Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 01-08)

Judul
Sambungan
1. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 01-08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 09-16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 17-22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 23-29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 30-36). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 37-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 41-44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 45-46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 19-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

BABAD MATARAM

Bagian 1

Sêrat Babad ing Mataram

Anyariyosakên kala Trunajaya ambêdhah karaton ing Mataram, ngantos dumugi kacêpêngipun Trunajaya wontên gunung Ngantang sarta lajêng kapêjahan dhatêng Sang Prabu Anom.

Jilid I.

Ingkang ngêdalakên Radèn Dirjaatmaja
Rêdhakturing sêrat kabar Jawi Kandha ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan ALBERT RUSCHE & Co, Soerakarta, 1904.

--- 1: [0] ---

BABAD MATARAM

Sêrat Babad ing Mataram

Anyariyosakên kala Trunajaya ambêdhah karaton ing Mataram, ngantos dumugi kacêpêngipun Trunajaya wontên gunung Ngantang sarta lajêng kapêjahan dhatêng Sang Prabu Anom.

Jilid I.

Ingkang ngêdalakên Radèn Dirjaatmaja
Rêdhakturing sêrat kabar Jawi Kandha ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan ALBERT RUSCHE & Co, Soerakarta, 1904.

--- 1: [1] ---

Sêrat Babad Mataram

1. Durma

1. sêkar Durma ingkang kinarya purwaka | kumêdah nêdhak sungging | Srat Babad Mataram | jinujug duk kalanya | pangamuke Dyan Mas Alit | sura tan taha | anèng nagri Matawis ||

2. Jêng Pangeran Purbaya ing aturira | sampun karsaning Widhi | anggèr rayi dika | tan kêna sinuwalan | sangking tiwas kawulèki | tan kèdhêp ingwang | pitutur kula gusti ||

3. utusana yèn alane wadyaningwang | dene ngamuk si adhi | aja na anglawan | dèn kêpunga kewala | sun prih têkaa mariki | mênawi kêna | sun pituturi ririh ||

4. sampun mijil jêng pangeran undhang-undhang | maring wadya Matawis | miyarsa sadaya | ênêngêna sêmana | warnanên Radèn Mas Alit | sampun lumampah | sawadyabala baris ||

5. jêng pangeran warnanira kadi bangbang |

--- 1: 2 ---

mudhun saking ing ardi | anyamping samboja | paningsêt cindhe kêmbang | rasukan baludru wilis | murub rinenda | lancingan panji-panji ||

6. ajamang mas kinatipan tinatrapan | mailipun rinakit | dhuwung anyuriga | Setan Kobêr wastanya | gumrudug lampahing baris | prapta ing pasar | gègère tan sinipi ||

7. kangjêng pangran wus prapta ing pangurakan | dangu dènnya anganti | ing wadya Mataram | kang sampun sêsêmayan | pangeran ngandika aris | hèh wong Mataram | padha angapirani ||

8. apan sanggup sêmayan ingsun ngamuka | mingêr mèlu ing kami | mêngko padha cidra | ya ta wong pangeranan | uninga yèn wong Matawis | cidra sêmaya | prasamya anglolosi ||

9. winatara mung kari wong kawan dasa | pangeran ngandika ris | lah ta kayangapa | yèn ingsun undurana | pan wus karsaning Hyang Widhi | sigra umangsah | wadya angamuk wani ||

10. wong Mataram baris ngalun-alun aglar | nulya dèn trajang wani | kang kaparak bubar | tan ana ingkang nglawan | mung bature kang kêpêncil | wong ing Mataram | kang samya dèn patèni ||

11. lêlurahe samya adarbe pangrasa | pan samya anglolosi | wau kawarnaa | pangeraning Madura | asru dènnya mêlayoni | ing karsanira | angaturi prakawis ||

12. sampun prapta ngarsane kangjêng pangeran | padane dèn sungkêmi | aris aturira | adhuh gustiku radyan | ing mangke ta kadipundi | karsa paduka | kados [ka...]

--- 1: 3 ---

[...dos] makatên gusti ||

13. pan paduka dene asalah balela | amungsuh ing raka ji | Mataram punika | kagungan jêngandika | kang jumênêng ing Matawis | raka paduka | sampeyan tumut mukti ||

14. raka dika gêgêntine rama dika | kawula angaturi | paduka kondura | sampun kadya mangkana | satêmahanipun gusti | awon kapirsa | marang lyaning nagari ||

15. jêng pangeran aris dènira ngandika | Sampang aja baribin | ingsun kapakêna | pan wus karsaning Suksma | pan ingsun nora gumingsir | talitiningwang | yèn bèbèting Matawis ||

16. noranana lokane cidra wacana | yèn wis ujare uwis | datan wêdi pêjah | Sampang lah wis mundura | aja sira mêmalangi | Pangeran Sampang | ature ngasih-asih ||

17. jêng pangeran sampun liwung ingkang manah | sigra anarik kêris | hèh ta Sampang sira | dene paksa kèdhêpa | anuli dipun larihi | gêgithokira | Dipati Sampang mati ||

18. pra santana Mataram gègèr sadaya | nèng ngandhaping waringin | loring pagêlaran | Pangeran Sêlarongan | awas dènira ningali | Dipati Sampang | lamun sampun ngêmasi ||

19. angandika hèh sakèhe wong Madura | gustinira ngêmasi | gumuling ing kisma | ika sira rêbuta | wong Sampang sira ningali | sêntananira | mangsah sarwi anangis ||

20. wong Madura kumêrap samya karuna | arsa angrêbut gusti | pangeran uninga | yèn wong Sampang narajang | pan sampun angati-ati [anga...]

--- 1: 4 ---

[...ti-ati] | kathahing bala | sakèhe ingkang kari ||

21. wong sakawan kalima lan êmbanira | kanêm ingkang kêkasih | lan talèdhèk lanang | pangeran anarajang | wong Madura anadhahi | sinosog tumbak | kinarutug ing bêdhil ||

22. jêng pangeran pangamukira manêngah | lir Ăngkawijayèki | rinêbut ing yuda | dening sata Kurawa | tinumbak ngarsa ing wuri | lêmbing brangkolang | suligi lir garimis ||

23. wong Madura kathah longe ingkang pêjah | kaprawasa ing kêris | pan kakehan lawan | pangeran karepotan | kêna ing dhuwung pribadi | bucik satuma | pangeran wus ngêmasi ||

24. wong Mataram sêparo ngrêbut bandara | pan sami aningali | kêkêtêg tan ana | lan tatu katingalan | bucik sarira kaèksi | pangrasanira | pangeran nora mati ||

25. jêng pangeran binabayang mring pagongan | sakèhe wong Matawis | ingkang angrarămpa | sakèhe kang santana | atêbah jaja saryangling | dhuh gustiningwang | sampun karsaning Widhi ||

26. Jêng Pangeran Sêlarong sigra miyarsa | apane ingkang kanin | katur bucik ika | pangeran angandika | gusti kula lamun mati | adate kuna | Setan Kobêr ing dhingin ||

27. sok tibaa pucuke agawe răndha | nêngêna sang dipati | kocapa pangeran | layone wus binêkta | marang ing bangsal pangrawit | katur sang nata | duka yayah sinipi ||

28. nulya miyos sang nata lan ibunira | kang rayi dèn [dè...]

--- 1: 5 ---

[...n] tangisi | pra êmban karuna | sêsambate mlas-arsa | dhuh sultan dika tingali | têtilar dika | tan kêna dèn tuturi ||

29. lah ing mêngko sira nêmahi pralaya | dhuh anak ingsun gusti | sira kaprawasa | dhuh kaya ngapa êmas | sira nêmahi pribadi | Pangran Purbaya | asru dènira angling ||

30. ya ta sampun punapa kang rinaosan | sampun karsaning Widhi | apan putra dika | umure mung sêpala | pan sampun dipun pênêdi | layon pangeran | warnanên sri bupati ||

31. angandika sang nata atungtung duka | ngapa ta kongsi kanin | dene wong Mataram | têka anglirkên wêkas | yayi mas kongsi ngêmasi | sigra Pangeran | Sêlarong matur aris ||

32. apadene wong Mataram tan tumandang | wong Sampang kang mêjahi | kang sami atrêsna | marang ing gustinira | wontên dene pundi pati | sarêng narajang | sadaya supe gusti ||

33. wong Madura kathah longe ingkang pêjah | pundi pati ngêmasi | ya ta sri narendra | suka sajroning nala | ariningsun maksih cilik | bela dipatya | mendah ta wusa akil ||

34. angandika sang nata mring wadyanira | adhi mas sun belani | anulya pinêrang | baunira kang kiwa | pasah ludira umijil | nata ngandika | wus lêga ati mami ||

35. layonira kang rayi wus kinèn mêtak | ing astana Magiri | dagane kang rama | pan kocaping carita | sang nata adarbe siri | gèthèk baunya | wêwasi kang rumiyin ||

36. duk Pangeran [Pang...]

--- 1: 6 ---

[...eran] Sêlarong mring Balambangan | kang matèni wêwasi | adarbe sêmaya | arsa amalês pêjah | yèn ana ratu Matawis | gèthèk baunya | wêwasi kang rumiyin ||

37. ênêngêna Mataram wau kocapa | kang kinèn anglurugi | marang Balambangan | Tumênggung Wiraguna | lampahira sampun prapti | tapês[1] watêsnya | Pasuruan abaris ||

38. sakathahing pra mantri pêpak sadaya | sagung măncanagari | Kyai Wiraguna | kang dadi pagunungan | Asmaradana panumping | Ki Danupaya | samya mantri panumping ||

39. linggihipun anunggil lawan santana | kang kinèn angêmbani | ing pangeran arya | kinèn mèlu ngluruga | pan sampun atata baris | dyan kawarnaa | wong Balambangan nênggih ||

40. kuthanira pan sampun obah sadaya | wong Bali ambantoni | prapta Balambangan | saha sikêp payudan | wus mêdal saking nagari | ayun-ayunan | lawan bala Matawis ||

41. Ki Tumênggung Wiraguna undhang-undhang | arsa angantêp jurit | ing dina Jumungah | sampun yitna sadaya | wus prapta ing têpis wiring | enjang kawarna | bêndhenira tinitir ||

42. wong Mataram sampun tata barisira | miwah măncanagari | sampun tata-tata | miwah wong Balambangan | pan sampun atata baris | kang dadi dhadha | Gulang-gulang wong Bali ||

43. pangarêpe awasta Lurah Yabona | kalawan Panji Pati | pan sampun têngara | Tawangalun ing kanan [ka...]

