Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 035–065)

Judul
Sambungan
1. Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 001–035). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 035–065). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Kartapiyoga, Soetarsa, 1979, #174 (Hlm. 065–100). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 03-12-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Lajêng kacariyosakên:

Bêndhe ngungkung têngara budhalan. Untaping wadya katinon kadya manyar sasra solahe.

Sasmita nêdha gêndhing manyar sèwu.

Mungêl gêndhing manyar sèwu. Tumênggung Wirabangsa nyêmbah mundur. Rukmarata, Burisrawa capêng têrus bêdhol kalampahakên mangiwa sarêng kaêntas. Tumênggung Wirabangsa mêdal malih mandhêg lajêng tancêp. Capêng têrus ngawe-awe.

Ampyakan kalampahakên sarambahan nglangkungi tumênggung wau. Tumênggung bêdholan malik têrus kalampahakên mangiwa kaêntas. Patih Tuhayata mêdal saking têngên kalampahakên mangiwa dumugi têlas-têlasaning panggungan malik lajêng capêng ngawe-awe. Dipun langkungi ampyakan sarambahan. Nuntên bêdholan mundur kaêntas. Iramaning gangsa kalambanakên dipun sasmitani mawi kêprakan alon-alon. Jayasutikna numpak kapal kacêpêng asta ing têngên, asta kiwa nyêpêng ampyakan. Kapal kajogèdakên kupindha adhehan ing têngah-têngahing ampyakan saking têngên mangiwa. Têlasing panggungan têrus kaêntas. Tumuntên gêntos Patih Tuhayata, ugi kados patraping Tumênggung Jayasutikna. Rata sampun mirantos (tancêp ing têngah-têngah panggungan). Burisrawa lan Rukmarata mêdal saking têngên lumampah nuju dununging rata. Dumugi ing panggenan rata kapêtha lumêbêt. Rata kalampahakên. Gangsa kasêsêgakên ampyakan mêdal saking têngên mangiwa kaêntas. Kayon kapindhah ing sisih kiwa jêjêg, ampyakan mêdal malih saking têngên, dumugi cêlak kayon mandhêg. Gangsa suwuk dipun sambêt ada-ada grêgêt saut:

666666
Ri-dhuma-worma-nga-
66666x5x6
wor-a-worwu-rah-an
x2x11 1116 11
têngara-ningpra-ju-ritgong
11116x5x2x2x2
ma-gu-rugang-saO... têtêg
2221 11 1 1 x1x62 1
ka-dyabu-tul-amyang
111111
pan-ji-ri-tingtu-rang-
6x12222
gès-thirê-ka-taking-
22222x1
kangdwi-jalê-la-yu
6xx3x.x2x1x6x5
O ...

nDhodhog kothak rangkêp têrus ginêm:

--- 36 ---

*: "Alon-alon kanca alon. Ngarêp mandhêg kanca ngarêp mandhêg, mburi aja ngangsêg bae."

†: "Atho-atho atho!"

-: "Ana apa kanca kuwi ana apa kuwi."

†: "Jênèh wong prajurit baris kok nyambi udut. Barêng anu nyonyok kancane, lêngênku iki lho nganti mlênthing kaya ngene."

*: "Ngati-ati kanca ngati-ati."

››: "Lho lho lah priye ta kuwi priye wong nggawa tumbak kok ana ngisor iku piye. Mêngko yèn nyoblos wadhah brêkat rak drawasi."

-: "E e e e. Aja disumêt dhisik mriyême kuwi!"

››: "Sing nyumêt mriyêm kuwi ya sapa, ngèrèk kanggo udut ngene."

*: "Ora kanca iki piye ta wong prajurit mandhêg kok salang tunjang o a nurut komandho iki."

-: "Sing arêp ngumandho bae sapa wong komandhone lagi pamit. Sing makili manggon ana buri dadi ora wêruh rusaking dalan ngarêp."

x: "Lha ya ngongo kuwi èlèke wong dadi pêmimpin mung mbutut bae. Lha kumêndhane pamit ana apa iki?"

†: "Mau nganti muni têngara kapindho dak êntèni durung têka. Barêng dak jujul jêbul ora ana ngomah. Wis rong minggu iki lunga nyang nêgara liya jare nyambi bakul ngurusi dagangan."

››: "E èh ana wis dadi kumêndhan kok isih nyambi bakul."
Anggêr-anggêring nagara rak ora kêna mangkono."

Sabên gantos tandha têtêmbungan inggih gantos suwantên. Awit punika pêpanthan rêmbagipun tiyang kathah. Tandha ›› - tuwin namung nggambarakên bèntêning tiyang ingkang rêmbagan, kagaliha saprayoginipun.

-: "Bênêr kanca yèn duwe kapital ya apik ngono, lha yèn mligi blanja iya ora cukup arêp piye."

‹‹: "Ah ngono ki rak bênêrmu dhewe. Pancène mono rak ora ngono. Ora gampang wong suwita ratu. Pancèn abot. Lha kok disambi enak sakêpenake dhewe."

o: "Ngono kuwi padune kowe ora bisa nyambi-nyambi. Kok rewangana patuh ya tiwas abuh, kok rewangana mantêp ya tiwas kongsèp. Coba pikirên saiki akèh sing padha nggladrah malah kêrêp munggah. Sing kêrêp nglalu malah subur. Sing jujur malah kojur."

Pèngêt:

--- 37 ---

-: "Iya pancèn bênêr kuwi kanca bênêr. Ning kuwi rak dhèk êmbèn. Sadurunge ana tatanan anyar saiki, mangsane wis kudu gêlêm mawas pribadine dhewe-dhewe. Mula yèn kowe arêp mulang muruk ya tolèhên dhisik githokmu, kawula cilik ora susah kakehan omongan conto bae pêrlu. Mêsthi padha mèlu-mèlu."

››: "Ora kanca iki jane ngono arêp mênyang ngêndi ta iki?"

-: "We lha iki ana manèh prajurit mangan blanja sabên sasi kok ora ngêrti kuwajibane. Kowe iku prajurit apa. Lha kok bêlo mèlu sêton. Wêruh grubyug ora ngêrti rêmbug. Ya yèn kêtanggor wong kaya kowe iku, nêgara rugi nggone mblanja."

‹‹: "Yah mbok aja akèh-akèh ta kanca. Jare saiki iki jamane blak-blakan yèn ora ngêrti kudu takon. Aja mung anggêr nglakoni mundhak dadi pirantine pêmimpin sing golèk-golèk wae. Barêng takon malah kok erang-erang."

-: "Lha kowe mau mênyang êndi dhèk tampa dhawuh apa ngantuk bae. Mula yèn bêngi kowe aja mung katungkul sênêng-sênêng bae."

››: "Ora kanca aku ora lunga bêngi nanging esuk mau aku mruput mênyang sawah. Dumadakan dijujul kanca mburi jare ana têngara ngungkung. Aku banjur mulih. Saka kêsusuku anggonku dandan karo mlaku bêdhilku ndak kêmpit. Kari-kari ana dalan jêbul klèru tak arani klambiku jêbul gendhonge bojoku, sing tak sêngguh bêdhil jêbul alu, aku kêpêksa bali. Mula ora ngêrti dhawuh."

*: "Ha, ha, ha, mula suk manèh ki aja kêbat kliwat. Rungokna dak kandhani. Iki ngêmban dhawuh timbalane gusti pangeran dipati anom, ndikakake nitipriksa praja mbokmanawa entuk sisik mêlik ilange Kusuma Dèwi Irawati. Ngiras pantês nyêbar bayawara sayêmbara. Sing sapa bisa nêmokake sang dèwi arsa dipundhut mantu."

-: "Ah yèn ngono aku tak nglêboni."

‹‹: "Gundhulmu apêk, kowe bae arêp kumaki, coba mênyang êndi olèhmu arêp nggolèki."

-: "Ya digolèki nyang klithik-klithikan mbokmanawa dirombèngake."

››: "Kurang ajar. Lha iki kita kabèh didhawuhi ndhèrèkake gusti pangeran dipati anom. Amangka iki ..."

o: "E e, ngono ta nah rak ngono wong takon ki kudu butuh diwangsuli ora njaluk dierang."

x: "Mangka saiki dalane rusak, mula lakuning barisan mandhêg."

o: "Nyimpang, nyimpang kanca nyimpang."

-: "Ora bisa. Manêngên jurang cêrung èrèng-èrènging kali. Mangiwa tanduran pohung lagi sêmêrung."

o: "Lha ya ngiwa wae. Mêngko dijalukake ganti kapitunan."

x: "Aja-aja kanca aja. Rusaking tanduran ngurangi wulu wêtu,

--- 38 ---

kuranging wulu wêtu ora bisa asok pajêg, kuranging pajêg gawe rugining nagara wêkasan dadi ringkih. Mula dalan rusak kudu didandani."

o: "Iya kanca didandani. Disuwunake wragad kanggo ndandani dalan njur kanca padesan dikongkon gugur gunung. Mêngko wragad sing saka praja kita alap bêbarêngan."

-: "E, e, kanca aja, wis dudu papane manèh jaman pêmbangunan sêmêsta iki tumindak korupsi. Wis aja kêsuwèn ayo padha didandani."

o: "Kowe kuwi neka-neka, aku kabèh iki prajurit gawane tumbak pêdhang, bêdhil, canggah. Apa ya tumbak kanggo gêjug lêmah pêdhang dianggo bacok-bacok kayu."

-: "Kowe kuwi sing ora ngêrti. Pêthi mburi kae isi gêgaman têtanèn kapak, wadung, pacul, linggis, bêndho, kudhi. Mara enggal bukakên gêlis kanggo ndandani."

o: "Cara apa kanca kêpenake?"

-: "Nganggo cara gotong-royong ho lho pis kuntul baris. Sèwu barêng maju, satus barêng mutus. Ayo kanca ayo kanca."

o: "Ayo – Ayo – Ayo –"

nDhodhog kothak rangkêp ambal kaping 3 sasmita nêdha gandhing[1] srêpêgan.

Ampyakan kabêdhol kasolahakên natapi kayon. Kayon kabêdhol karêbahakên manêngên têrus dipun langkungi ampyakan.

Ampyakan mêdal malih saking têngên, kayun ing sisih kiwa katatap murambah-rambah lajêng karêbahakên mangiwa dipun langkungi ampyakan.

Ampyakan mêdal malih saking têngên malih, kayon sisih kiwa dipun tampi têrus kauncatakên mangiwa.

