêna dening sira | utawa Si Janaka | lakune lan bapakamu | iya padha olèh karya ||
29. tan ana kang luput siji | pamundhute sri narendra | Dwarawati kêna kabèh | ujêr wus pasthi jodhonya | Parta lawan Sumbadra | lah ta wis mangkata kulub | sun jumurung puja măntra ||
30. nanging dèn prayitna kaki | kêbo kaliwat bêbaya | satus galak-galak kabèh | suka Radyan Gathutkaca | dènnya wus antuk têdah | nêmbah mundur lajêng mabur | kapungkur Kêndhalisada ||
27. Pangkur
1. sinêru kras ibêrira | Gathutkaca sakêdhap wus ngungkuli | pucaking wukir Sêmèru | nênggih ingkang lèr wetan | tiningalan girab kang maesa danu | satus pancal panggung samya | Gathutkaca marêpêki ||
2. kêbo danu satus mulat | marang Gathutkaca arsa anggiring | satus parêng nandêr nubruk | ingkang arsa cinandhak | tan bisabah kang sangking wuri gya nubruk | cinandhak kang sangking kanan | anubruk kang sangking kering ||
3. bingung Radyan Gathutkca | kuntal-kuntal wus sayah dèn bijigi | langkung èmêng jroning kalbu | Rahadyan Gathutkaca | de maesa siji tan ana ka[22] tutut | wontên maesa satunggal | bule gêngipun saèsthi ||
4. pan iku kapalanira | langkung kuwat panumbuke nyakiti | panjang lungit sukunipun | radèn anggung dèn undha | kumbul tibanira tinadhahan sungu | kumêbut tan măntra sayah | kang kathah numbuk ngêbyuki ||
5. krodha Radèn Gathutkaca | mulat marang maesa bule siji | kuwate panumbukipun | karasa ing sarira | gya cinandhak tinêpak dhase malêduk | muncrat polone awutah | kang kantun parêng ningali ||
6. wus pêjah kapalanira | sangang dasa sanga prasamya miris | gumrubyuk samya lumayu | kagyat Bathara Gana | prapta sarwi angundha gadanira gung | nguwuh asru sumbar-sumbar | anjrit surane ngajrihi ||
7. hèh hèh wong ngêndi ing sira | dene têka wani-wani matèni | kêpalaning kêbo danu | kagungan Batharendra | nora wurung sira mêngko dadi bubuk | katiban ing gadaningwang | ngêndi pangungsènirèki ||
8. Gathutkaca duk tumingal | osiking tyas iki kang bêbayani | dewa sirah dipăngga gung | prayitnya sru lingira | mêngko mêngko aywa ge-age sirèku | iya antinên sadhela | rungunên ngong muwus dhingin ||
9. pan ingsun iki Sêsena | praptaningsun ing kene pan tinuding | marang ing jêng uwa prabu | Ngamarta
--- 59 ---
angupaya | kêbo danu satus ingkang pancal panggung | arsa ginawe sasrahan | marang Putri Dwarawati ||
10. jêng paman ing Madukara | ingkang bakal karama dèn pundhuti | sasrahan maesa danu | mêngko kapasang yogya | sira prapta kêbo kabèh ingkang gadhuh | dèn suka lila tyasira | kêbo ingsun silang dhihin ||
11. ing besuk ing wusing karya | ingsun balèkakên marang sirèki | Bathara Gana sru muwus | babo dening gumampang | pangucape lamun ingsun durung lampus | kaya lamun nora bisa | kêbo kagawa sirèki ||
12. luput-luput mêngko sira | ajur mumur katiban gada mami | amor lawan bangkenipun | kapalaning maesa | danu putih siji ingkang sira lampus | Gathutkaca duk miyarsa | kurdha sru dènira angling ||
13. hèh dewa kang êndhas gajah | nadyan ingsun pan iya isin mulih | lamun kêbo danu satus | nora bisa kagawa | ing saiki yêkti sun pilaur lampus | wirang mulih mring Ngamarta | lah payo tibakna aglis ||
14. krodha Sang Bathara Gana | mangsah gada Gathutkaca nadhahi | cinandhak gadanira wus | rame sêndhal-sinêndhal | udrêg dêdrêg rêrêjêngan gada dangu | Radyan Arya Gathutkaca | panyêndhalira nguwati ||
15. wus karêbut gadanira | gya binuwang sumêbut tibèng têbih | Bathara Gana gya nubruk | sarya gro lir rasêksa | tinadhahan panubruke parêng gapruk | caruk rog candhak-cinandhak | rukêt samya silih ungkih ||
16. jumangkah pokah-pinokah | rame cêngkah-cinêngkah silih ungkih | gêlut pulêtan anggilut | okol ungkal-ingungkal | rame dêdêr-dinêdêr dêkung-dinêkung | kuwêl kalih tan kêna wal | galungan gantya gumuling ||
17. rug jugrug anggraning arga | ing Sêmèru kambah ramening jurit | wrêksa sol rubuh kabrubuh | bosah-basih bêlasah | Sang Bathara Gana astanya malih suh | susah wus angrasa sayah | agung kalindhih katindhih ||
18. dhas bundhas kabêntus padhas | rongkong rêngkêng-rêngkêng anggung kabanting | congor jongor kajêrungub | ing curi parang-parang | kagulimpang kaguling kagulung-gulung | têlale katikêl sela | kuping tuli mili gêtih ||
19. sumêngkut pinrih bêngganga | mamrih uwal gyanirarsa ngoncati | mèh kêdhik kêna dinêkung | gulunira sru gronjal | sarwi mancal mancat ing jajanira sru | wal singsal kalihnya kontal | Gana tibane kabanting ||
20. kagulung gumlundhung jurang | satangine lajêng lumayu gêndring | parêng lan maesanipun | andanu satus samya | ngungsi maring Kaendran satus gumrubyuk | samana Bathara Endra | sêdhêngnya lagya siniwi ||
21. dening kang para jawata | lênggah munggèng ing singangsana rukmi | aglar pra jawata ngayun | gègèr samya katunjang | palayune satus kang maesa danu | sarta lan Bathara Gana | palayune niba tangi ||
22. lajêng dheprok munggèng ngarsa | mêmpis-mêmpis napase mêtu kuping | dinangu tan sagêd matur | pan maksih pêgad-pêgad | babak bundhas tlale nglangsur ngalumpruk[23] | prapta Radyan Gathutkaca | Bathara Gana ningalli ||
--- 60 ---
23. dharadhase ngungsi wuntat | sangêt kawus wau Sang Bimasiwi | wus dugi yèn jawata gung | siniwi para dewa | lênggah munggèng singangsana rêtna murup | umarêk ngarsa tur sêmbah | Batharendra ngandika ris ||
24. saengga kadi ngrarêpa | hèh ta kulub paran ta purwanèki | dene nêmahi prang pupuh | iya lawan Si Gana | lawan apa sêdyanira kang satuhu | kongsi prapta ing Kaendran | manungsa pan nora kêni ||
