Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 01)

Judul
Sambungan
1. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
2. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
3. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
4. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
5. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
6. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
7. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
8. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
9. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
10. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
11. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
12. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
13. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
14. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
15. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
16. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
17. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
18. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
19. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
20. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
21. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937–9, #985 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
Citra
Terakhir diubah: 07-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Rêgi f 0.50

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 1.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- [1] ---

Serie No. 1259

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 1.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

1. Dhandhanggula[1]

1. Kartasura bêdhah, kraton ngalih dhatêng Sala.

1. mêmanise tyas rêsêp migati | ing pangulah mring rèh kasarjanan | anêtêpi ing ugêre | jênêngirèng tumuwuh | sinung têngran budi mumpuni | dera sang amurwèngrat | ngumala sumunu | tumraping jagad lir surya | nyênyunari niskara sèsining bumi | kang nyata lan kang samar ||

2. minăngkaa kastawaning dasih | myang pracihnaning pangliga[2] murda | têrus ing lair batine | marang lumèbèripun | sihirèng Hyang kang tanpa têpi | marma kacèlu dahat | ing tyas amêmangun | wuryaning kanang carita | praja wutah ing rah sinawung kakawin | mahambêk widayaka ||

3. yèku adêging kraton kêkalih | Surakarta lan Ngayogyakarta | Adiningrat pinangkane | turutaning pangapus | anukili ing saananing | pêpèngêtan kadhatyan | pamudyaning ulun | mêmalar sinamadana | barkahira sanggyaning para winasis | ingkang pratamèng sastra ||

4. purwakaning pawarti winardi | nurutakên babad Kartasura | duk wiwit ing jumênênge | Kangjêng Ingkang Sinuhun | Pakubwana kang kaping kalih | nèng nagri Kartasura [Kartasu...]

--- 1 : 4 ---

[...ra] | băndha tur abandhu | asugih pratiwa wadya | binathara ing jagad anyakrawati | wibawa paribawa ||

5. tuhu ratu agung ambawani | ing bawana tlatah nuswa Jawa | tanpa petungan balane | pra santana nung-anung | aprakosa maring ajurit | samya sumungku suka | jroning tyas gumulung | andêrpati abipraya | pra kawula ing jro myang jabaning nagri | tan pae anggêpira ||

6. nadyan silih pra bala Kumpêni | kang rumêksa wontên Kartasura | datan pendah panganggêpe | lan wadyabala prabu | dene ingkang para radpêni | sampun lambang prasêtya | pawong mitran tuhu | salami lan sri narendra | marma arjèng praja anjrah ingkang janmi | murah sandhang lan boga ||

7. suprandene yèn sampun pinasthi | apêsipun jayaning narendra | tuhu yèn angebatake | yèku duk praptanipun | parangmuka têmpuh ngajurit | kalawan băngsa Cina | nadyan wontênipun | ing satru kadi tan găndra | suprandene kêkês kang para bupati | sirna kamayanira ||

8. pra punggawa myang para prajurit | prawiranung andêling ranangga | lir kabuncang sudirane | karkate têlas murud | têka uwas giris amiris | mung nêdya ngungsi gêsang | nora lawan mungsuh | tan pae lan wadu jana | wus dilalah karsaning Kang Murbèng Bumi | rusaking Kartasura ||

9. kawarnaa kangjêng sri bupati | sasirnane wau mêngsah Cina | wus kondur malih ngadhaton | miwah wadyabalagung | pra

--- 1 : 5 ---

santana mantri bupati | tanapi wong Walănda | wus samya umantuk | mring wismane sowang-sowang | nanging dahat risakipun kang nagari | tangèh măngga puliha ||

10. duk puniku pangagêng Kumpêni | kang rumêksa anèng Kartasura | Tuwan Baron Hogêndhorop[3] | pangkat kumêndhan mayur | tuhu wantêr maring ajurit | cukat cakêt ing karya | wasis anênuju | barang rèh karsa narendra | kala bêdhahipun Kartasura nagri | katon sih sungkêmira ||

11. ing saparan tut pungkur sang aji | sêdya labuh sabaya antaka | tan mambu yèn băngsa seje | ngêsorkên sungkêmipun | para wadya punggawa mantri | marma sangêt sihira | kangjêng sang aprabu | mring wau tuwan kumêndhan | nganti karsa amundhut kadang taruni | angadhi kramanira ||

12. dene kadang narendra kang kêni | kinanthi ing samubarang karya | Dyan Mas Sujana timure | diwasanya jêjuluk | Jêng Pangeran Amangkubumi | mahambêg martotama | otamane kasub | ing rèh pangulahing praja | tata titi nastiti salir pakarti | cakêt karsaning raka ||

13. amungkasi yèn tinuduh jurit | sabên aprang linulutan wadya | kèringan satru kalane | tan kewran glaring mungsuh | Martapura duk madêg baris | nèng tanah Sukawatya | apan sampun wudhu | pra bupati datan lawan | dupi pangran kang tinuduh nanggulangi | Martapura kasoran ||

14. marma langkung trêsna sri bupati | tanah Sukawati tigang nambang | sinungkên dadya lênggahe [lêng...]

--- 1 : 6 ---

[...gahe] | măngka ganjaranipun | gènnya sampun labêt nagari | mungkasi parangmuka | lawan malihipun | karsaning raka narendra | jêng pangeran pinatah nyenapatèni | sabên wontên lurugan ||

15. mantrimuka manggalèng bupati | Radèn Adipati Pringgalaya | lan sang nata wadya ipe | patih lêbêt winuwus | nama Sindurêja Dipati | kunêng mangsuli kăndha | duk ing alamipun | barusah ingkang nagara | kadang miwah santana jêng sri bupati | kèh lolos saking praja ||

16. madêg baris nèng kidul nagari | kadang nama Pangran Buminata | Singasari ing kalihe | sarta pulunan prabu | Pangran Pamot lan Dyan Mas Said | Arya Suryakusuma | kang sampun jêjuluk | nama Pangeran Dipatya | Arya Mangkunagara arine malih | Pangran Mangkudiningrat ||

17. para pangeran pulunan katri | sami putranipun Jêng Pangeran | Mangkunagara kadange | sêpuh jêng sang aprabu | ingkang kendhang dhatêng Batawi | wau ta cinarita | ing sasampunipun | nata kondur mring Tasura | ri sêdhêngnya pêpêkan sagung bupati | pasisir măncapraja ||

18. ari Soma sang nata tinangkil | ingayap pra sarimpi badhaya | asri tinon busanane | ngampil pacara prabu | nata lênggah ing dhampar rukmi | wontên ing sitibêntar | kang cakêt ing ngayun | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Anom Mêngkunagara sudibya luwih | rajaputra Mataram ||

19. gya Jêng Pangran Arya Mangkubumi | senapati ngalaga Tasura [Tasu...]

--- 1 : 7 ---

[...ra] | nulya pra santana andhèr | ing kanan kering prabu | twan kumêndhan lan para upsir | inggih samya sumewa | ing ngarsa sang prabu | munggèng ing kursi satata | anèng ngandhap sing bangsal manguntur tangkil | jro tratag sitibêntar ||

20. wong kaparak gandhèk kanan kering | tinindhihan bupati kaparak | prajurit jro baris andhèr | tata sajuru-juru | de kang manggèn paglaran sami | kalih sang mantrimuka | alênggah ing ngayun | Dyan Dipati Pringgalaya | Sindurêja nulya pra nayakèng aji | sagung bupati jaba ||

21. sinambungan kang para bupati | ing pasisir myang măncanagara | samya sowan sadayane | pra punggawa supênuh | ingkang botên sumiwèng aji | Dipati Pranaraga | ingkang dadya tunggul | wadananing pra bupatya | măncapraja ing bang wetan lawan malih | Panêmbahan Cakrèngrat ||

22. ing Madura ingkang madanani | pra bupati pasisir bang wetan | samya rumêksa tlatahe | rèhning jaman dahuru | pra santana amadêg baris | dadya sandeyèng driya | tilar nagrinipun | de êrèh ing pra bupatya | ing pasisir kalawan măncanagari | kêbut mring Kartasura ||

23. miyosira kangjêng sang niwi |[4] datan pae lawan saban-saban | duk maksih rêja jamane | nanging jro tyas ngêndhanu | sanityasa amangonêngi | risakipun kang praja | tanapi kadhatun | saisine rajabrana | aprasasat brastha syuh sirna binasmi | dening kang mungsuh Cina ||

24. yèn ginagas saya angranuhi | yèn [yè...]

--- 1 : 8 ---

[...n] rinasa tansah karêrănta | ing Kartasura risake | patih dinuk ing wuwus | rêngênta hèh sira dipati | kadarpaning tyas ingwang | tan kêna sinayut | arsa angalih nagara | desa êndi kang prayoga wetan iki | sun arsa kuthagara ||

25. adipati lawan sira adhi | Hogêndhorêp padha lumakua | pikirên ngêndi bêcike | patih kalih wotsantun | tur sandika dhatêng nglampahi | sang nata nulya jêngkar | kondur angadhatun | kang sewaka gya luwaran | twan kumêndhan lawan dipati kêkalih | myang pra nayaka jaba ||

26. abudhalan pan sarêng saari | anênitik desa wetan praja | wusnya atas pamriksane | kumêndhan rêmbagipun | papan ingkang wiyar waradin | amung ing Kadipala | kang dinalih patut | dèn dêgi pura narendra | nayogyani risang mantrimuka kalih | desa nulya binabad ||

27. dipun ukur badhening kang puri | nanging wontên sêmanging wardaya | pra nujum Jawa rêmbage | mupakat Dyan Tumênggung | Ănggawăngsa Puspanagari | Tumênggung Mangkuyuda | têmbe jangkanipun | yèn nagri nèng Kadipala | langkung arja winongwong jinayèng jurit | cacade enggal risak ||

28. Dyan Tumênggung Ănggawăngsa angling | dhuh ki lurah sing panawang kula | dhusun Sala prayogine | kinaryaa kadhatun | badhe têtêp tulus basuki | yèn lama wimbuh arja | kukuh tur abakuh | mulyaning talatah Jawa | ambêludag dunya sabrang angajawi | sirna lêlakon [lêlako...]

--- 1 : 9 ---

[...n] yuda ||

29. dyan dipati kalih angrujuki | jangkanipun Tumênggung Gawăngsa | kumêndhan alon dêlinge | sudara kalihipun | myang sagunging para bupati | lamun ing desa Sala | sangêt awonipun | papan lêdhok datan wrata | lawan malih kacêlakên ing banawi | sae ing Kadipala ||

30. ewamakatên yèn tan prayogi | lan suwawi anitik mangetan | ingkang pakantuk papane | patih lan pra tumênggung | nayogyani mariksa malih | wetan banawi Sangkrah | orêg pra wadyagung | praptèng papan lêmpar wiyar | Sanasèwu tuwan kumêndhan ngrêmbagi | sae kinarya praja ||

31. risang mantrimuka têtanyaris | maring Dyan Tumênggung Ănggawăngsa | kadiparan prayogane | Ănggawăngsa turipun | dhuh ki lurah lamun suwawi | tan liyan dhusun Sala | saking petang ulun | yèn wontên wetan bangawan | tiyang Jawi badhe wangsul Buda malih | tansah tukar lan rowang ||

32. wau risang kalih nindyamantri | lan kumêndhan kalane miyarsa | tansah lêgêg gèdhèg-gèdhèg | jro tyas kalangkung ngungun | mring waskithanipun kang galih | Tumênggung Ănggawăngsa | nging pakèwêdipun | de kang jinăngka prayoga | papan rawa lêdhok mandhukul tur sungil | prênah têpi bangawan ||

33. ri sampuning kang para bupati | lan kumêndhan pêpatih kalihnya | gêlêng gumolong rêmbuge | kang kinarya kadhatun | èstu Sala ingkang pinilih | amung miturut jăngka | amamrih rahayu |

--- 1 : 10 ---

samana sigra bubaran | patih kalih kumêndhan myang pra bupati | wangsul mring Kartasura ||

34. laju marêk byantara narpati | ngaturakên lampahing dinuta | purwa madya wasanane | rêmbaging punggawagung | dhusun Sala ingkang prayogi | kinaryaa nagara | tulus kêkahipun | sri narendra angandika | hèh dipati ingsun iya amarêngi | nuli sira rakita ||

35. kalihipun risang nindyamantri | twan kumêndhan lan para niyaka | lèngsèr sing ngarsa sang katong | pêpatih sigra dhawuh | mring sagunging para bupati | nayaka jroning praja | myang para tumênggung | bupati măncanagara | ing pasisir samya samakta ing kardi | băndha bau myang kriya ||

36. enjang bidhal risang patih kalih | twan kumêndhan myang para bupatya | tan winarna ing lampahe | praptaning Sala dhusun | ambabadi badhening puri | tinata binabanjar | ing sapantêsipun | wong cilik ing desa Sala | kinèn ngalih marang ing desa lyan sami | orêg samya boyongan ||

37. wus tinata-tata rinarakit | sakèh siti lêdhok ingurugan | ingukur ămba dawane | nging rèh karya kasusu | pagêr buminira kang puri | mung jinaro kewala | wadyalit kumêrut | lêksan kang anambut karya | dene kăntha-kanthane ingkang nagari | anelad Kartasura ||

38. paripurnaning pangupakarti | Adipati Pringgalaya lawan | Sindurêja marêk age | ing ngarsa sang aprabu | tur uninga sampating kardi | gènnya badheni pura | wau sang aprabu [a...]

--- 1 : 11 ---

[...prabu] | gya dhawuhkên tata-tata | anêtêpi adat watoning narpati | lamun angalih praja ||

39. wusnya samêkta salir piranti | sri narendra lawan pramèswara | putra-putri sadayane | ngrasuk busana luhung | kang pinatik ing sêsotyadi | sorote pindha laban | sêsiring sumunu | dahat lêngêng sinatmata | atanapi badhaya manggung myang srimpi | wus maharjèng busana ||

40. garwanipun nindyamantri kalih | miwah garwaning para pangeran | bupati sapanêkare | ngrasuk busana sampun | sowan pêpak nèng dalêm puri | nata ngagêm basahan | dene pra tumênggung | jro praja măncanagara | myang pasisir risang mantrimuka kalih | tanapi wadyabala ||

41. wong Kumpêni pêpakan anangkil | ambêlabar anèng pagêlaran | santana pangeran andhèr | basahan agêmipun | lir panjrahing kang puspitadi | sing pelaging busana | wau sang aprabu | lan pramèswari narendra | miyos saking kadhatyan têdhak sitinggil | ingayap pra biyada ||

42. sigra jêngkar saking Kartawani | ngalih kadhaton mring dhusun Sala | kêbut sawadyabalane | busêkan saprajagung | pinèngêtan angkate nguni | anuju ari Buda | enjing wancinipun | wimbaning lèk ping sapta wlas | Sura Êje kombuling pudya kapyarsi | ing nata kang sangkala[5] |[6]|

43. têdhakira kangjêng kang siniwi | pra

--- 1 : 12 ---

prajurit Kumpêni lan Jawa | urmat drèl atri swarane | sinauran mriyêm gung | magênturan anggêgêtêri | slomprèt tambur musikan | suling bêndhe barung | munggang kodhokngorèk ngangkang | carabalèn pradăngga munya ngêrangin | orêg wong sanêgara ||

44. kapiyarsa swaraning kang janmi | barung lawan tabuhan mawarna | drèl sanjata mriyêm gêdhe | pangriking turănggagung | kadya bêlah kang jagad katri | wau ta winursita | patrap lampahipun | jêngkarnya sri naradipa | kang nèng ngarsa badhe wringin kurung nagri | bêktan sing Kartasura ||

45. wuri nulya kang bangsal pangrawit | ngusung wêwêtahan ngayap wadya | dwipangga ngayap sratine | kuda titihan prabu | abdi gamêl kang anjajari | wuri gya pra punggawa | mantri myang panèwu | bupati nayaka jaba | anon-anon nitih kuda dèn songsongi | ngiring pacara wadya ||

46. tinindhihan sang anindyamantri | kang ingayap prajurit myang wadya | sangkêp saupacarane | gya Kumpêni sumambung | prajurite samya lumaris | cacah gangsal brêgada | mayor tindhihipun | wahana turăngga jajar | lawan Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Anom Mangkunagara ||

47. nulya pangulu ngulama kêtib | juru suranata myang pradikan | ingkang sumambung wurine | pusaka namanipun | Cêngkal Baladewa Kiyai | nulya para pangeran | gya titihan prabu | rata ingayap kaparak | kanan keri amangangge sarwa abrit | ngampil-ampil [ngampi...]