--- 1: 7 ---

[...nan] | Wiranăngga anèng wuri | wong pêpilihan | kang samya dèn tindhihi ||

44. Panji Pati kalawan Lurah Yabona | pan arsa angawaki | anitir têngara | sigra dènnya narajang | wong Bali lan wong Matawis | campuh ing yuda | rame lir udan angin ||

45. sampun ilang tatane wong pêrang jaja | tumbak bêdhil wus mati | arukêt kewala | rame pêdhang-pinêdhang | ana ingkang gênti kêris | sêndhal-sinêndhal | wênèh nigas ngakahi ||

46. lindhu awor riwut dening wong kabranan | kang waras anulungi | marang ingkang pêjah | wangke pating jalêmpah | lir pendah babadan pacing | gunge kang pêjah | wangke sungsun atindhih ||

47. wong Mataram kalindhih ing yudanira | dèn amuk ing wong Bali | singa kurda galak | tan olèh amamăngsa | lir pendah andaka kanin | kagila-gila | rêmpêk pangamuknèki ||

48. wong Mataram datan amăngga puliha | kang mara-mara mati | kang mundur kabranan | tatanira wus bubrah | măncanagara angisis | Ki Wiraguna | duka yayah sinipi ||

49. yèn balane angisis kathah kang pêjah | karsanira ngawaki | sigra atangara | têtêg kaya butula | bêndhene tinitir-titir | mantri Mataram | sadaya angawaki ||

50. sigra ngangsah Ki Tumênggung Wiraguna | wong Mataram samya jrih | kalamun mundura | lir macan asêsuta | kang lumayu samya bali | pan ngantêp yuda | ajrih mundur sanyari ||

51. pangamuke wong Japan kagila-gila [kagi...]

--- 1: 8 ---

[...la-gila] | wong Bali akèh mati | akaroban lawan | pan akèh wong Mataram | dèn amuk kapati-pati | wong Balambangan | wong Bali akèh mati ||

52. wus kalindhih yudane wong Balambangan | wong Mataram nyuraki | pan kadya ampuhan | lir obah kang pratala | ingkang bumi gonjang-ganjing | rêg lindhu obah | kadya ngrubuhna langit ||

53. Panji Pati lawan Lêlurah Yabona | kalih sampun gumingsir | amiyarsa surak | kalangkung merangira | karnanira lir sinêbit | nolih ing wuntat | sigra angamuk malih ||

54. wong ing Bali watara ing kathahira | karobêlah kang kari | prasamya angucap | payo padha linawan | ngamuk aja na gumingsir | sarwi angucap | watang tumbak kumitir ||

55. wong Mataram uninga yèn binalenan | sigra para prajurit | sarêng dènnya mangsah | miwah măncanagara | prasamya arêbut dhingin | anêmpuh yuda | wong Bali anadhahi ||

56. Panji Pati lawan Lêlurah Yabona | pangamuke lir bêlis | ting barêkik samya | watangira dèn ikal | malêdug ingkang nadhahi | putung akathah | nanging dipun tadhahi ||

57. ginêbugan ing bêdhil lawan landheyan | wau Ki Panji Pati | dèn êbyuk ing kathah | pira ta kuwatira | wong siji dipun kathahi | rêmpu raganya | rêmuk pun Panji Pati ||

58. Citrayuda arosa panumbakira | watang putung tinangkis | sigra linarihan | dene Lurah Yabona |

--- 1: 9 ---

jajanya têrus ing gigir | Ki Citrayuda | aniba nuli mati ||

59. Citraranu uninga kadange pêjah | narajang sawongnèki | Ki Lurah Yabona | kinêmbulan ing kathah | rinampog pating saluwir | Lurah Yabona | patine dèn rêrujit ||

60. sirna larut wong Bali kathah kang pêjah | wong Balambangan giris | de wong Bali têlas | nulya kabèh lumaywa | pati-pati bêbêntusi | pating balêsar | samya angungsi wukir ||

61. Tawangalun lumayu adharakalan | anulya dèn tututi | wus atilar kuda | nusup ing gêlagahan | anuju ngidak parêcil | jumbul anjola | adhuh dubilah mati ||

62. wong Mataram samana sampun kelangan | dipatine satunggil | aran Wiranăngga | lumayu ngalor ngetan | palayune sipat kuping | arsa nusula | marang garwane ngili ||

63. wong Mataram prasamya sigra bêbandhang | panganggene kang mati | kêris tulup pêdhang | prajurite kèh pêjah | prasamya dipun bêciki | ingkang prayoga | tinigas sirahnèki ||

64. mantri Bali Balambangan kinêthokan | ya ta kasaput wêngi | sami masanggrahan | sadalu rêrêmbagan | sadaya arsa angungsir | mring kuthanira | ing Bali dèn lurugi ||

65. Tawangalun kalawan Wiranagara | sami ngungsi mring Bali | Kyai Wiraguna | asru dènnya ngandika | angatag mring para mantri | kang bêboyongan | jro kutha dèn barêsih ||

66. wus lumampah samya bêboyong [bêbo...]

--- 1: 10 ---

[...yong] sadaya | wong Balambangan ênting | sami kinêrakat | cacahe kang ginawa | rongèwu dhomas anênggih | sarupaning tyang | cacah êndhas winilis ||

67. Ki Tumênggung Wiraguna wus miyarsa | warta sangking Matawis | yèn pangeran arya | sampun seda ing rana | angamuki sri bupati | pun Pasingsingan | kang dadi setan bêlis ||

68. Ki Tumênggung Danupaya amiyarsa | langkung dènira tintrim | anulya karuna | sêsambate mlas-arsa | dhuh pangeran gusti mami | sampun salaya | ingsun gawanên mati ||

69. Ki Tumênggung Wiraguna ciptanira | yèn ingsun niki mulih | măngsa ta uripa | susunanku tan arsa | angawulakkên ing kami | nadyan matia | angur matièng jurit ||

70. Ki Tumênggung Wiraguna rêrêmbugan | lawan mantri Matawis | lan măncanagara | karsane ambanjura | ambêdhah nagari Bali | wong Balambangan | wong Bali kang dèn ungsi ||

71. Tawangalun kalawan Wiranagara | padha ngungsi ing Bali | ginêcak wasisan | nagri Bali Blambangan | măngsa wande dados kardi | sampun mupakat | sakèh para bupati ||

72. bêboyongan tinêngga ing wong akathah | para mantri lit-alit | enjang kawarnaa | nulya nêmbang têngara | anulya bubar kang baris | para dipatya | banjur marang ing Bali ||

73. kawarnaa ing marga wus prapta sira | satêpining jaladri | ing sagara rupak | samya kandhêg sadaya | kewuhan tan olih margi | ing karsanira | agawe

--- 1: 11 ---

uwot wêsi ||

74. pan alima ing kono Ki Wiraguna | warnanên nagri Bali | wus miyarsa warta | yèn arsa ingunggahan | prasamya adandan baris | pinatah-patah | kang mêtu ing pasisir ||

75. wus lumampah wong Bali jaga lautan | wastane kang angirid | pun Panji Arungan | kathahe kang baita | satus samya isi baris | kang kawuwusa | kocapa wong Matawis ||

76. ki tumênggung wau ingkang tinanggênah | anindhihi pasisir | jaga ing lautan | lami dènira ngambang | wong Bali datan miyosi | ya ta katingal | baita kathah prapti ||

77. Ki Tumênggung Mataram sampun uninga | wong Bali amêtoni | sigra atangara | sami dandan sadaya | layare wus dèn racuti | adhêdhayungan | sigra bêdhil-binêdhil ||

78. wong ing Bali prasamya sudiranira | akarsa marêpêki | palwane winêlah | dhayung kalawan satang | kinarutug dening bêdhil | kari dandanan | wong Bali akèh mati ||

79. pambêlahe kathah pêjah ing sanjata | maksih sudira wani | Apanji Arungan | ngadêg têngahing palwa | pan maksih dipun bêdhili | sarêng apêrak | lan palwa ing Matawis ||

80. sarêng bênthuk arame batak-binatak | nèng têngahing jaladri | suraknya lir gêrah | ya ta wong Bali ika | Panji Arungan sira glis | pambêlahira | juru mudhi wus mati ||

81. dandanane pan sampun rêmuk sadaya | palwa tan kêna osik | pan katut ing ombak | kinêpung palwa kathah | Arungan [A...]

