Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47)

Judul
Sambungan
1. Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 01–25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 19-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 137 [lanjutan] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 1 dari 81

26. Dhandhanggula

1. pundi silih dustak ing Kumpêni | gusti kula yèn jendral tan arsa | sayêktine ngadêg dhewe | dènnya rêbat kêdhatun | nadyan mangke sampun awiwit | ing Sampang Surabaya | kang anjunjung ratu | miwah pasisir sêdaya | ing bang wetan riyêg ing karya umiring | marang Dipati Sampang ||

2. kalih dene duk prapta ing ngriki | apan arsa laju maring Dêmak | dènnyarsa umadêg rajèng | sangking kula kang matur | rèhning kita awak Kumpêni | lan ki kapitan mêkas | pangran bangun turut | kumêndur mênêng tan ngucap | gya Kapitan Kênol anambungi aris | riyêg marang Ki Răngga ||

3. pêsthi abis untunging [u...]

--- [138] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 2 dari 81

[...ntunging] Kumpêni | yèn Pangeran Pugêr umadêga | amangun kêraton dhewe | angur milua junjung | abèn-abèn angsal nêgari | ing yuda kinuwatan | pêsthi nêmu untung | wêkasane pan raharja | wong Kumpêni têtêp anèng tanah Jawi | adagang pan kèringan ||

4. manthuk-manthuk kumêndur myarsa ngling | pan rinasa bênêr sêkalihnya | pan sami kèli rêmbuge | akarya surat sampun | angsul-angsul marang Bêtawi | duta Kumpêni layar | tan kawarnèng laut | pinukul ing timur kêras | gancanging kang carita duta wus prapti | nêgari Batawiah ||

5. katur surat sangking ing Sêmawis | marang Gurnadur Harvèk Husdriyan | jendral animbali age | para ratfêni kumpul | rolas idlir bicara sami | surat sangking Sêmarang | gantya-gantya dulu | para dlir samya nupiksa | surasane surat gêgubah rat Jawi | maharjèng pramudita ||

6. maksih rêntêng wêkasaning kardi | dènirarsa madêgakên raja | pan dèrèng gilig rêmbage | kathah sandhunganipun | cangcalane sang prawira di | dènnyarsa madêg nata | wêktu dèrèng ungsum | lir nganti dina prayoga | srat Sêmarang mapan dèrèng dèn angsuli | maksih kèndêl rinêmbag ||

7. kunêng wau kang winuwus malih | dutanira Ki Răngga Sêmarang | praptèng Madura lampahe | katur ing pangran sampun | tinimbalan duta wotsari | saha atur kintakya | tinanggapan sampun | sura sinukmèng wardaya | wus kadhadha pangeran suka miyarsi | manggut sarwi ngandika ||

8. animbali mring para prajurit | wus angadêg baris ing Mêdura | apratăndha pêmbalike | Dipati Surèngkewuh | Ki Tumênggung [Tumêng...]

--- 139 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 3 dari 81

[...gung] Jangrana nênggih | apamit ing sang nata | linilan wus mantuk | sangking nagri Kartasura | pênyanane sang nata dadia tamping | tan nyana ngandhut wisa ||

9. pan sinêrod tan kawarnèng margi | lampahira Tumênggung Jangrana | sampun prapta ing nagrine | lagya kèndêl tri dalu | anèng nagri ing Surawèsthi | ajêng nabrang mring Sampang | andadèkkên rêmbug | wus panggih lawan Pangeran | Cakraningrat kalangkung suka ing galih | ngacaran mring pahêman ||

10. lajêng dhêdharan ngiras apikir | angandika Pangeran Mêdura | ing bratya[1] Surabayane | kakang onêng kalangkung | ingsun maring ing sira watir | mênawa kawêdaka | ing sasolah iku | matur Tumênggung Jangrana | sakêlangkung gèn kawula ngati-ati | upami sinikara ||

11. pan akathah tiyang Surawèsthi | kalih èwu kang têngga kawula | prasamya ti-ati mawon | pami kalingkab ulun | dèn prugula dera narpati | pêsthi adamêl susah | wong Surabaya gung | ingamuka pêsthi bubrah | dèn lêmbata kawula sampun ngatyati | sabên-sabên aseba ||

12. duk rakanta pangran lalos latri | katujune kawula dinuta | kinarya senapatine | nututi lampahipun | sira pangran gumujêng bêlik | dilalah karsaning Ywang | rahayu ing laku | matur Tumênggung Jangrana | sri narendra kawula sawang ing mangkin | cahyane sampun biyas ||

13. kadi dede cahyaning narpati | yèn kalane miyos sinewaka | lir Cina mulês wêtênge | datan adarbe kuwung | prak atine sampun ngunusi | sengohe wus lumajar | manise kaplayu | tan wontên mantranya lawan | kangjêng swargi rakanta [ra...]

--- [140] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 4 dari 81

[...kanta] sri narapati | salir solah bawanya ||

14. Pangran Sampang anuduhkên aglis | surat ingkang sangking ing Sêmarang | tinupiksa ing têmbunge | Dipatya Surèngkewuh | langkung tusthanira ing galih | Pangran Sampang ngandika | hèh kakang karsèngsun | aprêkara Surapatya | sun utusi aja obah aja osik | yèn nêdya têtulunga ||

15. marang Prabu Kartasura nuli | ingsun gêcak nagri Pasuruan | aja ngrêregoni gawe | nadyan mintara tèngsun | kakang marang nagri Sêmawis | yèn wis ing Pasuruan | karuwaning laku | matur Tumênggung Jangrana | inggih lêrês inggih anuntên suwawi | paduka utusana ||

16. wus akarya surat sang dipati | dan anuduh pra mantri sêkawan | mantri Surabaya roro | kanêm duta wotsantun | pangarsane ran Konangpasir | duta sampun umêsat | anumpak ing laut | ing ênu datan winarna | gancanging kang carita cundha wus prapti | nagri ing Pasuruan ||

17. wus katur mring Sang Wiranêgari | duta Sampang sigra tinimbalan | praptèng ngarsa tur surate | dan tinanggapan gupuh | tinupiksa sinukmèng galih | têmbunge kara-kara | salam donganingsun | rakanta Pangran Mêdura | Anyakrèngrat dhumatênga ingkang rayi | sang andon Pasêdhahan ||

18. wiyosing kang manira wèh uning | adhi marang jênêng pêkênira | manirarsa ngadêgake | ing Pangran Pugêr ratu | lamun sira adhi ngêboti | ing Rajèng Kartasura | mungsuh lawan ingsun | yèn sira tan munasika | pêsthi arja lah iku pilihên adhi | yèn kêna ingsun aman ||

--- 141 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 5 dari 81

19. wus kêdhadha têmbunging kintaki | duta Sampang sampun ingangsulan | pinisalin sigra lèngsèr | tan kawarna ing ngênu | ing Mêdura sang duta prapti | lajêng tumamèng ngarsa- | nira pangran wau | duta manêmbah tur surat | angsul-angsul sangking Sang Wiranêgari | surat wus tinampanan ||

20. tinupiksa mutadaning tulis | kaatura kang sêmbah arinta | pun Wiranagra wiyose | kaaturèng pukulun | kakang êmas Sang Adipati | Sampang Anyakraningrat | paduka sung pemut | kangêmas dhatêng kawula | sak rèh tuwan arsa ngadêgkên narpati | ing sakarsa paduka ||

21. pan kawula kakang tan parduli | aran sami kang darbe nêgara | arêbut sami bangsane | singa kang dadi ratu | apan kula kangmas wong cilik | tan liyan Pasêdhahan | ingkang kula tunggu | pangeran suka miyarsa | tuwin sira Jangrana ing Surawèsthi | pangeran angandika ||

22. lah ta kakang wadya Surawèsthi | payo kakang siyagaèng bala | wong pasisir wetan kabèh | kêrigên ja na kantun | yèn amagok gêcêkên aglis | kakang nuli mantuka | dandana wadya gung | budhal Tumênggung Jangrana | sangking Sampang andalani ing Garêsik | ing Garêsik sêmana ||

23. apan sampun uninga ing warti | lamun balik Sang Dipati Sampang | ing Pangran Pugêr ujude | sumêdyèng băngga pupuh | ing Lamongan sampun akait | kawratan sihing nata | Kartasura agung | dadya samya pradandanan | bêdhug tiga Tumênggung Jangrana prapti | numpak sangking ing palwa ||

--- [142] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 6 dari 81

24. kaèbêkan nêgari Garêsik | dening prajurit ing Surabaya | wadya ing Garêsik gègèr | aprang ing alun-alun | wong Garêsik wantuning kêdhik | karoban ing ayuda | prasamya lumayu | angêmbul lawan Lamongan | wadya Surabaya anglud anglurugi | kutha Lamongan bêdhah ||

25. sampun mantuk wadyèng Surawèsthi | Ki Jangrana praptèng Surabaya | aprêdandanan balane | wêtara tigang èwu | wadyèng Surabaya dèn ulig | binêkta mring Sêmarang | iku badhenipun | gantya ingkang kawuwusa | Kartasura sampun ingaturan warti | dirèng Pangran Nglamongan ||

26. yèn Pangeran Madura ambalik | tuwin Adipati Surabaya | wus angadêg gêgamane | wadyèng pasisir suyud | ingkang magok dipun gêcêki | lan malih ing Têtêgal | barise angrêgu | kanan kering ginêcêkan | sri narendra dukane yayah sinipi | kya patih tinimbalan ||

27. praptèng pura ngandika nêrpati | Sumabrata Sunarsa utusan | maring Sêmarang bêcike | mundhut bêburon ingsun | Paman Pugêr maring Kumpêni | arsa sun lurugana | apan wurung tamtu | kinukutan lawan nora | Sumabrata umatur lêrês narpati | suwawi utusana ||

28. Ăntagopa sigra kang tinuding | pangarsane pan mantri têtiga | binêktan surat wus lèngsèr | nêngêna tan winuwus | dan warnanên prajèng Sêmawis | apan lagya bicara | Kênol lan kumêndur | myang Răngga Yudanêgara | Wêlănda gêng ingkang prapta wira-wiri | maring nagri Sêmarang ||

29. pan kacatur Ki Răngga Sêmawis | Sênèn Kêmis dènira bicara | nèng kantor kêkipu bae | prandene durung rampung | nanging sakèh [sa...]

