Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 17-22)

Judul
Sambungan
1. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 01-08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 09-16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 17-22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, #1095 (Jilid 1: Pupuh: 23-29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 30-36). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 37-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 41-44). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
8. Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1919, #1095 (Jilid 2: Pupuh: 45-46). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 19-03-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

17. Durma

1. surakira wong Dêmak kadi prahara | Martajaya angungkih | lan sakadangira | langkung dening sudira | wong Madura anadhahi | kuwêl kang yuda | tan ana ngucap ajrih ||

2. muntir brêngos sarwi nrajang asêsumbar | rêbutên Wangsènggati | prajurit Madura | sigra Ki Martajaya | kadangipun dèn sapihi | ja milu yuda | sun ijène wong iki ||

3. ya ta mara Martajaya bêkta tumbak | sigra tinumbak aglis | Wangsènggati kontal | tiba abarangkangan | tangi nulya malês aglis | Ki Martajaya | tinumbak wêntisnèki ||

4. apan gronjal Ki Martajaya tan pasah | rame bithi-binithi | atumbak-tinumbak | nanging tan wontên pasah | apan Radèn Wangsènggati | bajang tanggungan | cilik tur angrêrêngkik ||

5. nanging atos kanthèt lamun tiningalan | Ki Martajaya inggil | agêng tur prakosa | kadung-kadung solahnya | mila tansah kontra-kantring |[1] Ki Wangsènggatya | nanging maksih [ma...]

--- 1: 94 ---

[...ksih] angungkih ||

6. ramening prang braja tan wontên tumama | lajêng anarik kêris | iya tan tumama | nulya candhak-cinandhak | arame banting-binanting | pan tigang dina | kacatur dènnya jurit ||

7. Wangsènggati yèn binanting kêkadhalan | nanging angrangkul wêntis | sira Martajaya | cinakot ginjal-ginjal | Ki Wangsènggati binithi | sarwi tinêkak | nanging taksih kumanthil ||

8. kawarnaa sira Ki Dhandhangwacana | pan arsa anulungi | saha balanira | sigra wadya ing Dêmak | surake awanti-wanti | wus tinadhahan | rame dènira jurit ||

9. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sandawa | satêngahing ajurit | mimis kadya udan | langkung ramening yuda | wong Madura wus kalindhih | kathahên lawan | akathah kang ngêmasi ||

10. sampun kèngsêr yudane wong ing Madura | nulya mangetan malih | nagari Japara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | apan ta ana | wong abêbantu malih ||

11. Trunajaya utusan marang Madura | bantoni kang kalindhih | wong măncanagara | ing bang wetan sadaya | wau ingkang ambantoni | wadya ing Sampang | ingkang dadya têtindhih ||

12. ing Japara wau pan sampun kinêpang | wadya lit samya tintrim | ngungsi mring jro kitha | wênèh ngungsi mring wana | ya ta dhinêsêk tumuli | kitha Japara | arsa ginêcak wani ||

13. Wăngsadipa angungsir sajroning kitha | akanthi lan Kumpêni | kang tugur Japara | watara rong bragada |

--- 1: 95 ---

sêdya rêrêmpon ing jurit | Ki Wăngsadipa | sampun angati-ati ||

14. para putra tansah pinêpak sadaya | Kiyai Jagapati | Ki Wăngsamanggala | lawan Ki Wăngsaprana | kalawan Ki Wăngsagati | Ki Bimarêksa | lawan Ki Wiramantri ||

15. tan atêbih wau kang kula santana | sumêdya ambêk pati | rêrêmpon kewala | anèng sajroning kitha | nanging tan mêdal ing jawi | tiyang Japara | mawut kang alit-alit ||

16. amung kari wose kang anèng jro kitha | lan Kumpêni wus rakit | gamane sadaya | nèng alun-alun tata | tambure tinêmbang muni | pan mayorira | pun Hendro kang sawiji ||

17. kapitane pun Bèlêm lawan kang litnan | iku panggêdhe sami | saradhadhunira | apan sampun malatar | sanjatane wus rinakit | masang bandera | sadandananing jurit ||

18. anèng alun-alun Kumpêni amapag | tangkêpe ing ajurit | apan lêlumbungan | tambur munya srang-srangan | mayorira kang nindhihi | sampun prayitna | sakathahing Kumpêni ||

19. kawarnaa wong Sampang ngangsêg mring kitha | sadaya samya tintrim | pasisir sadaya | samya angêpung kitha | sadaya samya ambalik | măncanagara | miwah tiyang pasisir ||

20. wus kacatur kitha Japara kinêpang | dening tiyang pasisir | lir rubuh kang wiyat | dening suraking bala | Wăngsadipa tan mêtoni | muwêr ing kitha | sampun angati-ati ||

21. wong Madura sampun [sampu...]

--- 1: 96 ---

[...n] malêbêt ing kitha | polahe gêgilani | kanthi wong Makasar | solahe anglir yaksa | anglir banthèng tawan kanin | lir singa lodra | rêbat măngsa ngajrihi ||

22. wus malêbêt ing kitha sagêgamannya | Kumpêni andhawahi | mariyêm kang munya | kalawan kalantaka | nanging datan angudhili | wadya ing Sampang | ngalun-alun wus prapti ||

23. wong Walănda tangkêpira lêlumbungan | sarta tambure muni | sanjata sunapan | sarêng muni sadaya | kadi ngrubuhna kang langit | mimis lir udan | gumêr swaraning jalmi ||

24. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sandawa | sanjataning Kumpêni | tan ana kèndêlnya | Ngabèi Wăngsadipa | apan ta sampun amijil | kang para putra | samya mêtoni jurit ||

25. tan atêbih para mantri ing Japara | sadandananing jurit | Ki Dhandhangwacana | ing alun-alun yuda | wong Sampang akathah mati | maksih sudira | wong Madura angungkih ||

26. wong Kumpêni nora kêna sinawawa | bêdhile tan nganggopi | mimis kadi jawah | ngalun-alun Japara | tangkêping wadya Kumpêni | alêlumbungan | nora kêna ingungkih ||

27. jawi ngalun-alun pan kadi ampuhan | wong Sampang kathah mati | kang mêngsah sumahab | wong pasisir asurak | wong Japara ngati-ati | jawining kitha | wau têmpuhi[2] jurit ||

28. wong ing Sampang nèng alun-alun kèh pêjah | samya kêna ing mimis | kang pamuk tinumbak | tiyang Sampang sudira | ingkang [ing...]

--- 1: 97 ---

[...kang] mawi kêre wêsi | agêgênderan | kre kuningan atamsir ||

29. kang sawênèh wong Sampang klambi walulang | ya ta sampun kalindhih | yudane wong Sampang | mêdal jawining kitha | bature akathah mati | wong kawan dasa | apan pating gulinting ||

30. wong Madura undure sami mondhokan | nèng Jagatamu singgih | balanya Makasar | tiyang măncanagara | tanapi tiyang pasisir | sami rêrangkah | padha prayitnèng wèsthi ||

31. kawarnaa Wăngsadipa pagunêman | lan sagung para mantri | lawan para putra | angling Ki Wăngsadipa | lah kadipundi puniki | mêngsah kang prapta | samya ngêpung nagari ||

32. Jagatamu ênggonira bêbarisan | kaya priye gènnya mrih | mundure kang mêngsah | nora wande yèn rusak | Japara kalamun lami | wadya Madura | nèng Japara ngêbêki ||

33. ya ta matur Ki Ngabèi Wăngsaprana | punika yèn suwawi | sanjata punika | kang wontên Danaraja | kang agêng dipun pilihi | ingarah-arah | tibane ingkang mimis ||

34. Jagatamu gih puniku winuwungan | ingulukan ing mimis | pamrihe bubara | mimis agêng kinarya | sami binalangan mimis | tiyang Madura | inggih saking ing wukir ||

35. sampun rêmbag sadaya Ki Wăngsadipa | sigra minggah mring wukir | wukir Danaraja | pan kathahing sanjata | kang agêng anèng ing wukir | mantri Mataram | saragêni nunggoni ||

36. Kyai Gulung lawan Kyai Singalodra | lawan Ki Gunturgêni [Gunturgê...]

--- 1: 98 ---

[...ni] | sapraptaning ngarsa | sira Ki Wăngsadipa | sanjata dipun pilihi | ingarah-arah | tibane ingkang mimis ||

37. Jagatamu mêngsah Sampang amalatar | ya ta pun Kumbarawi | wau kang prayoga | nênggih anibanana | ing Jagatamu ngungkuli | sigra pinasang | wau pun Kumbarawi ||

38. Jagatamu wau kang ingarah-arah | pan sampun dèn isèni | ingantêp isinya | mimise wus pinasang | sigra sinulêd tumuli | sanjata munya | lir obah kang pratiwi ||

39. mimis mêsat anibani pasanggrahan | Jagatamu bênêri | gègère puyêngan | kayu katiban sêmpal | wau katrajang ing mimis | saking ing ngarsa | langkung agêng kang mimis ||

40. kang kasrampang wong Sampang kathah kang pêjah | tyang pasisir awingwrin | lan măncanagara | dènira kaungkulan | kawuwung saking ing wukir | ing pasanggrahan | ingulukan ing mimis ||

41. tan antara mimis malih anarajang | wau saking ing wukir | kathah ingkang wrêksa | sami katrajang sêmpal | ya ta wau anibani | têngah pondhokan | gègère tan sinipi ||

42. Jagatamu gègèrira apuyêngan | dene katiban mimis | akathah kang pêjah | lumayu salang-tunjang | bodhol sakèhing kang baris | apapuyêngan | ing Jagatamu gusis ||

43. pan kalulun bêdhol baris apuyêngan | ing Jagatamu gusis | tiyang ing Madura | kalawan wong Makasar | ing Kudus kang dipun ungsi | banjur mangetan [mangeta...]