--- 1 : 13 ---

[...l-ampil] pacara ||

48. banyak dhalang lawan sawunggaling | arda waleka sasaminira | tinindhihan bupatine | wuri ingkang sumambung | tandhu joli jêmpana adi | sumrêg sêlar-sêluran | tan anggop lumintu | yèku ingkang tinitihan | pramèswari miwah sagunging pra putri | myang swamining punggawa ||

49. abdi gêdhong kanan lawan kering | abdi kraton panandhon tan têbah | bupati gêdhong tindhihe | angayab ngurung-ngurung | wuri ingkang sumambung malih | pusaka kraton Jawa | kathah warninipun | winadhahan ing kandhaga | sinongsongan jênar ingapit prajurit | ingkang sumambung wuntat ||

50. pra prajurit wahana turanggi | nulya sagunging para bupatya | pasisir măncanagrine | saupacaranipun | nitih kuda dipun songsongi | bandera myang daludag | miwah payung agung | maneka warna bra sinang | angêrangin pradangganing pra bupati | tinabuh urut marga ||

51. binarungan musikan Kumpêni | slomprèt tambur suling bêndhe kêndhang | umyung gumuruh swarane | lampahing wadya sêlur | langkung sêsêg ngèbêki margi | bêlabar mring ra-ara | kuda cacahipun | gangsal lêksa winatara | gunge wadya sing mandrawa yèn kaèksi | kadi samodra wutah ||

52. apuyêngan solahing wadyalit | kang boyongan tumutur ing nata | adaya-daya sêdyane | umyung dènnya sung-usung | rêreyongan samargi-margi | ya ta sapraptanira | ing Sala sang prabu | bangsal pangrawit ingêtrap |

--- 1 : 14 ---

anèng tarub paglaran kang wus rinakit | bala andhèr sumewa ||

53. nata lênggah ing bangsal pangrawit | para upsir kalawan kumêndhan | samya ngadêg nèng kanane | bangsal lênggahan prabu | pra prajurit banjêng abaris | Kumpêni miwah Jawa | anèng alun-alun | sri narendralon ngandika | dhusun Sala ingalih nama nagari | Surakartadiningrat ||

54. ki pangulu ngulama lan kêtib | sigra donga wilujênging praja | jêng sri nata dhawuhake | nanêm waringin kurung | wringin kang lèr ingkang jênêngi | kalih sang mantrimuka | dene kanthinipun | bupati bêkêl nayaka | kang jênêngi wringin kidul wadananing | bupati măncapraja ||

55. ri sampuning tinanêm kang wringin | kinurmatan drèl maryêm sanjata | Kumpêni Jawa arame | pradăngga munya umyung | barung tambur slomprèt lan suling | sang nata gya ngadhatyan | luwaran wadyagung | mring pondhoknya sowang-sowang | wong Kumpêni sinung pakuwon wetaning | lun-alun lèr kadhatyan ||

56. têtêp prasida sri narapati | ngadhaton nèng nagri Surakarta | datan ana sangsayane | satata amêmangun | prayogane rakiting nagri | nadyan papan ing Sala | alêdhok mandhukul | awit dening sinantosan | pra santana bupati punggawa mantri | samya atata wisma ||

57. nahan wusing antara tri sasi | wontên sêrat sing gurdadur[7] jendral | mring tuwan mayor jujuge | gatining srat sung wêruh | lamun jendral arsa pêpanggih | ing kangjêng sri narendra | de ngalih kadhatun |

--- 1 : 15 ---

dadya kêdah uningaa | lan malihe arsa jajah tanah Jawi | mriksa loji lan tanah ||

58. ingkang risak duk prang Cina nguni | wusnya tamat pamaosing sêrat | tuwan kumêndhan ge-age | anyanthèlakên atur | nyuwun sowan jêng sri bupati | ri sampunnya ngandikan | mayor sigra laju | malêbêt ing dhatulaya | tan winarna ing marga praptaning puri | mayor èsmu kasmaran ||

2. Asmaradana

2. Kabar Sala badhe katamuan jendral ing Batawi, sarta pêpanggihanipun Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan Mayor Hogêndhorêp.

1. dhuh pukulun sri bupati | ambatur uningèng tuwan | yèn ulun tampi sêrate | pun kaki jêng tuwan jendral | raosipun kang sêrat | manawi parêng ing kayun | arsa prapta nagri tuwan ||

2. sowan ing jêng padukaji | rèhne mêntas karya kitha | nênggih pun kaki lampahe | mangetan jujug Madura | ngiras amêmariksa | sakathahing dhusun-dhusun | kang risak kala prang Cina ||

3. saking wetan rawuh ngriki | ri sampuning pêpanggihan | konduripun amangilèn | mêdal ing tanah Mataram | sang nata angandita[8] | iya bangêt rênaningsun | dene kaki sarjuning tyas ||

4. têtinjo mring jênêng mami | besuk apa gone prapta | tuwan kumêndhan ature | rawuhipun [rawuhi...]

--- 1 : 16 ---

[...pun] tuwan jendral | dèrèng mawi têmbaya | kalamun parêng sang prabu | kawula arsa siyaga ||

5. băndha kinarya badhèni | suyasa ingkang prayoga | kagêm pakuwon rawuhe | pun kaki jêng tuwan jendral | sri narendra ngandika | adhi panjênêngan ingsun | wus marêngi aturira ||

6. sira sarêmbuga nuli | anane wong lawan băndha | lan dipati sakarone | kumêndhan matur sandika | jawat astamit mêdal | samana sarêmbag sampun | lawan sang mantri wasesa ||

7. risang dipati kêkalih | dupi wus kaprasadonan | dening Kumêndhan Hondhorop | parentah samêktèng karya | marang para bupatya | datan lami sampat sampun | băndha bau tuwin kriya ||

8. ri saksana dèn wiwiti | pandamêle kang suyasa | tan winarna rêroncène | nêdhênge anambut karya | kasaru praptanira | garêbong carakanipun | Pangeran Arya Pancuran ||

9. sarwi amundhi kintaki | têrang jêng gurnadur jendral | gatining rèh nandukake | pamapas cipta angkara | Pangran Mangkunagara | pinurih mangimur-imur | ayu myang widadèng karsa ||

10. pênêda mring jêng Kumpêni | sarta bêktia mring nata | Tuwan Kumêndhan Hondhorop | wus anduga karsanira | para rad ing Jakarta | duta sampun kinèn laju | garêbong sigra umangkat ||

11. dhumatêng ing pakuwoning | Pangeran Mangkunagara | datan winarna lampahe | ing ênu sapraptanira | pustaka wus tinampan | binuka [bi...]

--- 1 : 17 ---

[...nuka] sinuksmèng kalbu | mangkana ungêling sêrat ||

12. pustaka pinandara ring | saliring pudya raharja | sing manah êning rumêmbe | saking kadang para wrêda[9] | kang winilut sangsaya | nèng Jakarta ajêjuluk | Pangeran Arya Pancuran ||

13. mugi katura ri mami | kang dadya wod tyas kasrêdan | satriyagung bêbisike | Pangeran Mangkunagara | kang ambêg santa budya | budiman anrus martayu | tumuse ngasturi ngambar ||

14. mardu mardawa arjanti | jujur ing saparibawa | ambawani pangulahe | kridhaning tyas parotama | tumanêm ing silarja | jajahaning budi mêngku | mêmaniking tyas ngumala ||

15. maladi kontabing bumi | buntas marang kabudayan | digjayane ing palugon | dening gunane mring aprang | kèringan parangmuka | linulutan pra wadyagung | tuhu prajurit utama ||

16. wiyose kanang kintèki | yayi mas paraning trêsna | mugi anirnakna babo | bara-baraning bramatya | berata kang sandea | rèhning kabubuh ing sêpuh | pun kadang dadya nêmpuh byat ||

17. ngumbar berawaning ati | ngaturakên cumanthaka | sumundhul atur sêdyane | dununging rèh kang sayogya | lamun datan katampan | sayêkti cintaka muput | lir kênèng papa pantaka ||

18. botên pisan nêdya lamis | anyênyêla lêlêmêsan | nyênyampahi kakangane | ing karsaning kadang ingkang | sampun ambêk gunawan | mung matur sajatosipun | tumrapipun kaprawiran ||

--- 1 : 18 ---

19. ing asmaralaga yayi | sintên kang purun tumanggah | kalawan sira riningong | yèn ta mung sababagira | yakti dahat katrêsan | dening widigdanta tuhu | têmah nungku ngèstupada ||

20. nanging tandukipun yayi | lamun sisip kalbèng cacad | awon têmên juwarane | kadi ujaran bêbasan | amirong kampuh jingga | liripun balela ratu | wah mêngsah Kumpêni ingkang ||

21. kaonang-onang undhagi | mring rèh ulahing ayuda | tanpa wilangan balane | sangkêp sakapraboning prang | yèkti dede timbangan | mêngsah Kumpêni lan ratu | marma pun kakang kumêdah ||

22. tur pamrayoga ing yayi | kalamun condhong ing karsa | lêhêng kondura dèn age | ambêbana sihing nata | kadi langkung utama | suwita wong tuwanipun | dhasar kang madêg narendra ||

23. dene ta kalamun yayi | sănggarunggi mring Walănda | panggiha pun kakang dhewe | wit dene kang pangandika | kangjêng gurnadur jendral | datan liyan karsanipun | mung amrih raharjanira ||

24. dhuh yayi lamun suwawi | gèn kula asung pirêmbag | dhinahara yêkti sae | upami datan arsaa | mung ngumbar drênging karsa | têtêp tan ngeman sadulur | tilarane kangjêng rama ||

25. lan pun kakang atur uning | ramanta ingkang sawarga | atilar putra kathahe | gangsal kang jalu sakawan | kang wanita sajuga | ingkang jalu wayahipun | kuwawa angêmbat watang ||

26. satamating panupèksi | kang kintaka jêng pangeran | trênyuh widrawa ing

--- 1 : 19 ---

tyase | sru karantan maring kadang | kang wontên ing Jakarta | alola linglung wulangun | dening tinilar ing rama ||

27. myang jroning tyas katêtangi | mèngêt lampahaning rama | kang dahat karya wirage | nganti dangu tan ngandika | sarwi amêtêk jaja | kêmbêng-kêmbêng arawat luh | tinênggak-tênggak tan kêna ||

28. saberatirèng wiyadi | pangeran angunandika | babo limut têmên ingong | yèn bêbasaning manusa | lir sarah nèng samodra | sarah kang minăngka manus | samodra minăngka suksma ||

29. saparan akontrang-kantring | winasesa dening tirta | karêp pribadi tan duwe | mangkono uga manusa | tan wajib yèn suwala | ing takdir Hyang Mahaluhur | mung kudu suka narima ||

30. saksana ngandika aris | hèh Grêbong sira matura | marang Kumêndhan Hondhorop | rêmbag kang wus sun tupiksa | kamot jroning nuwala | abangêt panuwun ingsun | sih marmane kadang tuwa ||

31. sayêktine ingsun pikir | pamrih kang marang raharja | nora pisan bêbasane | yèn mung suka angas karta | tan anut rèhing raja | lan Kumpêni ingkang agung | apa tan ajrih Hyang Suksma ||

32. mung iku wangsulan mami | lah uwis sira mundura | angasoa maring pondhok | pun Grêbong mundur tur sêmbah | ngaso mring pamondhokan | ri sampuning kalih dalu | wangsul dhatêng Surakarta ||

33. laju tumamèng jro loji | umarêk tuwan kumêndhan | wus tinutur sadayane | sadhawuhipun pangeran | suka tuwan [tuwa...]

--- 1 : 20 ---

[...n] kumêndhan | mirêng Grêbong aturipun | dinalih lamun sanyata ||

34. Grêbong nulya kinèn bali | kapanggiha lan pangeran | tur uning yèn tuwan mayor | arsa panggihan priyăngga | anèng ing Picis desa | pun Grêbong umangkat laju | kumêndhan lumêbèng pura ||

35. praptèng byantara narpati | kumêndhan alon turira | pukulun yèn kapanujon | lan karsa sri naranata | ulun arsa pêpanggya | putra tuwan sang aprabu | Pangeran Mangkunagara ||

36. samadosan wontên Picis | ulun purih umantuka | suwita ing ngarsa katong | ywa kongsi karya rêrêsah | dhatêng tyang padhusunan | sri narendra ngandikarum | adhi sun mangayubagya ||

37. nging sumêlanging tyas mami | kaya-kaya durung nyata | Si Said kasaguhane | adate mung nănggakrama | supaya dèn umbara | sapungkure kang sung rêmbug | karya ru-ara wong desa ||

38. ewamangkana ta adhi | rèhning wus jangji panggihan | prayoga mangkata age | bok manawa kanyataan | nêdya mulih mring praja | iya panjênêngan ingsun | kang paring pangan lan pangkat ||

39. kumêndhan gya amit mijil | enjingipun lajêng mangkat | mung bêkta juga upase | rowang Jawa amung tiga | datan samêktèng bala | praptèng Picis wus kapangguh | lan Pangran Mangkunagara ||

40. anèng wetaning banawi | pangeran tan bêkta bala | amung sakawan kang dhèrèk | ri sampuning anjum asta | ngunjuk anggur kalihnya | twan kumêndhan sangunipun | nulya sami wawan [wawa...]

--- 1 : 21 ---

[...n] sabda ||

41. kumêndhan wacana manis | dhuh pangeran kadiparan | yèn ta kalantur karsane | karya risak wong padesan | sintên ingkang kecalan | marmatur kula kalangkung | pangeran mugi dhahara ||

42. pirêmbag ingkang prayogi | saking Pangeran Pancuran | kang sampun kamot sêrate | lêpat paduka ing nata | kang sampun kalampahan | kula kang nanggêni tuhu | yêkti antuk pangaksama ||

43. pangeran lêga ing galih | midhangêt pirêmbagira | Tuwan Kumêndhan Hondhorop | dene sagah nanggênana | nglêbur sakèhing dosa | pangeran arsa mituhu | rêmbag kondur maring praja ||

44. nulya ngunjuk anggur malih | kumêndhan lawan pangeran | pangran waspadèng tingale | pêdhanging tuwan kumêndhan | katingal langkung pelag | kumacelu ayun wêruh | kumêndhan datan lênggana ||

45. pêdhang ingaturkên nuli | sêdhèt tinarik ing ngarsa | pangran alon ngandikane | sudara pêdhang punika | dede pêdhang Walănda | sae pakantuk ing wangun | lir pêdhang damêlan Jawa ||

46. tuwan kumêndhan nauri | dhasar pêdhang suduk Jawa | rama paduka sang katong | ingkang aparing wasiyat | kala nèng Pranaraga | Căndhabirawa ranipun | marmanya pêdhang punika ||

47. sabên ari miwah ratri | tan kenging pisah sacêngkang | tansah kula sandhing mawon | wit kathah karamatira | wasiyat ing Mataram | pêdhang nulya sinung wangsul | dhumatêng tuwan kumêndhan ||

48. gantya kumêndhan yun uning | wangkinganipun [wangkinganipu...]

--- 1 : 22 ---

[...n] pangeran | kang katon pelag srasahe | dhuwung tinampèkkên nulya | tinarik mring kumêndhan | sangêt ing pangungunipun | myat pelaging wangunira ||

49. sampun sinarungkên malih | katur wangsul mring pangeran | ri sampun nutug kalihe | dènnya sami pagunêman | twan kumêndhan pamitan | arsatur uningèng prabu | jawat asta gya bubaran ||

50. twan kumêndhan nabrang Picis | pangeran mring panambangan | nanging sajroning galihe | pan amung anăngga krama | tan nêdya mituhua | twan kumêndhan rêmbagipun | wuwusên tuwan kumêndhan ||

51. prapta Surakarta nagri | laju tur uningèng nata | purwa madya wusanane | kalanipun pêpanggihan | sawusira antara | dèn anti ing dhatêngipun | pangeran tan ana prapta ||

52. taksih angadêkkên baris | bahak ngrayudi padesan | wong cilik puyêngan gègèr | kathah dhusun karisakan | kapyarsa saking praja | nanging datan pinaèlu | wit sawêg gêlak pakaryan ||

53. suyasa ingkang prayogi | karya pakuwoning jendral | tuwin mêmangun liyane | wit nagri sawêg bêbakal | arsa tamian jendral | pangeran lan kadangipun | nutug gènnya karya rusak ||

54. gantya mangke kang winarni | ri sampuning santun warsa | jêngkaripun sang pamase | saking nagri Kartasura | ngalih mring Surakarta | wontên sêrat prapta asung | wruh tamtune ari tanggal ||

55. badhe rawuh ing Sêmawis | jêng tuwan gurnadur jendral | langkung trusthèng

--- 1 : 23 ---

ing galihe | Sri Narendra Surakarta | de wit jaman Mataram | Kartasura praptanipun | ngalih praja Surakarta ||

56. jêng gurnadur ing Batawi | dèrèng wontên ingkang prapta | pêpanggihan lan sang katong | pan lagya punika ana | marma jêng sri narendra | dening sangêt rênanipun | karsa mêthuk mring Samarang ||

57. ngiras pêpara yun uning | samodra lèr tanah Jawa | sang nata wus dhawuhake | mring nindyamantri kalihnya | tanapi mring kumêndhan | sang mantri wasesa sampun | mêmatah samêktèng karya ||

58. sarta dhawuh mring bupati | pasisir êlèr sadaya | badhe rawuhe sang katong | lawan jêng gurnadur jendral | dhatêng nagri Samarang | marma pasisir sadarum | kinèn sowan mring Samarang ||

59. bupati jroning nagari | jaba jêro sapunggawa | sapalih ingkang andhèrèk | kang sapalih têngga praja | dene para santana | akathah kang kantun tugur | kang dhèrèk mung sawatara ||

60. bupati măncanagari | ingkang cêlak Surakarta | kêrigan prasamya dhèrèk | sri narendra wus dhêdhawah | ing ari tanggal wulan | badhe têdhakipun wau | anganthi tuwan kumêndhan ||

3. Kinanthi

3. Ingkang Sinuhun ing Surakarta mêthuk jendral dhatêng Samarang.

1. ing ari sajuga nuju | dwi wêlas Rabingulakir | warsa Dal ing wanci enjang |[10] wau kangjêng sri bupati | karsa [kar...]