--- 143 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 7 dari 81

[...kèh] tanah pasisir | Sêmarang sapêngetan | sapêngilènipun | urute nagri ing Têgal | nagri Batang Pêkalongan samya wiwit | ngungak-ungak Sêmarang ||

27. Pangkur

1. ukur amung nagri Dêmak | partisara ngarêpakên Sêmawis | kawarna dutaning prabu | praptèng nagri Sêmarang | Ăntagopa lumêbu ing laji gupuh | surat tinampan kapitan | anulya dèn tupiksani ||

2. kumêndur milu nupiksa | bêbukane kangjêng sri narapati | mundhut kang paman puniku | lawan kinèn nusulna | pawongane ingkang paman nguni kantun | pan kêkalih namanira | Bok Kênanga Bok Mêlathi ||

3. tăndha maksih palimirma | mring kang paman kangjêng sri narapati | lan Kumpêni kinèn nayut | wong pasisir kang padha | mangastuti magang atur panênungkul | mring Pangran Pugêr Dipatya | Kapitan Kênol sru angling ||

4. hèh gandhèk ing Kartasura | wong Kumpêni apan ora ngaturi | pangran nèng Sêmarang iku | pan karsane piyambak | akon nyêgah wong ngawula iku luput | pan ingsun ora kuwasa | dudu atasing Kumpêni ||

5. nadyan wong sak tanah Jawa | angawula apa gawe malangi | kumêndur nambungi wuwus | gandhèk ingsun têtanya | lah ta ingkang jênêng Pangran Pugêr iku | lan ratumu prênah apa | Ăntagopa kêthip-kêthip ||

6. ature inggih kang paman | Rikhlop Tasmin Tèndêr gabêr mêcicil | sarywa kêplok dènnya muwus | pêgene ratunira | buh akale mênging wong ngawula iku |

--- [144] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 8 dari 81

ujêr si nêgara Jawa | padha-padha anduwèni ||

7. Kumpêni măngsa dahwea | lah jajalên aturana pribadi | pangeran yèn gêlêm kondur | maring ing Kartasura | wêtaraku kaya dudu krêsanipun | kapitan sumambung akras | yèn wani cêkêlên aglis ||

8. nganti bingung Ăntagopa | ngiwa nêngên sraweyan dèn tudingi | gumêtêr ulate biru | Kapitan Kênol mojar | wis muliha ingsun tan awèh sul-angsul | sakarsane ratunira | gone ngarani mring mami ||

9. wus pamit Ki Ăntagopa | bok parêkan Kyai Răngga nampèni | caraka lakunya darung | prapta ing Kartasura | sampun katur sêdaya sasolahipun | surat datan winangsulan | Kumpêni têka sumêngit ||

10. Sumabrata duk miyarsa | anglês ngênês ngêlunthung tyas ki patih | sang nata tambah kang bêndu | têdhak maring kunjaran | Dyan Sudira arsa tinuwêka gapyuk | anyothe Kyai Bêlabar | kawul toya bakor[2] ngiring ||

11. rawuh ing gêdhong kunjaran | sri narendra jumênêng ngintip-intip | pangandikanira asru | Sudira tampanana | gonmu salah kêtiban ing khukum ingsun | dan ingkang rayi nangling kras | iya patènana gipih ||

12. sutikna aja wong liya | kang anguntapakên ing pati mami | pan wus takdir untung ingsun | tiwas nêmahi lina | yèn mênanga ingsun mêsthi dadi ratu | aja lawas kapilara | sampurnakêna tumuli ||

13. sang nata lagya parentah | mirantèni sang arsa dèn têlasi | gara-gara rèh gumlêdhug | lir ginonjing buntala | udan andrês bayu siwat-siwut awu | gunung Mrapi mulad-mulad [mulad-mu...]

--- 145 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 9 dari 81

[...lad] | gunung Kêlut angunèni ||

14. gunung ro padha nyuwara | lamun tamtu gadan dipun têlasi | sêmayan angajak tumbuk | nèng luhur Kartasura | umob mawalikan tang samodra kidul | ringêng tyas sunan sru maras | dadya sande dèn têlasi ||

15. kacatur ngantos ping tiga | dèn angkati duk arsa dèn têlasi | gara gora patêr bêntur | jêladri prakampinta[3] | lamun mêndhe sirêp swara gunung ladhu | dadya êmbanira radyan | kinarya wakiling Gusti ||

16. sang nata sigra tumêdhak | maring gêdhong nyalirani pribadi | êmban sinaoskên ngayun | ginoco mring narendra | Ki Bêlabar kang kinarya rah sumêmbur | Ki Mban Jomblang wus palastra | kang rayi dipun luwari ||

17. lajêng jinunjung lênggahnya | sinung nama Pangran Arya Ngabèi | Loring Pasar dalêmipun | ngênggyani Kasindurjan | lêlênggahnya damêl kula kalih èwu | dene Patih Sumabrata | ngênggyaning[4] wismane lami ||

18. sanwetaning[5] Pêjagalan | Pangran Bèi kinathik ing raka ji | apan ta sinawung-sawung | tinandhingkên ing rama | tandya pra bupati pasisir tinundhung | bang kulon bang lor sêdaya | samya kinèn jaga nagri ||

19. kandêla tampinganira | sak ungkurnya punggawa ing pasisir | wong Kartasura anglurug | dinutèng ing narendra | ingkang anjog ing Dêmak mênggalanipun | Ki Arya Mandurarêja | wêdanane wong Panumping ||

20. priyayi agêng tindhihnya | Ki Tumênggung Wirawăngsa prituwin | sèwu numbakanyar têmpur | pangirid Wirasêstra | kang mangilèn badhe anjog Kaliwungu | priyayi bumi Bumija | Ki Mangkuyuda

--- [146] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 10 dari 81

lan ari ||

21. Ki Tumênggung Natayuda | lan sêntana Pangran Blitar nindhihi | Pangran Balitar cinatur | têdhak Kajuminahan | mêksih cêlak lan Dèn Ayu Pugêr iku | kang badhe anjog Têtêgal | Banyakwidhe kang nindhihi ||

22. wadya têngahan Toyamas | dwi mênggala Pangeran Surawèsthi | nagri Kartasura umung | wiwit kuwur kang manah | sri narendra mapan wus ngraos kêduwung | èngêt wulange kang swarga | kang manah sumala kingkin ||

28. Asmarandana

1. kawarna nagri Sêmawis | pangeran wus sugih wadya | Sêstrajaya kèh magange | bawah pasisir sêmana | akèh polahanira | maring Kartasura macung | bupatine mring Sêmarang ||

2. wus akèh kang samya prapti | dalah wong ing Kartasura | wus ngunusi akèh balos[6] | ambyuk dhumatêng Sêmarang | wong cilik rêreyongan | kang padha arêbut tangguh | akèh uga mring Sêmarang ||

3. kang tinênga wong Kumpêni | Cakraningrat myang Jangrana | tur pangran alus budine | myang wong Sampang Surabaya | tindhih putra sêntana | rong èwu prapta rumuwun | pinasrahkên Sêstrajaya ||

4. Pangran Cakraningrat mangkin | lan Tumênggung Surapringga | mêksih anarubakên wong | kering kananing bang wetan | yèn wis radin sêdaya | binêkta sak lampahipun | seba dhumatêng Sêmarang ||

5. mêngkana ingkang kawarni | wontên duta lagi prapta | sing Bêtawi khulnèl loro | dutane gurnadur jendral | wus panggih lan pangeran | angaturi dhapuripun | tindaka mring Batawiyah ||

6. jendral yun panggih pribadi | kêlawan kangjêng pangeran | saniskarane karsane | pênêd panggiha piyambak | yèn pangeran tan arsa | amung wakile dèn suwun |

--- 147 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 11 dari 81

ananggung salir bicara ||

7. nglocipta pangran dipati | sêngadi dèn alimana | yèn sun mintara pêkewoh | maring Nêgara Jakarta | sakèh wong tanah Jawa | kêdhik kang ngandêl maring sun | miwah kang para punggawa ||

8. panêrkaning tyas amêsthi | yèn ingsun kêna paekan | dèn arani pênggawene | anak Prabu Kartasura | marma ingsun tan arsa | Ki Răngga alon umatur | alêrês karsa paduka ||

9. mangkya Pangeran Dipati | Pugêr ngandika trah gula[7] | hèh Ki Besan sira bae | manira dol mring Wêlănda | mintara mring Jakarta | dadia sêsilih isun[8] | tanggungên awak manira ||

10. Mas Răngga matur wotsari | gusti dhumatêng sandika | sampun mênggah ing sakite | nadyan têmahan antaka | tan gumingsir pangrèh ta | nanging kula gadhah atur | benjing sapêngkêr kawula ||

11. yèn sampeyan dèn aturi | dhumatêng kumêndur benjang | pinarak dhatêng lajine | sampun paduka tumindak | pun kumêndur punika | upami adarbe atur | bicantên akathah-kathah ||

12. sampun paduka lawani | kasêngadèkna kawula | pinapas mêkatên mawon | besuk yèn têka Si Răngga | sakèhe kang bicara | samubarang karsaningsun | kabèh wis ana Si Răngga ||

13. jêng pangran mèsêm dènnya ngling | lah iya Ki Besan iya | aja sumêlang ing tyase | muga besuk kêlakona | ing sak wêwêkasira | Ki Răngga malih umatur | lan malih sawingking kula ||

14. arinta Sampang Dipati | lan Tumênggung Surapringga | yèn sampun dhatêng marangke | dèn jukarangi[9] solahnya | nglantrah kridaning[10] yuda | dêdimèn nuntên sumuyud | pasisir măncanêgara ||

--- [148] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 12 dari 81

15. supami pinrêpak jurit | dening bala Kartasura | sampun enggal saparêmpon | kêjawi yèn dipun larag | inggih dèn lawanana | yèn kèndêl panuwun ulun | ing yuda dèn sabarêna ||

16. mung dèn samya ngrêgu mranti | angumbar ngês goragadha | paduka mangun kêramèn | anggladhi miwah bêbêksan | ingkang kawula angkah | inggih gusti pun kumêndur | gugu pangandêl mring tuwan ||

17. karya kang kula lampahi | ènthènga ingkang bicara | pun jendral kula ongkoke | yèn bêgja pamrih kawula | arinta ing Mêdura | lan Jangrana Surèngkewuh | prawara digja[11] rat Jawa ||

18. gagah prakoswa ing kardi | dadosa pyayi panumbak | mung kantun saragênine | yèn sarta bêgja paduka | gusti mung pun Wêlănda | pantês saragênènipun | prawira sugih sêndawa ||

19. mangrês tyas yayah manangis | Pangeran Pugêr Dipatya | tumon Ki Răngga ature | ciptaning tyas dhuh Si Răngga | antya sih trêsna ringwang | muga walêsên Ywang Luhur | parêng ingsun lara wirya ||

20. dumadya ngandika aris | Ki Besan sapungkurira | kaya tan ora mêlèsèd | kang sarta pitulung Alah | kang asih ing manira | ri Mas Sampang Surèngkewuh | nyubaki saciptanira ||

21. Ki Răngga matur smu ajrih | nyaoskên bêkti kawula | kêkucah dalêm langkunge | kang katêdha ing dasihta | jêne wrat pitung katya | laywan reyal kalih èwu | kadamêla upacara ||

22. kaprabon jumênêng aji | sampun nistha tambêl bêtah | jêng pangeran kêna tyase | Ki Besan ingsun tarima | anging pawèhira |[12] ing mêngko karyanên sangu | surup ngong paring mring sira ||

23. têlungane ingsun kaki | ingkang olunga

--- 149 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 13 dari 81

lunga |[13] Ki Răngga dhêku wotsinom | wuwuh ya imbuh trêsnanya | pangran dhatêng Ki Răngga | kinèn nguju[14] mring dyan ayu | winêraga nora sita ||

24. kang sarta pangran maringi | supe in bêbêrkatan |[15] sangking jariji pinacot[16] | nuwun nuwuk[17] Kyai Răngga | gusti sampun sumêlang | pun Răngga saturunipun | wulucumbu jêng paduka ||

25. mèh datan arsa nampèni | nanging pinêksa kewala | Ki Răngga matur wotsinom | nanging gusti tur kawula | yèn lulus pitulung Ywang | paduka jumênêng ratu | sampun kados Kartasura ||

26. putra paduka sang aji | Susunan Mangkurat Êmas | botên sae jêrajate[18] | kang garwa tumut parentah | myang kang ibu kuwasa | marentah para tumênggung | awon sêbawaning praja ||

27. wanodya angrèh prêkawis | Dèn Ayu Pugêr ngandika | Ki Besan mungguh wak ingong | aja sira walangdriya | tan nêdya mêngkonoa | Ki Răngga nêmbah tumungkul | gya mêdal aprêdandanan ||

28. Sêstrajaya dèn panggihi | Banyakpatra Jiwasuta | anjurung karaharjane | sarta Ki Răngga angsung mas | maring Ki Sêstrajaya | laywan kêmasan pêpitu | kang garapa upacara ||

29. banyakdhalang sawunggaling | kacu myang ardawalika | ginêlaka sak pungkure | yayah kadaut tyasira | sira Ki Sêstrajaya | Ki Răngga lingira arum | Ki Ngêbèi Sêstrajaya ||

30. benjing yèn lujêng ing wingking | jêng gusti sang pinangeran | tulus amêngku kêprabon | amung ingkang kula têdha | dadosa lênggah kula | bumi urut margi sèwu [sè...]