--- 1: 99 ---

[...n] | kuwur ingkang wadya lit ||

44. kawarnaa Ki Ngabèi Wăngsadipa | apan gunêman sami | lawan para putra | arsa atur uninga | dhatêng Sang Prabu Matawis | yèn ing Japara | wau dipun unggahi ||

45. wong Madura kawan dasa ingkang pêjah | kupinge dèn irisi | karsanya binêkta | katura ing sang nata | saksana lumampah aglis | lan putranira | ingutus mring Matawis ||

46. kawarnaa solahe ingkang utusan | apan datan alami | ya ta duta Sampang | minggah dhatêng Mataram | prajurit anglêlanangi | Ki Mangkuyuda | wau ingkang kêkasih ||

47. mêdal Jipang pan anjog ing Jagaraga | tiyang măncanagari | bang wetan sumahab | sagunging kang gêgaman | Ki Mangunyuda dèn iring | lan wong Madura | solahnya gêgilani ||

48. nagri Pajang maksih băngga linawanan | kalawan ing ajurit | nanging tan kawawa | nagri Pajang wus rusak | tiyang alit samya wingwrin | marang wong Sampang | lir banthèng tawan kanin ||

49. Mangkuyuda kang dadi têtindhihira | solahe nglêlanangi | nagari ing Pajang | anungkul kaèbêkan | tiyang ing jro kitha tintrim | tiyang ing Sampang | tan pêgat jêjarahi ||

50. Mangkuyuda wus prapta anèng Kajoran | saha bala prapta glis | Panêmbahan Rama | sampun kumpul samana | pan angadêgakên baris | anèng Kajoran | tya[3] Madura kinanthi ||

51. ing padesan rinayah kathah binahak | kang tumut [tu...]

--- 1: 100 ---

[...mut] ing Matawis | wong desa puyêngan | samya abilunglungan | ingkang amiyarsa tintrim | dene wong Sampang | nginggahi mring Matawis ||

52. tiyang Pajang pan sampun nungkul sadaya | miwah măncanagari | Waru Garobogan | Balora lan ing Japan | ing Jipang lan Jagaragi | ing Pamagêtan | Madiun Panaragi ||

53. ing Kaduwang pan sampun nungkul sadaya | tiyang măncanagari | bang wetan sadaya | miwah pasisir ika | samana sami ambalik | tiyang Mataram | wong desa samya tintrim ||

54. sampun katur mring sang nata ing Mataram | yèn wong Sampang nginggahi | aran Mangkuyuda | angancik ing Kajoran | ing Pajang sampun ambalik | sampun kèdêkan | tiyang alit awingwrin ||

55. Panêmbahan Rama akêmbul wong Sampang | apan ta wus ambalik | ngadêgkên gêgaman | wau anèng Kajoran | apan tansah bêbahaki | sagung padesan | ingkang tumut Matawis ||

56. sri narendra sakalangkung dukanira | sigra miyos tinangkil | pêpak para putra | miwah para santana | Pangran Dipati Matawis | wus munggèng ngarsa | lan Pangran Singasari ||

57. atanapi Pangeran ing Martasana | Pangeran Pugêr nangkil | Pangeran Balitar | Pangeran Pringgalaya | lawan Radèn Singasari | lan Wiratmêja | Wiramanggala nangkil ||

58. angandika sri narendra ing Mataram | marang Pangran Dipati | sira tumindaka | iya marang Kajoran | lah dadia wakil [wa...]

--- 1: 101 ---

[...kil] mami | sira kêriga | sakèhe wong Matawis ||

59. yèn wis kalah wong Kajoran boyongana | gawanên mring Matawis | sakèh putraningwang | milua kakangira | angantêpa ing ajurit | marang Kajoran | wong Sampang angunggahi ||

60. putraningsun Ki Pugêr sira milua | lawan Ki Singasari | adhi Pringgalaya | kalawan Ki Balitar | lawan Tumênggung Matawis | Mangunnagara | milua putra mami ||

61. alah payo sira nêmbanga têngara | mangkata ing samangkin | kang kinèn manêmbah | sigra nêmbang têngara | gumêr wadya ing Matawis | mêpak gêgaman | lir udan sinêmèni ||

62. ting balêbêr wadyabala ing Mataram | sami amêpak baris | ngalun-alun aglar | ing pasar kaèbêkan | gêgaman awarni-warni | tanpa wilangan | kadi prawata sari ||

63. ambaranang bandera gula kalapa | ingiring ing sênggani | anglir pendah kilat | gêbyaring kang sanjata | gêgaman dalêm arakit | wakil sang nata | Pangeran Adipati ||

64. lêlayune umyang katut samirana | lir ombaking jaladri | kariciking watang | garêbêging kang bala | anglir udan sinêmèni | pangriking kuda | asrang gamêlan muni ||

65. Pangran Adipati lagyamit ing rama | lan Pangran Singasari | Pangran Pugêr ika | lan Pangran Martasana | mring rama atampi wêling | padha dèn yitna | sun srahakên Hyang Widhi ||

66. para putra sampun arakit sadaya | kondur sri narapati | malêbêt ing

--- 1: 102 ---

pura | ing jawi awurahan | punggawa lan para mantri | mêpak gêgaman | kadya prawata sari ||

67. sampun kondur Pangran Dipati Mataram | lan Pangran Singasari | Pangran Martasana | lan Pangran Pugêr ika | wus kondur saking tinangkil | sigra adandan | ngrasuk kaprabon jurit ||

68. wus sumahab wau kang turăngga aglar | anglir prawata sari | baris ing kaputran | gêgaman warna-warna | wus pêpak kang ponang baris | dyan kawarnaa | Jêng Pangran Adipati ||

69. wus siyaga sadandananing ayuna |[4] waos agêm wus mijil | miwah kang sanjata | andhèr wus tinanggapan | ing wadya andêling wèsthi | para lêlurah | sami saos ing jawi ||

70. Pangran Adipati wus ngrasuk busana | sakapraboning jurit | nyuriga wangkingan | rasukan lapis tiga | kadi hyang asmara rêsmi | wus asiyaga | pangran dipati mijil ||

71. ginarêbêg dening sagung para lurah | miwah andêling wèsthi | lir gêrah kasapta | wau swaraning bala | kêrigan wadya Matawis | lir wrêdu ăngga | kumêndhêng baris wingking ||

18. Pangkur

1. budhal baris ing Mataram | yèn sinawang kadya prawata sari | lêlayu myang umbul-umbul | katub ing samirana | asrang munya swaraning bala gumuruh | pan kadya prawata sêkar | kriciking watang agathik ||

2. Pangran Dipati Mataram | nitih kuda rêspati songsong kuning | waos sulam munggèng pungkur | mamas kang munggèng ngarsa | payung agung amarapit munggèng ngayun | ingkang munggèng wuri

--- 1: 103 ---

pisan | wong satus anumbak putih ||

3. ginarêbêg para lurah | atanapi para andêling wèsthi | kang rayi anèng ing pungkur | sami nitih turăngga | ginarêbêg kang nitih kuda gumrudug | langkung asri tiningalan | sami sinongsongan kuning ||

4. gêgaman awarna-warna | amarapit kanan kalawan kering | ingkang lumampah ing ngayun | pra bupati Mataram | para arya ngabèi lawan tumênggung | Jêng Pangeran Pringgalaya | kang dadi cucuking jurit ||

5. lawan Pangeran Balitar | atanapi Pangran Arya Matawis | sawadyanira akumpul | tumênggung ing Mataram | sira Mangunnagara kang munggèng ngayun | lawan Radèn Wiratmêja | wiramanggala prajurit ||

6. marga agêng kaèbêkan | ambalabar wadyabala Matawis | prasamya prayitnèng kewuh | kêrig wadya Mataram | sampun mêdal jawi kitha lampahipun | ing Kajoran kang sinêdya | gêmpur manahe wong cilik ||

7. ya ta wau kawarnaa | Jêng Pangeran Kajoran ngadêg baris | samana sampun akêmbul | lawan baris Madura | bala Sampang samana têtindhihipun | Ki Tumênggung Mangkuyuda | ingkang kinèn amondhongi ||

8. akanthi Dhandhangwacana | ingkang kinèn bêbahak têpis wiring | ing Pajang pan sampun nungkul | marang Dhandhangwacana | lan dinuga-duga nagari Matarum | yèn antuka ingkang sabda | mring panêmbahan sayêkti ||

9. samana apagunêman | panêmbahan lan Ki Mangunyudèki | ing mêngko pan durung ungsum | angantia [a...]