25. sumêngka pangawak braja | lamun nora lawan ingsun timbali | Gathutkaca nêmbah matur | dhuh sang maha bathara | nuwun duka prapta kawula Sêmèru | botên pisan sumêdya prang | lan pun dèwa sirah èsthi ||
26. wusing ngaturkên sadaya | lan Bathara Gana dadining jurit | miwah ing sasêdyanipun | yèn dinuta kang uwa | ing Ngamarta ngupaya maesa danu | myang kang paman Madukara | dènira badhe akrami ||
27. miwah sapamundhutira | Prabu Patmanaba wus katur sami | Batharendra ngandika rum | kulup maune sira | dene nora banjur jujug ngarsaningsun | kêbo danu wruhanira | pan wus kadhanganirèki ||
28. lamun kaki Parta krama | sasrahane putri ing Dwarawati | barang pêpundhutanipun | Sang Prabu Patmanaba | kabèh-kabèh ing mêngko mèh praptanipun | iya nagara Ngamarta | pan ing sasi ngarêp iki ||
29. Si Bima lan Si Arjuna | besuk barêng lan praptanira iki | lah ta wus muliha kulub | mênèk kari ing karya | Radyan Arya Gathutkaca nêmbah matur | pukulun paran ing karsa | maesa sadaya kêsit ||
30. botên kenging binêrêka | Hyang Endra ngling yèn sarta sabda mami | sayêkti yèn kabèh tutut | payo nuli mangkata | kêbo dimèn kêkinthil wurinirèk[24]i | Gathutkaca matur nêmbah | maesa danu kêkinthil ||
28. Kinanthi
1. sapalih kêkinthil pungkur | sapalih lumakyèng ngarsi | suka Radyan Gathutkaca | dene kêbo lir jajari | ngarsa rampak bayak-bayak | rêmpêk kang lumakyèng ngarsi ||
2. kunêng gantya kang winuwus | lampahe Radyan Prêmadi | wus prapta ing Cakrakêmbang | ing Kumajaya marêngi | anèng taman Cakrakêmbang | lan kang garwa Dèwi Ratih ||
3. lêlangêning kang kalangun | kêkanthèn astanya kalih | angubêngi kêmbang-kêmbang | wau ta kang lagya prapti | Sang Parta kèndêl lampahnya | Sêmar Bagong aningali ||
4. ingkang rêrèntèng rêruntung | sangking doh asru dhèhèmi | kagyat nolih kalihira | Dèwi Ratih aningali | yèn satriya Dananjaya | gupuh dènnya malajêngi ||
5. Sang Parta rinangkul gapyuk | pungkurane dèn gablogi | bok aja agawe gita | dadak prapta têka wuri | payo marêk kakangira | Sang Parta anut lumaris ||
6. baune maksih rinangkul | prapta ing ngarsa ngabêkti | mangaras pada kalihnya | kang raka ngrangkul pan aglis | sawusnya tumungkul lênggah | Dèwi Ratih angrakêti ||
7. tumèmpèl dènira lungguh | nèng kanan wêntise kering | tumumpang pangkon Sang Parta | Bathara Kumajaya ngling | hèh yayi sira bagea [bage...]
--- 61 ---
[...a] | praptanta ing ngarsa mami ||
8. Sang Parta nuwun turipun | sarwi tumungkul wotsari | kang raka aris ngandika | apa na karya kang gati | praptanira Cakrakêmbang | apa amung kangên yayi ||
9. marang ing sariraningsun | miwah mring bakyunirèki | Dananjaya matur nêmbah | pukulun sang bathara di | sowan ulun ngarsa tuwan | tinundhung sangking nagari ||
10. kang raka ngandika arum | dunungêna ingsun yayi | panundhunge marang sira | apa ta dosanirèki | Dananjaya matur nêmbah | makatên sang maha rêsi ||
11. arinta jêng kakang prabu | Ngamarta duka ngawêri | ulun tan kenging angambah | ing praja dhawuh tan sudi | angakên kadang ngong uwas | karya sangaring nagari ||
12. siyang dalu gung sinatru | tansah dènira ngewani | amba anuwun aksama | ing rayi tuwan tan kêni | makatên dununging duka | purwanya amba tinuding ||
13. ngupaya pundhutanipun | sinuhun ing Dwarawati | sêkar dewadaru lawan | patah dewa kang apêkik | myang kusir sarati dewa | lan pangasih widadari ||
14. gamêlan kang munyèng luhur | amba mopo tan kadugi | marma sangêt dukanira | kang raka mèsêm dènnya ngling | dene nganggo patah dewa | lan pangarih widadari ||
15. lawan kayu dewadaru | gamêlan munyèng wiyadi | sapa ta kang arsa krama | Arjuna matur wotsari | pukulun kang arsa krama | Kusuma Banoncinawi ||
16. rêsi nabda kang anjaluk | putri kadang Dwarawati | pangantène lanang sapa | apa mung pangantèn putri | kang rayi tumungkul nêmbah | Dèwi Ratih duk miyarsi ||
17. kang rayi rinangkul gapyuk | ginablokan dèn ciwêli | kalingane yayi sira | praptamu ngulêm-ulêmi | lah ta iya besuk apa | gon ingsun ngadêgi kardi ||
18. bok aja nganggo gumagus | dinangu kakangirèki | suwe nora nganggo jarwa | aling-aling dèn dukani | mring rayi Prabu Ngamarta | tinundhung sangking nagari ||
19. mendah dene patutipun | bakal ipeku ing benjing | Kusuma Wara Sumbadra | anèng pangkonira yayi | ingsun lawan kakangira | sayêkti lawas nunggoni ||
20. Kumajaya lingira rum | lah ta payo seba yayi | maring Sang Hyang Girinata | nora luput kabèh pasthi | iya ing panuwunira | ujêr wus mangsane mangkin ||
21. yayi ing dhaupirèku | kalawan Banoncinawi | ingkang marang ing Kaendran | Si Gathutkaca pan uwis | andanu satus kagawa | miwah ta lakunirèki ||
22. Si Wêrkudara wus antuk | rata saratunirèki | saksana sarêng lumampah | katri lawan Dèwi Ratih | minggah marang guruloka | andangu lampahirèki ||
23. ing ngarsanira Hyang Guru | Narada kang munggèng ngarsi | cingak sagung para dewa | mulat praptanira katri | satuhu kêmbar ing warna | Kumajaya lan Prêmadi ||
24. mung katon busananipun | jawata seje lan jalmi | Narada latah agiyak | dene nuli prapta iki | Hyang Guru mêntas ngandikan | sira ingkang dèn rasani ||
25. Dananjaya gya sumujud | nèng ngarsane Hyang Pramèsthi | myang Bathara Kumajaya | tiga
--- 62 ---
lawan Dèwi Ratih | samya kinèn lênggah jajar | nèng ngarsane Hyang Pramèsthi ||