--- 1: 12 ---

[...rungan] dipun bêdhili | kêna ing sela | pocot êndhas gumuling ||

82. sarêng pêjah Arungan êndhas tinigas | palwane dèn unggahi | wong Bali kèh pêjah | dèn amuk ing wong Jawa | wênèh kèrêm ing jaladri | ingkang agêsang | kawus tan ana wani ||

83. ênêngêna wong Bali ingkang kocapa | ingkang sami abaris | nèng pinggir samodra | Tumênggung Wiraguna | kang arsa gawe wot wêsi | lami nèng kana | kaparak ing gêgêring ||

84. Ki Tumênggung Wiraguna nandhang gêrah | sangêt dènira sakit | pra mantri sadaya | samya arêrêmbugan | karsanira bubar mulih | sampun mupakat | nulya bêdhol kang baris ||

85. sigra bubar datan kawarna ing marga | ing Balambangan prapti | sakèh bêboyongan | kinèn andhinginêna | gêgaman lumakwèng wuri | Ki Wiraguna | samana amêmêling ||

86. lamun ingsun têka ing dina wêkasan | dhatêng gon ingsun mati | aja sira bêkta | mulih marang Mataram | êndi ênggon ingsun mati | sira pêndhêma | apan tan pilih bumi ||

87. ingsun têdha ing Hyang lawan Rasulollah | ja mulih mring Matawis | pangraos tiningwang | nadyan ingsun uripa | susunan ingsun Matawis | măngsa arsaa | ngawulakkên ing mami ||

88. lan sakèhe anak putuningsun benjang | yèn ingsun têkèng pati | têka pirabara | yèn dèn kawulakêna | mring Sri Bupati Matawis | karana apa | padha kasmaran pati ||

2. Asmaradana

1. sadaya sami anangis | miyarsa wêwêkasira [wêwêkas...]

--- 1: 13 ---

[...ira] | lara-lara sêsambate | Ki Tumênggung Wiraguna | saya sangêt kang gêrah | manahe anglayung-layung | sêdyane age matia ||

2. nahan kawarna ing margi | prapta ing Kadhiri sira | samana wus mundhut loloh | wusing nguntal lolohira | ing sampune karasa | nulya seda kya tumênggung | tinangisan pra santana ||

3. kunarpa wus dèn bêciki | karsanira pra santana | layone ginawa mulèh | nanging sami acawêngah | dene wêwêkasira | sigra aputusan mantuk | sampun ngaturi uninga ||

4. yèn Ki Wiraguna mati | Ki Tumênggung Danupaya | kalangkung sangêt sakite | Balambangan sampun bêdhah | sèwu kang bêboyongan | sigra aputusan sampun | lampahe asêsandêran ||

5. datan kawarna ing margi | wus prapta nagri Mataram | wus katur dhatêng sang katong | saature kang utusan | purwa dhatêng wêkasan | sri narendra langkung bêndu | nulya angutusi bala ||

6. lah ta wong Singanagari | Martalulut lumakua | papagêna ing lakune | Si Tumênggung Wiraguna | jisime dèn pêndhêma | yèn kapapag ing dêlanggung | sanak putune sadaya ||

7. ingkang mêksih sami urip | iku padha patènana | utusan wus mentar kabèh | datan kawarna ing marga | lampahe sampun prapta | sadaya sampun kapêthuk | anjujug ing pamondhokan ||

8. anak putune apanggih | sadaya wus sinudukan | pan kalih wêlas kathahe |

--- 1: 14 ---

sadaya wus pinêjahan | pinêtak gone kana | Asmaradana winuwus | ambubarakên gêgaman ||

9. Ki Danupaya miyarsi | jisime Ki Wiraguna | pinêndhêm anèng ênggone | nak putune pinêjahan | kalih wêlas sadaya | Danupaya sampun nglampus | sangsaya sangêt kang gêrah ||

10. sigra amundhut jêjampi | Ki Tumênggung Danupaya | gêring kawit ing nalane | awor trêsna ing pangeran | kawarta wus palastra | mila atêmahan nglampus | kang loloh sampun inguntal ||

11. ki tumênggung angêmasi | jisime pinêtak marga | tan kawarna ing lampahe | Tumênggung Asmaradana | prapta Taji araryyan | pan sampun awêling atur | yèn botên wontên timbalan ||

12. wontên ing Taji alami | bêboyongan Balambangan | samana sampun arèrèn | lami-lami ingandikan | Kyai Asmaradana | purwakanira ing dangu | nulya pinêjahan sira ||

13. datan kawarna ing lami | sajênêngira sang nata | sampun angalih kadhaton | ing Palèrèt puranira | nagara karta arja | Mataram pamuwahipun | murah kang sarwa tinumbas ||

14. wontên kang winuwus malih | punakawan alit mila | sampun jinunjung linggihe | Ki Ngabèi Wirapatra | kalangkung sih sang nata | kinarya pêpatihipun | aparentah wong Mataram ||

15. kang eyang pan maksih urip | Jêng Pangeran Surabaya | anèng Mataram dalême | punika ingkang carita | Pangeran Surabaya |

--- 1: 15 ---

bêkisar èstri ingingu | lami-lami dadi lanang ||

16. kalangkung dipun kasihi | bêkisar dening pangeran | punika pangandikane | lawas ingsun anèng dunya | apan dèrèng tumingal | lan maning durung angrungu | iya wadon dadi lanang ||

17. lawan warnane abêcik | Mataram tan ana memba | bêkisar kaya mangkene | ingsun tan layak darbea | iki layak sang nata | bêkisar ingsun kang ngingu | pantês ana jroning pura ||

18. bêkisar wus dèn ulêsi | ingulêsan wastra pêthak | Pangeran Surabaya ge | mijil saking dalêmira | tan kawarna ing marga | prapta ing kadhaton sampun | kandhêg mijil paregolan ||

19. sampun katur ing sang aji | yèn kang Paman Surabaya | umarêk dhatêng sang katong | sigra nulya tinimbalan | wus prapta ing ngajêngan | cundhuk lawan sang aprabu | alinggih ayun-ayunan ||

20. Pangeran Surabaya ngling | matur dhatêng sri narendra | kawula inggih sang katong | angaturakên bêkisar | mila katur punika | dene endah warnanipun | pan warnane kang bêkisar ||

21. inggih bêkisar puniki | pawèstri asale kina | sampun sawulan lamine | lami-lami dados lanang | warnanipun apelak | bêkisar sagêd kaluruk | mangke katur ing sang nata ||

22. bisa nukmèng agêng alit | ing wiweka sampun nêlas | graita landhêp sêmune | Jêng Pangeran Surabaya | sampun kinèn mantuka | samana pan sampun mantuk | warnanên sri naranata ||

--- 1: 16 ---

23. enjing sang nata tinangkil | pinarak ing kamandhungan | maksih kagugu manahe | kang Paman ing Surabaya | ngaturakên bêkisar | pawèstri purwakanipun | lami-lami dadi lanang ||

24. sang nata emut ing galih | wirayate ing Mataram | susunan panjênêngane | tan lyan ingkang gumantia | lawan putra kang tuwa | patutan Surabayèku | sri narendra angandika ||

25. marang sakèh para mantri | pan mantri lêbêt kewala | hèh sakèhe wadyaningong | Si Paman ing Surabaya | wingi awèh bêkisar | pawèstri ing purwanipun | lami-lami dadi lanang ||

26. pangrasane ati mami | Paman Surabaya ika | awèh pasêmon maringong | idhêp karêpe si paman | anake pan wanodya | pan mangke wus asêsunu | putune pan mêtu lanang ||

27. anak ingsun ki dipati | ing mangke pan wus diwasa | pantês jumênênga katong | iku sêmune si paman | dadi anggege măngsa | wong tuwa pan ora patut | dene anggegea măngsa ||

28. sakathahe para mantri | langkung sami ajrihira | mirsa sang nata bêndune | nulya bubar sri narendra | malêbêt ing jro pura | tan winarna lamènipun | wong pura akèh awarta ||

29. misuwur wong sanagari | Pangeran ing Surabaya | sampun miyarsa wartane | yèn sang nata sangêt duka | margi saking bêkisar | sakalangkung ajrihipun | tinarka asung sasmita ||

30. datan nyana tan angimpi | darbe raos kang mangkana | sang nata salah tampane [tampa...]

--- 1: 17 ---

[...ne] | dadya Pangran Surabaya | arsa marêk sang nata | atur pêjah gêsangipun | sarayate dipun bêkta ||

31. miwah ingkang para rabi | santana jalu wanodya | punika binêkta kabèh | Pangeraning Surabaya | sampun lumampah seba | ênêngêna kang winuwus | warnanên sri naranata ||

32. enjing sri nata tinangkil | dene mantri kulawarga | prasamya pêpêkan kabèh | pêpêk andhèr ing paseban | dene sri naranata | pinarak ing sitiluhur | sang nata asêmu duka ||

33. kawarnaa Ki Dipati | Surabaya arsa seba | karsanira ayun pepe | anak putune binêkta | miwah kang para garwa | wus prapta waringin kurung | sami asèlèh curiga ||

34. watara kathahirèki | anak putune sadaya | miwah lan para garwane | Pangeran ing Surabaya | nênggih sawidak papat | mangrêpa-rêpa tumungkul | pan sampun asrah kewala ||

35. mangkana sri narapati | pinarêk anèng dhêdhampar | kagyat tumingal wong pepe | dene akèh katingalan | wong apa ika baya | nèng ngandhap waringin kurung | paran kang dèn pèpèkêna ||

36. lah pariksanên dèn aglis | sapa kang apepe ika | lah iya sapa arane | lan apa ingkang sinêdya | kang kinèn sigra nêmbah | mudhun saking sitiluhur | lampahe amêmandhapan ||

37. tan asuwe sigra prapti | ing pêrnahe jêng pangeran | gandhèk wus animbalake | pangandikane [pangandika...]