--- 1 : 24 ---

[...sa] angrasuk busana | sakapraboning narpati ||

2. rinêngga sarwa mas murub | sinotya pinatik-patik | nawa rêtna tanpa una | têmpuring praba mrabani | amblêrêngi mrabangkara | sawusnya dandos sang aji ||

3. miyos saking ing kadhatun | ingayap maring pra gusti | myang para srimpi badhaya | ingkang samya ngampil-ampil | upacaraning narendra | banyak dhalang sawunggaling ||

4. lantaran pêdhang myang tulup | kêbut lar pêksi kudasih[11] | kacu mas arda waleka | tamèng talêmpak jêmparing | gandhewa gadhing kawuryan | maneka warna mantêsi ||

5. risang kalih mantri ngayun | myang sagung kliwon bupati | upsir kalawan kumêndhan | tanapi panèwu mantri | wus pêpak andhèr balabar | anèng paglaran anangkil ||

6. tan antara sang aprabu | bidhal saking ing nagari | anitih jêmpana endah | wadya wandawa kang ngiring | sru gumuruh swaranira | srining paran kang kaèsthi ||

7. munggang kodhokngorèk ngungkung | tinêmbang barung lan suling | slomprèt tambur kalasăngka | musikan munya dumêling | binarung êdrèl sanjata | sinauran mriyêm loji ||

8. swarane lir gêlap sèwu | sarêng ngampar sing wiyati | glêgar-glêgêr ngombak-ombak | kadya ambêlahna bumi | ibêkan wong sajro praja | wurahan samya ningali ||

9. kang dadya cucuking laku | anjajari nèng ngarsaji | bupati măncanagara | ing Kêdhu lawan Mantawis | Bagêlèn ngambal Pacitan | Garobogan datan [data...]

--- 1 : 25 ---

[...n] kari ||

10. samya nitih turănggagung | sambada prabote adi | ingayap kang upacara | miwah kang wadya prajurit | arja samya sinongsongan | sagung kang para bupati ||

11. sabên sajuga tumênggung | balanya kang nitih wajik | wontên dhomas myang sanambang | samya pelag amantêsi | murub mubyar kang busana | tinon langkung ngrêspatèni ||

12. ing wuri ingkang sumambung | sagung kaliwon bupati | myang prajurit kêkapalan | tanapi panèwu mantri | jroning praja Surakarta | tinindhihan patih kalih ||

13. nulya upacara prabu | banyak dhalang sawunggaling | tanapi arda waleka | waos sulam amarapit | kampil ing abdi kaparak | amangangge sarwa abrit ||

14. de para santana prabu | angapit ing kanan kering | kang tan têbah sri narendra | mung Jêng Pangran Mangkubumi | kalawan tuwan kumêndhan | samya wahana turanggi ||

15. abra kang busana murub | sinawang langkung arjanti | katon patitis sabarang | ing rèh karsaning narpati | twan kumêndhan lan pangeran | marma datan kêna têbih ||

16. wuri malih kang sumambung | bupati măncanagari | ing Madiun lan Caruban | Blora Ngawi Purwadadi | Kamagêtan Jagaraga | ing Rajègwêsi tan kari ||

17. ingayap pacaranipun | miwah kang wadya prajurit | samya pelag kang busana | datan ana nguciwani | arja kang para bupatya | nitih wajik dèn songsongi ||

18. daludag lan payung agung | bandera awarni-warni [a...]

--- 1 : 26 ---

[...warni-warni] | ijo biru kapurănta | irêng abang putih kuning | sabên bupati sajuga | banderane seje warni ||

19. datan wontên kêndhatipun | sagung wadya kang lumaris | wadya kang wahana kuda | kalih lêksa malah luwih | tanpa petungan cacahnya | kang dharat sagunging dasih ||

20. abraning busananipun | pra wadyabala myang dasih | ingkang tata gêgunungan | sarwa pelag măncawarni | sing mandrawa sinatmata | sumiring arga kabêsmi ||

21. sabên desa ingkang agung | kang kamargan dèn sinungi | carabalèn munya umyang | pradăngga munya ngêrangin | rontèk panjêran daludag | plêngkung sêsêkaran adi ||

22. wadya gumolong asêlur | angèbêki margi-margi | balabar mring ara-ara | wêwah-wêwah wong ningali | wong padesan ewon lêksan | anggili kang samya prapti ||

23. marma ara-ara dhusun | wana jurang miwah kali | èrèng-èrèng turut marga | kang kamargan sri bupati | jêjêl pipit kêbak janma | tuwa anom jalu èstri ||

24. rêroncène tan cinatur | rêrênggan samargi-margi | têdhakipun sri narendra | saking gunging wadya aji | de ratu musthikaningrat | ing bawana ambawani ||

25. rêmbên têdhaknya sang prabu | mung mamrih ayêming abdi | dimène aywa rakasa | enggar manahe pra dasih | arja suka-parisuka | tigang dalu anèng marga |[12]|

26. wau ta sarawuhipun | anèng Lampor sang siniwi | pinêthuk baris Walănda [Wală...]

--- 1 : 27 ---

[...nda] | samya wahana turanggi | dwi atus drahgundêrira | kumêndur nagri Samawis ||

27. Tuwan Teling julukipun | ingkang anindhihi baris | pangagênging wong Walănda | kang mondhongi sri bupati | bupati pasisir pêpak | mêthuk sarêng lan Kumpêni ||

28. tuwan kumêndur wus tundhuk | jawat asta lan jêng sang sri | sigra laju lampahira | saya wêwah kèhing baris | praptaning talatah praja | wimbuh gung kurmatan aji ||

29. Kumpêni lan pra tumênggung | panyuba-nyubane luwih | kodhokngorèk munya ngangkang | pradăngga munya ngêrangin | tambur slomprèt myang musikan | kêndhang suling sarêng muni ||

30. baris Kumpêni ambarung | drèl sanjata warni-warni | mariyêm gêng magênturan | gêtêr patêr magêtêri | yayah manêngkêr triloka | lir ngêbur hèring jaladri ||

31. janma miyat rêbut dhucung | Walănda Cina myang Jawi | Arab Kêling lan Bênggala | êncik koja amêpêki | kadi gabah ingintêran | orêging wong sanagari ||

32. jalwèstri jêjêl supênuh | uyêg sêsêg anêsêki | pinggiring lurung atarap | amarapit ngapit-apit | kumudu-kudu yun miyat | warnane narendra Jawi ||

33. dadya kadêrêng andarung | tan angetang anak rabi | rêbut ênggèn yêl-uyêlan | jalwèstri wus dadi siji | kèh rare miwah para dyah | kapipit-pipit kajêpit ||

34. ana jêtung kapirangu | myat cahya jêng sang siniwi | dene anuksmèng sasăngka | wadya mratah pêkik-pêkik |

--- 1 : 28 ---

wasis pasanging busana | mêmantês angadi ragi ||

35. baguse asungsun timbun | dening rinêngga sarwa sri | asrining busana mubyar | rupa mas sêsotya manik | nunging cahya marakata | lir manidhêm sitarêsmi ||

36. marma kathah pra dyah ayu | rêragan dènnya tumiling | mring lêng-lênging kang katingal | liringe lir ngujiwati | kang kèswari nganti wudhar | tinon tan sêdya tinolih ||

37. wontên ingkang pungun-pungun | lir kênèng tibra nêkani | pambayun kang ngênyu dênta | kadhêsêg nganti kapidih | wêntise kèsisan sinjang | kumilat datan pinikir ||

38. sawênèh juwêt amuwus | ngalêm mring para pinêkik | esthane kadya jêjawat | wontên malih jawil-jawil | rêrasan lan rowangira | astanya sarwi gablogi ||

39. dhuh lae-lae bok ayu | sajêg ngong tinitah urip | umiyat kadi wong ika | lagi ing samêngko iki | iba bungahe tyas ingwang | yèn bangkita sandhing linggih ||

40. pantês kinudang ing kidung | pantês kondhang ing agêndhing | pra satriya Surakarta | myang sagung bupati mantri | bêsus wiraga karana | saparibawa mantêsi ||

41. dhuh babo-babo wong agung | sêsotyanipun rat Jawi | têka baguse kaliwat | prabaning cahya dumêling | lir teja ngêmu wangkawa | wênêse amilangoni ||

42. wus masthi bae kang dulu | yèn mulih praptaning panti | agung măndraka lêng-lêngan | kusut tumonton mring laki | nora sotah sinandhinga | mung kèpi kang

--- 1 : 29 ---

anyar prapti ||

43. tangèh ginupitèng kidung | solahing wong sanagari | cinatur jêng sri narendra | dupi prapta ngajêng loji | Jêng Tuwan Gurnadur Jendral | Baron van Emuk agipih ||

44. dènnya lumarap amêthuk | ngancarani sri bupati | ri wuse jawatan asta | nata sinambut umanjing | jro trun kang wus sumadhiya | rinêngga sarwa sutradi ||

45. lèmèk prangwadani babut | lênggah jajar sang kêkalih | mênggêp munggèng dirgasana | bupati satriya mantri | jroning praja Surakarta | pasisir măncanagari ||

46. aglar sumiwa[13] ing ngayun | sajuru sabilik-bilik | kawangwang saking mandrawa | busanane milangêni | lir lintang ambabar sêkar | pating gêbyar pating krêlip ||

47. jêng tuwan jendral gurnadur | samana sampun ngaturi | nambrama amanuhara | wilujêng ing sri bupati | atanapi tur prasêtya | pangandikanira manis ||

48. dhuh prapta kula sang prabu | pan amung parlu martuwi | dhumatêng paduka nata | rèhning mêntas wontên kawis | dahuruning prajanira | saking karsanta sang aji ||

49. ngalih kitha Sala dhusun | punika kula kaluwih | kadêrêng badhe uninga | labêt dening gunging asih | kangjêng Kumpêni Walănda | dhumatêng narendra Jawi ||

50. sang prabu mangsuli arum | prasêtyanipun Kumpêni | sih marma mring kraton Jawa | rumêksa mamrih basuki | sangêt sukarêna kula | panjênêngan kula ugi ||

51. datan darbe sigan-sigun | agêngipun sănggarunggi | nanging mung mantêp pracaya [pra...]

--- 1 : 30 ---

[...caya] | mring Kumpêni lair batin | saking dening rêsêp kula | kula anggêp kulit daging ||

52. jêng tuwan suka kalangkung | myarsa prasêtyaning aji | ri sampunipun antara | sang nata jêngkar sing loji | kondur dhatêng pasanggrahan | kang sampun dhêndhêng cumawis ||

53. pra bupati datan kantun | tantara dangu praptaning | sêsugun mawarna-warna | saking Kumpêni mêpêki | myang sing bupati Samarang | warata sawadya alit ||

54. sawusnya rêrêm sang prabu | jêng gurnadur amartuwi | sigra amurwèng kalangyan | mriksa ananing jaladri | nutug gènnya mangun suka | jêng tuwan lan sri bupati ||

55. wusnya angsal pitung dalu | dènnya wontên ing Samawis | sang aprabu lan jêng tuwan | gya jêngkar mring Sala nagri | sami anitih jêmpana | lamun sayah nitih wajik ||

56. sang aprabu munggèng ngayun | jêng tuwan jendral nèng wuri | de ananing pakurmatan | tan siwah kadi duk nguni | têdhakipun sri narendra | dhatêng nagari Samawis ||

57. wadyakuswa sangsayagung | wêwah bupati pasisir | tanapi bala Walănda | Jêng Pangeran Mangkubumi | yèn nata nitih jêmpana | kinon angamping-ampingi ||

58. adharat ing lampahipun | nèng kanan utawi keri | ngampil pamucangan nata | gêgujêngan turut margi | luwês cucut tandukira | katonton putus ing budi ||

59. ajrih durcara ing wuwus | awas marang wirang isin | tan gumunggung adiguna | kuntap ing pranata titi | titi

--- 1 : 31 ---

marang ing wêweka | tan galak tutut ing liring ||

60. têtêg yèn amanggih kewuh | tangginas marang ing kardi | marma langkung sih myang rama | pangran datan kêna têbih | saya rêmbên ingkang lampah | gangsal latri anèng margi ||

61. dupi têdhaknya sang prabu | praptèng kitha Bayalali | sang nata dhingini lampah | ari Dite nuju kaping | pitu likur nunggil wulan | rawuh Surakarta nagri ||

62. tuwan kumêndhan tan kantun | umiring jêng sri bupati | sawusnya nata ngadhatyan | kumêndhan gya mundur amit | angrêrakit pasanggrahan | jro loji rinobaya sri ||

63. badhe ing pakuwonipun | jêng gurnadur ing Batawi | gêdhong loji duk samana | kang dadi lagya satunggil | nêp candhela dèrèng dadya | marma mung tinutup mori ||

64. jam satunggal wancinipun | jêng gurnadur jendral prapti | kodhokngorèk munya ngangkang | drèl Kumpêni wanti-wanti | mariyêm miwah sanjata | de panggenanipun baris ||

65. Kumpêni myang wadya prabu | anèng alun-alun sami | wau kangjêng sri narendra | miyos dhatêng srimanganti | amêthuk jêng tuwan jendral | jêng tuwan laju mring puri ||

66. orêg wong jro pura kêbut | tan petungan kang ningali | jalwèstri jêjêl sêk-sêkan | pinggir marga kêbak janmi | sawusira sawatara | jêng tuwan anèng jro puri ||

67. nulya amit ing sang prabu | arsa makuwon mring loji | sang nata sumarah karsa | jêng tuwan jendral gya mijil | sinatriya pra punggawa | kang anom samya umiring ||

--- 1 : 32 ---

4. Sinom

4. Wontênipun jendral ing Surakarta sarta mulabukanipun Pangeran Mangkubumi sêrik galihipun.

1. jêng tuwan gurnadur jendral | sampun makuwon ing loji | sinangkalan praptanira | wong nywara orêg ing bumi |[14] sagung para bupati | makuwon sasukanipun | enjinge sri narendra | têdhak martuwi mring loji | surup surya lagya kondur maring pura ||

2. dupi prapta pêndhak enjang | jêng tuwan gantya martuwi | sinambut lan mangun suka | kongsi diwasaning ari | jêng tuwan lagya amit | praptèng kawan arinipun | jangkêpe kaping tiga | têdhaknya jêng sri bupati | maring loji jêng tuwan mangun wicara ||

3. sang nata ngaturan ngiwa | wus panggih sami pribadi | mung kanthi dêlèr satunggal | jêng gurnadur matur aris | traping krama maripih | mêmalad mamèt saarju | dhuh pukulun sang nata | ingkang satuhu bawani | ing bawana talatah ing nuswa Jawa ||

4. mugi ta anglêpatêna | ing bêbêndu tulah sarik | dhatêng radpêni Indiya | miwah sampun sănggarunggi | kula matur sajati | tiyang Kumpêni gènipun | wontên ing nuswa Jawa | ngayom barkahing narpati | ingkang sampun kawuryan satuhu trêsna ||

5. marma Kumpêni sadaya | ing sêdya tarlèn mêmamrih | tata arjaning kang praja | mulyaning karaton Jawi | tulusa [tulu...]