--- 1: 104 ---

[...ngantia] sawarsa | pitungkasên Si Dhandhangwacana iku | yèn wong Mataram narajang | aja pati dèn lawani ||

10. ing Kajoran sampun prapta | wong Mataram sampun prayitnèng wèsthi | ing Kajoran wus kinêpung | sampun sami siyaga | sadandananing yuda pêpak sadarum | sakathahe wong Kajoran | prasamya sudirèng wèsthi ||

11. miwah kang para sakabat | sêdyanira arsa labuh ing gusti | tiyang Madura kumrutug | sira Dhandhangwacana | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mataram | surake awanti-wanti ||

12. tanapi tiyang Kajoran | wus akumpul sami mêtoni jurit | tiyang Madura anggrêgut | tanapi wong Mataram | sami purun kadar pira mungsuhipun | tiyang ing Mataram kathah | ya ta campuh ing ajurit ||

13. arame kang ponang yuda | wong Madura kalawan wong Matawis | swaraning surak lir guntur | sêsambating kabranan | ingundurkên ing wingking gya mangsah purun | wantu kêdhik wong Madura | yudanira wus kalindhih ||

14. prajurite kathah pêjah | wong Kajoran sigra wau nulungi | gêgamanira anggrêgut | nanging kathahên lawan | wong Kajoran akathah ingkang kasambut | wantu kêkathahên lawan | sasat karubuhan langit ||

15. mundur tiyang ing Madura | wong Kajoran undurira awingwrin | ya ta kasaput ing dalu | sami amêmondhokan | arêrangkah sami prayitna ing kewuh | wau tiyang ing Madura | manahe tan kêna pulih ||

--- 1: 105 ---

16. tanapi tiyang Kajoran | pan sadaya manahnya sami giris | dene ta karoban mungsuh | prasami rêrêmbagan | Panêmbahan Rama lan santananipun | prayoga yèn ngêmbulana | mangetan nunggal sawiji ||

17. Mangkuyuda sigra mojar | pan kawula tampi pitungkas jurit | inggih kang kinèn alaju | pitungkas putra tuwan | Dhandhangwacana kang kinèn mring Matarum | yèn gampil dèn lajêngêna | lan untabing wong Matawis ||

18. saksana anulya bubar | wong Madura ingkang lumampah wuri | lampahira pan kasusu | akathah kang tinilar | Panêmbahan Rama lampahe andarung | sumêdya ngêmbuli lampah | lan kang anèng Surabanggi ||

19. wong Mataram pan uninga | lamun Panêmbahan gya lolos wêngi | wus raina gya anêmpuh | Kajoran jinarahan | binaboyong tiyang Kajoran kang kantun | dalêmira ingobongan | dening tiyang ing Matawis ||

20. sampunira jinarahan | wong Kajoran binakta mring Matawis | Pangran Dipati wus kondur | lawan para santana | tan kawarna kang mantuk marang Matarum | sira Pangeran Kajoran | lajêng dhatêng Surabanggi ||

21. wus panggih lawan kang putra | Trunajaya langkung marmaning galih | tan kawarna laminipun | ya ta gantya carita | Panêmbahan Madurêtna wus arêmbug | kalawan Raja Makasar | minggah dhatêng ing Matawis ||

22. miwah Panêmbahan Rama | angrêmbagi èstu kalawan pasthi | ing Mataram pan wus sêpuh | usume

--- 1: 106 ---

yèn risaka | wus pêpakan gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanagara | wau kang sami ambalik ||

23. wus samya mêpak gêgaman | rakit sêdya minggah dhatêng Matawis | wus prapta samayanipun | sigra anulya bubar | prajurite wong Sampang ingkang rumuhun | wau kinèn dhinginana | sakathahe ponang baris ||

24. Trunajaya dèrèng obah | kang prajurit kinèn minggah rumiyin | dene ta pangajêngipun | sira Dhaèng Marewa | miwah Dhaèng Busung Mrênung datan kantun | solahira anglir yaksa | pan sarêng bubar kang baris ||

25. tiyang ing măncanagara | samya ngiring ing bang wetan prasami | lawan sagêgamanipun | yèn tinon pan sumahab | tan kawarna lampahing baris anglarug | sakathahe wong bang wetan | suyut manahira wingwrin ||

26. datan kawarna ing marga | lampahira ing Garompol wus prapti | ya ta pamondhokan kumpul | dènnya apradandanan | lan ngêntèni rowangira ingkang kantun | anèng sabranging bangawan | kalangkung agêng kang baris ||

27. wong sabrang wetan puyêngan | kagegeran sadaya sami ngili | lumayu arêbut dhucung | miwah saanak rena | tiyang Sampang ambêbajag solahipun | anglir pendah saradula | singa băngga dèn patèni ||

28. tiyang èstrine binahak | jinarahan rajakayane ênting | wong Pajang sami misuwur | yèn wong ing Sampang minggah | sampun prapta sabrang bangawan [banga...]

--- 1: 107 ---

[...wan] gènipun | ing Garompol binarisan | risak wong têpis bênawi ||

29. tiyang Pajang apuyêngan | samya ngili manahira awingwrin | dene ing warta misuwur | yèn arsa ingunggahan | dene tiyang Madura nèng sabrang banyu | para punggawa ing Pajang | prasamya amêpak baris ||

30. kawarnaa wong Madura | Mangkuyuda sampun nabrang bênawi | ing Sêmanggi kang jinujug | saha bala sumahab | tiyang măncanagara sawarnanipun | sami kêrigan sadaya | anglarug dhatêng Matawis ||

31. tiyang Makasar kang prapta | solahira lir banthèng tawan kanin | wus nabrang sawarnanipun | wadyabala bang wetan | anèng kali Sêmanggi swaranya umyung | kang para umbul ing Pajang | sêdyane amapag jurit ||

32. sinêrang datan kawawa | pan kalulun wadya Pajang awingwrin | saanak-rabi lumayu | angungsi mring Mataram | apuyêngan wong Pajang samya amawut | ing padesan kagegeran | sadaya sami angili ||

33. ana ngungsi mring Mataram | kang sawênèh angungsi dhatêng wukir | tiyang padesan wus kêbut | pangungsinya puyêngan | wong Madura gêgilani tandangipun | ing Pajang pan wus kancikan | samya mundur ingkang kanin ||

19. Durma

1. wadya Pajang kang kantun mirut sadaya | apan sami ambalik | tan ana suwala | ing Pajang wus kèdêgan | sangsaya agêng kang baris | măncanagara | ing bang lor sami prapti ||

2. Ki Tumênggung Mangkuyuda arsa minggah | dhumatêng ing Matawis | sampun ingundhangan [ingundhang...]

--- 1: 108 ---

[...an] | sakèhing wadyabala | pan sampun amêpak baris | Dhandhangwacana | dadya cucuking jurit ||

3. Wăngsaprana kang dadya pangawat kanan | ingkang pangawat kering | Arya Măndhalika | miwah tiyang Makasar | kang dadi cucuking jurit | Dhaèng Marewa | lawan Dhaèng Makincing ||

4. Busung Mêrnung kalawan Dhaèng Mabelah | gêgamane suligi | towok lawan pêdhang | wong Makasar malatar | miwah kang măncanagari | samya malatar | kadya prawata siwi ||

5. ya ta budhal wadya bang wetan sadaya | untabe angajrihi | sira Mangkuyuda | kang dadya gêgunungan | arusuh lampahing baris | tansah bêbahak | wong Madura lir bêlis ||

6. ing padesan lor Mataram apuyêngan | sumêdya samya ngili | malêbu jro kutha | wênèh angungsi ngarga | wong Sampang ambêbajagi | wadya Mataram | kang lanang dèn patèni ||

7. ingkang èstri tinawan tur dhinedhelan | kumbi ginantung mati | wênèh kinukusan | suprih sami mêdalna | darbèke kang dèn pêndhêmi | dènnya gêgila | wong Madura lir bêlis ||

8. tan kawarna lampahe wadya bang wetan | ing Taji sampun prapti | tansah ambêbahak | ing padesan Mataram | nêngêna kang anèng Taji | dyan kawarnaa | Sri Narendra Matawis ||

9. pan pinêpak wadyabala ing Mataram | arsa amapag jurit | miwah para putra | lawan para santana | pêpak anèng păncaniti | pan [pa...]

