Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 09-16)

Judul
Sambungan
1. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 01-08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 09-16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 17-22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 23-29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 30-36). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 37-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 41-44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 45-46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 26-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

9. Pangkur

1. orêg wadya ing Mataram | pan ing Taji gènira mêpêk baris | wong măncanagara kumpul | gêgamannya malatar | wong ing măncanagara wadananipun | Darmayuda Pasuruan | wau kang dadi têtindhih ||

2. para bupati bang wetan | sadayane sami wisma Matawis | anèng ing Taji akumpul | lawan sabalanira | ambêranang awarna-warna dinulu | Adipati Pasuruan | kalawan Dipati Bangil ||

3. gêgaman sampun malatar | yèn sinawang kadya prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katub ing samirana | kadi ombaking samodra yèn dinulu | gêgaman awarna-warna | kadi kang prawata sari ||

4. gêbyaring sanjata lanang | kadya kilat yèn tinon angajrihi | bêndhe tinêmbang angungkung | angrok swaraning bala | kadya gêrah kriciking watang atarung | asrang gadêbêging bala | kadi udan sinêmèni ||

5. ya ta wau kawarnaa | pan Ki Panji Karsula kang nindhihi | tiyang Japara pan kumpul | iku santananira | kiya panji saking Japan asalipun | mila nagari ing Japan | sinungakên ing sang aji ||

6. lan dadi wadananira | wong panumping ingkang sapalih iki | ya ta asiyaga sampun | sadandanan ngayuda | ya ta kapal agêm kinakapan sampun | kang bala umyang sauran | gumuruh kang saos sami ||

7. lagya apamit kang garwa | para putra kabèh [ka...]

--- 1: 49 ---

[...bèh] sami anangis | apan samya kêdah tumut | ing rama mangun yuda | ingkang rama tan suka tansah angimur | mring putra myang para garwa | Panji Karsula mangkya ngling ||

8. lah uwis padha karia | dipun pênêd iya sapungkur mami | kaya ingsun nora mantuk | yayi pangrasaningwang | lamun ingsun yayi tumêka ing lampus | ingsun titip putranira | dene iku maksih alit ||

9. kang garwa matur karuna | mila dika kiyai andarbèni | pangandika kang kadyèku | dene sêdya kawula | muga dika tulusa angawu-awu | ingsun tan sêdya ngawula | liyane saking kiyai ||

10. Panji Karsula ngandika | apan uwis ingsun karasa ngati | mungsuh iki ingkang rawuh | kalangkung dening awrat | apan ingsun pinitayan ing sang prabu | ingsun kinèn nindhihana | prange wong măncanagari ||

11. yèn tan angêntasi karya | yêktinipun ingsun tan sae mulih | tan kawarna solahipun | samana sampun bubar | kang tinilar sami karuna gêng wuyung | sira Ki Panji Karsula | bubar kang bala angiring ||

12. tiyang sèwu maos-anyar | wong bumija kalawan wong panumping | gêgaman abra dinulu | kadya prawata sêkar | tan kawarna ing Taji pan sampun rawuh | têmpuk gêgaman Mataram | kalawan măncanagari ||

13. pêpak kang para niyaka | sakathahe prasamya rêbut pikir | Panji Karsula amuwus | nêdha sami arêmbag | sampun wontên padudon punika laku | lah

--- 1: 50 ---

nêdha pinatah-patah | pangawat kanan lan kering ||

14. ing mangke rêmbag kawula | Ănggajaya dadi pangawat kering | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Magêtan Kaduwang lawan Madiun | ing Waru lan Garobogan | dadia pangawat kering ||

15. dene kakang Darmayuda | anèng kanan iya dadi têtindhih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong Garêsik punika sawarnènipun | sarênga lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||

16. kang dadi cucuking yuda | wong Kadhiri lawan wong Pranagari | wong Wirasaba puniku | kalawan Kartasana | benjing têmah aja na mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing rana | sosogên têka ing wuri ||

17. manira kang dadi dhadha | kang sun kanthi amung wong ing Matawis | sadaya sami arêmbug | ingkang para dipatya | enjing bubar kang bala umyang gumuruh | asrang lan kriciking watang | kadi udan sinêmèni ||

18. untabe ingkang gêgaman | yèn sinawang kadya prawata sari | swarane bala anguwuh | ing rowang kadya gêrah | kang gêgaman awarna-warna dinulu | kadi wukir kawêlagar | tanpa wilangan kang baris ||

19. datan kawarna ing marga | nagri Japan samana sampun prapti | atata-tata akumpul | sami prayitnèng baya | wus satata sigra laju marang Dêmung | nulya ngantêp ing ayuda | kang wadya kagiri-giri ||

20. ya ta wau kawarnaa | wong Makasar sampun midhangêt warti | yèn wong Mataram [Matara...]

--- 1: 51 ---

[...m] kang rawuh | kêrigan wong bang wetan | pan sumêdya amêrangi wong ing Dêmung | wong Makasar amalatar | tan sêdya mundur ing jurit ||

10. Durma

1. wong Makasar wus samya bêbiting sira | balowartinya inggil | wus prayitnèng baya | watara kalih nambang | wong Makasar anginggahi | pan akêkitha | anèng Dêmung arakit ||

2. Raja Glèngsong ngandika maring santana | aran Dhaèng Makincing | lah ta wong Mataram | iya wartane prapta | anglurugi ingsun iki | apan sun sêdya | anggêcaka mring mami ||

3. ya ta Dhaèng Makincing ing aturira | èstu ujaring warti | tiyang ing Mataram | lawan măncanagara | sumêdya gêcak mariki | kadya mèh prapta | amapag ing ajurit ||

4. Raja Glèngsong alon dènira ngandika | iya bapa abêcik | lamun wong Mataram | amapaga maringwang | yèn muliha awak mami | marang Makasar | kalangkung dening isin ||

5. angur ingsun matia ana ing Jawa | oraa sae mulih | angur ngong lajua | aja tanggung ing lampah | sun bêdhahe ing Matawis | angur matia | mulih tan angsal kardi ||

6. lah sakèhe wong ingsun saking Makasar | padha sun ajak mati | atanggung ing lampah | payo angur lajua | parandene sira mulih | tan angsal karya | angur matia ngriki ||

7. wong Mataram yèn prapta angantêp yuda | lah papagên tumuli | yèn kakehan lawan | angur sira mundura | sira ngamuka ing wêngi | dimène [dimè...]

--- 1: 52 ---

[...ne] uga | kuwur tangkêping jurit ||

8. sampun rêmbag sakèhing para santana | dyan kawarnaa malih | wadya ing Mataram | sampun sami malatar | sumêdya angantêp jurit | pinaju tiga | gêlare ing ajurit ||

9. magut kilèn wadyabala ing Mataram | kang mêdal saking kering | sira Ănggajaya | lawan sakancanira | ingkang mêdal kanan singgih | Ki Darmayuda | sakancanya ngêbyuki ||

10. kadya gêrah surake wadya Mataram | sami prayitnèng wèsthi | bitinge Makasar | apan sampun anglela | ingulukan lawan bêdhil | suraking bala | lir mêcahêna kuping ||

11. wong Makasar sampun arakit sadaya | anèng sajroning biting | lah payo majua | sira ta wong Mataram | Raja Galèngsong nindhihi | pan sampun mênga | wau lawanging biting ||

12. kadya gêrah surake wadya Mataram | miwah măncanagari | binendrong sanjata | wong Makasar tan obah | têtiyang măncanagari | sarêng umangsah | ing kanan lawan kering ||

13. prit anêba gêlare wadya Makasar | sampun têmpuk ing jurit | nanging wong Makasar | pan kêkathahên mêngsah | bingung tangkêping ajurit | pinaju tiga | sasat krubuhan wukir ||

14. kadar pira kathahe wong ing Makasar | mêngsah măncanagari | pan karoban mêngsah | ya ta wadya Makasar | pêrangira wus kalindhih | mundur sadaya | sêdya aso kariyin ||

15. dènnya pêrang apan dèrèng angsal papan | milanipun kalindhih |

--- 1: 53 ---

pan palayunira | sami ngungsi ing wana | ngalumpuk dadya sawiji | wadya Mataram | surake wanti-wanti ||

16. dene mungsuhira wus musna malajar | wong Makasar wus gusis | samya ngungsi wana | umpêtan nyananira | wus kawus tan angudhili | anggăndra pira | mungsuhira akêdhik ||

17. bitingira nulya sami binêdhahan | pan arsa dèn jarahi | kang samya tinilar | darbèke wong Makasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | ngandika angundhangi ||

18. alah mêngko aja na wong angrêrayah | dene kasaput wêngi | sira antèkêna | iya ing benjang-enjang | sira ambêdhaha biting | yèn besuk siyang | jêr sing duwe wus gusis ||

19. sampun mundur wadyabala ing Mataram | miwah măncanagari | samya masanggrahan | anèng ing ara-ara | dening kasaput ing wêngi | awor akapang | wadyabala Matawis ||

20. sawarnine manahira sami eca | nora duwe kuwatir | dene mungsuhira | sirna sami lumaywa | milane eca kang galih | cucul busana | kuda wus dèn uculi ||