26. Sêmar Bagong datan ayun | nèng ngandhap dènira linggih | wangsul mring jawi kalihnya | jaga-jaga malangkêrik | kang sewaka bubar-bubar | dewa sami dèn bêkêmi ||
27. wau ta Sang Parta sampun | dinangu lampahirèki | dènnya minggah suralaya | katur sasêdyanirèki | Hyang Guru aris ngandika | iya wus mangsane iki ||
28. mêkar kêmbang dewadaru | wus sêdhêng dhaupirèki | iya lawan Si Sumbadra | dhihin duk mêkar sawiji | rabine Si Baladewa | kalawan Si Erawati ||
29. ing saiki dewadaru | kêmbange wus mêkar kalih | sayêktine rabinira | hèh Kumajaya sirèki | ing besuk kang dadya patah | pangarake Si Prêmadi ||
30. kakang Narada sirèku | iya kang dadya sêrati | gamêlan si lokanănta | gawanên munyèng wiyati | lan sira Si Gagarmayang | marang sira Gagarwati ||
31. kang anggawa dewadaru | Si Ratih dadya pangarih- | ira Si Wara Sumbadra | tugura nèng Dwarawati | dene kang para jawata | ingkang jumurung umiring ||
32. luwihêna lan ingkang wus | dhaupe Si Erawati | kalawan Si Baladewa | mangkata sadina iki | kaki Prabu Darmaputra | dhayohe wus akèh prapti ||
33. sadaya kang sinung dhawuh | sadaya wus samya mijil | samêkta lajêng angkatnya | widadara widadari | tuwin kang para jawata | nom-anom ingkang umiring ||
29. Sinom
1. satriya Andananjaya | udhune sing suranadi | lir yayah kinarinêngga | lampahe anèng wiyati | Kusuma Dèwi Ratih | wolulas parêkanipun | ingkang lumakyèng ngarsa | sadaya ayu linuwih | pan jinèjèr kalih-kalih lampahira ||
2. kang ngampil-ampil sadaya | upacara Dèwi Ratih | ana ngampil găndawida | babêktan sangking swarga di | munggèng bêrsiyan rukmi | kasturi myang burat arum | ana ngampil busana | rajakaputrèn absari | ingkang badhe agême Wara Sumbadra ||
3. ing wurine kêmbar mayang | kang dewadaru sarakit | widadari kang anggawa | Gagarmayang Gagarwati | samya ayu linuwih | rinêngga busana murub | nulya Rêsi Narada | samarga-marga sêsirig | anggung nolih anyawang ing wurinira ||
4. Kumajaya lan Sang Parta | tinêngahan Dèwi Ratih | katrinira kanthèn asta | Sêmar Bagong munggèng wuri | cêcebolan samargi | tan pêgat asungsung guyu | gumyak samarga-marga | dewa ingkang ngiring-iring | ngarsa pisan gamêlan si lokanănta ||
5. tinabuh para jawata | munya ngraras angrêrangin | dewa kang lumakyèng ngarsa | samya ngigêl turut margi | tan wus lamun winarni | srining lampah udhunipun | Sang Parta sangking swarga | gantya kang winarnèng kawi | ing Ngastina Sang Aprabu Duryudana ||
6. sadaya sampun samêkta | pangrakitira ing nguni | kang kocap ing sayêmbara | kang minăngka rata rukmi | dèn byur parada kuning | dipăngga pangiritipun | măngka turăngga yêksa | banthèng satus [sa...]
--- 63 ---
[...tus] kang kinardi | kêbo danu satus kang pancal sukunya ||
7. kusir dewa miwah patah | ngupaya wiku kêkalih | kinarya kusir satunggal | patah ingkang ragi pêkik | kêmbar mayang sarakit | kang minăngka dewadaru | kinarya wit suwasa | sêsotya kang adi-adi | kang kinarya woh pêntil miwah sêkarnya ||
8. godhong pradapa kancana | winarna ing rajawêrdi | pangarih endhang satunggal | ragyendah warnanirèki | kurawa kang sapalih | sakapraboning prang pupuh | pangarsa Dursasana | lan Patih Arya Sangkuni | gamêlan kang munyèng tawang nèng jêmpana ||
9. lan ingkang nabuh sadaya | sawusnya samêkta sami | bidhal sangking ing Ngastina | asri lampahirèng margi | Burisrawa anitih | rata pita pinrada byur | pangirite dipăngga | patah wiku lan pangarih | endhang siji nunggil salêbêting rata ||
10. srining lampah tan winarna | miwah kyèhning kang ningali | kang raka Prabu Mandura | wus lêpas lampahirèki | wau ta kang winarni | Gathutkaca lampahipun | ingkang bêkta maesa | andanu satus kêkinthil | alon-lonan kagyat dènira tumingal ||
11. gêgaman agêng lumampah | lir ngarak rakiting margi | kèndêl Radyan Gathutkaca | ngantosi têlasing baris | andanu satus sami | dhêdhêg munggèng wurinipun | Rahadyan Gathutkaca | dangu-dangu aningali | datan samar lamun Kurawa Ngastina ||
12. wus anduga lampahira | mèsêm salêbêting batin | mangkana gêgaman ngarsa | alok kang sami ningali | bubung bas ing wanadri | girab kang maesa danu | pancal panggung sadaya | têbah jaja kyana patih | tingalana ta iki wonging Kurawa ||
13. kumpul sagung pra santana | sadaya samya winangsit | karsane rêkyana patya | Sangkuni sigra marpêki | dhuh babo putu mami | Gathutkaca wong abagus | sêmbada prakosanya | widikdaya surasêkti | sining jagad kulup sapa kaya sira ||
14. wus prapta gyan Senaputra | Sangkuni angrangkul aglis | apan ta magsih ngêngudang | dhuh putuku wong asigid | wong jarot nyêmbadani | măndra prakosa dibya nung | bisa antuk maesa | danu satus pancal putih | lah ing ngêndi kulup gonira ngupaya ||
15. para ta kèhing Kurawa | kulup kang padha tinuding | mring uwakira Ngastina | apadene awak mami | pan ora antuk siji | danu ingkang pancal panggung | iku banthèng kewala | karsane wakira aji | pan kinarya pasumbang marang Ngamarta ||
16. mèsêm ing tyas Senaputra | miyarsa linge Sangkuni | ngaku nyumbang mring Ngamarta | wruh lamun doranirèki | alon dènnya nauri | eyang kang andanu satus | pêparinge Hyang Endra | Sangkuni angrangkul malih | jêr ku apa luwih timên putraningwang ||
17. bisa ngambah ing Kaendran | sapa kang kaya sirèki | lah payo barêng kewala | kulup sira lawan mami | kêbo dimèn nèng ngarsi | amor lawan banthèng satus | kulup iki wakira | saparo ingkang tinuding | angêdêgi gawe marang ing Ngamarta ||
--- 64 ---