--- 1 : 33 ---

[...sa] ing salami | dalah satalatahipun | sampun wontên durcara | bêbaya kang bêbayani | lir pakartining Cina ngrangkakkên praja ||

6. mila lamun jêng paduka | kaparêng panudyèng galih | pasisir êlèr sadaya | kagadhuhna ing Kumpêni | măngka pracihna yêkti | sih kadarmannya sang prabu | dhatêng băngsa Walănda | kang rumêksa kraton Jawi | amêmitran datan pêgat salaminya ||

7. dene lamun kasambadan | anggadhuh tanah pasisir | kang pinrih yêkti mung arja | tan ngewahi adat Jawi | myang pamêdaling siti | ingkang konjuk ing sang prabu | sapintên kathahira | Kumpêni mung dadya margi | lumadosing paos kadya saban-saban ||

8. duk miyarsa sri narendra | têmbunging jendral Kumpêni | langkung kagyat ing wardaya | dene tan nyana sayêkti | yèn jendral ingkang prapti | minta siti lèr sadarum | kang nèng têpi samodra | dahat ribêng tyas narpati | gya mangsuli pangandika manuhara ||

9. dhuh eyang mênggahing kula | tan liyan amung marêngi | sabarang ingkang kinarsan | mring sagunging pra radpêni | awit sampun ngugêmi | ubayèng mung mrih rahayu | nglêngkara yèn ngaraha | tiwasipun tanah Jawi | mila kula tan nêdya suwalèng karsa ||

10. nanging yogya dèn sarănta | kula mundhut rêmbag dhingin | maring pra nayakèng praja | sanès ari sung pawarti | jêng gurnadur mangsuli | dhuh sang prabu sampun dhawuh | dhatêng para dipatya | ing sayêkti tanpa kardi | botên wande punggawa [pungga...]

--- 1 : 34 ---

[...wa] mung mrih durcara ||

11. tandhanipun dèrèng lama | gènnya sang prabu ajurit | nêdya ngungsir mring Walănda | saking turing pra dipati | măngka jroning rat Jawi | ingkang misesa amêngku | yêkti amung paduka | sintên kang purun ngalangi | yèn wus dadi karsane kang madêg raja ||

12. rèhne wau sri narendra | pinilut sabda artati | tinêtêr-têtêr pinêlak | dadya mupus tyasiraji | anut titahing Widi | alon pangandikanipun | eyang kula apasrah | marêngi nagri pasisir | nèng Kumpêni tan pae nèng asta kula ||

13. jêng tuwan gurnadur jendral | sigra ngrangkul sri bupati | dhuh sang nata kang sanyata | trêsna pracayèng Kumpêni | pakewuhing rat Jawi | Kumpêni sanggêm amikul | beya akêthèn yutan | sarat sajroning ajurit | awêndrana Kumpêni măngsa nyambata ||

14. sang nata malih ngandika | eyang pamêdal pasisir | paosipun sabên warsa | lumados mring kraton Jawi | kula dèrèng ngèngêti | marma kula arsa dangu | mring kang juru panămpa | yèn sampun têrang patitis | panjênêngan kula akintun pratela ||

15. nulya kondur sri narendra | sapraptanirèng jro puri | nimbali sang mantrimuka | myang Jêng Pangran Mangkubumi | tan antara gya prapti | adipati kalihipun | ngandika sri narendra | marma sira sun timbali | kawruhana yèn praptane kaki jendral ||

16. darbe paminta maringwang | anggadhuh bumi pasisir | ingsun ora

--- 1 : 35 ---

bisa ondhan | kudu sah sajroning linggih | dadi ingsun nuruti | ing rèh kadhêsêk ing wuwus | angungun atur sêmbah | sira dipati kêkalih | dene sampun dhawuh lilah padukendra ||

17. sang nata malih ngandika | iya apa kang pinikir | mung pamêtune kewala | sira rêmbuga kang nuli | apa ginawe kêdhik | apa ta ginawe agung | Dipati Sindurêja | umatur ing sri bupati | dhuh pukulun dinamêl kêdhik kewala ||

18. kalih lêksa sabên warsa | dene Rahadyan Dipati | Pringgalaya aturira | kawan lêksa sabên warsi | ri sêdhêngnya anggalih | paos pasisir sang prabu | wau ta praptanira | Jêng Pangeran Mangkubumi | laju marêk ngastuti padaning raka ||

19. sang nata alon ngandika | wruhanira Mangkubumi | yèn praptane kaki jendral | minta anggadhuh pasisir | sun yayi wus marêngi | Kumpêni pamintanipun | wit kapêngkok wicara | jêng pangeran matur aris | dhuh pukulun dene tan botên kadosa ||

20. punapa tan kaèngêtan | lamun jênênging narpati | mung darma mêngku kewala | bang-bang lum-aluming nagri | yêkti wontên pêpatih | nayaka para tumênggung | tuwin para santana | punika kang darbe wajib | amasesa angalangna angujurna ||

21. inggih dèrèng wontên adat | ratu pêpadon pribadi | sang nata alon ngandika | iya bênêr sira yayi | nanging sun duk pêpanggih | minta sarèh datan antuk | pangeran atur sêmbah | jendral sajatine janmi | sanès buta punapa ngangkah

--- 1 : 36 ---

ngalêthak ||

22. sayêkti tuhu nglêngkara | yèn rodapêksa Kumpêni | dhatêng panjênêngan nata | ngandika sri narapati | lah kaya priye yayi | panggawe wus katarucut | dadi nora amăntra | ingsun lawan sira yayi | tan prayoga lamun ngêkèhna wicara ||

23. marma sun mupus kewala | sumarah titahing Widi | iya pirabara benjang | yèn manggih kaharjan luwih | de kadangira sami | lamun ana ingkang mêsgul | rèhning padha rumăngsa | tinilaran rama swargi | mung sun sarah apa ing sêsukanira ||

24. andhêku umatur nêmbah | Jêng Pangeran Mangkubumi | pukulun măngsa wontêna | tiwas paduka narpati | tiwas sadaya sami | kang darbe kak amung ratu | sakarsa-karsa tuwan | sintên kang purun mancèni | kadang tuwan mung nêdya apês kewala ||

25. sang nata malih ngandika | hèh yayi mas Mangkubumi | mung pamêtune kewala | pikirên ingkang prayogi | ature Si Dipati | Sindurêja sabên taun | pinapantês rong lêksa | Si Pringgalaya Dipati | aturira patang lêksa sabên warsa ||

26. iku êndi kang prayoga | paran rêmbugira yayi | pangeran umatur nêmbah | pukulun jêng sri bupati | mugi dèn kawikani | siti pasisir sadarum | èstu kathah wêdalnya | saking bandaring jaladri | mung punika waragad karaton Jawa ||

27. yèn panuju ing karsendra | tuwan mundhuta sakêthi | lamun botên makatêna | atis kraton nagri Jawi | siti Pajang Matawis | Bagêlèn tanapi [tana...]

--- 1 : 37 ---

[...pi] Kêdhu | nyanggi pakaryan praja | bau lumêbêt nagari | angladosi barang rèh karsa narendra ||

28. pundi ta dhaharing nata | punapa măncanagari | bogang arta bogang karya | tangèh lamun sagêd nyait | tiyang măncanagari | kathah wulêd paosipun | sri narendra duk myarsa | dhawuh mring sang nindyamantri | hèh dipati kayaparan rêmbugira ||

29. samya tur sêmbah kewala | andhêku pêpatih kalih | lir kadya konjêm pratala | sang nata sampun andugi | dhawuh timbalan aji | kinèn mundura rumuhun | supadi bakit wawah | utaminipun pamikir | nêmbah mêdal sarêng wong agung têtiga ||

30. sapraptanira ing jaba | Jêng Pangeran Mangkubumi | laju kondur maring wisma | sang mantrimuka kêkalih | kondur sarêng nèng margi | rêraosan kalihipun | Dipati Pringgalaya | ngandika sarwi bêbisik | kadiparan rêmbage kangjêng pangeran ||

31. mojar Dipati Sindurja | yèn Pangeran Mangkubumi | ing galih tan angon măngsa | mung ngèngêti agêng inggil | luhuring kraton Jawi | tangèh èngêt apêsipun | lir rêmbuge pangeran | tan jamak tumrap ing mangkin | wit nirnakkên manise karaton Jawa ||

5. Dhandhanggula

1. kunêng Jêng Pangeran Mangkubumi | sapraptaning sana karêrănta | sri narendra timbalane | dènnya kakênan sampun | ing upadi sadu mêmanis | dadya tansah anggagas | paran wêkasipun | karaton ing

--- 1 : 38 ---

tanah Jawa | yèn pisaha kalawan tanah pasisir | tan wande karepotan ||

2. putêk ing tyas sanityasa tistis | mangunêngi laladan tan arja | kang jumrunuh mring prajane | dening mangunahipun | budi longok tan wrin ing wèsthi | satêmah bakal nistha | jênêngirèng ratu | ya ta wau jêng pangeran | animbali abdinipun para mantri | catur pangajêngira ||

3. wong ing Kartasura ingkang kalih | mas Brêmara saking Kapurbayan | kang wus kanggêp suwitane | minăngka pinisêpuh | sinung aran Radèn Ngabèi | Martawijaya sarta | juga rowangipun | Sumatali kang sêsuta | pinaringan sêsêbutan Mas Ngabèi | Samadipura nama ||

4. ingkang kalih abdi Sokawati | apêparab Dêmang Jayarata | ingkang dadya sisihane | Wirasêtika juluk | Jêng Pangeran Amangkubumi | dhawuhkên pangandika | bocah sun paring wruh | wingi ingsun ingandikan | pinaringan warta kalawan tinari | ing kangjêng sri narendra ||

5. jêng gurnadur minta wong pasisir | sri bupati sinêsêg wicara | satêmah anglilakake | dene pamêtunipun | wong Kumpêni ing sabên warsi | ngaturakên mring nata | kadi sabênipun | Adipati Sindurêja | tur rêmbuge mung rong lêksa sabên warsi | Dipati Pringgalaya ||

6. patang lêksa sabên-sabên warsi | wong Kumpêni yêkti mung sumarah | ing sadhawuh ngladèkake | dupi ingsun dinangu | ngong aturi mundhut sakêthi | Sindurja Pringgalaya | dinangu sang prabu | karone

--- 1 : 39 ---

kinèn mikira | prayogane ingkang dadi atur mami | amung dhêku kewala ||

7. pijêr minggu tan ngunjukkên pikir | katon sănggarunggine maringwang | sri narendra timbalane | padha tinundhung mêtu | kinèn mikir ingkang prayogi | lah sira rasakêna | kang kaya tur ingsun | lan ature Pringgalaya | Sindurêja sira rani bênêr êndi | matur mantri sakawan ||

8. dhuh pukulun èstu lêrês gusti | tanah uruting têpi samodra | akathah kabandarane | patih kalih turipun | mung kabêkta maras ing galih | yèn kapêntog wicara | dening jêng gurnadur | aywa kongsi antuk cêla | tan rumêksa ngarah kacukup ing gusti | kang cakêp botên lăngka ||

9. Răngga Wirasêtika lingnyaris | inggih kakang Dêmang Jayarata | nadyan kathah santanane | sang nata sêmunipun | mung jêng gusti ingkang tinari | tanapi pinarcayan | iku têgêsipun | baya pakewuhing praja | mung kang rayi ingandêl tinari-tari | angalang ngujurêna ||

10. ing samêngko sanak Sukawati | sayêktine kakang Jayarata | kudu salin pambêkane | tinuman mèn kalantur | gêdhèkakên tyase pribadi | ingkang darbe curiga | pangaji nêm suku | cipta arêga limalas | tumbak rêga nêm jampêl ciptanên sami | yèn pangaji sadaya ||

11. sabuk solok dèn anggêpa sami | kalawan sabuk cindhe jalamprang | wong kang darbe picis sêtèng | nganggêp reyal sapuluh | dèn tuwajuh anrus ing batin | anon mungsuh sanambang [sa...]

--- 1 : 40 ---

[...nambang] | ciptanên mung satus | santosaning tekadira | lamun ora kumêdhèp yêkti sinung sih | nugrahaning Hyang Suksma ||

12. lama-lama sêngkakêna malih | jro tyasira supaya dadia | nagara prajurit gêdhe | munjuli prawiranung | ing Madura lan Surawèsthi | wêwinih kaprawiran | saking karsa prabu | de gusti mung têlung nambang | tinêmpuhkên bot repoting tanah Jawi | pratăndha yèn karasa ||

13. pra santana sêsanga kang maksih | têka amung jêng gusti kewala | kang tinari esuk sore | kinathik siyang dalu | dening raka sri narapati | yèku panggawe gawat | abot yèn dinulu | ènthèng lamun linampahan | dèn tumitih ing titahira Hyang Widi | luhur kalawan andhap ||

14. lamun têmên ora kêna gingsir | cêndhak dawa yèku wus tinitah | ing manusa mung antêpe | puji minăngka paju | panglêpasing papa prihatin | budi kang sinêmbadan | anjajah tuwajuh | tan kumêdhèp barang karya | sakaryane dêdana dinadak dadi | pusaka pangawasa ||

15. jêng pangeran angandika aris | hèh ta dêmang lawan sira răngga | bangêt panarimaningong | tanapi mring sirèku | Martajaya dèn angantêpi | apa sasêdyanira | kang wus sira wuwus | ingsun ngèstrèni kewala | lamun têmên-tinêmênan ing sakapti | dening Kang Murbèng Jagad ||

16. wêwêkas ingsun mring sira sami | nadyan silih anggêdhèkkên manah | aywa gumunggung anggêpe | adiguna adigung | awit iku wisaning [wisa...]

--- 1 : 41 ---

[...ning] urip | marma ywa kongsi pêgat | marsudi mrih ayu | ayu mring sabarang polah | polah ingkang mamrih sampurna ing budi | budi mring karaharjan ||

17. utamane wong tinitah urip | dèn abisa angenaki manah | marang sapadha-padhane | pêpadhane tumuwuh | angêkèhna panggawe bêcik | luwês manis ing basa | basukining têmbung | bungaha kang padha myarsa | gêgulangên ing siyang pantara ratri | ciptanên ing wardaya ||

18. lan dèn kèsthi aywa kongsi lali | madhêp manêmbahira ing Suksma | wruha marang wêkasane | wêkasaning tumuwuh | têtumanên dimèn lêstari | lêstarine sampurna | sampurnaning kawruh | kawruh marang kauwusan | karakêta marang tingal kang sajati | jati-jatining tunggal ||

19. yèn wus tunggal dèn maksih kêkalih | kêkalihe gusti lan kawula | lair kalawan batine | yèku upamanipun | yèn wus têpung lair lan batin | kadi wrêksa candhana | ambune atêrus | wangi ing jaba jro ngambar | ngambar-ambar wignya babar ujar bêcik | rêricikaning raga ||

20. lamun sira wus wignya ngrêricik | jro tyasira saliring prakara | nora samar kahanane | anane barang laku | laku ingkang sira lakoni | yèku janma utama | dene wus amêngku | wêwêngkone jagad raya | barang lair mung jumrunuh anututi | dadi sasêdyanira ||

21. kunêng Jêng Pangeran Mangkubumi | putus rêmbage pratiwa wadya | gantya kangjêng sang pamase | bab ing pamêdalipun [pamêda...]