21. tinalawungakên sakèhing gêgaman | mawur têtiyang alit | sami pamondhokan | wênèh angguyang jaran | asuka-suka ing wêngi | ing pamondhokan | tan nganggo dèn ropohi ||

22. kang sawênèh eca dènira anendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Makasar | ingkang angungsi wana | pan sêdya aso kariyin | nora apisah | sabature arakit ||

--- 1: 54 ---

23. wong Makasar taha lamun lumayua | apan sêdya abali | sarencang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | sêdhênge uga | wong Mataram aguling ||

24. apan sami apradandan anèng wana | watara têngah wêngi | Galèngsong ngandika | payo sêdhêng maraa | amukên wong ing Matawis | aja na pisah | barênga ing ajurit ||

25. yèn anêmpuh poma ta dèn babarpisan | aja sira anggopi | angamuka rampak | lah kawusêna pisan | pamondhokanira mangkin | sira obonga | dimèn kuwur wong cilik ||

26. lah tunjangên ingkang pêrak tumbakana | sampun arêmbag sami | anulya umangsah | lan sagêgamanira | samya angamuk ing wêngi | pan pinilihan | têtiyang kang abêcik ||

27. tan akathah wong Makasar kang lumampah | watara kawan dèsi | apan ta sadaya | sami papênêdira | Galèngsong ingkang nindhihi | pan sampun prapta | pondhoke wong Matawis ||

28. wong Mataram sami eca ingkang manah | nora nana kuwatir | wikan ingkang mojar | iki swaraning apa | wong batur pating barêkik | lah oborana | swarane anauri ||

29. ingkang turu mara maring pamondhokan | ya ta nora agênti | nrajang pasanggrahan | wong Makasar asurak | alah amuk wong Matawis | sarta angrunjang | pondhok dipun obongi ||

30. apuyêngan gègère wong ing Mataram [Ma...]

--- 1: 55 ---

[...taram] | dene ingamuk wêngi | pan tunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | pêpati gagap-gagapi | mawur puyêngan | akathah ingkang mati ||

31. tinumbakan dening uwong ing Makasar | nora na angudhili | kang sami sudira | dene tan olèh papan | katunjang miwah kapipit | mila kèh pêjah | wadyabala Matawis ||

32. gègèr gumrah pondhokira ingobongan | katunjang dening api | katunjang kèh pêjah | datan kobêr amapag | kêna gêgaman pribadi | wênèh lumajar | samya arêbut urip ||

33. wong Makasar pangamuke kadi yaksa | lir banthèng tawan kanin | pan kadi sardula | galak amăngsa sarpa | singa katrajang awingwrin | kathah kang pêjah | wadya măncanagari ||

34. pan lumayu samya atilar gêgaman | darbèke tan tinolih | kang lumayu yuda | ingkang mêntas anendra | amung ta arêbut urip | bingung puyêngan | mawut padha sawêngi ||

35. pra dipati antara samya lumajar | tan tolih anak rabi | tinilar ing bala | lir gêrahing kasapta | tan wruh ing kawula gusti | wus byar raina | larut bala Matawis ||

36. sirna gêmpang wau saking pamondhokan | darbèke ingkang kari | pan samya rinayah | dening wadya Makasar | Panji Karsula agiris | pan kuthetheran | tinilar ing wadya lit ||

37. pan kalunta-lunta lumayu mring wana | sampun raina nênggih | mêdal Sang Hyang Surya | nora kêna tinata | wadya sampun [sa...]

--- 1: 56 ---

[...mpun] sirna gusis | sowang-sowangan | kawula lawan gusti ||

38. sira Panji Karsula lajêng mring Japan | lan sawadyanya wingwrin | wong măncanagara | tan amăngga puliha | kawuse kapati-pati | wong ing bang wetan | samya tilar nagari ||

39. wong Makasar ngungsêt sinêdya ing manah | tiyang măncanagari | pan ingêsuk pisan | marang nagaranira | wadya bang wetan atintrim | mungsuh Makasar | kawus manahnya jirih ||

40. samya miris para bupati bang wetan | Pajarakan ambalik | Gêmbong Prabalingga | miwah ing Pasuruan | punika sampun ambalik | ing Wirasaba | Japan sampun ambalik ||

41. tiyang măncanagara miris sadaya | wadanane ambalik | ya ta kawarnaa | Radyan Panji Karsula | anèng Japan sêdhih kingkin | langkung amerang | mantuk mring ing Matawis ||

42. nora wande dukanira sri narendra | măngsa manggiha urip | angrasa yèn tiwas | sira Panji Karsula | lungsêding manah dadya gring | datan akarsa | wau dèn usadani ||

43. kawarnaa Panji Karsula wus pêjah | santananya kang kari | wus atur uninga | mring Sang Prabu Mataram | yèn Panji Karsula mati | wontên ing Japan | nanging tan pêjah jurit ||

44. saundure wau dènira ayuda | mantuk mring Japan nagri | wong măncanagara | sampun balik sadaya | wadanane sampun balik | Ki Darmayuda | tundhuk pasrah nagari ||

45. sarêng myarsa sang nata [na...]

--- 1: 57 ---

[...ta] kalangkung duka | sumung wadananèki | sumuk têkèng jaja | kumêdut têkèng lathya | netya bang mawinga wêngis | asru ngandika | sang nata ing Matawis ||

46. hèh sakèhe wadyabala ing Mataram | padha dandana aglis | wong măncanagara | muliha asiyaga | lumuruga Dêmung iki | sira tumpêsa | hèh poma wong pasisir ||

47. lan si adhi Prawiratruna mênyanga | kang dadia têtindhih | iya pêrangira | wong pasisir sadaya | para mantri ing Matawis | ingkang milua | ngêluk asmara kingkin ||

11. Asmaradana

1. Si Wirabumi ing mangkin | lah iya sira muliha | ingkang dadi kêkanthine | si adhi Wirataruna | lawan Si Pulangjiwa | milua marang ing Dêmung | Si Wirawăngsa milua ||

2. lan Si Panji Wirabumi | lawan Si Suramanggala | lah poma tumpêsên kabèh | wong Makasar ingkang prapta | kalawan wong Madura | pariksanên milanipun | tan seba marang Mataram ||

3. kang ingatag atur bêkti | sang nata alon ngandika | lawan Kumpêni sakèhe | kang tugur anèng Japara | iku sira ajaka | ngalurug marang ing Dêmung | yèn tan gêlêm sirnakêna ||

4. aywa ngrêrubêti pikir | Prawiratruna tur sêmbah | sigra kondur sang akatong | lumêbêt ing dalêm pura | kang sowan aluwaran | tan winarna solahipun | tiyang pasisir sadaya ||

5. wuse sumados pinanggih | anèng nagara Japara | apan iya mantuk kabèh | prasami dandan baita [bai...]

--- 1: 58 ---

[...ta] | miwah ingkang gêgaman | apan sampun sami kumpul | anèng Prawiratarunan ||

6. pan sampun amêpak baris | Radèn Prawirataruna | lir grah kapitu swarane | kang gêgaman wus malatar | lir ombaking samodra | mawarna-warna dinulu | lir pendah prawata sêkar ||

7. sampun siyaga waradin | iya ing Prawiratrunan | apadene piandêle | ing ayuda wus siyaga | miwah para santana | rahadèn ingkang winuwus | apan sampun asiyaga ||

8. lagya pamit marang rabi | tuwin ingkang para putra | rahadèn alon dêlinge | lah uwis padha karia | kalamun awak ingwang | ing benjang tan bisa mantuk | ingsun titip putranira ||

9. dèn bêcik momong kang kari | dèn abisa ingsun tilar | yèn ana galap gampile | sira lawan awak ingwang | ngapura-ingapura | ewuh-aya wong anglurug | manawa tumêkèng pêjah ||

10. pan wus karasa ing ati | mulane ingsun wêwarah | dadya mamêkas mangkono | yêkti ingsun pinitayan | dening sri naranata | angundurkên mungsuh Dêmung | yèn ingsun tan bangkat karya ||

11. ingsun nora sae mulih | lah uwis padha karia | dèn bisa sawuriningong | kang garwa padha karuna | ya ta datan winarna | solahira among wuyung | rahadèn sampun bubaran ||

12. rahadèn nitih turanggi | abra murub busananya | pra janma gumêr swarane | budhal angiring rahadyan | miwah para santana | gêgaman abra

--- 1: 59 ---

dinulu | yèn tinon awarna-warna ||

13. waos benang lawan jinggring | kang cêmêng kumbala badhak | waos sulam lan bung ampèl | kang dadi cucuking yuda | ingkang sanjata lanang | kadya kilat gêbyaripun | gumuruh swaraning bala ||

14. asrang pangriking turanggi | kalawan triciking watang | lir pendah kang samudra rob | lêlayu yèn tinon umyang | katub ing samirana | tan kawarna lampahipun | wus prapta nagri Japara ||

15. arêrêp sakèhing baris | Radèn Prawirataruna | apan ta sampun amondhok | anèng salêbêting kitha | andhèr wadya Mataram | kalangkung dènnya sêsuguh | Ki Ngabèi Wăngsadipa ||

16. pêpak sakèhing bupati | samayan anèng Japara | iya pasisir bang kilèn | pan sampun prapta sadaya | anèng nagri Japara | ing Kêndhal lan Kaliwungu | ing Barêbês Pakalongan ||

17. ing Batang kalawan Têgil | ing Kêndhal lawan Samarang | myang wong Dêmak apadene | ing Kudus lawan Juwana | ing Rêmbang Pajangkungan | pan sampun pêpak sadarum | anèng nagri ing Japara ||

18. pan sami arêmbag pikir | para bupati sadaya | baita sampun sumaos | sampun wontên ing muara | ngêbêki ing samodra | Ki Wăngsadipa sêsuguh | mring niyaka ing Mataram ||

19. sigra angandika aris | Radèn Prawirataruna | lah kadipundi rêmbuge | lah ta kakang Wăngsadipa | prakawis pun Walănda | sawarnine kang atugur | anèng [a...]

