Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 428–522)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 001–085). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 086–168). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 169–260). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 261–345). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 346–427). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 428–522). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 523–600). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, Meinsma, 1874, #778 (Hlm. 601–688). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 26-06-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 428 ---

Kakang Binarong, aku ora wêdi angamuk marang wong Kumpêni, sanajan dikarubuta satus aku ya ora gumingsir, aku wong lagi lara têmênan, ing saiki wis waras. Ki Binarong anyêntak, ah aja êmbrêbêgi kuping, cocotmu calêmang-calêmong mau bêngi saguhmu kumrêsêk kaya garimis, toging ngêndon awad-awad lara, lah saiki kapriye, yèn kowe wani ayo mangkat. Manawa kowe dhasar ora wani gulumu prènèkna dakkêthoke. Ki Martapura sumaur, iya ayo padha mangkat. Martapura enggal dangdos, angangge dhuwung têtiga anuntên mangkat. Sadhatêngipun ing loji sampun ingancaran lênggah, Radèn Sindurêja pitakèn. Martapura, kowe mau apa lagi ewuh umbal, dene taktimbali suwe ora têka. Martapura tumungkul sarta linggih ing kursi. Kumêndur enggal angêjepi lutnan Wêlandi satunggil. Lutnan wau inggih sampun sumêrêp ing wangsit, lajêng anyandhak gêlas, anglarihi inuman dhatêng Martapura, Martapura enggal ngadêg anampani gêlas. Astanipun gumêtêr, Radèn Sindurêja sarta bupati sakawan inggih sami ngadêg saking ing kursi, sarta sami angatos- atos sumêja sarêng ngamuk. Wondene lutnan wau sarêng gêlas sampun tinampèn, enggal anyêndhal dhuwungipun Martapura, sampun kenging satunggil. Martapura

- -- 429 ---

ulatipun biyas, nuntên lumajêng, Radèn Sindurêja salêbêting galih sakalangkung ngungun sarta duka, nuntên parentah dhatêng bupati sakawan andikakakên nututi sarta anyuduki dhatêng Martapura, Martapura inggih sampun kacandhak, lajêng sinudukan sampun pêjah, bathangipun ajur, bupati sakawan nuntên wangsul ing panggenanipun lênggah, kumêndur sakalangkung suka sarta angrêrêpa, alon ênggènipun wicantên dhatêng Radèn Sindurêja, saudara, pun Martapura kula kintên sangêt digdayanipun, dene adamêl ebahipun tiyang sanagari. Radèn Sindurêja awicantên. Tuwan, kala taksih dados mantri kaparak inggih sangêt digdayanipun, mila kaabdèkakên. Radèn Sindurêja lajêng parentah anjarahi barang darbèkipun Martapura sarta amboyongi anak rabinipun. Utusan inggih sampun lumampah, sabarang darbèkipun Ki Martapura sampun kaklêmpakakên katur ing Radèn Sindurêja, Radèn Sindurêja nuntên wicantên dhatêng kumêndur, tuwan, sabarang gêgadhahanipun Martapura sampun sami kula klêmpakakên. Manawi wontên ingkang sampeyan karsani mugi kapundhuta. Kumêndur alon amangsuli, saudara, kula botên ajêng, kula damêl punapa barang punika, sang prabu ingkang wajib kagungan, dene mênggah awak kula, sampun sangêt ing tarima kasih kula, inggih pracayanipun sang prabu kang dhumatêng

--- 430 ---

ing kula tuwin tiyang Kumpêni sadaya, kula rumaos botên sagêd malês. Radèn Sindurêja wicantên malih, yèn sampeyan botên karsa inggih sampun. Kalih dene malih sampeyan tampia dhawahipun sang prabu aprakawis pun Surapati, sarèhning sêmangke sampun kantênan panggenanipun wontên ing Pasêdhahan. Mila makatên manawi sêlak ngrêbda, amêsthi badhe ngrisakakên nagari kang cêlak-cêlak ing ngriku, dene sang nata inggih sampun anglampahakên bupati kêkalih, anggêbag ing Pasuruan. Nanging botên kangge samênut, lajêng tumpês sadaya, mila sang prabu sangêt ing susahipun. Nuntên dhawah dhatêng kula amundhut bantu tiyang Kumpêni. Kumêndur amangsuli, saudara, yèn makatên, kula utusan ngaturi priksa dhatêng ing Batawi rumiyin. Sasampuning rampung ênggèn kula pirêmbagan. Radèn Sindurêja sarta bupati sakawan lajêng pamit bidhal. Kumêndur inggih sampun ambêktani barang warni-warni badhe katur ing sang prabu, lampahipun Ki Sindurêja sampun dumugi ing Kartasura, lajêng sowan ing sang prabu angaturakên ing wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata mirêng aturipun Ki Sindurêja sakalangkung ngungun, lajêng dhawah dhatêng Radèn Sindurêja dikakakên ambucal sabèbètipun Martapura, sang nata botên karsa angabdèkakên.

Amangsuli cariyosipun Panêmbahan Rama marasêpuhipun [marasêpuh...]

--- 431 ---

[...ipun] Trunajaya kala bêdhahipun ing Kadhiri, sapêjahipun Trunajaya Panêmbahan Rama wau lumajêng, botên wontên ingkang sumêrêp. Ing mangke Panêmbahan Rama adêdunung wontên ing dhusun Mêlambang tanah rêdi kidul, sarta anêluk-nêlukakên tiyang dhusun sakiwatêngêning ngriku, sampun kathah kang sami suyud wau, adamêl tatêngêr panggang ayam minăngka asor ungguling prang, yèn Panêmbahan Rama badhe unggul pêrangipun, panggang ayam punika amêsthi sagêd gêsang malih sarta kaluruk, yèn badhe kawon pêrangipun inggih taksih atulus dados panggang, sarêng sampun adamêl têtêngêr makatên, Panêmbahan Rama nuntên anggêtak dhatêng panggang, panggang ayam lajêng mabur sarta kaluruk. Balanipun sami eram sarta sami pitados, yèn badhe unggul pêrangipun. Anuntên ulam lele sajodho kadèkèkakên ing pinggan, dipun kèn mènèk galugu, ulam lele wau inggih lajêng mancolot dhatêng wit kalapa, mènèk manginggil dumugi ing pupus. Balanipun Panêmbahan sangsaya sangêt eramipun. Kala samantên Panêmbahan Rama sampun kathah balanipun. Misuwur ing tanah sakiwatêngêning ngriku. Yèn sakalangkung sakti.

Anuntên katur ing sang prabu, sang nata enggal parentah dhatêng Tumênggung Jangrana, kalih Tumênggung Mangkuyuda, tiga Natayuda, dikakakên anglurugi dhatêng Mêlambang, Tumênggung [Tumêng...]

--- 432 ---

[...gung] têtiga inggih lajêng bidhal sabalanisun.[1] Wondene Panêmbahan Rama inggih sampun sumêrêp, yèn badhe dipun inggahi gêgaman saking ing Kartasura, nuntên parentah dhatêng rencangipun anama Răngga Dhadhapan. Răngga Dhadhapan, kowe amapagna mungsuh kang saka ing Kartasura, bala kabèh padha adunên prang, nungganga jaran sarta wêwuda, pêcut iki unèkna, lan kowe cêlathua pêcut larut, aja mênêng-mênêng, amêsthi bakal mênang pêrangmu. Răngga Dhadhapan matur sandika sarta anampèni pêcut. Lajêng parentah ambidhalakên gêgaman. Balanipun sadaya inggih sami wicantên pêthut[2] larut, gumuruh swaranipun. Bala ing Kartasura anadhahi, botên dangu balanipun Panêmbahan Rama kathah ingkang pêjah, sakantunipun sami lumajêng, Răngga Dhadhapan pêcutipun lajêng kabucal, badhe nyandhak waos sumêja ngamuk, kasêlak dipun karocok ing kathah sampun pêjah, bala ing Kartasura nuntên sami lumêbêt dhusun ing Mêlambang, sumêja badhe anyêpêng Panêmbahan Rama. Wondene Panêmbahan Rama wau sarêng sumêrêp balanipun sampun sami tumpês, lajêng lumêbêt ing sanggar malêngan. Wontên ing ngriku Panêmbahan Rama amêgêng napas, lajêng sirna, bala ing Kartasura anuntên anjarah saisining dhusun, sarta angubrês Panêmbahan Rama, nanging botên pinanggih, lajêng sami bidhal mantuk [mantu...]

--- 433 ---

[...k] dhatêng ing Kartasura, sampun katur ing sang prabu yèn Panêmbahan Rama ical, botên kantênan palajêngipun. Sang nata sakalangkung ngungun.

Botên antawis lami ing tanah rêdi Kidul wontên tiyang tapa satunggil, turunipin Kyai Agêng Giring, ingkang gadhah dawêgan kang dipun ombe dhatêng Kyai Agêng Matawis rumiyin. Tiyang tapa wau anama Ki Wanakusuma, sangêt anggènipun ambantêr tapanipun, panêjanipun supados katurunan wahyu, sagêda jumênêng nata amêngku ing tanah Jawi sadaya, gêntos waris. Mila makatên Ki Wanakusuma wau sumêrêp ing jangjinipun Kyai Pamanahan kalihan Ki Agêng Giring, benjing yèn turunipun Ki Pamanahan ingkang jumênêng nata sampun kaping pitu, punika suka yèn dipun gêntosana turunipun Ki Agêng Giring, măngka ing mangke sampun turunipun kaping nêm. Mila Ki Wanakusuma sangêt ênggènipun ambantêr tapanipun. Ki Wanakusuma wau agadhah anak jalêr kêkalih, anama Jayaparusa kalih Jayalêlana, punika tansah dipun bujuk dhatêng êmbanipun anama Ardikarun, dipun aturi angrêbat nagari ing Kartasura, gêntos waris. Putra kêkalih wau inggih amiturut. Lajêng anêluk-nêlukakên tiyang dhusun sakiwatêngên ing ngriku sarta angubalakên ing kasêktènipun. Têtiyang dhusun kathah kang sami kerut, amargi kenging ing kêmat ing ngèlmu singkir, kala samantên [samantê...]

--- 434 ---

[...n] sampun kathah balanipun, antawis gangsal èwu. Jayaparusa sarta Jayalêlana lajêng sami sowan dhatêng ingkang rama sarwi matur, rama, kula anyuwun idi sampeyan. Kula badhe ngrêbat nagari ing Kartasura gêntos waris. Ingkang rama angandika, kulup, bêcik sarèhna dhingin, krana ing samêngko durung mangsane, kurang saturunan. Wruhanamu, mulane aku tapa iki, ya kowe kang sun tapakake, supaya kowe kalilanan dening Allah jumênênga ratu ing tanah Jawa, sarèhning samêngko durung mangsane, luwih bêcik bantêrên ênggonmu tapa bae, karêpmu iku kêna diarani wong anggege măngsa, manawa ora lastari, dene wong mangun pêrang iku luwih gampange, yèn wis mangsane. Ingkang putra matur, rama, kula amêksa, botên kenging sampeyan palangi, manawi sampeyan botên karsa tindak, inggih kula kalihan pun adhi kemawon kang badhe nglurug dhatêng ing Kartasura, amung kagungan sampeyan bandera Waring kula suwun, badhe kula bêkta prang. Ingkang Rama angandika, kulup, manawa kowe ora kêna dakpalangi, aku ya măngsa tegaa. Kyai Wanakusuma lajêng amêndhêt bandera Waring, kaparingakên ingkang putra, Jayaparusa anampèni, bandera Waring lajêng mabur dhatêng ing awang-awang nuntên sirna, Jayaparusa matur, rama, kados badhe unggul pêrang kula, [ku...]

--- 435 ---

[...la,] pratandhanipun, dene bandera Waring malêsat dhatêng antariksa. Ingkang rama ngandika, kulup, saka rêmbuganmu ngarani, nanging aku gawèkna jolang, bakal daktunggangi milu pêrang ing sira. Ingkang putra matur sandika, lajêng parentah adamêl jolang sarta angundhangi balanipun, yèn badhe tumuntên anglurug dhatêng Kartasura, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Sakalangkung kathah balanipun. Ingkang dados pangajêngipun baris Ki Ardikarun, putra kêkalih wontên ing têngah sarta numpak kapal. Ki Wanakusuma kapikul ing jolang sawingkinging baris. Jayaparusa lan Jayalêlana samargi-margi tansah angubalakên kasêktènipun, anyênggut alang-alang tuwin rumput. Lajêng kasêbar ing siti, nuntên dados tiyang sarta sami anyêpêng gêgamaning prang, mila balanipun yèn tiningalan sakalangkung kathah, padhusunan ingkang kamargenan sami risak kajarah-rayah, têtiyang dhusun sami ngungsi ing nagari Kartasura, sampun katur ing sang prabu, yèn wontên mêngsah dhatêng saking rêdi Kidul, balanipun sakalangkung kathah.

Sang nata enggal anglêmpakakên para bupati sabalanipun, inggih sampun sami baris wontên ing alun-alun. Sang nata sampun têdhak wontên ing pagêlaran. Botên dangu mêngsah dhatêng wontên ing palaraban. Lajêng sami ngamuk. Bala Kartasura anadhahi, arame

--- 436 ---

pêrangipun. Bala Kartasura kathah kang pêjah, nuntên Pangeran Pugêr anglambung saking lèr sarta abdinipun kalih dasa lajêng ngamuk. Bala Wanakusuman kathah kang pêjah, Jayalêlana anuntên sumêja mêdalakên kasêktèn, nanging botên wontên dados, kakên manahipun, lajêng ngamuk kalihan dhuwung, Pangeran Pugêr sinudukan botên pasah, Pangeran Pugêr lajêng malês kalihan waos Kyai Palèrèd. Jayalêlana tatas iganipun sampun pêjah. Jayaparusa lajêng ngamuk, dipun tadhahi balanipun sang prabu tiyang Bugis anama Singabarong, kancanipun Bugis kawandasa, tiyang Bugis wau kathah kang pêjah dening Jayaparusa, Jayaparusa inggih nuntên pêjah dening tiyang Bugis. Nanging tiyang Bugis botên sumêrêp, yèn punika gustining mêngsah, bathangipun Jayaparusa katilar, angamuki balanipun kemawon. Nuntên wontên abdinipun sang prabu lurah pakêbonan, anama Nayatruna, nyuwun pamit ing sang prabu sumêja badhe ngamuk ing mêngsah, inggih sampun kalilan. Nayatruna lajêng mènèk ing wit waringin inggil, awas aningali yèn Jayaparusa sampun pêjah, dene[3] tiyang Bugis jisimipun katilar, Ki Nayatruna enggal malorod amurugi jisim, nuntên kakêthok gulunipun. Sirahipun kabêkta kaaturakên ing sang prabu, sarta aturipun Nayatruna asamudana yèn Jayaparusa pêjah dening [de...]

--- 437 ---

[...ning] piyambakipun. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Nayatruna sarta aningali sirahipun Jayaparusa, sakalangkung suka, Ki Nayatruna lajêng kajunjung dados wadana pamajêgan, kaparingan nama Tumênggung Rajamênggala. Wondene Pangeran Pugêr wau taksih ambujêng angamuk balanipun Jayalêlana, Ki Wanakusuma sarêng sumêrêp yèn putranipun kêkalih sampun sami pêjah, Ki Wanakusuma lajêng sirna saking jolang, tiyang ingkang ngrêmbat tuwin balanipun sanès inggih sampun sami lumajêng, Pangeran Pugêr nuntên wangsul, sowan ing sang prabu sarta ambêkta jisimapun[4] Jayalêlana, sadhatêngipun ing ngarsane ingkang raka lajêng ngabêkti, ingkang raka angrangkul jăngga sarwi angaras lungayanipun. Sang nata tansah anggunggung dhatêng ingkang rayi, pangandikanipun alon. Adhi mas, ingsun dêrma bae jumênêng nata, mungguh paparentahaning tanah Jawa măngsa bodhoa sira, ênggonira angreka angrèhake ingsun wus pitaya marang sira. Ingkang rayi matur sakalangkung nuhun. Wondene mustakanipun Jayalêlana lan Jayaparusa lajêng dikakakên manjêr wontên ing margi parapatan.

Sarêng antara sataun sang nata utusan dhatêng ing Japara sarta mawi sêrat. Ungêling sêrat, amundhut bantu tiyang Kumpêni, badhe andikakakên anggêbag ing Pasuruan. Ingkang kautus anama Sêcanagara, inggih [ing...]

--- 438 ---

[...gih] sampun mangkat saking ing Kartasura. Sang nata nuntên dhêdhawah dhatêng Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, andikakakên ngalurug dhatêng ing Pasuruan adamêl sandining pêrang kados ingkang sampun kalampahan. Pangeran Cakraningrat sarta Jangrana inggih sampun mangkat saking ing Kartasura sabalanipun kalihan tiyang măncanagari sadaya. Wondene lampahipun Ki Sêcanagara inggih sampun dhatêng wontên ing Japara, sarta amaringakên sêrat dhatêng kumêndur, kumêndur sasampuning maos sêrat lajêng wicantên dhatêng Ki Sêcanagara, Kiyai, dika antèni ontên ing Japara ngriki kriyin. Kula badhe kengkenan dhatêng Bêtawi anyuwun bantu ingkang dados pamundhutipun sang prabu. Kumêndur lajêng anglampahakên sêrat katur ing gurnadur jendral ing Bêtawi. Gurnadur jendral sarêng sampun nampeni sêrat saking Japara, enggal anglampahakên Kumpêni wolung atus. Litnanipun wolu, kapitanipun sakawan, têtindhihipun anama Mayor Burham, prawira sarta digdaya, lampahipun sampun dumugi ing Japara, kumêndur enggal ênggènipun amêthuk. Mayor Burham sakumpêninipun sampun binêkta dhatêng loji sarta sinêgahan, wontên ing ngriku tigang dintên. Mayor wicantên dhatêng kumêndur, kumêndur, aku iki dikakakên bêdhah ing Pasuruan, anyêkêl marang Si Surapati, awit [awi...]

--- 439 ---

[...t] têka karsane sang prabu, sabab sang nata wis kawalahên ênggone arêp ambêdhah ing Pasuruan. Dene aku ya bakal banjur marang ing Pasuruan bae. Kumêndur alon amangsuli, mayor, yèn kowe kudu banjur marang Pasuruan. Utusane sang prabu iki gawanên pisan. Mayor wicantên malih, iya bêcik, tak gawane tunggal prau lan aku. Mayor Burham lajêng bidhal sakumpêninipun mêdal ing laut. Ki Sêcanagara inggih tumut. Lampahipun baita sampun dumugi muwara Madura, kèndêl ing ngriku. Kala samantên wontên putranipun Pangeran Cakraningrat jalêr satunggil anama Radèn Dêmang Pasisir amêthuk dhatêng ing muwara, Mayor Burham sakumpêninipun kabêkta mêntas dhatêng dharatan sarta sinuguhan, waradin sami tuwuk sadaya, Radèn Dêmang sangêt ênggènipun ngurmati dhatêng tiyang Kumpêni, wontên ing ngriku tigang dalu tigang siyang, mayor wicantên alon dhatêng Radèn Dêmang, saudara Radèn Dêmang sangêt tarima kasih kula ênggèn sampeyan nyanggata[5] dhatêng tiyang Kumpêni sadaya, dene lampah kula punika kautus ing tuwan jendral, bêbantun[6] prang dhatêng Pasuruan, inggih saking karsanipun sang prabu ing Kartasura. Radèn Dêmang alon amangsuli, tuwan, yèn makatên, kula badhe tumut sarta atêtuwi ing kangjêng rama, bapak kula, wau sampun lami ênggènipun [ênggènipu...]