--- 1 : 42 ---

[...lipun] | wong pasisir ing sabên warsi | datan karsa ngagêma | pangeran turipun | turing Dipati Sindurja | kang dhinahar mung rong lêksa sabên warsi | wus ngutus mring apatya ||

22. mundhi nawala jêng sri bupati | kanthi sêrat pratelaning cacah | pasisir ing pamêdale | dhumatêng jêng gurnadur | sri bupati tan paring uning | mring kang rayi pangeran | wau lampahipun | risang kalih mantrimuka | sapraptaning loji sampun apêpanggih | lan jêng gurnadur jendral ||

23. wusing jawat asta sang dipati | gya ngaturkên nawalèng narendra | tinampèn tinupiksa ge | jêng tuwan suka langkung | duk anuksma raosing tulis | aris kang pangandika | anêdha satuhu | rad Kumpêni ing Indiya | mring andika risang kalih nindyamantri | enggaling tampi sêrat ||

24. pratelaning pamêdal mantêsi | mangke kula ayun uningaa | sang nata pintên kadange | Pringgalaya umatur | ingkang sêpuh kantun satunggil | Pangeran Danupaya | dene ingkang wolu | prasami anèm sadaya | Jêng Pangeran Ariya Adinagari | nuntên Adiwijaya ||

25. nulya Jêng Pangeran Mangkubumi | gya Jêng Pangeran Ariya Răngga | Jêng Pangeran Matarame | Pangran Slarong rinipun | Jêng Pangeran Panular malih | Pangran Bèi pulunan | kadangipun sêpuh | sang nata ingkang pêputra | wontên malih dados mêngsah ingkang kalih | madêg ardi Sêmbuyan ||

26. Buminata lawan Singasari | pulunan nata kang dadya mêngsah | Mangkunagara lan Pamot [Pa...]

--- 1 : 43 ---

[...mot] | prasamya ngrisak dhusun | angrêriwut têtiyang alit | jêng tuwan ngungun myarsa | angandika arum | dyan dipati pra santana | ingkang trêsna tan kesah saking nagari | andika saenana ||

27. dupi midhangêt Dyan Adipati | Pringgalaya suka jroning nala | de antuk marga sêdyane | Sindurêja jumurung | sigra Pringgalaya Dipati | umatur mring jêng tuwan | dhuh kangjêng gurnadur | kadang santana narendra | kang nèng nagri samya kirang dharing sabin | mung têtiga kang cêkap ||

28. Adinagara Arya Matawis | lurah santana sabinnya kathah | Mangkubumi katigane | punika kang linangkung | tigang èwu cacahe sabin | tan wontên tumimbanga | para kadang prabu | pangeran wus kadya raja | awibawa winongwong jêng sri bupati | kalangkung kinasihan ||

29. jêng pangeran ingkang madanani | pra santana Pangran Dinagara | lênggahe sabin cacahe | mung sèwu gangsal atus | lan Pangeran Arya Matawis | kang lênggah cacahira | sèwu kawan atus | Pangran Rănggadiwijaya | gangsal atus lênggahe pangran nyatunggil | dene para pangeran ||

30. ingkang sami sinung lênggah siti | namung nigang atus ingkang mratah | marma langkung musakate | kang tan cêkap dharipun | aprasasat tan darbe abdi | pantês wontên kang mêdal | wit saking ngêlalu | tan bangkit lamun umiyat | mring Pangeran Ariya Amangkubumi | kang agung tanpa timbang ||

31. jêng gurnadur jendral tanya malih | Pangran Mangkubumi

--- 1 : 44 ---

karta jaman | ing nguni pintên sawahe | Pringgalaya turipun | mung nêmatus cacahing sabin | wit saking kinasihan | ing raka sang prabu | marma sarwa kinacekan | sayêktine kacèke kapati-pati | jendral nolih ngandika ||

32. hèh Gêndhorop apa ta sayêkti | yèn sanyata pagene bineda | kumêndhan alon ature | pukulun milanipun | kinacekan lawan sêsami | awit kangjêng pangeran | kangge karyanipun | putus pangolahe praja | cukup cakêp barang rèh karyaning aji | măngka gul-aguling prang ||

33. ingkang kathah pangran ukur urip | mung nêsêgi lêlurung kewala | anggêdhèkakên angkuhe | kala jêngkar sang prabu | sami nungkul Sunan Garêndi | tyas kêkês lir wanudya | tan wirang ing kalbu | Pangran Mangkubumi tobat | botên sotah nungkul dhatêng Sunan Kuning | milalu mring Samarang ||

34. lan malihe tanah Sukawati | tigang nambang nguni rinayudan | Martapura sabalane | Kumpêni pra tumênggung | sabên ngungsir prangnya kalindhih | dupi pangran tumêdhak | mêngsah kapalayu | marma tanah Sukawatya | pinaringkên măngka ganjaran narpati | gènnya mungkasi karya ||

35. jêng gurnadur angandika aris | dhingin iku ngungsi mring Samarang | duk Kartasura bêdhahe | bênêr gêdhe tyasipun | nanging rada kakehan thithik | lah iya dadak apa | dèn êlong rongèwu | karia sèwu kewala | yèn anglurug sayêkti kanthi Kumpêni | lan sagung [sa...]

--- 1 : 45 ---

[...gung] pra dipatya ||

36. samya ngiring Pangran Mangkubumi | dadya amung nindhihi kewala | lah dyan dipati kalihe | dika matur sang prabu | kula ingkang tur pamrayogi | sabinipun dèn longa | ingkang kalih èwu | kantuna sèwu kewala | ingkang kalih èwu dèn wêwahna maring | punggawa pra santana ||

37. de pratelan sampun kula tampi | sakalangkung ing panuwun kula | gêngipun kadarman katong | kalih sang mantri ngayun | tur sandika jawat astamit | laju tumamèng pura | praptèng ngarsa prabu | matur solahing dinuta | lan wêlinge jêng gurnadur mring apatih | mangkana aturira ||

38. dhuh pukulun kangjêng sri bupati | kaki paduka jêng tuwan jendral | kala wau apitakèn | pra pangeran sadarum | sabinipun sawiji-wiji | amba matur prasaja | ing sawontênipun | sabinipun rayi tuwan | Jêng Pangeran Mangkubumi dèn wastani | kêkathahên piyambak ||

39. marma pun kaki wau mêmêling | tur prayogi ing jêng sri narendra | mugi dèn longa lênggahe | kakantuna kang sèwu | ingkang kalih èwu dèn turi | mundhut winêwahêna | mantri myang panèwu | miwah sagung pra pangeran | ingkang taksih sakêdhikên dharing sabin | duk midhangêt sang nata ||

40. ruwêt rêntêng jroning tyas tan sipi | sigra dhawuh patih sigra mêdal | tur sêmbah lèngsèr kalihe | saking ing ngarsa prabu | sri narendra sigra nimbali | mayor wus malbèng pura | jawat asta sampun | sri naranata ngandika | hèh ta adhi sira [si...]

--- 1 : 46 ---

[...ra] mau apa uning | kalane kaki jendral ||

41. angrasani dhimas Mangkubumi | tuwan kumêndhan alon turira | pan sami taksih wontêne | ing ngarsa jêng gurnadur | tiwasipun pêpatih kalih | tan purun ngalingana | mring rayi pukulun | sarêng ulun tinakenan | inggih matur mila Pangran Mangkubumi | kaot sabine kathah ||

42. awit saking pangeran prajurit | têtêp dadya kanthining nagara | ing aprang pilih bobote | wantêr atêguh timbul | titih lamun amangun jurit | mungsuh pangran sakawan | tan kewran ing tangguh | kalamun kathahên lawan | gya utusan nêdha bantu mring Kumpêni | mung sadasa kewala ||

43. nanging jêng tuwan sampun nuruti | aturipun sang mantri wasesa | de wus kalêbêt galihe | Pringgalaya kang rêmbug | amba ugi dipun dhawuhi | sabinipun ri tuwan | kêkantuna sèwu | dene yèn wontên lurugan | rayi tuwan taksih anyenapatèni | sang nata duk miyarsa ||

44. saya putêk raosing kang galih | ngandikalon adhi kayaparan | têka mangkono dadine | tuwan kumêndhan matur | saupami pêpatih kalih | asèndhèn ing kawula | èstu bangkit matur | ngalingi rayi paduka | ing têtêpe Jêng Pangeran Mangkubumi | kadi kang wus kalampah ||

45. ulun sampun amrih ngati-ati | pitakenan tan dhawah kawula | mring Pringgalaya dhawuhe | dene ta pênêdipun | ri paduka tuwan timbali |

--- 1 : 47 ---

sang nata andhawuhna | ngêlong sabinipun | yèn sampun kalingan warsa | sapêngkêring jendral pinaringkên malih | ywa kongsi don asmara ||

6. Asmaradana

5. Pangeran Mangkubumi mêdal saking nagari.

1. ngandika sri narapati | lah adhi sira mêtua | yayi mas sun timbalane | wuse mayor jawat asta | saksana amit mêdal | dupi pukul pitu dalu | ingkang rayi tinimbalan ||

2. Jêng Pangeran Mangkubumi | agêpah gya manjing pura | wus marêk byantara katong | ngandika sri naranata | yayi sun asung warta | aja susah tyasirèku | sumaraha takdiring Hyang ||

3. jendral tur prayoga mami | angêlonga lungguhira | ingkang rongèwu cacahe | karia ingkang sanambang | santana miji sira | upama sun tan mituhu | sayêkti kurang prayoga ||

4. mayor mau sun timbali | ature duk kaki jendral | andangu mring patih karo | cacah lungguhira sawah | miwah sakadangira | Pringgalaya ingkang matur | prasaja saananira ||

5. mayor angungun kêpati | upama jendral têtanya | marang Si Mayor Hondhorop | ature nêdya dèn arah | aywa kongsi ngêlonga | yayi kang dadya lungguhmu | dene rêmbuge kumêndhan ||

6. mêngko prayoga nuruti | karsane gurnadur jendral [je...]

--- 1 : 48 ---

[...ndral] | gampang yèn wus saungkure | sêdhênge kalingan warsa | sun balèkkên mring sira | ora owah cacahipun | maksih ganêp têlung nambang ||

7. narimaa bae dhingin | ywa kongsi dadya tyasira | pangeran sêrêt ature | rèhne karsane narendra | amba datan suwala | nanging ta prayoginipun | kawula paduka bucal ||

8. ngicalakên dhok[15] satunggil | pintên banggi manggih gêsang | supadi paduka katong | sampun ngantos kalepetan | ing labêt kang tan arja | awit paduka pukulun | lawan radpêni Indiya ||

9. sabadan sakulit daging | upami tan mituhua | mindhak kirang utamane | tuwan ingkang nêtêpana | balung sungsum Walănda | dene kawula pukulun | tan nêdya durakèng raja ||

10. mung nêdya papa prihatin | paduka anglilakêna | dèn eklas ing lair batos | kang raka duk amiyarsa | carocosan kang waspa | trênyuh ing tyas amargiyuh | ketang trêsnane mring kadang ||

11. kang dadya woding panggalih | amung sajuga punika | kang kênèng tinaros-taros | barang rèh ingêring praja | ambêk santa budiman | măngka bêbokong prajagung | pikuwating kraton Jawa ||

12. dangu sang nata tan angling | jêng pangran umatur nêmbah | ulun nuwun lilah katong | sumêdya tilar nagara | nyarêngi angkatira | benjang-enjang jêng gurnadur | amerang miyat ing janma ||

13. sri bupati ngandikaris | pan sarwi anênggak waspa |

--- 1 : 49 ---

adhuh yayi kaya priye | rèhning wus kêncêng sêdyanta | sun jurung puja arja | mugi winongwong Hyang Agung | ingsun sung pamugut trêsna ||

14. gawenên sarana yayi | asung sandhang lawan boga | ing wadyabalanta kabèh | arta têlung èwu reyal | saksana wus tinampan | kang rayi umatur nuwun | gya nguswa padèng rakendra ||

15. waspanya pangran drês mijil | tur sêmbah mijil sing pura | praptane padalêmane | dhawuh samêkta mring bala | nanging tan kawistara | kunêng wau jêng gurnadur | wusnya jangkêp pitung dina ||

16. gènnya anèng Sala nagri | pinutus kèhe wicara | sampun amit ing sang katong | Dyan Dipati Pringgalaya | Dipati Sindurêja | tumutur ing jêng gurnadur | kanthi kang para bupatya ||

17. pasisir măncanagari | miwah bupati jro praja | akêbut prasamya dhèrèk | ingkang kantun têngga praja | amung ing sawatara | tabuh pănca wancinipun | anuju ing ari Tumpak ||

18. gurnadur bidhal sing nagri | agêng pakurmatanira | datan pae lan rawuhe | miyos ing tanah Mataram | laju anjog Toyamas | marmanya bupatinipun | Mataram kalih tut wuntat ||

19. Dyan Tumênggung Rajaniti | Tumênggung Jayawitana | gumuruh swaraning kang wong | wadya pasisir nèng wuntat | punggawa Surakarta | măncanagara nèng ngayun | lan kalih sang mantrimuka ||

20. wau Pangran Mangkubumi | wanci bangun nis sing praja | nyarêngi jendral bidhale | sagarwa kawula warga [war...]

--- 1 : 50 ---

[...ga] | rêreyongan lampahnya | kapungkur srining prajagung | agung kasangsayèng marga ||

21. wus lêpas lampahing margi | pangeran sakulawarga | miwah sawadyabalane | sapraptaning Sukawatya | pinêthuk abdi desa | lajêng pacak barisipun | anèng Pandhak Karangnăngka ||

22. kunêng nagari Matawis | wontên santana angraman | nèng gunung Gamping barise | wus kathah gêgamanira | Dyan Mas Guntur kang nama | sampun asilih jêjuluk | Pangran Suryadikusuma ||

23. putraning pangeran bèi | Ngabèi Dèn Mas Sudira | duk myarsa ing lampah gêdhe | jendral mêdal ing Mataram | bubar larut sasaran | lumajêng Radèn Mas Guntur | anusup ing wanapringga ||

24. gurnadur prapta Matawis | makuwon jroning Ngayogya | tigang dalu ing lamine | umiyat labêting kitha | pasar gêdhe ing karta | Palèrèt samya dinulu | lajêng mariksa samodra ||

25. sakiduling nuswa Jawi | wusnya nutug gènnya miyat | wangsul mring Ngayogya manèh | jêng tuwan ngungun tumingal | saening tanah Yogya | ri sampuning tigang dalu | budhal saking ing Mataram ||

26. gantya kang winarnèng tulis | nagari ing Surakarta | wusnya têrang pamyarsane | sira Kyai Saradipa | lolosipun pangeran | sarêng lawan jêng gurnadur | wanci bangun saha bala ||

27. laju tur uning mring loji | kumêndhan ngungun miyarsa | Tuwan Mayor Hogêndhorop | nulya malêbèng jro pura | wus tundhuk lan sang nata | tur

--- 1 : 51 ---

uninga lolosipun | ingkang rayi saha bala ||

28. sampun praptèng Sukawati | anèng Pandhak Karangnăngka | laju umadêg barise | sri narendralon ngandika | adhi kaya pa sira | Hogêndhorêp lon umatur | inggih yèn mênggah kawula ||

29. nadyan kathah kadang aji | kang sami tilar nagara | nanging kalamun liyane | sampun satunggal punika | ing manah wus karasa | yèn èstua dados mungsuh | pasthi yèn awrat sinăngga ||

30. lan malihipun rêspati | ngladosi karsa narendra | kinathik kêni tinaros | dadya kanthining nagara | amba datan kaduga | tiyang Jawi tatanipun | kolunya karya piala ||

31. sampun tumrap para gusti | kadange kang madêg nata | yèn pantêsa kinarya won | sanadyan kănca kewala | inggih botên prayoga | lamun kinaryaa dudu | mayor sarwi sarikutan ||

32. ngusapi waspa drês mijil | sênggruk-sênggruk aturira | dhuh sang nata ing samangke | kecalan gul-agul praja | saking during punggawa | duk punika Dyan Tumênggung | Tohjaya sumiwèng nata ||

33. kumêndhan nolih sarya ngling | hèh bapak Panji Tohjaya | saking gunging sungkêm ingong | lan nata tan nêdya pisah | nanging kaya mibêra | marang langit raganingsun | tan bangkit miyat wong Jawa ||

34. ingsun bapak kulit putih | ora niyat gawe ala | marang wong abang kulite | merang marang Gusti Allah | wong Jawa iki ora |

--- 1 : 52 ---

wong bêcik-bêcik satuhu | têka jinegal warasan ||

35. Jêng Pangeran Mangkubumi | sajinis kang duwe praja | tur abêcik pambêkane | ing pikir tinari kêna | ing prang putus ing gêlar | wantêr titi tatag tangguh | golèki wong kaya apa ||

36. nauri Tumênggung Panji | Tohjaya hèh tuwan aja | padha wong Jawa kowe wor | lamun kaya Si Tohjaya | tobat agawe ala | abang putih kulit iku | ana bêcik ana ala ||

37. apan sarwi briga-brigi | kumêndhan sigra ngrêrêpa | lah ya bapak kowe bae | kinathik marang sang nata | ywa kaya Pringgalaya | Ki Tohjaya manthuk-manthuk | nora niyat pêpucungan ||

7. Pucung

6. Madêg baris wontên ing Pandhak Karangnăngka, ngalih dhatêng Gêbang, lajêng ajak-ajak Pangeran Mangkunagara sarta Sultan Dhandhun Martèngsari supados kêmpal.

1. sang aprabu pangandikanira arum | adhi sira aja | age-age anututi | kirim tulis angrêrapu mring ari mas ||

2. Mangkubumi maksih kabranang tyasipun | manawa wus lêjar | barêng lan utusan mami | yèn ing mêngko mundhak nênangi bramatya ||

3. mayor dhêku tabe pamit sarêng mêtu | lan Panji Tohjaya | kalihe wus praptèng jawi | kunêng [ku...]