18. kinèn banjur angiringna | besuk pangarakirèki | anakmas ing Madukara | marang nagri Dwarawati | akèh dènnya maringi | pasumbang kang bakal katur | marang nagri Ngamarta | kagawa ing laku mami | isèn-isèn sajroning pura Ngastina ||
19. ingkang rupa rajabrana | pèni-pèni rajapèni | guru bakal guru dadya | myang kang rupa sêsotya di | Gathutkaca nauri | eyang paduka rumuhun | kula wuri kewala | sêlot-sêlote lumaris | sampun pisah lawan maesa kawula ||
20. Sêngkuni aris wuwusnya | aywa pugal putu mami | sun amrih rakêti lampah | kêbo danu munggèng wuri | awor lan banthèng bêcik | sira nunggal lawan ingsun | kumpul sagung gêgaman | Sangkuni dènira angling | apan sarwi ngêjèpi mring Dursasana ||
21. tanggap Arya Dursasana | panubrukira dhihini | sigra Rahadèn Durmuka | Durmagati anututi | ing wuri angêbyuki | kanan kering barêng nubruk | Rahadyan Gathutkaca | kalimput datan kaèksi | pinarbutan marang Kurawa Ngastina ||
22. ananging dèrèng kabănda | maksih udrêg dêdrêg sami | andanu satus graita | radyan pinarbuting jurit | kang munggèng kanan kering | wuri parêng dènnya nubruk | ingrubut uwal singsal | ginudag miwah binijig | Gathutkaca mêsat marang dirgantara ||
23. andanu lajêng manêngah | satus ngamuk ngobrak-abrik | gègèr kang bala Kurawa | kamuk ing maesa sami | akèh rêmpu binijig | Gathutkaca eca dulu | mayungi nèng gagana | suka dènira ningali | dene kêbo danu satus pangamuknya ||
24. sadaya sami sudira | tan ana braja nêdhasi | sinosoging ganjur watang | sawiji tan ana busik | yèn bijig bêbayani | singa kang tinumbuk rêmuk | kang tan pasah kalumah | myang kuntal tiba kabanting | ana ingkang dèn undha muluk ing tawang ||
25. tibanira tinadhahan | tumancêp ing sungu kalih | kang têguh kumêdud tiba | lajêng kèlês anèng siti | lêmês dèn uli-uli | danu satus saya liwung | pangamuke lir yaksa | banthèng satus dèn gudagi | ucul sangking dhadhunge ngamuk sadaya ||
26. mawur kang wadya Kurawa | pati-pati babêntusi | sarsaran angungsi wana | tan ana kang tolih gusti | giris dènnya ningali | pamuke maesa danu | satus lir yaksa krura | numbuk-nubruk ngobrak-abrik | banthèng satus anusul ngamuk prasamya ||
27. sagunging para Kurawa | kang panggah-panggah kabalik | sèkêt wus larut sadaya | miwah Rêkyana Apatih | Sangkuni andhihini | lumayu ngungsi wana gung | Burisrawa tinilar | ratane rêmuk binijig | dipanggane ngamuk angungsi sarkara ||
30. Dhandhanggula
1. Gathutkaca suka aningali | de Kurawa alarut sadaya | mung kamuk maesa bae | andanu satus kumpul | ngaup soring mandera sami | banthèng satus prasamya | manjing wana agung | Gathutkaca [Gathu...]
--- 65 ---
[...tkaca] sigra têdhak | sangking wiyat sapraptanira ing siti | andanu satus samya ||
2. satus aglar nèng ngarsanirèki | Gathutkaca singga namudana | ingêlus sirahe kabèh | sungu myang gigiripun | sawusira radyan lumaris | andanu satus samya | kêkinthil nèng pungkur | kunêng kang lagya lêlampah | Gathutkaca gantya wau kang winarni | nênggih nagri Ngamarta ||
3. Prabu Yudhisthira duk ing nguni | wus winangsit mring Narendra Krêsna | aywa sumêlang galihe | katri ing lampahipun | Parta Sena myang Bimasiwi | ingkang samya dinuta | wus pasthi samyantuk | apan ta sarêng kewala | ing praptane satêngah wulan ing ngarsi | dadya Sri Yudhisthira ||
4. lajêng dènnya angatur-aturi | mring kang rama Sri Cêmpalarêja | myang kang eyang Wirathane | mangkana kang winuwus | Wêrkudara prapta dhihini | lajêng tumamèng pura | panggih raka prabu | katur solahe dinuta | angupaya rata kancana wus olih | ingkang pangirit yaksa ||
5. nanging sagah sinusulkên wuri | Natèng Singgêla Sri Bisawarna | ngiringkên saha balane | kang raka sukèng kalbu | enjingira malih kang prapti | Rahadyan Gathutkaca | lan andanu satus | Sang Aprabu Yudhisthira | angurmati praptane Sang Bimasiwi | miyos mring pagêlaran ||
6. Gathutkaca tumundhuk ngabêkti | mring kang uwa nungkêmi padanya | aris rinangkul janggane | sadaya sampun katur | solah-tingkahira tinuding | kongsi minggah kaendran | dènnyantuk andanu | miwah nalika binegal | marang sata Kurawa anèng wanadri | sampun katur sadaya ||
7. ingkang uwa suka amiyarsi | Senaputra wus kinèn ngasoa | marang ing pasanggrahane | kang putra nêmbah mundur | kêbo danu satus kêkinthil | sadaya sampun jilma | mring kang Bimasunu | enjinge malih kang prapta | Sri Bupati Cêmpala sagarwa siwi | Sang Prabu Yudhisthira ||
8. angurmati mêthuk păncaniti | ing rawuhe kang rama Cêmpala | lajêng manjing jro purane | saputra garwanipun | sasampune binujakrami | ingaturan ngasoa | pasanggrahanipun | wus mijil sangking jro pura | pasanggrahan Nangkula ingkang nyaosi | kamot sawadyanira ||
9. enjingipun malih ingkang prapti | Natèng Singgêla Sri Bisawarna | lawan sawadyabalane | rata rukmi tan kantun | Prabu Yudhisthira ngurmati | mêthuk nèng pagêlaran | dhêku sami dhêku | mêndhak sarêng dènnya mêndhak | Prabu Bisawarna kêdah awotsari | marang Sri Yudhisthira ||
10. nanging datan sinungan wotsari | kipa-kipa sarya lon ngandika | yayi prabu mangke-mangke | andika ratu agung | binathara anyakrawati | nagari ing Ngamarta | pintên kadaripun | tinimbang lawan Singgêla | ing Ngamarta sasat padhukuhan alit | măngka yayi narendra ||
11. arsa nêmbah marang awak mami | yêkti kenging sikuning jawata | sanadyan sami alite | miwah gung sami agung | lamun ratu pan botên kêni | nêmbah samining raja | loking jana saru | kajawi lamun kabawah | mila yayi [ya...]