--- 1: 60 ---

[...nèng] muara Japara ||

20. pangandikaning narpati | apan kinèn ambêktaa | Kumpêni ing sawarnine | dhatêng ing Dêmung punika | dawêg dika tarosa | kalamun ta botên purun | pangandikane narendra ||

21. kinèn nundhunga tumuli | inggih saking ing Japara | rinaos tambuh gawene | lawan angribêti manah | manawi tan sakeca | Kumpêni ing sêdyanipun | mila mangke winêkasan ||

22. pun Wăngsadipa turnya ris | mring Radèn Prawiratruna | inggih kawula tarose | inggih Kumpêni punika | kadipundi ing karsa | ya ta tinimbalan sampun | ingkang wontên ing muara ||

23. amung têtiga anênggih | Kumpêni pangagêngira | Kapitan Mulkus namane | Kapitan Hendro punika | kopralipun satunggal | kapat juru tulisipun | tan adangu sampun prapta ||

24. ing ngarsaning pra dipati | pasisir lawan Mataram | sami pêpak sadayane | Ki Ngabei Wăngsadipa | aris dènnya ngandika | timbalane sang aprabu | kapitan marang ing sira ||

25. mungsuh Makasar kang prapti | tinêmpuhakên ing sira | pangandikane sang katong | ing sira kinèn dhèrèka | iya marang rahadyan | anglurug marang ing Dêmung | amapaga wong Makasar ||

26. yèn sira datan nanggupi | mapagakên wong Makasar | pangandikane sang katong | sira kinèn lunga aywa | anèng nagri Japara | aja ngrêribêti laku | kaya priye aturira ||

27. kapitan

--- 1: 61 ---

sigra nauri | alah inggih kalêrêsan | pangandikane sang katong | kawula wontên Japara | sêdya asaos karya | kalamun wontêna mungsuh | kawula dipun abêna ||

28. pangandikane sang aji | kawula datan lênggana | ing karsa dhatêng andhèrèk | tan kawarna solahira | dènira pirêmbagan | apan sumêdya alaju | mungkur mring Dêmung nagara ||

12. Pangkur

1. Rahadèn Prawiratruna | wus arêmbag arsa budhal tumuli | laju dhumatêng ing Dêmung | arsa mêdal lautan | wong pasisir amêpak baitanipun | jibêg jêjêl ing muara | baitane wong pasisir ||

2. ingkang anèng palabuhan | kang baita agêng awarni-warni | ya ta kawarnaa wau | sakèhing pra dipatya | sampun sami anumpak baitanipun | sami ambabar bandera | lir sêkar sataman asri ||

3. wadya anêmbang têngara | pra dipati lir udan sinêmèni | găngsa gêng pating carêngkung | rahap yèn piniyarsa | sarêng lawan ombaking sagara nêmpuh | ingkang baita lumarap | ing toya mawarni-warni ||

4. prasamya ambabar layar | bêdhol jangkar layar awarni-warni | saking mandrawa malêtuk | asri yèn tiningalan | tan antara dhatêng anginnya ing laut | baita sarêng alayar | sami ngênêrkên kumudhi ||

5. lir pêksi grudha rêratyan | kang baita alayar ing jêladri | sarêng ngambara malêtuk | sakèhing pra dipatya | pan bandera minăngka têngêranipun | bandera awarna-warna | lir sêkar sataman [sata...]

--- 1: 62 ---

[...man] asri ||

6. yèn piniyarsa lir gêrah | kang gamêlan asrang kombak jaladri | asangêt angin kang rawuh | palwa pating salêbar | saking jêmbar samodra yèn ta dinulu | baita arêbat papan | asangêt katub ing angin ||

7. tan kawarna lampahira | pulo Măndhalika sampun kawuri | angsal angin palwanipun | samodra tan kawarna | katingalan ing samodra tan kadulu | saking kêbating baita | ing muara sampun prapti ||

8. para dipati sadaya | wus pêpakan anèng ing Surabanggi | baitanira atutug | anèng ing palabuhan | pra dipati andhèr pamondhokanipun | Radèn Prawirataruna | kinêpung dening pasisir ||

9. têtiyang ing Surabaya | sami suka manahira tan sipi | ngrasa têtêp manahipun | langkung sêsuguhira | marang Radèn Prawiratruna sumuyut | tiyang pasisir sadaya | pradandanan Surabanggi ||

10. Radyan Prawirataruna | tansah dana mring bala agung alit | arta busana pan agung | miwah pra santananya | pan kinulawisudha sadayanipun | tiyang Prawiratarunan | suyude pan lair batin ||

11. tanbuh kang winalêsêna | pan kawratan dening dananing gusti | kang wadya sadayanipun | ngajak têmpuh ing yuda | pan ing kono iya gon ingsun anaur | ing dananing gustiningwang | sun nauri lara pati ||

12. pêpak kang para niyaka | wong pasisir samya agunêm pikir | Prawirataruna muwus | marang para niyaka | kadipundi [kadipu...]

--- 1: 63 ---

[...ndi] ing karsa dika ngong tantun | aprakara ing Madura | lah kadipundi ing pikir ||

13. tan aseba mring Mataram | wus sawarsa malah punjul ing mangkin | manira iki ingutus | anèng ing Surabaya | wong Madura siji tan ana kang muncul | pangandikane sang nata | kinèn mariksa rumiyin ||

14. nêdha mangke ingutusan | karuhane yèn ala lan yèn bêcik | para bupati wus rêmbug | kula miyarsa warta | Trunajaya ambêbêg sadayanipun | mila tiyang ing Madura | tan sowan marang Matawis ||

15. yogya nuli ingutusan | karuhane sampun ngribêti pikir | ya ta rahadèn amuwus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan suratipun | paringna Ki Trunajaya | ing Sampang kang anunggoni ||

16. utusan sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surabanggi | ya ta wau kang winuwus | sira Ki Trunajaya | apan lagi punika anèng ing Dêmung | pan sampun eca ing rêmbag | lan Raja Galèngsong singgih ||

17. mulane Ki Trunajaya | tan atunggal ngadhêpi kang nagari | bokmanawa wong Matarum | angrusak ing Madura | lan maninge manawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bokongi sing wuri ||

18. kawarnaa kang utusan | sampun prapta Madura kintun wêling | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên anênggih utusanipun | Radèn Prawirataruna | nulya glis dipun timbali ||

19. nanging

--- 1: 64 ---

ta Ki Trunajaya | masang gêlar api-api asakit | utusan gya prapta sampun | lawan maringkên surat | tinanggapan ingasta tinungka sampun | sinukmèng sajroning nala | pèngêt bêbukaning tulis ||

20. ingkang sêrat sira radyan | ya Prawirataruna ing Matawis | sarta salam donganingsun | dhatênga ingkang wayah | Trunajaya ing Madura wiyosipun | timbalane sri narendra | marang pakênira iki ||

21. mulane wong ing Madura | boya seba mring nagri ing Matawis | umarêk ing sang aprabu | yêkti kalamun sira | kang amênging seba marang ing Matarum | apa nyata mangkonoa | iya ujaring pawarti ||

22. lan maninge wong Madura | kinèn ngirit marang sri narapati | angluruga marang Dêmung | anggêcak wong Makasar | sampun têlas kang surat bêbukanipun | angling Radèn Trunajaya | marang duta ing Matawis ||

23. alah ta sira matura | marang eyang nora sêdya angimpi | kalamun ta awak ingsun | ngukuhana Madura | amênginga aseba marang Matarum | saking dedene wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||

24. ing mangke wontên parentah | angêriga tiyang Madura iki | angluruga dhatêng Dêmung | kula dhatêng sumăngga | sampun siyang sanadyan inggih ing dalu | kawula dhatêng sumăngga | kang abdi acaos kardi ||

25. nanging ta badan kawula | datan sagêd apan ta lagi sakit | nanging kang abdi sadarum | manira kon lumampah | rumiyina dene

--- 1: 65 ---

mangke sapungkurmu | wong Madura yèn wus dandan | nusul marang Surabanggi ||

26. ya ta sampun sinambrama | kang utusan pan sampun pinisalin | ya ta anulya tinundhung | duta pamit anêmbah | sampun mentar duta tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Surabaya | apanggih kalawan gusti ||

27. Radèn Prawirataruna | kang utusan matur sarya wotsari | wus katur sasolahipun | ya ta wau rahadyan | sampun wêruh lamun sinonggèng kramèku | rahadyan angunadika | nanging ta dipun ecani ||

28. sok kondura wong Makasar | wong Madura gampang kapanggih wingking | radèn pan sampun arêmbug | sawusira bubaran | sigra nuli amêpêk baitanipun | wong pasisir kadya gêrah | kadya udan sinêmèni ||

29. baita awarna-warna | apadene baitaning Kumpêni | ing laut umyang gumuruh | sami nêmbang têngara | apan sarêng dènnya babar layaripun | bandera sampun binabar | saksana katub ing angin ||

30. lir paksi krêdha rêratyan | apan sarêng angambara mring langit | yèn tiningalan malêdug | sagara kaèbêkan | kèhing layar sing jêmbar ing samodra gung | baita pating balêsar | dene palwane Kumpêni ||

31. winastan baita kapal | pan alayar anèng ing wuri têbih | datan kawarna ing ênu | dènnya layar wus prapta | Panarukan wus minggir baitanipun | tiyang pasisir sadaya | wus samya prayitnèng wèsthi ||

32. wus minggir ponang [po...]