Ampyakan mêdal malih saking têngên kayon sisih kiwa katatap rambah-rambah lajêng nlusup salêbêting kayon.

Gangsa kasêsêgakên, kayon kalampahakên kêdhêr saking têngên mangiwa, wangsul saking kiwa manêngên ambal-ambalan. Pas dhawahing gangsa suwuk, kayon tancêp ing têngah dhoyong manêngên sakêdhik. Kasambêt sulukan pathêt Kêdhu.

66666 66
Mi-yatla-ngê-ningka-
x5x62222 2x2x1
lang-yana-glarpan-dam
x2x1x6x5x5x5x5x32222
muncarO .....ti-nonlirkê-
2x1x235x625
ko-nangsu-rêmso-rot-
55x5x32x2x3x5x2x3x5
etanpa-dhangka-sor
222x1x6x5x5x!x!x!x!x!x!x@x!x6x5x3!
lanpaja-ringO .....O .....pur-
!!!!x6x!
na-mèngga-ga-na

--- 39 ---

x2x1x1x6x5x3x2x.x3x5x62 2222 2x2x.x3
O.....dha-sa-remang-sa
1.x3x2x65x5x5x5x5x5222
ka-tigaO .....i-maa-
x2x1x2.2x3x5x63 5x5x.x3
na-wêngingu-jungan-
22x3x.x5x2x3x.x52 22
ca-laa-sênênkar-ya
22165xyxyxyxyxyxyxyx1x22
wi-gê-naO .....mi-wah
222x1x2q.xqxyxtx.xe(wetetytytet.ew)
si-ningwa-naO .....(umpak gêndèr)
222 22x1x2x1x2xy
wrêk-sagungti-nu-nu
x2x1x1111261211yetytweyy
O...umpak gêndèr

nDhodhog kothak rangkêp têrus cariyos:

"Lha ing kana ta wau, bidhaling wadya Mandraka untaping kadya robing jalanidhi, surak mawurahan ambata rubuh binarung karopyaking watang gathik myang pambêkèring turangga miwah pangêmprèting dwipangga. Gong bèri manguru gangsa, bêndhe têngara, thèthèk kaya butul-butula, yayah sundhul ing akasa kaya mbêlah-mbêlahna bantala. Songsong gilap payung agung sinêling rontèk umbul-umbul, dwija gêndera, kakandha lêlayu, adhêndhêng angêndhanu kadya mêndhung. Tumbak katon ngrangap lir jatingarang.

Panganggenira amancawarna katon saking mandrawa lir sêkar sêtaman sinêbar. Agolong-golong warna myang umbul-umbulira. Ingkang pêthak ngêmpal samya seta lir kantul nêba sarawa. Irêng ngêmpal samya krêsna lir gagak mangsa sawangke. Kuning ngêmpal samya puspita yayah podhang arêraton. Ijo wor lawan wilis tan pae kadi tanêm lagya gumandhung. Abang samya rêkta lir giri pawaka. Giri gunung pawaka latu, kadya gunung kawêlagar. Lampahira dhampyak-dhampyak angalun samodra. Katinon kadya sela brêkithi. Sela wus amastani brêkithi sêmut, kaya sêmut lumampah ing sela. Nalika sêmana lampahing wadya andhèrèkakên R. Rukmarata ingkang nitipriksa praja myang anyêbar bayawara sayêmbara ratu.

Lampahing wadya kêpalang rusaking marga, datan katalompèn sigra dinandanan. Saiyêg saeka kapti, gatong-royong[2] atunggil karsa."

nDhodhog kothak rangkêp kangge nyinggêt wigatining cariyos.

"Ênêngêna ingkang lagya pacakbaris. Gampange wong munggêl kawi. Kang pêrak ginawe adoh, adoh dèn pêrakakên. Ora kaya

--- 40 ---

[Grafik]

Pasewakan nagari Tirtokandhasan.

Prabu Kurandhagêni kaadhêp Patih Dhêndhawasesa, Tumênggung Jayapanigas lan Tumênggung Suryamèdêm.

--- 41 ---

kang ana dhangkaning rasêksa, nalika samana marêngi lênggah tinangkil. Katon saking mandrawa sumirat prabane."

Mungêl gêndhing (Ladrang Sumirat).

Mêdal patih sabrangan saking kiwa (ingriki namanipun Patih Dhêndhawasesa) nyêmbah malik, kalampahakên mangiwa, dumugi sisih kiwa malik nyêmbah lajêng tancêp. Ngasta raja rasêksa Prabu Kurandhagêni (ingkang kadumêl Kumbakarna) mêdal saking têngên, maspadakakên pasewakan patrapipun tangan ngajêng katêkuk sacêlaking mripat dados kados tiyang manawi nyawang sulap punika (lajêng tancêp ing têngên).

Gangsa sirêpan dipun sasmitani dhodhogan kothak rangkêp. Lajêng jantur:

"Punika ta warnanira ingkang wontên dhangkaning raseksa. Pundi ta karajaning diyu ingkang dadya kêkêmbanging carita. Inggih punika ingkang wontên Tirtakandhasan. Nadyan praja ingkang wontên dhasaring samodra, nanging datan kawon lawan ingkang wontên dharatan kalimrah. Pramila praja Tirtakandhasan dadya gêmpalaning carita. Wit satuhu praja ingkang linuwih. Dhasar amba jajahane, sugih bandha-bandhu. Sugih wadya kajèn kèringan samining praja. Ora amung wadya rasêksa kewala ingkang dêdunung, nadyan janma manungsa sawantah, bacingah lêlêmbut gêndruwo bêkasakan ugi tanpa wilangan. Sintên ta ingkang dadya jêjuluking nata ingkang angasta pusaraning praja Tirtakandhasan.

Inggih punika warnanira Sang Prabu Kurandhagêni, raja ingkang apaès diyu saprabata gêngnya. Palarapan saalun-alun netra lir baskara kêmbar, grana sacanthik baita gumbala lir bêbondhotan. Tutuk anjêgodhah kadya guwa. Waja rangah amadhas curi. Yèn pêtak pindha gêlap ngampar, sêga kadya gludhug. Yèn ngunandika gêrêng-gêrêng kadya singa antuk mangsan.

Nalika sêmana sang prabu ngagêm busananing kêprabon lênggah ing kursi pasewakan ngênguwung. Yèn cinandra kadi Sang Hyang Kala arsa nglêbur jagad. Animbali warangkaning nata Patih Dhêndhawasesa. Wus marak sang rêkyana patih amarikèlu yayah konjêm ing bantala wadanane. Sawêtara sang aji dèrèng imbal pangandika jroning cipta amung tansah èngêt dhatêng ingkang putra ing Kadipatèn Arya Kartapiyoga ingkang wus kalampahan andhustha Kusuma Ayu Dèwi Irawati. Amila kaya mangkana wijiling pangandika sang prabu:

"E lha dalah bojlèng-bojlèng iblis lanat jêjegalan. Patih mara dikapara ngarsa lungguhira bapa."

Patih: "Nuwun inggih dhatêng sêndika kangjêng sinuwun."

--- 42 ---

Dipun kombangi nurut iramaning gêndhing, pratandha janturan sampun têlas. Gangsa mantun sirêpan. Sawêtawis wêkdal lajêng kasêsêgakên têrus suwuk. Kasambêt pathêtan. Pathêt 6 wantah.

333333
Ka-rê-ran-tanron-tang
3x2x32x3x555
ran-tingrên-têng-ingtyas
5 5353x5x6x5x x3x6x5x3x26
gungka-tong-tonO .....ka-
6666 66x1x6
tê-tang-ipang-gran-tês
32x1x2x1x6322 22
ingO .....kal-bubrang-ta-
221x23x5x63
ningtyaskèk-sina-ra-
5 5322x3x52
wangka-wis-ta-rasu-
x.x3x52222x2x1x6
rêmku-cêm-ingwa-da-
56x6x6x6x6x61x2222
naO .....su-rêmku-cêm-
226x121 21216 x5x3(23565652532)
ingwa-danaO...umpak gêndèr

nDhodhog kothak lajêng ginêm:

Kurandhagêni: "E, he e. Bapa patih, kanthi raharja sowanmu bapa."

Patih: "Kawula noknon nuwun inggih sinuwun. Angsal bêrkah pangèstu paduka raharja pisowan kawula. Namung sêmbah pangabêkti kula mugi kunjuka sinuwun."

Kurandhagêni: "E e he, e. Iya ya bapa dak tampa. Pangèstuku bae tampanana ya bapa."

Patih: "Kawula noknon, nuwun inggih sinuwun sangêt ing pamundhi kula. Kula tampi tangan kalih kapundhi ing mustaka mugi amêwahana bawa lêksana kula, kawula noknon sinuwun."

Kurandhagêni: "Apa ora dadi kagèting atinira bapa sira piniji?"

Patih: "Inggih sinuwun, wantêr timbalan paduka botên kados dintên samangke. Gèk punapa kewala kang dados wigatosing dhawuh kangjêng sinuwun, kêparênga lajêng winêdharna. Kawula noknon nuwun inggih."

Kurandhagêni: "Ee, hee lha dalah. Bapa patih iya. Mula sun piji ingsun kêpengin mundhut palêpurane kaanane praja Tirtakandhasan priye patih nèm?"

Patih: "Kawula noknon. Kawontênaning praja paduka sakalangkung gêmah ripah tata raharja ngungkuli taun ingkang kapêngkêr, kangjêng sinuwun. Awit sadaya katata adil. Punapa kêdah anglangkungi pênyalur têtêp mawi cara antri. Dados sami angsal pangayoman tur sagêd waradin."

Kurandhagêni: "Ee he e, sokur patih sokur. Kajaba kuwi priye manèh patih kabare gustimu pangeran dipati anom Si Kartapiyoga, olèhe mantenan apa wis katon atut apa durung?"

--- 43 ---

Patih: "Adhuh gusti jimat pêpundhèn kula, inggih sêsêmbahan kula. nDadosna kawuningan bilih ingkang putra sampun kalampahan andhustha putri Mandraka pun Irawati. Nanging êngga samangke dèrèng sagêd atut."