--- 66 ---
[...yi] prabu sampun-sampun awotsari[25] | sami-sami kewala ||
12. Prabu Bisawarna matur aris | inggih lêrês pangandika tuwan | Singgêla gung karatone | nanging amba pukulun | mila-mila trah ratu alit | alit nagri Ngamarta | ingkang ratonipun | ananging paduka nata | mila-mila paduka trah ratu gusti | têdhak Bathara Brama ||
13. campur lawan trahing Wisnumurti | pan kawula satuhu trah ditya | Hyang Brama amung èstrine | yêkti wajib wotsantun | trahing dasih lan trahing gusti | botên kenging selaka | paduka pukulun | nampèni sêmbah kawula | Prabu Yudhisthira mêksa angukuhi | tan karsa sinêmbaha ||
14. Natèng Singgêla sigra tinarik | astanira binêkta pinêksa | lênggah dhampar saosane | nuruti sampun lungguh | pan tumungku[26] sangêt dènnya jrih | mring Prabu Yudhisthira | gusti anggêpipun | sawusa sinamudana | ing pambage têlasing pambuja krami | tinundhung masanggrahan ||
15. sigra mundur sangking păncaniti | Notèng[27] Singgêla wus sinaosan | masanggrahan sawadyane | rinêngga tarub agung | ya ta dalunira winarni | sagung para jawata | sadaya wus rawuh | jumujug sajroning pura | Dèwi Ratih sawusnya panggih Drupadi | kinèn lajêng kewala ||
16. lampahira marang Dwarawati | rumêksaa mring Wara Sumbadra | wus budhal sapawongane | mangkana jro kadhatun | pra jawata sukanya ngênting | dene sampun samêkta | sajroning kadhatun | sauparêngganing karya | wêwangunan jaba jro samêkta sami | tan ana kêkurangan ||
17. Prabu Yudhisthira angaturi | mring kang rama ing Cêmpala lawan | ingkang eyang Wirathane | myang Singgêla Sang Prabu | pra santana prapta jro puri | lajêng sami rêmbagan | sadaya samya nut | ing rèh Sang Rêsi Narada | pangarake marang nagri Dwarawati | enjang badhe bidhalnya ||
18. kang angreka rakiting lumaris | Rêsi Narada ingkang amatah | ing pangkat-pangkat lampahe | Gathutkaca panganjur | sawadyane ing Pringgodani | ngiringakên sasrahan | kêbo danu satus | kang badhe sumambung wuntat | miwah ingkang badhe sumundhul ing wuri | tundha-tundhaning lampah ||
19. wus pinatah sagunging para ji | pra santana miwah para putra | mêdal sangking pura kabèh | praptèng pakuwonipun | angundhangi wadyane sami | kapraboning ayuda | samêktaning laku | ing dalu datan winarna | enjangira jaba jro samêkta sami | Rahadyan Gathutkaca ||
20. sawadyane ditya Pringgadani | wus têngara dhingini budhalnya | ditya pêpilihan kabèh | kapraboning prang pupuh | kalih èwu nom-anom sami | sasrahan munggèng ngarsa | kang andanu satus | tata rampak bayak-bayak | lampahira rêmpêg tan wontên moncol sanyari[28] | sangarsane maesa ||
21. kawan dasa wil kêndhang saruni | bêndhe bèri salomprèt wurahan | gong gurnang puksur arame | ngigêl ingkang kêtipung | angêlètèr bêndhe lan [la...]
--- 67 ---
[...n] bèri | sêsirig urut marga | sênggake gumuruh | sawurinipun maesa | wolung atus ditya kang rinukmi-rukmi | sangkêp sakapraboning prang[29] ||
22. sawurine rata kang rinukmi | Radyan Gathutkaca nitih rata | gothaka sri pangiride | rinêngga ing mas murup | pêpilihan wil para mantri | ingkang garêbêg rata | ditya kawan atus | samya wahana turăngga | busana bra sêsotya winarna adi | sadaya sikêp gada ||
23. sawurine wil kuda pan sami | lan ing ngarsa wolung atus ditya | busana mas sadayane | asri pating palancur | anarawung sunaring rawi | wor lawan larap ingkang | parasu lan limpung | bandera tunggul daludag | pan sadaya ciri ditya krura angrik | pinindha ngundha gada ||
24. gêng karaton nagri Pringgadani | karatone Sang Prabu Arimba | Gathutkaca rikalane | siniwèng prajanipun | maksih lugu karatonnèki | lênggah ing dhampar rêtna | amakutha murup | lamun seba ing Ngamarta | datan arsa nganggo kaprabon narpati | ngagêm gambuhing putra ||
31. Gambuh
1. ingkang dèn angge amung | upacaraning kang putranipun | anglungguhi ing kasatriyanirèki | nulya wuri kang sumambung | rajaputra Wiratha nom ||
2. Dyan Wirasăngka ngayun | nitih rata jong pita winangun | ing sêsotya upacaranira asri | prajurit ingkang winêngku | dharat kalih atus golong ||
3. abra busananipun | sinasami sangking doh dinulu | pindha sêkar palasa nêdhêng wanadri | kang garêbêg munggèng pungkur | prajurit kuda nom-anom ||
4. satus busana murup | sangkêp sakapraboning prang pupuh | bandera myang tunggul daludage kuning | pan sadaya cirinipun | mong krura mamrih măngsa gro ||
5. ing wuri kang sumambung | Arya Untara titihanipun | rata bangunrêta rinênggèng sotya di | srining upacaranipun | lir panjrahing puspita byor ||
6. wadyanya kang pinangku | munggèng ngarsa dharat pitung atus | pêpilihan sangking kapraboning jurit | kang wahana kuda satus | samya andêling pakewoh ||
7. garêbêg munggèng pungkur | sangkêp sakapraboning prang pupuh | pan sadaya binusanan sarwi rukmi | tunggul myang daludagipun | bandera bang asri tinon ||
8. sadaya cirinipun | tagsaka krura mangab manaut | wurinira Sang Arya Seta ing jurit | gumêrdêg barise umyung | kadya mangsah ing palugon ||
9. kêndhang gonge gumuruh | cinirenan wre krura waringut | mangrap angrik kentar drêsing angin-angin | gêtêre bandera ringut | gêgêtêri lamun tinon ||
10. kêrbêting bandera sru | lir pasrèning wanara satuhu | Arya Seta munggèng rata jong bangunjring | makutha buka sri murub | bagus prakosèng palugon ||
11. srining pacaranipun | kadya panjrah ingkang puspita rum | pan sinungsun sapasang-pasang sinami | wadya upacaranipun | pininta-pinta tan awor ||
12. ingkang garêbêg pungkur | wadya kuda wahana rongatus | pan sadaya sangkêp-sangkêping ajurit | prajurit kuda rongatus [rong...]