--- 1: 66 ---

[...nang] baita | ênêngêna para mantri pasisir | wau kang anèng ing Dêmung | Galèngsong amiyarsa | lamun tiyang Matawis pan sampun rawuh | kalawan para dipatya | pasisir kêrigan sami ||

33. Raja Galèngsong ngandika | pan pinêpak sakèhing kang prajurit | miwah ta santananipun | sigra sami rêmbagan | wong Makasar sumêdya barêng anggêmpur | lir tigan sapatarangan | Raja Galèngsong mangkya ngling ||

34. lah kakang Dhaèng Marewa | adandana sakapraboning jurit | manira arsa amêthuk | prajurit ing Mataram | dèn prayitna aja na tiwasing kewuh | pan wartane wong Mataram | baitane wus aminggir ||

35. dene ta sêdya manira | ing ayuda sun panggihi pasisir | lawan mêpaka parau | sêsampan lan lanangan | pilihana baita kang kukuh-kukuh | manawa prang nèng sagara | saosa baita alit ||

36. lah dhayungana kewala | ya marmane sun nganggo kang acilik | akêbat wêwatêkipun | lêmbing sira pêpakna | lah manawa kapapag prang anèng laut | padha siwonên kewala | ingsun dhewe kang ngawaki ||

37. sakèhe kang têtêlukan | wonging măncanagara nèng awuri | manawa ambalik kayun | wantu wong dudu băngsa | sira Dhaèng Marewa nulya wotsantun | mundur angundhangi bala | têngara tinêmbang muni ||

38. tiyang Makasar sadaya | wus siyaga kapraboning ajurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Makasar |

--- 1: 67 ---

ngangkah-angkah yèn angarêpakên mungsuh | dèn akadya ge-agea | atêmpuha ing ajurit ||

39. tinitihan kang turăngga | busananya dinulu angajrihi | tan kawarna solahipun | wong Mataram lir yaksa | Radèn Wirataruna sabalanipun | minggirakên baitanya | miwah wadya ing pasisir ||

40. akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir salong ngambang jêladri | miwah ta baitanipun | Kumpêni nèng samodra | amung Răngga Sêdayu kang sampun rawuh | lan Ngabèi Singawăngsa | para prajurit Matawis ||

41. pan sampun prapta sadaya | samya mêntas anèng pinggir pasisir | ya ta asiyaga sampun | sadandananing yuda | pan anggênggêng wong Mataram barisipun | gêgaman mawarna-warna | anèng pinggiring pasisir ||

42. Ki Ngabèi Pulangjiwa | lan malihe Ngabèi Wirabumi | Ki Wirawăngsa anggrêgut | lawan Suramanggala | iya iku para prajurit Matarum | solahe lir wrêdu ăngga | angajak têmpuh ing jurit ||

43. datan adangu sêmana | wong Makasar wau mêtoni jurit | sarta sagêgamanipun | lan bêndhene tinêmbang | wong Makasar angajrihi solahipun | anglir pendah saradula | sêdhênge tan olèh daging ||

44. tiyang Mataram tumingal | tyang Makasar mêtoni ing ajurit | anêmbang têngara sampun | kumrap bala Mataram | wong pasisir apan ta sampun akumpul | mantri Madura malatar | tan ana sêdya ngunduri ||

--- 1: 68 ---

13. Durma

1. ya ta para prajurite wong Makasar | Galèngsong anindhihi | kadya saradula | galak amăngsa sarpa | kadya bajo angajawi | marang ing ngarsa | sarwi angagêm lêmbing ||

2. sigra mara sêsikêpe wong Mataram | sêdya angantêp jurit | ya ta binêdhilan | wong Makasar kang mara | swaraning sanjata muni | lir langit rêbah | mimis kadya garimis ||

3. nora kondur tiyang Makasar punika | pan samya bèr kawanin | sêdyaning ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram anadhahi | têmpuh ing yuda | lir udan sinêmèni ||

4. wong Mataram tan kandhêg sanjatanira | angamuk karo kêris | wênèh lawan tumbak | ingkang katrajang bubar | akathah ingkang ngêmasi | tiyang Makasar | angamuk lawan cundrik ||

5. rencangipun kang sami pêjah ing rana | pan ora dipun tolih | ingidêk kewala | pan lajêng ngamuk sigra | anglir banthèng tawan kanin | wadya Makasar | ebat kang aningali ||

6. wong Mataram ingkang mundur tawan brana | kang katrajang sirnanting | angisis sadaya | sarêng têmpuh ing yuda | tangkêpira ing ajurit | ulêng-ulêngan | lir gabah dèn intêri ||

7. kadi gêrah swaraning bala kabranan | wong Mataram awingwrin | de pangamukira | wong Makasar lir yaksa | datan mundur dèn bêdhili | prajuritira | wong Mataram ngawaki ||

8. Surawăngsa kalawan Suramênggala | Ki Panji Wirabumi | lan Ki Pulangjiwa | sarêng

--- 1: 69 ---

ngangsah ing yuda | santananira ngawaki | kathah kang pêjah | rame têmpuh ing jurit ||

9. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sêndawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | nanging gaman Makasar | pangamuke tanpa tolih | tiyang Mataram | katrajang sirna ênting ||

10. prajurite wong Mataram kathah pêjah | Ki Panji Wirabumi | wus anandhang brana | miwah Suramanggala | undurnya anandhang kanin | pan binabayang | rusak wadya Matawis ||

11. sira Radyan Prawiratruna tumingal | rusake ingkang abdi | dyan mundhut turăngga | lawungira ingêmbat | pan sumêdya angawaki | pan abra muncar | busananing turanggi ||

12. alah iya panêdhaningsun ing Sukma | sun aywa kongsi mulih | marang ing Mataram | matia binandhosa | katura marang sang aji | dilalah uga | rusake ing Matawis ||

13. ingsun aja uning rusaking Mataram | datan bisa nglakoni | ngurbaya matia | anèng têngahing rana | kudanira cinamêthi | sira rahadyan | sumêdya angawaki ||

14. warnanira radyan lir binayang karya | sêmunira awilis | kang para santana | angiring datan têbah | kawan dasa winatawis | pan sêdyanira | barênga angêmasi ||

15. lêlurahe awasta Ki Sewajaya | Sewatruna sawiji | lawan Sewabăngsa | lawan Ki Sewantaka | Jayatruna kang sawiji | iku santana | kalawan Wirakarti ||

16. dyan umangsah sira Prawirataruna | ingkang bala angiring | dyan [dya...]

--- 1: 70 ---

[...n] pangarsanira | sampun têmpuh ing yuda | arame ingkang ajurit | tiyang Makasar | angamuk mobat-mabit ||

17. wong Prawiratarunan arsa mundura | pan katuwukan ing sih | samya pêjah ngajang | samya atatu dhadha | tan ana kang ngucap ajrih | sami palastra | kang wuri maksih wani ||

18. arsa mundur katingal sira rahadyan | mila anêmah pati | anêmpuh ing yuda | gêmpur sami palastra | Sewatruna sampun mati | atatu jaja | Manguntruna akanin ||

19. Wirakarti palastra atatu jaja | rahadyan aningali | yèn wadyanya rusak | apan sami palastra | kudanira cinamêthi | para santana | prasamya aningali ||

20. alah payo kabèh santana manira | pan ingsun ajak mati | ya ta Sewajaya | matur dhatêng rahadyan | sampun paduka ajurit | lamun kawula | gusti maksih aurip ||

21. yèn kawula gusti sampun apalastra | sakarsa dika wingking | kawula tan wikan | angling sira rahadyan | iya sun tarimèng ati | pracayanira | nanging sun milu mati ||

22. dyan umangsah Radèn Prawirataruna | kudane dèn camêthi | ingkang kulawarga | apan datan atêbah | surake karêngèng langit | tiyang Makasar | sarêng maju ing jurit ||

23. ariwutan pangamuke wong Makasar | lir banthèng tawan kanin | atêmpuh ing yuda | panggih sami sudira | tan ana kang ngucap ajrih | pancas-pinancas | samya asilih ungkih ||

24. pan arame dènira prang

--- 1: 71 ---

long-linongan | wong Makasar angungkih | tangkêping ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram akèh mati | balanya radyan | ing wuri maksih wani ||