Kurandhagêni: "Bojlèng, bojlèng iblis lanat jêjegalan. Lha gèk kurangane apa patih, mbok ya dijlèntrèhake dinar salatar, didiiming-imingi[3] pênganggo sing mubyar-mubyar, dijanji digawèkake loji sajagad, mêngko rak sêmrinthil. Kalumrah wong wadon lêlewa, nanging mangsa ora kagliyura. Paribasan wong wadon nabi dhuwit, iman jarit. Kuwi rak saka kurang pintêr ngglêmbuk bae patih."

Patih: "O, mbotên kadosa sinuwun sampun mbotên kirang-kirang pangrimukipun ingkang putra, ngantos dipun janji badhe dipun dandosakên krumpul ingkang mripat barleyan ingkang sagênthong-gênthong. Sêsotya mutiara ingkang sakêpêl-kêpêl mripatipun, nanging puguh mbotên purun, malah dhatêng pundi-pundi amandhi patrêm. Samangsa kagrayang ingkang putra badhe suduk sarira."

Kurandhagêni: "Ès, he a. Ora gênah krumpul mripat sagênthong-gênthong, ali-ali mripat sakêpêl-kêpêl. Mêsthi bae ora gêlêm. Nanging apa iya wanita ora kagiyur ing rajabrana. Lagi tumon iki aku patih?"

Patih: "Inggih sinuwun pancèn makatên. Malah ingkang dipun têdha punika, ingkang anèh-anèh."

Kurandhagêni: "Apa-apa pênjaluke patih?"

Patih: "Nêdha dipun wayuh tiga."

Kurandhagêni: "E lha mbok sawidak ta ambok disaguhi. Gene kok mayar bae. Ora susah dijaluk bae yèn butuh maru tiwas kêbênêran. Wong dipênging bae nekat jare malah nyuwun."

Patih: "Inggih sinuwun punika inggih dipun sagahi. Namung ingkang kangge maru punika nêdha adhinipun piyambak ingkang nama Surtikanthi lan Banowati. Pramila ingkang putra mbotên saranta lajêng bidhal dhêdhêmitan badhe nyidra pun Surtikanthi lan Banowati dhatêng praja Mandraka malih sinuwun."

Prabu Kurandhagêni kagèt dipun sêling ada-ada grêgêt saut Mataraman.

66666 66562
Kro-dhari-sangdi-yura-jamiyar-
1111x6x11111
saatur-ingpa-tiha-bangkangpa-
x1x65@x@x@x@x@!!!!!1
ni-ngalO .....wa-jaga-thikngi-git-
x1x65111 111161
i-gitja-jabangma-wi-nga-wi-
222222163.2165
ngaang-grolirsi-ngalupaO .....

--- 44 ---

Ginêm:

Kurandhagêni: E, eee, e bojlèng-bojlèng. Dadi gustimu Kartapiyoga wêktu iki wis budhal manèh bapa."

Patih: "Kaluhuran ingkang pangandika sinuwun."

Kurandhagêni: "Eh hm! Bocah pêngang. Landhêp dhêngkul pikirane, kathik ora gêlêm kandha wong tuwa. Apa kowe ya nayogyani bapa?"

Patih: "Kula nok non. Ingkang abdi botên tampi dhawuh sinuwun. Jêngkaripun kemawon wanci ratri, lancaran tanpa rowang.

Mila sêmunipun nglimpèkakên sagung para kawula tuwin para punggawa gusti."

Kurandhagêni: "Eh hm, bojlèng-bojlèng iblis lanat, bocah kuwi nèk bocah gêmblung. Ora idhêp yèn dilorobake. Ah hêm, nanging tarèn bae kok ora gêlêm ta nggèr Kartipiyoga."

"Wong maling kok bola-bali, langka yèn ora konangan. Eh! Ana bocah wadon têka sêmono pintêre ngêmpakake paeka, banyu iku wis lêmbut, têka isih kalah lêmbut karo akale manungsa. Piye patih apa kowe wis ngêrti marang sêjatining kêkarêpan iki."

Patih: "Kados taksih gaduk tuna gusti, kêparênga lajêng paring dhawuh."

Kurandhagêni: "Satêmêne panyuwune Irawati iku sawijining pakarti kang julig, anggone arêp ngarah patine Kartipiyoga. Nagara ingkang mêntas kataman mêsthi dikuwati panjagane. Gèk ujuk-ujuk Kartapiyoga têka arêp maling manèh. Rak padha karo kutuk marani sunduk ula marani gitik. Tan kêna ora mêsthi bakal kêcêkêl. Mula saka iku bapa, kowe aja wêdi kangelan lumawata mênyang praja Mandraka nganthia wadya pilihan sacukupe. Rangu-rangunên gustimu Kartapiyoga. Ora kêpenak rasaning atiku. Yèn wong Mandraka alok-alok kêmalingan enggal balia mênyang praja Tirtakandhasan, rumêksa têpis wiringing nagara aja nganti sing ngoyak bisa lumêbu.
Nanging yèn alok ana maling kêcêkêl tumuli byukana bathang sayuta, dimène gustimu bisa lolos. Wis patih enggal budhal sêlak karondhèn gawe."

Patih: "Kawula nuwun inggih sinuwun, ngèstokakên dhawuh nyuwun idi pangèstu."

nDhodhog kothak rangkêp ambal kaping 3 sasmita nêdha gêndhing srêpêgan. Patih nyêmbah mundur Kurandhagêni kabêdhol. Patih mêdal saking têngên tancêp sisih têngên capêng angawe-awe, lajêng ndhodhog kothak rangkêp pratandha nêdha sirêpan. Gangsa sirêpan. Patih ginêm:
"E, e, e, bocah wadya Tirtakandhasan."

Wadya: "Kula, kula, kula."

--- 45 ---

Patih: "Kowe kabèh padha mirantia gêgamaning yuda nêdya dak kanthi lumawat marang Mandraka mêmanuki lakune gustimu Radèn Kartapiyoga. Mangkat dina saiki ora kêna pamit."

Wadya: "Inggih sang rêkyana patih ngèstokakên dhawuh."

"Ênggèh sang patih ênggèh."

Patih: "Aja kêsuwèn ayo enggal mangkat."

Wadya: "Ênggih sumangga, inggih sumangga."

nDhodhog kothak malih tandha mantun sirêpan.

Patih kalampahakên mangiwa lajêng malik têrus wangsul manêngên. Tumênggung Jayapanigas mêdal saking kiwa kalampahakên manêngên kaêntas Tumênggung Suryamèdêm (Jayalawa) ugi kados Jayapanigas.

Rasêksa nyêrêng, Bragalba, Kala Pralaya lan Buta Terong ugi mêdal kados patrapipun tumênggung-tumênggung wau.

Tumênggung Jayapanigas kalampahakên saking kiwa manêngên kaêntas.

Lajêng mêdal saking kiwa manêngên, kêpapag Tumênggung Jayasutikna.

Gangsa minggah lajêng suwuk.

Dipun sambêt ada-ada grêgêt Mataraman.

6666666x5x62
E-kajijan-mama-nung-sabas-
111111111
ka-racan-drabu-wa-nara-tu
11111 6522x2x2x2x211
a-dila-mur-bèngratO .....ê-ning
1111x1x65111
ma-nung-galingdri-yatyasgê-lêm
111x1x612222
tung-galsa-ju-gakalu-wihsêk-ti
222x2x1xx6 32163
sangna-taO .....

Ginêm:

Jayapanigas: "I lha jagad dewa bathara. Durung watara adoh anggonku ngambah laladan Mandraka iki ana barisan siyaga ing yuda. Wadhuh-wadhuh ndhêndhêng kaya mêndhung. Gèk apa pêrlune prajurit-prajurit iki. Iki sajak têtindhihe ingkang ana ngarêpanku iki. He, he. Kawe[4] sapa ngakua ndak takoni. Apa pêrlune barisan iki. He, he, he, ... Êlo ditakoni jêbul mung pênthêlang-pênthêlêng ora mangsuli kathik malah saya sajak ngece. Mêsthine ora budhêg. Nanging apa sêbabe ora mangsuli. He, he, he. Ayo ngakua dak takoni."

Wirabangsa: "Jagad dewa bathara ya wayah bathara jagad. Sajêgku dumadi lagi iki aku kêpêthuk wong sing ambêg dêgsura murang tata. Ngabani wong kaya nggusah kidang mênjangan, tangamu[5] sraweyan, idune nyêmprot-nyêmprot. Nyêmproti marang dhadhaku kêlakon ana wong dadi bayangan. Ayo ngakua kowe wong-wong apa. Saka ngêndi lan apa gawemu?"

--- 46 ---

Jayapanigas: "Êlo! Ardawalepa têmên wong iki. Ditakoni durung sumaur gênti takon."

Wirabangsa: "Sakarêpku ta iki ana nagaraku dhewe. Ayo. Ngaku apa ora, yèn ora ngaku minggata."

Jayapanigas: "Toblas-toblas. Mapan têmên wangsulane. Iya, iya ngalahi. Yèn kowe takon aku, aku iki priyayi. Golèka sajagad ora ana papat sanêgara ora ganêp 5. Iya iki tumênggung dhug dhèng agul-agul Radèn Jayapanigas jênêngku, saka praja Tirtakandhasan. Kowe sapa ayo ngakua."

Wirabangsa: "Kowe Tumênggung Jayapanigas saka praja Tirtakandhasan?"

Jayapanigas: "Iya, lha kowe sapa?"

Wirabangsa: "Tambuh marang aku iki Tumênggung Wirabangsa iya Jayasutika saka Mandraka."

Jayapanigas: "E, tobat, e èh èh. Lha apa ing Mandraka kurang uwong? Kaya mangkono wujude kok diangkat tumênggung, lah aku ana Mandraka ngono rak ... kurup. Apêse bae bisa dadi patih. Wanita-wanita mêsthi padha lirak-lirik jowal-jawil. Hm ... ora Jayasutikna, iki dhapur kêbênêran. Pancèn niyatku arêp mênyang Mandraka gèk iki kêpêthuk kowe. Mula ayo larapna gustimu."

Wirabangsa: "Lancang pangucap priyayi iki. Ora gampang seba Narendra Mandraka. Kowe mêsthi têlik sandi upaya. Ayo nututa dak banda."

Jayapanigas: "Êlo. Tan kêna ginawe bêcik. Ora Jayasutikna. Kêna kowe mbalèkake sapa bae, ning yèn aku aja. Aku iki wong cêngkiling tandang mara tangan dhug-dhèng, digdaya, sêkti mandraguna. Mumpuni kaprawiran, guna kasantikan, kêmat kêmayan guna ingaguna kanuragan kasudiran. Mula mumpung durung kêbacut, aja mbok bacutake karêpmu."