--- 1: 18 ---

[...ne] sang nata | Pangeran Surabaya | sampeyan pepe puniku | punapa karsa paduka ||

38. pangeran ngandika aris | mila apepe kawula | atur pêjah gêsang ingong | lah katura ing sang nata | gandhèk malayu agya | prapta ngarsaning sang prabu | wong gandhèk matur anêmbah ||

39. pukulun pakuning bumi | sampun mariksa punika | inggih punika kang pepe | pun Paman ing Surabaya | ngaturkên pêjah gêsang | katura dhatêng pukulun | kagyat manahe sri nata ||

3. Sinom

1. kagyat sang nata miyarsa | ing ature ingkang abdi | sang nata sampun anduga | yèn kang paman darbe kapti | wus cinakra ing kapti | atur pêjah gêsangipun | eca dènira lênggah | kèwêdan sajroning galih | pan karasa sang nata ing putranira ||

2. apikir sajroning nala | pinupus manah sang aji | kang jumênêng ing Mataram | amung ingsun ingkang luwih | kang dadi senapati | tan liyan mung raganingsun | upama sun sagara | kang ala lawan kang bêcik | apan kamot sang nata sigra ngandika ||

3. lah wong gandhèk lumakua | sira timbalana aglis | Si Paman ing Surabaya | tumanduka maring mami | sumawana si bibi | panggiha lan raganingsun | lurah ingkang tumêdhak | miwah ingkang para cèthi | ingkang tuwa si paman ingkang lumampah ||

4. anak putune sadaya | lanang wadon agêng alit | karia nèng pangurakan | Si Paman Surabayèki | kang kinèn nêmbah mijil | mandhapan adoh lumayu | tindake sarêng

--- 1: 19 ---

napak | wus mudhun saking sitinggil | sarêng prapta lampahe adhêdhoyokan ||

5. gandhèk kalih mêndhak-mêndhak | anulya tata alinggih | umatur sarêng anêmbah | tandukipun animbali | kawula nuwun gusti | ingutus mring sang aprabu | paduka tinimbalan | pêpanggih lawan sang aji | sumawana garwa abdi ingandikan ||

6. anak putu jêngandika | kantuna wontên ing wingking | Pangeran ing Surabaya | agupuh dènnya lumaris | sarêng lawan kang rayi | sarêng dènira tumanduk | lampahe dharakalan | wus prapta sira sitinggil | sakathahe kang seba sami tumingal ||

7. angrês manahe tumingal | pra mantri sami anangkil | dinulu langkung mêmêlas | samya andhingkul alinggih | ing ngarsane sang aji | aglis sang nata tumurun | saking dhêdhampar êmas | kang paman dipun gêlari | apan jajar pangeran lawan sang nata ||

8. pangeran sami pinarak | kalawan garwanirèki | samya mingsêr linggihira | kang garwa anèng ing wuri | kalangkung anoragi | sang nata sigra amuwus | dèn kapara ing ngarsa | sumawana lan si bibi | ngesot-ngesot kang garwa gendholan kunca ||

9. angrês manahe sang nata | andulu dhatêng ing bibi | miwah dhatêng ingkang paman | langkung dening kawlas-asih | muka konjêm ing siti | angandika sang aprabu | punapa karsa paman | pepe sandhaping waringin | pan kawula tan darbe tyas sêla-sêla ||

10. kawula kalangkung kagyat | dika angowah-owahi | pepe

--- 1: 20 ---

ing waringin jajar | Pangeran Surabaya ngling | kawula gusti ajrih | ayun andarbèni atur | ngaturkên pêjah gêsang | saking cupête kang budi | pan kawula tiyang cêguk mudhadama ||

11. ngaturakên pêjah gêsang | saking cupêt kawulèki | aniyata balelaa | dhumatêng sri narapati | balela anglampahi | sayêktos kenging sêsiku | kawula kenging sêdya | botên nyana botên ngimpi | angaturi pasêmon dhatêng paduka ||

12. mila kawula sang nata | atur bêkisar rumiyin | tan pantês kula ngingua | dene pelak ingkang warni | anèh lawan sasami | botên nyana yèn kasiku | yèn nêdya nyêmonana | dhatêng ing paduka aji | dêmi Allah lawan dêmi Rasulullah ||

13. kawula mangke sang nata | yèn èstu amêmiringi | miwah yèn nêdya balela | tan layak wontên Matawis | botên layak sinandhing | inggih acêmêr Si Jimbun | layak dipun tumpêsa | dinamêl paran aurip | mila gusti pun paman tur pêjah gêsang ||

14. kang garwa matur karuna | sêsambate amlas-asih | adhuh kawula sang nata | lêng pêjahana kariyin | yèn pun paman ngawoni | tumpêsên sanak putuku | dhatêng sumanggèng karsa | darbea salah ing gusti | sri narendra miyarsa lêgêg kewala ||

15. anglês manahe sang nata | miyarsa aturing bibi | lawan pangrêpaning paman | manjêlut manah sang aji | mênggah-mênggah narpati | dene têtêg manahipun | sadaya kang miyarsa | sagunge para dipati | prêbêng-prêbêng sawênèh [sawê...]

--- 1: 21 ---

[...nèh] mêtu waspanya ||

16. sang nata arum ngandika | mênggah-mênggah sarya angling | ingkang botên-botên paman | anggêga ujar pawarti | pocapane kang sêngit | dèn adon-adoni tutur | mapan dados punapa | yèn anggugua pawarti | pan kawula botên angraon[2] yèn duka ||

17. agoroh ingkang pawarta | wontêna ujar kayèki | yèn darbea ing balela | ing paman kula bêndoni | edane kang mawarti | kawula pan maksih emut | prakara ing Mataram | ing benjang sapungkur mami | yèn manira sampun pinundhut Hyang Suksma ||

18. sampun parentahing Allah | kinarya jumênêng aji | anggêntèni ing Mataram | pasthi tan kêna gumingsir | ing benjang akir mami | tan ana ingkang jêjuluk | ujare cêtha-cêtha | nanging ta dede ing ngriki | Kartasura kadhatone kaki putra ||

19. inggih nagari Mataram | kawula ingkang mêkasi | datan kêna singgahana | sampun jangjine rumiyin | tan kêna owah gingsir | puput panjênêngan ratu | angalih Kartasura | sirnane ingsun puniki | sigra matur Pangeran ing Surabaya ||

20. sun têtêdha ing Hyang Suksma | sampun salin-salin aji | lan sampun liya sang nata | pantês ngaliha nagari | saking Matawis benjing | sun têdha maksih akukuh | tan ana kang prayoga | ing rat Jawa tanah Jawi | mung Mataram kang pantês mêngku kadhatyan ||

21. sri narendra angandika | pan wus karsaning Hyang Widhi | rusake nagri Mataram | benjing dening [de...]

--- 1: 22 ---

[...ning] putra mami | ki prabu anom nênggih | kawitan nagari lêbur | Pangeran Surabaya | langkung gêgêtuning ati | amiyarsa panyêthanira sang nata ||

22. sri naranata ngandika | lah Paman ing Surabanggi | andika mantuk ing wisma | sampun anggugu pawarti | ingkang dede pawarti | sakathahe dika êmu | botên sêdya mangkana | tan anyana tan angimpi | ingkang paman apamit lawan kang garwa ||

23. sang nata jêngkar sineba | malêbêt ing kênyapuri | ginarêbêg ing badhaya | pitung rancak kang sasisih | tur sami ayu luwih | ing warnane para arum | dene wau Pangeran | Surabaya sampun mijil | ing pasowan kang mulat lir guladrawa ||

4. Dhandhanggula

1. Adipati Surabaya mulih | sarayate pan mantuk sadaya | sampun prapta ing wismane | tan kawarna ing ênu | kawarnaa sri narapati | animbali ing wadya | karsane ingutus | wong mantri jro wastanira | Wăngsatruna kalawan Ki Yudakarti | sarêng prapta ing ngarsa ||

2. angandika alon sri bupati | Yudakarti lawan Wăngsatruna | mentara sira dèn age | ngulatana sirèku | wong pawèstri ingkang abêcik | ingkang layak kagarwa | èstri marang ratu | pasisir măncanagara | ulatana kalawan wêwêkas mami | yèn ana banyu gănda ||

3. pasthi kono ênggone pawèstri | ingkang layak kagarwa maringwang | ulatana dèn barêsèh | pasthi iku katêmu | gêdhe cilik ingkang nagari | ika sira pêpêka | têkan ing wong dhusun | kang kinèn tur sêmbah

--- 1: 23 ---

mentar | Wăngsatruna kalawan Ki Yudakarti | banjur saking paseban ||

4. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta pasisir sadaya | winiwitan saking kilèn | datan wontên kang patut | sakèh èstri dipun pilihi | tan ana kang prayoga | lampahe ambanjur | wus prapta ing Surabaya | Yudakarti samana emut ing ati | amanggih sêsumbêran ||

5. wus ginănda kang banyu awangi | Wăngsatruna samana angucap | baya ing kene ênggone | pawèstri ingkang ayu | lah anêdha marang nagari | mantri ing Surabaya | pinêpak sadarum | sakèhe ingkang wanodya | ingkang wêling sang nata lamun kapanggih | kang toya mambêt gănda ||

6. pan pawèstri pinêpêk ing ngriki | sigra laju dhatêng Surabaya | kang jinujug ing prênahe | Pangran Surabayèku | Mangunjaya wastaning mantri | utusan sampun prapta | prasamya alungguh | sampun atata linggihan | sigra angling Wăngsatruna Yudakarti | manira kang utusan ||

7. Jêng Susunan Narendra Matawis | apan kinon ngulati wanodya | ingkang abêcik warnane | Mangunjaya andhêku | kang utusan amuwus aris | alah ta Mangunjaya | pêpêkên sadarum | wong wadon ing Surabaya | gêdhe cilik têkan anaking patinggi | aja na kaliwatan ||

8. Mangunjaya garjita ing galih | ngangên-angên sajroning wardaya | emut kalamun putrane | warnanira pinunjul | luwih sakèh wong sanagari | angucap [a...]