25. Dyan Prawirataruna têtêg ing yuda | panggih prawirèng jurit | kang santana têlas | mila ngamuk priyăngga | sêdyanira ambêk pati | sira rahadyan | angamuk mobat-mabit ||

26. Sewajaya kalawan pun Sewabăngsa | pan sampun ambêk pati | angamuk manêngah | wong Makasar kèh pêjah | Raja Galèngsong aruntik | ngatag santana | pan angamuk pribadi ||

27. dyan Prawirataruna pangamukira | pan sampun nandhang kanin | kang para santana | tumpês sami palastra | anèng têngahing ajurit | Ki Sewajaya | pan sampun nandhang kanin ||

28. Sewajaya undure atawan brana | linambung ing ajurit | nanging ta rahadyan | pangamuke kotbuta | nanging ta wus nandhang kanin | tan mangapaa | rahadyan maksih urip ||

29. dyan ningali santananira wus têlas | mila sangsaya ngungkih | tiyang ing Makasar | apan akathah pêjah | karepotan ing ajurit | sira rahadyan | kang ngampingi wus ênting ||

30. Sewajaya amêthuk nungkêmi pada | matur sarwi anangis | wus anandhang brana | dhuh gustiku rahadyan | sakathahe wadya sami | matur sadaya | ngantosi wong pasisir ||

31. abdi tuwan santana sadaya têlas | kawula nandhang kanin | taha yèn kawula | ajriha [ajrih...]

--- 1: 72 ---

[...a] ing palastra | awêlas dhatêng ing gusti | sêdya kawula | gusti ngaso kariyin ||

32. lah suwawi gusti numpaka baita | angungsi ing jêladri | gih tiyang Mataram | sampun kuwur sadaya | datan kêna apêpulih | lawan ngantia | gih tiyang ing pasisir ||

33. dyan tinurut saature Sewajaya | kondur dhatêng pasisir | têtiyang Mataram | sami rêbat baita | sawênèh kang bala kari | pating karêngkap | tan antuk baitèki ||

34. wong Mataram kadi gabah ingintêran | sawênèh baita lit | kêkathahên rowang | kèrêm pating kurambang | arêbat palwa tan olih | gêbyur kewala | anglangi ing jêladri ||

35. wong pasisir ingkang anèng ing samodra | awas dènnya ningali | prangira kasoran | tiyang pasisir ika | pating kadhungsang wong cilik | saking jrihira | pan samya rêbut urip ||

36. kaawratên sira palwane rahadyan | pan kêkathahên jalmi | gonjing kang baita | ya ta kèrêm samana | sampun karsaning Hyang Widhi | lamun rahadyan | pan tinagih ing pati ||

37. ting karambang samya anggêbyur kewala | ingkang kasilêp mati | polahing sujalma | apan pating kadhungsang | baita Makasar prapti | adhêdhayungan | baitanipun alit ||

38. gêgamane saligi lawan bangkolang | baita ing Matawis | sami ginayutan | baita ing Mataram | sadaya manahe giris | mêngsah baita | alit datan ngobêri ||

39. wong mataram kathah

--- 1: 73 ---

mati dening toya | pan ajrih sinaligi | baitane rêmak | ya ta sira rahadyan | Prawirataruna maksih | ngadêg muara | wadyanira angisis ||

40. dyan Prawirataruna sampun apasrah | yèn tinagih ing pati | apan ta sumăngga | ing karsaning Hyang Sukma | amicarèng jroning ati | lah ta kantuna | Gusti Sultan Matawis ||

41. dhuh kawula sang nata amit palastra | mangsuli sihing gusti | kawula wus tuwa | lêga ingsun pêjaha | anèng têngahing ajurit | karsaning Sukma | rusak nagri Matawis ||

42. Sewajaya anangis nungkêmi pada | brananya rah umijil | dhuh gusti kawula | ing dunya ing akerat | kawula dadosa abdi | lah kapanggiha | kawula lawan gusti ||

43. angandika Radèn Prawirataruna | ingsun tarima ugi | iya padha-padha | galap gampil manira | sira ngapuraa ugi | singa palastra | ywa na mandhêg tumolih ||

44. Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsaning gusti | angling ta rahadyan | ingsun belani sira | wirang ingsun lamun urip | angur matia | santananingsun ênting ||

45. wong Makasar wau kathah ingkang prapta | rahadyan dèn kêmbuli | wus atawan brana | rahadyan tiba lênggah | wus nyana tumêkèng pati | ingkang karasa | para putra ing wuri ||

46. ya ta wau myang karaos ingkang garwa | dèn bêcik sira kari | sun têmah palastra | anèng têngahing rana | rahadyan kabyat ing kanin | sampun palastra | radèn [ra...]

--- 1: 74 ---

[...dèn] sigra gumuling ||

47. apan arsa tinigas mustakanira | Kumpêni anulungi | minggah saking palwa | tiyang Ambon punika | tiyang Trênate nulungi | sarta sanjata | gêgamaning Kumpêni ||

48. ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kuwawa nadhahi | mimis kadi udan | ya ta tiyang Makasar | lumayu angungsi biting | atangkêb lawang | wong Makasar awingwrin ||

49. wus karêbut layone radèn punika | nuli binêkta aglis | minggah ing baita | pan sampun binandhosa | wau kang palwa Kumpêni | sigra alayar | sadaya pan prihatin ||

50. sakarine wau kang para santana | angiringakên mayit | ya ta kawarnaa | wadyabala Mataram | kalawan wadya pasisir | labuh sadaya | wau anèng jaladri ||

51. datan ana mêntas marang ing dharatan | apan kongsi alami | anèng ing samodra | ya ta apagunêman | Ki Suramanggala angling | Ki Surawăngsa | Răngga Sêdayu nênggih ||

52. lan malihe Ki Ngabèi Surawăngsa | Suramanggala angling | kadipundi kakang | puniki rêmbag dika | anèng têngahing jaladri | tanpa wêkasan | dene prau tan minggir ||

53. tan kuwawi manira katrajang ombak | kadi binanting-banting | lan malihe kathah | ingkang dadya sumêlang | inggih Kumpêni puniki | tan tuhu uga | dene tan angrencangi ||

54. lan malihe wong Sampang wadya Sumêdhang | tan wurung anungkêbi | yèn suwawi karsa | dawêg minggah punika | kali [ka...]

--- 1: 75 ---

[...li] Paeton ingungsi | takon baita | sami mondhok ing kali ||

55. sami rêmbag wau kang para niyaka | Ki Singawăngsa angling | angetan manira | datan arsa dhèrèka | aminggir mondhok ing kali | lêhêng manira | labuha ing jêladri ||

56. wong pasisir ingkang sampun sami rêmbag | sigra layar tumuli | kang para baita | Paeton kang sinêdya | tan kawarnèng marga prapti | sakèh baita | apan sami angranji ||

57. ing Paeton dènira atata-tata | têtiyang ing pasisir | lan tiyang Mataram | baitane anglêmpak | padha alabuh ing kali | sami prayitna | sagung tiyang Matawis ||

58. pan sadaya sami mêntas ing dharatan | baris pinggir pasisir | nging Ki Surawăngsa | maksih anèng samodra | tan tumut labuh ing kali | anèng samodra | sang anom wus alami ||

14. Sinom

1. baya ta karsaning Sukma | wadyabala ing Matawis | apês lan kirang wiweka | baita labuh ing kali | ya ta surut kang warih | akandhas baitanipun | lèpèn Paeton asat | baita tan sagêd minggir | kawarnaa tiyang Makasar kang prapta ||

2. apan ta nora akathah | wong Mataram tan udani | anggêtak sapraptanira | agègèr yayah sinipi | baita dèn obongi | mila sangêt gègèripun | kali Paeton asat | baya karsaning Hyang Widhi | apuyêngan wadyabala ing Mataram ||

3. gêgaman anèng baita | têlas sadaya

--- 1: 76 ---

kabêsmi | sangune apan karêbat | mulane datan ngudhili | wong pasisir angisis | baitane sampun lêbur | dalah têtumbakira | mung dènnya arêbut urip | gêgamane sadaya têlas kabakar ||

4. wus lumayu alorodan | wadya Mataram angisis | Ki Ngabèi Singawăngsa | Suramanggala tan kari | kalulun ing wadya lit | Suramanggala lumayu | têtiyang ing Makasar | solahe anggêgilani | angrêrayah baitane ingobongan ||

5. ya ta wau kawarnaa | solahe wadya Matawis | samya malayu sadaya | dènira ngungsi atêbih | langkung dènnya prihatin | wong cilik samya anjêtung | pan sangunira têlas | raja busanane ênting | pan kabakar anèng sajroning baita ||

6. wong cilik samya lorodan | tan bêtah nora abukti | mila sami kathah minggat | lan pinarag ing pagêring | manahira asêdhih | dene têlas sangunipun | pra sami pagunêman | para mantri ing Matawis | Surawăngsa lawan Ki Suramanggala ||

7. Răngga Sêdayu punika | Singawăngsa wus aminggir | saking samodra wus prapta | Suramanggala mangkya ngling | kadipundi ing pikir | punika ing pênêdipun | wong cilik samya minggat | datan kêlar tan ambukti | sangu têlas kabakar ane[1] baita ||

8. èmênge ati manira | arsa banjêla ing jurit | tambuh kinarya gêgaman | mulane pêgêl kang galih | punika yèn suwawi | lah ingunduran [i...]