--- 1: 109 ---

[...n] asiyaga | sakapraboning jurit ||

10. putra sêpuh Pangran Dipati Mataram | sumêdya angawaki | lawan arinira | Pangeran Pugêr ika | lan Pangeran Singasari | lan Martasana | wus siyaga ing jurit ||

11. sampun pêpak para dipati Mataram | sakaprabon rinakit | Pangran Pringgalaya | tumênggung ing Mataram | para putra ing Matawis | wus apamitan | mring rama atur bêkti ||

12. wus linilan bubar gêgaman Mataram | kang dadi senapati | Pangran Adipatya | rêspati nitih kuda | prajurite amarapit | awarna-warna | gêgamaning Matawis ||

13. munggèng ngarsa tiyang sèwu numbakanyar | dadya cucuking jurit | lawan wong bumija | gêgaman abra sinang | prayayi agêng nambungi | sagêgamannya | kalawan wong panumping ||

14. datan kêna winilang gaman Mataram | anglir prawata sari | ing marga kèbêkan | balabar ing padesan | anglarug lampahing baris | dyan Martasana | kang abaris ing Taji ||

15. wus angangsêg gêgamane wong Madura | ingkang wadya amalih | lawan wong Makasar | mangilèn lampahira | Dhandhangwacana kang ngirit | Têlagawana | wau kang dèn anciki ||

16. atanapi Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun angangsêg jurit | lawan Wăngsaprana | wong Sampang amalatar | lampahe anggêgilani | wadya Mataram | kang amapag wus prapti ||

17. sarêng mulat wong Sampang lan wong Makasar | anèng ing kali Ajir | têmpuhing [têmpuh...]

--- 1: 110 ---

[...ing] ayuda | arame long-linongan | kadya rubuha kang langit | dènnya ayuda | mimis kadya garimis ||

18. ing Talagawana dènira ayuda | wong Makasar nindhihi | Sang Dhaèng Marewa | yudane anglir yaksa | solahe anggêgilani | wong ing Makasar | lir banthèng tawan kanin ||

19. nora talah baya karsaning Pangeran | rusake wong Matawis | pan sasolahira | wong Mataram kasoran | dènnya jurit gung kalindhih | dening wong Sampang | baya karsaning Widhi ||

20. pra prawira prajurite wong Mataram | alorodan kang baris | tan kêna tinata | datan măngga puliha | para prawira amiris | pan kapalajar | para putra Matawis ||

21. atanapi têtiyang jawining kitha | puyêngan samya ngili | saanak rayatnya | wênèh angungsi kitha | ana kang ngungsi mring wukir | pan apuyêngan | lir gabah dèn intêri ||

22. wong Madura pan sampun andhêsêk kitha | miwah măncanagari | anèng Pajarakan | Tumênggung Mangkuyuda | prajurite dèn undhangi | sira dhêsêka | kuthane wong Matawis ||

23. obongana omah sajabaning kutha | manawa wong Matawis | ana ingkang băngga | lah sira patènana | lah obongana tumuli | karêbèn padha | wong ing jro kutha tintim ||[5]

24. ingobongan omah sajawining kitha | sarta dipun jarahi | surak lir ampuhan | wong Sampang ambêbajag | sajroning kitha

--- 1: 111 ---

atintrim | gègèr puyêngan | tambuh paran dèn ungsi ||

25. pra punggawa miwah kang para santana | tuwin kang para mantri | anèng pagêlaran | miwah kang para putra | pêpak anèng păncaniti | pan asiyaga | sakapraboning jurit ||

26. anyaosi karsanira sri narendra | manawa sri bupati | miyos ing ayuda | mila para punggawa | asaos ing păncaniti | dyan kawarnaa | sang prabu ing Matawis ||

27. wus uninga lamun janjining Pangeran | tan kêna dèn gingsiri | yèn kitha Mataram | pan sirna jênêngira | sri narendra ing Matawis | pan anarima | marang titahing Widhi ||

28. sri narendra karsanira tilar pura | kèngsêr saking Matawis | tan kêna tinambak | nagari ing Mataram | pan uwus prapta ing jangji | risaking praja | sirna nagri Matawis ||

29. ingundhangan pra sêlir kalawan garwa | tiyang sajroning puri | kinèn adandana | karsane sri narendra | akarsa lolos ing wêngi | saking Mataram | ubêkan jroning puri ||

30. pan adandan sakêlare ambabêkta | lir gabah dèn intêri | tuwin para putra | pan sampun winangsitan | sang nata lolos ing wêngi | saking ing pura | sigra bidhal tumuli ||

31. malêm Ngahat tanggal kaping wolu Sapar | taun Be măngsa kalih | nulya sinangkalan | lolosira sang nata | busêkan ing wong Matawis | pan sirna ilang | rasaning bumi singgih |[6]|

32. pan ing dalu budhale sri naranata [narana...]

--- 1: 112 ---

[...ta] | saking sajroning puri | ing pura puyêngan | tangis kadya ampuhan | tunjang-tinunjang pawèstri | sakêlarira | dunyane dèn bêktani ||

33. apuyêngan tambuh mungsuh lawan rowang | gègèrira ing wêngi | wisma ingobongan | tangis kadya ampuhan | kadi gabah dèn intêri | wadya Mataram | samya arêbut urip ||

34. salang-tunjang kasêlak pisah lan rowang | amung kang anak rabi | binêkta tan pisah | dunya datan kaetang | amung anake dèn indhit | gigal dêdalan | anak datan katolih ||

35. rabinira angucap nakira gigal | kang lanang anauri | gigal cik noraa | ginawe apa bocah | prandene gampil kinardi | balikan sira | kang wajib pinapêtri ||

36. ilang siji sok sira iki misiha | biyangêne si kênyik | sun ênggo bibitan | payo sêlak katunjang | wênèh angulari rabi | katunjang kathah | wênèh pisah lan laki ||

37. ambondhèti marang ing wong lanang liya | awak ingsun kiyai | dawêg dika bêkta | benjang yèn karta jaman | lah kula andika kawin | sun angawula | prandene laki mami ||

38. tan karuwan pêjah lawan gêsangira | kathah polahing èstri | mêdal saking kitha | wadyabala Mataram | alorodan dènnya ngili | tut wingking sira | marang sri narapati ||

39. ingkang sugih anak sakalangkung susah | ginendhong myang dèn indhit | sawênèh punika [puni...]

--- 1: 113 ---

[...ka] | ana winot ing kuda | pating barêngok anangis | kawêlas arsa | kang maksih dèn susoni ||

40. kawarnaa sri narendra ing Mataram | ingkang atilar puri | anitih dipăngga | sampun nabrang ing Praga | mangilèn sinêdya ngungsi | kang para putra | tumut tan ana kari ||

41. kawarnaa Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun midhangêt warti | yèn Prabu Mataram | gingsir saking ing pura | mangilèn nabrang Paragi | suwung ing pura | para putra tan kari ||

42. risaksana Ki Tumênggung Mangkuyuda | kitha dipun lêbêti | wong Sampang sumahab | samya malêbèng pura | prasamya angrêrayahi | lir singa lodra | puyêngan jroning puri ||

43. Ki Tumênggung Mangkuyuda anèng pura | wau kang dèn kakahi | tiyang ing Mataram | kang kari apuyêngan | sakalangkung kawlas asih | sami tinawan | kang lanang dèn patèni ||

44. sakalangkung wong Madura kumawawa | solahe gêgilani | pan dadya bêbasan | bajag ing Sampang rêsah | giris kang samya ningali | dhasar andhugal | mênyang prang saya baring ||

45. Kyai Dhandhangwacana kinèn nusula | marang sri narapati | bêkta tiyang Sampang | miwah tiyang Makasar | anututi mring narpati | tiyang Mataram | kang kacandhak kèh mati ||

46. ingkang nutut cinêpêng gya dhinedhelan | darbèke dèn ambili | kang èstri tinawan | pan sarwi tinataban | gêgamane dèn ambili | sarwi jinamah | ingkang mirsa atintrim ||

47. Ki

--- 1: 114 ---

Tumênggung Mangkuyuda kantun pura | dene ingkang nututi | Ki Dhandhangwacana | ngirit bala sumahab | ênêngêna tan winarni | kang kawarnaa | ingkang atilar puri ||

48. Sang Aprabu Mataram lan para putra | sampun anabrang gipih | lèpèn Pragawănta | nulya mêdal ing Waja | mangilèn datan anolih | mêdal ing Ngrawa | lampahe sri bupati ||

49. gurawalan ingkang wadya kadhungsangan | manawa dèn tututi | dening wong Madura | langkung dènnya kasêsa | urut sèwu dèn margani | tan kawarnaa | solahira ing margi ||

50. putra tiga wau kinèn akantuna | anèng Kajênar singgih | Pangran Pugêr sira | Pangeran Martasana | lan Pangeran Singasari | kinèn ngrêbuta | kadhaton ing Matawis ||

51. ingkang rama lajêng mangilèn lampahnya | ing Toyamas wus prapti | praptèng dhusun Ngrama | nênggih ing Kawisanyar | akathah wong ngadhang margi | wong Karanganyar | tembak nèng pinggir margi ||

52. ya ta wau jêng susunan kang lumampah | wong dalêm munggèng ngarsi | saksana binegal | dening wong Karanganyar | wong dalêm dipun dhèdhèli | samya dèn rayah | wong dalêm ting jalêrit ||

53. sarêng wau katingal jêng susuhunan | ngandika sri bupati | lah iku wong apa | wong dalêm aturira | tiyang bêbegal puniki | sri naranata | mèsêm ngandika aris ||

54. iya bênêr wong desa yèn mangkonoa | durung wruh barkat mami | hèh payo dèn enggal [eng...]