--- 1 : 53 ---

[...nêng] malih gantya ingkang winursita ||

4. jro tyasipun agung dènnya wayang-wayung | kang tilar nagara | Jêng Pangeran Mangkubumi | kang ngadêgkên baris Pandhak Karangnăngka ||

5. wus amupus andêrpati ciptanipun | dadya amêmacak | patinggi ing Sukawati | ingkang bêcik-bêcik kinarya punggawa ||

6. nadyan sajung yèn bêcik dadya tumênggung | Dyan Martawijaya | Samadipura Ngabèi | Răngga Wirasêtika samya pinacak ||

7. punggawagung namung namane lastantun | Dêmang Jayarata | sampun jinunjung kang linggih | sinung nama Dyan Tumênggung Jayadirja ||

8. wong panajung Ki Martatruna jinunjung | bupati ingaran | Dyan Tumênggung Brajamusthi | kadangipun ran Tumênggung Brajadênta ||

9. bêkêl gunung panèkêt rupane bagus | bêkêl pangalusan | jinunjung pangkat bupati | nama Radèn Tumênggung Ranadiningrat ||

10. wontên malih wong kalang ingkang jinunjung | kinarya punggawa | ugi apangkat bupati | nama Radèn Tumênggung Sutadipura ||

11. malihipun Natasingron mantrinipun | pinacak punggawa | sarta sinungan kêkasih | nama Radèn Tumênggung Rêksanagara ||

12. amangsuli kăndha kang sampun kapungkur | Radèn Martapura | Paridan namanya alit | duk kasor ing aprang anèng Sukawatya ||

13. Jêng Pangeran Mangkubumi ingkang mukul | Radèn Martapura | nêdya mantuk mring nagari | Garobogan nanging datan kalampahan ||

14. awit kitha Garobogan wus karêbut | kumêndur Samarang | malah mantune pribadi | Martapura kang

--- 1 : 54 ---

anama Pulangjiwa ||

15. dèn puk-ipuk marang ing tuwan kumêndur | tinanêm Grobogan | dèn êbang lungguh bupati | dimèn purun nyêpêng Radèn Martapura ||

16. dadya sanggup ngubur maratuwanipun | binêktan Walănda | sèkêt saking ing Samawis | Pulangjiwa wus angancik Garobogan ||

17. dadya bingung Martapura tanpa dunung | ngilang buwang badan | wus amindha janma kuli | mung kathokan kudhung sarung mring Samarang ||

18. tan ana wruh yèn Martapura anamur | akêkêthon abang | sade dara lawan pitik | kang tumingal dèn nyana êncik kewala ||

19. pra bupati kinèn ngubrês mring kumêndur | amung Garobogan | kang tansah dèn osak-asik | nora nyana kalamun anèng Samarang ||

20. Martapura darbe pêpulunan mantu | ran Jayapuspita | Ănggakusuma Suwandi | kang sêsuta Rahadyan Ănggakusuma ||

21. Buminatan kocapa Suwandi wau | manjing jroning praja | Surakarta arsa ngabdi | ngaturakên pêjah gêsang ing narendra ||

22. praptanipun ing jêng ratu agêng katur | bakda mahrib têdhak | mring regol kidul manggihi | sanalika sangêt ing pamuwunira ||

23. dupi sampun lêjar angandika arum | bapakmu si edan | Si Paridan ana ngêndi | nêmbah matur pun rama sampun angical ||

24. kangjêng ratu atur uninga sang prabu | yèn Jayapuspita | Ănggakusuma Suwandi | prapta nungkul ngaturakên pêjah gêsang ||

25. sang aprabu angandika mring kang ibu | tumbake [tu...]

--- 1 : 55 ---

[...mbake] pun upas | ing mangke punapa taksih | yèn binêkta kula ibu yun uninga ||

26. kangjêng ratu utusan tumbak pinundhut | wus katur sang nata | langkung rêsêp mariksani | kyai upas wasiyat Kudus nagara ||

27. sri narendra pangandikanira arum | pun upas punika | kula arêsêp ningali | kula pundhut agêntos darbe pusaka ||

28. nulya dhawuh ature sumăngga kayun | nanging jarêm ing tyas | wau sira mas Suwandi | kangjêng ratu akathah pêparingira ||

29. reyal satus busana pangadêg têlu | mas Suwandi sigra | mondhok wismanipun mantri | juru bêras Arya Kudus ingkang nama ||

30. wetan Pepe wismèng Arya Kudus Paku | lawan Martapura | prênah kakangnya tumuli | kunêng malih kawuwus Dyan Martapura ||

31. laminipun nèng Samarang kalih tèngsu | angalih ping tiga | momor bêburuh mêmêlit | mêlit godhong bayare satus têlung wang ||

32. nulya wontên Bugis dosa kapalayu | cacahipun gangsal | lawan wong Koja satunggil | sarêng minggat binêkta Dyan Martapura ||

33. mlampah dalu analasak ing wanagung | mondhok yèn raina | kalamun dalu lumaris | kawan ari lampahe praptèng Lawiyan ||

34. rencangipun nênêm tinilar ing kampung | Radèn Martapura | wus manybing[16] praja pribadi | angêngisêp ngulati Ănggakusuma ||

35. panggih wontên ing wismane kadangipun | nanging Martapura | datan purun apêpanggih | lan Ki Arya Kudus kadangira [kadang...]

--- 1 : 56 ---

[...ira] tuwa ||

36. mung kang mantu winêlingakên wus pangguh | matur yèn ki upas | pinundhut ing sri bupati | lan Pangeran Mangkubumi sampun mêdal ||

37. botên sande inggih amurwèng prang pupuh | anèng Sukawatya | sampun angêdêgkên baris | mas Suwandi wus binêkta mring Lawiyan ||

38. sarêng dalu sampun dados rêmbagipun | mundur mring Kaondhan | siyange tumbas turanggi | nèng Kaondhan antuk turăngga sadasa ||

39. rêmbagipun mring Sukawati anusul | nêdya asuwita | Jêng Pangeran Mangkubumi | budhal dalu ing marga datan winarna ||

40. byar raina Pandhak Karangnăngka rawuh | jujug Martajaya | lajêng katur marang gusti | tinimbalan wau Radèn Martapura ||

41. praptanipun ing ngarsa sigra rinangkul | langkung ngungunira | Jêng Pangeran Mangkubumi | mas Suwandi ngrakêti angaras pada ||

42. pra punggawa andhèr kang sowan ing ngayun | Radèn Martapura | anulya jinunjung linggih | sinung nama Dipati Pugêr Bupatya ||

43. gumarumung ngèstrèni para tumênggung | dene Japuspita | Suwandi jinunjung linggih | nama Radèn Tumênggung Suryanagara ||

44. jêng pangeran matah prajurit tinuduh | angêlar jajahan | Martajaya dèn kanthèni | Dyan Tumênggung Brajamusthi Jayadirja ||

45. tri punggawa wontên kuda tigang atus | ngatêr lampahira | Dipati Pugêr ing mangkin | dèn antukkên dhatêng kitha Garobogan ||

46. wontên malih cinatur magangnya prabu | Radèn Tambakbaya | Suligi namanya alit [a...]

--- 1 : 57 ---

[...lit] | asli Nglasêm ngabdi duk nèng Pranaraga ||

47. kesah dalu mring Sukawati anusul | nêdya asuwita | pangeran suka nampèni | Tambakbaya pinacak dadya punggawa ||

48. kunêng Adipati Pugêr lampahipun | praptèng Garobogan | bêdhah tan wani ngawali | Pulangjiwa angungsi dhatêng Samarang ||

49. lan ing Warung ginitik sampun anungkul | dhatêng Sang Dipatya | Pugêr sampun dèn tanêmi | kang tinanêm Ngabèi Kartanagara ||

50. Adipati Pugêr wangsul sawadyagung | dhatêng Sukawatya | wus panggih ngaturkên warti | sasolahe dènnya angrêbat nagara ||

51. Adipati Pugêr pamrayoganipun | ngalih pasanggrahan | kang polatane prayogi | ingaturan pacak baris Majarata ||

52. ngidulipun ing Gêbang punika patut | wus rêmbag sadaya | budhal Pangran Mangkubumi | dhatêng Gêbang rineka kuthaning raja ||

53. wadyabala wus rakit pakuwonipun | rêmbage Dipatya | Pugêr aparinga uning | mring kang rayi kalih lan Mangkunagara ||

54. Radyan Tambakbaya wau kang tinuduh | lan mantri têtiga | mantri alit Sukawati | Adipati Pugêr ingkang karya sêrat ||

55. duk puniku Pangran Mangkubumi durung | darbe juru sêrat | milane Pugêr Dipati | kang dèn iras akarya sêrat ibêran ||

56. sêrat sampun pinaringkên kang ingutus | Radyan Tambakbaya | têtiga ponang kintaki | ingkang kalih mring kang rayi kalih pisan ||

57. Jêng Pangeran Buminata Singasantun [Si...]

--- 1 : 58 ---

[...ngasantun] | tigane Pangeran | Ariya Mangkunagari | ngajak kumpul ywa kongsi bèncèng ing karsa ||

58. duta sampun lumampah samantrinipun | amung salawe prah | cacahipun kang turanggi | kang jinujug Pangeran Mangkunagara ||

59. ingkang baris ing Panambangan gènipun | lor Nglorog prênahnya | pangeran wus silih nami | ajêjuluk Susunan Adiprakosa ||

60. praptanipun duta ing Nambangan katur | sigra tinimbalan | Tambakbaya marêk aglis | praptèng ngarsa sêrat pinundhut binuka ||

61. dupi sampun pustaka sinuksmèng kalbu | dangu mring caraka | apa wus lawas suligi | kangjêng rama gone atinggal nagara ||

62. duta matur dèrèng lami wêdalipun | sarêng lawan jendral | nulya pangeran anuding | anganthèni caraka dhatêng Sêmbuyan ||

63. mantrinipun Pancatnyana kang tinuduh | ngatêr dutanira | Jêng Pangeran Mangkubumi | duta mangkat angungkurkên Panambangan ||

8. Pangkur

1. kunêng gantya kang winarna | Pangran Buminata kang anèng wukir | lan kang rayi Singasantun | ingkang anêmbe prapta | saking wetan ngadêg Kadhiri rumuhun | Mayor Kèngsêr kang anglanggar | prangan wangsul ngilèn malih ||

2. mangkya angumpul kang raka | Jêng Pangeran Buminata kang baris | nèng tanah Sêmbuyan gunung | suyut wong tigang dhomas | ing Kasine pangeran pakuwonipun | ingkang kinarya nagara | wus tinata rinarakit ||

3. ing kanan keri rinata | ngiringakên lèpèn ngungkurkên wukir | kumalungkung

--- 1 : 59 ---

ambêg digung | kadêrêng ardèng karsa | jêng pangeran samana wus madêg ratu | sarta asêsilih nama | Sultan Dhandhun Martèngsari ||

4. pêpatih sampun amacak | sinung nama Radèn Dipati Gêndhing | kalih pangajêng Tumênggung | Purbaningrat satunggal | satunggile Dipaningrat namanipun | dene wong gunungan kathah | kinarya mantri bupati ||

5. mangkana duk siniwaka | Kangjêng Sultan Dhandhun Amartèngsari | aglar prang punggawanipun | andangu kang pawarta | Ki Dipati Gêndhing anêmbah umatur | kawarti raka paduka | Jêng Pangeran Mangkubumi ||

6. manggih duka lawan jendral | mangke sampun mijil saking nagari | sarêng jendral konduripun | raka dalêm pangeran | anèng Sukawati madêg barisipun | sampun angêlar jajahan | ngirupi măncanagari ||

7. lan pun kakang Martapura | sampun nungkul jinunjung ingkang linggih | Dipati Pugêr ranipun | tuwin Jayapuspita | pun Suwandi inggih jinunjung tumênggung | anama Suryanagara | kathah tiyang Sukawati ||

8. ingkang pinacak punggawa | ri sêdhêngnya sultan agunêm kawis | kasaru dasih umatur | jawi wontên caraka | saking putra tuwan kang umadêg ratu | Susunan Adiprakosa | lan ngirid caraka malih ||

9. kang saking raka paduka | Jêng Pangeran Ariya Mangkubumi | kagyat ing tyas Sultan Dhandhun | Martèngsari ngandika | timbalana caraka sigra lumêbu | anulya kapat caraka | ngaturkên nawalèng gusti ||

10. binuka sampun kadriya [kadri...]

--- 1 : 60 ---

[...ya] | suraosing sêrat asung pêpeling | dèn karuwan sêdyanipun | aja sok tundha bema | barang pikir tanpa tuwas lamun tanggung | ya ta wau angandika | Sultan Dhandhun Martèngsari ||

11. hèh Arya Bangkong mêtua | carakane kakang mas Mangkubumi | sayah lèrènna pondhokmu | nêmbah mundur lan duta | wus makuwon ing wuri gêlêngkên rêmbug | anari punggawanira | Sultan Dhandhun Martèngsari ||

12. lah iya padha rasakna | kakang êmas sung uning marang mami | yèn wus tinggal kakang prabu | banjur arsa murwèng prang | ing samêngko angantêp ing karsaningsun | dadi rowang dèn karuwan | yèn dadi mungsuh ginitik ||

13. bocah Gunungkidul sira | apa wani lan bocah Sukawati | Dipati Gêndhing wotsantun | purun yèn sami rucah | mring pangeran sayêkti ajrih kalangkung | lan malih putra paduka | Pangeran Mangkunagari ||

14. saking pangintên kawula | badhe dhèrèk dhatêng ing Sukawati | dhèrèk paduka tan purun | kalamun makatêna | saya langkung pakèwêd pamanah ulun | aluwung pênêd nunggila | lan raka paduka gusti ||

15. awit raka jêngandika | linulutan ing wadya dèn eringi | sakathahing mêngsahipun | jêr wantêr maring rana | lamun sampun magut yuda têguh timbul | tan kumêdhèp sinadasa | apanggah wani ngêmasi ||

16. pangeran kang kathah-kathah | yèkti uwas maras giris amiris | manawi aprang kasêlut | dharat anglandhak tumbak | yèn putunga [putung...]

--- 1 : 61 ---

[...a] tumbake anarik dhuwung | sintên ta ingkang tumimbang | lir raka paduka gusti ||

17. sultan kalane miyarsa | ing ature Radèn Dipati Gêndhing | mring kang raka tansah gunggung | langkung bramatyanira | netya andik angatirah mukanipun | jaja bang awinga-winga | kumêdut padoning lathi ||

18. asta kiwa malangkadhak | asta têngên srawean anudingi | mantri kalawan tumênggung | nyambi ngêlus gêmbala[17] | langkung sora dhawuh pangandikanipun | bocah priye pikirira | ature Dipati Gêndhing ||

19. ngapêskên sariraningwang | kinon anut kakang mas Mangkubumi | iya ana bênêripun | sababe kadang tuwa | nanging dahat sumêlange ing tyas ingsun | dene bibèkne kakang mas | bèbète wong gendhong sênik ||

20. nadyan padha anak raja | nanging ingsun mêtu sing pramèswari | ratu kadipatèn ibu | lamun ingsun anuta | mring kakang mas bibèkne wijil kapundhung | putune wong gendhong bêras | buyute wong mikul pari ||

21. canggah warènge wong desa | matun gaga sinambi angon sapi | macul maluku anggaru | luhure saka apa | adat kuna nadyan padha anak ratu | kang mêngku mêngkoni jagat | putra saka pramèswari ||

22. kang abdi dhêku sadaya | mènjêp ewa kang têbih ting kalêsik | sapuluh ngandêlna ibu | mung kumênthus kewala | nadyan silih ibu Kangjêng Ratu Kidul | nanging datan kêndêl aprang | abdine têmah prihatin ||

--- 1 : 62 ---

23. sangsara kaponthal-ponthal | ya ta wontên abdi sêpuh kêkalih | Purbanagara ranipun | lan Radèn Tambakyuda | sadhèrèke Tambakbaya ingkang sêpuh | tunggile Tambaknagara | kang dadya kliwon Panumping ||

24. maksih wontên Surakarta | wau Purbanagara lawan ari | Tambakyuda nêmbah matur | ngrêrapu maring sultan | yêkti sampun kaluhuran dhawuh prabu | nanging sampun tilar nalar | anyingkiri dalil kadis ||

25. sadaya wiji punika | ingkang dados ugêr jalêr sayêkti | sutane wong gendhong wakul | lamun kinarsan raja | inggih botên dados kanisthaning ratu | sarta tan ngrisak agama | kalamun wontêna mantri ||

26. asli sutane wong desa | asuwita nuli tinriman putri | dèrèng wontên tabêtipun | yèn guna lan prawira | ugêr taksih kusuma wijiling dhusun | sanès lan raka paduka | Jêng Pangeran Mangkubumi ||

27. bagus sêmbada pidêksa | sarwa sèdhêt mancur cahyanya wêning | têtela putraning ratu | prawira widigdaya | solah wingit datan gumunggung adigung | samya sêgêr kang suwita | ing prang wani nanggulangi ||

28. marma sae jêng paduka | ngaturana angsul-angsul kang tulis | sinanggikrami karuhun | lawan atur-atura | sawontêne pamêdale Wukirkidul | lamun gusti amampanga | tan sande dipun lurugi ||

29. abdi paduka Sêmbuyan | yêkti kasor mêngsah tyang Sukawati | lan sae ingkang angadu | inggih raka paduka | dhasar kanthi [ka...]