--- [150] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 14 dari 81

[...wu] | dene ta badan manira ||

31. winade dhatêng Bêtawi | kinarya gadhèn têbusan | anglampahi ayahane | sanadyan tumêkèng lina | sampun manira sêdya | anglabuhi bicara gung | dados bêbantên pangeran ||

32. Ki Sêstrajaya duk myarsi | waspandrês tinênggak-tênggak | tan sagêd mangsuli linge | sêmana wus kênthing dina | mawan Kênol Kapitan | myang utusane gurnadur | sigra numpak palwa layar ||

33. budhale sangking Sêmawis | anuju wulan Mukharam | Rêbo ping pitu tanggale | kunêng ing laut wus prapta | pan nêgari Jakarta | duk alèrèn wolung dalu | Ki Răngga mangkat bicara ||

34. dhatêng kutha intên aglis | Kapitan Kênol rowangnya | jendral wus ngrênggani kantor | ratfêninya kalih wêlas | para idlir bicara | myang komasaris tumênggung | pintu bicara rat Jawa ||

35. bêbanjêngan kanan kering | samya bagègkên[19] sêdaya | mring Răngga Yudanagrine | ri sampunira anulya | Răngga atur nuwala | tinampèn maring gurnadur | sawusira tinupiksa ||

36. anulya dipun urmati | sênjata agêng ping sanga | Ki Răngga tinundhung mondhok | bubar kang ratfênindiya | kacarita wus lama | aruwêd bicaranipun | prêdondi karya sri nata ||

29. Sinom

1. tan sanès bicaranira | laywan duk anèng Sêmawis | cinacad pangeran kêras | tau matèni Wêlandi | lêkas bicara malih | ngling komasaris tumênggung | dhumatêng Kyai Răngga | karsane Kangjêng Kumpêni | hèh ta Răngga Ki Tapan awak Wêlănda ||

2. aja sisihên ing nala | kêrana para ratfêni | Pangeran Pugêr cinacad | ewuh jumênênga [ju...]

--- 151 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 15 dari 81

[...mênênga] aji | ambêk sura cêngkiling | mandah jumênênga ratu | ngilês maring Wêlănda | tan kurang têdhak Matawis | Pangran Arya Panular Arya Mataram ||

3. salah siji piniliha | padha putraning nêrpati | asrêng Ki Răngga lingira | hèh tuwanku pra ratfêni | tan darbe atur kalih | mangke tanapi rumuwun | kala tuwan putusan | nodhi nèng laji Sêmawis | botên ewah kêlaywan ing mangke tuwan ||

4. sênadyan silih kathaha | putrane Rajèng Mêtawis | sayêkti măngsa samia | lan Pangran Pugêr Dipati | paramarta ing dasih | krama wicêksana alus | laywan botên bêbakal | wus tatya ngrênggani aji | duk Matawis jumênêng Sunan Ngalaga ||

5. sarta idine kang rama | sumuyud wadya Matawis | malah batine kang rama | asih dhumatêng kang rayi | prêtăndha pusaka ji | ingkang warni waos dhuwung | kathah nèng Kapugêran | sawab putra jêtmikani | ingkang raka Sunan Mangkurat kang swarga ||

6. batine purun kang rama | anggege arsa gumanti | natkala pun Trunajaya | punika kadamêl ringgit | makan tuwan pun ringgit | dhalang karubuhan panggung | bubrah kêraton Jawa | Susunan nèng Têgalwangi | nuntên kanthi Kumpêni mring Kartasura ||

7. mokal yèn tuwan kilapa | sampun wontên buk Kumpêni | Pangeran Pugêr Dipatya | uning kêlamun taruni | sumawitèng raka ji | anut sak solahing ratu | kalih tawang kawula | Sunan Mangkurat kang swargi | lan kang rayi Pangeran Pugêr Dipatya ||

8. kadi mantêp kang taruna | sumuk tambasing tyas êning | langgêng tingkah saudaran [sauda...]

--- [152] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 16 dari 81

[...ran] | uning sihing lyan nitèni | malah kang raka nguni | alame Kumêndur Sêlut | nuwun pun Martapura | ing lair seje lan batin | yèn wania Martapura linabuhan ||

9. loji Jêpara binungkar | sangking têlase tyas mami | angandhar wadining nata | dados awon anglangkungi | kados kula puniki | Sunan Mangkurat kang surud | langkung sih mring kawula | tan sanès lawan sang ari | inggih sangking gêmpunge manah kawula ||

10. dene Kumpêni sru nacad | mring Pangran Pugêr Dipati | tuwan wêtawis kawula | nadyan Kumpêni nambahi | tan tumut ngangkat aji | yèn pangran srêng karsanipun | mangun wikana ing rat | kagulung ing tanah Jawi | sintên purun mangsaha kang mangsah nyêmbah ||

11. pan Jawa kagunganira | tanapi para bupati | sêmăngsa dèn timbalana | mring pangran sêdaya maswi | duk maksih kang raka ji | sang ari ingayun-ayun | dera ambêk darmaja | mangkya kang raka ngêmasi | pantês gantya kawibawaning rakendra ||

12. tuwan-tuwanku sêdaya | mung puniku atur mami | nadyan jumênênga nata | andhahar ing atur mami | Kênol puniki sêksi | rintên dalu tumut jangkung | gya kapitan atanggap | amantoni manis-manis | pra bicara idêlir mênêng sêdaya ||

13. wêkasan bubar kewala | kocap Ki Răngga Sêmawis | dèn rès ginêdhong ping tiga | sangking apiking Kumpêni | nulya tinodhi malih | datan owah aturipun | tuwan kula punika | ngrasa awaking Kumpêni | undhak kula cukup angingoni rayat ||

14. mapan ta sangking andika | punapa pêmalês mami | mila manira kalintang | ngeman susahing Kumpêni |

--- 153 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 17 dari 81

tuwan punapa malih | sru ngowêl tunaning untung | dene badan kawula | tan arsa mantuk Sêmawis | lamun jendral tan arsa ngangkat jêng pangran ||

15. kawula nir jalma tama | ringong wisma ing Bêtawi | suka têmahan prêlaya | sangking tan sagêd ningali | rusaking tanah Jawi | tanapi pasisiripun | botên wande gêlura | wadya lit kathah ngêmasi | kintên kula pasisire bumi Jawa ||

16. kadi tan kenging dèn ambah | wong sabrang kang samya grami | mênêng kang para bicara | tan ana bisa nauri | dadya bubaran malih | duk antawis pêndhak minggu | kumpul mangkat bicara | mèh dhangan jendral ngèlèdi | sarwa ngawe mring pintu bicara Jawa ||

17. sêbdane cara Wêlănda | gya tumênggung komasaris | angucap maring Ki Răngga | hèh Răngga Yudanêgari | apa ontung Kumpêni | umpama anjunjung ratu | mring Pangran Pugêr ika | opah-opahe punapi | Kyai Răngga ature opah punapa ||

18. kêjawi kados ing kina | kala kang raka nêrpati | lulus prêjangji tan owah | pan amung tigang nêgari | Pamêkasan prituwin | Cêrbon Pasundhan puniku | tuwan inggih punika | têtêp meliking Kumpêni | lawan darbe kuwasa pasisir Jawa ||

19. wong sabrang tan kenging ngambah | yèn tan atas lan Kumpêni | tan kenging wong dagang layar | puniku kêdah punapi | sampun kathah nglangkungi | jendral mèsêm sarwa bêkus | lagya eca bicara | pan kêsaru surat prapti | sangking tuwan kumêndur kang nèng Sêmarang ||

20. dhapur ngaturi uninga | dhumatêng para ratfêni |

--- [154] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 18 dari 81

mangkya nagri Kartasura | sampun sangêt dènnya gonjing | lawan bawah pasisir | sampun ngadêg barisipun | mungsuhing Kartasura | kagulung sanggyèng rat Jawi | mring Pangeran Pugêr kang lunggyèng Sêmarang ||

30. Dhandhanggula

1. kadi lalêr angumprêng ing gêndhis | solahipun tiyang tanah Jawa | ambyuk mring Sêmarang kabèh | pamugran ingkang tinut | bratya Sampang lan Surawèsthi | wadyabala Mêdura | laywan Surèngkewuh | ewon wus praptèng Sêmarang | bupatine mêksih kantun nèng nêgari | jagani Pasêdhahan ||

2. panêrkane yèn pun Surapati | anêlabung madyaning ranongga | karane dèn arêpake | wong Kartasura srusuh | sabên dina kathah kang prapti | nusul dhatêng Sêmarang | kang dados gêgêtun | watêke Pangran Dipatya | Pugêr dèrèng arsa madêg narapati | maksih nganti Ki Răngga ||

3. kang kinarya wakiling prêkawis | bicara lawan tuwanku jendral | puniku dèn antos-antos | Pangeran Pugêr alus | sabar badhe asih Kumpêni | sampun talendhor tuwan | kantun junjung ratu | Kumpêni ampang têmumpang | yèn ngantosa pangeran madêg pribadi | Kumpêni kasusahan ||

4. para idlir gantya nupiksani | Kyai Răngga nuli malangkadhak | gumuyu sarwi akêplok | ujar tuwan-tuwanku | ora ana ngandêl ring mami | lambe kaya gopèla | tan andhahar atur | bukak topi tuwan jendral | amarani Ki Răngga tandya kinanthi | nunggil drèktur lungguhnya ||

5. Kyai Răngga nulya dèn urmati | sênjata gêng muni ping sangalas | para dlir gantya sung tabe | sarywa sinung jêjuluk [jêjulu...]

--- 155 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 19 dari 81

[...k] | Kyai Răngga maring Kumpêni | ingaran anak jendral | ing saturunipun | wus kanggêp maring Wêlănda | dan bubaran Ki Răngga mawi kumêtir | nunggang kareta rukma ||

6. dupi antawis ing tigang latri | jendral ratfêni nèng kantor bêsar | Ki Mas Răngga sampun saos | sinung parentah sampun | kinèn mantuk dhatêng Sêmawis | tuwin Kênol Kapitan | kang palkat wus sinung | kang sinrat ing kartas jênar | srat pêngangkat wus runtut para ratfêni | jumurung ing karatwan ||

7. sarta sanggup angawaki jurit | ngrurah satru ingkang ambêk krura | nanging wontên panuwune | amung nagri têtêlu | ing Jêpara Sumênêp Têgil | yèn lêga jêng pangeran | lan atur pisungsung | busana biludru renda | kain-kain kang adi miwah hèr wangi | pirang-pirang gotongan ||

8. pra putra samya winiji-wiji | sanès laywan kang katur kang rama | lan tuwan jendral ing mangke | nênggih ngaturi bantu | wolung atus wadya Kumpêni | sèwu Kumpêni Eslam | akèh warnanipun | Ambon Trênate Mêkasar | wong Sêmbawa prituwin kang wadya Bugis | kang tinuduh ngrèhêna ||

9. prajurit wudhu tatya nrang wèsthi | bêdhah kutha blênggu raja-raja | Atmral Safilman arane | wantêr waskithèng kewuh | tanah sabrang tan olèh tandhing | kang mêcah ing Sêmbawa | myang Bugis yaiku | umur pitung puluh lima | pan wus tuwa maksih kuwat mangun jurit | prang dharat laut guna ||

10. kapitan papat mayor kêkalih | kang sawiji ran Mayor Pratisman | Baron Sêmahut sisihe | dene kapitanipun | van dêr Volan Kapitan Budir | Kapitan Palkus laywan | Krasbun jangkêp catur | tindhihe Kumpêni [Kum...]