--- 1: 115 ---

[...gal] | padha nyêbara uwang | anulya kang para gusti | sarêng miyarsa | ngandikaning narpati ||

55. pan sadaya wong dalêm anyêbar uwang | wong begal datan mari | maksih angrêrayah | ngandika sri narendra | hèh wong desa nora mari | pinasthi sira | nora slamêt ing wuri ||

56. sarêng myarsa ngandikaning sri narendra | lumpuh tan bisa tangi | sami asrah tobat | jêng susunan ngandika | nora ala têka mami | ujêr ta sira | kang pitênah kapati ||

57. wong kang lumpuh samya anangis sadaya | jêng sunan was ningali | wis padha tangia | mung sira marènana | sadaya samya tur bêkti | tangi sadaya | samya tur pati urip ||

58. sri narendra alon dènira ngandika | iya tarima mami | wis padha karia | sun arsa mring Toyamas | saksana budhal sang aji | saking ing Ngrama | putra kalih tut wuri ||

59. ingkang sêpuh piyambak Pangran Dipatya | Pangran Arya Matawis | punika pamêkas | tumut mring ibunira | anglarug lampahirèki | anjog Toyamas | sri nata ing Matawis ||

20. Sinom

1. ing Toyamas kamarganan | ya ta prabu ing Matawis | pan wus sidik ing paningal | uninga karsaning Widhi | lamun têkèng ing jangji | puput panjênênganipun | nèng marga nandhang gêrah | tan arsa dèn usadani | sampun pasrah karsaning Hyang Maha Mulya ||

2. ingkang punggawa ngandikan | kinèn lumampah kariyin | alah ingsun karyakêna | pasêkaran anèng [a...]

--- 1: 116 ---

[...nèng] Têgil | apan karsaning Widi | sun astana Têgalarum | nuli sira karyaa | kalwat katêmua dadi | apan ingsun sumăngga karsaning Sukma ||

3. ingkang kinèn wus lumampah | dhatêng nagari ing Têgil | kawarnaa sri narendra | gêrahe saya ngranuhi | ya ta angandika mring | putranira ingkang sêpuh | Pangeran Adipatya | Mataram ingkang winêling | wau dhatêng ingkang rama sri narendra ||

4. yèn ingsun têkèng wêkasan | amung ta wêwêkas mami | sira kaki mangetana | ngajaka bala Walandi | iku kanthinên kaki | sira amalêsa ukum | iya marang bang wetan | ingsun kaki angamini | angrêbuta nagaranira Mataram ||

5. yèn sira kanthi Walănda | ing ayuda pilih tandhing | pan wus karsaning Hyang Sukma | mingêr ingkang sawab salin | iya mangsane benjing | si kapir yudane unggul | karane Si Walănda | sira kanthia ta kaki | angrêbuta nagaranira Mataram ||

6. sakathahing babrêkatan | sira kang ingsun warisi | sun wênangakên nganggoa | jêjimataning Matawis | kang putra atur bêkti | nungkêmi asêmu êluh | kang rama angandika | lah uwis karia kaki | dèn abêcik kaki sira ingsun tinggal ||

7. amung kang putra panuwa | lan wuragil kang nungkuli | dene putra kang têtiga | anèng ing Bagêlèn sami | pan sami pacak baris | tan kawarna lampahipun | kang layon wus binêkta | pinêtak anèng ing Têgil | kawarnaa kang kantun putra têtiga [têti...]

--- 1: 117 ---

[...ga] ||

8. anèng ing Jênar punika | tanah Bagêlèn abaris | wong kilèn suyut sadaya | ing Pamalang wus angalih | dene mantri Matawis | Gajah Pramada kang kantun | amung raja pinutra | Pangeran Pugêr anênggih | pan asare ing dalu ika supêna ||

9. kapanggih lawan kang rama | apan tulus angêmasi | ing jro supêna pan wikan | ngandika balia kaki | rêbutên ing Matawis | ing mêngko iki wus ungsum | akuthaa ing Jênar | sarêng nglilir kang aguling | rajaputra gêgêtun supênanira ||

10. anari para punggawa | atanapi para mantri | kalawan kang para tapa | karsanira sang apêkik | arsa jumênêng aji | sineba pra mantri agung | sakèhing pra punggawa | sadaya sami nyondhongi | atanapi wau ingkang para tapa ||

11. ya ta sang raja pinutra | pan sampun jumênêng aji | senapati ing ngalaga | sayidin panatagami | ing Jênar dèn kithani | Purwagănda wastanipun | samya suyut sadaya | wadya Bagêlèn prasami | yèn sineba pinarak anèng dhêdhampar ||

12. para santana akathah | wau ingkang angantuni | Rahadèn Wirataruna | Radèn Răngga maksih kari | tanapi para mantri | Gajah Pramada pan kantun | ngawula radèn putra | miwah ingkang rayi kalih | wong Bagêlèn sami kinulawisudha ||

13. wau limane sang nata | tinilar anèng ing margi | apan sampun pinurugan | warnanên ingkang nututi | tiyang Madura nênggih [nêng...]

--- 1: 118 ---

[...gih] | Dhandhangwacana pangayun | kandhêg ing Jagabaya | solahe anggêgilani | wong Kalagan pan sami mapag ing Waja ||

14. tiyang Bagêlèn sumahab | prasamya ngantêp ing jurit | kang para mantri Kalagan | sadaya sami ngawaki | langkung ramening jurit | ing Jagabaya prang pupuh | datan arsa mundura | Dhandhangwacana prajurit | pan kudane datan pasah dening braja ||

15. arame prang long-linongan | ing sabên dina ajurit | kalawan wong ing Kalagan | arame bêdhil-binêdhil | wadya akathah mati | arame buru-binuru | anèng ing Jagabaya | wong Bagêlèn kang nindhihi | sagung para putra santana Mataram ||

16. ing sabên dina ayuda | kèndêl kasaput ing wêngi | enjang anêmbang têngara | Dhandhangwacana ngundhangi | ing wadya lan prajurit | tiyang Madura anggrêgut | angantêp ing ayuda | tiyang Makasar ing kering | wong Madura prajurite wus siyaga ||

17. miwah wadya ing Kalagan | sêdya ngantêpi ing jurit | wus sami pêpak sadaya | sagunging para prajurit | sigra umangsah aglis | para santana anggrêgut | Radèn Prawiratruna | Radèn Wiramanggalèki | atanapi Tumênggung Gajah Pramada ||

18. Jêng Pangeran Martasana | lan Jêng Pangran Singasari | sami anindhihi yuda | sumêdya angrêbut wuri | sigra campuh ing jurit | arame buru-binuru | tiyang Sampang kasoran | akathah samya ngêmasi | wong Madura sampun binujung mangetan ||

--- 1: 119 ---

19. ya ta prajurit Kalagan | dènira buru angungkih | wus nabrang ing Jagabaya | sumêdya angrêbut puri | sadaya angsal galih | tiyang Bagêlèn anggrêgut | kang sinêmbah ngalaga | wau kalawan kang rayi | wus anabrang wau lèpèn Jagabaya ||

20. wau tiyang ing Madura | palayune tan anolih | kalawan tiyang Makasar | sumêdya kitha dèn ungsi | warnanên ingkang kari | kang ngakahi ing Matarum | Tumênggung Mangkuyuda | mêmpên jro pura Matawis | solahira wong Sampang kadi rêksasa ||

21. Dipati Sampang kacandhak | ingkang anèng ing Matawis | Ki Dipati Cakraningrat | pan sampun kacêpêng lami | dene ingkang prajurit | Ki Mangkuyuda linuhung | wus binoyong mangetan | kalawan saanak rabi | sampun katur marang Radèn Trunajaya ||

22. ya ta wau ingkang Paman | Cakraningrat dèn sakiti | dinèkèk ngalas Lodhaya | wau ta lawan kang rayi | langkung kawêlas asih | ênêngêna tan winuwus | sira Dhandhangwacana | sagêgamane ngajrihi | ya ta wau mêlatar sawadyanira ||

23. ya ta tiyang ing Mataram | akathah kang sami prapti | samya ngulati bêndara | ingkang mawut duk kariyin | angilèkkên kang èstri | kalawan ing anakipun | wus gênah gya tinilar | pan sami nusul ing gusti | sami prapta sowan marang panêmbahan ||

24. sami lajêng angawula | wau dhatêng ing narpati | panêmbahan ing ngalaga | saya akukuh kang jurit | dene tiyang Matawis [M...]