--- 1: 77 ---

[...ngunduran] karuhun | dhatêng ing Surabaya | punapa dèn antos benjing | arêmbugan dhatênga inggih Japara ||

9. pan sami rêmbag sadaya | para dipati pasisir | atanapi wong Mataram | saksana bubar tumuli | ênêngêna rumiyin | gantia ingkang winuwus | sang prabu ing Mataram | dukane yayah sinipi | sadhatênge layone sira rahadyan ||

10. Radèn Prawirataruna | kapupu têngahing jurit | antukipun binandhosa | ya ta ingkang para rabi | lara sami anangis | miwah ingkang kantun-kantun | lumayu kapang-kapang | langkung dening kawlas asih | para garwa sami amapag bandhosa ||

11. ya ta wong Prawiratrunan | lir guntur swaraning tangis | sambate angur matia | kang duwe laki prasami | para santana sami | datan ana ingkang kantun | sami tumpês ing rana | lir gêrah swaraning tangis | ana ingkang aniba têmah kantaka ||

12. sêsambate kang karuna | katuwone awak mami | pan dadi răndha nonoman | durung tutug andon rêsmi | ênggon ingsun apanggih | iya pira lamènipun | nuli ingsun tinilar | nulya puwara ngêmasi | kaniaya si jênat ingkang anilar ||

13. ya ta wau kawarnaa | sri narendra ing Matawis | enjang sigra siniwaka | sri narendra èsmu runtik | dènnya mijil tinangkil | pan katawis lingsir bêndu | andhèr ing pagêlaran | para dipati Matawis | samya nangkil Pangeran ing Singasêkar ||

14. lan Pangeran Martasana [Marta...]

--- 1: 78 ---

[...sana] | Pangeran ing Pugêr nangkil | nunggil kang para santana | wau ingkang anambungi | Pangeran Purbayèki | nuli wau jajaripun | Pangeran Pringgalaya | Pangeran Pugêr anangkil | pan ajajar sira Tumênggung Mataram ||

15. lawan Radèn Wiratmêja | Wiramênggala anangkil | Tumênggung Mangunnagara | lan Ngabèi Wiramantri | Pangran Dipati nangkil | sri narendra èsmu bêndu | grapyak dènnya ngandika | sri bupati ing Matawis | mring kang putra Pangran Dipati Mataram ||

16. sira dhewe amênyanga | lan adhimu Singasari | mapaga mungsuh Makasar | dene datan angudhili | tiwase wong Matawis | kang anglurug marang Dêmung | hèh uwakne Purbaya | dika tuwani ing mangkin | atumuta inggih dhatêng putra dika ||

17. lan Adhimas ing Balitar | puniku andika kanthi | Si Arya Pamot milua | lan Si Rajamanggalèki | lawan Si Wirapati | milua marang ing Dêmung | lawan Si Wirajaya | lawan wadya ing Matawis | pratêlunên sira tinggala saduman ||

18. alah poma wêkas ingwa |[2] putraningsun ki dipati | ing Madura ampirana | sira gêmpura ing benjing | Si Trunajaya iki | patènana dipun lampus | iku kang karya ala | mulane wong Sampang iki | pambalike iya têka Trunajaya ||

19. putraningsun Cakraningrat | milua ki adipati | manawa wong ing Madura | ana ingkang maksih eling | sampunira winêling | para dipati wotsantun | marang

--- 1: 79 ---

sri naranata | kang putra wus dèn idèni | dyan Pangeran Singasêkar atur sêmbah ||

20. ya ta kondur sri narendra | malêbêt ing kênyapuri | kang sewaka wus luwaran | wadyabala ing Matawis | samya adandan sami | tan winarna solahipun | enjing nêmbang têngara | sira pangeran dipati | kadya gêrah swaraning wong ing Mataram ||

21. wong kadipatèn malatar | pan sampun mêpak kang baris | sawarnaning kang wahana | pan sampun dèn busanani | anglir hyang-hyang tinulis | gêgaman abra dinulu | wadyabala Mataram | sadaya saos ing gusti | busananya dinulu mawarna-warna ||

22. apan wau abusana | sira Pangran Adipati | dhasare bagus utama | angangge busana adi | prajuritan rinakit | kadya hyang asmara nurun | saking ngendra bawana | tuhu dewaning pawèstri | cahya wênês anglir wulan sasadara ||

23. wau ingkang para garwa | tanapi sêlir kêkalih | kang binêkta wus adandan | lir sêkar sataman asri | busanane kang dasih | kang sami ngayap sang bagus | garwa ingkang tinilar | aturipun amlas asih | arsa tumut anging radèn datan suka ||

24. putrane Ki Mangunjaya | punika dadya kêkasih | arsa tumut ing ayuda | pangeran datan nglilani | wantune wong ajurit | wong ayu mênèk katawur | eman adining sêkar | ingsun dhewe kang nglampahi | dhuh kusuma muktia anèng ing pura ||

25. lah dene măngsa lamia | dhuh

--- 1: 80 ---

ingsun anuli prapti | sun mangke sumêlang sira | babo sang adining sari | dhuh sangonana yayi | layoning siranggo gêlung | kalawan gantènira | sun karya panglipur branti | sun karyane usada alara brănta ||

26. adhuh yayi wus karia | poma ing sapungkur mami | aja ta anahên brănta | sang dyah ayu sêmu tangis | dyan ingaras tumuli | kang rayi ingimur-imur | wus lêjar sang kusuma | kang wadya kinèn ngundhangi | sigra budhal Pangran Dipati Mataram ||

27. mung para sêlir binêkta | marang Pangran Adipati | jajarane amalatar | datan wontên nguciwani | Jêng Pangran Adipati | anitih turangganipun | busana abra muncar | sinongsongan kartas kuning | lajêng budhal ginarêbêg dening bala ||

28. Tumênggung Rajamanggala | kang dadya cucuking jurit | kang lumampah anèng ngarsa | sagêgamanira ngiring | busana warni-warni | atêngêran tunggul wulung | ciri wanara pêthak | bandera palisir wilis | kadya gêlap gêbyaring sanjata lanang ||

29. nuli Arya Pamot sira | sarêng lawan Wirapati | sarta balanya malatar | wong panumping lan wong bumi | dadi cucuking jurit | lumampah anèng ing ngayun | wong sèwu numbakanyar | wong gandhèk dadya pamburi | yèn pinirsa kadya ombaking samodra ||

30. nuli Pangeran Balitar | wau ingkang anambungi | rêspati nitih turăngga | payung agung amarapit | wadyabala angiring | miwah têtabuhan umyung | panurung waos sulam [sula...]

--- 1: 81 ---

[...m] | anuli wong numbak putih | tunggul pêthak aciri dirada mêta ||

31. nuli Jêng Pangran Purbaya | nambungi nitih turanggi | busananya abra muncar | pinayungan kartas wilis | ingkang abdi marapit | prasamya prayitnèng kewuh | dene kang munggèng wuntat | wong satus anumbak putih | munggèng ngarsa tumbak ciri cêcebolan ||

32. tumbak ligan winêgigan | laring badhak abra asri | sawênèh sari manyura | kang sasap sinêlan jinggring | ingkang munggèng ing ngarsi | sanjata lanang bra murub | akulambi sangkêlat | kang ambêkta sami wani | apangiring bandera munggèng ing ngarsa ||

33. nuli Pangeran ing Sampang | wau ingkang anambungi | rêspati nitih turăngga | pinayungan kartas kuning | balanira mung kêdhik | panêdhanira sang prabu | mung tiyang kawan dasa | kang bêkta waos marapit | wong Madura siji tan ana kang prapta ||

34. apan ta sampun alama | gumyure têtiyang alit | Pangran Madura anilar | awit mahanèng Matawis | anuli kang nambungi | Pangran Adipati pungkur | rêspati nitih jolang | para dipati Matawis | busananya dene ta mawarna-warna ||

35. tiyang mamas pitung dasa | kulambi sangkêlat kuning | sinambungan waos sulam | yèn dinulu tinon asri | prasamya udhêng kuning | sinambungan waos biru | sami kulambi seta | nuli ingkang waos jinggring | kang ambêkta sami kulambi sangkêlat ||

36. nuli wau kasambungan | wong satus anumbak [anumba...]