--- 1: 24 ---

[...ngucap] jroning nala | baya anak ingsun | pinasthi karsaning Suksma | yèn pinundhut sri narendra ing Matawis | baya sampun katingal ||

9. Mangunjaya sigra dènnya angling | hèh sang duta kawula sandika | timbalane gih sang rajèng | kinon mêpêk sadarum | Surabaya sagunging èstri | pan pangraos kawula | kadya botên antuk | kawula darbe atmaja | èstri ayu ing ngriki tan wontên mirib | andika timbalana ||

10. lamun botên kangge putra mami | pawèstri Surabaya sadaya | dipun pêpêkana kabèh | utusan sigra muwus | sukur bage dika pribadi | darbe putra prayoga | kawula yun wêruh | Mangunjaya sigra ngundang | putranira wayahe rumaja putri | nanging dèrèng diwasa ||

11. lagya jêbên kêkêmbênta singgih | lagya sêdhêng birai ing sêkar | angedani sasolahe | sang rara sigrèng nguwuh | ing ngarsane utusan aji | cahyanira lir wulan | duk purnamanipun | aturut ingkang sarira | jarijinya alurus mucuking êri | sikilira malira ||

12. Yudakarti anjomblong ningali | Wăngsatruna malongo kewala | angucap jroning kalbune | iki si èstri ayu | sajêg ingsun urip puniki | durung mulat wanodya | ingkang kadi iku | baya wus karsaning Suksma | èstri iki layak kagarwa narpati | utusan sigra mojar ||

13. Ki Mangunjaya manira iki | aningali maring putranira | prayoga katur sang rajèng | ing mangke karsaningsun [karsaning...]

--- 1: 25 ---

[...sun] | putranira ni rara iki | katura ing sang nata | pan punika patut | ing pasisir nora nana | èstri mèmpêr kang mirib kadi puniki | manira dèrèng mulat ||

14. Mangunjaya sigra dènnya angling | pan kawula kalangkung sumăngga | datan angraos adarbe | putra kawula iku | kaatura ing sri bupati | ing mangke kaparêngan | katur ing sang prabu | nadyan pêjah gêsang amba | tan angraos kawula adarbe urip | kagungan sri narendra ||

15. kang utusan kalih sigra angling | lah anêdha sami adandana | manira bubar ing mangke | pan sami dandan sampun | Mangunjaya sarayatnèki | anulya sigra budhal | samana tinandhu | tan kawarna lampahira | sampun prapta anèng nagri ing Matawis | jujug kawirarêjan ||

16. Ki Ngabèi Wirarêja iki | pan kinarya lêlurah kapêdhak | Ki Yudabăngsa sisihe | Yudakarti tumanduk | Wăngsatruna pan sampun prapti | matur mring Wirarêja | kawula pan atuk | pawèstri endah kang warna | kang atmaja Ki Mangunjaya anênggih | mantri ing Surabaya ||

17. kadi layak katur ing narpati | inggih punika kawula bêkta | Mangunjaya sarayate | lanang wadon pan tumut | Wirarêja sigra dènnya ngling | pakênira undanga | manira yun wêruh | Mangunjaya wus ingundang | sigra prapta ing dalême ki ngabèi | anak rabi binêkta ||

18. Wirarêja sira aningali | ing warnane ingkang lagya prapta | Ki Wirarêja ature | dawêg sami lumêbu | umarêka dhatêng sang aji |

--- 1: 26 ---

kawula angirida | lawan èstrinipun | tan layak wontên ing jaba | sigra mangkat Ki Wirarêja glis prapti | kandhêg ing wijil pisan ||

19. sampun katur marang sri bupati | kang utusan ngulati dyah endah | angsal nanging maksih rare | èstri sigra pinundhut | tiningalan ing sri bupati | sri narendra karênan | sakalire pêthuk | cuwane sri naranata | pan wanodya kalangkung dèrèng birai | sang nata angandika ||

20. maring Nyai Wirarêja aris | lah gawanên rare wismanira | ulahên awake bae | benjing yèn mangsanipun | èstri iki sêdhêng birai | ing benjang lêbokêna | sigra awotsantun | Wirarêja sigra mêdal | sang dyah rara pan sampun binêkta mijil | marang kawirarêjan ||

21. tan kawarna ing alami-lami | kawarnaa kangjêng sri narendra | animbali ing putrane | undangên sutaningsun | ki dipati anom dèn aglis | kang kinèn sigra prapta | anulya kapangguh | lan Pangeran Adipatya | sigra prapta utusan anênimbali | gusti dika ngandikan ||

22. Jêng Pangeran Adipati gipih | wus akampuh anulya lumampah | miyos bêbutulan bae | tan dangu nulya cundhuk | lan kang rama rajèng Matawis | jêng pangeran tur sêmbah | sumungkêm ing suku | anèng lêbu talapakan | sawungune mundur sarwi awotsari | dènnya lênggah mangrêpa ||

23. jêng pangeran kalangkung dènnya jrih | mring kang rama manêkung mangwula | yèn tinon kalairane [kalair...]

--- 1: 27 ---

[...ane] | sagunge kang andulu | wong jro pura angrês ningali | têkonipun pangeran | kalangkung jrihipun | tan layak kakunging putra | sri narendra kang putra tansah dèn liring | kadya mijiling waspa ||

5. Mijil

1. angandika sang nata amanis | adhuh putraningong | sun tingali sira wus agêdhe | sêdhêngira amawia krami | pan ing karsa mami | kramaa nak ingsun ||

2. apan ingsun olèh tingal bêcik | putri ing Carêbon | aprayoga iya ing warnane | lan maninge putrining bupati | amêngku nagari | padha trahing ratu ||

3. lamun sira panuju ing ati | marang tuduh ingong | tingalana sang putri warnane | lah mentara ing wisma dipati | ing Carêbon kaki | mangkata tumutur ||

4. ingkang putra sigra awotsari | sigra mundur alon | jêng pangeran ambanjur lampahe | tan kawarna ing marga wus prapti | wismaning dipati | pangeran wus têmu ||

5. Pangran Carêbon pan wus udani | yèn tampi pasêmon | yèn pangeran dipati praptane | mring Carêbon karsa nênontoni | ing putrinirèki | sang dipatya gupuh ||

6. sampun marêk sang raja pinutri | ayunira kaot | lakunira pan rada ginawe | sang dyah ayu tuhu yèn rêspati | wadane sawiji | sêmu wani kakung ||

7. jêng pangeran dipati ningali | manahira adoh | dene lanas sang putri tingale | datan ana tinaha ing galih | manggihi têtami | langkung dening purun ||

--- 1: 28 ---

8. wus waspada dènira ningali | tan ana karaos | apan têbih pangeran galihe | tan adangu pangeran nulyamit | ya ta sang dipati | ngatêrakên sampun ||

9. tan kawarna laminya ing mangkin | panjanging cariyos | Wirarêja ika gadhuhane | wus alawas amêmpêng birai | inggih saya adi | warnanira mancur ||

10. sing endahe warnane sang dèwi | kasmaran kang anon | arsa mampir ngabèi wismane | Wirarêja pangeran wus prapti | salêbêting kori | anèng lataripun ||

11. sang dyah rara kapanggih ambathik | kang manah wirangrong | kagyat mulat pangeran tingale | sang dyah rara nulya anglungani | bari nolah-nolih | amaoni gêlung ||

12. Wirarêja gupuh aningali | ing dipati anom | pinalayon rinangkul padane | Wirarêja umatur wotsari | baya wontên kardi | paduka pukulun ||

13. kadingarèn pinarêk mariki | adhuh gustiningong | tumanduka gusti naking anggèr | pangeran maksih tan kêna angling | tan ana kaèsthi | mung wau kang gêlung ||

14. angandika pangeran aririh | paman sun atakon | pawèstri mau sapa kang duwe | baya ta putranira pribadi | Ki Wirarêja ngling | tumuli umatur ||

15. adhuh gusti kawula mung darmi | anggadhuh kemawon | pan puniku kagunganing rajèng | asalipun pawèstri puniki | saking Surawèsthi | Mangunjaya sunu ||

16. duk amapag èstri dèrèng akir | katur ring sang

--- 1: 29 ---

katong | tiningalan sri nata gêdhêne | ginadhuhkên marang kawulèki | ing mangke wus akir | sang dyah sampun usum ||

17. jêng pangeran amiyarsa warti | sang ayu anglamong | sigra bubar tan pamit kondure | wus anitih kuda cinamêthi | panandêr kapati | kang angiring kantun ||

18. sampun prapta ing dalêmirèki | lajêng mring paturon | pan kalangkung kasmaran galihe | sang dyah rara kaciptèng ing ati | tan kêna abukti | tansah nglayung-nglayung ||

19. êmban inya garjita ing ati | mulat ing sang anom | datan kêna adhahar asare | wus kaduga kang dadi prihatin | ni êmban agipih | dhatêng eyangipun ||

20. tan asuwe prapta nêmbah aglis | Surabaya kang wong | nikèn êmban anangis ature | êmban matur marang sang dipati | wayah dika nênggih | tansah lênglêng mangu ||

21. pan kasmaran wingi aningali | sang dyah ayu kaot | Wirarêjan pawèstri ênggone | sêngsêngkêranira[3] sri bupati | asaling pawèstri | ing Surabayèku ||

22. putranira Mangunjaya nênggih | pinundhut sang katong | pan puniku kang dados galihe | wayah paduka tan kêna guling | tan kêna abukti | mangke maksih mujung ||

23. jêng pangeran kagyat miyarsèki | aturing pamomong | pan kewuhan sajroning galihe | saking jrihe marang sri bupati | dyan sang ratu pêkik | manahe anglampus ||

24. dene kang wayah anandhang brangti | atêmahan nglamong | dêdimène ingsun [ing...]