--- [156] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 20 dari 81

[...pêni] Islam | pan akathah kapitan Ambon lan Bugis | Mêkasar lan Sêmbawa ||

11. Kapitan Kênol sampun apamit | atanapi sira Kyai Răngga | wus tinampan bêbêktane | ngriyini budhalipun | dene wau sagunging baris | pan ganti têlung dina | atmral angkatipun | lagi èwêd bagi arta | gêgajian măngka sanguning jurit |[20] pan kêton pitung lêksa ||

12. sampun mancal sagung kang prajurit | Atmral Safilman anèng lautan | mlêtuk masimbar palwane | nêngna malih winuwus | langkung otêr tanah pasisir | kang kabrokan gêgaman | wong Kartasura gung | puniku tan malih tingal | dene ingkang datan kanggonan ing baris | suyud marang Sêmarang ||

13. nagri Dêmak kang rosa pribadi | Pêkalongan prituwin ing Batang | nora mèngèng mring ratune | amung nêgari Kudus | laku loro ngacungi patih | kinèn maring Sêmarang | de tumênggungipun | maksih maring Kartasura | Patih Kudus Patrajaya kang wêwangi | nèng Sêmarang katrima ||

14. kawarnaa nêgari ing Pathi | duk alame Mangunonêng wijah | pan atilar anak roro | Tirtanata kang sêpuh | nanging datan lumakwèng kardi | Kyai Răngga Prêmana | nênggih arinipun | ngawula anèng Sêmarang | darbe anak Bagus Wabru kang wêwangi | dèn mong mring uwakira ||

15. Tirtanata kang tunggu ing Pathi | Răngga Prêmana apirêmbagan | kêlaywan[21] Wabru anake | andum gawe sêkuthu | bapakane magang Sêmawis | Wabru mring Kartasura | kanggêp Bagus Wabru | jinunjung marang narendra | sinung aran tumênggung naluri kaki | Mangunonêng arannya ||

--- 157 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 21 dari 81

16. kinèn têngkar prêbawa anggitik | kanan kering nagri ing Santênan | Ki Wabru agêng manahe | ingêbang mring sang prabu | dadya wêdananing pasisir | Ki Wabru gurawalan | mangkat dalu-dalu | wong têlung puluh rewangnya | dumêrajog sak praptanira ing Pathi | kandhêk ngalun-alunnya ||

17. uwaknya Dêmang Tirtanata wrin | lamun sutane Ki Wabru prapta | parentah mring wong bature | praptane anak ingsun | lamun têka Sêmarang nuli | lêbona[22] dèn aenggal | kangên sutaningsun | yèn têka ing Kartasura | dhimin mula ingsun ora angrêmbugi | sirah ro maro tingal ||

18. ing wong ngawula ratu tan kêni | andum gawe laku pêpatungan | nora kandêl sak umure | ijirku sun kon kumpul | lan bapakne anèng Sêmawis | iku sing Kartasura | tundhungên dèn gupuh | aja sira wèhi lawang | murang ujar nora gugu pikir mami | Ki Wabru wus ngujaran ||

19. Ki Wabru runtikira tan sipi | sêkala lali ing uwakira | wus sanggup marang ratune | mêcah ing Pathi Kudus | thêrathakan tumbak pinusthi | sak wonge tigang dasa | sarêng dènnya ngamuk | wong Pathi gègèr puyêngan | sira Wabru angamuk lir proding yêksi | wong Pathi kèh palastra ||

20. kori kinunci dipun dhupaki | lawang bêjad Dêmang Tirtanata | mudhun sarwi nyangking tamèng | sêdyane uwakipun | dipun imur dêrapon eling | mila tamèng kewala | kang cinangking mêtu | Ki Wabru krura magalak | uwakira sinandêr tinumbak wani | tinangkis tamèng kontal ||

21. waon kontit Wabru mangunus kris | sigra uwaknya jinangkah indha |

--- [158] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 22 dari 81

parêng agapyuk karone | ulêng sarêng gumulung | ingkang uwa tinindhês manglih | kari mêmpêng rosanya | ginoco jaja trus | Dêmang Tirtanata lina | samya nangis sak gotrahnya jalu èstri | Ki Wabru nuli mêdal ||

22. angundhangi tarub bala Pathi | pacak baris bêndhe munya ngangkang | Ki Wabru ngadêg barise | arsa mukul ing Kudus | kunêng wau nêgari Pathi | wong agung ing bang wetan | wau kang cinatur | Pangeran Anyakraningrat | lan Jangran wus budhal sangking nêgari |[23] wus lawêd ing bang wetan ||

23. arsa sowan dhumatêng Sêmawis | dipun palih lampahing gêgaman | mêdal nglaut lan dharate | pangeran miyos nglaut | myang Jangrana mrih enggal prapti | agêng kang mêdal dharat | lir wrêdwăngga sèwu | upama lintah kumêlab | dulur-dulur kadi sungapan jêladri | gumulung nora kêndhat ||

24. para putra Mêdura têtindhih | sumbaga sanekya bra ujwala | pangirit ngarsa patihe | ring Mêdura gêng luhur | aran Panji Dipanêgari | têtindhih Surapringga | kadange têtêlu | Mas Ngabèi Ranadirja | laywan Panji Kartayuda atênapi | Apanji Suradirja ||

25. sarta parentahnya sang dipati | kinèn napis sak urut dêdalan | pasisir kang maksih magol | yèn wis nungkul kon laju | bêkta dhatêng nagri Sêmawis | lagya praptèng Juwana | ingkang alêlaku | wadya Pathi kagegeran | sira Wabru wus ingaturan upêksi | yèn prajurit bang wetan ||

26. praptèng Juwana kèbêkan baris | sigra Wabru têngara marsèng prang | prajurit bang wetan wus wroh | lamun wong Pathi ngrêgu | sêdya mapagakên ing jurit | sigra nglarug pinapag | lan wong Pathi campuh |

--- 159 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 23 dari 81

wong Pathi karoban lawan | wong Mêdura Surapringga ngidak wani | malêdug wong Santênan ||

27. Mangunonêng Wabru wus malêncing | ngungsi maring pêbarisan Dêmak | Pathi wus kancikan dene | wong Sampang Surèngkewuh | pra niyaka pangirid baris | kumpul wus amiyarsa | Tirtanata lampus | purwa nalare sêdaya | samya ngungun dene ta kirang sakêdhik | praptane wong bang wetan ||

28. Tirtanata pan adarbe siwi | aranira Ki Tirtawijaya | pêngantèn anyar karone | tan uning ramanipun | duk palastra nuju têtuwi | mring wismaning mratuwa | ing mangkya wus tundhuk | laywan pêpatih Mêdura | sigra budhal gêgaman sing nagri Pathi | Tirtawijaya milwa ||

29. Pangeran Cakraningrat ing mangkin | mang Jangrana kang mêdal nglautan | nèng nagri Jêpara rèrèn | mangkya Petor Jumêlut | mêntas sangking nagri Sêmawis | mantuk maring Jêpara | manggihi têtamu | miwah Tumênggung Jêpara | Kyai Sêcanêgara sangking Sêmawis | ingutus jêng pangeran ||

30. ngenggalakên lampahe kang rayi | Pangran Cakraningrat myang Jangrana | Pangeran Madura age | miwah Petor Jumêlut | myang Jangrana sak wongnya sami | sampun numpak ing palwa | tan kawarnèng laut | prapta nagri ing Sêmarang | Tuwan Petor pan lajêng nyimpang mring loji | Pangeran Cakraningrat ||

31. laywan Ki Tumênggung Surawèsthi | lajêng sowan marang pasanggrahan | prasamya onêng kalihe | Pangran Sampang sru muwun | myang Jangrana sarêng nungkêmi | pada samya karuna | jêng pangran matrênyuh | kang waspa tinênggak-tênggak | wusnya aring solahira [solahi...]

--- [160] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 24 dari 81

[...ra] katur ngênting | wusdene jêng pangeran ||

32. datan prabeda gantya nuturi | niskara prêkara mring Wêlănda | Ki Răngga ingantos-antos | nulya mriyêm jumêgur | ing muwara Ki Răngga prapti | laywan Kênol Kapitan | ing laji jinujug | kumêndur gupuh aseba | nyaosakên srat agêng sangking Bêtawi | angsale Kyai Răngga ||

33. lan kangjêng pangeran sampun panggih | atur tabe tanapi kapitan | Ki Răngga majêng ngêlasod | mulêt pada wêtu luh | gya kumêndur majêng tur tulis | tinampan ing pangeran | urmatnya kêlangkung | surat anuli binuka | sasampuning mungêl tabe jendral tuwin | para ratfênindiya ||

34. kang kathah-kathah eklasing galih | kaatura ing kangjêng pangeran | antya jumurung kaprabon | nanging panuwunipun | rèh sing milwa ngangkat nêrpati | amukul Kartasura | baurêksèng kewuh | wontêna kang sih wilasa | jêng pangeran yèn tulus jumênêng aji | Kumpêni baurêksa ||

35. lan utange ingkang raka swargi | mung tigang kêthi kangjêng pangeran | nyanggupana sêsaure | lan jênênge kumêndur | pilungguha loji Sêmawis | petore nèng Jêpara | laywan dipun tulus | Kumpêni dadosa lawang | tanah Jawi ywan wong sabrang angêjawi | sampun liya marginya ||

36. lan wontên asih wilasa malih | Kumpêni kang mêndhêtakên toya | laywan malih panuwune | dagangan kang kapetung | tanah Jawi kalih prêkawis | bênang laywan marica | Kumpêni kang nuku | binayar sak jining Jawa | lan Kumpêni ngintuni bantuning jurit |

--- 161 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 25 dari 81

katura saudara ||

37. têtindhihipun wirèng Kumpêni | anênggih Tuwan Atmral Safilman | sèwu dhomas sradhadhune | maksih lumakwèng pungkur | lan ngaturi pisungsung kain | sak wontêning Jakarta | myang mring para sunu | lan malih rabi kawula | dhatêng kangjêng radèn ayu kang ngaturi | cindhe bênang mas kasa ||

38. jêng pangeran manthuk trima kasih | sarywa angawe maring Ki Răngga | tumampèng smu lon dêlinge | dhatêng tuwan kumêndur | hèh tuwanku bubaran sami | sak lire kang bicara | kêpanggiha ngesuk | ringong wakile jêng pangran | dika tuwan andêl-andêling Kumpêni | gêntine tuwan jendral ||

39. sami rinêmbag wontên ing loji | dene ingkang jênêngi manira | Pangeran Sampang kemawon | nuli tuwan kumêndur | myang kapitan tur tabe mijil | Pangran Sampang Ki Răngga | Jangrana katêlu | ngatêr kori wijil pisan | têtabean saha sêmayan mring laji | kumêndur nuli pulang ||

40. pra pratiwa tinimbalan malih | myang Ki Sêcanêgara Jêpara | Ki Sêstrajaya karone | Banyakpatra puniku | Kyai Răngga kinèn wêwarti | kala nèng Batawiah | gustyawrat kêlangkung | amba ginêdhong ping tiga | langkung ruwêd bicantên dènnya muryani | nanging kayogi para ||

41. pun kumêndur suratipun prapti | yèn bang wetan kapusthi ngarinta | Pangran Cakraningrat mangke | sêdaya sampun suyud | pan kagulung ing nuswa Jawi | Kumpêni yèn rondhea | amêsthi ywan kantun | dènnya ngangkat panjênêngan | duk miyarsa pun jendral gugup kagalih | nuntên bicantên luwar ||

42. langkung

--- [162] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 26 dari 81

trustha sagung kang miyarsi | Pangran Sampang anambungi sêbda | srate kumêndur tan linyok | sampun radin sêdarum | pra punggawa bang wetan sami | manira bêkta seba | dan ngandika arum | kangjêng pangeran dipatya | mung Si Dêmak kinaryaa pacak baris | gêgaman Kartasura ||

43. Kaliwungu sapêngulon rakit | kancikan baris wong Kartasura | ing Ngadilangu samêngko | yayi Wujil wus rawuh | dene Pangran Răngga awakil | Pangran Têngah kinarya | kèrêm seda nglaut | dene ta Pangeran Răngga | sun wêtara tyase mêksih mêdhang miring | sang tinuturan nêmbah ||

44. gya ngrêmbag panuwuning Kumpêni | owah linggih Pangeran Mêdura | Ki Mas Răngga kang tinolèh | anak kêpriye rêmbug | pênjaluke si jendral iki | Ki Răngga matur nêmbah | yèn sarju pukulun | kalawan raka paduka | dipun pagok[24] yèn kathah upami kêdhik | inggih kêntèn punapa ||

45. tinurutan sampun ngrêrubêdi | ing rakanta pênêd lêstantuna | bilih salêksa kemawon | kang kêlair rumuwun | kala kula wontên Bêtawi | Jêpantên kawan sasra | Têgil gangsal èwu | pan sangang èwu punika | pun Sumênêp pintên cacahipun siti | nangling Pangran Mêdura ||