--- 68 ---
[...atus] | samya andêling pakewoh ||
13. sêsêg nêsêg sumêngkud | rikat-rikat rakit lampahipun | nuwala dyanira kang rama nambungi | prajurit dharat nêmatus | kang pinangku ngarsa katong ||
14. sangkêp sasikêpipun | ing ngayuda prajurit nêmatus | asri ingkang busana bra marwatapi | pacara karatonipun | rinakit ngarsa sri tinon ||
15. ing Wiratha sang prabu | nitih rata jong binangun biru | para mantri kang samya amagêrsari | miwah kang garêbêg pungkur | kawan atus busana byor ||
16. asri pating palancur | prajurit kuda kang kawan atus | pan sadaya sangkêp sakaprabon jurit | bandera daludagipun | ciri dipăngga binarong ||
17. satêlasing wadya gung | ing Wiratha wuri kang sumambung | wadyabala ing Cêmpala tinon asri | ing ngarsa sang narpa sunu | Radyan Trusthajumêna nom ||
18. sri upacaranipun | munggèng ngarsa amarwata santun | rajaputra ing Cêmpala sura sêkti | nitih rata bangun dangu | winarna ing sêsotya byor ||
19. ingkang garêbêg pungkur | samya wahana kuda rongatus | anom-anom sangkêp sakaprabon jurit | sinambungan wadyanipun | ingkang rama sang akaton ||
20. dharatipun nêmatus | sangkêp sakapraboning prang pupuh | Sri Drupadi nitih rata bangun wilis | daludag têtunggulipun | myang bandera samya ijo ||
21. sadaya cirinipun | wulan sêdhêng ing purnamanipun | upacara karaton ngarsanira sri | turanggane kawan atus | garêbêg wuri sang katong ||
22. prajurit kawan atus | sangkêp sakapraboning prang pupuh | miwah para mantri kang amagêrsari | ngapit kanan keringipun | busana abra sri tinon ||
23. satêlasing wadya gung | ing Cêmpala wuri kang sumambung | wadyabala ing Ngamarta tinon asri | dharat kang pinangku ngayun | nêmatus lampahe golong ||
24. Sri Yudhisthira Prabu | munggèng rata jong seta winangun | Nangkula myang Sadewa angampil-ampil | gantèn pakêcohanipun | nèng rata ngarsa sang katong ||
25. ingkang garêbêg pungkur | prajurit turăngga kawan atus | wolung atus mantri kang amagêrsari | ngapit kanan keringipun | upacaraning karaton ||
26. ing ngarsa sri dinulu | prajurit kuda myang dharatipun | pan sadaya sangkêp sakaprabon jurid | sarwa mas busananipun | namung sunaring surya byor ||
27. tunggul daludagipun | pan sadaya cirine winangun | lir angganing maharsi wiku sêmadi | Arya Wêrkudara pungkur | lawan sri nata tan adoh ||
32. Sinom
1. dharat lan sawadyanira | wong agung ing Jodhipati | mandhi gada gung anglela | kadya parbata lumaris | sawadyanira sami | mandhi gada ting garunuk | wadyabala Mamênang | sèwu pamuking ajurit | busanane polèng bintulu sadaya ||
2. sakèhing lampah lon-lonan | tan rêkasa bêkira ring | wêtuning kang bayu bajra | manut ing lampahira ris | sumilir silir kadi | ngêpêti maring wadya gung | ingkang samya lumampah | ilang sayahira sami | kênèng
--- 69 ---
angin bayunira Arya Sena ||
3. miwah wadyaning Mamênang | sèwu samya mandhi bindi | tan karasa sayahira | kanginan bayuning gusti | marma samargi-margi | samya onclang gadanipun | surak agiyak-giyak | kêndhang gong bèri tinitir | ayêm bae tan mêtu karingêtira ||
4. tunggul myang banderanira | polèng bintulu tulya sri | kentar drêsing kang maruta | kumitir kentar mawêrdi | gêtêre gêgêtêri | kumandhang sendhung tumundhung | têlasing wadyabala | Mamênang ingkang nambungi | pacaranya pramèswari ing Ngamarta ||
5. kadya panjrahing puspita | srining upacara èstri | narpadayita Wiratha | nitih jêmpana rinukmi | parêkan para cèthi | munggèng wuri nitih tandhu | ulur sêlur lampahnya | prajurit ingkang jajari | wolung dasa sinami busananira ||
6. pramèswari ing Cêmpala | ingkang sumambung ing wuri | nitih jêmpana rinêngga | lan putra Dèwi Srikandhi | miwah Dèwi Drupadi | nunggil jêmpananing ibu | paworing upacara | têtiga dinulu asri | pan sapangkat-pangkat upacaranira ||
7. ing ngarsa pacaranira | Kusuma Wara Srikandhi | nulya upacaranira | Kusuma Dèwi Drupadi | ingkang mungkasi wuri | upacaraning kang ibu | lir wana kêmbang-kêmbang | prajurit ingkang jajari | wolung dasa prajurit sangking Cêmpala ||
8. wolung dasa ing Ngamarta | sangkêp sakaprabon jurit | binusanan sarwa rêtna | lir panjrahing puspita sri | tandhu lumakyèng wuri | gèn cèthi parêkanipun | têlasing kang wanodya | ing wuri ingkang nambung[30] | wadyanira satriya Andananjaya ||
9. kawan atus dharatira | sangkêp sakaprabon jurid | binusanan sarwa rêtna | lir sêkar pataman asri | wadya pilihan sami | nom-anom tur bagus-bagus | pacara kasatriyan | tinata munggèng ngarsa sri | ingkang ngampil rare bagus-bagus samya ||
10. binusanan sarwa rêtna | myang mantri kang magêrsari | samya wahana turăngga | anom-anom pêkik-pêkik | samya trahing winarni | miwah kang garêbêg pungkur | prajurit pêpilihan | satus wahana turanggi | bagus-bagus sadaya ngiwa gandhewa ||
11. kêndhêng endhonge sinandhang | nêdhênge kasuran sami | trahing andon sadayanya | Arya Sucitra nindhihi | nitih turăngga putih | dhangah sarwi apêpayung | munggèng wurining rata | kancana kang binuka sri | ing sasotya pangirit turăngga yaksa ||
12. wolu sinungan makutha | nawa rêtna binuka sri | bêbadhong bandhung tinundha | binintang-bintang hèr gêni | binèji manik-manik | saingga baskara runtuh | tumanêm anèng jaja | murup brabane[31] nêlahi | buntut lawan suri cinêmara êmas ||
13. rinawis-rawis sêsotya | saingga lintang mariris | siyunge turăngga yaksa | kinathoking mas sinangling | lir kadya kilat thathit | sumêlap nèng tutukipun | namung gilaping netra | muncar-muncar anêlahi | nênggani lan prabane rata kancana ||
14. singuping rata kancana | kinêmbang-kêmbang hèr gêni | rinumpaka nawa rêtna | rinawis-rawis sotya di | mawor lawan tejaning | sêkar mayang dewadaru | munggèng [mung...]