--- 1: 30 ---

[...sun] lampahane | nadyan dukaa sri narapati | tumêka ing jangji | pan ingsun wus sêpuh ||

25. putuningsun aja kongsi brangti | atêmahan nglamong | ingkang garwa ingandikan age | sampun prapta ngarsa ingkang rayi | sang dipati angling | payo padha labuh ||

26. apan iya mas putu dipati | kedanan wong wadon | apan sang nata sêsêngkêrane | mêngko padha labuh pati iki | kang garwa nuruti | kinanthi kang putu ||

6. Kinanthi

1. sang dipati alon muwus | acawisa tandhu joli | kang kinèn sigra lumampah | tandhu joli wus cumawis | sang dipati lumaksana | kang para garwa angiring ||

2. para garwa nitih tandhu | pawongan lumampah ngarsi | tan kawarna lampahira | kawirarêjan wus prapti | kang tunggu lawang tumingal | yèn ratu pêkik kang prapti ||

3. sampun matur gustinipun | Ki Wirarêja agipih | amapag ing paregolan | Ki Wirarêja tur bêkti | Ki Wirarêja têtanya | paduka pinarak ngriki ||

4. kula aturi tumanduk | ing wisma kawula gusti | wus malêbu sakalihan | miwah sêlir para nyai | sami lumêbêt sadaya | wus prapta sami alinggih ||

5. sang adipati amuwus | Ki Wirarêja nak mami | prapta manira ing anak | arsa pitutur sirèki | nênggih putra pakênira | kae putu mas dipati ||

6. pan mangke agung awuyung | satêkanipun ing ngriki | ing mangke karsa manira | yèn sêmbada lan sirèki |

--- 1: 31 ---

gêgadhuhan pakênira | rara kênya ingkang adi ||

7. pan ing mangke ta puniku | sun jaluk tambaning agring | yèn ana dukaning nata | katêmua ngawak mami | nadyan nêmahana pêjah | manira ingkang nglakoni ||

8. Ki Wirarêja amuwus | punika nênêdha kami | paduka adarbe karsa | amundhut dhatêng pawèstri | kawula anuwun duka | ajrih dhatêng sri bupati ||

9. punika pan sampun katur | mila ginadhuh ing kami | kariyin dèrèng diwasa | ing mangke sampun birai | pan angantos kalamăngsa | benjang katur ing sang aji ||

10. paduka karsa amundhut | dhumatêng èstri puniki | dados punapa kawula | katura dhatêng sang aji | mendahane ingkang duka | kawula dipun pêjahi ||

11. ratu pêkik pan anjêtung | kewuhan sajroning galih | miyarsa ing aturira | Wirarêja ambênêri | sang adipatya kèwêtan | tumulya dènira angling ||

12. Ki Wirarêja nak ingsun | bênêr saking ing sirèki | yèn ana dukaning nata | manira kang anaguhi | sun asung singsim mring sira | manawa bêndu sang aji ||

13. intên kalih rêgi nyèwu | kalawan dhuwung kêkalih | manira lila mring sira | aja malang-ati maning | kewuhan ing manahira | ni ratu pêkik sira ngling ||

14. Wirarêja anak ingsun | ing benjing wruhanirèki | ajrih dukane sang nata | manira iki nangguhi | pan manira datan salah | anjaluk marang pawèstri ||

15. ing sabênêr-bênêripun | iku ta wêwêngkon mami |

--- 1: 32 ---

wong têka kasurabayan | pantês putu kang darbèni | para garwa sigra ngucap | maring rabine ki bèi ||

16. nimbok mantu ingsun asung | kancana kalawan picis | iki ta ingkang busana | ingsun asung ing sirèki | rabine Ki Wirarêja | suka tyasira ningali ||

17. sêsotya tinampan sampun | pan sarwi mojar mring laki | kiyai kadi punapa | mênêng-mênêng datan wani | andika darma punapa | apan wontên anangguhi ||

18. lawan bênêr ujaripun | nênggih ingkang andarbèni | pan olèhe Surabaya | wêwêngkone kangjêng gusti | layak kalamun kagarwa | marang pangeran dipati ||

19. măngsa dukaa sang prabu | yèn pangeran ingkang ngambil | wingi ingsun amiyarsa | pangeran tinari krami | mêngko ta kayogyapara | ana kang dipun karsani ||

20. nadyan ta dadosa bêndu | pan ana ingkang nangguhi | punika karsa manira | sang rara katura mangkin | gènira brăngta angarang | malara dadia jampi ||

21. Ki Wirarêja wus kenyut | kagunturan mring kang rayi | sang rara sigra ingundang | wus prapta ngarsanirèki | sigra ingkang para garwa | sang rara sampun kinanthi ||

22. ki adipati amuwus | putranira èstri iki | wruhanira anak ingwang | dadi orêging nagari | dadi dukane sang nata | yèn sisip ambêbayani ||

23. wus sun jarag yèn alabuh | pati sêdyaningsun iki | putuningsun waluyaa | tulusa wibawa mukti | ingsun anglakoni lara | tumêka ing lara pati ||

--- 1: 33 ---

24. pasthi sang nata abêndu | Wirarêja putra mami | sira besuk kasêrakat | kadukan marang narpati | nanging wus karsaning Suksma | apan tan kêna gumingsir ||

25. dhuh anak pamit katèngsun | Ki Wirarêja tur bêkti | sang dyah rara wus kabêkta | tinitihakên ing joli | Pangeran ing Surabaya | wus bubar lampahe aglis ||

26. lampahira wus ambanjur | ing kadipatèn wus prapti | malêbêt sang adipatya | ingiring kang para rabi | sang dyah kênya wus binêkta | dhumatêng sang adipati ||

27. duk panggih sang rajasunu | pangeran ngandika aris | mas putu aja gung brăngta | manira angsal jêjampi | ingkang dadi brangtanira | rara kênya ingkang adi ||

28. lah ta nyawa putuningsun | pangeran suka ing galih | sang rajaputra kasmaran | tumingal sang dyah kang adi | manahe tanpa rerehan | kang eyang sampun udani ||

29. lah ta nyawa putuningsun | aja sira walang-ati | yèn ana dukaning nata | manira ingkang nangguhi | tumêkaa lara pêjah | manira ingkang nglakoni ||

30. kang wayah matur anuwun | sarwi sira awotsari | Pangeran ing Surabaya | alah ta ingsun amulih | karia pêpangantenan | sigra bubar sang dipati ||

31. sampun rawuh dalêmipun | kawarnaa ingkang kari | rajaputra ing Mataram | nulya sinambut sang dèwi | binêkta marang paprêman | sang dyah ayu pongah-pangih ||

32. sang rajaputra angungrum | dhuh mas mirah ingsun gusti | kawula atur uninga | lami [la...]

--- 1: 34 ---

[...mi] kawula ningali | wong ayu marang ing sira | tan kêna dhahar lan guling ||

33. sadina-dina gung wuyung | mung sira ingkang kaèsthi | mung ing mangke ngrasa gêsang | apanggih lan sira gusti | lir kadi katiban wulan | sêdhênge purnamasidhi ||

34. sang dyah ayu aris matur | mênawi botên sayêkti | sampun wantune wong priya | yèn darbe karsa ing èstri | lamun dèrèng kalampahan | basanipun sanggup asih ||

35. yèn katutugan ing kayun | aglis mungkur kadi gangsir | punika kawula mirsa | lumrah ujare mung lamis | wontên priya kangkahana | nging milih kakung kang yêkti ||

36. angandika rajasunu | adhuh arèningsun gusti | bênêr kaya ujarira | katêmu ujaring jalmi | mungguh ingsun ta mas mirah | têka andêlên mas yayi ||

37. olèha timbil sagunung | kithinga tanganku kalih | tumulya angling sang rêtna | atur kawula ping kalih | yèn tulusa awak ingwang | sayêktine dika gusti ||

38. dhingin apan sampun katur | ing rama paduka aji | ing mangke kangjêng pangeran | akarsa dhatêng ing kami | mênawi duka sang nata | kawula dipun pêjahi ||

39. rajaputra nulya ngrangkul | tur sarwi ngaras panêpi | arum ingkang pangandika | adhuh ta mas mirah yayi | mênawa duka jêng rama | apan nora sun singgahi ||

40. nadyan tumêka ing lampus | wong kêkalih anglampahi | rajaputra angrêrêpa | sarta dhatêngakên kapti | angungkih padoning wastra | sang dyah tangkis sarya angling [a...]

--- 1: 35 ---

[...ngling] ||

41. dhuh pangeran lae sampun | andika arsa punapi | tangane agurayangan | sang kakung ngaras sarya ngling | adhuh mirah ingsun nêdha | kang dadi usada agring ||

42. yêkti ingsun mati wuyung | yèn sira tan anjampèni | yêktinipun pêjah ngarang | yèn sira tan tulus asih | kalangkung dènnya ngrarêpa | sang dyah ayu wus kagimir ||

43. kagunturan ing pangungrum | sang dyah sampun kapadhan sih | sang kakung nêkakkên karsa | tutug gènnya karon-rêsmi | sarêng wayah byar raina | sampun bêdhah kutha Mêsir ||

44. tan kawarna lamènipun | rajaputra langkung asih | kalihan sami katrêsnan | ri sampunira alami | sang nata andangu sang dyah | katur yèn sampun apanggih ||

45. kalawan sang rajasunu | mila kalampahan panggih | Pangeran ing Surabaya | punika kang anyagahi | sang nata kalangkung duka | dene sang anom wus panggih ||

7. Sinom

1. sri narendra ing Mataram | kalangkung dènnya aruntik | mring kang Paman Surapringga | kumêjot padoning lathi | narendra ing Matawis | saya kagugu karuhun | Pangeran Surabaya | ingkang ngaturi rumiyin | ingkang sata bêkisar dhatêng sang nata ||

2. sri narendra ing Mataram | dukanira andhatêngi | mring kang Paman Surabaya | malah sampun dèn pêjahi | sanak putu tan kari | cacahe wong patang puluh | kang sami tinêlasan | dening prabu ing Matawis | kang tumingal sadaya angêmu waspa ||

3. dene ta nora kayaa [ka...]