Wirabangsa: "Ora susah kakehan rêmbug ora gêlêm bali kêlakon ana wong mulih dadi aran."

Jayapanigas: "We lha kêndêl wong iki. Wani ta kowe karo aku."

Wirabangsa: "Sing tak wêdèni apamu."

Jayapanigas: "Ora wêdi karo kasudiranku."

Wirabangsa: "Janji tak kêdhèpake ora ilang, ora wêgah ngrangkèt dhapurmu!"

Jayapanigas: "Klakon dak rêmêt utamanggamu."

Wirabangsa: "Kapara ngarsa. Sirna dening aku."

nDhodhog kothak rangkêp ambal x 3. Gangsa srêpêgan. Pêrang gagal.
1. Jayapanigas capêng cancut têrus ngancap, dipun tapuk glangsaran lajêng mundur.

--- 47 ---

2. Jayasutikna kabêdhol, tangan mêpêt majêng manêngên kalampahakên kaêntas.
3. Jayapanigas mêdal saking kiwa mlampah saking kiwa manêngên kaêntas.
4. Jayasutikna mêdal saking têngên mlampah mangiwa kaêntas.
5. Kêpanggih wontên têngah-têngah ulat-ulatan lajêng sambêran.
6. Kêpanggih wontên têngah Jayapanigas ngancap lêpat, ngancap malih endha, mungkur Jayasutikna kasêndhal tanganipun wingking mingêr-mingêr têrus kaantêm, klesedan. Dipun jambak katangèkakên dipun têmpiling, ambruk kajambak bucal.
7. Jayasutikna dhawah klesedan. Ngadêg. Jayapanigas dhatêng kaantêm dhawah klesedan, dipun candhak kabanting têrus kabucal.
8. Jayapanigas dhawah klesedan ngadêg, mlampah manêngên kapanggih malih, Jayasutikna dipun antêm marambah-rambah mbotên punapa-punapa, lajêng nolèh mlajêng tancêp ngunus kêris majêng malih.
9. Jayasutikna dipun jojoh lêpat, wongsal-wangsul mbotên kenging. Sarêng kenging dipun cuthat.
10. Jayasutikna majêng malih, dipun suduki mbotên punapa-punapa, lajêng ngantêm Jayapanigas klesedan têrus katêtêr, dipun dadah kabucal.

Gangsa kasêsêgakên Jayapanigas dhawah têrus mbrangkang mlajêng kawon.

Pèngêt: Caking pakêliran perangan ing nginggil punika namung ancêr-ancêr, sagêd kapanjangakên malih tuwin dipun ungkrêt, manut kobèt utawi nêsêging wêkdal. Manawi wêkdalipun taksih ombèr, badhe ndhawahakên gêgaman punika dipun damêl kawon rumiyin lajêng mandhêg têrus sumbar-sumbar.

Lajêngipun mêdal patih sabrang saking kiwa, Wirabangsa dipun antêm ambruk klesedan dipun jambak dipun dêgakên dipun antêm malih dhawah, dipun candhak binanting-banting têrus kabucal.

Mêdal Patih Mandraka mapagakên Patih Sabrang. Patih Sabrang dipun têmpiling njungkêl, dipun jambak kaadêgakên dipun antêm nggêblag kacandhak binanting kabucal.

Patih Sabrang dhawah klesedan ngadêg lajêng tancêp. Gangsa suwuk kasambêt ada-ada grêgêt saut kados kaca (30). Bab cakêpan sumangga, sagêd mawi sanèsipun Patih Sabrang capêng lajêng ginêm:
"Saundure Jayasutikna iki ana ingkang nrambul yuda sapa jênêngmu kêparat?"

Patih Mandraka: "Ayo amuk-amuk suramrata jayamrata. Aja maju

--- 48 ---

barênga mara. Ampyakên kaya wong njala rêbutên kaya mênjangan mati. Iki Patih Mandraka Tuhayata jênêngku. Kowe sapa ngakua mumpung durung sirna dening aku."

Patih Sabrangan: "Kowe takon aku. Iki warangka nata ing Tirtakandhasan R. Dhêndhawasesa jênêngku. Dak eman sarana bêcik balia kowe. Aja kok bacutake olèhmu ngalang-alangi lakuku."

Patih Mandraka: "Apa abamu. Ayo kowe kudu minggata, ra kêna ngambah laladan Mandraka."

Patih Sabrangan: "Saiki ora gêlêm mbesuk apadene."

Tuhayata: "Klakon sirna dening aku."

Patih Sabrang: "Sing ngati-ati lena pangêndhamu kêcandhak dak sabêtake prabatang ajur kuwandhamu."

nDhodhog kothak gangsa srêpêgan lajêng pêrang. Caking pakêliran sami kalihan nginggil wau, namung beda solah bawaning ringgit. Patih Sabrang kawon. Tuhayata dipun tututi Rukmarata dipun rangkul têrus sami tancêp Rukmarata ing têngên. Patih lan tumênggung ing kiwa ndhodhog kothak gangsa ayak-ayakan, têrus suwuk. Sasuwuking gêndhing ginêm:

Rukmarata: "Wadhuh priye sajake wa patih?"

Patih: "Sajak sampun sami bibar mawut radèn."

Tumênggung: "Wah inggih sami kesah sadaya katingal sami tatu, mêngsah kula wau kaglundhung ing got, mangka kêbak lêndhut. He, he, hik, angêncimit kados cindhil tikus."

Rukmarata: "Wah iya sajak wis kablasar, tan ana kari. Nanging aja kurang pangati-ati wa patih, ayo padha makuwon ngiras pantês ngangin-angin pawarta."

Patih: "Inggih radèn sumangga kula dhèrèkakên."

nDhodhog kothak lamba x 5 sasmita nêdha gêndhing ayak-ayakan sadaya sami bêdholan. Gunungan sami kalampahakên kêdhêr mangiwa manêngên ambal kaping 2 lajêng tancêp têngên dhoyong manêngên.

Gangsa suwuk. Sasuwuking gêndhing dipun pathêti pathêt lindur.

222 2212x3x5
Wrêk-sagungti-nu-nu
2x1x6x.x5x5.x5x5x5x5x5x.2222 2
O .....O .....ti-nonlirkê-
21x.x2x.x35x6355 5
ko-nangsu-rêmso-ro
5 .3 22x3x52x3x.x5
tetanpa-dhangka-sor
22 21x6x.x51 x1x1x1 1x2x1x.x6x5x3
lanpa-jar-ingO .....O .....
11x1x2
pur-na-mèng

--- 49 ---

!!x6x.x!@.x1x6x5x3x2x3x56222
gê-ga-naO .....dha-sar-
222x2x.x11x1x2x6
emang-saka-ti-ga
x5x5x5x5x5x52222x1x.2
O .....i-maa-na-wêng
3x5x635x5x32x.x3x2
ingu-jungan-ca-la
2x3x52.352222
a-sê-nênkar-yawi-
x2x1x6x.x56x6x6x6x6x6x1x222
gê-naO .....mi-wahsi-
22212x1x.x2xqxyxtxe(wetyttt.yyte.ew)
ningwa-naO....umpak gêndèr

nDhodhog kothak rangkêp lajêng kacariyosakên:

"Lah ing kana ta wau, rame pêrangipun wadya saking praja Tirtakandhasan miwah wadya saking Mandraka. Dêdêr-dinêdêr silih ungkih cinêngkah abên kasudiran, kadigdayan myang limpating ulah gêgaman, kaprigêlan myang kawaspadan. Swaraning wadya pating galêro. Surak mawurahan kang unggul ing laga. Gêrêng-gêrêng kang nandhang kanin, sêsauran lan pambêkèring turangga, pangêmprèting dwipangga, rontèk umbul-umbul kang samya sêbit, rame umyung gurnita pindha ambêlahna bantala. Panah pating sriwêt pindha gêrimis. Dhasar marêngi kêtiga ngêrak awis jawah. Blêdug mabul-mabul sundhuling ngawiyat, pêtêng ndhêdhêt lêlimêngan lir begowong.

Namung wadya saking Tirtakandhasan tan tanggon samya bubar mawut kabalasar ngupaya urip sowang-sowang. Sawênèh ana kang dhêdhêmitan lumaku dom sumuruping banyu, dadi têlik sandi upaya. Wadya saking Mandraka sigra makuwon mikuwati panjaganing praja.

Sasirêping paprangan ndungkap wanci tunggang gunung baskara wus mingip-mingip gantya ratri ingkang gumilir. Angin midid saya sêgêr ingkang kasilir-silir. Langit padhang ngilak-ilak. Dhasar marêngi mangsa kasanga.

nDhodhog kothak rangkêp gunungan kajêjêgakên, dipun sarêngi pathêtan.

Pathêt 9 wantah.

222222
Sang-sa-yada-lua-
222222
ra-rasa-byorkangba-
222121
tangku-mê-dhapti-ti
111111
so-nyatê-ngahwê-ngi
11 11111
lu-mranggan-da-ning
1x1x6x1x2x2x x2x22222
2222151111

--- 50 ---

pus-
pi-taO .....ka-rê-ngwaning
2
pu-dya-ni-raO .....Sang
2222321
Dwi-ja-wa-rabrê-ngê-
6x2x11111
ngênglirswa-ra-ningma-
11612x1x2x1xyx.xt
dubrang-taO .....

nDhodhog kothak rangkêp têrus ginêm:

Ênêngêna ingkang lagya makuwon, ganti kawuwusa ingkang wontên têngahing wanadri. Nalika samana samya kèndêl ing sawurining talaga (sasmita nêdha gêndhing Pangkur).

nDhodhog kothak mungêl gêndhing pangkur.

Kayon kabêdhol kawangsulakên dhatêng papanipun malih (nutupi simpingan têngên).