--- 70 ---
[...gèng] ngarsa Sang Parta | ingampil absari kalih | kadya lintang sumêbar rêngganing rata ||
15. nawung sunaring baskara | rêngganing kang rata rukmi | linimput-limput sêsotya | ting paluncar ting parêlik | sangking mandrawa kèksi | mawangkawa angênguwung | lir surya ngêmu teja | sinalimut ngobar-abir | Dananjaya lan Bathara Kumajaya ||
16. munggèng jroning rata rêtna | dènnya lênggah jèjèr kalih | saèstu kêmbar ing warna | jambe nom sinigar palih | tambuh ingkang pinilih | pêkiknya sang kalihipun | sami wênêsing cahya | amoring tejaning kalih | lir andaru lêng-ulêngan munggèng rata ||
17. Bathara Rêsi Narada | awor lawan dewa kusir | Ki Lurah Bagong lan Sêmar | dharat awor lan wong ngampil | lêlewa turut margi | tan pêgad anungsung guyu | gamêlan lokanănta | munya nèng tawang ngrêrangin | riyêm-riyêm ruruh sunaring baskara ||
18. sangking kèhe para dewa | lawan kèhing widadari | waranggana ing kaendran | ingkang sami nêningali | ngudankên wangi-wangi | sumawur riris rum-arum | angine sawêtara | sumilir mawa wêwangi | têdhuh sêkar sung gănda saurut marga ||
19. enggar tyasing wadyakuswa | wuwuh ayêmira sami | kataman maruta gănda | tan ana sayahe sami | riris sêkar samargi | bramara liwêran umyung | yayah rumênggèng tawang | manungsung mamrih wêwangi | anutakên wadyabala kang lêlampah ||
20. kombang-kombang mamrih kêmbang | manawêng sunaring rawi | muwuhi asrining marga | miwah ayêming lumaris | tuhu Radèn Prêmadi | tanpa sama ing tumuwuh | dhaupira kalawan | Kusuma Banoncinawi | ngobahakên kaendran ing suralaya ||
21. kabèh isining bawana | miwah saisining langit | surya sudama sasăngka | teja kilat lawan thathit | lêlidhah obar-abir | wangkawa layung ngênguwung | prasamya tumut suka | cahyane sadaya mijil | gunung-gunung miwah saisining wana ||
22. kêmbange sadaya sirna | katut kabuncang ing angin | tinibakakên ing marga | kang marang ing Dwarawati | sangking Ngamarta nagri | kang ngambah pangarakipun | satriya Dananjaya | sadaya riris wêwangi | manuk-manuk lêliwêran ing gagana ||
23. sadaya muni wurahan | anèng sanginggiling baris | sênggani lan lokanănta | munya nèng tawang ngrêrangin | manuk kadya nyênggaki | miwah têpining marga gung | kêkayone sadaya | kêbak kaencokan pêksi | samya muni saengga anamudana ||
24. wusing wadya Madukara | ing wuri ingkang nambungi | wadyabala ing Singgêla | kadya hyang-hyang wukir akni[32] | sagunging pra dipati | pangkat-pangkat lampahipun | saupacaranira | tunggul banderane ngapit | pra dipati kang samya nindhihi wadya ||
25. samya wahana turăngga | sangkêp sakaprabon jurit | Sang Aprabu Bisawarna | ing lampah ingkang mungkasi | nitih rata rinukmi | makutha buka sri murub | kataman diwangkara | muncar-muncar anêlahi | asêmbada pêkike lan dêdêgira ||
26. gunging wadya ing Singgêla | kadya robing jalanidhi | asrining busananeka | sênggani lawan laraping | nanggala [nang...]
--- 71 ---
[...gala] palu piling | musala lori lan limpung | kunta cakra candrasa | kadya udan kilat thathit | wus kapungkur lampahe nagri Ngamarta ||
33. Pangkur
1. saingga kadya papara | ingkang ngarak mring praja Dwarawati | langkung sarèh lampahipun | nèng marga tan rêkasa | lamun lingsir kilèn kèndêl sawadya gung | lajêng samya masanggrahan | wus kadya praja angalih ||
2. kunêng gantya kang winarna | Kurawa kang samya ngungsi wanadri | kamuk ing maesa danu | wadya lit kathah pêjah | pra santana kathah ingkang nandhang tatu | kinumpulakên sadaya | marang Ki Arya Sangkuni ||
3. pitung dalu anèng wana | langkung sami sungkawanirèng galih | para santana sapuluh | kang samya nandhang brana | datan pasah nanging sangêt jro arêmpu | para mantri kawan dasa | pitung dasa kang prajurit ||
4. tigang dasa sikêp ngrêmbat | alon angling Kyana Patih Sangkuni | kabèh anak-anak ingsun | paran rêmbuge padha | lah ta payo padha gawe atur[33] | banjur marang ing Madura | yèn mulia tanpa kardi ||
5. ing laku kaliwat lawas | lah ta pira kèhe wong Ngastinèki | sakapraboning prang pupuh | durung prang lan Pandhawa | mung dèn amuk kêbo bae lêbur tumpur | golèk manèh yèn bisaa | mendah dukane sang aji ||
6. ingkang padha nandhang brana | anak-anak lamun padha ngrêmbugi | kabèh ingsun gawa banjur | marang nagri Mandura | lah ta payo padha gawe atur-atur | ing laku nyata dinuta | ngaturkên sasrahan sami ||
7. kang kocap ing sayêmbara | pundhutane ratu ing Dwarawati | kêbo danu pancal satus | rata kancana ingkang | kusir dewa pangirit turăngga diyu | gamêlan kang muni tawang | patah dewa kang apêkik ||
8. kabèh-kabèh wus samêkta | myang pangarih widadari kang luwih | kêmbar mayang dewadaru | praptèng alas binegal | lan Si Wêrkudara ing sabalanipun | myang Si Arya Gathutkaca | sabalane ngadhang margi ||
9. watak Prabu Baladewa | wong bambang pring kaya-kaya yèn kêni | paekan atur kadyèku | sagunging pra santana | prasamya nut gêlare Sangkuni iku | sigra parentah ing bala | sadaya kang nandhang kanin ||
10. winot munggèng ing turăngga | pra santana winot ing tandhu sami | lampahe dinèkèk ngayun | Rahadyan Burisrawa | tumut tatu kamuk ing maesa danu | babak bundhas sariranya | dhêdhasar wus kuru aking ||
11. tumut tinandhu ing ngarsa | rêrendhonan sangêt rêndhêt nèng margi | sangking kèh rêrepotipun | kang sami nandhang brana | kunêng marga lamining lampahira wus | prapta sajawining kitha | samarga akarya warti ||
12. orêg samarga miyarsa | dene praptanira Patih Sangkuni | karusakan wadyanipun | binegal anèng wana | marang Arya Wêrkudara kang angrêbut | sasrahan kang katur marang | nagari ing Dwarawati ||
13. katur ing Sri Baladewa | langkung kagyat ing tyas wus nyipta runtik | mijil siniwèng wadya gung | sakapraboning aprang | Kyana Patih Pragota wus kinèn mêthuk | ngenggalakên lampahira | Rêkyana Patih Sangkuni ||
14. kapêthuk jawining kitha | wus ingirit manjing jroning nagari | sapraptaning alun-alun [alun-a...]