--- 1: 82 ---

[...k] putih | waos cêmêng cêcebolan | kang ambêkta sami wani | têngêrannya rêspati | kang pare anom malêdug | akathah yèn winarna | gamane Pangran Dipati | ana dene kang sumambung anèng wuntat ||

37. Pangeran ing Singasêkar | sabalanira marapit | rêspati nitih turăngga | payung agung amarapit | asongsong kartas kuning | ing ngarsa kuda kinarung | Tumênggung Wirajaya | wau kang dadya pawingking | aprayitna sami angêmu sarkara ||

15. Dhandhanggula

1. kang tinilar samya agêng branti | wênèh ana ngatêrakên marga | rangu-rangu sasolahe | kang duwe laki nglurug | anglir pendah tinilar mati | manahira sumêlang | wênèh ana muwun | aniba ing pagulingan | kang sawênèh ngatêrakên anèng margi | tansah angêmu waspa ||

2. kang sawênèh ana nyênyangoni | muga salamêta ingkang lunga | sun cadhang besuk têkane | sawênèh ana muwus | yèn salamêt lakune benjing | sun kon wayuh sakawan | iku kaul ingsun | kang sawênèh ana ngucap | iku ora kiyai ingsun dhèwèki | jêr ta tinilar lawas ||

3. ênêngêna wau kang lumaris | kawarnaa Radèn Trunajaya | ing Sampang kalerehane | trahing Madura Ratu | kaponakan Arya Dipati | ing Sampang Cakraningrat | Madura ing dangu | anake Dêmang Malaya | pan kamantu Pangeran Kajoran balik | kang nama Madurêtna ||

4. ya ta wau sêsilih kêkasih | sira Panêmbahan [Pa...]

--- 1: 83 ---

[...nêmbahan] Madurêtna | Panatagama arane | wong Surabaya suyut | datan ana wani malangi | tiyang ing Surabaya | sangêt risakipun | kancikan ing wong Madura | wantunipun wong Sampang pan ambêk wani | nora angetung tata ||

5. Trunajaya pan anunggal kapti | lawan Galingsong tiyang Makasar | ing Dêmung pamondhokane | lan sanggup sarêng gêmpur | ing ayuda sarênga mati | tigan sapatarangan | iku janjinipun | kalawan Ki Madurêtna | malah arsa ingambil mantu pribadi | sira Raja Makasar ||

6. ingkang karsa jinunjung narpati | Madurêtna kang ingangkas-angkas | kang sampun tunggil manahe | Trunajaya winuwus | ingkang ngadêg ing Surabanggi | jumênêng Madurêtna | pan sampun misuwur | tiyang pasisir bang wetan | samya wingwrin tan ana purun nyabili | mring Radèn Madurêtna ||

7. pamrihipun têtiyang pasisir | sêdya seba marang Surabaya | Madurêtna narpatine | wong Madura anggrêgut | ing Garêsik wus dèn anciki | suyut tan wani malang | tanapi Sidayu | apan ta sampun kabahak | wus kancikan tiyang Sêdayu awingwrin | seba mring Surabaya ||

8. datan api nagara ing Tubin | wus kancikan dening wong Madura | kalawan ing sarewange | ing Tuban sampun nungkul | nulya Rêmbang dipun anciki | ing Ngasêm alorodan | sadaya sumuyut | ingkang băngga pinêjahan | wong pasisir sadaya sami awingwrin | ingkang nurut tinawan ||

9. samya binakta

--- 1: 84 ---

mring Surabanggi | wong Makasar lawan wong Madura | kadya hèrnawa wadyane | wong pasisir sumuyut | sami seba mring Surabanggi | sira Raja Makasar | apan sampun kumpul | lawan Radèn Madurêtna | kawarnaa sira Pangran Adipati | anom ingkang lumampah ||

10. ing Japara samana wus prapti | samya mondhok anèng jroning kitha | lir grah kapitu swarane | Pangran Dipati wau | masanggrahan griyanirèki | Ngabèi Wăngsadrana | Pangran Singasantun | pondhoke sakidul pura | Jêng Pangeran ing Purbaya pondhoknèki | wontên ing Kalatusan ||

11. dene Pangeran Balitar nênggih | sami mondhok ing Banyularangan | Pangeran Sampang pondhoke | ing jawi kitha wau | wong pasisir bang kilèn prapti | panggihan ing Japara | Kêndhal Kaliwungu | ing Batang lan Pakalongan | ing Barêbês miwah Pamalang lan Têgil | Têrbaya lan Samarang ||

12. ing Dêmak iku sarênge prapti | wong ing Kudus miwah ing Juwana | pêpak Japara kumpule | sampunnya tigang dalu | kawarnaa Pangran Dipati | pan sami pirêmbagan | lan kang eyang wau | Pangeran Arya Purbaya | lawan sagung para santana Matawis | sarta para dipatya ||

13. miwah Pangeraning Singasari | Pangran Balitar lan Pangran Sampang | Pangran Dipati dêlinge | marang kang eyang wau | kadipundi eyang kang warti | têtiyang ing Madura | lan Makasaripun | ngandika Pangran Purbaya |

--- 1: 85 ---

ing wartane wong Sampang anunggal baris | kalawan wong Makasar ||

14. uwong pasisir bang wetan nênggih | samya seba marang Surabaya | mring Trunajaya suyute | Sidayu sami nungkul | ing Garêsik miwah ing Tubin | Rêmbang lan Pajangkungan | apan wus anungkul | tan ana suwalèng karsa | wus kakêlun sadaya sami awingwrin | dhumatêng Trunajaya ||

15. Pangran Dipati graitèng galih | Trunajaya angêntasi karya | iya ta kaya kapriye | wêkasane wak ingsun | lamun mundur anglêlingsêmi | pasthi manira merang | marang sang aprabu | kayangapa solah ingwang | yèn ta durung ana kaananing jurit | mendah ucaping jagad ||

16. ing ayuda arsa sun têmêni | wong Madura ya Si Trunajaya | polahe ingsun kang akèn | èmênge manah ingsun | wantuning wong apulang jurit | yèn wus atêmpuh watang | pasthi merang mundur | pasthine akèh pêpêjah | wong Mataram apan arsa sun wangsiti | merang lamun mundura ||

17. awêkasan Pangeran Dipati | angandika marang ingkang eyang | lah makatên pawartine | lah suwawi ing besuk | binubarna bala Matawis | sami dharat kewala | dèn rêmpêg ing laku | dene sakèhing baita | winawratan sangune tiyang Matawis | kamota ing baita ||

18. sakathahe bupati pasisir | adharata ngiringa maringwang | kalawan sagêgamane | ya ta sami arêmbug | kang santana miwah prajurit | pangeran angandika | mring

--- 1: 86 ---

Răngga Sidayu | aja pisah lan manira | mêsakake iku tinilar wong cilik | miwah Adhimas Sampang ||

19. anaa ngarsa manawa eling | wong Madura marang ing adhimas | padha undhangana kabèh | sakèh bala Matarum | budhalêna ya dipun enjing | lawan Si Wăngsadipa | aywa sira milu | tunggua nagri Japara | lan anake kalawan bala Kumpêni | tugura ing Japara ||

20. ya ta datan kawarna ing latri | enjingira anêmbang têngara | gong bèri gumrah swarane | bêndhe umyang gumuruh | têngarane bubar kang baris | sakèh sanguning wadya | winot ing parau | wus pêpak wadya Mataram | yèn sinawang gêgaman kagiri-giri | kadya prawata sêkar ||

21. tiyang pasisir măncanagari | ingkang dadya cucuking ayuda | anèng ing ngarsa lampahe | dene bala Matarum | wong bumija lawan panumping | wong sèwu numbakanyar | siti agêng wau | samya marapit ing radyan | lan Pangeran Purbaya nora atêbih | kalawan ingkang wayah ||

22. ya ta anglarug lampahing baris | ênêngêna kang lagya lumampah | gêntia winuwus ing rèh | sang prawira ing kewuh | ingkang ngadêg ing Surabanggi | Rahadèn Trunajaya | ingkang ajêjuluk | Panêmbahan Madurêtna | pan pinarak sineba para bupati | wetan kerup sadaya ||

23. atanapi kang pra măncanagri | ing bang wetan kairup sadaya | Ki Madurêtna barise | apan sampun [sampu...]

--- 1: 87 ---

[...n] akumpul | lawan Raja Galingsong nênggih | wong Makasar malatar | sami purunipun | solahe kadi sardula | pan ing mangke wong Sampang pan angsal galih | akanthi wong Makasar ||

24. sira Radèn Madurêtna singgih | sêdyanira pan madêg narendra | sarta lawan panjunjunge | Raja Galingsong wau | ananggupi bêdhah Matawis | mila Ki Madurêtna | langkung trêsnanipun | dhumatêng Raja Makasar | Trunajaya tan kaemutan ing nguni | rèh kinarya lampahan ||

25. Trunajaya pan karsa pribadi | wantu wong ngêmut lêgining gula | kêmanisên arsa dhewe | apan ta datan emut | lamun wontên ingkang akardi | Prabu Anom Mataram | tan kemutan wau | angrasa sampun kuwawa | Trunajaya dene sampun angsal kanthi | Prabu Anom Makasar ||

26. apan sampun wau myarsa warti | yèn Jêng Pangran Dipati Mataram | ingkang anindaki dhewe | lan kang pra kamisêpuh | lawan Pangran Purbaya nênggih | lan Pangeran Balitar | Pangran Singasantun | kêrigan bala Mataram | atanapi pasisir măncanagari | ngalumpuk nèng Japara ||

27. apan sampun bubarakên baris | saking Japara sabala kuswa | Pangran Dipati Anome | kang nindhihi ing laku | Trunajaya sampun acawis | lawan Raja Makasar | sumêdya amêthuk | wong Sampang sampun siyaga | mêpak baris sasolahe gêgilani | miwah ta wong Makasar ||

28. apan sumêdya angantêp jurit | mapan [ma...]