--- 1: 36 ---

[...yaa] | dosane nêmahi pati | Ki Ngabèi Wirarêja | dinukan dening narpati | sarayate tan kari | kinesahakên sang prabu | dinokok Pranaraga | lami-lami dèn pêjahi | Wirarêja dening prabu ing Mataram ||

4. ênêngêna kacarita | jênênging Prabu Matawis | owah lawan kuna-kuna | apan nora kadi mangkin | anggêlarakên mangkin | wêsi asate kêlangkung | kathah alap-alapan | para mantri lan bupati | atanapi wau kang para santana ||

5. samya angrês manahira | sagunge wadya Matawis | dalajad nagara rêngka | akathah ingkang winarni | grahana surya sasi | ing dalu lintang kumukus | obar-abir limunan | udan awu andhatêngi | pan akathah dalajad nagara rêngka ||

6. akathah prabawanira | guntur kang ardi Marapi | ladhu mili alorodan | udan awu akèh prapti | awu wêdhi karikil | singa dèn tarajang lêbur | rug pal dening pawaka | giris ingkang aningali | kang satêngah nyanane banjur kiyamat ||

7. ya ta wau kawarnaa | Pangran Dipati Matawis | kang amukti awibawa | kinudang dening rama ji | anggêntosi rama ji | para putra ing Matarum | nadyan silih akèha | tan kadi pangran dipati | trah kusuma ambêk adil paramarta ||

8. angapura ing wong dosa | amêmuruk ing wong sisip | budine amênyan kobar | Pangran Dipati Matawis | pan sagêd angecani | manah ingkang mudhapunggung | sakèhe wong Mataram | apan suka

--- 1: 37 ---

sadayèki | samya suyut sadaya sami katrêsnan ||

9. Pangran Dipati Mataram | lagya amangun wiyadi | sasedane ingkang eyang | kang dadi rudahing galih | Pangran Surabayèki | tan gêdhe ing dosanipun | kongsi tumêkèng pêjah | sanak putune tan kari | sinedanan alun-alun ing Mataram ||

10. lan malih para santana | para satriya bupati | tan ana eca kang manah | sajênênge sri bupati | nanging pangran dipati | kang tansah ingayun-ayun | prayoga jumênênga | narenda anèng Matawis | pra santana Mataram rêmbag sadaya ||

11. nanging Pangran Adipatya | langkung èwêd jroning galih | dene ta maksih kang rama | jumênêng anèng Matawis | paran ta gon angêndhih | marang rama sang aprabu | mendah ta loking jaman | nagri liyan angraosi | dene mêngsah anak kalawan sudarma ||

12. para dipati Mataram | apan tansah angulari | ingkang kinarya warana | lawan kang prawira sêkti | watara kang kuwawi | angrèh nagara Matarum | nanging ta dèrèng angsal | kang karaos dadi galih | miwitana iya anênêlukêna ||

13. pangran ngandika ing nala | tan ana prayoga malih | kajaba eyang Kajoran | ingsun karya aling-aling | dene prakosa sêkti | lawan sangêt tapanipun | eyang Pangran Kajoran | ingsun watara kuwawi | ambêdhaha iya nagara Mataram ||

14. dipati anom ngandika | apan kinèn animbali | lêlurahira têtiga | ingkang aran Kyai Sêndhi [Sê...]

--- 1: 38 ---

[...ndhi] | Pranataka sawiji | Andangkara sisihipun | wus prapta ing ngayunan | ngandika pangran dipati | alah sira dèn padha kaparèng ngarsa ||

15. dèn bisa sira sun duta | aturêna surat mami | marang eyang ing Kajoran | poma sira ingsun wêling | sira konên mariki | matura sun duwe rêmbug | mring eyang ing Kajoran | Pranataka matur bêkti | Andangkara sampun atămpa nawala ||

16. kalihnya atur pranata | lumèngsèr ngarsaning gusti | lampahnya agêgancangan | kalangkung dening adhêmit | tan kawarna ing margi | ing Kajoran sampun rawuh | sira Ki Pranataka | apan sampun kintun wêling | inggih dhatêng sira Panêmbahan Rama ||

17. kalamun wontên kang duta | Pangran Dipati Matawis | apan mawi bêkta sêrat | Pangran Kajoran agipih | têdhak dènnya alinggih | arsa manggihi têtamu | pan sampun tinimbalan | malêbêt kang duta kalih | pan ingawe kinèn marêka ing ngarsa ||

18. sampun alênggah satata | Andangkara matur bêkti | lampah kawula punika | dinuta ing kangjêng gusti | Pangeran ing Matawis | kinèn marêk sang aulun | angaturakên surat | Pangran Kajoran nanggapi | tan antara nawala nulya binuka ||

19. sinuksmèng sajroning nala | pèngêt bêbukaning tulis | ingkang sêrat Jêng Pangeran | Dipati Anom Matawis | kaatura pun kaki | Kajoran ingkang linuhung | sampun kadya punika | andika kula aturi | datan wontên madhangêna tyas kawula ||

20. sira Panêmbahan [Panê...]

--- 1: 39 ---

[...mbahan] Rama | mênggah-mênggah sarya angling | kayaparan ingkang karsa | Jêng Pangeran ing Matawis | manira tan andugi | kang sêrat pasêmonipun | dene ngong tinimbalan | datan kawarna wus kering | Jêng Pangeran Kajoran dhatêng Mataram ||

21. datan kawarna ing marga | ing kadipatèn wus prapti | pra nata katur uninga | ing Pangeran Adipati | yèn kang eyang wus prapti | Pangran Kajoran puniku | aris dènnya ngandika | Dipati Anom Matawis | alah mara nuli sira timbalana ||

22. apan sampun tinimbalan | Pangran Kajoran wus prapti | sampun atata alênggah | lawan Pangran Adipati | pan wus panggih pribadi | kang abdi sami tindhung |[4] kantun Ki Andangkara | Kyai Sêndhi kang satunggil | katigane kang wasta Ki Pranataka ||

23. Pangran Dipati Mataram | dènnya angandika manis | mring kang eyang ing Kajoran | mila manira aturi | arsa agunêm pikir | lawan andika yèn rêmbug | nagari ing Mataram | lamine tan kadi mangkin | sami risak manahe wong ing Mataram ||

24. tan ana eca kang manah | para santana bupati | dene bupati Mataram | beda lan kang dhingin-dhingin | mila dika ngong tari | lawan dika yèn arêmbug | karsane wong Mataram | santana para bupati | pan manira jinunjung dados narendra ||

25. anggêntènana ing rama | jumênênga ing Matawis | nanging manira kèmêngan | dene ta punika taksih | jênênge rama aji | mendah ta pocapanipun | lamun kongsi [kong...]

--- 1: 40 ---

[...si] manira | amungsuha ing rama ji | ing Mataram kapriye polah manira ||

26. dene ta bapa lan anak | paduka rêbutan puri | punika merang kawula | mila pun kaki ngong tari | sun karya aling-aling | ing yuda yèn dika rêmbug | angrêbuta Mataram | manira ingkang beyani | kang gêgaman miwah kang rajabarana ||

27. kang karsa dhatêng sandika | sampun dika walang-galih | pangraose manah ingwang | yèn dika siyos ambalik | para mantri Matawis | kadi ta balik sadarum | kantuna botên kathah | kawula kang amangsiti | yêktinipun kenginga sun karya gêlar ||

28. Pangran Kajoran ngandika | lamun kenging kangjêng gusti | dipun samêne ing driya | inggih nagari Matawis | kagungan sang apêkik | lamun seda sang aprabu | pasthi yogya gumantya | liyan pangeran dipati | dipun sabar ing karsa măngsa sandeya ||

29. sampun ta anggege măngsa | pangran dipati mangkya ngling | lah ta kadipundi eyang | dhatêng andika turuti | sun karya aling-aling | anjunjunga lungguh ingsun | Pangeran ing Kajoran | langkung èmêng ingkang galih | de pangeran asangêt panggubêlira ||

30. ya ta Pangeran Kajoran | emut sajroning panggalih | adarbe mantu prawira | anênggih ingkang wêwangi | Trunajaya prajurit | apan ta ingkang sêsunu | sira Dêmang Mêlaya | nênggih kang pêjah rumiyin | aprang lawan Pangeraning Danupaya ||

31. sasedane ingkang rama | Trunajaya mamaksih [ma...]

--- 1: 41 ---

[...maksih] alit |[5] anuli wau kang paman | ing Madura kang gêntèni | pan jumênêng Dipati | Cakraningrat kasihipun | nanging tiyang Madura | tan ana eca kang galih | kang ingarsa-arsa amung Trunajaya ||

32. apan angèngèr kang paman | Trunajaya maksih alit | lama-lama wus diwasa | winastanan angramuhi | ing putrane Dipati | Cakraningrat ingkang sêpuh | mila Ki Trunajaya | akarsa dipun patèni | nanging tiyang Madura kathah kang wêlas ||

33. mila atêmahan gêsang | angungsi pangran dipati | wong kadipatèn sadaya | kang agêng dipun sorogi | mring Cakraningrat nênggih | ya ta pinrih aja katur | mila Ki Trunajaya | ngawula tan antuk margi | ambêlayang sarira kalunta-lunta ||

34. ya ta ing alama-lama | pinêndhêt mantu anênggih | Jêng Pangeran ing Kajoran | sakalangkung dènira sih | wantune wong atapi | Pangran Kajoran wus wêruh | lamun Ki Trunajaya | binatang dadi prajurit | ingkang yogya ngobahakên paksi nila ||

8. Dhandhanggula

1. Pangran Kajoran ngandika aris | yèn makatên gusti ingkang karsa | kawula pituduh bae | kawula darbe mantu | Trunajaya ingkang wêwangi | putranipun Ki Dêmang | Mêlaya kang lampus | lan Pangeran Danupaya | pan punika gusti kalangkung prayogi | kinaryaa warana ||

2. angadêga nèng Madura benjing | dene gusti wirayat kawula | mèh tumêkèng ing jangjine | nagri Mataram sêpuh | apan sampun karsaning Widhi [Wi...]