--- 72 ---
[...lun] | kang samya nandhang brana | kinèndêlkên galadhag mung ingkang laju | Radyan Arya Burisrawa | tinandhu marang ngarsa ji ||
15. lan sanga para santana | praptèng ngarsa Burisrawa sru anjrit | nungkêmi pada sang prabu | kathah sêsambatira | ingkang sanga nèng ngarsa samya ngrêruntuh | sagung Kurawa Ngastina | tan ana jênggèlèk siji ||
16. samya tumungkul sadaya | Kyana Patih Sangkuni api nangis | sarikutan ngusapi luh | Sang Prabu Baladewa | aningali Kurawa ing risakipun | anglênggêr wus cipta duka | jaja bang lir wora-wari ||
17. sumung-sumung mukanira | angandika hèh ta paman Sangkuni | umatura kang satuhu | paran purwane samya | dene kongsi nêmahi rurah kadyèku | Kurawa kèh nandhang brana | sintên kang sikorèng margi ||
18. matura ingkang pratela | natambêkanira Patih Sangkuni | pêgat-pêgat aturipun | pukulun sri narendra | inggih sangking tiwas kawula ingutus | ing rayinta Sri Ngastina | dene kongsi anêmahi ||
19. karisakan wontên marga | botên pisan sagêd kiwuling jurit | Sri Baladewa lingnya sru | inggih paman matura | kang satuhu purwane rusak kadyèku | Sangkuni aris turira | lampah kawula tinuding ||
20. ing rayi Sri Duryudana | ngaturakên pundhutan paduka ji | badhe sasrahan kang sampun | kocap ing kêkudangan | rata rukmi pangirit turăngga diyu | kusir dewa patah dewa | myang pangarih widadari ||
21. gamêlan kang munyèng tawang | kêbo danu satus kang pancal putih | sêkar mayang dewadaru | sampun angsal sadaya | ri paduka Kurawa samêkta sampun | sarta lawan Burisrawa | ingaturkên paduka ji ||
22. ing lampah botên prayitna | praptèng wana ginêtak sangking wuri | pun Wêrkudara pukulun | lawan pun Gathutkaca | sawadyane begal nubruk sangking pungkur | marma sangêt karisakan | tan antuk kiwuling jurit ||
23. gugup tinungkul sing wuntat | kathah pêjah lan kathah ingkang kanin | duk miyarsa sang aprabu | muntap ing kurdhanira | datan mawi sinaringan aturipun | dora lawan yêktinira | kabrana ing tyas ningali ||
24. dening rusaking Kurawa | sru ngandika hèh paman ywa kuwatir | sadaya ing risakipun | kula kang mulihêna | hèh Pragota Prabawa dandana gupuh | sadina mêngko budhala | marang nagri Dwarawati ||
25. sang prabu wusnya ngandika | ngawe titihannya sumaos ngarsi | dipăngga puspadênta wus | kawot kapraboning prang | wusnya budhal tan nganti wadyanirèku | gugup Ki Patih Pragota | miwah sagung pra dipati ||
26. budhal sangking cêndhakira | prajurite ingkang sarêng lan gusti | têngara urut dêlanggung | prajurit ing Mandura | ingkang kantun gugup ing siyaganipun | ting balêbêr nusul samya | sadaya kasmaran jurit ||
1 | Lebih satu suku kata: kunêng kang lagya lêlampah. (kembali) |
2 | Kurang satu suku kata: ambênêr tan ana ingkang angungsir. (kembali) |
3 | kagyat. (kembali) |
4 | gagra. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: duk rare wus pinacangna. (kembali) |
6 | riningsun. (kembali) |
7 | Kurang dua suku kata: yèn ingsun ora wêdia. (kembali) |
8 | Lebih satu suku kata: pramèswari iku ariningwang. (kembali) |
9 | Lebih satu suku kata: Nênggala Lugora gêming nata. (kembali) |
10 | kamot. (kembali) |
11 | Lebih satu suku kata: sakaprabon prang pupuh. (kembali) |
12 | dèrèng. (kembali) |
13 | linuwih. (kembali) |
14 | Lebih satu suku kata: kalawan kêris ingwang. (kembali) |
15 | Lebih satu suku kata: Prabu Baladewa sawadyanya. (kembali) |
16 | Kurang satu suku kata: duk prapta ing nagari Mandura. (kembali) |
17 | Kurang satu suku kata: wontên ing patamanan. (kembali) |
18 | Lebih satu suku kata: sol sêmpal kapêrapal. (kembali) |
19 | Lebih dua suku kata: marang ratunira sun arsa panggih. (kembali) |
20 | dipati. (kembali) |
21 | Lebih dua suku kata: praptèng păncaniti mulat Arya Sena. (kembali) |
22 | kang. (kembali) |
23 | Kurang satu suku kata: babak bundhas tlale nglangsur angalumpruk. (kembali) |
24 | Guru lagu seharusnya 12u: kêbo dimèn kêkinthil wurinirèku. (kembali) |
25 | Lebih dua suku kata: mila yayi prabu sampun awotsari. (kembali) |
26 | tumungkul. (kembali) |
27 | Natèng. (kembali) |
28 | Lebih dua suku kata: lampahira rêmpêg tan moncol sanyari. (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata: sangkêp kapraboning prang. (kembali) |
30 | Kurang satu suku kata: ing wuri ingkang nambungi. (kembali) |
31 | prabane. (kembali) |
32 | agni. (kembali) |
33 | Kurang dua suku kata: lah ta payo padha gawe atur-atur. (kembali) |