--- 440 ---

[...n] pêrang wontên ing Pasuruan, inggih awit saking karsanipun sang nata, dikakakên ambêdhah ing Pasuruan. Mayor sakalangkung suka manahipun sarta wicantên. Inggih sakalangkung prayogi sampeyan sarêng kalihan kula, suwawi nuntên mangkat. Radèn Demang lajêng parentah dhatêng balanipun angrakit gêgamaning prang, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal dhatêng ing Surabaya mêdal ing dharatan sumêja dhatêng ing Pasuruan. Kumpêni lumampah ing wingking, bala Madura ing ngajêng sarta pitêdah margi.

Kacariyos Ki Dipati Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana kang sami pêrang ngantos wontên ing Pasuruan. Ing sabên dintên bêdhil-binêdhil, kèndêlipun yèn wanci sêrap srêngenge, yèn wanci enjing sami wiwit pêrang malih, nanging botên wontên ingkang sami pêjah, sabab botên wontên ngangge mimis, sarta sabên ing wanci dalu Ki Tumênggung Wiranagara anyilibakên balanipun, sowan dhatêng pasanggrahanipun Ki Dipati Cakraningrat, sami arêrêmbagan. Yèn sampun wanci bangun enjing lajêng mantuk dhatêng kithanipun ing Pasuruan punapa dene ing sabên măngsa garêbêg Ki Tumênggung Wiranagara wau inggih botên pêgat ênggènipun atur upêkti ing sang prabu, tuwin sabarang wawêdalanipun nagari ing Pasuruan inggih kaaturakên ing sang prabu. Kala samantên Ki Dipati Cakraningrat mundur pêrangipun anêbih saking kitha Pasuruan, [Pasurua...]

- -- 441 ---

[...n,] sumêja ngasokakên balanipun. Dene Ki Tumênggung Wiranagara inggih sampun adamêl pacalang anjagèni yèn wontên baris Kumpêni dhatêng sarta tansah angatos- atos.

Kawuwusa lampahipun Mayor Burham sarta Radèn Dêmang Pasisir, sampun dumugi tapêl watês ing Pasuruan, arêrêp ngasokakên balanipun. Wondening Ki Tumênggung Wiranagara inggih sampun dipun aturi pariksa ing balanipun ingkang dados pacalang wau. Ki Tumênggung Wiranagara sarêng mirêng tiyang Kumpêni dhatêng sangêt suka ing manahipun, sabab sampun lami ênggènipun ngajêng-ajêng, sumêja awor gêtih kalihan Kumpêni, lajêng bidhal saking kitha sabalanipun sumêja mêthukakên pêrangipun tiyang Kumpêni, lampahing bala gumuruh asurak-surak, angajab enggala têmpuh ing pêrang, botên dangu bala Kumpêni dhatêng, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, Kumpêni lajêng ngarutug ing sanjata, mimis mindha garimis, ing paprangan pêtêng dening kukus. Ki Wiranagara sabalanipun lajêng sami anusup ing kukus, angamuk kalihan dhuwung tuwin waos. Sakalangkung rame pêrangipun bala, sabab sami purunipun. Bala Pasuruan tuwin bala Kumpêni kathah ingkang pêjah, dangu-dangu bala Kumpêni sampun sami pêjah sadaya, ingkang taksih gêsang watawis amung kawan wêlas, sampun sami

--- 442 ---

lumajêng. Radèn Dêmang Pasisir sarêng aningali tiyang Kumpêni tumpês, sakalangkung suka, lajêng narik pêdhang sarta angabani balanipun, majêng sarênga ngamuk. Bala Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Dêmang sabalanipun sami angamuk punggung, botên sumêrêp ing wadi, sabab dèrèng dipun jarwani dhatêng ingkang rama. Ki Tumênggung Wiranagara sarêng aningali balanipun kathah pêjah amargi dipun amuk tiyang Mêduntên, Ki Wiranagara sakalangkung kagèt, sarta sangêt nêpsu, sêru wicantênipun. Hèh bocah Pasuruan, wong Madura iki nêja pêrang têtêmênan apa saking durung sumurupe, apa dhasar dijarag, anglirake ing wasesa gustine, payo padha walêsên, aja wêdi. Bala Pasuruan enggal sami majêng, angamuk rampak, bala Madura anadhahi, sakalangkung rame pêrangipun. Bala Madura kathah kang pêjah, Radèn Dêmang Pasisir dipun waos dhatêng Ki Bun Jaladriya, lambungipun tatas, sampun pêjah, sarta êmbanipun kêkalih anama Jangpati kalih Mangkewuh inggih sarêng pêjah lan gustinipun. Bala Madura sarêng aningali gustinipun pêjah, lajêng sami ambyuk angamuk liwung, botên wontên nêja gêsang, inggih lajêng tumpês sadaya, ing wingking taksih anggili botên kêndhat-kêndhat. Kacariyos wontên kapenakanipun Pangeran Cakraningrat, adhinipun dening Radèn Trunajaya kang sampun pêjah,

--- 443 ---

anama Radèn Trunadilaga, sakalangkung wantêripun. Sarêng aningali Radèn Dêmang pêjah lajêng ngamuk sabala tuwin santananipun. Bala ing Pasuruan kathah ingkang pêjah, Radèn Trunadilaga dipun pasêr mawi upas dhatêng bala Pasuruan, kenging lambungipun rahipun sumêmbur, lajêng kantaka dhawah ing siti. Anuntên wontên santananipun anama Radèn Durgajaya, kalih Panji Wanèngpati, tiga Panji Wanèngsêkar, sakawan Panji Dipanagara, priyantun sakawan wau lajêng sami ngamuk liwung, bala Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Durgawijaya kagèt aningali, yèn Radèn Trunadilaga kantaka kenging upas pasêr, enggal dipun purugi lajêng kasepak ing suku sarta wicantên sêru, adhi Trunadilaga, yagene kowe pêrang karo wong rucah bae kongsi mati, apa kowe dudu trahing Brawijaya Majapait. Tangia, ayo ngamuk. Radèn Trunadilaga kagèt lajêng lênggah, tatunipun sampun saras sami sakala, sarta wicantên, kakang Durgajaya, payo padha ngamuk. Radèn Durgajaya amangsuli, adhi, awakmu lêrêbêna dhisik. Aku ora-orane sumêja mundur sarta aku sêksenana, ing samangsane aku ora bisa bêdhah ing Pasuruan. Amêsthi guluku dakpagas dhewe. Radèn Durgajaya sarta Trunadilaga lajêng sami ngamuk malih lan sabalanipun, gumulung angrêbat mêngsah, bala ing Pasuruan kathah [ka...]

--- 444 ---

[...thah] ingkang pêjah, sabab kêkathahên mêngsah, Ki Tumênggung Wiranagara sabalanipun anuntên sami lumajêng angungsi salêbêting bètèng Pasuruan sarta tutup kori, bala Madura anglud sumêja ngrangsang biting, Radèn Trunadilaga sêru ênggènipun sêsumbar saking sanjawining biting, hèh budhaking Kumpêni mêtua, ayo padha pêrang, aja inêp lawang, yèn kowe wis wêdi ing aku, nututa takbănda.

Anuntên wontên utusanipun Pangeran Cakraningrat anama Radèn Panji Dipapraja, ambêkta bala kathah, sadhatêngipun ing paprangan, eram aningali tilas ramening prang, lajêng enggal amurugi dhatêng Radèn Trunadilaga sarta Durgajaya, Radèn kêkalih nuntên pitakèn. Kakang Dipapraja, kowe iki apa têtulung ing prang arêp ambalèni[7] Radèn Dêmang Pasisir utawa sanak-sanakmu kang wis padha mati pêrang, mulane aku aprasêtya, ing samangsane aku ora bisa bêdhah ing Pasuruan, guluku bakal dakpagas dhewe, sabab bangêt wirangku. Radèn Panji Dipapraja sarêng mirêng sakalangkung ngungun, alon ênggènipun wicantên. Adhi Durgajaya lan adhi Trunadilaga, kapriye polahmu iku, dene adhimu Radèn Dêmang kongsi mati utawa wong Madura ya akèh kang padha mati, apa kowe ora sumurup, yèn pêrang iki gêgorohan. Radèn Durgajaya anyêntak. Ah ngêndi ana

--- 445 ---

wong pêrang gêgorohan, rak lagi cêlathumu iki, ayo padha ngamuk, bètèng iki padha diunggahi. Balanipun sami dipun parentahi angrangsang bètèng, Radèn Panji Dipapraja enggal angêjèpi balanipun, kinèn anyikêp dhatêng Radèn Durgajaya, inggih sampun dipun cêpêngi, Radèn Dipapraja alon amituturi, adhi Durgajaya, sarèhning nêpsumu, yèn kowe ora sumurup, nagara ing Pasuruan iki wadining ratu, manawa kowe kêlakon angrusak ing Pasuruan, kowe prasasat angrusak ing sang prabu, angur ayo padha mundur, angaturi uninga ing Pangeran Cakraningrat. Akathah-kathah ênggènipun pitutur Radèn Panji Dipapraja wau, Radèn Panji Durgajaya sampun sarèh galihipun. Tumuntên sami bidhal sabalanipun. Sadhatêngipun ing pasanggrahan ing ngarsane Pangeran Cakraningrat, Radèn Panji Dipapraja lajêng anyungkêmi sukunipun Pangeran Cakraningrat, matur sarwi nangis. Kula angaturi uninga yèn putra sampeyan Radèn Dêmang Pasisir pêjah wontên ing paprangan. Tiyang Maduntên inggih kathah ingkang pêjah, lumajêng angungsi salêbêting biting, witning yèn sampuna kula tumuntên dhatêng, ing Pasuruan kados kalampahan bêdhah, wadining ratu badhe kalingkab, awit saking prasêtyanipun pun Durgajaya. Akathah-kathah aturipun Radèn Panji Dipapraja [Dipapra...]

--- 446 ---

[...ja] wau, Sang Pangeran Cakraningrat sarêng mirêng sakalangkung ngungun, alon ênggènipun ngandika, Dipapraja, baya wis pinêsthi karsa Allah patine anakku, amarga bangêt ênggone bodho, apa manèh Si Durgajaya iku cangkême calêbang-calêbung, gêlis têmên mêtokake basa kang larang, yèn adat trahing wong Majapait ora kêna ambalèni calathu kang wus kawêtu, mêsthi nuli dilakoni. Radèn Durgajaya sarêng mirêng enggal nyandhak sêking, jangganipun lajêng kapagas piyambak, namung pasah sakadhêle, rahipun sampun mêdal, punika namanipun pagas sarat. Supados basanipun kang sampun kawêdal sampun ngantos botên kalampahan. Nuntên wontên utusanipun Ki Tumênggung Wiranagara ing Pasuruan sarta mawi sêrat. Têmbunging sêrat Ki Tumênggung Wiranagara anyuwun pangapuntên ingkang kathah-kathah dhatêng Pangeran Cakraningrat. Amargi pêjahipun Dêmang Pasisir. Pangeran Cakraningrat inggih sampun amangsuli sêrat dhatêng Radèn Tumênggung Wiranagara, suraosing sêrat, Pangeran Cakraningrat sampun narima pêjahipun ingkang putra, amargi saking dèrèng sumêrêp ing wadi. Ki Tumênggung Wiranagara sarêng sampun maos sêrat wangsulan, sakalangkung suka manahipun sarta ical kuwatosipun. Sabab sangêt ênggènipun ajrih dhatêng Pangeran Cakraningrat. Kala samantên Pangeran Cakraningrat [Cakraningra...]

--- 447 ---

[...t] lajêng utusan dhatêng ing Kartasura sarta mawi sêrat, angaturi uninga ing sang prabu, yèn putranipun pêjah wontên ing paprangan. Sêrat katur ing sang prabu, sang nata sakalangkung ngungun, lajêng adhêdhawah dhatêng para bupati, sami andikakakên kintun salawat awarni arta, bupati satunggil-tunggilipun ngalih atus ringgit. Sang nata piyambak amaringi pitung atus ringgit. Arta wau inggih sampun katampèn dhatêng Pangeran Cakraningrat.

Kacariyos Sang Prabu Mangkurat, sampun kagungan putra jalêr satunggil, nanging kêncèt sukunipun. Sampun kaangkat nama Pangeran Dipati Anom. Pinuju satunggiling dintên sang nata animbali ingkang putra dhatêng ing dalêmipun. Sang nata alon angandika, kulup, sarèhning sira wus diwasa lan ing besuk sira ora wurung anggêntèni marang panjênêngan ingsun. Sira dibisa angêmpèk atine pamanira adhi Mas Pugêr, karo Si Cakraningrat, katêlu Si Jangrana, kapat Si Răngga Yudanagara ing Samarang, wêruhanira wong papat iku kang minăngka pikukuhe nagara ing Kartasura, sira aja wani-wani anglarakake atine, ênggonira bakal jumênêng nata upamane wong gawe tampah, pamanira dhimas Pugêr kang minăngka wêngkune, kang minăngka jêjêt utawa anamane bupati têlu iku, dene têgêse manawa wong papat iku ana kang rêngat atine [a...]

--- 448 ---

[...tine] ing salah sawiji, amêsthi ênggonira jumênêng nata ora kapenak, bakal akèh pêrang, wong cilik padha susah atine, dene manawa sira bisa angêmpèk atine wong papat iku, amêsthi tulus ênggonira jumênêng nata, tutug ing sabarang karsanira, sarta nagaranira raharja, mulane mêngkono satêmêne bangêt sumêlanging atiningsun, andêlêng tatêkonira, ing samangsane tatêkonira kang ala iku ora sira marèni, ingsun ora tega tinggal karaton marang sira. Akathah-kathah pamulangipun sang prabu wau, sarta amulang pratingkah jumênêng nata utawi suraosing Sêrat Asthabrata, Nitipraja, Panitisastra, inggih sami kawulangakên sadaya, Pangeran Dipati Anom mirêng pamulangipun ingkang rama akathah-kathah, lajêng tumungkul asêmu waspa sarwi alon matur, rama prabu, kula mugi angsala pangèstu dalêm, sagêda anglampahi wulang dalêm wau sadaya. Sang nata angandika malih, kulup yèn sira wis miturut marang ingsun, ing mêngko sarèhning sira wus diwasa, sira bakal ingsun kramakake olèh anake wadon adhi Mas Pugêr, kaya-kaya patut dadi jatukramanira, ewadene bêcik sira anontonana dhewe marang Kapugêran. Pangeran dipati matur sandika lajêng mangkat dhatêng ing Kapugêran.

Kacariyos Pangeran Pugêr sampun apêputra

--- 449 ---

kalih wêlas. Pambajêngipun èstri, sakalangkung ayu warninipun sarta sampun diwasa, anama Radèn Ajêng Lêmbah, kalih Radèn Mas Sudira, tiga Radèn Mas Surya, sakawan Radèn Mas Mêsir, gangsal Radèn Mas Papa, nênêm Radèn Mas Sungkawa, pitu Radèn Mas Săngka, wolu Radèn Mas Sudama, sanga Radèn Ayu Ayunan. Sadasa Radèn Impun, ingkang kêkalih taksih alit. Kala samantên Pangeran Pugêr pinuju lênggah ing pandhapi, ingadhêp para putra, kagèt aningali Pangeran Dipati Anom dhatêng, Radèn Mas Sudira enggal amêthuk dhatêng regol. Pangeran Dipati Anom kaaturan lajêng dhatêng ing pandhapi, Pangeran Pugêr amêthuk ing sawatawis tindak, anuntên sami tata lênggah, Pangeran Pugêr alon angandika, kadingarèn anggèr, kowe marene, ora nganggo awèh wêruh dhisik. Bangêt gugupe atiku. Pangeran Dipati Anom matur saha sêmbah, paman, kala wau kula dipun dhawahi raka dalêm, andikakakên dolan mariki. Pangeran Pugêr sarêng mirêng lajêng sumêrêp yèn badhe anontoni dhatêng ingkang putra, Pangeran Pugêr anuntên angêjèpi ing Radèn Mas Sudira, Radèn Mas Sudira inggih lajêng tampi ing sêmunipun ingkang rama, enggal lumêbêt ing dalêm, amanggihi ingkang bak ayu, dipun aturi angladosêna pasêgah gantèn. Radèn [Ra...]

--- 450 ---

[...dèn] Ajêng Lêmbah awrat niyatipun, nanging kapêksa dhatêng ingkang ibu tuwin ingkang sadulur, inggih nuntên lumampah, sarwi ambêkta pasêgah gantèn. Nanging botên karsa salin busana ingkang sae, ambombrong kemawon, sarta basêngut ulatipun. Sadhatêngipun ing ngajêngan inggih angaturakên pasêgah gantèn ing ngarsanipun Pangeran Dipati Anom. Nanging anuntên enggal wangsul lumêbêt ing dalêm. Pangeran Dipati Anom kalanipun aningali dhatêng sang rêtna, dangu ênggènipun kami tênggêngên, sangêt ênggènipun kasmaran. Awit sang putri sangêt ayunipun, amindha widadari ing Suralaya, Pangeran Dipati Anom alon matur dhumatêng ingkang paman Pangeran Pugêr, paman, putra dalêm adhi Ajêng Lêmbah sampun pintên ing yuswanipun, Pangeran Pugêr amangsuli, ênggèr, aming kacèk rong taun tuwa kowe. Pangeran Dipati Anom anuntên pamit kondur angadhaton. Sadhatênge ing ngarsane ingkang rama lajêng dinangu, kapriye, apa sira wis wêruh ing rupane arinira. Ingkang putra matur, kula sampun aningali dhatêng adhi Ajêng Lêmbah, sarta kula inggih sampun sênêng, ing mangke kula sumăngga ing karsa dalêm. Sang nata angandika, sira ya bakal nuli ingsun dhaupake, nanging wêkas ingsun, sira dibisa momong, sabab bakal bojonira iku sadulurira nak-sanak. Prasasat sadulurira [sadulur...]