--- 1: 88 ---

[...pan] yudane wong ing Mataram | lir singa lodra solahe | warnanên kang lumaku | Sang Dipati Anom Matawis | kang dadya senapatya | samana wus rawuh | ing ngarsa atata-tata | pabarisan saksana ingangsêg jurit | ing Gagodog sinêdya ||

29. tiyang Madura amapag jurit | lan wong Makasar kadya hèrnawa | apan ta sami purune | sami arêbut dhucung | kaya age atêmpuh jurit | ing Gagodog wus prapta | pan dulu-dinulu | wong Sampang lan wong Mataram | pan sadaya tan ana kang ngucap ajrih | surak ing pawingkingan ||

16. Pangkur

1. mangsah sikêping Madura | yèn sinawang lir banthèng tawan kanin | angajrihi tandangipun | kadi kang singa lodra | rêbut mangsan sadaya pan sami purun | prasamya onclang gêgaman | wong Makasar onclang lêmbing ||

2. prajurite wong Madura | mangku yuda têguh prakosa wani | dene wau sisihipun | aran Dhandhangwacana | anadene kiwa wau sisihipun | kang têngên Ki Wăngsaprana | sami prakosa ing jurit ||

3. iku têtindhihing rana | sigra mangsah lir banthèng tawan kanin | tiyang Makasar akêmbul | kadi kang singa lodra | ing ayuda punika têtindhihipun | awasta Dhaèng Marewa | kalawan Dhaèng Makincing ||

4. mangsah sikêping Mataram | pra wadya kang dadi cucuking jurit | swarane lir gunung rubuh | mimis tiba lir udan | pêtêng dhêdhêt ing payudan kadi dalu | dening kukusing sandawa | awor [a...]

--- 1: 89 ---

[...wor] suraking sujalmi ||

5. nora sangsaya ajriha | wong ing Sampang myarsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh amuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir barêngosipun | pêdhange ingikal-ikal | sarwi ngagêm tamèng bali ||

6. samana pan onclang watang | dyan umangsah sarwi anaut rawis | wong Madura sami purun | rame têmpuh ing yuda | lir andaka wong Sampang pangamukipun | arame têmpuh ing yuda | tan ana kang ngucap ajrih ||

7. wong Makasar dènnya aprang | ngagêm lêmbing tan ana kang ngabêri | prasami asoroh amuk | pan kadi singa lodra | baya silih wus pinasthi ing Hyang Agung | wadyabala ing Mataram | wingwrin tan darbe kuwanin ||

8. pra mantri lan pra satriya | kang prajurit manahe kadi èstri | kêkês tan darbèni purun | ingamuk wong ing Sampang | wong Mataram barise amawut-mawut | akathah ingkang palastra | apan nora angundhili ||

9. rusak wadya ing Mataram | prajurite prasamya angawaki | kang dadya andêling kewuh | Jêng Pangeran Purbaya | anyamêthi kuda sumêdya amagut | ingiring para wadyanya | sarêng mangsah ing ajurit ||

10. Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | lawan Ki Răngga Sidayu | angamuk ambêk pêjah | para mantri Mataram sarêng umagut | dene andêling ayuda | Pangran Purbaya ngawaki ||

11. Tumênggung Rajamanggala | Arya Pamot sarêng mangsah ngajurit | Pangran Balitar [Ba...]

--- 1: 90 ---

[...litar] tan kantun | sarêng ngantêp ing yuda | wong Makasar sadaya sarêng umagut | Raja Galingsong priyăngga | ingkang nindhihi ing jurit ||

12. dene Radèn Trunajaya | tiyang Sampang wau kang dèn tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran | wong Madura pasthi lanang yudanipun | pilih boboting ayuda | tan ana angucap ajrih ||

13. wadyabala ing Mataram | kathah pêjah manahira awingwrin | kang katrajang mawut-mawut | tan amăngga puliha | prajurite akathah ingkang kasambut | Ki Ngabèi Wirajaya | sêmana anandhang kanin ||

14. santana akathah pêjah | ki ngabèi brananira ngranuhi | sêmana gya tiba lungguh | ludira adrês muncar | dyan aniba Wirajaya datan emut | rinêbat santananira | saundure angêmasi ||

15. kang ayuda awuyungan | Panji Wirabumi wus nandhang kanin | anèng ing rana kasambut | mundur wus binandhosa | Kyai Răngga Sidayu sampun kasambut | ing rana sampun palastra | awingwrin bala Matawis ||

16. kang dadya lajêring yuda | Pangran Purbaya tinilar wadya lit | prajurit kathah kasambut | datan măngga puliha | Jêng Pangeran Purbaya ngling jroning kalbu | baya karsaning Hyang Sukma | apês wadya ing Matawis ||

17. salaminipun ayuda | apan nora iya ta kadi mangkin | prajurit Mataram gêmpur | singa maju kabranan | wong Mataram padha ngênês manahipun | dhingin kang padha prawira | singkêl manahe lir èstri [è...]

--- 1: 91 ---

[...stri] ||

18. kapriye ingsun mundura | wong Mataram tan ana kaya mami | sinêmbah sinêpuh-sêpuh | mring putra myang santana | tan awatak yèn ingsun mundur ing kewuh | baya ta angur matia | anèng têngahing ajurit ||

19. watarane manah ingwang | ing ayuda tan kentas dening mami | kêriga wadya Matarum | măngsa angêntasana | suprandene ingsun iki wus asêpuh | sêdhênge matia ingwang | ingsun momong ing narpati ||

20. yèn ta rusak ing Mataram | panêdhaku aja kongsi mênangi | wong Mataram sirna larut | wong Sampang lan Makasar | Jêng Pangeran Purbaya wau tinêmpuh | sawadyane anèng rana | tan gumingsir angayati ||

21. sira Pangeran Purbaya | pangamuke lir banthèng tawan kanin | apan wus kapanggih sêpuh | mendah kala taruna | wong Madura kang katrajang mawut-mawut | angamuk lawan curiga | dhuwunge aran Ki Panji ||

22. wantu kêkathahên mêngsah | jêng pangeran kudane sampun mati | alêmpêr pangamukipun | apan dharat kewala | wong ing Sampang wong Makasar angarubut | pangeran pan kinakahan | winatang lawan linêmbing ||

23. sanadyan otota kawat | akulita tambaga balung wêsi | yêkti wong satunggal rêmuk | kinarubut ing kathah | pan pangeran sakalangkung têguh timbul | datan pasah dening braja | kinarubut ing ajurit ||

24. ing jro sarira wus rêmak | Jêng Pangeran Purbaya tiba linggih | wantunira sampun sêpuh [sê...]

--- 1: 92 ---

[...puh] | dyan Pangeran Balitar | pan uninga yèn kang raka wus kasambut | agupuh nulya rinêbat | wong Sampang dipun amuki ||

25. sira Pangeran Purbaya | wus karêbat binakta mundur aglis | nanging pangran datan emut | sariranya wus rêmak | wong Mataram ing ayuda mawut-mawut | dene Pangeran Purbaya | wus kasambut ing ajurit ||

26. lir pendah dhawuhan bêdhah | pêdhot lajêrira kang kari ngisis | dening lajêre wus rubuh | mulane asasaran | dyan Pangeran Dipati ika kalulun | lorod kondur jêng pangeran | wadya lit tan kêna pulih ||

27. sira Pangeran Dipatya | manahira kalangkung dènnya wingwrin | dene kang eyang kasambut | ya ta amêmondhokan | arêrangkah prasamya prayitnèng kewuh | Pangran Purbaya wus seda | lir gêrah swaraning tangis ||

28. mapan sampun binandhosa | budhal mantuk dhumatêng ing Matawis | sakèhing wadya Matarum | prasamya kêkês ing tyas | dene andêling kewuh sampun kasambut | para prajurit satriya | manahe kêkês lir èstri ||

29. miwah kang para santana | para putra manahira awingwrin | sampun karsaning Hyang Agung | apês wadya Mataram | sinêngkalan jêng pangran duk sedanipun | sarira trus ing warayang | jalma ing taun Dal nênggih |[3]|

30. anglêrêsi wulan Saban | nuju tanggal kaping lima anênggih | mapan mung kantun wong sèwu | miji ing Kapugêran | Martajaya sakèhing sadhèrèkipun | dene [de...]

--- 1: 93 ---

[...ne] panganjur Madura | kanan Radèn Wangsènggati ||

31. dene pun Dhandhangwacana | têtindhihe ingkang anèng ing wuri | wong Madura pan wus mangsuk | marang kitha ing Dêmak | ngalun-alun Wangsènggati kang jinujug | wong Madura angrêrayah | tan ana tinahèng galih ||

32. warnanên Ki Martajaya | sakadange amêndhêm dènnya baris | sakiduling alun-alun | wong Sampang sarêng mulat | dyan umangsah swaraning bêdhil gumuruh | ya ta wau Martajaya | ngamuk tan sêdya ngunduri ||

 


anèng. (kembali)
ingwang. (kembali)
Tanggal: lima (5) Saban (Ruwah) Dal: sarira trus ing warayang jalma (AJ 1598). Tanggal Masehi: 25 Oktober 1675. (kembali)