--- 1 : 63 ---

[...nthi] Martapura purun tangguh | duk miyarsa langkung kewran | Sultan Dhandhun Martèngsari ||

30. dadya anut turing wadya | nulya dhawuh karya surat ngangsuli | têmbungipun Sultan Dhandhun | Singasari Pangeran | tan lênggana ing raka nut barang tuduh | Pancatnyana tampi sêrat | tur sêmbah anulya pamit ||

31. duta praptèng Panambangan | wus linajêngakên mring Sukawati | sarta atur angsul-angsul | Pangran Mangkunagara | ugi namung nyanggikrami karsanipun | caraka praptaning Gêbang | laju ingaturkên gusti ||

32. sêrat saking Panambangan | miwah sêrat wau kang saking wukir | ajumbuh suraosipun | tan wontên kang amampang | kunêng wau gantia ingkang winuwus | têdhaknya gurnadur jendral | Toyamas anjog ing Têgil ||

33. wong agung ing Surakarta | lawan sagung bupati măncanagri | mantrimuka kalihipun | kinèn samya wangsula | lajêng pamit amangetan lampahipun | jendral datan kongsi lama | dènira nèng nagri Têgil ||

34. lajêng kondur nitih palwa | ya ta wau kalih sang nindyamantri | ing Samarang sampun rawuh | lan kumêndur wus panggya | rèrèh sawatawis ari sigra laju | sapraptaning Surakarta | panggih mayor patih kalih ||

35. anampèkakên pustaka | saking jendral maring mayor pribadi | laju prasamya lumêbu | mayor lan sang dipatya | praptèng pura samya ngabêkti sang prabu | pêpatih lan pra bupatya | mayor sigra buka tulis ||

36. raosipun [raosi...]

--- 1 : 64 ---

[...pun] kang nawala | mayor kinèn miranti ing ajurit | nulya anirnakna mungsuh | tan wruh yèn mungsuh wêwah | tuwan jendral badhe akintun bêbantu | prajurit ingkang santosa | saking nagari Batawi ||

37. nata dhawuh ing apatya | Pringgalaya yèn Pangran Mangkubumi | mêdal barisipun agung | ngirup măncanagara | mungsuh para pangeran wus samya anut | riyêg sabarang rèhira | Pangeran Amangkubumi ||

38. andhêku Sang Adipatya | Pringgalaya cinêthik langkung ajrih | mangkana wus kinèn mêtu | sagung kang saking kesah | sri narendra sigra angandika arum | dhumatêng tuwan kumêndhan | sun arsa akirim tulis ||

39. mring ari mas Sukawatya | sung pawarta yèn sasi Madilakir | ingsun arsa amêmantu | putraningsun kang nama | Ratu Alit sun tarimakakên antuk | Bupati Wiryadiningrat | sira siyagaa kardi ||

40. tuwan kumêndhan turira | ulun arsa kengkenan mring Samawis | sung uninga mring kumêndur | tuwan andhawuhêna | wêwêlingan busana kang adiluhung | mayor sigra pinaringan | pemut wêlingan gya mijil ||

41. antawis satêngah căndra | tuwan mayor wus sarêmbag lan patih | amênêdi wismanipun | Radèn Wiryadiningrat | miwah kilèn srimanganti jro kadhatun | sampat saliring pakaryan | gènnya busananing nagri ||

42. kawarnaa sri narendra | amisudha Radèn Tumênggung Panji | Tohjaya jinunjung lungguh | bupati gêdhong kanan | sinung nama Puspanagara Tumênggung | magang ran [ra...]

--- 1 : 65 ---

[...n] Citradiwirya | gêntosi Tumênggung Panji ||

43. jêng sri nata gya utusan | sung tupiksa Pangeran Mangkubumi | mayor kalangkung jumurung | ing karsa sri narendra | kang supadi liliha ing galihipun | mayor ugi kintun sêrat | sarwi kintun warni-warni ||

44. Dyan Tumênggung Jawikrama | Naladirja kalawan Sindupati | kang ingutus ing sang prabu | Saradipa tut wuntat | tan kawarna ing marga Gêbang wus rawuh | anjujug Martawijaya | wus laju katur ing gusti ||

45. duta samya tinimbalan | pinanggihan sadaya nèng pandhapi | kalangkung sinugun-sugun | ngrangin punang pradăngga | nawalendra lawan mayor suratipun | wus katur kangjêng pangeran | anggambuh tinampèn kalih ||

9. Gambuh

7. Sabibaripun mantu ing karaton Surakarta, lajêng angangkatakên prajurit mangalèr saha mangidul.

1. wau ta suratipun | saking raka kangjêng sang aprabu | tinupiksa kadriya raosing tulis | pangeran anggung andhêku | manggihi dutaning katong ||

2. jro tyas langkung margiyuh | karêrantan tilar kadang sêpuh | nora nana kang rumêksa angawaki | ingkang minăngka pikukuh | pangeran anggung wirangrong ||

3. anênggak waspanipun | sarwi ngandika mring dutèng prabu | hèh Tumênggung Jawikrama Sindupati | lan Naladirja [Naladir...]

--- 1 : 66 ---

[...ja] sirèku | padha matura sang katong ||

4. gone sariraningsun | tinggal trêsna marang ratuningsun | upamane lir kaya tinggal bêbayi | kang durung bisa lumaku | bêrangkang pinggiring waton ||

5. tan ana kang atunggu | kaya mangkono panyiptaningsun | sapa ingkang rumêksa karaton Jawi | ingsun kukuhêna kukuh | ingsun dhoyongêna dhoyong ||

6. lamun ana kang ngrungu | Jawikrama pangandikaningsun | sayêktine padha ngarani dalêming | Jawikrama nêmbah matur | dhawuh paduka sayêktos ||

7. akêkah dhoyongipun | nagri Jawi nèng paduka tuhu | lamun wontên tiyang ngucap majanani | sayêkti wong tanpa kusur | dene ngina amêmoyok ||

8. pangeran ngandikarum | saupama kondura wak ingsun | maring praja sumiwi jêng sri bupati | wicara wus katarucut | iya sapa wruh ing êndon ||

9. dadia tikus langu | miwah dadia bulus kaluyu | tan kumêdhèp ujêr swara wus kawijil | nora selak ajur mumur | tan suminggah praptaning bot ||

10. surat satunggilipun | saking mayor binuka kang têmbung | angrêrêpa ngêla-êla langkung manis | akathah pangêbangipun | tuwan kumêndur lan mayor ||

11. pangeran datan keguh | sajroning tyas maksih kukuh bakuh | duta nata miwah dutaning Kumpêni | pinarnah pakuwonipun | wusnya tri ratri nèng pondhok ||

12. pamit sinung sul-angsul | saungkuring duta pangran gupuh | andhawuhkên ambêrêg mênjangan kancil [ka...]

--- 1 : 67 ---

[...ncil] | wusnyantuk buron wanagung | amêpak bêras lan kêbo ||

13. rêmbatan kawan atus | maesane cacah têlung puluh | tuwin kidang mênjangan banthèng lan kancil | wusnya samêkta sadarum | Ranawijaya kang kinon ||

14. lawan pun Jayèngranu | mantri kêkalih sigra lumaku | ingkang ngirid pasumbang katur sang aji | ratu alit kramanipun | gantya ingkang winiraos ||

15. wau ta lampahipun | Jawikrama Rahadyan Tumênggung | Naladirja lan Ngabèi Sindupati | kêkêran Saradipèku | dutanira tuwan mayor ||

16. sarêng ing praptanipun | anjujug mayor lajêng lumêbu | katur nata kang sul-angsul tinupèksi | anggubêt suraosipun | kanthi sêmu ngolok-olok ||

17. wantu tulisanipun | Dipati Pugêr Paridan iku | bisa gayêng ngamadaka nănggakrami | amirit piride alus | luwêse mêmbut binanyol ||

18. duta samya dinangu | aturipun dhuh gusti sang prabu | barisipun rayi tuwan sampun dadi | langkung saking kalih èwu | wisma kang rinakit pondhok ||

19. kang myarsa samya ngungun | tuwan mayor wus pamit umêtu | datan lami duta Sukawati prapti | rêrêmbatan kawan atus | patang puluh kang ginotong ||

20. maesa têlung puluh | anjujug mayor laju wus katur | mring sang nata duta saking Sukawati | ngaturkên bon-abonipun | dènnya mêmantu sang katong ||

21. mangkana praptanipun | tanggal kaping wolulas [wolula...]

--- 1 : 68 ---

[...s] anuju | ari Kêmis ing sasi Jumadilakir | maksih Êdal taunipun |[18] praptaning karya mêmanton ||

22. busêkan saprajagung | nindyamantri santana tumênggung | atanapi sagunging panèwu mantri | makajangan nèng lun-alun | mangun suka gêntos-gêntos ||

23. cinêndhak roncènipun | gênging bawahaning amêmantu | dhaupipun putri lan santana aji | sangkêp uparêngganipun | nadyan bakal kang kadhaton ||

24. tantara laminipun | karsanira kangjêng sang aprabu | Radèn Wiryadiningrat jinunjung linggih | Pangran Pakuningrat juluk | dhawuh timbalan sang katong ||

25. patih lan pra tumênggung | twan kumêndhan Kumpêni sadarum | angèstrèni dhawuh timbalaning aji | jroning praja wus misuwur | mangkana gantya rinaos ||

26. wusnya lêt kalih tèngsu | wontên prajurit Kumpêni rawuh | dragundêre dwi atus saking Batawi | atindhih Mayor Tênangkus | kinèn anirnakkên mungsoh ||

27. wus katur ing sang prabu | nata dhawuh mring mantri pangayun | sawusira tampi dhawuh patih kalih | mêmatah ing punggawagung | kang nglurug myang jagi kraton ||

28. samana wus arêmbug | patih kalih lan Mayor Tênangkus | atanapi Hogêndhorêp datan kari | gêlêng gumolonging rêmbug | mung sakêdhik kang mangalor ||

29. kinathahan kang ngidul | wit pangerane kathah kang ngidul | pra punggawa sigra samêkta ing kardi | bêbêgjan tibaning umur | wus pêsthi yèn dadya mungsoh ||

30. kang mangidul dèn pupuh | mayor kalih

--- 1 : 69 ---

senapatinipun | miwah malih Pringgalaya Adipati | sapanêngên pra tumênggung | amung satunggil kang kalong ||

31. bupati sarèhipun | Pangran Pakuningrat ingkang kantun | pan linintu Mataram bupati siji | Rajaniti ingkang tumut | Jayawinata tunggu brok ||

32. lan wong kalang sadarum | bupatine mantri myang panèwu | tumut ngidul rumêksa mariyêm sami | dragundêr Walănda satus | kalih atus dharat golong ||

33. dene ta ingkang nglurug | amangalèr senapatinipun | Adipati Sindurja lan pra bupati | sapangiwa pra tumênggung | panèwu mantri mangisor ||

34. dragundêr wolung puluh | prajurit dharat satus rongpuluh | ingkang dadya senapatining Kumpêni | Kapitan Kop namanipun | datan tinindhihan mayor ||

35. ingkang pinatah kantun | bupati lêbêt lan malihipun | pra santana wêwolu kanthi prajurit | jagêr Wlandi patang puluh | tindhih Kapitan Salotor ||

36. dupi samêkta sampun | bala Kumpêni myang wadya prabu | amarêngi Sênèn Pon wimbaning sasi | Ruwah ping salikur taun | maksih Dal saksana bodhol |[19]|

37. anglurug andon pupuh | angkatipun saking alun-alun | sri narendra samana miyos tinangkil | bupati kliwon kang nglurug | samya ngabêkti sang katong ||

38. twan mayor kalihipun | wusnya jawat astanya sang prabu | sarêng budhal kang ngalèr myang ngidul sami | swarane bala gumuruh | lir gora rèh anjingga nom ||

--- 1 : 70 ---

10. Durma

8. Pangeran Mangkunagara ambêdhah ing Kaduwang, Pangeran Mangkubumi angrampit ing Surakarta, lajêng mundur dhatêng rêdi Garigal.

1. pan sinigêg wadyabala kang lumampah | gantya ingkang winarni | kang baris nèng Gêbang | nuju siniwèng wadya | Jêng Pangeran Mangkubumi | andhèr balabar | lagya agunêm pikir ||

2. duk samana kasaru ing praptanira | têliking mantri ngarsi | gancangan tur wikan | yèn mêngsah sampun mêdal | sangkêp kapraboning jurit | kangjêng pangeran | dhawuh samêkta baris ||

3. sarta paring sêrat marang Panambangan | Pangran Mangkunagari | kinèn ngidul gêcak | dhatêng kitha Kaduwang | supadi karya kuwuring | mêngsah kang nglarag | tan winarna ing margi ||

4. sapraptaning pabarisan Panambangan | duta ngaturkên tulis | sawusnya kadhadha | suraosing pustaka | pangeran umangkat aglis | praptèng Kaduwang | lajêng campuh ing jurit ||

5. Dyan Tumênggung Kaduwang datan kuwawa | tumanggah ing ajurit | dene jêng pangeran | nêsêg sawadyanira | bubar wong Kaduwang ngisis | kuthane bêdhah | nulya dipun jarahi ||

6. tinanêman Pangeran Dewakusuma | tiyang amanguntèki | ingalih namanya | Radèn Natawijaya | têtêp alungguh bupati | anèng Kaduwang | Pangran Mangkunagari ||

7. sigra wangsul kondur dhatêng Panambangan |

--- 1 : 71 ---

wuwusên Sukawati | ingkang pirêmbagan | Dipati Pugêr turnya | sampun paduka lawani | sae ngoncatan | binabingung ing jurit ||

8. pinarapat pinara gangsal punggawa | miwah kang para mantri | supadi tan bisa | nangguh ênggoning mêngsah | Jêng Pangeran Mangkubumi | sigra parentah | marang para bupati ||

9. kakang Pugêr sira lan Suryanagara | Si Warung Angabèi | padha angalora | Răngga Wirasêtika | sira angetana kanthi | Ranadiningrat | Samapura ywa kari ||

10. padha sira anggubêda keri kanan | dene kang dhèrèk mami | sira Jayadirja | lawan Rêksanagara | tanapi Si Brajamusthi | sawadyanira | sun arsa ngrampit nagri ||

11. sawusira gumolong ingkang pirêmbag | Pangeran Mangkubumi | miwah pra bupatya | sawadyabalanira | wus myarsa mungsuh mèh prapti | nèng Jatimalang | langkung agêng kang baris ||

12. baris Gêbang samana têngara ambyar | gêlare wus miranti | sampun pitung dina | ping sanga likur Ruwah | budhal Pangran Mangkubumi | ngilèn lampahnya | malêbêt ing nagari ||

13. mung punggawa sakawan ingkang binêkta | kawan atus turanggi | wus nabrang bêngawan | rêrêp têngahing wana | wana rèndèng kalih ratri | tanggal sapisan | Siyam dènira ngrampit ||

14. wanci dalu tabuh sawêlas praptanya | lajêng ngobong-obongi | kilèn Pringgalayan | angidul tinaratas | anggrêng swaraning kang agni | awor lan surak | madhangi sanagari ||

--- 1 : 72 ---

15. kuwur kawur ibêkan wong Surakarta | gêng alit ting jalêrit | tambuh solahira | mêdal nglurung tinumbak | kang mêmpên kabyukan agni | mangidul ngambah | ing Sindurjan kabêsmi ||

16. sapangidul sapangilèn sapangetan | kang pawaka mawrêdi | ngungkuli kadhatyan | wong ngili mawurahan | samya manjing jroning puri | kawêlasarsa | ingkang tan antuk margi ||

17. tembak andhèr nèng pinggir jaro kadhatyan | mungsuh prapta ambêdhil | agègèr puyêngan | wau jêng sri narendra | nimbali kapitan prapti | Salotor lawan | soldhadhu kalih dèsi ||

18. sri narendra sampun angrasuk busana | kalawan kangjêng gusti | pangeran dipatya | wontên ing palataran | budhal mangidul sang aji | Salotor malang | sampun sunan rumiyin ||

19. dèrèng wontên abdi paduka kang prapta | amung Kumpêni kêdhik | abdi kadipatyan | samana wontên prapta | kèndêl wau sri bupati | dupi miyarsa | surak sanjata muni ||

20. têdhak malih gugup sarwi angandika | iku yêkti Suwandi | ya dudu ari mas | Si Suwandi kewala | Dyan Endranata gya prapti | lan Jakartika | Dhelo namanya alit ||

21. sri narendra alon pangandikanira | Dhelo iku Suwandi | matur Jakartika | dede Suwandi tuwan | rayi paduka pribadi | nata ngandika | dudu Si Mangkubumi ||

22. Si Suwandi iku yêkti kang dinuta | adhi mas Mangkubumi | matur Endranata |

--- 1 : 73 ---

wontên songsonge jênar | ngandika iya Suwandi | kinon yayi mas | anganggo payung kuning ||

23. gya Kapitan Salotor apêparentah | hèh sagung para mantri | padha singkirêna | wong ngili aja pêdhak | wong wadon rare ngrubêdi | padha dohêna | lan jaro dèn sumingkir ||

24. sigra mantri kaparak kang sampun prapta | amburak wong kang ngili | panèkêt sadaya | nindhihi kancanira | jaro kidul dèn barisi | kang mujur ngetan | kanthi rolas Kumpêni ||

25. sampun wontên satus prajurit kaparak | sarean Sêlèr nami | ingkang jinagenan | yèku kidul wiwara | kang kilèn sri narapati | lawan Kapitan | Salotor kang jagèni ||

26. para mantri kaparak nèng ngarsanira | kangjêng sri narapati | cacah kawan wêlas | nulya wong kadipatyan | wontên salawe kang prapti | Jayakartika | matur ing sri bupati ||

27. yèn suwawi lan karsa jêng sri narendra | kawularsa mêdali | sampun ngantos cêlak | lawan jaro kang mêngsah | dèrèng ngandika sang aji | Salotor ngucap | paran karêpirèki ||

28. Jakartika nauri iya kapitan | ingsun ingkang mêtoni | sira aja obah | rumêksa sri narendra | Kapitan Salotor angling | iya mêtua | nanging dèn ngati-ati ||

29. sri narendra anulya maringi tumbak | nêmbah wus dèn tampèni | tabe lan kapitan | sapuluh rowangira | kang têtiga bêkta bêdhil [bê...]