Mêdal Pamadi ing sisih têngên. Tangan ngajêng katêkuk dipun slêmpitakên panggenan dhuwung, tangan wingking kaumbar (pêpêthan kados nandhang susah). Mêdal saking têngên, Sêmar jêjogedan kalampahakên mangiwa, malik tancêp. Garèng mêdal saking têngên jêjogedan kalampahakên mangiwa dumugi wingkingipun Sêmar malik tancêp. Petruk mêdal saking têngên jêjogedan dumugi wingkingipun Garèng lajêng nyêmbah tancêp. Sasampunipun tumata lajêng ndhodhog kothak rangkêp sêpisan pratandha nêdha sirêpan. Gangsa sirêpan lajêng njantur:

"Lah punika ta warnanira kang lagya lêlana brata ing madyaning wana gung liwang-liwung. Marma awasta wana gung sayêkti amba angulak-ulak, tanpa watês têbih desa miwah praja. Liwang-liwung mapan tanpa ana janma manungsa ingkang dêdunung, isèn-isèning wana mung kêkayon kang gêdhe-gêdhe grumbul ri bêbondhotan, pênjalin têpus miwah pêpakis. Pantês dadya papan padununganing sato wana myang jim pêrayangan banaspati bêkasakan sundêl bolong glundhung pringis jrangkong miwah dhêdhêmit. Pramila winastan wana ingkang gawat kaliwat-liwat, wingit kêpati-pati. Bêbasan janma mara janma mati sato mara kang lumêbèng sirna.

Ewasamantên wontên sawênèhing titahing dewa ingkang asipat manungsa kêpati amêsu brata jroning wanadri. Sintên ta ingkang kêpati mêsu brata inggih punika warnane satriya panêngah Pandhawa, kêkasih Radèn Pamadi, inggih Kandhiwrahatnala, Dananjaya, Indratanaya. Marma kêkasih R. Pamadi wit punika panêngahing Pandhawa Kandhiwrahatnala bisa sipat jalu bisa sipat pawèstri. Dananjaya kaprawirane kinarya dêdana mitulungi ingkang samya nandhang prihatin. Indratanaya pinundhut putra S.H. Indra. Satriya ingkang bagus warnane tajêm polatane sêkti mandraguna prawirèng jurit tautate ngêntasi karya, sugih kasêktèn [kasêk...]

--- 51 ---

[...tèn] myang sugih gêgaman. Dhasar limpat mumpuni pangawikan antêng jatmika ing budi. Nalika samana sang binagus lagya nandhang prihatin wit saking pininta sarya ingkang uwa nata ing Mandraka Prabu Salya. Bundêring tekad giliging karsa tan kêpati wudhar sêmadine lamun durung ana wangsiting jawata ingkang tinampa. Ing madyaning wanadri amung arowang punakawan 3. Ingkang kêparêng ngayun Ki Lurah Sêmar, nyata samar wujude. Lamun winastan priya payudara kopèk, lamun sinêbuta wanita sêjatine priya, wong tuwa akêkuncung kaya bocah. Nayantaka polatane kaya wong mati Badranaya iku kang dadya kawitaning manungsa. Nadyan ala tanpa rupa Ki Lurah Sêmar satuhune iku jawata pêngawak janma. Tumuruning ing ngarcapada minangka tapa brata, dadya pamonging wahyu.

Ingkang wontên sawingkingira Ki Lurah Sêmar awasta Nalagarèng janma ingkang sarwa cacat. Sirah bundêr kaya bathok bolu mripat kera tangan ceko sikil gêjig. Kang sadaya amung minangka pralambang satriya ambêg utama. Kudu nduwèni sipat kaya mangkono. Sirah bundêr atêgês kudu darbe tekad bundêr awya nganti mangro tingal kalamun darbe kêkarêpan. Mripat kera, kudu tansah waspada ing sasolah kridhaning janma. Tangan ceko pralambang kêdah nyingkiri saking panggawe dursila jati. Suku gêjig kudu sarwa ngati-ati ing tindak. Sinambung wuri Ki Lurah Petruk iya kanthong bolong. Manungsa ingkang sarwa turah saking ukur. Pralambanging manungsa ingkang maambêg sinatriya kudu sarwa momot datan mutungan. Ala bêcik bisa kamot. Mila sarwa sumèh polatane. Nalika samana para punakawan sami kawêkèn ing driya, manah lêlampahanipun kang dhinèrèkakên. Sampun sawatawis mangsa datan kêrsa imbal pangandika sami judhêg wardayane. Amila kaya mangkana wijiling pangandika Ki Lurah Sêmar."

"O... "

Dipun kombangi pratandha janturan sampun têlas. Gangsa mantun sirêpan. Lajêng suwuk. Sasuwuking gêndhing dipun sêndhoni tlutur.

x1x!x!x!x@x#x!x6x5x3x5x3x511!!!
O .....surêm-surêmdi-wangka-
!x1x66656
raking-kinlirma-ngus-
666.x5x3x5x6x1x2x1x65551
wakangla-yonO .....dèn-
111 111 1x6x.x.x.
nyai-langing-kangma-
x13x3x5x5x535
manis-ewa-da-na-ni-

--- 52 ---

5x5x65321
ralan-duku-mêlku-
x2x311111
cêmrah-nyama-ra-ta-
x6x5x6x6x6x5x6x5x.x5x.x3x.x5x6x1x.x2x1x6x5x3x5x.111
niO...e...ma-rangsa-
111xyx1x.1x2x3x.x5
li-ra-ni-punmê-lês
x5x6x2x13222
de-ninglu-di-raka-
2x1x.x2x.x31111
wang-wanngga-nabangsu-
x1x1xy5x3x3x3x3(eeewteewe.q.ewt)
mi-rata...(umpak gêndèr)

nDhodhog kothak lajêng ginêm:

Sêmar: "Ee, ee bêgêduwêg saugêg-ugêg sadulita. Bêndara e bapa bêndara kula ndara mbok inggih paring nhawuh[6] dhatêng para abdi ndara. Ana adoh-adoh didhèrèkake jêbul têka ngalas diênêngake kaya ngene. Lha gèk lupat[7] kula niki napa ndara?"
Kula aturi paring dhawuh. Dadi kula niki wêruh têng luput kula. Yèn pancèn kula niki luput, kula aturi ndukani pun Nala Garèng ndara."

Garèng: "Ora gênah kakèkne kuwi. Wong sing luput awake kok wong liya dianggo korban."

Sêmar: "E ya bèn thole, butuhe ndara bèn paring pangandika. Bêndara paring dhawuh ndara, kula niki wong tuwa kok ndadak sampeyan nêngake. Yèn mbotên kangge nggih kêpripun karêpe sampeyan, kula mang têrke mulih têng nggone wong tuwa kula. nDara, ndara, pripun ..."

Garèng: "Ma! Kowe kuwi rumangsamu apa garwane ndara, njur kon mêgat ngono ta ma?"

Sêmar: "E, ae, ae. Saka judhêging atiku Garèng, nanging ndara ora kêrsa ngêndika. mBok kowe coba thole, majua rih-rihên thole bèn paring pangandika."

Garèng: "Hm, iya ma coba. Wong disuwuni dhawuh we angèl. Luwih-luwih yèn diêmpingi blanja. nDara, kula abdi paduka pun Cakrawangsa inggih Nala Garèng Pancalpamor. Sowan kula ngarsa namung nyuwun dhawuh pangandika ndara, kula botên nyuwun blanja. Ewadene diparingi blanja inggih purun, enggal ta ndara, wong mung disuwuni pangandika we kok angèl. nDara, sithik mên ta êmpun trima. Hm, mbok enggal ta ndara gage mèsêma sadlerengan ngêndika sakêcap kangge jampining branta yayi."

Sêmar ngglandhang, Garèng saking wingking kalihan nyêntak-nyêntak.

--- 53 ---

Ee, e bocah thik kaya kêsurupan, ndara Pamadi jare dingungrum. Wis ora bisa ya uwis, kene mburi kene."
"nDara gèk lêpat kula niki napa, lae, ae ae. H i i i ae ae ae (Sêmar nangis).

Garèng: "Hu, nghu nghu! Kêbangêtên awak mami. Hu–u–u. Hu–u–u."

Petruk ura-ura Dhandhanggula lagu macapat.

"Aja sira edan marang dhuwit, rèh dursila kedanan mring donya, wong urip mung lèrèn ngombe, apa kalamun lampus, datan nggawa dhuwit sarêpis, lawan datan mikul donya, toging akhiripun, tarlèn amung badan sapala,[8] kang binukti manunggal ibu pêrtiwi, mulih mring mulanira."

Mirêng punika Sêmar nêsu, Petruk dipun têkak, dipun ungêl-ungêlakên.

E! Ana manungsa ora duwe rasa rumangsa kaya kowe bocah ora gênah. Wong kok ora angon mangsa. Gênah bêndarane lagi nandhang susah lha kok loap-laop sasênênge dhewe. Ayo munia manèh ora kêlakon mati tak têkak kowe. Gage munia manèh.

Petruk kèndêl kemawon sarêng sampun dipun culakên têtêmbangan lagu orèk-orèk dipun sarêngi gangsa:

"Nunggang becak cêklèk rodhane, tuku pêlêm kanggo rujakan."

"Jaragan èlèk rupane, yèn ra gêlêm ya aja nyawang."

Salajêngipun cakêpanipun sumangga. Kintên-kintên 3 utawi 4 gongan. Sêkawit Sêmar nêsu sangêt. Petruk mbotên prêduli têrus kemawon. Dangu-dangu Sêmar malah njogèti têmbangipun Petruk. Dhawah gong lajêng ginêm:

Petruk: "Eh kakèkne, kakèkne. Wong ki nèk wong tuwa tuwas kakehan umur isine ampas, tiwas kakehan lèhe ngêntèk-êntèkake bêras. Mulane aja mung anggêr muni ngono ma, wong sêngit ndulit, gêthing nyandhing. Coba pikirên!"

Sêmar: "Jênèh wong dipênging nêkat wae, ya mèlu sisan. Katimbang ora wurung dak pênggaka ya tiwas ora paedah."

Petruk: "Ah tujune kowe kuwi ora dadi pêmimpin. Anua rak ya ora karuan. Apa ta ma kowe karo wakne thekle padha tangisan kuwi?"

Sêmar: "Kowe kuwi kêpriye thole, gênah bêndaramu wis pirang-pirang dina ora gêlêm ngêndika. Wis adon-adon didhèrèkake têka kene kok ngono. Aah, hu ae ae."

Garèng: "Hu, hu, hu."

Petruk: "O alah Rèng mbok aja nangis mêngko dilayat uwong diarani omah kobong. Wong nangis kok kênthong 3 hu hu huk."

--- 54 ---

Garèng: "Kowe kuwi sing ora duwe udêl. Ana ndarane susah ana wong mèlu nangis malah diêlok-êlokake."

Petruk: "Susah kuwi sing gawe susah kowe apa rama?"

Garêng: "Yèn rumangsaku aku ora."