--- 1: 120 ---

[...atawis] | ingkang mawut sami kumpul | lampahe sampun prapta | wau nagari Matawis | pan abaris anèng sajawining kitha ||

25. Ki Tumênggung Mangkuyuda | wau kang anèng jro puri | kalawan Dhandhangwacana | lawang kitha dèn tangkêpi | manahnya sami miris | wong Madura kang kaburu | miwah bala Makasar | manahe prasamya miris | ingkang anèng jawi kitha amêlatar ||

26. jêng sinuhun ing ngalaga | kang sêdya angrêbut puri | tan kawarna lampahira | dènira amangun jurit | wong Madura pan miris | samya alolos ing dalu | Tumênggung Mangkuyuda | saking kadhaton Matawis | sabalane ingkang kari gurawalan ||

27. palayunira mangetan | sêdya ngungsi mring Kadhiri | tan kawarna solahira | warnanên sri narapati | miwah kang para ari | ingkang pura wus karêbut | jêng sunan ing ngalaga | wus ngadhaton ing Matawis | têtêp malih wadyabala ing Mataram ||

28. akathah kang sami prapta | kapêdhakan para mantri | miwah kang para santana | têtêp jênênging narpati | anèng nagri Matawis | kang wadyabala wus suyut | ingkang para santana | sadaya jinunjung linggih | atanapi wadya Bagêlèn sadaya ||

29. sami kinulawisudha | sami kathah lungguh lampit | wong Bagêlèn kalih sanak | kang kinarya senapati | Arya Surajayèki | lan Arya Tambakbayèku | kalih samya wadana | lawan tungguling ajurit | kang kinarya patih Arya Măndhalika ||

30. Radèn Prawirataruna [Prawirataru...]

--- 1: 121 ---

[...na] | pan sampun jinunjung linggih | wau ta kêkasihira | Adipati Mangkubumi | wau ingkang nisihi | pan sampun jinunjung lungguh | nênggih Rahadèn Răngga | mangke jumênêng Dipati | Martasana misuwur wong samataram ||

31. apan ta Kiyai Kamal | samangke jinunjung linggih | Ki Pangulu Adiningrat | têtêp nagri ing Matawis | wadya gung alit ajrih | anglampahi ing sakukum | parentahnya sang nata | apan palamarta adil | wong Mataram gung alit suyut sadaya ||

32. nanging kalane samana | Mataram sangêt pagêring | larang udan larang pangan | sangêt wêlaking Matawis | gêsêng ingkang nagari | apan maksih hawanipun | dènnya kambah ing yuda | sangêt rusaking nagari | mila sangêt pagêring nagri Mataram ||

33. ingkang gêring kathah pêjah | kang waras linud ing gudhig | gandanira bêlarongan | kang cilik tinub ing bêdhil | wong cilik kathah mati | andulur anèng lêlurung | miwah nglèpèn atembak | wadya kêkirangan bukti | iwak kuda gadhung labêt kadhandhangan ||

21. Dhandhanggula

1. wong Mataram kalangkung prihatin | pan asangêt dènnya larang pangan | tinub ing gêgêring gêdhe | têtiyang ting kalumpruk | pan asangêt wêlak nagari | datan kêna tinambak | nagri ing Matarum | apan maksih hawanira | ing Mataram langkung dènnya anggêsêngi | gênti ingkang kocapa ||

2. putra sêpuh wau kang winarni | ingkang wontên têlatah Toyamas | Pangran Adipati Anèm [Anè...]

--- 1: 122 ---

[...m] | langkung prihatinipun | ing Mataram wus bosah-basih | kang rama sampun seda | anèng Têgalarum | milane raja pinutra | sakêlangkung wau dènnya mati ragi | nênêdha ing Hyang Sukma ||

3. para lurah andhèr anèng ngarsi | angaturi mring raja pinutra | kinèn jumênênga rajèng | nanging ta sang abagus | datan arsa madêg narpati | pan arsa alêlana | wau sang abagus | arsa ngaji dhatêng Mêkah | kangjêng pangran ngandika dhatêng kang abdi | lah sira timbalana ||

4. Martalaya Dipati ing Têgil | ingkang kinèn pan wus nêmbah mentar | datan kawarnèng ênune | lampahing duta wau | sampun prapta nagari Têgil | panggih lawan Dipatya | Martalaya sampun | dhinawuhan kang timbalan | sigra budhal saking nagari ing Têgil | Dipati Martalaya ||

5. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta tanah ing Toyamas | panggih Pangran Dipatyanèm | Martalaya cumundhuk | amangraup padaning gusti | umatur kathah-kathah | pangran ngandika rum | marma sira ingsun undang | Martalaya ingsun upayakna aglis | pêrau kang prayoga ||

6. Martalaya nêmbah matur aris | adhuh anggèr dinamêl punapa | pangeran pangandikane | sun gawa layar besuk | lunga ngaji ing karsa mami | marang nagari Mêkah | Martalaya matur | anggèr sampun sapunika | ing rat Jawi sintên ingkang dèn gendholi | gusti liya paduka ||

7. yèn kenginga kawula aturi | abdi dalêm gusti ing Têtêgal | sampun [sa...]

--- 1: 123 ---

[...mpun] rungak kawulane | tuwan madêga ratu | anggêntosi ing rama aji | anèng nagari Têgal | kawula kang mangku | prakawis mêngsah paduka | wong Madura sampun ta manah kuwatir | kawula kang nanggulang ||

8. nadyan anggèr wuwuha sakêthi | wong Madura kawula tan ulap | angêmbari prakosane | dèn kongsi ajur mumur | anglampahi ayahan gusti | amungsuh wong bang wetan | sagêndhinge purun | jêng pangran alon ngandika | ingsun nora kêna yèn sira aturi | mêksa lunga mring Mêkah ||

9. Martalaya nêmbah matur malih | yèn ta tuwan tan kêni ngaturan | kawula mantuk nak anggèr | inggih damêl pêrau | lamun botên damêl pribadi | măngsa gusti pênêda | ngupaya pêrau | botên sami lan akarya | pasthi sae jêng pangeran ngandika ris | lah iya sakarsanta ||

10. Martalaya nêmbah matur aris | adhuh gusti paduka kantuna | sigra lèngsèr sabalane | swaranira gumuruh | wadya Têgal samyanti-anti | sigêgên Martalaya | warnanên kang kantun | Jêng Pangeran Adipatya | ginarumung dening wadya agêng alit | ingaturan tan kêna ||

11. nglampus ing driya atêmah brangti | Pangran Adipati ing Toyamas | anggung mendra ing sêdyane | apan sampun anglampus | tan anêdya wau ngulati | ing marga kawibawan | wau sêdyanipun | karsa ngaos dhatêng Mêkah | sakathahe punggawa anggêgendholi | sadaya tan arêmbag ||

12. aturira

--- 1: 124 ---

samya ngasih-asih | dados punapa ingkang tinilar | sintên ginendholan ngakèh | abdi paduka agung | sintên gusti ingkang nguyuni | pangraosing kang manah | ing sasedanipun | rama tuwan sri narendra | mung paduka pangeran dados gêgênti | nguyuni wong Mataram ||

13. kawarnaa kang anggung prihatin | Pangran Adipati ing Mataram | tambuh paran ing karsane | dene nagarinipun | ing Mataram wus bosah-basih | kaluluh ingkang rama | seda Têgalarum | tambuh raosing kang driya | alêlana tan ana sinêdyèng galih | anèng tanah Toyamas ||

14. para mantri akathah ngaturi | ingkang para santana Mataram | warnanên Dipati Anèm | asarean sang bagus | panakawan ingkang mêtêki | anèng masjid Toyamas | sira sang abagus | apan lagya sêsarean | panakawan kang sêdhêng amêmêtêki | duk sare rêm-rêm ayam ||

15. panakawan taksih amêtêki | nulya ana wulan pitu prapta | têka manjing ing jajane | masjid katon garuwung | sirah gada datan kaèksi | namung langit kawuryan | sasi duk tumurun | tiningalan kamanungsan | salandheyan cinandhak-candhak tan kêni | têka manjing ing grana ||

16. raja pinutra kagyat anglilir | duk alênggah anèng pasarean | pungun-pungun panglilire | dening supênanipun | rajaputra sampun udani | yèn sasmitaning Allah | wau ingkang rawuh | sanès surasaning manah | lan ing nguni sajagad [sajaga...]

--- 1: 125 ---

[...d] Jawi puniki | wus kagêm ingkang ngasta ||

17. cahyanira rahadèn dumêling | dene kadya sasi kapurnaman | amicorèng ing driyane | salami-laminipun | mangkenea rasaning galih | kaya ta nora bêdhah | nagri ing Matarum | karsane rahadèn putra | arsa madêg narendra padha samangkin | anggêntosi kang rama ||

18. sakathahe jêjimat Matawis | sampun wontên sang raja pinutra | para wasiyate kabèh | ya ta nulya rinasuk | Ki Bêlabar sampun winangking | pinarak ing dhêdhampar | punggawa supênuh | sakathahe kang kawula | samya gêtun wau ningali ing gusti | sanès kalawan saban ||

19. cahyanira anglir pendah sasi | samya kucêm cahyane kang seba | wadya tinimbalan kabèh | miwah kang kamisêpuh | radèn putra madêg narpati | Susunan Amangkurat | jêjuluking ratu | Senapati ing Ngalaga | kang punggawa sadaya samya ngrêmbugi | ing karsane rahadyan ||

20. sakathahe kang jinunjung linggih | wau ingkang abdinira lama | lêlurah ing kadipatèn | sami sinung lêlungguh | kang sawênèh alinggih lampit | ana jumênêng răngga | sawênèh tumênggung | tanapi ngabèi dêmang | pan warata sadaya kang abdi lami | pan kinulawisudha ||

21. prabu anom utusan nimbali | marang adipati ing Têtêgal | kang kinèn tur sêmbah lèngsèr | datan kawarnèng ênu | sampun prapta nagari Têgil | panggih lan Martalaya | utusan amuwus | ki adipati [adipa...]