46. limang èwu cacahe kang bumi | Kyai Răngga matur awotsêkar | punika ginêmpal mawon | bumi kang tigang èwu | pinaringna dhatêng Kumpêni | dados minêb salêksa | langkung kalih èwu | witning yèn kawula cithak | pêparinge rakanta sinuwun swargi | langkung sangking akathah ||

47. ing Pasundhan gangsal èwu tuwin | ing Kêrawang jangkêpe salêksa | kawan lêksa ing Carêbon | gangsal lêksa gungipun | nging punika kula

--- 163 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 27 dari 81

turuti | kêkêdhikan kewala | sampun was ing kayun | nagri kang dados pasrahan | bupatine maksiha sarta jinanji | ywan purun ngewahana ||

48. Sumênêp kalih èwu kang maksih | langkung karsa jêng raka paduka | Jêng Pangran Pugêr dêlinge | sun paringkên riningsun | Pangran Sampang nuwun ngabêkti | Balega Pêkacangan | ingkang kalih èwu | ing Mêdura manjing rolas | Kyai Răngga kêlangkung lêga ngling malih | mring Pangran Cakraningrat ||

49. dene yatra ingkang tigang kêthi | sanggêmanipun sunan kang swarga | cinicil sapriyogine | kinumadaka têmbung | ing lêt tigang taun ngêsoki | pan salêksa kewala | kang rêmbag wus rampung | ing dalu tan winurcita | sarêng enjing Ki Răngga maring jro loji | lan Pangeran Mêdura ||

50. duk sêmana kasaru kang prapti | Atmral Safilman anèng muwara | mriyêm jumêgur urmate | mêntas sêdaya sampun | kêbêk sêsêk nagri Sêmawis | sira Atmral Safilman | apan arsa laju | apanggih lawan pangeran | dadya samya angirid atmral rumiyin | kèndêl dènnya bicara ||

51. tuwan atmral pasanggrahan prapti | duk katingal jumênêng jêng pangran | sakêlangkung ing urmate | Atmral Safilman dulu | ing pangeran ngiling-ilingi | istijrad trang paningal | tuwan atmral wêruh | wus tumuwuh cahya raja | gya pangeran rinangkul dipun ciumi | kênèng ababing grana ||

52. atmral netrane bawur sawiji | pangrasane lir katiban wongwa | apanas pêdhês rasane | sinamun tyas angungun | ampuh têmên wong agung

--- [164] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 28 dari 81

iki | ringong iki wus tuwa | anèng dunya tuwuk | tau nyium raja-raja | tanah sabrang tan ana kang kaya iki | apa pêngawak upas ||

53. oswaning irung băndakalani | mandah silih lamun amukula | ing asta agawe kêjèt | kêjète nuli mampus | kaya priye ta netra mami | lagya rêp mangun aprang | mata siji bawur | sawusnya tata alênggah | nuli atmral ngadêg matur ngasih-asih | anggèr tuwan pangeran ||

54. kula ingutus dhatêng pun kaki | zendral[25] kinèn bantoni ngayuda | sèwu dhomas Kumpênine | parentahing gurnadur | ring kawula awanti-wanti | punapa rèh paduka | milwa sabayantu | lêbura amor pratala | datan nêdya ginggang kridaning ajurit | parentah sang asmara ||

31. Asmarandana

1. eyang paduka mêmêling | katur ing tuwan pangeran | pun Kênol dèn inggahake | dados komasaris bêsar | laywan kang mungêl surat | kumêndur têtêp pilungguh | Sêmarang tuwan lêgaa ||

2. dene ing Jêpantên loji | amung petore kang jaga | pun Răngga Sêmarang mangke | yèn kenginga sampun sowan | dhumatêng Kartasura | yèn tan sarêng lan kumêndur | Ki Răngga tyasnya sampêlah ||

3. atmral nuli matur malih | lan tulusa sobat-sobat | lan Kumpêni sampun pêdhot | yèn tuwan jumênêng nata | sintên miwiti salah | sampun amanggih rahayu | pangran rumajong turira ||

4. anulya samya prajangji | sintên wiwit ngawonana | sampun manggih karahayon | katêlah dala[26] samangkya | jangji Pakubuwanan [Pakubuwana...]

--- 165 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 29 dari 81

[...n] | ingkang linuri tinurut | apan ta kala punika ||

5. sigra têngarane muni | mariyêm lir gunung kumba | atmral anênulis dhewe | akarya buk prêjangjean | nora suwe luwaran | mring loji atmral kumêndur | kunêng ing dalu wus enjang ||

6. Pangeran Sampang mring loji | myang Jangrana Kyai Răngga | nuli lêkas bicarane | pinangkring dening Ki Răngga | panuwuning Wêlănda | yèn akathah datan antuk | pinaringan mung sêpala ||

7. sakliring prêkara pan wis | sinanggêman mring Ki Răngga | bicara asmu kêsompok | dadya anurut kewala | kumêndur mring Ki Răngga | sagung bicara wus rampung | dèn pancêd ing dina Soma ||

8. pangran adêge nêrpati | wigar sak nagri Sêmarang | rineka alun-alune | lirna kang têratag rambat | sanekya rênggèng pura | sinuji-suji winangun | prapta gêgaman Mêdura ||

9. laywan wadya Surawèsthi | kang sangking nagri Santênan | urut dêdalan sinampe | papas tapis ing bang wetan | seba maring Sêmarang | Pangran Sampang kagyat dulu | sak rayate Tirtanata ||

10. Tirtawijaya anangis | wus katur samulabuka | pangran antya pangungune | canthèl atur Sêstrajaya | pêjahe Tirtanata | pinêrjaya mring pun Wabru | wus katur sak mulabuka ||

11. sira pangeran dipati | miyarsa kalangkung duka | Răngga Prêmana tinalèn | sinudukan mring wong Sampang | pinanjêr murdanira | Tirtawijaya pinundhut | winor lan priyayi magang ||

12. kunêng sakêdhap [sakêdha...]

--- [166] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 30 dari 81

[...p] Sêmawis | ya ta Sunan Mangkurat Mas | kang manah wus nyêkul jêne | wiwit anggalar gêdhogan | pan ula dumung ponthang | kang manah kêduwung lênguk | patrape marang kang paman ||

13. yèn karsaa kondur malih | kang paman mring Kartasura | pinundhi-pundhi karsane | pinunjung sabin salêksa | Dèn Ayu Impun ika | dèn antuki dadi ratu | kang manah langkung barubah ||

14. kabubuh miyarsa warti | bantu sangking Batawiyah | sabrang Jawa suyud kabèh | ngastuti maring kang paman | nêgari ing Sêmarang | kèhning jalma lir pêpêdhut | tyas narendra kagegeran ||

15. kêkasihira sang aji | sira Panji Jayaningrat | rinêngkuh sudara yêktos | prasêtya parêng prêlaya | binêktan sak pratigan | dunya kêdhaton dèn usung | kèn gajih prajurit sabrang ||

16. Cina Mêkasar lan Bugis | wong Mandar lawan Sêmbawa | budhaking Wêlănda balos | kumpul nèng Panji Jayèngrat | kinèn abêbitinga | ing Ungaran wus lumaku | angirid wong Kartasura ||

17. pêmajêgan ing Matawis | tuwaburu gawong kalang | puniku kang dèn rèhake | Pudhakpayung bêbarisan | kinêpung ing Sêmarang | ingarsa-arsa mring Prabu | Janingrat mêkasi jaya ||

18. nalika nagri Sêmawis | arsa ngangkat panjênêngan | anuju ing dintên Isnèn | pêpak sagung pra niyaka | andhèr munggèng têratag | abusana pamuwah rum | rêsmining yudanêgara ||

19. lir pasang pijana sari | niyaka nawung smu samya | myang Kumpêni gêdhe-gêdhe | bêbanjêngan kursinira | kumêndur tuwan atmral | miwah komasaris [koma...]

--- 167 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 31 dari 81

[...saris] baru | mayore laywan kapitan ||

20. kawurywan sumbaga srani | myang kopyah dirnatir rukma | lyan tali rukuh murdane | tali pêgilaca pita | pruwit latha kapraya | pinuyur cuwiyun mawur | malêngis sisaning gotra ||

21. myang topi wuluning anjing | winarkata ing rêtna bra | kêkucir mêmêt sinangge | kaywapu pinatik ngrêtna | krutning alis cala bang | thi-athi mangrênuk-rênuk | marêngut ulat kapila ||

22. bêbrêngos lir ulêr gêni | myang lir prasundha dèn êmbat | tăndha prajurit wus katog | nganggya cap Kumpni sêdaya | tumrap ing dhadha kiwa | mukane alatu-latu | swaning dăngga kumyus mêdal ||

23. prasamya nindhihi baris | kanan keringing têratag | dhomas drugundur[27] kemawon | Kumpêni Islam mêlatar | sisih lan wong Mêdura | kinêmasan abra murub | miwah wirèng Surabaya ||

24. myang barise wong pasisir | saha brêdăngga ing wuntat | bungahning rasika angrok | campur rêtangganing surya | mangrênyêp nglaras atya | atmral kumêndur lumêbu | sêkar mêgatruh gumantya ||

32. Mêgatruh

1. angaturi marang sang badhe jinunjung | tandya Pangeran Dipati | Pugêr ginêrbêg para rum | Atmral Safilman anganthi | orêg wadya kang nèng wiyos ||

2. pra niyaka prasamya tilar lêlungguh | wus pinarak sang wira di | nèng dhampar lêlèmèk babut | rinenda ya isi sari | atap pacara kêprabon ||

3. banyakdhalang sawunggaling laywan kacu | kidang rukma lan cêpuri | ardawalika mas luru | kang nămpa samya sêsamir | waos pusaka tan adoh ||

4. wong Mêdura ingkang anjajari [a...]

--- [168] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 32 dari 81

[...njajari] pungkur | wong winêraga pinilih | sanetya wong anrang kewuh | brêngose samya pinidih | bujăngga lodra bêbadhong ||

5. para putra munggèng kanan bagus-bagus | karênggèng busana adi | ngambar gandaning pra sunu | sanetya nirtyèng prihatin | kongas sarine mêdhadhok ||

6. sigra Pangran Madura mandhiri ngayun | asru dènira ngundhangi | padha pirsakna sêdarum | para bupatya myang mantri | ngistokêna kang rumajong ||

7. lamun Pangran Pugêr mangke madêg ratu | sarta lan panjunjung mami | prituwin tuwan gurnadur | mufakat para ratfêni | jumurung ngangkat kêraton ||

8. bisikane nama wasiyat Matarum | Sunan Pakubuwana Di | Senapati ing Apupuh | Ngabdurahmanu Sayidin | Pênatangagama kaot ||

9. kang sewaka sêdaya asaur manuk | sigra Panêmbahan Wujil | jumênêng donga kêratun | pyaywalim myang para khaji | sewasugata mring katong ||

10. swaraning kang amin lir ardi gumulung | sagung niyaka Kumpêni | atur tabe ing sang prabu | urmat drèl baris Kumpêni | unine dadi sawiyos ||

11. dèn katimang mriyêm ing laji gumlêdhug | têngara gobyar mêlingi | dhêrudhut swaraning tambur | brondongan kang wadya jawi | gamêlan parêng munya ngrok ||

12. Carabalèn Kadhokngorèk ting jalêgur | kêkênthung Mêkasar Bugis | giyak gêrtang jagat umung | kadi mêcahêna kuping | asrang swaraning wong nonton ||

13. sak sirêping têngara kang para sunu | angujung marang rama ji | putra kêkalih rumuwun | Dyan Wăngsataruna nênggih | sak sampunnya pratmaja nom ||

--- 169 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 33 dari 81

33. Sinom

1. gupuh Pangeran Mêdura | nêmbah sumungkêm pada ji | myang Jangrana Kyai Răngga | katiga marêbês mili | gantya kang pra dipati | kumarubut ngoswa suku | kangjêng sri naranata | maha nur narendra luwih | duk sêmana sinuwun arsa parentah ||

2. lir madu manuksmèng raras | trahning pangandika aji | e ya wong kawulaningwang | ngistokêna karsa mami | yayi ing Sampang iki | ingsun paringi jêjuluk | arana Panêmbahan | Cakraningrat anguyuni | wadyaningsun pasisir bang kulon wetan ||

3. kalaywan maning Ki Besan | Yudanêgara sun alih | aran Suradimênggala | anganggo nama dipati | laywan ingsun paringi | bumi urut dalan sèwu | padha sira èstokna | ing jênênge Adipati | Suraadimênggala prajèng Sêmarang ||

4. lan Tumênggung Surabaya | ingsun wènèhi wêwangi | wuwuh nganggoa dipatya | Jangrana ing Surawèsthi | tulusa angliwoni | ing wong pasisir sêdarum | kalaywan Si Jêpara | ingsun paringi wêwangi | ajênênga Dipati Sujanapura ||

5. lan iya Si Jawikrama | ing mêngko sun junjung linggih | tunggua Kudus nêgara | sarta jênênge sun alih | Si Arya sun arani | Jayasantika ing Kudus | dene Si Sêstrajaya | sun karya pêpatih mami | ajênênga Si Tumênggung Cakrajaya ||

6. sisiha Si Banyakpatra | Si Banyak ingsun arani | Tumênggung Kartanêgara | wong roro sun kon ngawruhi | sakèh kawula mami | minăngka wêrananingsun | laywan Si Jiwasuta | mêdanani gêdhong kering | sisihane kang têngên Si Onggontaka [Ong...]