--- 451 ---

[...ira] dhewe. Ingkang putra matur sandika, sang nata nuntên parentah dhatêng ingkang garwa, andikakakên acêcawis badhe rêrêngganing pangantèn tuwin para dipati inggih sami kadhawahan amakajangan wontên ing alun-alun. Sarêng sampun sami mirantos, enjingipun lajêng kaningkahakên wontên ing kadhaton. Ing sontênipun para bupati sagarwanipun andikakakên sami murugi pangantèn èstri dhatêng Kapugêran, sarta ambêkta joli. Wondene Radèn Ajêng Lêmbah inggih sampun pinaesan, badhe sangêt ing pamoponipun, nanging pinêksa dhatêng ingkang rama kalihan kang ibu, mila Radèn Ajêng Lêmbah wau badhe mopo, sabab sampun sumêrêp ing wêwatêkanipun Pangeran Dipati Anom. Asring panastèn, ewan, nyalunthang, brancah sarta digung, dados sang putri wau ing batos sangêt ing prihatosipun. Sadhatêngipun ingkang sami mêthuk, sang putri sampun katitihakên ing joli, lajêng binêkta dhatêng ing kadhaton, kaudhunakên wontên sangajêngipun ing korining dalêm kadhaton. Kangjêng Ratu Mangkurat enggal amêthuk. Pangantèn èstri nuntên dipun kanthi astanipun. Sang prabu inggih sampun anganthi pangantèn jalêr, lajêng kapanggihakên. Anuntên kabêkta dhatêng ing jrambah, sami kalênggahakên ing pangkonipun sang prabu, sang nata sadangunipun [sadangunipu...]

--- 452 ---

[...n] amangku pangantèn, botên kèndêl-kèndêl ênggènipun amêmulang dhatêng ing pangantèn jalêr èstri, supados atuta ênggènipun ajêjodhon. Sasampuning sawatawis dangunipun pangantèn lajêng kadhawahan sami sare, sang nata têdhak kasukan dhatêng ing pandhapi, dene ing sapêkênipun inggih lajêng kaundhuh dhatêng ing Kapugêran, anuntên kakondurakên dhatêng ing kadhaton malih.

Kala samantên nagari ing Kartasura awis têdha, kathah tiyang sakit amargi kaluwèn, têmah dados ing pêjahipun, lajêng kabubuh ing gêgêring, kathah têtiyang pêjah, sang prabu sakalangkung susah ing galihipun. Ing wanci dalu animbali ingkang rayi Pangeran Pugêr, sang nata alon angandika, adhi mas, kapriye kang dadi rêmbugira, nagara ing Kartasura samêngko bangêt ênggone rusak. Sapa kang kelangan kajabane ingsun namung sira, ing mêngko măngsa bodhoa sira ênggonira amurih supaya mulyaa ing nagara Kartasura, bisaa murah pangan lan ilanga sakèhing gêgêring. Pangeran Pugêr matur, yèn makatên ingkang dados karsa dalêm, kula nyuwun pamit badhe kesah, sumêja anêdha ing Gusti Allah, mugi angsala pangèstu dalêm. Pangeran Pugêr anuntên lumèngsèr saking ing ngarsane ingkang raka, sadhatêngipun ing dalêm, lajêng salin busana cara santri [sa...]

--- 453 ---

[...ntri] ingkang asring papariman, anuntên mangkat piyambak kemawon. Sumêja aningali sawarninipun pêkên-pêkên. Yèn dalu ing saênggèn- ênggènipun tansah manêngkung, sadhatêngipun ing pêkên Kapundhung Pangeran Pugêr eram aningali, dene botên wontên tiyang wade sêkul. Ingkang sami dipun sade amung katela, jagung, uwi, gêmbili tuwin canthèl alas. Kang mindha santri pitakèn dhatêng ingkang sami wêwadean. Bibi, punapa sababe dene botên wontên wong adol sêga. Ingkang satunggil amangsuli, anama Nyai Cumbring, gus santri, apa kowe ora sumurup, yèn nagara iki lagi têntrêm saiki, awit sang prabu ing Kartasura tansah papêrangan lan ingkang rayi Susunan ing Ngalaga, wong cilik orana kaur asêsawah, pijêr uyang-uyung bae, barêng wis kakumpulan ingkang rayi banjur larang pangan mêngkene. Kang mindha santri sarêng mirêng lajêng mèsêm, karaos ing galihipun, dados sangsaya ênggènipun prihatos. Pangraosipun Nyai Cumbring kajawat. Pangeran Pugêr dipun jiyat kaajak mantuk dhatêng griyanipun. Pangeran Pugêr inggih anurut kemawon. Sadhatênge ing griyanipun, lajêng kaaturan lênggah ing kalasa sarta kaladosan panganan ing sawontênipun. Nyai Cumbring lajêng dhatêng lèpèn, sumêja arêrêsik. Kang mindha santri anuntên kesah,

--- 454 ---

lampahipun lajêng dhatêng ing Matawis, anjujug ing masjid agêng, wontên ing ngriku ing dalu anêngkung, anêgês karsaning Hyang ingkang murwèng pandulu, sarêng ing wanci bangun enjing Pangeran Pugêr angsal pitulunging Allah, wontên tompo pênakêran uwos saking ing nginggil dhawah ing ngarsanipun, agêngipun sakalapa, pangeran enggal anyandhak, sarta sangêt suka ing galihipun. Sabab sumêrêp, yèn angsal pitulunging Allah, ing wanci byar pangeran lajêng dhatêng ing pêkên agêng Matawis sarta ambêkta tompo, anjujug tiyang wade uwos, lajêng pitakèn mênggah pangaosipun uwos ing satompo punika, wangsulanipun ingkang wade, pangaos pitung reyal. Pangeran Pugêr angawis pitung wang, Pangeran Pugêr wau lajêng dipun sêntak sarta dipun srêngêni, ing sabên dintên Pangeran Pugêr padamêlanipun makatên. Yèn ing dalu ananêdha ing Allah, nanging tansah dipun uyak-uyak dhatêng sawarnine tiyang wade uwos. Kala samantên botên antawis lami, lajêng mirah têdha sarta sakathahing sêsakit sampun sirna, Pangeran Pugêr nuntên kondur dhatêng ing Kartasura, sowan ingkang raka sang prabu angaturakên ing sasolahipun sadaya, sang nata mirêng cariyosipun ingkang rayi angêrês ing galihipun. Ing wusana sangêt suka, sabab nagarinipun sampun mulya.

--- 455 ---

Kacariyos Pangeran Dipati Anom, pinuju lênggah kalihan garwanipun wontên ing dalêm, ingadhêp ipenipun ingkang nama Radèn Mas Sudira, dene ipe ingkang kathah-kathah botên wontên sowan, sabab botên wontên ingkang dipun rêmêni, amung Radèn Mas Sudira piyambak ingkang dipun sihi, pangeran dipati andangu dhatêng Radèn Mas Sudira, Sudira, sadulurmu lanang kabèh ing samêngko apa wis padha dilih jênêng tuwa marang kangjêng paman. Radèn Mas Sudira matur, adhi kula kang sampun ngalih nama sakawan. Radèn Mas Papa angalih nama Radèn Mas Ăntawirya, pun Mêsir nama Radèn Mas Martataruna, pun Sungkawa nama Radèn Mas Dipataruna, pun Surya anama Radèn Mas Suryaputra, sanèsipun dèrèng wontên salin nama. Pangeran dipati sarêng mirêng yèn wontên nama Suryaputra, sangêt ewa ing galihipun. Mila makatên, pangeran dipati wau dhasar sangêt sêngitipun dhatêng Radèn Mas Suryaputra, awit sangêt bagusipun, kathah têtiyang kang sami angalêm ing warninipun. Anuntên ngandika dhatêng Radèn Mas Sudira, Sudira, kowe mênyanga ing Kapugêran, Si Suryaputra dhawuhana, yèn daklih jênêng Radèn Wăngsatruna. Radèn Mas Sudira matur sandika, lajêng mangkat. Radèn ayu dipati sarêng mirêng sakalangkung sakit galihipun sarta alon matur, kangmas, adhi kula dosanipun punapa, tiyang warninipun bagus, [bagu...]

--- 456 - --

[...s,] kok dipun salini nama kados tiyang dhusun. Sampeyan punika nyêrwètèh sangêt saking têtiyang kathah, dene kang kalimrahan, tiyang gadhah sadhèrèk punika amêsthi dipun agêngakên manahipun sarta winalungsung ing busana kang adi-adi, botên kados sampeyan makatên, kok mindhak anganiaya. Pangeran dipati angandika, adhi ajêng, mulane adhimu iku daksalini jênêng, yaiku pratandhane yèn sadulurku, puluh-puluh kapriye, wong lagi mêngkono kang dadi karêpku. Radèn ayu dipati sakalangkung ngangat[8] ing galihipun, lajêng lumêbêt ing dalêm sarta muwun.

Wondene lampahipun Radèn Suryakusuma inggih sampun dhatêng ing ngarsanipun ingkang rama sarta matur. Kangjêng rama, kula dipun utus ing kangmas Dipati Anom, andikakakên êndhawuhi ing sampeyan, yèn pun Suryaputra samangke dipun salini namanipun, kanamakakên Radèn Wăngsataruna. Pangeran Pugêr amangsuli, thole, kowe matura marang kangmasmu dipati, prakara ênggone nyalini jênênge Si Suryaputra, aturku sandika, karodene kowe sarta adhi-adhimu kabèh aja ana lara atimu marang Pangeran Dipati Anom. Krana iku gustimu, kaping pindho sadulur tuwa, wajib tinurut sabarang parentahe, apa manèh [ma...]

--- 457 ---

[...nèh] wêkasku marang kowe, sarèhning kowe disihi ing Pangeran Dipati Anom, kowe aja kurang ing pangati-ati, wis, kowe muliha. Radèn Suryakusuma lèngsèr saking ngarsane sang rama, sadhatêngipun ing kadipatèn lajêng matur ing pangeran dipati.

Kala samantên sang prabu utusan dhatêng pabarisan ing Pasuruan sarta mawi sêrat. Suraosing sêrat, animbali Ki Dipati Cakraningrat lan sakancanipun bupati măncanagari kang sami baris ing ngriku, nanging bidhalipun saking ngriku margi ya kawon prang kalihan Surapati. Utusan wau inggih sampun dhatêng wontên ing pabarisan. Sêrat sampun katampèn ing Pangeran Cakraningrat, sakalangkung suka manahipun. Sabab ênggènipun bêbarisan wontên ing ngriku laminipun sampun sawindu, Pangeran Cakraningrat ing wanci dalu lajêng utusan sarta mawi sêrat dhatêng Surapati, suraosing sêrat, Surapati kapurih anggêbaga prang dhatêng piyambakipun. Surapati sarêng sampun tampi sêrat enggal parentah angrakit gêgamaning prang, ing enjingipun Surapati lajêng bidhal saking kitha sabalanipun. Sadhatêngipun ing pabarisan Gênthong lajêng prang kalihan Pangeran Cakraningrat. Pangeran Cakraningrat sabalanipun dhadhal lumajêng sadaya. Sumêja mantuk dhatêng ing Kartasura, pasanggrahanipun lajêng binèsmenan dhatêng bala Pasuruan. Palajêngipun

--- 458 ---

Pangeran Cakraningrat sampun dumugi ing Kartasura, Pangeran Cakraningrat wau lajêng katariman tilas garwanipun sang prabu, putra saking Giri anama Ratu Wetan.

Kacariyos Pangeran Dipati Anom ênggènipun palakrama botên atut. Tansah awawan pabên. Sabab pangeran dipati wau amundhut garwa sêlir kêkalih, sangêt dipun sihi, satunggil anakipun tiyang kalang, satunggilipun èstri saking Ngonje tanah ing Toyamas. Ngantos supe dhatêng garwanipun. Kajawi saking punika inggih asring rêmên dhatêng èstri sanèsipun, sangêt ênggènipun brancah, sarta watêkanipun botên kenging kapêncok ngajêng, panastèn sarta digung. Wondene sêlir kêkalih wau sampun sami kainggahakên garwa, sangêt andadosakên nêpsunipun radèn ayu dipati, lajêng purik dhatêng Kapugêran, tanpa pamit ingkang raka, wontên ing ngriku sang putri dipun pitambuhi kemawon dhatêng ingkang rama, pangeran dipati inggih botên karsa andangu utawi animbali dhatêng garwanipun, dados sang putri wau sangêt ênggènipun prihatos, yèn siyang amanggèn wontên ing patamanan, anglêlipur galihipun piyambak. Amung yèn dalu kemawon kondur dhatêng ing gandhok.

Anuntên sang nata mirêng yèn garwanipun pangeran dipati purik dhatêng Kapugêran. Sang nata enggal animbali

--- 459 ---

lurah suranata têtiga, anama Ki Ăngga, kalih Ki Sèh, tiga Sarawèdi, sami kautus dhatêng Kapugêran. Amariksa sababipun radèn ayu dipati purik kalihan mundhut pola wasiyat ing Kapugêran, kang nama Kyai Palèrèd kalihan Kyai Maesanular. Tiyang têtiga matur sandika, lèngsèr saking ngarsa dalêm, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Dipati Pugêr, utusan matur alon angaturakên ing dhawahipun prabu sadaya, Pangeran Pugêr amangsuli, Ăngga, Êsèh, kowe matura ing kakang prabu, prakara ênggone purik radèn ayu dipati aku ora têtakon. Salawase ana ing kene takpitambuhi bae, krana Pangeran Dipati Anom durung ana utusan amasrahake marang aku, sarèhning kowe diutus bêcik têmonana dhewe, aku wis anglilani, malêbua marang kaputrèn. Ki Ăngga sarta Ki Sèh aturipun mopo. Pangeran Dipati Pugêr ngandika malih, dene prakara pamundhute pola wasiyatku, samêngko kris sarta tumbakku gawanên bae, kakang prabu aturana mola dhewe. Dhuwung sarta waos sampun katampèn dhatêng utusan, lajêng binêta dhatêng kadhaton. Sadhatêngipun ing ngarsane sang nata utusan matur ing purwa madya wusana, sang nata sakalangkung ngungun. Utusan lajêng angaturakên dhuwung kalihan waos wasiyat ing Kapugêran. [Kapu...]

--- 460 ---

[...gêran.] Sang prabu sakalangkung duka dhatêng ingkang ingutus. Dene purun-purun ambêkta wasiyat, botên kalawan parentahipun sang prabu, abdi ingkang ambêkta wau badhe kinèn mêjahi, dangu-dangu sang nata èngêt lilih ing dukanipun, yèn purun-purunipun ambêkta wasiyat wau saking parentahipun Pangeran Pugêr, sang nata enggal dhawah amangsulakên, amung mundhut pola kemawon, wasiyat inggih sampun kawangsulakên. Pangeran Pugêr inggih sampun anyaosi pola, sang nata lajêng dhawah dhatêng pandhe, andikakakên damêl dhuwung kalihan waos, anelad pola wau.

Botên antawis lami sang prabu dhêdhawah adamêl sagaran sakidul kilèning kadhaton. Ingkang anggarap tiyang sanagari Kartasura, tuwin tiyang pasisir măncanagari sami bêbah-bêbahan. Botên lami nuntên dados sarta kaingonan baya, sang nata nuntên parentah anggiring buron wana ing Matawis, kapurugakên dhatêng Kartasura, kaprênahakên sakilèning sagaran, dipun krapyak. Pagiringipun buron wana wau urut margi mawi karajêgan sarta kabêthekan. Manjangan, kidang, kancil, banthèng, jêjawa sapanunggilanipun sampun sami dhatêng wontên krapyaking sagaran. Amung sima kalihan cèlèng sami pinêjahan. Sang nata lajêng parentah adamêl masjid agêng, kang tinelad Masjid Dêmak. Botên lami

--- 461 ---

masjid sampun dados, sakalangkung sae, sang prabu nuntên parentah dhatêng têtiyang sanagari, andikakakên sami salat dhatêng masjid ing sabên dintên Jumungah, kala samantên inggih kalampahan. Ing sabên Jumungah ing masjid agêng jêjêl tiyang ngantos balèbèr dhatêng surambi.

Kacariyos Radèn Dipati Sindurêja adarbe putra jalêr satunggil, patutanipun kalihan ingkang rayi sang prabu randhanipun Trunajaya kang sampun pêjah, putra wau anama Radèn Sukra, sakalangkung bagus warninipun, amênthelang lampahipun, ambêranyak kados putra Dyarawati,[9] tiyang sanagari Kartasura botên wontên kang nyamèni bagusipun, ngantos dados panjang kidunging para pawèstri, adamêl brăngta, utawi yèn wontên tiyang mêmantu, Radèn Sukra wau prêlu dipun aturi tumut angarak pangantèn, kadamêl têtingalan ing tiyang kang sami ngarak pangantèn. Kala samantên Radèn Sukra dipun suruhi ngarak pangantèn atêtêgar sangajêngipun tiyang kathah, kang ningali sami kasmaran. Pangaraking pangantèn wau mêdal ing alun-alun. Pangeran Dipati Anom pinuju ningali momor tiyang kathah, pangeran kagèt aningali ing tiyang bagus warninipun karêngga ing busana, têtêgar nêlasakên tênaga sangajênge tiyang angarak pangantèn. Pangeran andangu dhatêng abdinipun. Ingkang kadangu matur pêsaja, pangeran enggal [eng...]

--- 462 ---

[...gal] kondur, sarta dhawah animbali Radèn Sukra, sabab sangêt panasing galih aningali bagusipun. Radèn Sukra sampun dhatêng ing ngarsanipun sang pangeran, lajêng kinèn nyêpêng sarta binêsta, Radèn Sukra ginitikan ing panjalin, jinêjêkan tinabokan ing tiyang kathah, maripat jinêjêlan ing sêmut cêmêng, Sukra asambat botên dosa sarta nyuwun pangapura druwili, pangeran amangsuli sêru, kowe aja takon dosa, yagene polahmu sawênang-wênang, kaya kang duwe nagara, têtêgar sangarêping wong kathah, jaranmu ora wurung nunjang wong, wong akèh iku baturku kabèh, hèh bocah ing kadipatèn, Si Sukra gitikana manèh, matane lêbonana sêmut manèh. Para abdi enggal tumandang, Sukra sambatipun ngaruara sarta nangis awaspa gêtih, lajêng botên èngêt. Nuntên dipun usung kasèlèhakên satêngahing radinan agêng, panakawanipun Sukra enggal sami amêndhêt. Sukra ginendhong binêkta mantuk. Ingkang ningali sami wêlas. Sadhatênge ing kapatihan ingkang rama tuwin kang ibu sami nangisi, Radèn Arya Sindurêja ing sakêdhap mèh supe ing galihipun, sumêja angrurah ing kadipatèn. Dene putranipun dipun niaya tanpa dosa, dangu-dangu èngêt yèn abdi, lajêng lilih ing dukanipun. Ingkang putra enggal ingusadan, antawis pitung dintên waluywa [wa...]

--- 463 ---

[...luywa] kados wingi uni, nuntên pamit dhatêng ingkang rama sumêja ngamuk dhatêng ing kadipatèn. Ingkang rama botên anglilani, Radèn Sukra sangêt cuwa ing manahipun, tansah angonta-onta dhatêng pangeran dipati, ing pundi ênggènipun badhe kêpanggih Sukra botên ajrih, lajêng anggêgabah balanipun tiyang Bugis, kathahipun pitung dasa, sumêja dipun jak ngamuk, amung ngantos ngupados jalaran kemawon.