--- 1: 42 ---

[...dhi] | nagri Mataram rêngka | sirna jênêngipun | inggih nagri ing Mataram | datan gingsir wus pinasthi ing Suksma di | yèn rusak kang nagara ||

3. nanging kantun ingkang amiwiti | benjang lamun gusti ana ika | benjang gusti ing gawene | wikaning sangkanipun | wus pinasthi karsaning Widhi | angrusak ing Mataram | têka jangjinipun | nanging gusti ta kawula | kapiawon dhumatêng ing rama aji | amiwitana karya ||

4. mila kawula akarya wakil | Trunajaya pan wus angawula | pangran dipati dêlinge | kawula ayun wêruh | alah eyang dika timbali | kang aran Trunajaya | tinimbalan sampun | ri saksana Trunajaya | sampun prapta samana ngarsaning gusti | pangran rêsêp ing manah ||

5. Pangran Kajoran ngandika aris | milanipun sira tinimbalan | ing gustimu naking anggèr | tinari sira ewuh | lamun sira kaki abangkit | kinaryaa warana | tumêka ing lampus | sira pan kinon amayang | angawaki iku kinaryaa ringgit | lah iya dèn prayitna ||

6. pangran dipati ngandika aris | iya Trunajaya angringgita | dèn abisa lêlakone | aja krubuhan panggung | dèn awêrit gènira ngringgit | aja narajang pada | nyabêt marang ingsun | upama sira yèn bisa | sira jaba ingsun kang anèng jro puri | parentah wong Mataram ||

7. Pangran Kajoran ngandika malih | ing awayang aja anarajang | karana iku ringgite | aja krubuhan panggung | pasthi sira tumêkèng pati [pa...]

--- 1: 43 ---

[...ti] | Trunajaya wus duga | ing sêmune iku | yèn kinarya lêlampahan | pan sandika kawula datan gumingsir | nadyan tumêkèng pêjah ||

8. anglampahi ayahaning gusti | nadyan lêbura dèn kadi kisma | ingkang abdi upamine | tan garantês sarambut | suka lila tumêkèng pati | Pangeran Adipatya | asuka tyasipun | dene wau amiyarsa | ing sanggupe Trunajaya tan gumingsir | Mataram mungsuhira ||

9. hèh ta Ki Trunajaya sirèki | ing nagara Sampang iku iya | sun têdhakkên ing dhèwèke | nanging ta wêkas ingsun | Trunajaya sira dèn bêcik | ingsun karya warana | dèn sêmu ing laku | lah uwis sira muliha | marang Sampang sira irupa pribadi | sakathahe wong Sampang ||

10. alah sira bêbêga puniki | lamun ana seba mring Mataram | wong Madura sakathahe | dimèn dipatinipun | nèng Mataram seba pribadi | dene parabotira | kang beyani ingsun | ngadêga anèng Madura | nêlukêna pasisir măncanagari | sira amiwitana ||

11. Trunajaya nêmbah nuwun pamit | tan kawarna ing sasolahira | Pangran Kajoran wus mulèh | kalawan putranipun | Trunajaya ingkang wêwangi | arsa mulih mring Sampang | samana wus rêmbug | lawan Panêmbahan Rama | ingkang putra kinèn ngadêga rumiyin | anèng ing Surabaya ||

12. dene benjang yèn kuwur Matawis | ingsun anusul marang ing sira | ing mangke iku ungsume | ing Mataram [Ma...]

--- 1: 44 ---

[...taram] wus sêpuh | wus pinasthi dening Hyang Widhi | sirnane ing Mataram | ing wirayat ingsun | milane sira ngong duta | miwitana pasthi bêdhahing Matawis | dening wadya Madura ||

13. sampun têlas dènira mêmêling | Trunajaya mantuk marang Sampang | kalawan anak rabine | tan kawarna ing ênu | ing Madura pan sampun prapti | Pangeran ing Madura | anèng ing Matarum | wongira mapag sadaya | marang Trunajaya apan sampun prapti | ing dalême kang paman ||

14. datan ana wani amalangi | pan puniku gustinira lawas | ingajêng-ajêng lamine | ramanira karuhun | ing Madura ingkang darbèni | milanipun wong Sampang | sadayane suyut | kadi tan eca kang manah | wong Madura pan iya ingantêp wani | mring Radèn Trunajaya ||

15. iya pira ing lamine mangkin | wong Madura tan seba Mataram | binêbêgan sawarnine | wong Madura sumuyut | marang Trunajaya wus rakit | sêdya mungsuh Mataram | tan kawarna wau | agênti ingkang carita | nênggih wontên palayon sêdya angungsi | saking nagri Makasar ||

16. apan kawon rêbatan nagari | lan kadange mila angawula | kalawan sanak rabine | bêkta wong kalih èwu | Kraèng Naba ingkang wêwangi | lawan prajuritira | aran Buyung Mênur | lawan Panji Karunuban | Dhaèng Walagêni lan Dhaèng Makincing | iku prajuritira ||

17. wantunipun wong kawon ajurit | sangu têlas sami angrêrayah |

--- 1: 45 ---

kawarna wau solahe | wong pasisir misuwur | wong Makasar ingkang ngunggahi | iya sami ngrêrayah | wong pasisir mawut | nagari ing Pajarakan | pan rinayah jroning kitha apan ênting | têpis wiringe têlas ||

18. wong Pajarakan samya angili | anak rabine samya puyêngan | sadaya giris manahe | lan dede bangsanipun | wong Makasar anggêgilani | dene panggêdhenira | amondhok ing Dêmung | wontên pasisir bang wetan | kang kacahak apan sami dèn rayahi | angili apuyêngan ||

19. apan maksih anèng ing Matawis | sira Ngabèi ing Pajarakan | mila suwung nagarine | ya ta ingkang winuwus | sira kangjêng rajèng Matawis | pan lagya siniwaka | wau kang sinuhun | pêpak ingkang para putra | myang santana satriya lan para mantri | andhèr ing pagêlaran ||

20. kang munggèng ngarsanira sang aji | Pangran Dipati Anom Mataram | ajajar lawan arine | Pangeran Singasantun | lan Pangeran Pugêr anênggih | Pangeran Martasana | ingkang munggèng ngayun | anuli para santana | Jêng Pangeran Purbaya samya anangkil | lan Pangran Pringgalaya ||

21. lawan Radèn Tumênggung Matawis | lawan sira Pangeran Balitar | Wiramênggala jajare | Wiratmêja nèng pungkur | Radyan Wirasantana nangkil | lawan Panji Karsula | Wirakêrti ngayun | Tumênggung Mangunnagara | pan pêpakan para bupati Matawis | andhèr nèng pagêlaran ||

22. wadanane

--- 1: 46 ---

wong măncanagari | Darmayuda wau nèng pasowan | apan ta wau kancane | anèng waringin kurung | lawan kancanira bupati | Ngabèi Pajarakan | lawan jajaripun | Naladita ing Caruban | Wirasaba Ki Ngabèi Wiragati | Ngabèi Prabalingga ||

23. ing Gêmbong Ngabèi Wăngsagati | mantri măncanagara sadaya | nèng waringin kurung pepe | kadêngangan sang prabu | angandika natèng Matawis | sapa apepe ika | nèng waringin kurung | matur Pangran Purubaya | inggih abdi paduka sri narapati | Ngabèi Darmayuda ||

24. lan kancanipun măncanagari | sami pepe ing waringin kêmbar | sri naranata dêlinge | maring gandhèk pangayun | timbalana ing ngarsa mami | têtiyang gandhèk gêpah | lampahnya lumayu | nimbali Ki Darmayuda | sakancane agêpah kang dèn timbali | lumayu mamêndhapan ||

25. prapta ngajêngan sri narapati | mukanira konjêm ing pratala | kang sowan sumuyut kabèh | ngandika sang aprabu | apa sira pèpèkkên niki | Darmayuda tur sêmbah | kawula anuhun | angaturkên pêjah gêsang | saking tiwas kawula têngga nagari | ing tampingan bang wetan ||

26. wontên mêngsah Makasar nginggahi | watawise tiyang kalih nambang | pun Galèngsong pangajênge | langkung dènira rusuh | angrêrayah ing têpis wiring | nagari Pajarakan | kang rinayah gêmpur | abdi paduka puyêngan | kang abăngga sadaya dipun pêjahi |

--- 1: 47 ---

ingkang nutut rinayah ||

27. risak abdi dalêm têpis wiring | inggih tiyang Makasar punika | wontên Dêmung gêgêdhene | kawula nuwun bêndu | kadospundi karsa nêrpati | sang nata ing Mataram | angandika arum | yèn mangkono Darmayuda | lah sakèhe wong măncanagara aglis | padha sira muliha ||

28. alah sira papaga tumuli | mungsuh Makasar kang lagya prapta | wong wetan kêrigên kabèh | angluruga ing Dêmung | iya ingsun wèhi têtindhih | Si Karsula mênyanga | nindhihana laku | prange wong măncanagara | anggawaa mantri panumping lan bumi | sèwu lan numbakanyar ||

29. wontên lêlurahing saragêni | Ki Ngabèi Wăngsadipa ika | ya ta ingandikan age | sampun jinunjung lungguh | pinatêdhan sira nagari | ing Japara punika | nulya kinèn mantuk | anakmu sira gawaa | Si Ngabèi Jagapati aja kari | lawan Jagamênggala ||

30. iya kalawan Si Ragagati | lah milua marang ing Japara | dene lêlungguhmu dhewe | lah wèhêna adhimu | pan Si Tanumênggala iki | tunggua ing Japara | saragênènipun | Si Gunturgêni mèlua | lan Si Gulu gawaa bêdhil tumuli | iya maring Japara ||

31. lawan lêlurahe wong pasisir | Mangunnagara sira gawakna | marang Japara sakèhe | dêdimène atugur | ing Japara dèn ngati-ati | ya ta sri naranata | samana wus kondur | lumêbu ing dalêm pura | kang asowan luwaran [luwara...]

--- 1: 48 ---

[...n] ing păncaniti | mantuk marang ing wuntat ||

 


tapêl. (kembali)
angraos. (kembali)
sêsêngkêranira. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang abdi sami tinundhung. (kembali)
Lebih satu suku kata: Trunajaya maksih alit. (kembali)