Sêmar: "E, aku ya ora rumangsa thole."

Petruk: "Yèn padha ora gawe susah, kene-kene padha omong-omong.
Sing susah ya bèn ditêrusake sing bungah ya bèn tutug!"

Garèng lan Sêmar malik lajêng ajêng-ajêngan kalihan Petruk. Pamadi dipun singkur.

Petruk: "Lha kowe padha ngêrti sêbabe apa ora?"

Sêmar: "E e e e, ora ngêrti thole."

Petruk: "Lha kuwi kowe yèn mèlu susah ki luput. Mèlu bela sungkawa kuwi yèn ngêrti sabab-sababe. Balik ora ngêrti? Mula ngrasakake sing dirasakake apa? Mangka bêndara ora paring dhawuh apa-apa. Ya bèn susah, bèn disangga dhewe. Sokur yèn kuwat. Aku kowe ki kabèh apa ta? Wong mung batur. Têgêse pangêmbating catur, ora diajak rêmbugan apa-apa kok cawe-cawe iya yèn kêbênêran."

Garèng: "Ya iki Ma. Tak gagas kok bênêr kuwi."

Sêmar: "Ya pancèn bênêr thole. Lha nanging ..."

Petruk: "Nanging apa? Ya wis bèn. Wêwadi kang tansah kinêkêr ing ati, kuwi dadi racun. Yèn akèh gembolane dhadha mangsa kuwata. Ora wurung kêtrajang lara. Kamangka ngèlmu, gagasan jangka kêlakone kudu nganggo laku minangka sarana. Ngèlmu kudu dilakoni gagasan kudu digayuh panjangka kudu dijangkah. O ... Tangèh tangèh tangèh kêlakone. Ora ana barang têka dhewe. Yèn barang têka dhewe mung disangkani saka mênêng bae, mbok ya ora susah nyang alas. nDhogros ana ngomah wae rak cukup. Ora kêdhungsang-dhungsang nasak alas ri bêbondhotan ngglundhung kaya mangkene ..."

Dipun singgêt mawi pathêt sanga jugag. Pamadi kapranan ing galih.

yyyyyy
As-car-ya-Par-ta
yyyyyy
kas-sanmu-wahhê-ka-
yy2111
ta-nayekaWi-sang-gê-
111 1111
niSangHyangI-suPradip-
xyx1216x.x1x6x6
taO...

Têrus ginêm:

Pamadi: "Petruk! Ora ngira yèn rupamu kaya mangkono duwe panêmu kang samono jêrone. Mara majua mrene Petruk sun paringi ganjaran."

--- 55 ---

Petruk ethok-ethok mbotên mirêng ngêndikanipun Pamadi taksih nêrusakên rêmbagipun.

"Mula ya Rèng, ma, yèn duwe kêkarêpan kang têmtu, iya kudu diangkah mamrih kêlakon lan ditindakake. Aja mung kandhêg ana gagasan. Yèn kira-kira ora kuwat dhewe, nganggo mbutuhake bantuan iya dilairake mênyang sing diwawas bisa mbiyantu. Aja mung mênêng thok. Sapa sing ngêrti butuhing uwong. Sapa wêruh gagasaning liyan?"

Pamadi: "Petruk. Mara majua mrene Petruk. Gêdhe bangêt panarimaku, dene kowe kang narbuka pênggalih ingsun."

Petruk taksih badhe nglajêngakên rêmbagipun.

Petruk: "Lha iki ..."

Garèng nyêla: "Truk, gênah ditimbali bêndara ngono kok crigis wae."

Sêmar: "E iya thole galo bêndaramu wis kêrsa ngandika."

Petruk taksih badhe nekat omong malih:

"Lha saiki anu ... anu kang Garèng."

Pamadi: "Petruk kawe aja nggugu karêpmu dhewe. Mara majua mrene."

Petruk: "Ah mbotên, mbotên. Kula mriki mawon. Kula mbotên napa-napa mung omong kalih kang Garèng kok."

Pamadi: "Mara mrenea tak paringi ganjaran Petruk!"

Petruk: "mBotên mbotên. Kula mbotên nyuwun kok."

Garèng: "Mara ta kana. Diparingi we kok lengkak-lengkok kaya ditari rabi."

Petruk: "Êmoh kang Garèng ora wurung kuwi mêngka[9] dipotong gajih. Arak cilaka mbokne Kamiyêm."

Pamadi: "Kowe ora pêrlu kuwatir yèn dipotong Petruk, iki ganjaran mirunggan."

Petruk: "mBotên, mbotên, ndara kula mbotên bêtah kok saniki."

Pamadi: "Yèn mêngkono ênya Garèng tampanana ganjarane Petruk."

Garèng: "Wah matur nuwun ndara. Wak awak yèn lagi bêgja kok lèhe nggambil iki alamate olèhku ngimpi dirubung siwur. Matur nuwun ndara."

Garèng nampèni lajêng wangsul linggih malih.

Petruk: "Pira Rèng?"

Garèng: "Pira mung têlung lawe no kok."

Petruk: "Sêparo edhing lho."

--- 56 ---

Garèng: "Kowe ki mêndêm pa piye. Mau êmoh saiki njaluk bagean."

Petruk: "Sirku bèn mêngko bae nèk liwat ngwarung ngono lèhe maringi. Mêngko rak butuh. Yèn saiki dianggo apa dhuwit. Wong ora ana wong dodol."

Sêmar: "Iya iya thole prayoga padha diêdum."

Garèng: "Iya ta wis mêngko gampang."

Pamadi: "Kakang Sêmar, Nala Garèng lawan kowe Petruk."

Sêmar: "E wontên ingkang dhawuh ndara!"

Garèng: "Dhawuh ndara!"

Petruk: "Wontên dhawuh punapa ndara?"

Pamadi: "Mula bênêr kandhamu Petruk yèn ngandhut wêwadi iku lawas-lawas dadi racun. Mula mangkono, mêngko padha rungokna ndak jarwani."

Sêmar: "E ênggih." Garèng: "Ênggeh ndara."

Petruk: "Inggih pripun."

Pamadi: "Mula susah rasaning atiku, sêjatine sapungkurku saka Mandraka kae rasaning atiku tansah ora kêpenak ..."

Petruk: "Rak tênan ta. Marakake ndara Banowati kae ya lèhe kênès gonas-ganès, gandês luwês grapyak sêmanak. Mèmpêr yèn ndara Pamadi selalu terkenang-kenang wajahmu ... O remember ... my ..."

Garèng: "Kowe kuwi kok mêsthi ngono tak Truk."

Petruk: "Mêsthi bae iki kok kang Garèng."

Pamadi: "Mungguh sabab-sababe ora liya anggonku diminta sraya ngupadi murcane kakang mbok Irawati. Mangka nganti sawatara durung antuk sisik mêlik. Gèk priye kakang Sêmar iki. Apa kêlakon mulih tanpa kasil."

Garèng: "Hara rak kliru ta Truk pambatangmu."

Petruk: "Ning rak ana sambung rapête ta kang Garèng."

Sêmar: "E, ee, ee, bêgêgêg ugêg-ugêg sadulita. E gene adate anggêr sêmèdi sêpulah mênit mawon êmpun entuk wangsit. Napa niku durung entuk ndara?"

Pamadi: "Nadyan ana wangsit nanging kosokbalèn karo karêpku kakang Sêmar. Niyatku durung pati-pati mulih yèn durung amboyong mbakyu Irawati. Mangka sasmita sing dak tampa aku didhawuhi enggal bali nyang Mandraka. Kêpriye panimbangmu kakang Sêmar?"

Sêmar: "Yèn sakecane nggih nuruti wangsit niku. E mbokmanawa yèn Irawati mbakyumu taksih èntên Mandraka?"

nDhodhog kothak nggantêr kalihan dipun suluki ada-ada grêgêt saut.

--- 57 ---

222222
Ka-dang-mupa-dhawa-
22221.21
rah-êndènbê-cikbe-
1111.65x@x@x@x@x@x@x@
suka-mên-dhêm-aOoooo
!!!x1x6x511
ba-risprayitnaaywasa-ran-
11111112x6x1
tawongingDwa-ra-wati
222222
ti-num-pês-anwiti-
22222x2x.x1
kupê-nga-wakPan-dha-
6x1x1x1x1x1x1x6x1
waOoooo

Lajêng dipun sambêt cariyos:

"Kasigêg anggènnya imbal pangandika Rahadyan Pamadi miwah panakawan, katungka dhatêngipun barisaning yaksa saking Tirtakandhasan ingkang laku dom sumuruping banyu. Katinon pating galidrah marêpêgi dumununging R. Pamadi."

"Kakang Sêmar, Nala Garèng apadene Petruk. Mara padha sumingkira iki sajak gêgrumbulan obah-obah kaya ana bêbaya."

Sêmar, Garèng, Petruk: "E ênggih. Ênggih. Inggih."

Lajêng sami bêdholan kapindhah sawingkingipun R. Pamadi. Gangsa têrus srêpêgan (prang sanga). Danawa nyarêng mêdal saking kiwa kasolahakên mêncak-mêncak lan sêlat jêjogedan sangajêngipun Pamadi. Ngiling-ilingi lajêng mlumpat manêngah, ngiling-ilingi saking kiwa lajêng mlumpat mangiwa malik lajêng ngiling-ilingi malih saking ngajêng. Tanganipun Pamadi ingkang wingking katêkuk kados nyandhak ukiran dhuwung.

Rasêksa nyarêng mundur malih awe-awe tancêp lajêng capêng. Gangsa kasêsêgakên lajêng suwuk. Togog lan Bilung nusul ing sawingkingipun, lajêng kasambêt ada-ada grêgêt.

@@@@@@
Ridhuma-worma-nga-wor-
@@@@x@x!1 11 1
a-worwurahantêngara-ningpra-
165x@x@x@x@x@x@!!!!
juritOooogongma-gu-ru
6x%1111
gang-satê-têgka-dya
11612 222
bu-tul-amyangpan-jrit-
222222
ingtu-rang-garê-ka-
2x2x16 1!!!!!!
taking-kangOoooo

Lajêng ginêm:

Rasêksa: "Ih bojlèng-bojlèng, Gog. Iki ana wong baguse kaya ngono Gog. Iki wong apa dudu Gog?"

Togog: "Uwong ngotên kok niku."

Nyarèng: "Apa sing gandane ngambrat-ambrat saka kadohan Gog?