--- [170] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 34 dari 81

[...gontaka] ||

7. padha ingsun lihkên aran | Jiwasuta sun arani | Si Tumênggung Citrasoma | Onggontaka sun paringi | siwi roncène bêcik | iya arana tumênggung | iya Si Ăngganala | kang sun tuduh ngêliwoni | sun arani ya Si Răngga Wanèngjiwa ||

8. Si Pandhi kêliwon kiwa | ran Jayawirya Ngêbèi | anadene Krêtiwăngsa | dadi wong jaba bopati | arane sun paringi | Jayasundirga Tumênggung | wêdana numbakanyar | Si Krêtajaya sun alih | ajênênga Kêndhuruwan Wilatikta ||

9. wong sèwu kang dèn rèhêna | Pranayuda sun paringi | jênêng Arya Măndhalika | Gêrobogan dèn lungguhi | nêgara ing Garêsik | Si Nalasuta sun tuduh | Tumênggung Naladika | iku jênêngi mantêsi | lan Si Garèng palungguha ing Banyumas ||

10. Tumênggung Suradipura | iku jênênge abêcik | lan adhine Si Jangrana | têlu pisan ingsun ambil | ingsun karya bupati | panêkaring surèngkewuh | anadene kang tuwa | Si Ranadirja sun alih | ajênênga Ariya Jayapuspita ||

11. sun gêmpalkên Surabaya | wong sèwu dadi lêlinggih | lan Si Panji Kartayuda | têtêpa arane lami | Kartayuda Apanji | lan Si Suradirja iku | Apanji Surèngrana | ing Lamongan dèn karoni | laywan maning sutèng ulun ing Mêdura ||

12. kang tuwa laywan panênggak | padha sun paringi linggih | ing Balega Pêkacangan | padha sun wèhi kêkasih | kang tuwa angyogyani | arana radèn tumênggung | iya Sasradiningrat | kang anom ingsun paringi | jênêng Radèn Tumênggung Suradiningrat ||

--- 171 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 35 dari 81

13. laywan Si Tirtawijaya | lungguha nêgara Pathi | ran Tumênggung Tirtanata | iku jênêng nunggaksêmi | Si Badrayuda Têgil | ingsun parokake iku | aran Rêksanêgara | Si Sêcaguna nisihi | ajênênga Tumênggung Wiranêgara ||

14. lan iya Si Wăngsaprana | ingsun paringi wêwangi | Si Răngga Adimênggala | Kaliwungu dèn lungguhi | purna jinunjung linggih | kapêdhak gamêl pêmayung | ngampil lan upacara | miwah wong magang pasisir | pinrayoga wus samya dadi punggawa ||

15. anolya[28] kang panakawan | sinilih ingkang priyogi | saha kinulawisuda | Gus Kênthi nama Ngabèi | Kartijaya palinggih | nagri dalêm Cêngkalsèwu | Gus Subah sinung nama | Wirasantika Ngabèi | Bagus Koplo Angabèi Kartayuda ||

16. wontêndene Bagus Sudar | Kartawirya Angêbèi | Gus Bawa Ngêbèi Wira- | tanu punika kang nami | rinakit kanan kering | mantri kêparak puniku | amung wêdananira | sang nata dèrèng akardi | wontên kocap arine ki adipatya ||

17. Suradimênggala pêjah | Ki Martayuda kang nami | katur marang sri narendra | anake pinundhut nuli | mapan sagêd nênulis | sêmangkenira sinambut | dadi carik dalêman | ya Martayuda kang nami | langkung rakêt tansah kinanthi ing nata ||

34. Kinanthi

1. anulya kang para sunu | sêdaya sinung wêwangi | Dyan Wăngsatruna anama | Kangjêng Pangeran Dipati | Anom Amangkunêgara | kang sudigbya narpasiwi ||

2. Maha Narendra Matarum | ginadhang sumilih

--- [172] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 36 dari 81

aji | kang rayi Radèn Sêsăngka | namane dipun paringi | Pangran Dipati Purbaya | sami mawi adipati ||

3. sabtunggil[29] ibu jêng ratu | Radèn Sudama kêkasih | Pangran Dipati Balitar | Dyan Martataruna nami | sira Pangran Dipasănta | Dyan Ăntawirya wêwangi ||

4. Pangran Prangwadana mungsuh | Dyan Dipataruna kasih | Pangeran Dipanêgara | Patih Sampang anyênyami | nuli jinabud kang nama | pra putra rasika wrêsni ||

5. wigarsa kongas rum-arum | aluwaran sri bupati | panêmbahan aparentah | maring bupati pasisir | ingkang padha dadi anyar | hèh Tumênggung ing Têtêgil ||

6. karone muliha gupuh | rêbutên lungguhmu Têgil | padha ngêlara jajahan | wong Kartasura kang baris | ing Banyumas angkatana | apa walêsmu ing gusti ||

7. jinunjung dadi tumênggung | wêdia rêrêmpon jurit | yèn kalah sak timbangira | mêsthi padha sun lunasi | yèn unggul mingêra ngetan | tapisên kabèh pasisir ||

8. Nănggasêtya awotsantun | Bupa Têgal kêkalih |[30] binêktan Lutnan Walănda | Mangran Jayisman nindhihi | gya badhol kang mring Têtêgal | ingkang mring Dêmak pinanci ||

9. van dêr Vol kapitanipun | angirid bala Kumpêni | kanthi Sampang Surabaya | wong Surapringga têtindhih | sira Panji Surèngrana | sèwu sikêping ajurit ||

10. Jangpati laywan Jangkewuh | putra Madura têtindhih | Rahadèn Suradiningrat | ambêkta sèwu prajurit | pan wus tinandhing tinimbang | bobote kang dèn lurugi ||

11. kang mring Dêmak budhal sampun | van dêr Vol wadya Kumpêni | anabrang margèng

--- 173 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 37 dari 81

lautan | wong Sampang lan Surawèsthi | ingkang sami mêdal dharat | dene kang badhe anggitik ||

12. ing Tugu lan Kaliwungu | puniku dèn santosani | Wêlănda Kapitan Gusman | ngirid drugundur ti-ati | Mêdura putra kang tuwa | Dyan Sasradiningrat tindhih ||

13. Surapringga kadang sêpuh | wantêr tur pratamèng wèri | Ki Arya Jayapuspita | nyèwu prajurit kinaci | tanglêdira panêmbahan | wong Kêdhu kang dèn saosi ||

14. titir pangrurahing satru | Mangkuyuda lan kang rayi | Ki Tumênggung Natayuda | pratama ngadu wong cilik | balèg pamulanging yuda | bandhu sêntana tur bumi ||

15. panêmbahan ngandika sru | dèn padha kang ngati-ati | mungsuh wong bumi Bumija | iku jêndhuling nêgari | dene kang baris Ngungaran | asu Cina tan pêrduli ||

16. si lamcuk ciwai besuk | mundhuk-mundhuk mikul tingting | endah apa sêngkan anyar | mung yèn ana jro nêgari | kaya angukira jaman | sok mêdèni bocah cilik ||

17. rêrêmbugan rubung-rubung | kumadi adakik-dakik | ngrêmbug ingrêring nêgara | yêktine ingrêring picis | bisane mung kêkewalan | ing don tan payu sêdhuwit ||

18. kang putra nêmbah wus mundur | têngara budhal kang baris | pyuhning rok digdayanira | kasêktèn lyan tan kaèksi | mangănta madyaning rona | tan nêdya mundur ing jurit ||

35. Durma

1. dan warnanên prawira ing Kartasura | kang samya anuguri | nêgari ing Dêmak | gêdhug Mandurarêja | Wirawăngsa wus miyarsi | myang Wirasastra | yyan mungsuhira prapti ||

2. Sampang Surabaya myang wadya Wêlănda [Wê...]

--- [174] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 38 dari 81

[...lănda] | pangiriding prajurit | Apanji Lamongan | tênaya ing Mêdura | Suradiningrat têtindhih | van dêr Vol mêntas | tumamèng ing nêgari ||

3. wadyèng Dêmak ing alun-alun sumahab | ngajangi wong Kumpêni | saha bala Karta- | sura nangsuh wong Sampang | kalaywan wong Surawèsthi | tandya sanega | sumunggut tata baris ||

4. Ki Mandurarêja mrêkama wêcana | bêgja pakon nêrpati | ywan mantri prameya | mapag Cakraningratma | murdane kiras ing jurit | lintang nugraha | sumêngka mah bupati ||

5. awrituwin[31] têndhase Si Surèngrana | sang ingujaran srênggi | wangwang anggrêjita[32] | muja-muja santika | hereka wirèng Kumpêni | têkap anglanggar | kutha lampah dèn rakit ||

6. kawêspadan wong Dêmak têngara ngrêjah | têtêg gobyar tinitir | Wêlănda ningkah glar | arda cakra lumbungan | dyaja tamburnya madyani | alafèrès ngarsa |[33] sarean ngapit-apit ||

7. kapitane nèng wuri ngabani mangsah | parêng têmpuhing jurit | surak sawur asrang | pangêdrèling Wêlănda | wong Dêmak ginrujug mimis | nora kastawa | wus malêdug kèh mati ||

8. baris Kartasura nèng kiduling kutha | ayun-ayunan jurit | lan wirèng Mêdura | tanapi Surapringga | Panji Lamongan ngabani | prajuritira | kalaganjur munya tri ||

9. ting jalêgur carabalèning Mêdura | prajuritnya sinimping | ingkang munggèng ngarsa | atap prasamya dharat | sumbaga samya dhêng gilig | sondhèr rangrangan | onclang lawung ambêkik ||

10. nangling makras sira Panji Surèngrana | hèh-hèh wong Surawèsthi | myang sanak Mêdura | aja na bêdhil padha | yèn durung akasok gadhi | wong Kartasura | tunjangên aja wêdi ||

--- 175 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 39 dari 81

11. yèn jagoa tangkêpe wong Kartasura | tarunge bêlenjani | bêcik yèn jinajal | amung akakurungan | bêkar-bêkèr ngêndhèrèki | kluruke bungkak | nèng don kari nyepaki ||

12. dan gumulung wadya Sampang Surabaya | lir gandarwa non daging | samya nglandhak watang | tadhah wong Kartasura | kumrug drèl jadmaga riris | wong Sampang mamah | cucuh mangidak wani ||

13. kan mangsah Ki Tumênggung Mandurarêja | maya sru bala srênggi | lèn Ki Wirasêstra | nangsah mara kumênthang | Wirawăngsa angulithir | smu jrih kangelan | Mandurarêja runtik ||

14. prayitna kyat prawira Pakubuwanan | Surèngrana Apanji | wruh Mandurarêja | sigra buwang rasukan | nyampinge limar winingkis | udhêng gilignya | kinancing laywan suri ||