--- 1: 126 ---

[...ti] ngandikan | marang gusti sarta sakaprabon jurit | sandika Martalaya ||

22. sigra bidhal saking nagri Têgil | tan kawarna ing marga wus prapta | apanggih lan Prabu Anèm | Ki Martalaya cundhuk | Prabu Anom ngandika aris | bagea Martalaya | wurung lunga ingsun | munggah kaji marang Mêkah | ingsun arsa mêmangun karaton singgih | Martalaya tur sêmbah ||

23. salaminipun kawula gusti | ngarsa-arsa ing karsa paduka | lamun jumênênga rajèng | gêntosi rama prabu | sêsukêre ingkang nêgari | inggih pun Martalaya | gusti kang amikul | amêngsah Makasar Sampang | tandhing jitus kawula gusti tan miris | tanapi wong bang wetan ||

24. sri narendra angandika aris | Martalaya sira saosêna | palwa kang wurung sun angge | marang utusan ingsun | iya marang nagri Batawi | lan sira asaosa | juru mudhinipun | umatur Ki Martalaya | damêlipun utusan dhatêng Batawi | sang nata angandika ||

25. ingsun mundhut bantu wong Kumpêni | iya marang si gurnadur jendral | Ki Martalaya ature | anuhun gusti nuhun | sampun ngangge bala Kumpêni | wantune wong Walănda | kathah cidranipun | saene lamis kewala | ing batine pun kapir amêngarahi | sampun adating kopar ||

26. aprakawis mêngsah dalêm gusti | ing Madura miwah pun Makasar | ing bang wetan sadayane | kawula gusti sanggup | sagêndhinge ngêmbari jurit | nadyan silih wuwuha [wuwuh...]

--- 1: 127 ---

[...a] | akêthèna tangguh | tan gumingsir ing ayuda | sri narendra mèsêm angandika aris | sun trima Martalaya ||

27. wruhanira sira sun tuturi | kala ingsun misih nèng wêtêngan | duk ibu lagi tingkêbe | duk swargi eyang ingsun | kangjêng sultan rajèng Matawis | ibu marêk ing eyang | prapta ing kadhatun | sultan alênggah dhêdhampar | sapraptane ibu nulya têdhak aglis | saking luhur dhêdhampar ||

28. eyang ingsun ratu kulon aglis | matur marang kangjêng eyang sultan | sultan punapa karane | nimbok mantu kang rawuh | dene tuwan tumêdhak aglis | sultan alon ngandika | marang eyang ratu | nimbok ratu wruhanira | dudu mantunira kang ingsun udhuni | kang anèng jro wêtêngn |[7]|

29. iya iku kang ingsun udhuni | apan iku padha lawan ingwang | dadi ratu iku têmbe | punjul samaning ratu | tur abala bacingah benjing | lah iku Martalaya | marmane ta ingsun | amundhut bala Walănda | akongkonan marang nagari Batawi | mring si gurnadur jendral ||

30. Martalaya mênêng datan angling | dene wau kaluhuran sabda | apan anurut karsane | sri narendra anuduh | kang lumpah marang Batawi |[8] Ki Arya Măndaraka | wau kang ingutus | amundhi surat narendra | wong kêkalih Ki Ngabèi Sidagati | juru mudhi wong Têgal ||

31. lèngsèr saking ngarsaning narpati | langkung sigra Arya Măndaraka | muara Têgal jujuge | numpak [numpa...]

--- 1: 128 ---

[...k] ing samodra gung | tan winarna ingkang lumaris | kawuwusa sang nata | wau ingkang kantun | anèng têlatah Toyamas | angundhangi ingkang wadya agung alit | arsa budhal mring Têgal ||

32. angandika alon sri bupati | dhatêng kang abdi kapêdhak lama | Ki Pranataka namane | hèh gêndhewor sirèku | lumakua sira dèn aglis | sun utus marang Donan | ing masigid watu | iya ing Nungsa Bêrambang | angambila sêkar wijayadi luwih | iya jayakusuma ||

33. aja mulih yèn ta durung olih | nadyan silih jambul wanên sira | sun upatani yèn mulèh | yèn ana kang pitulung | dene têka gampang ing benjing | kêmbang wijayamulya | mring sira kapangguh | wotsêkar Ki Pranataka | tur sandika ing karya datan gumingsir | nadyan dhumatêng pêjah ||

34. sampun lèngsèr saking ing ngarsa ji | Pranataka sêdya marang Donan | anglugas raga lampahe | warnanên sang aprabu | nulya nêmbang têngara aglis | budhal saking Toyamas | kang wadya gumuruh | dhatêng nagari ing Têgal | angêntosi utusan kang mring Bêtawi | Ki Arya Măndaraka ||

35. Martalaya lumaku ing ngarsi | sampun prapta ing nagari Têgal | Martalaya srah purane | wus rawuh sang aprabu | ing dalême Martalayèki | dene wadya punggawa | anèng ngalun-alun | lan Dipati Martalaya | pan atugur anèng kori kaping kalih | wadyanira malatar ||

36. sagunging kang bupati pasisir | ingkang kilèn aseba [a...]

--- 1: 129 ---

[...seba] sadaya | ambêkta sagêgamane | langkung dènnya sêsugun | dyan warnanên ingkang lumaris | wus prapta ing muara | lampahira wau | ingkang maring Batawiah | wus kapanggih lawan kang para radpêni | miwah gurnadur jendral ||

37. katarima ubayaning tulis | mupakat tuwan gurnadur jendral | miwah para radpênine | sadaya samya rêmbug | ambantoni wadya Kumpêni | senapatining aprang | Amral kang tinuduh | Hèlduwèl Brèh wastanira | pan kaloka ing sabrang prajurit luwih | dhomas saradhadhunya ||

38. pan kêkalih mayore winarni | kumêndhamipun apan sakawan | nênggih wolu kapitane | nêmbêlas litnanipun | lopèrèse wêwolu sisih | sarehane nêmbêlas | kopral têlung puluh | kalih sèkrêtarisira | lan malihe Bugis Makasar lan Bali | sèwu Kumpêni Islam ||

39. Krang Kadhangkrang mayore wong Bugis | Kraèng Naba mayoring Makasar | punika senapatine | têlas wêwêlingipun | jendral lawan para radpêni | saksana Amral numpak | ing palwa gumuruh | swarane nata gêgaman | sigra layar wus anêngah ing jaladri | sinigêg solahira ||

40. kawarnaa kang anglugas ragi | kang dinuta mring Nungsa Bêrambang | Ki Pranataka lampahe | prapta masigid watu | tan anyipta kalamun urip | amung anyipta pêjah | raosing tyasipun | tan adhahar tan anendra | pitung dina anênêdha ing

--- 1: 130 ---

Hyang Widhi | mugi antuka karya ||

41. apan sampun karsaning Hyang Widhi | amarêngi ing dintên Jumungah | têngah wêngi ing wayahe | ana katingal mancur | cahyanira ngêbêki bumi | ing wite jayamulya | wau ênggènipun | kang sêkar jayakusuma | mung sarakit nulya pinêthik tumuli | maring Ki Pranataka ||

42. langkung bungah dènnya antuk kardi | Pranataka sigra lampahira | maring Toyamas jujuge | prapta Toyamas suwung | lampahira laju mring Têgil | ing ênu tan winarna | ing Têgal wus rawuh | lajêng tumamèng ngayunan | sampun katur sêkar wijayadi luwih | marang sri naranata ||

43. kawarnaa ing Dêmak nagari | ing padesan Têpalong punika | Martajaya kêkasihe | gunêm lan arinipun | kang anama Ki Wiramantri | lah adhi ayo lunga | marang Têgalarum | nusul Pangran Adipatya | ing wartane mêngko jumênêng narpati | anèng nagari Têgal ||

44. arinira alon anauri | punapaa anusul mring Têgal | pan dede kang muktèkake | yèn kakang arsa nusul | dawêg dhatêng nagri Matawis | Pangeran Pugêr mangkya | wontên ing Matarum | kang muktèkakên mring dika | Martajaya amêksa marang kang rayi | kudu nusul mring Têgal ||

45. ingkang rayi dadya anuruti | sigra mangkat saking nagri Dêmak | wus prapta Têgal lampahe | lajêng marêk sang prabu | ya ta kagyat sri narapati | mulat Ki Martajaya | angandika arum | hèh iku Si Martajaya |

--- 1: 131 ---

apa sira kinongkon marang si adhi | Martajaya wotsêkar ||

46. inggih kajêng kawula pribadi | arsa ngabdi dhatêng ing paduka | sang nata alon dêlinge | bangêt tarimaningsun | Martajaya matur ngabêkti | ngaturkên pêjah gêsang | dhatêng sang aprabu | dene angriyini karsa | ananggulang mêngsah paduka kang prapti | wontên nagari Dêmak ||