Kala samantên Radèn Sukra engêt ing galih, yèn garwanipun pangeran dipati purik, wontên ing Kapugêran. Radèn Sukra ngandika ing salêbêting galih, takjajale garwane pangeran dipati iku taksanake, supaya nêpsua marang aku, dadia jalarane ênggonku bakal ngayoni. Radèn Sukra nuntên animbali êmbanipun jalêr kêkalih, anama Singanoda, kalih Patrawisa, Radèn Sukra ngandika, bapa, kowe apa wis padha wêruh warnane radèn ayu dipati lan apa kowe sumurup sababe purik iku. Êmban kêkalih matur, bandara, kula inggih sampun mirêng saking pawartosipun prasanakan kula tiyang Kapugêran. Mênggah warninipun radèn ayu wau inggih sakalangkung ayu, dene nalaripun purik punika, awit kawon rêbat sih kalihan èstri pêpundhutan saking ing dhusun Ngonje, samangke sampun kainggahakên garwa, amung

--- 464 ---

makatên prakawisipun. Radèn Ayu wau salaminipun wontên Kapugêran kados gêrah kapit. Ingkang raka tan animbali, mila ingkang rama botên karsa andangu, pamrihipun supados puruna kondur dhatêng kadipatèn, nanging radèn ayu dèrèng karsa kondur, dados samangke radèn ayu wau ing sabên siyang tansah wontên panggung patamanan, katingal saking ing margi agêng Kapugêran, anglipur ing brangtanipun dhatêng ingkang raka,

bapa, dhawuhana bocahku gamêl, jaranku kore putih Si Nirwati, sikile papat pisan watês dhêngkul sarta buntut suri kuncunge konên ngumbah ing nila wardi, banjur konên ngabah-abahi biludru[10] ijo. Êmban kêkalih matur sandika. Radèn lajêng ngrasuk busana kang adi-adi, akuluk cêmêng, sarta ngagêm sumping sêkar sumarsana, sapêlik sisih, Radèn Sukra dhasar bagus karêngga ing busana. Ing wanci srêngenge lumarab, Radèn Sukra nuntên nitih kuda sumêja têgar dhatêng ing Kapugêran ingiring rencang kalih wêlas kêlêbêt êmban kêkalih, kudanipun anyirig. Ênggènipun têtêgar maripit banon ing Kapugêran wingking, wira-wiri ing ngriku kemawon.

Kacariyos radèn ayu dipati ênggènipun wontên ing Kapugêran sampun kalih wulan sarta kirang dhahar sare, warninipun wêwah ayu, anglir gambar wêwangunan. Wadana amindha wulan. Netranipun lir intên sinarawèdi, [sinarawè...]

--- 465 ---

[...di,] waja kados mirah sinundukan. Alis ananggal sapisan. Rema kêtêl cêmêng, dêdêgipun rêspati, èsême kang ningali sami kumêsar, paningalipun lindri, anglir murca kinêdhèpakên. Ing nalika punika sang putri pinuju lênggah ing pêpanggungan, ingadhêp êmban èstri kêkalih, para nyai satunggil anyurèni remanipun sarwi rimong sinjang jingga tinêpi ing renda, sang rêtna kagèt aningali ing kakung nitih kuda nyirig, wira-wiri, kang angiring ragi têbih, sang putri alon ngandika dhatêng êmban. Sapa kang têgar iki, bola-bali ngetan ngulon lan angungak-ungak mrene, ayo padha andêlêng ing dhuwur bata kana. Êmbanipun matur, ênggèr, sampeyan sampun ngantos ningali mriku, ingkang têgar punika bilih raka dalêm kangjêng pangeran dipati, dados sampeyan badhe angsal lêpat. Sang rêtna angandika, kae dudu bojoku, katara kang ngiring ming sathithik. Yèn bojoku kang ngiring mêsthi akèh, lan aku măngsa panglinga, sanajan nganggoa cara guprênur, aku mêsthi ora pangling, wong ika anyar katon. Sang rêtna enggal tumurun saking panggung sarwi mundhut ăndha kaêtrap ing banon. Sang rêtna sampun minggah ngăndha, jaja manglung sanginggiling banon, wadananipun katalorong soroting raditya ing wanci jam gangsal sontên. Gumêbyar kadya wulan purnama sêdhêng andhadhari, kalih- kalihipun

--- 466 ---

sarêng ênggènipun sami ningali, dangu ênggènipun sami kamitênggêngên. Sukra sangêt ênggènipun kasmaran dhatêng radèn ayu, sanalika kudanipun kèndêl. Sukra malongok. Sang rêtna lajêng akèn dhatêng êmbanipun kang tumut mènèk ing banon satunggil, kapurih pitakena dhatêng Sukra, êmban inggih enggal pitakèn. Wong bagus, kula ingutus sang rêtna andangu, jêngandika punika sintên. Radèn Sukra kagèt, lajêng amangsuli sarwi nyirigakên kapal. Kula putrane Radèn Adipati Sindurêja, nama kula kala rare pun Sukra, nama kula sêpuh Natadirja, nanging dèrèng patos karan, taksih karan pun Sukra kemawon. Sang putri sarêng mirêng lajêng ngandika sêru, he, kalingane kowe Si Sukra, dene bangêt têmên ênggonmu dêksura sarta gumagus, ora rumăngsa yèn wong cilik, lan ora ngeman bagusmu, upama kowe kauningana marang kangmas dipati, amêsthi dipothol gulumu, amarga solahmu bangêt daladak, ora pêrnah. Radèn Sukra wicantên sarwi mèsêm. Dhuh wong ayu gustine pun Sukra, kula botên ajrih dhatêng pun Kêncèt, ngabên karosan tuwin kadigdayan. Ing saênggèning kêpanggih dhasar kula sêdya agêntos kêris tuwin gêntos waos, sok ugi gusti kula wong ayu asiha dhatêng kula, kapandhinga bagusipun [bagusipu...]

--- 467 ---

[...n]

inggih taksih bagus kula. Sukra lajêng nyamêthi kuda, nyandêr mantuk. Sadhatênge ing griyanipun tumurun saking titihan, aniba ing pasarean, sangêt ênggènipun brăngta dhatêng sang putri. Wondene radèn ayu wau inggih nuntên kondur ing dalêm, angandika dhatêng êmbanipun. Biyung, aku isih gêtun, Si Sukra mau dakkira sida kedanan marang aku, upamane aku sida dipêgat marang kangmas, aku apatut yèn banjura laki Si Sukra. Êmbanipun matur, ênggèr, pamanah kula botên prayogi, sabab pun Sukra anaking bala, raka dalêm putraning ratu, ewadene upami raka dalêm sedaa inggih prayogi anêmpah bêbêtahan. Sabab pun Sukra bagus, dhasar putraning pêpatih, kaprênah sadhèrèk nak-sanak. Sang rêtna gumujêng suka.

Kacariyos Radèn Sukra, sawungunipun sare lajêng rêngêng-rêngêng kêkidungan, kados satêngah ewah, ingkang kacipta amung putri ing Kapugêran. Êmbanipun kêkalih sami matur kathah-kathah, amurih sampun ngantos anglanturakên ing pikajênganipun, nanging Sukra botên keguh, malah sumêja lampah dhustha dhatêng ing Kapugêran anyidrèng rêsmi, ing wanci dalu Sukra lajêng dandos cêcawêtan, anyandhak karbin sarwi akalung kêrga. Êmbanipun matur, anggêgendholi sarwi nangis. Ênggèr, sampun ngantos kalajêngakên karsa sampeyan punika, sabab [sa...]

--- 468 ---

[...bab] sangêt ênggènipun botên prayogi, kaping kalih, tiyang lampah makatên punika amêsthi kêdah mawi jaruman rumiyin, sarat ambucal arta utawi rajabrana, karsa sampeyan punika upamènipun tiyang mêndhêt ulam ing toya, tiwas buthêk toyanipun, ulam botên kenging, upami sampeyan kapara ing tiwas, badhe sangêt ing nisthanipun. Radèn Sukra amangsuli, iya bênêr kowe, bapa, nanging aku mêksa, sanajan aku tumêka ing tiwas, sok uga wis andêlêng sadhela marang radèn ayu. Sukra nuntên mangkat. Êmban kêkalih atut wingking, sadhatêngipun sajawining banon pagêr ing Kapugêran, kèwêdan ing marginipun. Kakên ing manah Sukra anangis. Karbin sarta krêganipun binanting ing siti, êmbanipun enggal anguculi sabuk, kacêlupakên ing toya, lajêng kauncalakên sumampir ing pagêr banon. Sinjang karakêt. Sukra marambat anurut wastra, nuntên malorod dhatêng salêbêting pagêr banon. Êmbanipun kantun wontên ing jawi, Sukra amatak aji lêlimunan. Nanging lajêng sinambêran ing pêksi kolik, bênce, têtuhu.

Kacariyos para putra ing Kapugêran, anama Radèn Mas Ăntawirya, kalih Radèn Martataruna, Radèn Dipataruna, sakawan Radèn Mas Wăngsataruna, gangsal Radèn Mas Săngka, nêm Radèn Mas Sudama, ing wanci dalu

--- 469 ---

dèrèng wontên sare, sami kagèt mirêng ungêling pêksi wau, anyambêri ing patamanan. Sami graita yèn wontên pandung, enggal sami nganglang dhatêng prênahing ungêling pêksi, tanpa obor, Radèn Mas Ăntawirya wantêr ing galihipun, têrang kang nurut banon. Radèn Sukra uninga dhatêng kang sami ngênganglang wau, enggal nyalimpêt alingan wiwitan,[11] sumêja wangsul mêdal. Lampahipun anyampar ron aking kumrèsèk. Radèn Mas Ăntawirya mirêng swara kumrèsèk, enggal parentah mundhut obor, para rayi enggal amundhut obor, sampun dhatêng, Sukra sampun mènèk pagêr banon marginipun wau, lajêng aniba ing jawi, nuntên lumajêng kalihan êmbanipun. Nanging kalanipun marambat ing pagêr banon katalorong ing obor, para putra sami awas paningalipun, lajêng opyak wontên pandung, Radèn Mas Ăntawirya enggal anglumpati pagêr banon. Sampun dumugi ing jawi, lajêng ambujêng pandung, ingkang para rayi malumpat botên wontên bakit, nuntên sami mêdal ing kori, sarta abdi ingkang sami caos, sumêja sami nusul bujêng pandung sarwi alok, gumêdêr swaranipun. Tiyang ing kapatihan inggih sami tandang sumêja nyêgati pandung, oboripun kados raina, tiyang ing Kasindurêjan sami kagèt aningali [a...]

--- 470 ---

[...ningali] Radèn Sukra sarta êmbanipun, sami mêmpis-mêmpis. Enggal sami dipun alingi kasingkirakên. Anuntên Radèn Mas Ăntawirya dhatêng ing ngarsane tiyang Kasindurêjan. Tiyang Kasindurêjan sami mêndhak sarwi nyêmbah pitakèn pawartos. Radèn Mas Ăntawirya mangsuli, yèn bujêng pandung, plajêngipun mariki. Tiyang Kasindurêjan matur yèn botên wontên. Radèn nuntên kondur, kadhèrèkakên tiyang Kasindurêjan.

Kacariyos Radèn Sukra, manahipun sangsaya sangêt ênggènipun brăngta dhatêng sang putri, ajêng[12] adamêl rêrêpèn pitung pada kaaturakên ing sang rêtna, ingkang dipun utus ngaturakên anama Nyai Tambakbaya, kang minăngka jaruman. Rêrêpèn inggih sampun katur ing sang rêtna, lajêng kasimpên sangandhaping karangulu, botên antawis lami kawartos ing têtiyang kathah, yèn radèn ayu dipati amêmitra kalihan Sukra, pawartos punika katur ing Pangeran Dipati Anom. Pangeran dipati enggal akintun sêrat dhatêng ingkang paman Pangeran Pugêr, sêrat inggih sampun katampèn. Ungêlipun. Kula angaturi uninga ing sampeyan, yèn putra sampeyan adhi ajêng samangke lampah culika, alêlawanan kalihan pun Sukra, sampun urup-urupan wastra, tuwin kintun-kêkintunan samukawis. Pangeran Pugêr sasampuning maos sêrat, pasuryanipun [pasuryani...]

--- 471 ---

[...pun] abrit, sangêt ing dukanipun. Enggal animbali para putra, Pangeran Pugêr ngandika, thole Sudira, undangên bakyumu Si Lêmbah. Radèn Mas Sudira enggal lumampah dhatêng ing gandhok. Pangeran ngandika malih dhatêng putra Radèn Mas Ăntawirya, kulup Ăntawirya, mêngko samangsane bakyumu têka ing ngarêpku kowe dikêbat anggêledhahana paturone bakyumu, manawa kowe nêmu layang, sarupa- rupane, tumuli gawanên mrene. Ingkang putra matur sandika. Botên dangu radèn ayu dipati dhatêng ing ngarsane sang rama, Radèn Mas Ăntawirya sampun ambalengkrah pasareanipun kang bakyu, nuntên manggih sêrat rêrêpèn, lajêng kaaturakên ingkang rama, Pangeran Pugêr sarêng sampun nampèni rêrêpèn, lajêng ngandika dhatêng ingkang putra èstri, Lêmbah, sarèhning kowe laki gusti, manawa ana kaluputanamu sandhangên dhewe, aja anggêgawa sadulur utawa wong atuwamu. Radèn ayu dipati sarêng mirêng botên amangsuli, lajêng kondur sarta muwun. Saunduripun radèn ayu dipati Pangeran Pugêr lajêng amaos sêrat rêrêpèn wau, pangeran sangêt dukanipun, lajêng ngandika dhatêng ingkang para putra, baya wis pinêsthi yèn aku kawirangan têka ing anak wadon. Hèh Sudira sarta anakku lanang kabèh, dikêbat bakyumu Si Lêmbah untapna sadina iki, sarta bature wadon kang jênêng Si Tambakbaya,

--- 472 ---

yèn kowe padha ora nana kolu anguntapake, padha kênaa ing supataku. Para putra matur sandika sarta sami muwun. Para garwa tuwin tiyang salêbêting dalêm gumarumung sami nangis. Para putra wau sampun kêpanggih kalihan ingkang bakyu, matur amundhut pêjahipun. Radèn ayu dipati anglês galihipun, ngandika sarwi muwun. Sudira, kangjêng rama iku ora nganggo titi pariksa, anggugu wêwadule kangmas dipati bae, kowe matura ing kangjêng rama, yèn aku ora nglakoni culika sarta ora duwe niyat. Dene manawa kangjêng rama mêksa mundhut patiku, aku ya nyumanggakake, sêmbah kula bae aturna. Radèn Sudira angatag dhatêng Radèn Ăntawirya, kapurih katura ingkang rama. Radèn Ăntawirya inggih enggal matur dhatêng ingkang rama, Pangeran Pugêr agandika, Ăntawirya, kowe sarta sadulurmu kabèh aja ana kang mandhêg tumolèh, mulane bakyumu dakukum saiki, supaya besuk ing ngakherat oleha pangapuraning Allah, lan anyupêt pocapan. Karodene sapa anakku kang ora măngga anguntapake kêna ing supataku. Radèn Ăntawirya enggal wangsul dhatêng gandhok, matur dhatêng ingkang raka yèn ingkang rama kêkah ing karsa. Radèn Ayu Lêmbah sarêng mirêng lajêng amuwun. Ingkang rayi rinangkul gêntos, sarwi amamêling kathah-kathah, [kathah...]

--- 473 ---

[...-kathah,] anuntên siram kujamas, sarta agêgănda, lajêng lênggah sarwi kukup wadana, ingkang rayi kêkalih astanipun têngên nyandhak cindhe, katangsulakên jangganipun ingkang bakyu, astanipun kang kiwa ngusapi waspa, ingkang rayi sanèsipun sami nyêpêngi suku tuwin astanipun kang bakyu, sarta sami nangis. Radèn Ayu Lêmbah sampun seda amargi katangsulan jangganipun. Tuwin Nyai Tambakbaya inggih sampun pinêjahan. Ing Kapugêran tangis gumêrah swaranipun, layon sampun pinêtak.

Ing sasedanipun Radèn Ayu Lêmbah ingkang ibu enggal lumajêng dhatêng kadhaton, matur ing sang prabu wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata sarêng mirêng saklangkung kagèt, têbah jaja sarwi ngusapi waspa, asêrêt pangandikanipun. Bok ipe, ya talah lakinira dene ora nganggo tutur marang ingsun. Karodene têka aninggal paribasaning wong, paribasaning wong iku, sagalakane macan, măngsa kolua matèni marang anake, adhi mas iku kok kolu. Dangu-dangu sang prabu duka ing galihipun dhatêng Sukra, lajêng parentah animbali para bupati sabalanipun. Para bupati inggih enggal sami dhatêng, sang nata lajêng utusan dhatêng Radèn Sindurêja amundhut pêjahipun Sukra, utusan sampun lumampah, nanging enggal wangsul, sabab botên angsal margi, kori ing Kasindurêjan dipun kunci, ing lêbêt [lê...]

--- 474 ---

[...bêt] sami pacak baris. Sukra sumêja soroh amuk dhatêng ing kadipaten, ambelani radèn ayu, Radèn Dipati Sindurêja tansah angampah sarta amituturi, Radèn Sukra mêksa badhe ngamuk. Radèn Sindurêja awêlas ningali dhatêng ingkang putra, kèlu ing galih sumêja nglabuhi putra, lajêng parentah angrakit gêgaman. Wondene utusanipun sang prabu wau inggih sampun matur yèn botên angsal margi, sabab Radèn Sindurêja sampun pacak baris, supe yèn ngabdi saking sangêting trêsnanipun dhatêng anak jalêr amung satunggil. Sang prabu sarêng mirêng atur makatên saklangkung duka, lajêng parentah dhatêng para bupati, andikakakên ngrurah ing Kasindurêjan. Ki Tumênggung Sumabrata enggal matur, gusti, bilih panjênêngan dalêm marêngi, prayogi rayi dalêm Radèn Ayu Sindurêja katimbalana dhatêng kadhaton. Kadangua kadospundi ingkang badhe dados kaniyatane lakinipun. Sang nata anurut dhatêng aturipun Ki Sumabrata, lajêng dhawah dhatêng lurah abdi èstri, anama Wilaja kalihan Suwănda, andikakakên nimbali Radèn Ayu Sindurêja, utusan enggal lumampah, kairing ing para bupati sabalanipun, kinèn ngêpung ing Kasindurêjan. Inggih sampun kinêpung, dene Nyai Wilaja kalihan Nyai Suwănda sampun sami lumêbêt. Radèn Dipati Sindurêja sakalihan kêpanggih angrangkul Radèn Sukra, [Su...]