Barêng têka kene saya nggambrat.

--- 58 ---

Togog: "Ênggih. Niku lisah jêbat kasturi."

Nyarèng: "Wadhuh! Wadhuh! Wadhuh! Ana wong mung baguse kuwi Gog. Mripate kuwi kaya mripatku ya Gog?"

Togog: "Ênggih."

Nyarèng: "Irunge mbangir kaya irungku ya Gog?"

Togog radi dangu sawêg mangsuli santak. "Ênggih."

Nyarèng: "Gulune ngolan-olan kaya guluku ya Gog ya Gog."

Togog mangsuli santak: "Ênggih-ênggih."

"Wong ki nèk ora ngilo. Ya ora ngêrti awake dhewe."

Nyarèng: "Upama dijèjèrake aku, kiraku bêndaramu radèn ayu bingung olèhe milih ya Gog?"

Togog: "mBotên, mbotên bingung. Yèn wong niku mêsthi dipêpêtri, nèk sampeyan patute diênggo sèndhèn wong ngêmis."

Nyarèng nêsu kalihan nabok Togog.

"Kurang ajar! Coba tak takonane ya Gog."

Togog: "Ênggih."

Nyarèng: "Satriya ngêndi omah sapa jênêng, ngêndi omah sapa jênêng ngukaa-ngukaa[10] satriya, ngakua. Èh: sajake budhêg apa bisu Gog, mênêng wae ora mangsuli."

Togog: "Takon kaya wong tawa ngotên. Sing cêtha mêngke rak mangsuli."

Nyarèng: "E, e, ee. Satriya ngêndi omah sapa jênêng? Ngakua. Ngakua satriya?"

Pamadi: "Kakang Sêmar iki ana danawa kang mrêpêgi aku. Coba, takonana duwe sêdya apa."

Sêmar: "Ee, e ae. Ênggih. Nala Garèng, coba takonana?"

Garèng:"E eh ngono wae linambatan. Iya coba tak takonane."

Garèng majêng kalihan dolanan montor cilik.

Montor-montor cilik sing nunggang mblênêg. Lungguh lênggat-lênggut ngantuk liyat-liyut, mak gragap nèng têngah krêtêg. Ana grobag mandhêg, grobage isi babi, ambune ra patèk wangi. Pak gêdhe cungar-cungir, babine jêdhar-jêdhir, montore engak-engok, babine sênggrak-sênggrok. Ngok, grok, ngrok grok. Lajêng ginêm:

Nyarèng: "Iyah ah ah ah. Iyah ah ah ah. Iki apa Gog, rupane ora mingsra suwarane apik Gog. Cêkêlên digawa mulih kanggo kêlangênane gustimu radèn ayu."

Togog: "Wah niku ampun ditanggapi niku. Niku jalma manungsa lumrah ning adane larang barang-barang mula sarwa cupêt tur tambalan kabèh."

Nyarèng: Hm lah dalah. Iki ya uwong ngono Gog?"

--- 59 ---

Togog: "Ênggih. Jane ngotên niku ponakan kula dhewe, ning mbotên sotah ndhaku."

Nyarèng: "Kuwi ya duwe jênêng Gog."

Togog: "Cobi kula aturi ndangu."

Nyarèng: "Ee gus kowe jênêngmu sapa omahmu ngêndi? He gus."

Garèng: "Aja ngênyèk kowe buta ora gênah, rupa kaya ngene jare diundang gus. Yu nyèk mi."

Nyarèng: "E bisa tata jalma. Sapa jênêngmu ngêndi omahmu he ngakua dak takoni."

Garèng: "Nala Garèng saka Madukara, kowe sapa buta dhangkamu ngêndi."

Nyarèng: "Kala Praceka saka Tirtakandhasan."

Garèng: "Kala Praceka saka Tirtakandhasan? Lha kok yahmene wis têka kene iki mangkatmu jam pira. Apa nginêp nèng Tirtonadi?"

Nyarèng: "Aku ora ngêrti Tirtanadi ki ngêndi. Lan kowe ora pêrlu ngurus budhalku."

Garèng: "Wong padha tirtane sirku yèn liwat kana. Lah Tirtamaya ya ora liwat kana."

Nyarèng: "Aku ora ngêrti."

Togog: "Êmpun, êmpun. Ampun ditêrusake niku mêngke dugi pundi mawon. Wong niku cah sêtêngah."

Garèng: "E! Niki wau sampeyan ta wa. Rak nggih sugêng ta wa."

Togog: "Slamêt. Kowe ya slamêt ta?"

Garèng: "Ênggih pangèstu sampeyan wa wilujêng. Wah saniki sampeyan kok makmur ta wa."

Togog: "Gênah kok, tanah nggonku ora kurang barang-barang. Lha kowe kuwi kok ajêg wae ta Rèng. Anggêr aku kêpêthuk ya têtêp kaya wujudmu saiki iki. Sandhanganmu gantung kêpuh. Ambumu nganti lêdhis."

Garèng: "Ênggih kok wa lha wong tuku sabun mawon direwangi antri-antri dospundi."

Togog: "Ênya tak wènèhi dhuwit kana gèk lungaa mundhak ngambon-amboni."

Garèng: "Matur nuwun wa. Ning niki kula caosakên wangsul êmpun kirang pangapuntên. Kula ala rupane nggih mèn, ning jiwa sing bêcik kula rêgêm têrus."

Togog: "E eh. Ora arêp ta iki. Wandamu kaya kere ngono wae kathik pêrwira têmên."

Garèng: "Ênggih kok wa nyuwun pangèstu mawon sagêda têrus nglampahi."

Togog: "Iya, iya. Anakmu wis pira saiki?"

Garèng: "Sêkawan wa mbajêng sadaya."

--- 60 ---

Togog: "Ora gênah dhapurmu kaya ngono payu rabi papat."

Garèng: "Sing dadi sanès rupane kok wa. Ning bêbudène, kêlakuane lan atèn-atène."

Togog: "Iya. Petruk kae ya isih?"

Garèng: "Taksih wa. Ning mêsakake dhèk êmbèn mêntas kêpatèn."

Togog: "Mêsakake. Ênya aku nyumbang belasungkawa Rp 500. Wênèhna ya."

Garèng: "Ênggih ning nèk botên purun wangsul gih wa."

Togog: "Eh wong mung diwènèhi bae thik kaya dol tinuku. Iya bali ya bali."

Garèng: "Truk. Ni lho dicari sama papi."

Pêtruk: "Papi-papi sing êndi ta Rèng?"

Garèng: "Wis ta majua iki lho papik tamba kêmbar."

Petruk: "Tambar kêmbar piye ta Rèng sêmbrana."

Garèng: "Mata amba, cangkêm jêmbar." Kalih mundur tancêp ing sawingkingipun Sêmar.

Togog: "Cah edan! Wong tuwa jare dianggo dolanan."

Petruk mêdal kalihan têtêmbangan lagu Campur Sari.

Sore-sore nèng latar akèh kancane, rame-rame dha dolanan sakarêpe, kanca ayo kanca, aja dha sambrana, kliling mubêng desa. Lha wong kowe we we sing marah-marai, mêntas saka toko mèrêk Simplèk nganggo bêrko.

Minggir mas, minggir, mlipir mas mlipir, lihatlah aku menari, tari Gêmbiraloka. Pe tape kêtan tape jali. Pe tape kêtan, tape jali. O yès, e mambo. Wong-wong padha gumun mandhêg nyawang montorku din, din, din, din, din, din.

Nyarèng: "Iyah ah ah ah ah! Ya ah ah ah. Tobat, apik-apik. Apik bangêt kang dhuwur apik. Manèh, manèh kang manèh. Aku sênêng, manèh aku sênêng."

Petruk: "Piye. Kowe akon manèh. Baturmu apa aku? Anggêpmu."

Nyarèng: "Mêngko ta opahi kang manèh, manèh."

Petruk: "Piye arêp ngopahi? Kok anggêp aku iki Petruk turut pasar kae apa? Rumangsamu."

Nyarèng: "Ê lo, nêsu Gog."

Togog: "Ngatos-atos nika saya botên trima sêtêngah, malah mung sêprapat kok. Niku sok tandang mara tangan."

Nyarèng: "Ora-ora kang aku, ora."

Petruk: "Ora-ora apa. Aja kok padhak-padhakake nèng nêgaramu. Tanah Jawa ki anggone wong prêwira. Iya wong sing uripe prasaja gêlêm menderita ngene iki wong sing jujur. Ora gêlêm korupsi ora doyan rêruba, êmoh ngurangi hake sapadha-padha. Aja mung nonton wujud. Ayo munia manèh."

--- 61 ---

Togog: "Uwis-uwis le uwis. Lurahku sing luput sing gêdhe ngapuramu."

Petruk: "O, my tante wilujêng tante."

Togog: "Slamêt kowe rak ya slamêt ta le?"

Petruk: "Pangèstunipun tante?"

Togog: "Sing mati dhèk êmbèn sapa, bojomu apa anakmu?"

Petruk: "Lha kok tante pirsa?"

Togog: "Sing kandha Garèng, malah sumbanganku wis dak titipake dhèwèke?"

Petruk: "Wah, ênggih, tiyang yèn lagi apês, grêmis-grêmis pêtêng ndhêdhêt, ora duwe rèk gèk kêpatèn lampu."

Togog: "Ora gênah. Kêpatèn lampu bae tak sumbang Rp 500.-

Bilung majêng kalihan wicantên:

"Kamu ulang apa, ayo pigi, pigi tidak boleh disini. Ayo pigi."

Petruk: "Bocah iki ngapa. Aku ora tau utang kowe kok nagih."

Bilung: "Kamu ulang buluk, halus pigi, ayo pigi."

Petruk: "Lèhku utang urang sêbêruk iki dhèk kapan?" "Kêpêthuk bae lagi iki kok utang?"

Bilung: "Ayo pigi jangan disini ayo pigi."

Bilung kalihan ngantêmi Petruk.

Petruk: "Eh bocah ki gèk ngapa nagih kok nêkat bae, ora ana wong utang jangan barang ditagih. E lho, e lho. Ki bocah apa iki. E lha kok ngantêmi. Hik kowe."

Bilung dipun uyêg borokipun nangis kalihan mlajêng.

Petruk: "Lha, diuyêg boroke wae rak nangis nggolo mbrêbês mili. Ora buta kowe jênêngmu sapa, omahmu ngêndi arêp apa?"