47. nanging mangke mêngsah dalêm gusti | sampun lorot pun Dhandhangwacana | awangsul mangetan anggèr | angandika sang prabu | angêlara jajahan benjing | barênga lawan ingwang | pirabara besuk | Dêmak sun paringkên sira | Martajaya nêmbah sumungkêm ing siti | langkung dènnya mangrêpa ||

48. kawarnaa nagri Surawèsthi | wontên tiyang ingkang asuwita | duk kala kadipatène | kêkalih kadangipun | kang sawiji nèng Surawèsthi | dene ingkang atuwa | Ki Ănggajayèku | angabdi Sunan Mangkurat | ingkang anom Ki Ănggawăngsa wastèki | nusul mring nagri Têgal ||

49. panggih lawan sadulurirèki | Ănggawăngsa langkung trusthanira | kapanggih lawan kakangne | ingaturkên sang prabu | angandika sri narapati | lah iya lakonana | larane karuhun | yèn ana rêjaning lampah | Surabaya sun paringkên sira benjing | kalawan kakangira ||

50. kawarnaa kang anèng jaladri | lampahira Arya Măndaraka | lawan Amral Hèlduwèl Brèh | prapta muara sampun | wus alabuh palwanirèki | Ki Arya Măndaraka [Mă...]

--- 1: 132 ---

[...ndaraka] | umêntas karuhun | kawuwusa sri narendra | duk sineba anèng pintu kaping kalih | andhèr ing wêwingkingan ||

22. Pangkur

1. wau Arya Măndaraka | sampun prapta lajêng marêk narpati | nêmbah mangusapi lêbu | sang nata langkung trustha | Măndaraka alon dènira umatur | kang tabe sudara Tuwan | Gurnadur Jendral Batawi ||

2. lawan kintun ing rêruba | kaatura ing kangjêng paduka ji | lampah kawula kautus | pun jendral suka-suka | dene gusti akarsa mundhut bêbantu | pan kawula binêktanan | kang prajurit warni-warni ||

3. sèwu kang Kumpêni Islam | wolung atus inggih Kumpêni kapir | dene wontên tindhihipun | senapatining yuda | inggih Amral Hèlduwèl Brèh wastanipun | Makasar Karaèng Naba | Krang Kudhangkrang[9] mayor Bugis ||

4. sri narendra langkung trustha | angandika mring Măndaraka aris | payo timbalana gupuh | marang ing ngarsaningwang | Măndaraka nulya nêmbah awotsantun | lèngsèr saking ngarsa nata | wus prapta pinggir pasisir ||

5. Amral sampun dhinawuhan | alah sira ngandikan sri bupati | iya sang rajèng Matarum | arsa panggih lan sira | sira Amral Hèlduwèl Brèh atut pungkur | mring Ki Arya Măndaraka | Kadhangkrang Naba umiring ||

6. ya ta wau kawarnaa | kang sinuhun sampun miyos tinangkil | arsa manggihi têtamu | kang saking Batawiah | pêpak andhèr kang wadyabala supênuh |

--- 1: 133 ---

Amral Hèlduwèl Brèh prapta | Măndaraka kang angirit ||

7. mayor kêkalih ginawa | myang kumêndhan kapitan samya ngiring | prapta ngarsaning sang prabu | samya ngadêg sadaya | apan sarwi angêmpit têpionipun | kagyat sadaya kang mulat | sri narendra ngandika ris ||

8. hèh karane Măndaraka | nora gêlêm seba nèng ngarsa mami | iya Si Walănda iku | matur Ki Măndaraka | inggih gusti apan sampun tatanipun | wontên nagrine piyambak | mara ngadêg ngêmpit topi ||

9. mèsêm wau sri narendra | Martalaya sigra dènnya marani | gya Amral cinandhak gupuh | gulune kinèn lênggah | nênggih Amral gèdhèg-gèdhèg datan purun | durung wruh tataning Jawa | Ki Martalaya abêngis ||

10. apa sira nora wikan | lamun iki ana ngarsaning gusti | iya sang rajèng Matarum | aranmu lanat kopar | Mayor Pilham ningali panggêdhenipun | pangrasane dèn niaya | sigra dènnya marêpêki ||

11. apan sarwi ngingêr pêdhang | Mayor Pilham babrêngose dèn untir | Ki Martalaya amuwus | hèh sira arsa mêdhang | sri narendra tumingal kalangkung bêndu | ngandika mring Măndaraka | wau kang kinèn anyapih ||

12. Amral rinangkul sêksana | marang Arya Măndaraka wus lilih | Hèlduwèl Brèh alon muwus | marang Ki Măndaraka | kayaparan Măndaraka awak ingsun | dhingin sira kang milala | praptèng ngêndon [ngê...]

--- 1: 134 ---

[...ndon] tanpa aji ||

13. raganingsun mangkenea | pasthi mulih iya marang Batawi | iku sang rajèng Matarum | tan ana parentahnya | Măndaraka nauri sarwi gumuyu | hèh Amral kang ora-ora | iku uga wong ing Têgil ||

14. lamun sang nata gusara | itu lari tradhak jaga Kumpêni | pasthine agawe butuh | lan jagad durung rata | nora ana kang gawa obat mimismu | gampang yèn mungsuh wus sirna | ingsun tagihên ing benjing ||

15. Amral suka amiyarsa | Măndaraka wau tan kêna têbih | sampun pinaringan suguh | bêras lan bèbèk ayam | kêbo sapi kabèh wong pasisir urun | bêras pirang-pirang koyan | atusan kang kêbo sapi ||

16. nulya binage sadaya | langkung suka manahe wong Kumpêni | Hèlduwèl Brèh sigra matur | marang sri naranata | ingkang wêling pun kaki tuwan gurnadur | jendral dhatêng ing kawula | sakarsa paduka aji ||

17. masalah badan kawula | dipun kongsi lêbur têngahing jurit | tan arsa gumingsir kewuh | punapa rèh paduka | anglampahi karya tuwan sang aprabu | pêjah gêsanging Walănda | rajèng Mataram darbèni ||

18. wêlingipun kaki jendral | sakirange wadya saking Batawi | kang badhe ngadu prang pupuh | Walandi ing Japara | pan punika inggih katura sang prabu | kawula kinèn ambêkta | kantuna kang têngga loji ||

19. yèn sampun têlas kang karya | kula nuwun dhatêng Jêpara gusti | dene [de...]

--- 1: 135 ---

[...ne] Kumpêni kang kantun | satus jagi ing tuwan | pun Kapitan Barnis kang kawula tuduh | lawan pun Kapitan Jusmral | kang rumêksa ing narpati ||

20. sang nata alon ngandika | karsanira ingsun têka nuruti | nanging rèrèna karuhun | iya ing têlung dina | wus pinarnah Amral pamondhokanipun | lèngsèr saking ngarsa nata | Ki Măndaraka umiring ||

21. timbalane sri narendra | Măndaraka kang amonga Kumpêni | sri naranata wus kondur | ya ta ing pêndhak enjang | siniwaka pra punggawa munggèng ngayun | sira Arya Măndaraka | wus munggèng ngarsa narpati ||

22. dangu dènira sineba | arsa junjung marang kang abdi-abdi | wong kadipatèn sadarum | sami sinungan nama | Măndaraka kang wau sampun jinunjung | Adipati Măndaraka | apan kinarya pêpatih ||

23. dene wau Pranataka | wus jinunjung Sindurja ingkang nami | Andangkara wastanipun | nênggih Ki Wiradigda | Kyai Sêndhi Ki Urawan wastanipun | Ni Dhakarta wastanira | Tumênggung Binarong nênggih ||

24. bêbêktan saking ibunya | pan kaprênah pamanira narpati | apan wus jinunjung lungguh | Rahadèn Nrangkusuma | sri narendra mundhut tiyang Têgalarum | pan kinarya upacara | têlung atus wong pinilih ||

25. ingaran wong jagasura | angandika wau sri narapati | maring Arya Sindurjèku | hèh sira ingsun duta | lumakua sira mring desa ing Kêdhu | Malimana ing Mataram | sapa ingkang angênggèni ||

--- 1: 136 ---

26. de Madurêtna ing Batang | kang tinuduh tumut ing Sindurjèki | kêkalih samya wotsantun | mundur saking ngajêngan | wus ambêndhe swaraning bala gumuruh | gumêrgut tandanging bala | wong anom angajak jurit ||

 


kontrang-kantring. (kembali)
têmpuhing. (kembali)
tyang. (kembali)
ayuda. (kembali)
tintrim. (kembali)
Tanggal: Ngahat (Ngahad) wolu (8) Sapar Be: sirna ilang rasaning bumi (AJ 1600). Tanggal Masehi: Senin 12 April 1677. Perbedaan satu hari (Ngahad versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: kang anèng jro wêtêngan. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang lumampah marang Batawi. (kembali)
Krang Kadhangkrang. (kembali)