--- 475 ---

[...kra,] sabab Sukra sumêja mêdal ing Jawi angamuk. Nyai Wilaja sarta Nyai Suwănda lajêng andhawahakên timbalan. Radèn Dipati Sindurêja, jêngandika tămpaa timbalan dalêm. Putra jêngandika Radèn Sukra kenging ing kukum molah, pinundhut ing sang prabu badhe pinêjahan. Radèn Sindurêja dangu ênggènipun anjêtung, nuntên amangsuli, Nyai, dika matur ing sang prabu, bilih parêng kula kemawon kenginga analangi pêjahe pun Sukra. Nyai Wilaja sarêng mirêng wangsulan mêngkatên, nuntên wicantên dhatêng Radèn Ayu Sindurêja, yèn dipun timbali ing sang nata. Radèn Ayu enggal mangkat, kairingakên ing utusan. Sampun dumugi ing ngarsa dalêm. Sang nata ngandika alon. Adhi ajêng, sira tutura marang lakinira, yèn dhèwèke arêp nêmu bêcik sarta arêp anjaluk uripe anake, konên tumuli seba ing ngarsaningsun. Samangsane ora mêngkono, amêsthi ingsun bakal tindak dhewe angrusak ing Kasindurêjan. Radèn Ayu Sindurêja aturipun sandika enggal mantuk. Sampun sanjang dhatêng lakinipun punapa ing sadhawahipun sang prabu sadaya, Radèn Sindurêja sangêt kèwêdan ing galihipun, ing wusana anurut dhatêng garwanipun. Nuntên wicantên dhatêng ingkang putra sarwi ingaras êmbunipun. Ênggèr, kèria ana ing omah bae, taksuwunake pangapura ing sang prabu. Radèn [Ra...]

--- 476 ---

[...dèn] Sindurêja lajêng mangkat kalihan ingkang garwa, sowan dhatêng kadhaton. Sadhatêngipun wontên ing kori kamandhungan kapêthukakên dhatêng Ki Tumênggung Sumabrata, Radèn Sindurêja kapundhut dhuwungipun sarta kinubêng para prajurit, rinêksa wontên ing ngriku. Sang nata nuntên utusan dhatêng bupati ingkang sami angêpung ing Kasindurêjan. Andikakakên mêjahi Sukra, para bupati ingkang kadhawuhan wau sami kèwêdan, ajrih lumêbêt. Awit Sukra sampun pacak baris angatos-atos. Anuntên wontên santananipun Radèn Sindurêja, kaprênah paman dening Radèn Sukra, anama Ngabèi Măndaraka, punika kang sagah lumêbêt angipuk Sukra, Ngabèi Măndaraka enggal mènèk pagêr banon, sampun dumugi ing lêbêt panggih kalihan Sukra, Ki Măndaraka lajêng angrangkul dhatêng Sukra sarwi nangis, sarta pitutur kathah-kathah, amurih icale nêpsunipun Sukra, sarta katanggêl yèn ngantosa manggih tiwas. Sampun dilalah Radèn Sukra gampil manahipun, miturut dhatêng Ki Măndaraka, balanipun lajêng kabibarakên. Para bupati enggal sami lumêbêt. Sukra sampun cinêpêng, nuntên dèn ombèni upas, nanging botên tumama, enggal Ngabèi Măndaraka angukêl rambutipun Sukra, gulunipun dèn idêk sarta binêthok. Radèn Sukra sampun pêjah, para

--- 477 ---

bupati nuntên sami matur ing sang prabu yèn Sukra sampun pêjah, Radèn Sindurêja lajêng linuwaran sarta kalilan mantuk. Kala samantên sang nata lajêng amundhut putranipun èstri Pangeran Pugêr, anama Radèn Ajêng Impun kalihan kapenakanipun èstri Radèn Ayu Pugêr, sami pinundhut putra ing sang prabu kadèkèkakên ing kadhaton. Sang nata lajêng parentah ing para bupati, sami andikakakên ngusungi maryêm agêng kang sami wontên ing Matawis, kabêkta dhatêng ing Kartasura, inggih sampun kalampahan.

Kacariyos sang nata tampi sêrat saking guprênur jendral ing Batawi, anagih prajangjian, kala rumiyin sang prabu sagah anêmpahi têlasing obat mimis kang kadamêl prang tuwin balanjanipun sarta ajinipun Kumpni kang sami pêjah salêbêting pêrang, sang nata sarêng sampun tampi sêrat sakalangkung pakèwêd ing galihipun, lajêng andikakakên nimbali Pangeran Pugêr kalihan Cakraningrat, tiga Radèn Sindurêja, sampun sami dhatêng wontên ing ngarsa dalêm. Sang nata angandika dhatêng Radèn Sindurêja, Sindurêja, sira kongkona marang ing Pasuruan. Si Surapati konên angêlar jajahan, anêlukna wong măncanagara, yèn wus têkan sawetaning gunung lawu, ingsun tumuli anglakokake gêgaman. Amapagake pêrange Si Surapati,

--- 478 ---

kang sun tuduh anindhihi Mas Pugêr, sarta wong Kartasura saparo, yèn wis padha kalakon, sira tumuli amangsulana layang marang Batawi, warahên yèn ingsun ora bisa mikir panagihe iku, krana lagi ewuh amapagake mungsuh, lan sira amundhuta bantu Kumpêni, manawa wong Kumpêni ora gêlêm ambantoni apa gawene anagih. Sang prabu lajêng ngandika dhatêng Pangeran Pugêr sarta dhatêng Pangeran Cakraningrat. Adhi sakarone, kapriye kang dadi rêmbugira, ing besuk manawa ana layang panagih manèh wangsulan ingsun kapriye. Pangeran Pugêr matur, kakang prabu, ing pamanah kula bilih panjênêngan dalêm pancèn botên karsa amaringi, prayogi dipun wangsuli pasaja kemawon. Sarèhning Panjênêngan dalêm sampun amaringi siti ing Pasundhan tuwin ing Carêbon. Punika kemawon lêrêsipun sampun anyêkapi kadamêl lintonipun wragating prang kang têlas. Radèn Dipati Sindurêja anyambungi, ênggèr, atur sampeyan punika inggih sampun lêrês. Ananging sarèhning raka paduka ingkang sinuhun sampun katrucut sagah amaringi têtêmpah, kadospundi ênggènipun nyêlêd, dene nagari Pasundhan punika minăngka ganjaran kemawon. Pangeran Pugêr ngandika, mêngkono iku gampang bae, sarèhning ing tanah Jawa kabèh iki kagunganing ratu, mungguh bumi

--- 479 ---

kang dèn anciki, banyu kang dèn ombe, utawa sukêt godhong sapanunggalane, iku apa ora akèh pangajine, mungguh kakang prabu karsaa angrêgani, apa maneh wong Kumpêni ênggone dagang ana ing tanah Jawa ya wis akèh untunge sarta kajèn. Wong Jawa ora ana kang wani nyikara, mêngkono iku rak sêka sawabe sang prabu, wong Kumpêni yèn ora angatokna sawabe kakang prabu luwih bêcik lungaa têka ing tanah Jawa. Pangeran Cakraningrat sumambung, kakang mas, inggih lêrês sampeyan, mênggaha tiyang bêbêrah tiyang sampun pinaringan umbalan. Inggih nuntên kesaha ingkang têbih, parandosipun yèn prang inggih botên mêntas piyambak, inggih ugi tiyang Jawi ingkang nglampahi pêrang, tiyang Kumpêni amung ngêtêbi kemawon. sang prabu sarêng mirêng saklangkung suka ing galihipun, lajêng ngandika dhatêng Radèn Sindurêja, Sindurêja, besuk samangsane sira kêtêmu lan si kumêndur utawi si petor, yèn pitêmbung anagih, sira dikukuh bae, dene yèn panagihe mêksa, ing kono sêdhênge nundhung têka ing tanah Jawa, dene yèn narima sarta rumăngsa ngêmpèk-êmpèk marang ingsun, ingsun ya anglulusake ênggon ingsun prasanakan, awit ingsun diwêkas marang kangjêng rama swargi, dikakake têpung bêcik karo wong Walănda, ing samêngko [samêng...]

--- 480 ---

[...ko] sira dikêbat anglakokna kongkonan marang Pasuruan. Yèn gêgaman ing Pasuruan wis têka sawetane gunung Lawu, adhi mas Pugêr tumuli ingsun kone mangkat amapagêna prang. Radèn Sindurêja kalihan Pangeran Pugêr nuntên sami mundur saking ngarsanipun sang prabu, Radèn Sindurêja lajêng nglampahakên utusan dhatêng Pasuruan.

Kacariyos Surapati sampun anglampahakên baris antawis tigang èwu, têtindhihipun ingkang putra kêkalih, samargi-margi tansah anjêjarah, kèndêl masanggrahan ing Madiun. Wondene Pangeran Pugêr inggih sampun bidhal saking Kartasura, sarta bala ing Kartasura sapalih, lampahipun mêdal ing Jagaraga, lajêng campuh wontên ing Kalitambang bawah Madiun. Tiyang Pasuruan kawon prangipun, lumajêng dhatêng ing Caruban. Pangeran Pugêr sabalanipun amasanggrahan wontên ing kitha Pranaraga.

Gêntos kacariyos sang prabu ing Kartasura gêrah lumpuh, sangêt ngantos botên sagêd miyos sinewaka, Pangeran Pugêr sabalanipun sami katimbalan mantuk. Inggih sampun dhatêng wontên ing Kartasura, antawis sataun gêrahipun sang prabu waluya, sang nata anadar ngrampog sima kathah sarta lêlumban ing sagara yasa kalihan para garwa, dene ingon-ingonipun [ingon-ingoni...]

--- 481 ---

[...pun] baya sampun sami kapêndhêtan dhatêng Radèn Suryakusuma, ênggènipun lumêbêt ing toya Radèn Suryakusuma wau busananipun botên têlês. Ingkang ningali sami eram. Nadaripun sang prabu wau inggih sampun sami kalampahan. Kala samantên nagari ing Kartasura sakalangkung gêmah arja, Pangeran Dipati Anom sampun pêputra sakawan. Pambajêngipun anama Radèn Mas Bumi, ingkang rayi nama Radèn Mas Panênggak. Pandhadha nama Radèn Mas Alit. Wuragilipun èstri, anama Radèn Ajêng Sasi, sakawan pisan sami patutan saking garwa sêlir sarta sami pinundhut putra dhatêng ingkang eyang sadaya, dene Radèn Mas Bumi wau sampun kaangkat nama Pangeran Buminata.

Kacariyos Pangeran Dipati Anom kapêksa dhatêng ingkang rama, kadhaupakên kalihan putri ing Kapugêran Radèn Ajêng Impun, angarang ulu Radèn Ayu Lêmbah, dene kapenakanipun èstri Radèn Ayu Pugêr katrimakakên dhatêng kapenakanipun jalêr Ratu Kancana, anama Radèn Sumaningrat. Kala samantên sinêngkalan 1623.

Anuntên wontên kapenakanipun sang prabu, putranipun Pangeran Singasari swargi, anama Radèn Mas Punta, punika andêdagan wontên ing astana Têgal Arum, sumêja ngraman. Sarêng katur ing sang nata lajêng kinèn nyêpêng, sarta [sar...]

--- 482 ---

[...ta] sampun pinêjahan. Sarêng ing taun 1625, Radèn Dipati Sindurêja gêrah, andadosakên ing pêjahipun. Dene ingkang kagêntosakên dados pêpatih Jawi aparentah tiyang satanah Jawi, Ki Tumênggung Sumabrata, ingkang ênggêntosi dados patih lêbêt, Ki Tumênggung Wiraguna. Kala samantên Pangeran Dipati Anom pinaringan wawênang amarentah para dipati sarta tiyang satanah Jawi, dados pêpatih kêkalih wau sabarang prakawis mawi ngaturi uninga ing Pangeran Dipati Anom. Wondene sang prabu ing sabên-sabên inggih tansah amulang dhatêng ingkang putra pratingkahipun tiyang jumênêng ratu utawi tiyang agêsang, sarta pinardi ambucala kalakuwanipun ingkang botên prayogi, punapa malih pinurih asiha dhumatêng Pangeran Dipati Pugêr kalihan dhatêng Pangeran Cakraningrat, sampun ngantos adamêl sakiting galihipun. Panggalihipun sang prabu supados ing têmbe lulusa ênggènipun badhe anggêntosi jumênêng nata, mila makatên, sang nata wau sampun rumaos yèn badhe puput yuswanipun, nanging sangêt sumêlangipun dhatêng kalakuwanipun ingkang putra, mila sangêt pamardinipun. Botên antawis lami sang prabu gêrah sangêt, andadosakên ing sedanipun pinuju ing taun Alip ăngka 1627.

--- 483 ---

Babad Tanah Jawi Sêrat Ingkang Kaping 3

--- 484 ---

Sasedanipun Sang prabu Mangkurat Pangeran Dipati Anom lajêng pinarak wontên ing srimanganti sarta amêpakakên para bupati sabalanipun. Inggih sampun sami dhatêng abaris ing alun-alun. Anuntên Sang Pangeran Pugêr, kalih Pangeran Arya Mataram, tiga Pangeran Arya Panular anyuwuni lilah ing Pangeran Dipati Anom, sumêja sami ngujung ing layonipun sang nata, Pangeran Dipati Anom inggih anglilani, pangeran têtiga inggih lajêng sami lumêbêt anyungkêmi ing layonipun sang prabu sarwi sami muwun. Kacariyos kalananganipun sang nata angadêg, sarta wontên cahyanipun mancorong amung samarica, wontên ing sapucuking kalam. Nanging botên wontên ingkang uninga, namung Pangeran Pugêr piyambak ingkang aningali, Pangeran Pugêr wau enggal anêcêp cahya kang wontên sapucuking kalam. Sarêng cahya sampun kacêcêp, kalam mantun angadêg. Sampun pinêsthi karsa Allah yèn Pangeran Pugêr ingkang badhe anggêntosi jumênêng nata, wondene jumênêngipun nata Pangeran Dipati Anom punika ratu wêwêla kemawon. Layonipun sang nata sampun binêrsihan, lajêng binêkta dhatêng Mogiri, kadhèrèkakên bala ing Kartasura sawatawis. Ingkang angirit Radèn Suryakusuma, garwanipun sang prabu kang nama Ratu Kancana inggih tumut andhèrèkakên dhatêng Mogiri, sarta

--- 485 ---

ambêkta reyal sèwu, kas kaya saking panggaotanipun sang prabu piyambak, badhe kadamêl salawat.

Ing sapêngkêring layon Pangeran Dipati Anom parentah dhatêng Ki Dipati Sumabrata, andikakakên mêpak para bupati mantri wontên ing pagêlaran. Sabab badhe karsa jumênêng nata anggêntosi ingkang rama. Ki Sumabrata matur, gusti, prayoginipun amaringana uninga dhatêng tiyang Kumpêni rumiyin, bilih rama dalêm seda, sarta aparinga uninga yèn panjênêngan dalêm karsa jumênêng anggêntosi nata. Pangeran dipati amangsuli, besuk yèn ingsun wis jumênêng bae bakal awèh wêruh, samêngko ingsun ora karsa awèh wêruh, sira dikêbat anglumpukna kancanira kabèh, ingsun dandan dhingin, tumuli miyos ing pagêlaran. Ki Sumabrata matur sandika lajêng mêdal anglêmpakakên mantri bupati sadaya tuwin para khaji sarta pangulu punapa dene sarip satunggil, gurunipun sang nata swargi, saking nyalatakên layon dèrèng ngantos sami mantuk, lajêng sami sowan ing pagêlaran. Botên antawis dangu Pangeran Dipati Anom miyos saking kadhaton, ginarêbêg ing pawongan, sami angampil upacara kaprabon. Pangeran Pugêr sarta ingkang rayi pangeran kêkalih amêthukakên ing sitinggil. Pangeran Dipati Anom matur dhatêng Pangeran Pugêr, paman, kula [ku...]

--- 486 ---

[...la] badhe karsa jumênêng nata, mugi sampeyan idini. Pangeran Pugêr mangsuli sêndika sarta jumurung. Pangeran Dipati Anom lajêng têdhak dhatêng pagêlaran, pinarak ing dhêdhampar, ingkang sowan sampun sami pêpak. Pangeran Pugêr nuntên jumênêng sawingkinge pangeran dipati sarwi ngandika sêru, sarupaning wong ing Kartasura kabèh, padha anêksenana, yèn Pangeran Dipati Anom saiki takjunjung nata angrèh ing tanah Jawa kabèh, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Mangkurat, Senapati ing Ngalaga Sayidin Panatagama. Para bupati sapangandhap sami saur pêksi jumurung, Ki Dipati Sumabrata enggal anyêntak dhatêng Pangeran Pugêr, ah ampun kêdah andika junjung, Pangeran Dipati Anom sampun sagêd jumênêng nata piyambak. Pangeran Pugêr sarêng mirêng saklangkung wirangipun, kados botên sagêd aningali têtiyang, ing dalêm batos tansah anyêbut ngudu bilihi,[13] Ki Dipati Sumabrata sakancanipun para bupati mantri enggal sami ngaras ing sukunipun sang prabu, Pangeran Pugêr sarta ingkang rayi kêkalih sami asêsalaman. Sang nata nuntên kondur angêdhaton. Sarawuhe ing kadhaton lajêng andhawahakên parentah dhatêng tiyang sakadhaton, yèn ingkang ibu Ratu Kulon samangke kanamakakên Ratu Agêng. Kacariyos putranipun sang prabu ingkang sampun seda amung satunggil sang

--- 487 ---

nata punika, patutanipun kalihan Ratu Kulon. Garwa sanèsipun botên wontên patutan. Mila makatên, Ratu Kulon punika sangêt dursila ing manahipun. Yèn wontên marunipun ingkang wawrat lajêng dipun sanjani, wawratipun lajêng ical sami sakala.

Kala samantên pinuju ing dina Rêspati sang prabu anyar miyos sinewaka, anjunjung panakawanipun kêkalih, paranakan Cina ing Samawis anama Ki Pusparaga, kaangkat nama Tumênggung Jayaningrat, sarta abdinipun ing kadospatèn inggih kathah kang sami jinunjung lênggah, sang nata lajêng parentah dhatêng Ki Sumabrata, andikakakên kintun sêrat paring pariksa dhatêng kumêndur ing Japara kalihan Kapitan Kênol ing Samawis, bab sedanipun ingkang rama sarta ênggènipun anggêntosi jumênêng nata. Ki Sumabrata matur sandika. Sang prabu nuntên ngandika bisik-bisik dhatêng Ki Sumabrata, Sumabrata, mungguh ênggon ingsun jumênêng nata iki apa ana kang dadi sumêlang, agawe pakewuhing ati. Ki Sumabrata matur, pangraosing manah kula amung priyantun satunggil ingkang dados sumêlang, nanging kula ajrih amastani. Sang nata mèsêm sarwi ngandika, iya ingsun wus sumurup kang dadi sumêlangira iku, ora liya amung Si Paman Pugêr, nanging panduganingsun yèn putrane wadon isih ingsun wêngku, kaya ora kêlakon aduwea cipta ala.