15. pasêmone lir Sang Wirathatênaya | dumilah ngilat thathit | pêdhange dèn ikal | tangmèngira[34] kiniwa | wongira sabayèng gati[35] | kagila-gila | cucuh mangilês wani ||

16. hereka Dyan Tumênggung Suradiningrat | cawêt sondhère mirir | sarwi gigit waja | jumangkah ngirab keswa | sarwi rawise pinuntir | waos bêtuwah | mêntul-mêntul pinusthi ||

17. anrêg wadya wong Sampang wuru ing yuda | tan kandhêg dèn bêdhili | andrês maulêkan | udan hru tawok panah | busur brêngkolang myang lêmbing | wadya Mêdura | berag lir dèn sindhèni ||

18. tan awingwrin lungiding bajra mukswala | mawantah ing ajurit | prawira Mêdura | miwah wong Surabaya | wanine dudu suwadi | tan darbe maras | ywan pinupus lir ringgit ||

19. wadya Kartasura mrih ngirup tan bisa | Panji Surèngrananjrit | hèh Mandurarêja | dipanggah

--- [176] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 40 dari 81

ja ngucira | olèh tandhing padha bêcik | rok bitutama | ngadu wulêding kulit ||

20. gênti mèsêm sira andêling narendra | ingsun kadang dipati | lah payo gêmpala | nêgara Surapringga | ringong wus duwe nêrpati | paran wêdia | mungsuh lan sira anjing ||

21. dhimin sira duk anèng ing Kartasura | êmèh ingsun tandangi | ratumu udhunna | patihmu wêtokêna | sun cukure pêdhang mami | sok gêmpal sawah | sira sêpisan iki ||

22. sida dhasmu ingsun kêramasi tangan | srobah cucuh nrêg dasih | rêmpêg pênunjangnya | akèh ngunus curiga | kanggêk mundur giras mungging | kadohan kawas | Mandurarêja kitir ||

23. mulat krudhanira wong Pakubuwanan | rowangnya akèh mati | bubrah kambuh-kambah | drah sirnaning samara | wong Kartasura wus gusis | Mandurarêja | ngingêr kuda malêncing ||

24. sirna larut gêgaman ing Kartasura | bêdhah Dêmak nêgari | lawang ro karêngya | nunggil sêngkalanira |[36] kala sinuwun Sêmawis | madêg Narendra | kang kaplayu ing jurit ||

25. kawus nunjang-nunjang prapta ing Gagatan | wong Dêmak punggawa tri | Suranata Marta- | nêgara Padmanagra | lan Mandurarêja nunggil | kèndêl Gagatan | nahan kang mênang jurit ||

26. wirèng Pakubuwanan ngêbroki kutha | miwah bala Kumpêni | kula lit ing Dêmak | suyud atur pisêgah | wus rêmbag bubar nilari | mantri kewala | Ngadilangu sêmangkin ||

27. Pangran Răngga mawênês aprêdangdanan | seba marang Sêmawis | katrima ing nata | pinaro Ngadilêngka | Pangran Răngga Pangran Wujil | nging Pangran Răngga | lênggahira kawuri ||

36. Pangkur

1. nahanira ta kawarna |

--- 177 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 41 dari 81

kang anglurug mêcah ing Lèpèntangi | gêgaman prapta ing Tugu | hereka Mangkuyuda | ningkah gêlar dirgama rungsit mapêngkuh | wong Kêdhu jêjêl sap-sapan | ingkang rayi anisihi ||

2. Ki Tumênggung Natayuda | prawirandêl wanine nunggal ati | prawara kadang masukup | dhadha Pangran Balitar | wirèng Pakubuwanan ngêndhêng ngêndhanu | prajurit ing Surabaya | kang ngarêpake wong bumi ||

3. wong Sampang lan wong Bumija | dhadha Pangran Blitar laywan Kumpêni | karwa lèn tatya nrang kewuh | tan ngantèni têngara | pyuk macampuh Wêlănda ngêdrèl lir guntur | limêng mukswaning kacika | wong Mangkuratan nadhahi ||

4. Ki Tumênggung Mangkuyuda | têtêg tatag ngêdhangkrang dèn payungi | wong Surapringga anêmpuh | budine kêtadhahan | pan kêtanggor padha pêpukuling ratu | sama sudira ing rana | wira sama surèngpati ||

5. srêg-sinrêg nora kuciwa | kêpyaking kang watang makasok godhi | udrêg godrag silih suduk | wira wuru rudira | ingkang mati kapilês nora dèn etung | yeka Sang Maduratmaja | umangsah singanêbdanjrit ||

6. tang lèn Arya Japuspita | dik sarosa nirang tandanging jurit | Madura bala krura muk | nir tang mangeka baya | Mangkuyuda maditya prawara nangsuh | sulung-sulung nora kêntas | ngwuri rêbut mangêmbuli ||

7. kawêwês wong Kêdhu nglingkab | nora tawar kinracak angunduri | mênggah mênggalaning Kêdhu | Mangkuyuda sra pêksa | datan mingkêd kawijayan ki tumênggung | macadhang bala wrin gila | ingkang wêdi sura maning ||

8. mangkin aparêk umangsah | Japuspita

--- [178] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 42 dari 81

sêsumbare mêlingi | hèh-hèh mundura wong Kêdhu | sira nora tumama | mungsuh mring wong Surabaya kari alus | andêling Kêdhu kabangan | mangaran Ki Sarapati ||

9. tandanga mahsa akantar | sang pinurih menggung bala padha mrih | parêng pyuk tandya gumuruh | Sarapati manyangkrah | kèh kawênang wirayudèng surèngkewuh | juga manglih pinarbutan | sawitning wus ambêk pati ||

10. ya ta ri pêjah dènira | kinêracok lir wigra Sarapati | rinampog ing alun-alun | masrang tumimbal-timbal | Mangkuyuda sumênging jaja manglatu | yeka swara manrêg bala | ramês suranira kalih ||

11. ngambah têkèng suh mabyungan | sru ruara prêkatha silih usir | lir gora gêlap wor jawuh | Arya Jayapuspita | mulat Mangkuyuda tyase lir ginêrus | angliga tanpa rasukan | kinancing kang udhêng gilig ||

12. mingkis Lumajang sêmboja | ngikal pêdhang tamèngira kinering | lir andaga sêmunipun | Radèn Sasradiningrat | parêng mangsah lir Bimaputra dinulu | waose dèn êmbat-êmbat | mêntul lir pranida gusthi ||

13. Kumpêni dinèkèk wuntat | asru prayitna kapitan ngidêri | dur netya mangangkên diyu | wong Sampang Surabaya | cucuh bae wong Mangkuratan tyas jêmur | datan riwêg ngêmbulana | Mangkuyuda tiyasa mrih ||

14. wangwang amusthi gorastra | umarah-arah ring kang liwat luwih | sang antên nusul masayut | bêk pandhita sinung trang | Natayuda waskitha ingêring wahyu | ring jagat digjaya raja | ngalih sang murwèng Sêmawis ||

15. mandrês mangsèng ngiring kaka | dhuh suwawi kakang murud ing jurit | lêbu api ngong tan rêmbug | anak putu pundi gyan |

--- 179 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 43 dari 81

karsaning Ywang mratelani ring pandulu | kawawas mungsuh tan jalma | kaya nguntala wong urip ||

16. Ki Tumênggung Mangkuyuda | duk rumêngêng pamulare sang ari | oncat ngingêr kudanipun | dene Pangran Balitar | pêlayune pan wus gêndring wau-wau | bagna luyut asasaran | mungsuhnya anglud mangungsir ||

17. mabrungan wahana wasa | praptèng Kaliwungu gantya kawarni | kang abaris Têgalarum | ginitik sampun dhadhal | mring Tumênggung Têgal kadwinya mapêngkuh | têtêping rana panyipta | mêmangsuli sihing gusti ||

18. Banyakwidhe nunjang-nunjang | mingêr ngetan barise wadyèng Têgil | sarta ngadhol ambêbujung | wong kang kenas ing rana | Banyakwidhe nêdya ngungsi Kaliwungu | ing Kaliwungu wus bêdhah | kabrokan wirèng Sêmawis ||

19. gap-gapan mring Kêdhu samya | Kyai Răngga Adimênggala pan wis | pinacak ing Kaliwungu | dirèng Sasradiningrat | Ki Ngabèi Wăngga Kêndhal nungkul amung | Nitiyuda Pêkalongan | Madurêtna Batang sami ||

20. kumpulan kang kalah yuda | sêdya ngungsi biting Ungaran sami | Janingrat ingayun-ayun | pantês mêmalês ing prang | wong bèr dunya sumêkta kêkasih ngratu | mangkya kang samya mênang prang | mantuk dhumatêng Sêmawis ||

21. dadya baris kulon wetan | ngumpul anèng Ungaran dadi siji | katur mring Sunan Mas ngungun | angatag pêpatihnya | Sumabrata kinèn mêtoni ngapupuh | ngirid wong măncanêgara | mangkat baris Kalicacing ||

22. kang kantun ing Kartasura | wêdana jro lan pra sêntana sami | kang atêngga ing sang prabu | ubêk amêkajangan | baris tugur supênuh ing alun-alun | wong sikêp anambut [a...]

--- [180] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 44 dari 81

[...nambut] karya | ing Ngasêm kang dèn barisi ||

23. sêmana Prabu Mêngkurat | mung kang paman Pangran Arya Mêtawis | kang pinêndhêt galihipun | pinasrahan ing karya | putranira pangeran pinundhut mantu | nama Dyan Suryataruna | ginanjar Dèn Ajêng Sasi ||

24. rinêngga sinungan nama | Radèn Suryadiningrat langkung mukti | pinutra sinawung-sawung | Pangran Arya Mataram | kinèn tugur abaris anèng ing Ngambuh | gantya ingkang kawuwusa | kang nèng Ungaran abaris ||

25. Ki Tumênggung Jayaningrat | langkung sêdhih de baris kanan kering | ulêng-ulêngan ngalumpuk | kawar-kawur kang manah | lan wartane ting saruwêng kèh karungu | prajurit Pakubuwanan | bisa mabur tan kaèksi ||

26. witning tênaya Mêdura | atanapi kadang tri Surawèsthi | bisa prang cidra ing dalu | pindha mangendrajala | bêthot gulu tanpa sangkan jlog sing luhur | umuke Atmral Safilman | bisa nyukur wong lan mimis ||

27. kulite nora kêparas | sak sênênge bisa marentah mimis | myang Kumpêni Islam iku | dhaèng krêraèngira[37] | yèn mêkanjar bisa malêncut sabêdhug | tinumbak-tumbak tan kêna | dupi anjlog amêdhangi ||

28. myang wong pasisir anggêpnya | singa-singa magang anuli dadi | nir pratali sêtyanipun | Janingrat mring narendra | duk sêmana arine ingkang ingutus | Ki Dêmang Pusparudita | mring Sêmarang atur brangti ||

37. Asmarandana

1. pan sarwi ambêkta tulis | Ki Dêmang Pusparudita | dhêdhêmitan ing lampahe | ing marga tan kawarnaa | prapta nagri Sêmarang | pamugari kang jinujug | Panêmbahan Cakraningrat ||

2. sêrat wus dèn tupiksani | gumujêng atukup waja | sigra mring pasowan [pa...]