Nyarèng: "Aku Kala Praceka saka Tirtakandhasan pacakbaris njaga alas kene ora kêna wong lumaku ing kene. Mula kowe kabèh kudu bali. Bali ora kêna mbacut."

Petruk: "nDaraku kae ya kok balèkake."

Nyarèng: "Ora pandang sapa bae, kudu bali. Yèn nekat mati tak sêmbadani."

Petruk: "Kêna kowe mbalèkake sapa bae ning nèk bêndaraku kudu kok lilani."

Nyarèng: "Ora kêna. Kudu bali."

Petruk: "Kowe wani."

Nyarèng: "Tak wêdèni apane."

Petruk: "Sing ngati-ati. Mangga ndara mbotên kêna dirêmbug apik-apikan mangsa bodhoa."

Dipun singgêt mawi ada-ada jugag.

--- 62 ---

@@@@@@
Ridhuma-worma-nga-wor-
@@@@1x2x1
a-worwu-rahantê-nga-
2! !! !165x2x2x2x2x2x21
ra-ningpra-juritOooogong
111x6x5111
ma-gu-rugangsatêtêgka-
111 616%@@
dyabu-tul-amyangpan-
@@@@@@
jrit-ingturang-gès-thirê-
@@x@x!^x!x!x!x!x!x!x!
ka-takingkangOoooo

Lajêng ginêm:

Nyarèng: "He-, Satriya sapa jênêngmu ngêndi pinangkamu. Nakua[11] tak takoni."

Pamadi: "Ora duwe jênêng lan ora duwe omah. Aku kêkasih Radèn Pamadi saka Madukara pinangkaku. Buta apa pracekamu ngêndi dhangka."

Nyarèng: "Ih lha dalah. Ladak lirih satriya iki. Kala Praceka saka Tirtakandhasan. Satriya kowe kudu bali ora kêna mbacutke laku."

Pamadi: "Ora ana gawar kênthènge."

Nyarèng: "Êndhasing buta pating jênggèlèg."

Pamadi: "Wani nyepak kêduga nyandhung, rambut nggubêt ing sikilku dak tigas curigaku."

Nyarèng: "Babo babo. Wani karo aku?"

Pamadi: "Tak wêdèni apamu."

Nyarèng: "Kalah gêdhe?"

Pamadi: "Kêmula jagad ora wêgah nyikêp kuwandhamu."

Nyarèng: "Kalah dhuwur?"

Pamadi: "Kurang dhuwur ancik-ancik gunung Mahamèru, ora ngrangsang nêmpiling mustakamu."

Nyarèng: "Kaji sugih japa mantra?"

Pamadi: "Ora watak satriya maguru mênyang bathangmu malah kêpara nguyangake."

nDhodhog kothak rangkêp x 3 mungêl gêndhing kuda-kuda, Sêmar, Garèng, Petruk, Togog, mBilung dipun bêdholi.

1. Nyarèng cancut (capêng) bêdholan nyandêr majêng katapuk dhawah, malik lajêng kaêntas.

2. Pamadi kabêdhol tangan kaumbar kalampahakên mangiwa têrus kaêntas.

3. Nyarèng mêdal saking kiwa kapêtha sêlat mêncak-mêncak nyawuri têrus kalampahakên manêngên kaêntas.

4. Pamadi mêdal saking têngên tangan ngajêng katêkuk majêng (sikut siku-siku) tangan wingking mêthènthèng (sikut ugi siku-siku).

--- 63 ---

5. Nyarèng mêdal saking kiwa nggêro, nyawuri mlumah majêng nyandêr minggah. Pamadi ngendhani mundur sakêdhik. Nyarèng kaêntas.

6. Mêdal saking kiwa mlumah majêng, nyandêr minggah lêpat malik mandhap. Pamadi endha mumbul. Dumugi têngên Nyarèng malik nyandêr, malik mandhap dipun endhani sarana mumbul sirahing Nyarèng kacandhak tangan ngajêng têrus kajorogakên dhawah kêrungkêp klesedan têrus kaêntas.

7. Pamadi kalampahakên mangiwa kaêntas.

8. Pamadi mêdal malih tangèn[12] tangan taksih mathènthèng, ngajêng katêkuk majêng siku-siku.

9. Nyarèng mêdal saking kiwa tangan rapêt, nggêro nyawuri, lajêng nyandêr lêpat dhawah njawi, wangsul malih nyandêr lêpat dhawah nglêbêt. Wangsul malih Pamadi malik katubruk lêpat dhawah njawi (sangajênging Pamadi) wangsul malih kajambak mawi tangan wingking rainipun Nyarèng kagêdhugakên ing siti Pamadi kaêntas manêngên.

10. Rasêksa Nyarèng klesedan lajêng nyaut manêngên, têrus kaêntas.

11. Pamadi mêdal saking têngên tangan taksih mathènthèng kados wau. Nyarèng mêdal saking kiwa tangan rapêt. Nubruk lêpat nhawah[13] njawi, wangsul lajêng nubruk malih lêpat dhawah nglêbêt. Pamadi malik katubruk lêpat dhawah njawi wangsul nubruk malih lêpat dhawah nglêbêt. Lajêng dipun ênciki gêgêripun kaêncot-êncot kaêntas.

12. Nyarèng klesedan. Tangan nyaut Pamadi sampun kaêntas.

13. Pamadi mêdal saking têngên tangan kaumbar. Nyarèng mêdal saking kiwa nyandêr, tanganipun ngajêng Pamadi kagêndirakên. Nyarèng kasampluk klesedan sawatawis lajêng tanganipun ngajêng Pamadi kagêndirakên wangsul ndhawahi Nyarèng, malik lajêng kaêntas. Pamadi kalampahakên mangiwa kaêntas.

14. Pamadi mêdal saking têngên madhêp manêngên (dados mundur) tangan kaumbar. Nyarèng mêdal saking kiwa nyaut kagêndir mawi tangan wingking kasampluk klesedan. Kagêndir wangsul malih lajêng klesedan.

15. Gangsa kasêsêgakên. Nyarèng tangi mlajêng mangiwa tancêp ngunus kêris majêng malih. Pamadi mêdal saking têngên tangan ngajêng katêkuk majêng, wingking mathènthèng.

16. Nyarèng mêdal saking kiwa nyuduk lêpat dhawah njawi wangsul nyuduk malih lêpat dhawah nglêbêt.

--- 64 ---

Dhuwung dipun candhak Pamadi, ugêg-ugêg anggènipun ngrêbat. Nyarèng kajêngkangakên dhawah kagêblag.

17. Nyarèng majêng malih, dipun suduk lêpat dhawah njawi, wangsul nyuduk malih dhawah nglêbêt. Pamadi malik dipun suduk lêpat dhawah njawi, wangsul dipun suduk malih dhawah nglêbêt. Dhuwung kacêpêng tangan wingkingipun. Pamadi kasêndhal katut. Pamadi kaêntas. Nyarèng dhawah kajongor klesedan tangi, kaêntas manangên.[14]

18. Pamadi tancêp ing têngên, nyêpêng kêris ing tangan wingking. Nyarèng dhatêng ugêr badhe nyaut dipun athungi kêris wangsul. Dangu-dangu nyandêr saèstu dipun tampèni tangan ngajêng têrus dipun suduk. Kêris kadudut. Nyarèng pêjah. Lajêng dipun tilar mangiwa, têrus kaêntas.

Mêdal Dênawa Pragalba saking kiwa malik lajêng ngrungkêpi. Nyarèng kabêdhol têrus malik tancêp. Gangsa suwuk kasambêt.

Ada-ada grêgêt saut. Têrus ginêm:

Pragalba: "E e e eee! Maju-maju mati mara-mara babarpisan, durung tau wêruh olèhe mêtu gêtihe kancaku satêtês. Ngêrti-ngêrti wis mati. He he satriya! Aja mati tanpa aran sapa kêkasihmu ngêndi pinangkamu wong bagus?"

Pamadi: "R. Pamadi saka Madukara. Buta! Sapa pracekamu?"

Pragalba: "Kala Pragalba saka Tirtakandhasan, abdine gustiku Prabu Kurandhagêni. He! Satriya mumpung durung kêbanjur balia satriya aja kok bacutake lakumu."

Pamadi: "Saiki ora gêlêm mbesuk apadene."

Pragalba: "Ngêmping lara nggenjah pati satriya iki. Yèn ora gêlêm bali, gêdhemu mung saênthik dêdêgmu pèndhèk. Kêkêjêra kaya manuk branjangan, kopat-kapita kaya ula tapak angin. Kêna dak saut siyung pangapit pêdhot lambungmu."

nDhodhog kothak rangkêp ping 3 gangsa mungêl srêpêgan (pêrang sanga). Danawa têrus majêng. Solahipun kados solahipun Nyarèng, namung kadamêla langkung kasar. Dumugi solah ingkang angka 14 gangsa kasêsêgakên dados sampak tanggung. Pragalba saya ngangsêg nyênggara macan. Pamadi kabujêng têrus kêwalahan ngunus curiga. Sabên dênawa badhe majêng dipun agagi wangsul. Dangu-dangu majêng saèstu kacêpêng mawi tangan ngajêng têrus kasuduk, kadudut dênawa nggêblag pêjah. Pamadi kabêdhol kalampahakên mangiwa, kaêntas. Rasêksa mêdal saking kiwa. Kala Pralaya ngrungkêpi. Pragalba kabêdhol kabucal. Lajêng tancêp, gangsa suwuk dipun sambêt ada-ada grêgêt.

--- 65 ---

@@@@@@
Rak-sa-sagoraka-gi-
@@@x!x@!!
ri-gi-ri-gêng-nyalir
!!x!x^5x@x@x@x@!!
pra-ba-taO...a-bang
!!x!x6522
ka-wê-la-garma-ngu-
222x1x.x222
wuhingmung-suha-min-
2x2x.651x1x1x1x1x1x1x1
tatan-dhingO...

 


gêndhing. (kembali)
gotong-royong. (kembali)
diiming-imingi. (kembali)
kowe (dan di tempat yang lain). (kembali)
tanganmu. (kembali)
dhawuh. (kembali)
luput. (kembali)
Lebih satu suku kata: tarlèn mung badan sapala. (kembali)
mêngko. (kembali)
10 ngakua-ngakua. (kembali)
11 ngakua. (kembali)
12 têngên. (kembali)
13 dhawah. (kembali)
14 manêngên. (kembali)