--- 488 ---

Ki Sumabrata matur, gusti, mêngkatên punika sangsaya gampil anglampahakên, kadursilan anênungkul amurih pêjah, sabab tiyang arêbat karaton punika amêsthi botên angetang anak èstri, saupami Pangeran Pugêr akèn dhatêng garwa dalêm, kapurih anyedanana ing panjênêngan dalêm. Pandugi kula inggih badhe kalampahan. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Sumabrata, dilalah lajêng kasupèn ing wawêlingipun ingkang rama swargi, anggêga aturipun Ki Sumabrata. Kala samantên pinuju sidêkah pitung dintênipun ingkang rama, garwanipun sang prabu putri ing Kapugêran lajêng kaantukakên dhatêng ingkang rama Pangeran Pugêr, dene ingkang kainggahakên dados garwa, sêlir saking Onje, kaparingan nama Ratu Kancana.

Kacariyos ingkang sami andhèrèkakên layon dhatêng Magiri,[14] sarêng layon sampun kinubur, lajêng sami mantuk dhatêng Kartasura, amung Ratu Mangkurat taksih kantun angaosakên kalihan para santri kathah, wondene Radèn Suryakusuma botên purun mantuk, lajêng apacak baris wontên ing dhusun Ngenta-enta tanah Matawis, anêlukakên tiyang sakiwa têngên ing ngriku, dipun purih kondur dhatêng abdinipun kamisêpuh anama Ki Surăngga, radèn botên purun, pangandikanipun, Surăngga, yèn kangmas pangeran dipati anggêntèni jumênêng nata, aku [a...]

--- 489 ---

[...ku] suthik mulih, wis pêsthi jagad bakal rêtu, krana kangmas dipati iku budine bangêt ala, kagawa têka biyunge, dudu turun Mataram. Wis dilalah swargi uwa prabu ora pêputra karo garwane kang padha turun Mataram. Kangmas dipati dhewe ya wis dilalah ênggone jêjodhon karo sadulurku ora tutug. Iku mratandhani yèn bakal sirna wijine, luwih bêcik aku jumênênga nata dhewe, dene bêgja utawa cilaka, iku ana ing awakku dhewe, lan wis wiyahe yèn wong ngrêbut nagara, yèn kalah sirna, yèn mênang pêsthi ngukup. Hèh Kakang Surăngga, nuli dikêbat anêluk-nêlukna wong tanah Mataram utawa ing Pagêlèn. Lan misuwurna yèn saiki aku jumênêng nata ajêjuluk Prabu Panata Agama. Radèn Surăngga matur sandika. Kala samantên sampun kathah tiyang ingkang sami suyud, agêng bêbarisanipun, sarta sampun angreka kadhaton tuwin alun-alun wontên ing dhusun Ngenta-ngenta.

Kangjêng Ratu Mangkurat sarta tiyang sa-Magiri sami kagegeran. Ratu Mangkurat angili mangetan dhatêng ing Gunung Kidul, anjog ing dhusun Masaran, lajêng kondur dhatêng ing Kartasura, sampun katur ing sang prabu yèn Radèn Suryakusuma balela sarta sampun kathah balanipun. Sang nata sangêt duka dhatêng Pangeran Pugêr, katêrka saking pangajanipun ingkang rama, sang prabu lajêng parentah dhatêng Ki

--- 490 - --

Sumabrata, paman Pugêr timbalana dienggal saanakbojone, yèn wis têka banjur bêthekana ana ing paseban ngalun-alun, aja sira wèhi nganggo gêgaman. Ki Sumabrata enggal utusan nimbali, Pangeran Pugêr sagarwaputranipun inggih sampun dhatêng wontên ing pagêlaran. Ki Sumabrata lajêng andhawahakên timbalan dalêm, sarta amundhut agêmanipun. Pangeran Pugêr inggih botên suwala, sampun asrah dhuwung, dalasan para putra tuwin para abdinipun inggih sampun sami asrah gaman, amung Radèn Mas Ăntawirya ingkang dèrèng asrah dhuwung, andik netranipun, wadananipun abrit. Para bupati ebah sami angantos-antos. Pangeran Pugêr enggal andhawahi dhatêng ingkang putra, Ăntawirya, kêrismu pasrahna, sanajan kowe dipatenana ya aja suwala, sarèhning kowe ora dosa, amêsthi patimu sahid. Balik yèn kowe băngga, amêsthi bakal duraka ing ratu, lan yèn kowe ora srah gêgaman kêna ing supataku. Radèn Ăntawirya sangêt ajrih dhatêng ingkang rama, sampun pasrah dhuwung, Pangeran Pugêr saputragarwanipun tuwin para abdi lajêng sami kabêthekan, ing jawi karêksa gêgamanipun para bupati, Pangeran Pugêr saputragarwanipun saklangkung mamêlas. Siyang dalu sami anangis sarta anênutuh dhatêng Radèn Suryakusuma.

--- 491 ---

Para bupati ingkang sami rumêksa ing kabêthekan tuwin Ki Dipati Sumabrata ing sabên sontên sami têtêgar maripit pabêthekan sarta sami wicantên mêmiringi amêmirang dhatêng Pangeran Pugêr. Wondene Pangeran Pugêr inggih sangêt jarêm ing galihipun. Botên karsa dhahar utawi sare, tansah anêdha pangapura sarta pitulunging Allah, bilih wanci dalu sangêt ênggènipun nêkung angêningakên tingal. Yèn ing dintên Sênèn tuwin Kêmis, Pangeran Pugêr siram kujamas, arêrêsik, madhêp ing karsanipun sang prabu manawi badhe anêlasi.

Kacariyos sang nata sampun parentah anglurugi kraman Radèn Suryakusuma, inggih sampun kalampahan. Radèn Suryakusuma kawon pêrangipun, sabab kêkathahên mêngsah, balanipun kathah kang pêjah, nuntên lumajêng dhatêng tanah Pagêlèn. Bala ing Kartasura lajêng sami mantuk. Sang prabu pinuju miyos sinewaka, angrêmbag badhe sumêja anêlasi Pangeran Pugêr. Ki Sumabrata matur ajrih ing walatipun. Amêsthi badhe damêl rêngkaning nagari. Ki Tumênggung Wiraguna sumambung, upamènipun arak sakopi, bilih dipun ombe tiyang satunggil amêsthi ngêndêmi, yèn dèn ombe tiyang kathah amêsthi tawa. Nuntên kasaru dhatêngipun ingkang sami nglurug. Matur yèn unggul pêrangipun. Radèn Suryakusuma lumajêng mangilèn. Sang nata saklangkung suka, lajêng

--- 492 ---

parentah ambujênga ing sapurugipun Radèn Suryakusuma, ingkang kadhawahan inggih enggal mangkat. Kala samantên Ki Sumabrata nuntên matur anyuwunakên pangapura Pangeran Pugêr, sabab kraman Radèn Suryakusuma sampun kawon prangipun. Akathah-kathah aturipun Ki Sumabrata wau ênggènipun amurih icale dukanipun sang prabu dhatêng Pangeran Pugêr. Sang nata inggih lajêng amarêngi, alon pangandikanipun. Iya wis, luwarana paman Pugêr, nanging pundhutên tokide yèn angajanana ngêraman marang putrane kabèh, sarta dhawuhana ngalih omah cêdhak ing alun-alun. Ki Sumabrata matur sandika, lajêng dhatêng ing pabêthekan. Pangeran Pugêr sampun kapundhut katêmênanipun. Sarta kadhawahan ngalih, adalêma cakêt ing alun-alun, lajêng linuwaran. Pangeran Pugêr wau inggih sampun ngalih padalêman.

Gêntos kacariyos nagari ing Batawi, ingkang dados guprênur jendral anama Hirpèk Husdiman, kala samantên tampi sêrat saking kumêndur ing Japara, angaturi pariksa yèn pisêrat saking ing Kartasura, amaringi pariksa yèn Sang Prabu Mangkurat sampun seda, putranipun kang nama Pangeran Dipati Anom sampun anggêntosi jumênêng nata, nanging ênggènipun paring pariksa sampun antawis lami saking gènipun jumênêng, wêtawisipun

--- 493 ---

kumêndur, sang prabu enggal punika sumêja amêdhot ênggèning prasanakan kalihan Kumpêni, botên anglastantunakên jangjènipun ingkang rama swargi kalihan Kumpêni. Tuwan gurnadur jendral lajêng pirêmbagan kalihan tiyang agêng-agêng ing Batawi, para tiyang agêng wau sampun sami amastani yèn sang prabu têtêp cidra ing jangji, nuntên sami rêmbag sumêja anglampahakên kadursilan ingkang rêmit, amurih sedanipun sang nata. Kala samantên lajêng sami ngupados tênung, inggih sampun angsal isaratipun têlas gangsal kêthi reyal. Tênung sampun nate adamêl pêjahipun para ratu ing sabrang, ing nalika punika tênung wau awarni jalma, agêngipun sapra unthing, panjanging suku sacêngkal. Rambutipun gambal,[15] tagang gotongan, tênung sampun lumaksana dhatêng ing Kartasura, nyiluman amor angin, anjujug ing kadhaton wanci têngah dalu, sang nata pinuju mêdal ing plataran prabayasa. Tênung sarêng aningali sang prabu nuntên tumurun saking jumantara, anjênggêlêg ing ngarsane sang prabu, sang nata sangêt kagèt, githokipun mangkarag, sariranipun gumêtêr, sang nata nuntên angintên yèn kalangênanipun Panêmbahan Senapati ing Mataram rumiyin. Lajêng purun pitakèn. Kowe iku sapa, dene gêdhemu angluwihi, apa kowe Si Juru Taman, kalangênane eyang Senapati biyèn. Tênung matur sêru, aku

--- 494 ---

dudu Juru Taman, aku tênunge wong Walănda, kang dadi raja ing tanah Jawa apa kowe. Sang nata sarêng mirêng sakêlangkung ajrih sarta dhêrodhog, gugup ênggènipun mangsuli, dudu aku kang dadi raja, dene kang dadi nata amêngku ing tanah Jawa kaprênah pamanku, kadhatone ing Kapugêran, lor bênêr sêka ing kene. Tênung enggal kesah, sang nata lêga galihipun. Marasipun sampun ical. Lampahing tênung sakêdhap netra dumugi ing Kapugêran. Anjujug ing latar panêpèn. Pangeran Pugêr amarêngi turas ing latar ngriku, kagèt aningali ing jalma botên kaprah agêngipun. Pangeran sampun angintên yèn punika brêkasakan. Pangeran lajêng amatak donga sepi, amurugi tênung sarta pitakèn. Kowe iki setan apa êjim, dene gêdhemu kagila-gila. Tênung sumaur, aku tênung Walănda, sapa kang dadi ratu ing tanah Jawa. Pangeran amangsuli, ratuku ana ing kadhaton. Tênung wicantên malih sarwi nyêntak. Ah aku mau saka ing kadhaton. Ana wong siji kang nêmoni ing aku, atutur marang aku yèn ratune ana ing kene, malah kaprênah pamane lan kang tutur iku. Pangeran sarêng mirêng lajêng mèsêm sarwi ngandika, ansaallah ya ingsun kang jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa, kowe sumêja apa têkamu ing kene. Tênung amangsuli, ana kang kongkon marang aku,

angadu kasêktèn [ka...]

--- 495 ---

[...sêktèn] lan ratu Jawa, yèn ratune wis kalah mati dening aku, nuli balane kabèh dakkon numpês marang sarupaning wong Jawa. Pangeran Pugêr mèsêm sarwi ngandika, lah payo têkakna kasêktènmu, kowe iki lêlêmbut sumêja sikara. Pangeran Pugêr lajêng amatak donga bêsmah sarta donga bala sêrèwu tuwin donga sanèsipun. Tênung lajêng ngalumpruk. Badanipun awarni rare alit, kajuwat-kajuwit botên sagêd wicantên, mripatipun pucicilan. Pangeran Pugêr ngandika malih, saiki kowe wis kalah kasêktènmu, nuli lungaa dikêbat, balia marang panggonamu ing sabrang, lungamu ngalora nurut Gunung Kêndhêng kana, ana ing dêdalan aja ganggu-ganggu marang sarupaning wong, sabab wong tanah Jawa batur kabèh, yèn kowe ora tumuli lunga, apa kowe nganti dakdulang ing tai lingsang. Tênung enggal kesah mangalèr nurut rêdi Kêndhêng, kang kamargenan kathah têtiyang sakit rumab. Kala samantên sampun tatas raintên. Sang nata lajêng utusan anêlik Pangeran Pugêr gêrah utawi botênipun. Utusan inggih sampun wangsul, matur yèn pangeran taksih wilujêng, botên ewah taksih kados sabên. Sang nata sangêt ngungun.

Kacariyos putranipun sang prabu ingkang pambajêng seda, panênggakipun jalêr sampun kaangkat nama Pangeran Mangkunagara, [Mangku...]

--- 496 ---

[...nagara,] ingkang rayi kaangkat nama Pangeran Mangkuningrat. Radèn Dipati Sindurêja atilar putra jalêr satunggil, sampun kajunjung nama Tumênggung Sindurêja, santananipun sang nata saking kang ibu anama Radèn Ănggadimêja kaangkat nama Pangeran Balitar.

Kala samantên amarêngi sidêkah satus dintênipun sang prabu kang sampun seda, para bupati sami lumêbêt ing kadhaton sarimbit, sarta sami nyipêng. Kacariyos wontên garwanipun anèm Pangeran Cakraningrat, ayu warninipun, dèrèng pêputra, anama Radèn Ayu Pakuwati, pantês salêlewanipun. Sarêng kauningan sang prabu lajêng ingapusan dhatêng pajungutan. Sadhatênge ing ngriku lajêng kagujêg, pinêksa katunggil sare, radèn ayu badhe mopo, nanging botên kuwawi nyêmbadani karosanipun sang prabu, dados anangis sarta jêlih-jêlih, sarêng sampun radèn ayu nuntên mantuk, sarta mrêbês mili, sadhatêngipun ing pondhokan Pangeran Cakraningrat sawêg nguwêt puyuh, kagèt aningali garwanipun dhatêng, puyuh lajêng kalêbêtakên ing kurungan. Pangeran enggal mêthukakên. Pangeran kagèt aningali garwanipun mêrbês mili, enggal pitakèn. Garwanipun amangsuli bêlaka yèn kawasesa ing sang prabu, pangeran sarêng mirêng saklangkung duka, pasuryanipun abrit, andik paningalipun. Sakala agadhah [aga...]

--- 497 ---

[...dhah] cipta sumêja angrurah ing kadhaton. Dangu-dangu pangeran emut wawêlingipun sang nata swargi, kinèn angêmong ing sang prabu punika, pangeran lilih ing dukanipun. Lajêng utusan angaturi Ki Tumênggung Jangrana ing Surabaya, inggih sampun dhatêng wontên ing ngriku, Pangeran Cakraningrat ngandika, kakang Jangrana, ing saiki aku sumêja amalik tingal, sabab sang prabu solahe acalunthangan, ayo padha angipuk Pangeran Pugêr, diangkat jumênêng nata, sabab iku kang alus budine, asih marang bala, patut yèn jumênênga nata. Ki Tumênggung Jangrana inggih lajêng kèlu kemawon. Sabab sampun mirêng pawartos yèn ing Surabaya badhe kadadosakên kêkalih. Pangeran Cakraningrat kalihan Ki Jangrana ing wanci dalu lajêng sami sowan dhatêng Kapugêran, sampun kêpanggih, ingancaran lênggah panêpèn. Pangeran Pugêr alon ngandika, adhi, sakarone kadingarèn, kowe padha mrene bêngi-bêngi, ana karêpmu apa. Pangeran Cakraningrat matur bêlaka yèn sakit manahipun dhatêng sang nata, lajêng angipuk sarta anggêgasah dhatêng Pangeran Pugêr, ingaturan jumênêng nata, angrêbata nagari ing Kartasura, dene ingkang dados gêgêbaging prang inggih Pangeran Cakraningrat sarta Ki Tumênggung Jangrana ingkang anyagahi. Pangeran Pugêr alon amangsuli, kang ora-ora, adhi, koucapake, lan yèn [yè...]

--- 498 ---

[...n] wong wani-wani ing ratu, iku ora bêcik kang bakal tinêmu, krana ratu iku minăngka warananing Allah, karo dene adhi, aku ora duwe sêja angêndhih nagara ing Kartasura, amung niyat momong bae marang kang dadi ratu. Pangeran ing Sampang matur, kaka mas, pangandika sampeyan punika inggih lêrês, bilih sang prabu anglulusna wêwêlingipun ingkang rama swargi, măngka dhatêng sampeyan sampun anganiaya, dhatêng ing kula sawiyah-wiyah makatên. Pun kakang Jangrana punika inggih sakit manahipun. Lajêng kathah-kathah pangipukipun Pangeran Cakraningrat wau, wangsulanipun Pangeran Pugêr kagalih rumiyin.

Gêntos kacariyos Ki Răngga Yudanagara ing Samawis, sangêt ênggènipun prihatos. Amirêng pawartos yèn sang prabu kagungan abdi kêkasih paranakan Cina, sampun kaangkat nama Tumênggung Jayaningrat sarta agadhah panyuwun dados bupati wontên ing Samawis. Sang prabu inggih badhe amarêngi. Kala samantên Ki Răngga ing Samawis lajêng utusan ngaturi sêrat dhatêng ing Pangeran Pugêr, ingkang dipun utus mantri kêkalih, anama Tanpanaha kalih Sawunggaling, sadhatêngipun ing Kartasura anjujug pêpatih ing Kapugêran, anama Sêtrajaya, inggih lajêng kaaturakên ing gustinipun. Sêrat lajêng kawaos, suraosipun, Ki Răngga angaturi [angatur...]

--- 499 ---

[...i] uninga yèn Kapitan Kênol ing Samawis dalasan para Kumpêni kang wontên ing tanah Jawi sadaya sami sakit manahipun dhatêng sang prabu, awit kalanipun jumênêng nata botên mawi pratela dhatêng tiyang Kumpni, ing mangke tiyang Kumpêni angajêng-ajêng ing Pangeran Pugêr lolosa saking Kartasura, tumêdhaka dhatêng ing Samawis. Wontên ing ngriku badhe kaangkat jumênêng nata dhatêng tiyang Kumpêni. Pangeran Pugêr sasampuning maos sêrat sakalangkung lêga galihipun. Utusan lajêng dipun ganjar busana sapangadêg kalih pisan, pasangonipun mitung reyal, sarta sampun pinaringan wangsulan. Pangeran Pugêr nuntên èngêt dhatêng Pangeran Cakraningrat. Utusan saking Samawis kinèn ngêntosi. Pangeran Pugêr enggal dhawah animbali Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, inggih sampun sami dhatêng wontên ing Kapugêran. Lajêng inguncalan sêrat kang saking Samawis. Sang dipati kêkalih sasampuning maos sêrat sangêt bingah ing manahipun. Angraos yèn angsal kanthi, utusan lajêng dèn pangadêg dhatêng Pangeran Cakraningrat sarta yatra nyadasa reyal. Ki Tumênggung Jangrana inggih maringi makatên. Pangeran Pugêr sampun amaringi wangsulan sêrat. Sarta angintuni lorodan rasukan dhatêng Ki Răngga ing Samawis. Pangeran Cakraningrat inggih angintuni sêrat dhatêng ing Răngga, [Răng...]