--- 1 : 74 ---

[...dhil] | pêpitu tumbak | sapraptanirèng jawi ||

30. anêratas anggêgêlar solahira | mangilèn praptèng wuri | sawurining mêngsah | nulya wangsul mangetan | wus awor lan bajag inthil | baturing mêngsah | kang samya dharat wuri ||

31. tinumbakan saking wuri kêni papat | kang pêjah dèn tigasi | kang kathah anggundam | mire ngalèr ngalêmpak | têtindhihe angundhangi | kinèn mundura | agni sangsaya dadi ||

32. tanpa rungyan gumarêbêging dahana | wor jêriting rarywalit | ya ta Jakartika | lampahe bêkta sirah | nèng landheyane pribadi | cacah sakawan | praptèng ngabyantaraji ||

33. langkung suka sang nata miwah kapitan | nulya kang êlèr prapti | mantri kancanira | Pangeran Pakuningrat | Dyan Tirtawijaya nami | kliwon lênggahnya | matur atur udani ||

34. lamun mêngsah kang lèr sampun mundur samya | amanabrang ing kali | Pepe katingalan | kèndêl ngêntosi rowang | tan dangu bubar lumaris | ngalèr sadaya | tan wontên ingkang kari ||

35. nulya kondur ing dhatulaya sang nata | Jakartika nèng ngarsi | pinaring sêmăngka | langkung suka narendra | lajêng pinarak ing kursi | nèng palataran | ing tabuh satêngah tri ||

36. praptaning kang mungsuh ing pukul sawêlas | bubarnya satêngah tri | enjang sri narendra | tabuh satêngah sapta | têdhak arsa mariksani | wisma kang samya | katon maksih kabêsmi ||

37. praptanira sang nata ing Kadipala |

--- 1 : 75 ---

kèndêl eram ningali | Grêmêt sapangetan | Kabangan sapangetan | Pringgalayan lawan malih | Sratèn kidulnya | wus brastha dening agni ||

38. ingkang botên kobar salèring Sêrêngan | Kamlayan ugi maksih | gantya kawarnaa | kang baris Jatimalang | Sindurja lawan Kumpêni | dalu miyarsa | yèn nagari dèn rampit ||

39. atêngara enjang Dipati Sindurja | lan sagung pra bupati | sapalih binêkta | bidhal angilèn samya | Kumpêni bêkta sapalih | Bêlangkêr Litnan | sampun nabrang banawi ||

40. kasarêngan pangeran saundurira | dalu saking angrampit | wus praptèng bangawan | kang wetan mèh anyabrang | kang kilèn sampun nyabrangi | mundur kang wetan | sami atata baris ||

41. pangajênge wong Sukawati kang nabrang | pangirid nêmpuh jurit | rasukan kuthungan | dhuwung amung satunggal | tan cara kadi prajurit | cara wong midhang | yèku kang mobat-mabit ||

42. wastranira bathik balonthang kasmaran | datan angatawisi | ingkang songsong jênar | maksih nèng kilèn ngimbang | ingêdrèl mêksa angungkih | wong Surakarta | sami panas ing galih ||

43. aningali mring kang rasukan kuthungan | wontên sajuga mantri | ran Tăndhawijaya | andêl ing Kasindurjan | sarowange amrêpêki | dupi wus pêrak | Tăndhawijaya bêdhil ||

44. datan antuk wong kang rasukan kuthungan | malah majêng nyêlaki | pan arsa tinumbak |

--- 1 : 76 ---

dening Tăndhawijaya | dupi winawas tan pangling | lamun pangeran | namur nunggil wadyalit ||

45. Dyan Ngabèi Tăndhawijaya sabala | samya lumayu gêndring | ajrih lumawan prang | wong kulambi kuthungan | wadya Sala lan Kumpêni | kang anèng wuntat | kagyat gènnya ningali ||

46. dadya dhadhal kalulun lumayu ambyar | kawur salah panampi | angira pinêlak | mring wadyane pangeran | Kumpêni ngêdrèl ping kalih | kangjêng pangeran | sawadyane wus gusis ||

47. amangetan lampahe tan tinututan | wadyane ingkang kari | wontên kalih bêlah | wadya kang kathah-kathah | nyingkirkên jarahan sami | wong Surakarta | miwah bala Kumpeni ||

48. sami dongèng[20] gêgêtun dènnya umiyat | dene mungsuhe kêdhik | nulya tinututan | tinut wuri kewala | pan lajêng minggah ing wukir | wukir Garigal | sigra mudhun ing trêbis ||

49. kudanira sami tinuntun kewala | Kumpêni myang wong Jawi | prasamya amêdal | pangeran dèrèng minggah | wadya gamêl Wanakarti | mulat gustinya | dèrèng minggah ing wukir ||

50. Wanakarti tangan ceko kalih pisan | kêncèt sukune keri | uthi ngamuk mêngsah | tan kandhêg binêdhilan | anêmpuh baris Kumpêni | numbak Walănda | lêlima kang ngêmasi ||

51. dupi nolih miyat gustinya wus minggah | lumayu niba tangi | nusul minggah ngarga | mungsuh gumuyu samya | si ceko băndakalani | mendah ajaa | ceko akarya kingkin ||

--- 1 : 77 ---

11. Asmaradana

9. Prajurit ing Surakarta lan Kumpêni angubrês ing tanah Sêmbuyan saanteronipun.

1. wus minggah dhatêng ing wukir | ardi alit ing Garigal | angumpul garwa putrane | ing Gêbang sampun tinilar | sadaya ingandikan | ya ta wong Kumpêni wau | lawan Dipati Sindurja ||

2. sapunggawa wadya sami | ngumpul nèng Gêbang barisnya | têtindhih Kapitan Êkop | ngumpul sakumpêninira | dene wau kang mêngsah | mantri Sukawati ngriku | miwah kang nama punggawa ||

3. tan manggèn kang dèn dunungi | lèr wetan kilèn samyana | sumêbar tan kêni pinrèh | dadya tan antuk têlukan | Dipati Sindurêja | mungsuh tan kêna tinangguh | anggung siyang ratri prapta ||

4. pating kalicir yèn enjing | lamun binujung lumajar | tinilar kêkinthil bae | pratingkahe lir migêna | dadosipun kang rêmbag | wukir Garigal kinêpung | ing ngriku gèning pangeran ||

5. wau Pangran Mangkubumi | junjung abdi gamêlira | kang ngamuk prang duk kasompok | Wanakarti kang wus kocap | apan kinarya dêmang | wong sèkêt lêlungguhipun | Ki Dêmang Larasiduwa ||

6. kunêng tanah Sukawati | kang maksih ayun-ayunan | gantya malih winiraos | kang nglurug mangidul samya | Dipati Pringgalaya | Hogêndhorêp lan Tênangkus |

--- 1 : 78 ---

senapatining ayuda ||

7. barise kèndêl nèng Picis | Pangeran Mangkunagara | angirabakên barisê | sagung punggawa pangarsa | wus sami amèt papan | Ki Surajaya Tumênggung | wus anggubêd barisira ||

8. mayor budhal saking Picis | ngangsêg angidul angetan | Pangran Mangkunagarane | mapan baris Sudimara | sampun ayun-ayunan | aprang lèrès sêdyanipun | Pangeran Mangkunagara ||

9. cucuking prang wus apanggih | bêdhil-binêdhilan gantya | Mayor Tênangkus Hondhorop | sarêng miyarsa sanjata | tinilar barisira | gêgancangan lampahipun | samya wahana turăngga ||

10. kanthi upas Jawi Wlandi | kalih likur cacahira | sarêng mamprung panyandêre | wau karsaning pangeran | arsa angêtap ing prang | Kudanawarsa turipun | prayogi angoncatana ||

11. sanjata mungêl ping kalih | bubar barising pangeran | angidul ngetan parane | badhe anjog ing Sêmbuyan | kèndêl mayor kalihnya | barise wuri wus rawuh | ngêbroki ing Panambangan ||

12. pakuwon sampun rinakit | loji miwah pasewakan | nulya dadoskên rêmbage | angenggalkên lampahira | Dipati Pranaraga | sampun prajangji angumpul | angêrakat ing Sêmbuyan ||

13. Sultan Dhandhun Martèngsari | ingkang arsa pinungkasan | sampun lumampah dutane | Adipati Pringgalaya | ing marga tan winarna | praptèng Kaduwang kacundhuk | Dipati [Di...]

--- 1 : 79 ---

[...pati] Suradiningrat ||

14. wus panggih lan duta kalih | tinulak kinèn wangsula | sira matura ing mayor | atanapi kyai lurah | yèn sun wus nèng Kaduwang | kapan amunggah mring gunung | padha asêmayan dina ||

15. ingsun mêtu saking ngriki | patêmon anèng Sêmbuyan | duta sigra wangsul ngilèn | sapraptaning Panambangan | Dipati Pringgalaya | mring loji lan dutanipun | ingkang saking Pranaraga ||

16. wêwarta kapêthuk margi | Dipati Suradiningrat | santosa ing samêktane | tri èwu kang kêkapalan | dene prajurit dharat | kadi langkung kawan èwu | lêksan tiyang kang ngrêrêmbat ||

17. kèndêl nèng Kaduwang mangkin | ngêntosi parentah kula | mayor alon ing wuwuse | sudara pirêmbag kula | sae nulya parentah | êmbèn kula mangkat ngidul | anginggahi mring Sêmbuyan ||

18. Sultan Dhandhun Martèngsari | punika kang kula gêcak | sudara kèndêl nèng kene | miwah sagung wadya Jawa | dene kang kula bêkta | Mlayakusuma Tumênggung | Dyan Tumênggung Jawikrama ||

19. lan Citradiwirya malih | sakancane para magang | kula bêkta sadayane | prandene wong Pranaraga | kawarti sampun kathah | sakathahing pra tumênggung | kantun dhèrèk saudara ||[21]

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

1. Kartasura bêdhah, kraton ngalih dhatêng Sala ... 3

2. Kabar Sala badhe katamuan jendral ing Batawi, sarta pêpanggihanipun Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan Mayor Hogêndhorêp ... 15

3. Ingkang Sinuhun ing Surakarta mêthuk jendral dhatêng Samarang ... 23

4. Wontênipun jendral ing Surakarta sarta mulabukanipun Pangeran Mangkubumi sêrik galihipun ... 32

5. Pangeran Mangkubumi mêdal saking nagari ... 47

6. Madêg baris wontên ing Pandhak Karangnăngka, ngalih dhatêng Gêbang, lajêng ajak-ajak Pangeran Mangkunagara sarta Sultan Dhandhun Martèngsari, supados kêmpal ... 52

7. Sabibaripun mantu ing Karaton Surakarta, lajêng angangkatakên prajurit mangalèr saha mangidul ... 65

8. Pangeran Mangkunagara ambêdhah ing Kaduwang, Pangeran Mangkubumi ngrampit ing Surakarta, lajêng mundur dhatêng rêdi Garigal ... 70

9. Prajurit ing Surakarta lan Kumpêni angubrês ing tanah Sêmbuyan saanteronipun ... 77

 


Titik awal: Babad Giyanti, Jilid 1 (Serie No. 1259). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1937, 79 hlm. Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W. (kembali)
panglingga. (kembali)
Joan Andrics Baron van Hohendorff (Residen Surakarta: 1741-Feb. 1748; Gubernur Pantai Timur Laut Jawa, Feb. 1748-Apr. 1754). Lihat: Ricklefs 2018, hlm. 372–3. (kembali)
Kurang satu suku kata: miyosira kangjêng sang siniwi. (kembali)
§ Rêbo: 17 Sura, Je 1670. Utawi taun Walandi 1745. (kembali)
Tanggal: Buda (Rêbo) sapta wlas (17) Sura Êje (Je): kombuling pudya kapyarsi ing nata (AJ 1670). Tahun Masehi: Sabtu 20 Februari 1745. Pada bulan Sura tahun AJ 1670, hari Rêbo jatuh pada tanggal 7 (Rêbo Kliwon), 14 (Rêbo Paing), 21 (Rêbo Wage), dan 28 (Rêbo Lêgi), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 7, 14, 21, atau 28 Sura AJ 1670 (10, 17, 24 Februari, atau 3 Maret 1745 M). Tanggal ini mengacu pada perpindahan resmi Pakubuwana II (bertakhta 1726–49) dari Kartasura ke Surakarta. Bandingkan BTJ Balai Pustaka (Pupuh 234.1.1-4): Rêbo 17 Sura Dal AJ 1671 (Rabu 9 Februari 1746 M). Menurut Ricklefs (1998 hlm. 319n) penggunaan kata "kombul" dengan watak bilangan nol (0) pada sangkala tersebut salah dan seharusnya watak bilangan satu (1). Maka tanggal yang Ricklefs usulkan adalah Rêbo 17 Sura Dal AJ 1671 (Rabu 9 Februari 1746 M). Lihat juga: BG Balai Pustaka (Pratelan Titimangsa, hlm. 93): "Rêbo enjing, 17 Sura, Êje: kombuling pudya kapyarsèng nata (1670). Jêngkar-dalêm Sinuhun P. B. II saking Kartasura dhatêng Surakarta." (kembali)
gurnadur. (kembali)
angandika. (kembali)
wrêdha. (kembali)
10 Tanggal: ari sajuga (mengacu pada hari Rêbo) dwi wêlas (12) Rabingulakir Dal: [AJ 1671]. Tanggal Masehi: Rabu 4 Mei 1746. Lihat: Pupuh 4.1.4 di bawah untuk sangkala AJ 1671 tersebut. Lihat: BG Budi Utama (Pupuh 4.1.1-3): "ing ari Buda anuju dwi wêlas Rabingulakir warsa Dal ...". Lihat juga: BG Balai Pustaka (Pratelan Titimangsa, hlm. 93): "Enjing, 12 Rabingulakir, Dal 1671. Sinuhun P. B. II têdhak dhatêng Samarang mriksani pasisir ngiras mêthuk Jendral Baron Panemuk." (kembali)
11 kudhasih. (kembali)
12 Biasanya guru lagu i: margi. (kembali)
13 sumewa (dan di tempat lain). (kembali)
14 Tanggal: wong nywara orêg ing bumi (AJ 1671). Tahun AJ 1671 jatuh antara tanggal Masehi: 24 Januari 1746 sampai dengan 13 Januari 1747. Lihat: Pupuh 3.1.2-3 di atas untuk tanggal yang lengkap terkait sangkala ini. (kembali)
15 dhog. (kembali)
16 manjing. (kembali)
17 gumbala. (kembali)
18 Tanggal: Kêmis wolulas (18) Jumadilakir Êdal (Dal): [AJ 1671]. Tanggal Masehi: Jumat 8 Juli 1746. Perbedaan satu hari (Kêmis versus Jumat) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Lihat juga: BG Balai Pustaka (Pratelan Titimangsa, hlm. 93): "Kêmis, 18 Jumadilakir, Dal 1671. Dhaupipun Ratu Alit putri Sinuhun P. B. II kalihan Tumênggung Wiryadiningrat." (kembali)
19 Tanggal: Sênèn Pon salikur (21) Ruwah Dal: [AJ 1671]. Tanggal Masehi: Kamis 8 September 1746. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1671, hari Sênèn Pon jatuh pada tanggal 4, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sênèn Pon 4 Ruwah tahun AJ 1671 (22 Agustus 1746 M). (kembali)
20 dongong. (kembali)
21 § Nyandhak jilid: 2. (kembali)