--- 500 ---

[...ga,] utusan sampun mêsat saking Kartasura. Priyantun têtiga wau lajêng sami pirêmbagan. Pangeran Cakraningrat matur alon. Kakang mas, ing pundi panggenan kang sampeyan rêmêni anglêmpakakên gêgaman. Pangeran Pugêr angandika, adhi mas, lungaku têka ing Kartasura aku bakal jumujug ing Dêmak. Ing kono ênggonku sumêja jumênêng nata, sarta akêklumpuk bala, dene wong Kumpêni tulung ya bêcik, nanging aku bakal prasabên bae. Pangeran ing Sampang matur, yèn karsa sampeyan sampun kêncêng, kula badhe pamit mantuk dhatêng ing Maduntên angrumiyini, badhe akêklêmpak gêgaman. Dene pun kakang ing Surabaya angantunana, sampun ngantos ngatawisi sarta rumêksa ing sampeyan ing kabatosan. Sarêng sampun giliging rêmbagipun sang dipati kêkalih lajêng mantuk dhatêng pondhokipun. Enjingipun Pangeran Cakraningrat sowan ing sang prabu anyuwun pamit sumêja tuwi nagarinipun, asêngados botên lami nuntên wangsul. Sabab sangêt sumêlangipun yèn anilara lami-lami ing sang prabu, aturipun Pangeran Cakraningrat wau botên katawis yèn ngandhut wêwados. Wondene sang prabu inggih botên pisan kagungan panggraita, yèn Pangeran Cakraningrat sakit manahipun. Sabab kamokalakên yèn garwanipun puruna bêlaka, pangandikanipun alon. Paman, [Pama...]

--- 501 ---

[...n,] kula gih anglilani, nanging ampun lawas-lawas. Nuli andika bali, kalih dene pondhokane paman saene ontêna kang nênggani, pun bibi salah satunggil prayogine tinilara. Pangeran Cakraningrat matur yèn garwanipun kêdah sami tumut. Sang nata lajêng amaringi pasangon pitung atus reyal. Pangeran Cakraningrat nuntên lèngsèr saking ngarsane sang prabu, sadhatênge ing pondhokan lajêng bidhal lan sagarwa putra tuwin balanipun sadaya, lampahipun sampun dumugi ing Sampang, lajêng tata-tata sarta anggêganjar dhatêng balanipun. Ing sabên dintên tansah anggêgulang pratingkahing pêrang.

Kacariyos Pangeran Dipati Pugêr, ing sabên dalu tansah anêkung anêgês karsaning Allah, kala samantên sampun angsal samitaning[16] Allah kalilan jumênêng nata, anuntên botên antawis lami Radèn Suryakusuma ingkang dados kraman kacêpêng dene[17] Arya Banyakwidhe, amargi dipun bujuk. Radèn Suryakusuma dèn bêronjongi, sampun misuwur ing têtiyang sanagari Kartasura, yèn Radèn Suryakusuma kacêpêng, Pangeran Pugêr sarêng mirêng pawartos mêngkatên, enggal amarentahi ing balanipun tuwin para garwa putranipun sadaya, yèn pangeran sumêja lolos. Parentahipun kadadak sarêng sadalu, usrêg pating kalêsik. Para putra sami gugup, solahipun awarni-warni, wontên kang ngêmban putra, [pu...]

--- 502 ---

[...tra,] wontên kang bêbondhetan kalihan sêliripun. Sawênèh mandhi waos sarwi kêkalung karbin. Ing wanci pukul kalih dalu, ing taun 1628 Pangeran Pugêr lolos, mêdal ing kori bêbutulan, lan saputragarwanipun tuwin ingkang abdi sadaya, gumarêdêg swaranipun, angalèr ngilèn. Kadet[18] ingkang sami kamargenan, sarta sami sumêrêp yèn Pangeran Pugêr lolos. Tiyang ingkang sami sumêrêp wau lajêng sami ngaturi uninga ing lêlurah bêkêlipun. Nuntên katur dhatêng Ki Dipati Sumabrata, Ki Sumabrata enggal lumêbêt dhatêng kadhaton. Sampun kapanggih kalihan wadana kang kêmit tuwin lurah abdi èstri, Ki Sumabrata akèn amungu sang prabu, sang nata inggih sampun kawungu, nuntên têdhak amanggihi Ki Sumabrata, Ki Sumabrata inggih sampun matur yèn Pangeran Pugêr lolos. Sang nata sarêng mirêng saklangkung gugup, enggal amundhut bêndhe Kyai Bicak. Nuntên tinabuh, binarung kalihan têtêg. Tiyang sanagari Kartasura gègèr abilulungan. Sami anarka yèn Pangeran Pugêr ngamuk dhatêng kadhaton. Para bupati mantri sabalanipun pating balêbêr lajêng sami baris ing korining kadhaton tuwin ing alun-alun. Saking bantêripun swaraning bêndhe tuwin swaraning tangara sanèsipun, ingkang sawêg lolos sami mirêng, lampahipun sawêg dumugi [du...]

--- 503 ---

[...mugi] ing Cêpaga, sangêt sami gugupipun. Pinêlak[19] ing lampahipun mêdal ing Kênêr, sumêja anjog ing Ngampèl. Radèn Ăntawirya binondhetan ing sêliripun, kudanipun ingêmotan barang, sarêng mirêng swaraning bêndhe momotan dèn tatasi, sêlir katumpakakên ing kuda, sarta kinèn mangku karbin. Radèn amandhi talêmpak wontên ing wingking. Radèn Wăngsataruna dharat angêmban putra jalêr sawêg umur sataun, anama Mas Bêladho, patutanipun kalihan sêlir Bok Karoh, sêlir inggih tumut lolos katumpakakên kapal. Mênggah Mas Bêladho wau, ing ngakiripun nama Pangeran Riya Mangkunagara. Lampahipun dumugi sakidul Ngampèl tatas raina, Radèn Wăngsataruna ginugujêng ing kathah, sabab kang dipun angge ngêmban putranipun calana, dipun nyana sinjang. Pangeran Pugêr lajêng parentah anata lampah, rêrepot kadèkèk ngajêng, sawontênipun ingkang sami nyêpêng gêgaman kadèkèk ing wingking, ingkang nindhihi Kiyai Sêtrajaya kanthi para putra, sarta sampun sami angatos-atos. Wondene sang prabu ing Kartasura inggih sampun ambodholakên baris. Para bupati pasisir kalihan măncanagari, têtindhihipun Ki Tumênggung Jangrana, kinèn anututi Pangeran Pugêr, ingkang dados cucuking baris Ki Tumênggung Jangrana, lampahipun sampun [sa...]

--- 504 ---

[...mpun] untap-untapan kalihan Pangeran Pugêr, nanging samangsanipun Pangeran Pugêr katingal, Ki Jangrana lajêng angrindhikakên lampahipun. Pangeran Pugêr sampun langkung ing lèpèn Tuntang, karêtêg nuntên binubrah, Pangeran Pugêr bamban ing lampahipun. Bala kang anututi mingêr mêdal Bahrawa anjog ing Jambu. Pangeran Pugêr sampun ngrumiyinakên utusan dhatêng Samawis, amaringi pariksa ing Ki Răngga Yudanagara, utusan inggih sampun dumugi ing Samawis asanjang dhatêng Ki Răngga, Ki Răngga sarêng mirêng saklangkung gugup, enggal anglampahakên Ki Dêmang Sawunggaling kalihan Ki Dêmang Tanpanaha kinèn mêthuk ing Pangeran Pugêr sarta binektanan kuda tundhan kalihan jagul kang badhe angrêmbat rêrepot. Ki Răngga lumampah ing wingking, mampir ing loji, panggih kalihan Kapitan Kênol, asanjang yèn Pangeran Pugêr lolos saking ing Kartasura, samangke sampun wontên ing margi, sarta dèn bujung ing bala Kartasura, Kapitan Kênol saklangkung gugup sarta bingah, wicantênipun, kyai, dikêbat tulungana, manawa sêlak kacandhak marang bala Kartasura, karo dene yèn parêng Pangeran Pugêr iku aturana mrene, sanajan karsa amadêg nata, ya anaa ing Samarang kene, dene yèn kudu anjujug liyane, ing Samarang ya orana[20] kang mênging, sabab ing pulo Jawa iki wajibe kabèh, nanging yèn kêna purihên [purih...]

--- 505 ---

[...ên] mrene bae, kowe dèn bisa ngipuk. Ing samangsane Pangeran Pugêr iku anurut marang ing aturmu, karsa têdhak marang ing Samarang kene, amêsthi kowe bakal tinarima marang jendral utawa marang Kumpêni kabèh, kowe prasasat angilangake susahe wong Walănda, krana kang dadi ratu ing Kartasura saiki kêpaung. Kyai Răngga mèsêm sarwi anyagahi nuntên mangkat.

Wondene lampahipun Ki Dêmang Sawunggaling kalihan Dêmang Tanpanaha inggih sampun kapêthuk kalihan Pangeran Pugêr, Ki Dêmang angaturakên kuda tundhan sarta sikêp. Rêrepot ing Kapugêran sampun sami karêmbat tuwin katumpakakên ing kuda, Pangeran Pugêr sakalangkung trustha ing galih, sarta rumaos kapotangan dhatêng Ki Răngga, alon pangandikanipun. Sawunggaling, si thole răngga samêngko ana ing ngêndi, Sawunggaling matur yèn wontên ing wingking, pangeran nuntên bidhal, asipêng ing Ungaran sadalu, enjing nuntên mangkat, dumugi ing Pudhakpayung kêpêthuk kalihan Ki Răngga, Ki Răngga enggal ngrangkul sukunipun sang pangeran, matur sarwi nangis, sabab botên angintên yèn pangeran tumuntên lolos sarta wilujêng, pangeran angaras êmbunipun Ki Răngga, sampun sami tata lênggah, Ki Răngga angaturi sêkul sarta dhaharan kathah, pangeran saabdinipun [saabdini...]

--- 506 ---

[...pun] sampun sami nêdha, tuwuk sadaya. Pangeran Pugêr ngandika dhatêng Ki Răngga, anak ingsun Ki Răngga, kapriye kang dadi rêmbugira, ingsun bakal banjur marang ing Dêmak. Ing kono ênggon ingsun bakal sumêja jumênêng nata, lan angêntèni si adhi ing Sampang lan ing Surabaya. Ki Răngga matur, gusti, prayogi jumênêng nata wontên ing Samawis. Sanajan angêntosana rayi sampeyan ing Sampang, inggih sae wontên ing Samawis. Sabab sangêt ing kuwatos kula bilih sampeyan botên akanthi tiyang Wêlandi, dhasar tiyang Wêlandi punika sugih, prakosa sarta guna, pitados yèn kaêbuhna ing prang, inggih sarat dipun êbang sawatawis. Mila makatên, tiyang Jawi punika kathah ingkang botên wilujêng manahipun. Kalih dene bokmênawi tiyang Wêlandi wau kenging ing pangêbangipun sang prabu ing Kartasura, kapurih sampun ngantos maèlu dhatêng ing sampeyan. Têmahanipun sampeyan gadhah mêngsah kêkalih, mila prayogi dipun rukêt katêdhanan tulung, dene bilih sampun karumiyinan ing pangêbangipun sang prabu, tiyang Kumpêni melik, botên maèlu dhatêng sampeyan, inggih kula kang angrêmbat[21] prakawisipun. Tiyang Kumpêni badhe kula pangkring, kados makatên wicantên kula, yèn wong Kumpêni ora gêlêm têtulung, Pangeran Pugêr ya wis kêlar dhewe ngrêbut karaton [karato...]

--- 507 ---

[...n] ing Kartasura, sabab wis duwe kanthi wong Madura, sarta wong pasisir ya wis padha suyud, amêsthi wis santosa, ora susah nganggo wong Kumpêni, makatên gusti, ingkang badhe dados wicantên kula, sarta amêsthi badhe ènthèng panêdhanipun epahaning prang tiyang Kumpêni. Pangeran Pugêr sarêng mirêng enggal angrangkul dhatêng Ki Răngga, alon pangandikanipun. Anak ingsun Ki Răngga, ya bênêr aturira, lan sakèhe prakaraningsun iki ya wis măngsa bodhoa sira, ingsun nurut ing sira bae, amung panjaluk ingsun, sira dikêbat awèha wêruh marang si adhi ing Sampang, yèn ingsun wis têka ing Samarang, lan amratelakna sarta têtarenana kang dadi karêpira iku kabèh. Ki Răngga matur malih, inggih gusti, punika prêlu sangêt. Sabab rayi sampeyan ing Sampang punika badhe dados agul-aguling prakawis sarta agul-aguling prang.

Anuntên sami mangkat saking Pudhakpayung, Ki Răngga sampun ngrumiyinakên utusan, asuka pariksa dhatêng Kapitan Kênol. Kapitan Kênol sarêng tampi pratelaning utusan inggih enggal mêthuk dhatêng Paterongan. Numpak kreta sarta ambêkta prajurit drahgundêr wolung dasa, wondene Wêlandi sanèsipun utawi tiyang Jawi ing Samawis sampun sami kadhawahan tata angapit margi agêng badhe angurmati rawuhipun [rawuhi...]

--- 508 ---

[...pun] Pangeran Pugêr. Wondene lampahipun Pangeran Pugêr inggih sampun rawuh ing Paterongan, kêpanggih kalihan Kapitan Kênol atêtabean. Anuntên sakathahing rêrepot karumiyinakên, anjujug griyanipun Ki Răngga, pangeran kalihan Kapitan Kênol nuntên bidhal saking Paterongan anitih kreta ginarêbyêg ing prajurit drahgundêr wolung dasa, sarawuhipun ing Samawis lajêng ingurmatan ungêling maryêm sarta sanjata ambal-ambalan. Binarung kalihan ungêling tambur tuwin gamêlanipun tiyang Jawi, pangeran anjujug ing loji, nuntên têdhak saking kreta atêtabean kalihan para upsir, sampun tata sami lênggah, Kapitan Kênol alon matur, kangjêng pangeran, sarawuh sampeyan ing Samawis kula kalihan tiyang Kumpêni sadaya raosing manahipun lir amanggih êmas sarêdi Marapi, punapa malih tiyang Kumpêni upamènipun mina kasatan toya sampun lami, ing mangke kabanjiran ing toya, salira sampeyan kang minăngka toya, abdi sampeyan tiyang Kumpêni saklangkung asrêp sarta nikmat raosing manahipun. Kangjêng pangeran manthuk, sarta mangsuli trima kasih, Kyai Răngga nuntên wicantên dhatêng Kapitan Kênol. Saudara, kangjêng pangeran punika sampun ngantos kadangon wontên ing ngriku, sabab mêntas lêlampah, amêsthi sangêt ing sayahipun, badhe kula [ku...]

--- 509 ---

[...la] aturi lêrêp ing griya kula, dene sakathahe ing prakawisipun inggih kula kemawon ingkang ngrêmbat, botên susah dhatêng kangjêng pangeran. Pangeran Pugêr inggih nuntên têdhak saking loji, kapitan angêtêrakên dhatêng griyanipun Ki Răngga, wondene Ki Răngga inggih lajêng angaturakên bale griyanipun. Piyambakipun amasanggrahan ing jawi, para putra tuwin para abdi ing Kapugêran sampun sami pinêrnah, Ki Răngga nuntên anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng ing Maduntên mêdal ing laut. Wondene bala ing Kartasura ingkang sami ambujêng Pangeran Pugêr sampun sami wangsul dhatêng ing Kartasura, angaturakên tiwasing sang prabu, yèn Pangeran Pugêr botên kacandhak sarta sampun dipun tadhahi dhatêng tiyang Kumpêni kalihan Ki Răngga, pinêthuk ing margi, lajêng binêkta dhatêng nagari Samawis. Sang nata sarêng mirêng saklangkung susah ing galihipun. Kala samantên kasarêngan ing tanah Rêdi Kidul wontên kêraman anama Wirawăngsa, sarêng katur ing sang prabu lajêng kinèn anglurugi, kraman Wirawăngsa sampun kawon prangipun sarta lajêng pinêjahan. Anuntên ingkang sami nglurugi kraman Radèn Suryakusuma dhatêng sarta ambêkta Radèn Suryakusuma dèn bêronjongi, sadhatêngipun ing Kartasura radèn lajêng kinunjara, gunjaranipun[22] mawi kaluruban rajut. Mila

--- 510 ---

mêngkatên, Radèn Suryakusuma wau kawartos yèn sêkti, supados sampun ngantos ucul saking pagunjaran.

Kacariyos utusanipun Ki Răngga ing Samawis, sampun dhatêng wontên ing Sampang, sampun angaturakên sêrat. Pangeran Cakraningrat sarêng sampun maos sêrat saking ing Samawis, sakalangkung suka ing galihipun, lajêng parentah adamêl pratăndha ing pambilikipun, anêlukakên tiyang saurutipun pulo Maduntên. Nuntên misuwur saking nagari Kartasura, yèn Pangeran Cakraningrat balela, Ki Tumênggung Jangrana enggal nyuwun pamit ing sang prabu, asêngadi badhe anjagèni nagarinipun ing Surabaya. Sang nata inggih lajêng anglilani, Ki Tumênggung Jangrana nuntên budhal sabalanipun, gêgancangan, jujug ing Sampang, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Cakraningrat, lajêng sami rêrangkulan. Pangeran angandika, kakang, bangêt kangênku marang kowe sarta kuwatir. Ki Jangrana amangsuli, kula salamine sampeyan tilar, sabên sowan sang prabu tansah angatos-atos. Ki Jangrana lajêng nyariyosakên kalanipun Pangeran Pugêr lolos. Ingkang tinuduh anyenopatèni baris kang bêbujêng piyambakipun. Pangeran Cakraningrat sarêng mirêng nuntên gumujêng ngakak, sarwi ngandika, wis dilalah kang tinuduh [tinu...]

--- 511 ---

[...duh] amburu kok kowe, Pangeran Pugêr măngsa kacandhaka. Ki Jangrana wicantên malih, kalih dene sang prabu ing sapunika kula sawang cahyanipun sampun ical, warninipun pêthak, kados Cina pinuju mulês wêtêngipun. Pangeran angakak malih, dangu ênggènipun sami gêgujêngan angraosi awonipun sang prabu, nuntên apirêmbagan. Pangeran angandika, kakang, kang dadi karêpku samêngko, aku bakal anonjok layang marang Si Surapati, takwèhe wêruh yèn aku bakal anjungjung nata Pangeran Pugêr, dhèwèke apa bakal amitulungi sang prabu apa tumambuh bae, samangsane Si Surapati sumêja amitulungi marang sang prabu, ing Pasuruan bakal dakgêcak tumuli, supaya aja angregoni pikir, yèn dhèwèke apitambuh iya sokur. Ki Tumênggung Jangrana inggih jumurung, Pangeran Cakraningrat nuntên anglampahakên utusan dhatêng Pasuruan. Sêratipun Pangeran Cakraningrat sampun katampèn dhatêng Surapati, sarta sampun dipun wangsuli, suraosing sêrat wangsulan, prakawis karsanipun Pangeran Cakraningrat, badhe angadêgakên ratu ing Pangeran Pugêr, punika Surapati botên purun tumut-tumut. Sabab arêbatan nagari sami ingkang gadhah wajib. Panyuwunipun Surapati amung ing Pasuruan kemawon, sampun ngantos kaungkih-ungkih. Pangeran Cakraningrat sampune maos [ma...]

- -- 512 ---

[...os] sêrat angsulan saklangkung lêga galihipun. Nuntên ngandika dhatêng Tumênggung Jangrana, kakang, kowe muliha marang Surabaya, siyagaa sarta angirupana nagara kang cêdhak-cêdhak. Yèn ana kang băngga gêcêkên. Dene nagara kang urut pasisir, besuk yèn mangkat marang Samarang bae padha sinampe bari lumaku. Ki Tumênggung Jangrana inggih lajêng bidhal. Pangeran Cakraningrat nuntên tata-tata bala, rajabrana ing Sampang winutahkên, kadamêl anggêganjar sarta ambusanani bala, punapa malih nagari sauruting pulo Maduntên urunanipun sampun sami ngalêmpak wontên ing ngriku, watawis kathahe balanipun Pangeran Cakraningrat pitung èwu, sarta sampun pinatah-patah kang pancèn mêdal dharat utawi kang badhe mêdal ing laut. Ingkang anindhihi bala ingkang mêdal dharat, tanaya ing Sampang kêkalih, anama Radèn Sasradiningrat kalihan Radèn Suradiningrat. Têtindhihipun kang mêdal ing laut Pangeran piyambak. Anuntên sami bidhal. Wondene Tumênggung Jangrana sadhatêngipun ing Surabaya, inggih lajêng anêlukakên nagari kang cakêt ing ngriku, sampun sami nungkul. Amung bupati ing Lamongan kang lumajêng dhatêng Kartasura, Ki Tumênggung Jangrana nuntên angrakit gêgamaning prang, balanipun tigang èwu, têtindhihipun ingkang rayi têtiga, anama Jayapuspita, kalih Kartayuda,

--- 513 ---

tiga Surènggana, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal mêdal dharat. Ki tumênggung mêdal ing laut sarêng kalihan Pangeran Sampang. Palajêngipun tumênggung ing Lamongan sarêng dumugi ing Kartasura lajêng matur ing sang prabu, yèn Ki Jangrana ambalik mêngsah ing sang prabu, gotong kalihan Pangeran Cakraningrat, sumêja ambiyantoni Pangeran Pugêr, sarta sampun ambidhalakên gêgaman dhatêng ing Samawis. Sang nata sarêng mirêng atur makatên, sangêt ing dukanipun kaworan prihatin. Lajêng parentah sawarninipun bupati pasisir sami katundhung mantuk, anjagèni nagarinipun piyambak-piyambak, sarta sang nata anglampahakên Ki Tumênggung Mandurarêja kalihan Tumênggung Wirasêtra, tiga Wirawăngsa kinèn bantu dhatêng Dêmak lan sabalanipun. Dene ingkang kabantokakên dhatêng Têgal Arya Banyakwidhe kalihan Tumênggung Toyamas. Ingkang dhatêng Kaliwungu santananipun sang prabu saking kang ibu anama Pangeran Balitar, akanthi Ki Tumênggung Mangkuyuda lan Natayuda, inggih sampun sami bidhal sabalanipun. Sang prabu lajêng anglampahakên utusan anama Ăntagopa amaringi sêrat dhatêng Kapitan Kênol ing Samawis, suraosipun. Sang nata amundhut bêbujênganipun kang nama Pangeran Pugêr. Ki Ăntagopa enggal mangkat saking ing Kartasura.

Gêntos kacariyos nagari ing Samawis, wontên kumisaris [kumi...]

--- 514 ---

[...saris] saking ing Bêtawi satunggil, kalihan kumêndur ing Japara inggih wontên ing ngriku, tiga Kapitan Kênol. Ing sabên dintên tansah bicara kalihan Răngga kang minăngka wakilipun Pangeran Pugêr, dene ingkang dados karsanipun kumisaris, botên anganggêp dhatêng Pangeran Pugêr, sabab pangeran wau sampun adamêl piawon dhatêng tiyang Kumpêni, Ki Răngga kapurih angupadosa dharah Matawis sanèsipun, ingkang prayogi badhe kajunjung sang nata, nanging Ki Răngga kêkah, kêdah angêdêgakên nata Pangeran Pugêr kemawon, andadosakên ruwêding prakawis. Tuwin kang saking Samawis dhatêng Batawi inggih botên kêndhat-kêndhat. Nanging botên sagêd angrampungakên prakawis. Kala samantên Kapitan Kênol, kalih kumêndur ing Japara, tiga Ki Răngga ing Samawis sami tinimbalan dhatêng ing Batawi, inggih sampun sami mangkat numpak baita. Sadhatêngipun ing Batawi lajêng sami wiwit bicantên[23] malih wontên ing ngarsanipun gurnadur jendral, sarta para rad, tuwin Wêlandi agêng-agêng ing Batawi, dêlèr satunggil wicantên dhatêng Ki Răngga, Kyai Răngga, sarèhning awakmu iku pêparon, saparo Jawa, saparo Walănda, kowe taktari, tutura ing satêmêne, mungguh kang dadi karsane gurnadur jendral utawa para rad kabèh, ora amrayogakake yèn andadèkna ratu ing Pangeran [Pa...]

--- 515 ---

[...ngeran] Pugêr, krana wis duwe lêlabêt ala, kang sapisan wis anglakoni dadi kraman, ajênêng Sunan Ngalaga, sarta amatèni marang wong Walănda, kapindho wis ngumum, ing nalika patine Kapitan Tak, iku saka Pangeran Pugêr kang amitulungi marang Si Surapati, apa ora nyata mêngkono iku, dene karsane gurnadur jendral sarta para rad, yèn dhasar Sunan Mangkurat Mas kang dadi ratu saiki, têtela ora nêja têpung bêcik karo wong Walănda, luwih bêcik kowe angupayaa darah Mataram liyane, kang prayoga diangkat ratu, amung Pangeran Pugêr bae aja. Ki Răngga mèsêm sarta matur, tuwan, ingkang sampeyan dhawahakên punika inggih sayêktos sadaya, nanging botên lêrês. Sabab kalanipun Pangeran Pugêr anama Sunan Ngalaga, punika arêbat nagari kalihan saduluripun piyambak. Dene tiyang Walandi kang sami pêjah salêbêting prang ngriku, awit amitulungi dhatêng Sunan Mangkurat. Dene kala pêjahipun Kapitan Tak, punika inggih sayêktos saking Pangeran Pugêr, nanging anglampahi saking parentahipun Sunan Mangkurat. Sarèhning Pangeran Pugêr wau angabdi dhatêng ingkang raka, amêsthi ajrih yèn botên anglampahana sabarang parentahipun. Wondene bilih tiyang Kumpêni botên purun anjunjung nata sarta botên maèlu, amêsthi Pangeran Pugêr jumênêng [ju...]

--- 516 ---

[...mênêng] nata piyambak. Sabab sampun gadhah andêl-andêl Pangeran Sampang, akanthi tiyang sapulo Madura sadaya, kalihan Tumênggung Jangrana ing Surabaya, punapa malih tiyang urut pasisir inggih sampun suyud sadaya dhatêng Pangeran Pugêr, amêsthi kuwawi yèn angrêbata karaton ing Kartasura, botên susah mawi tiyang Kumpêni, wondene kala lolosipun saking Kartasura, Pangeran Pugêr wau sumêja malajêng dhatêng ing Dêmak. Wontên ing ngriku ênggènipun badhe jumênêng ratu, têdhakipun dhatêng Samawis punika awit saking atur kula, kula aturi mundhut tulung dhatêng Kumpêni, mila makatên, sarèhning kula dados pitadosing Kumpêni, saèstu ing sasagêd-sagêd kula amurih ing têmbe tiyang Kumpêni sagêda kèringan sarta angsala kauntungan. Kapitan Kênol kalihan kumêndur ing Japara anyambungi wicantên, anglêrêsakên aturipun Ki Răngga, mila makatên, ing samangsanipun tiyang Kumpêni botên purun amitulungi tuwin botên anjunjung nata dhatêng Pangeran Pugêr, pamanahipun kumêndur ing têmbe tiyang Kumpêni badhe amanggih pakèwêd ênggènipun wontên ing tanah Jawi, aluhung tumuta anjunjung nata sarta anyantosanana ing prang, têrkadhang angsal epahan nêgari, sarta têtêp ênggènipun wontên ing tanah Jawi. Gurnadur jendral sarta para rad botên wontên kang wicantên malih,

--- 517 ---

Ki Răngga lajêng kaêrès, dipun gêdhong. Kacariyos Ki Răngga ênggènipun dipun gêdhong tigang Ngahad, ing sabên-sabên dipun wêdalakên katodhi, nanging Ki Răngga taksih kêncêng, aturipun botên ewah-ewah, kala samantên sampun linuwaran. Ki Răngga kalihan kumêndur, tiga Kapitan Kênol sampun sami kalilan mantuk dhatêng ing Samawis. Inggih nuntên sami bidhal numpak baita, lastantun dumugi ing Samawis.

Botên antawis lami nuntên wontên sêrat saking Batawi dhatêng kumisaris kang wontên ing Samawis. Ki Răngga nuntên dipun timbali dhatêng loji, kang minăngka wakilipun Pangeran Pugêr, awit saking aturipun Ki Răngga Pangeran Pugêr botên suka kêpanggih piyambak kalihan tiyang Kumpêni, supados sampun ngantos kenging dipun pangangkah dhatêng tiyang Kumpêni. Sadhatêngipun ing loji Ki Răngga dipun dêdahi sêrat karampungan kang saking Batawi, yèn gurnadur jendral sarta para rad sampun sami angidèni ênggènipun badhe jumênêng ratu Pangeran Pugêr, sarta sagah amitulungi ing prang, ananging gadhah panyuwun nagari ing Japara, kalih ing Dêmak, tiga ing Têgal, kalihan anyuwun têtêmpah rêginipun tiyang Kumpêni yèn wontên kang pêjah prang, sarta wragad salêbêting prang, punapa malih badhe prajangjeanipun tiyang Kumpêni kalihan ratu ing tanah Jawi inggih kadêdahakên [kadêdahakê...]

--- 518 ---

[...n] dhatêng Ki Răngga. Wangsulanipun Ki Răngga, sadaya wau inggih sampun dipun sagahi, namung sêrat badhe prajangjean kalihan têtêmpah salêbêting prang, punika badhe karêmbag kalihan Pangeran Cakraningrat rumiyin. Sabab dèrèng dhatêng wontên ing Samawis. Kalihan Ki Răngga anyuwun idinipun tiyang Kumpêni badhe angêdêgakên bandar dharat, supados bangginipun anyêkapana kasanggèkakên ing karsanipun kang dados ratu, kumasaris [24] inggih sampun anglilani. Kala samantên ênggènipun badhe angangkat ratu amung angêntosi dhatêngipun Pangeran Sampang kemawon kalihan para bupati pasisir, sarta angupados dintên kang dipun sênêngi Pangeran Pugêr.

Anuntên wontên utusanipun sang prabu ing Kartasura, anama Ăntagopa amatêdhakakên sêrat dhatêng Kapitan Kênol, suraosipun, sang nata amundhut bêbujênganipun kang nama Pangeran Pugêr. Kapitan Kênol sarêng sampun tampi sêrat lajêng wicantên. Kongkonan, kowe matura marang ratumu, Pangeran Pugêr têkane ing Samarang wong Kumpêni ora angundang, awit karsane dhewe, banjur anêlukake wong pasisir kabèh, wong Kumpêni ora dahwèn. Sabab ing tanah Jawa iki duwèke dhewe, dene yèn ratumu wani konên nyêkêl dhewe, wis muliha, aku ora [o...]

--- 519 ---

[...ra] mangsuli layang. Utusan enggal mantuk. Sadhatêngipun ing Kartasura lajêng matur ing sang prabu, yèn wangsulanipun Kênol saklangkung nyênyêngit. Sang nata mirêng aturing utusan sangêt ing dukanipun, nanging botên kantênan kang dipun dukani, lajêng badhe anêlasi sêsakitan Radèn Suryakusuma, nanging botên kalampahan. Sabab sabên Radèn Suryakusuma badhe dipun pêjahi, rêdi Marapi lajêng murub, swaranipun anggêgirisi, kala samantên Radèn Suryakusuma sampun linuwaran sarta kaangkat nama Pangeran Bèi, pinaringan lêlênggah sabin sèwu karya.

Kacariyos Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana sabalanipun, sampun sami dhatêng wontên ing Samawis. Utawi para bupati pasisir sabalanipun inggih sampun dhatêng ing Samawis. Amung ing Dêmak, Kaliwungu lan ing Têgal ingkang maksih băngga, dèrèng purun sowan. Kala samantên praja ing Samawis sauruting lêlurung tuwin pasabinan patêgilan kêbak tiyang sadaya, punapa malih para pandhita, ngulama, para khaji inggih sampun sami ngalêmpak. Panêmbahan Wujil ing Adilangu inggih sampun wontên ing ngriku, nanging saduluripun kêkalih sami kèrêm pêjah ing laut. Wondene sangajênge pasanggrahanipun Pangeran Pugêr sampun karakit alun-alun tuwin taratag, waringin [wari...]

--- 520 ---

[...ngin] kurun sakêmbaran.

Sarêng ing dintên Sênèn, taun 1629, Pangeran Pugêr ingaturan miyos pinarak ing dhampar wontên ing taratag. Kumasaris lênggah têngênipun, kumêndur kalihan Kapitan Kênol lênggah sakiwanipun pangeran, sinambungan para upsir, Pangeran Cakraningrat sarta para bupati sapangandhap tuwin para khaji sapanunggilanipun punapa malih para putra sami sowan ing ngarsa, bala Kumpêni baris ing alun-alun. Pangeran Cakraningrat lajêng ngadêg sarta wicantên sêru, sarupaning kancaku bupati sapangisor kabèh, utawa para khaji sapanunggalane kabèh, padha angestokna, yèn ing sadina iki Kangjêng Pangeran Pugêr jumênêng nata, amêngku ing tanah Jawa, kaidèn ing kangjêng tuwan gurnadur jendral sarta para rad ing Batawi, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Saidin Panatagama. Tiyang kang sami sowan sadaya asaur pêksi, para khaji, pandhita, ngulama sami donga jumurung, bala Kumpêni lajêng sami urmat ngungêlakên maryêm sarta sanjata ambal-ambalan. Awor swaraning gamêlan sarta tambur, kados mêcahakên kuping, kumasaris sapanunggilanipun lajêng sami têtabean. Para bupati tuwin para putra gêntos-gêntos angaras sukunipun sang prabu, sang nata nuntên kondur masanggrahan. Ing sadintên [sadi...]

--- 521 ---

[...ntên] punika ugi ngantos dumuginipun arame swaranipun kang sami suka-suka, saênggèn-ênggèn gumuruh. Ing sanèsing dintên sang prabu anyar miyos sinewaka, anjunjung nama Pangeran Cakraningrat, kaparingan nama Panêmbahan Cakraningrat, sarta amadanani bupati pasisir sadaya tuwin bupati saurutipun pulo Madura, Ki Tumênggung Jangrana kaparingan nama Dipati Jangrana, kadadosakên kaliwon, sosoranipun Panêmbahan Cakraningrat. Ki Răngga Yudanagara ing Samawis kajunjung nama Dipati Sura Adimênggala, sarta kaparingan angrèh siti dhusun urut margi agêng ingkang saking Samawis dumuginipun ing Kartasura. Ki Sêtrajaya pêpatih ing Kapugêran kadadosakên pêpatih amarentah tiyang satanah Jawi, kaparingan nama Dipati Cakrajaya. Ki Banyakpatra kadadosakên patih lêbêt, kaparingan nama Tumênggung Kartanagara. Abdi ing Kapugêran dalasan gamêl sampun sami jinunjung lênggahipun sadaya, wontên kang dados tumênggung, mantri, ing sapantêsipun piyambak-piyambak. Anuntên para putra sami kaangkat nama sadaya, Radèn Wăngsatruna kaangkat nama Pangeran Dipati Anom Amêngkunagara, Radèn Mas Săngka anama Pangeran Dipati Purbaya, Radèn Mas Sudama anama Pangeran Dipati Balitar, Radèn Mas Ăntawirya anama Pangeran Prangwadana, Radèn Mas Martataruna anama [a...]

--- 522 ---

[...nama] Pangeran Dipati Sănta, Radèn Mas Dipataruna anama Pangeran Dipataruna. Putranipun Panêmbahan Cakraningrat ingkang pambajêng kaangkat nama Tumênggung Natadiningrat. Saduluripun anèm Dipati Jangrana kêkalih sami kajunjung lênggah, ingkang sêpuh kagêmpalakên siti sèwu karya ing Surabaya sarta kapatêdhan nama Arya Jayapuspita, adhinipun kadadosakên bupati ing Lamongan, kapatêdhan nama Panji Surèngrana. Sang nata nuntên parentah dhatêng Tumênggung Rêksanagara kalihan Tumênggung Wiranagara kinèn anggêbag bala ing Kartasura kang baris sakiduling nagari ing Têgal, kinanthèn tiyang Kumpêni sawatawis, têtindhihipun Lutnang[25] Jaisman.

 


sabalanipun. (kembali)
pêcut. (kembali)
dening. (kembali)
jisimipun. (kembali)
nyugata. (kembali)
bêbantu. (kembali)
ambelani. (kembali)
rêngat. (kembali)
Dwarawati. (kembali)
10 baludru. (kembali)
11 wit-witan. (kembali)
12 lajêng. (kembali)
13 bilahi. (kembali)
14 Mogiri (dan di tempat lain). (kembali)
15 gimbal. (kembali)
16 sasmitaning. (kembali)
17 dening. (kembali)
18 Kagèt. (kembali)
19 Ginêlak. (kembali)
20 ora ana. (kembali)
21 angrêmbag (dan di tempat lain). (kembali)
22 kunjaranipun. (kembali)
23 wicantên. (kembali)
24 kumisaris (dan di tempat lain). (kembali)
25 Lutnan (dan di tempat lain). (kembali)