--- 181 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 45 dari 81

[...sowan] age | canthèl atur Cakrajaya | anulya ingandikan | Dipati Jangrana tumut | katri Dipati Sêmarang ||

3. Panêmbahan awotsari | sinuwun atur uninga | ing paduka jêng sang katong | yèn mangke pun Jayaningrat | kang baris ing Ungaran | atur pêjah gêsangipun | anungkul ing padukendra ||

4. nanging kang dèn suwun gusti | bilih nala dalêm lêga | kagêngan dalêm sang katong | padhusunan ing Bahrawa | măngka dadosa têdha | arinipun kang ingutus | pun Dêmang Pusparudita ||

5. dene padhange kang margi | sampun kuwatir sang nata | pun Jayaningrat warnine | miwah prajurit Mêkasar | Bugis Cina Binêkta | angabdi dhatêng sang prabu | jêng sunan mèsêm ngandika ||

6. iya ngong tarima yayi | nungkule Si Jayaningrat | nuli timbalana age | praptaa ing ngarsaningwang | dene desa Bahrawa | iku ewuh atiningsun | de wus ngong karya ganjaran ||

7. maring Ki Besan Sêmawis | tanggap wau Ki Dipatya | Suradimênggala ture | luhung gusti pinaringna | dhusun dalêm Bahrawa | tinurut saaturipun | pun Tumênggung Jayaningrat ||

8. malar ta dadosa kanthi | sampun ngrêrubêdi marga | pan kawula têlungane | barkah dalêm sampun kathah | sok ugi lêstantuna | ing tindak paduka kondur | ngêdhaton mring Kartasura ||

9. kêpranan tyasira aji | ring ature Ki Dipatya | Sêmarang tambah pitados | ngandika mring panêmbahan | yayi sira tulaka | dutane Janingrat gupuh | panungkule sun tarima ||

10. nuli sebaa ring mami | bitinge dèn bubrahana [bubrah...]

--- [182] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 46 dari 81

[...ana] | punggawa tri awotsinom | sapraptanira ing jaba | mêmêling mring caraka | lan matah ingkang amêthuk | sandine mukul ngayuda ||

11. Sujanapura lumaris | lan Ki Arya Japuspita | putra Mêdura Rahadèn | Tumênggung Sasradiningrat | kang mêntas lagya prapta | ambêdhah ing Kaliwungu | anuli lajêng dinuta ||

12. pan sampun dèn wangsit-wangsit | Ki Dêmang Pusparudita | Panêmbahan bang-êbange | lah warahên kakangira | Si Kacung yèn têmêna | atămpa ganjaran agung | pan nêgara Pêkalongan ||

13. Pusparudita tur bêkti | lèngsèr ing dalu lampahnya | dene kang budhal siyange | Dipati Sujanapura | lan Sampang Surabaya | lampahe kadya anglurug | ing Srêrondhol[38] sampun prapta ||

14. Pusparudita winarni | sarêng byar prapta Ngungaran | wus kêpanggih lan kakange | katur solahing dinuta | purwa praptèng wusana | sakalangkung bungahipun | Tumênggung Panji Jayèngrat ||

15. kêsaru utusan prapti | baris pênganjur tur wikan | kang atugur Pudhaksongsong | yèn mêngsah Sêmawis prapta | nèng Sêrondhol barisnya | dene senapatinipun | Dipati Sujanapura ||

16. nulya Janingrat ngundhangi | mring sagung rerehanira | iku si wong Jawa bae | kalamun padha wong Jawa | bêbiting apa guna | bubrahêk[39] bêbiting gupuh | ingsun mêtoni ngayuda ||

17. wonge sabrang wus winangsit | Mêkasar Bugis lan Cina | tigang atus ing cacahe | ki tumênggung sigra budhal | hèh wong Jawa kariya | dening sun amagut mungsuh | wong têlung atus kewala ||

18. biting sampun dèn bubrahi | ki tumênggung ing lampahira [lampahi...]

--- 183 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 47 dari 81

[...ra] |[40] majêng maring Pudhaksongsong | prapta lajêng pêparentah | maring wong gawong kalang | pamajêgan tuwaburu | kinèn bubrah bitingira ||

19. parentahira anunggil | kadya wau nèng Ungaran | padha Jawa tanpa gawe | bitingan nuli binubrah | Janingrat gurawalan | laywan wonge têlung atus | para mantri datan nyana ||

20. pêngrasane prang sayêkti | sêdhêng wantêr kinasihan | tan wruh atine ngêlathok[41] | sampun lêpas lampahira | Tumênggung Jayaningrat | wus cundhuk laywan kang mêthuk | Dipati Sujanapura ||

21. anulya lajêng dèn irid | mring Dipati Janapura | wangsul mring Sêmarang malèh | ambêkta Ki Jayaningrat | wongira ngungun mulat | dene senapatinipun | wus awor kalawan mêngsah ||

22. wong Mêdura Surawèsthi | apan lajêng lampahira | amukul ing Pudhaksongsong | rerehane Jayaningrat | para mantri prameya | kang abaris Pudhakpayung | malêdug asalang tunjang ||

23. ingungsir lumayu ngungsi | kang abaris ing Ungaran | sampun miyarsa wartane | lamun senapatinira | Tumênggung Jayaningrat | jêrunthul milu mring mungsuh | bubar kang baris Ngungaran ||

24. angungsi ing Kalicacing | Kyana Patih Sumabrata | ngungun têbah jaja jêngèk | miyarsa titikanira | Tumênggung Jayaningrat | nahan ya ta kang lumaku | Dipati Sujanapura ||

25. lampahe praptèng Sêmawis | wus tundhuk lan panêmbahan | sampun katur bongkokane | waos kalawan sênjata | dadya pitung gotongan | wus lajêng binêkta gupuh | sumiwi ing sri narendra ||

26. laywan sagung pra dipati | samya asaos sêdaya | maswèng ngabyantara

--- [184] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 48 dari 81

katong | angirid sang lagya prapta | Tumênggung Jayaningrat | kèn ngujunga sèlèh dhuwung | mangaras padaning nata ||

27. angandika sri bupati | bageya Ki Jayaningrat | kêtêr-kumêtêr wotsinom | ngandika malih narendra | hèh yayi mas Mêdura | Si Jayaningrat pun junjung | ngong ganjar ing Pêkalongan ||

28. wus mufakat angênggyani | nêgara ing Pêkalongan | sumuyud pan wus sugih wong | Janingrat madêg barisnya | mring Kêdhu arêpira | nahanira Ki Tumênggung | Natayuda Mangkuyuda ||

29. sak kasorira ajurit | tan arsa ngumpul Ngungaran | kalangkung wiyang manahe | arsa nungkul durung tahan | mangkya angsal dhadhakan | Ki Jayaningrat kang jêrum | tatkalayar wus patêmyan ||

30. anèng nagri Lèpèntangi | Janingrat lan Mangkuyuda | punapadene arine | Ki Tumênggung Natayuda | wus tamtu panungkulnya | Janingrat tur surat sampun | anduta mring Panêmbahan ||

31. êntyarsa katrima sami | ingkang sarta tinimbalan | prawara katri wus badhol | seba mring nagri Sêmarang | tumamèng panêmbahan | kawur marang kang sinuwun | mapan sampun ingandikan ||

32. kalih prasamya tilar kris | manguswa pada narendra | kang sinuwun ngandika lon | Mangkuyuda Natayuda | padha sira bagea | praptamu ing ngarsaningsun | karo lir konjêm pratala ||

33. sang nata ngandika malih | sira ngawula maringwang | aja sira pae-pae | lan kakang prabu kang swarga | gonmu nglakoni karya | kalih samya nuwun-nuwu[42] | datan sagêd mangsulana ||

34. sêdaya wus kinèn miji | mring kuwune panêmbahan | dadya atur bêkti karo | Mangkuyuda [Mangku...]

--- 185 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 49 dari 81

[...yuda] Natayuda | langkung pangrêsêpira | ngling panêmbahan dhuh kacung | karone sun arsa-arsa ||

35. kumpule marang Sêmawis | awêl dadi mungsuh padha | wong akas dhangan ing gawe | Mangkuyuda Natayuda | malih samya tur sêmbah | pan sarwi pinaring dhuwung | crapang Arjunawijaya ||

36. sawusira kinèn bukti | panêmbahan angandika | karo sun tuduh ing gawe | abarisa ing Ungaran | tunggal lan arinira | Si Sasradiningrat kacung | tuwin Si Jayapuspita ||

37. sira kang sun pitayani | kacung dadi senapatya | arinira sayogane | sira kang among sak baya | ywa sira obah-obah | yèn tan ana pakon ingsun | sang kinon kalih tur sêmbah ||

38. budhal kinanthenan mantri | pun Dêmang Lindhusêgara | kang badhe mrêcayakake | mring Radèn Sasradiningrat | nahan praptèng Ungaran | wus anunggil sabayantu | wong Kêdhu lan wong Mêdura ||

39. kang abaris Kalicacing | Kyai Patih Sumabrata | wus atur uningèng katong | Mas Pêngalasan dinuta | panakawaning nata | timur mila kalawau | binêktakkên Jayaningrat ||

40. kinarya tingal nêrpati | duk balik Ki Jayaningrat | pan arsa dèn yêktosake | mila nunggil kyai patya | mangkya tita têtela | sisan ki patih kang ngutus | wus prapta ing Kartasura ||

41. lajêng tumamèng jro puri | wus katur sak solahira | purwa madya wusanane | yèn balik Ki Jayaningrat | lajêng jinunjung lênggah | mawi dipati ranipun | pilungguh ing Pêkalongan ||

42. arine dadya bupati | pinaring [pi...]

--- [186] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 50 dari 81

[...naring] nêgari Batang | Pusparudita namane | Tumênggung Puspanêgara | miwah pun Mangkuyuda | lan Natayuda wus nungkul | kinarya pêngajuring prang ||

43. ing Ungaran dènnya baris | kanthi Sampang Surapringga | têtiyang Kêdhu sêmangke | sêdaya pan salin gagrag | sagêd cara Mêdura | ngangge udhêng gilig wungu | langkung mijilakên sura ||

38. Mijil

1. tan kêna ngling sidhakêp sang aji | tyasira gêrawong[43] | dene wadya tan odhil yudane | pra dipati akathah kang bali | klangkung arda kingkin | sira sang aprabu ||

2. ingkang paman sampun dèn bantoni | kang baris ing Ngamboh | kalang gawong lagya prapta kinèn | wus lumampah tuwaburu sami | kêparak abaris | ing Ngasêm atugur ||

3. wêdanane kang rumêksèng biting | mantrinira kinon | wira-wiri pêcalang karyane | maring Ngambuh maring Kalicacing | wong praja kèh ngili | sampun sangêt kuwur ||

4. tan winuni kang lagya prihatin | kawarna sang katong | ing Sêmarang kang wus amêngku rèh | aprêtăndha mrih suraning dasih | nuku siyang latri | bojana wadya gung ||

5. lir sinêkar nêgari Sêmawis | ing kusuma sinom | sri narendra wus angadêgake | pawatangan Sêptu amiyosi | wiragyèng syandani | pênuh ngalun-alun ||

6. pra bupati anyar-anyar sami | wus padha sugih wong | kadya laron cinilung[44] pamane | pra punggawa kêtêb kang angiring | upacara ngawin | panakawan ngayun ||

7. sabên bubar watang animbali | ăndrawina katong | pra dipati ingandikan kabèh | pan ing dalu bêbêdhayan sami | anatas sawêngi | bubaripun esuk ||

8. Tumênggung Dêmak ingkang winarni | nagrinya duk kawon | anèng [a...]

--- 187 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 51 dari 81

[...nèng] Gagatan lumayu wong akèh |[45] mangkya wong Kartasura anunggil | baris Kalicacing | anyimpang tan mèlu ||

9. anêdya mring Sêmarang wus prapti | nungkul ing sang katong | wus katrima ing pangabêktine | saha tinêtêpakên palinggih | ing Dêmak nêgari | tulus pinra têlu ||

10. êntyarja kang rawe-rawe titis | kang amalang pêdhot | wong pasisir radin sêdayane | datan ana kang malang sawiji | ing têngahan tuwin | Bagêlèn myang Kêdhu ||

11. ya ta mangkya kawuwusa malih | kasukan sang katong | munggèng pasanggrahan kang wadyandhèr | saha garwa kang para dipati | tuwin para mantri | supênuh ing ngayun ||

12. para putra atap munggèng ngarsi | ngrêrangin ponang gong | wong pasisir saos bêdhayane | Dèn Ayu Panêmbahan angirid | niyaka Kumpêni | atmral lan kumêndur ||

13. atanapi tuwan komasaris | kapitan lan mayor | bêbanjêngan nèng kering sang rajèng | panêmbahan kang wiwit angrangin | pan wus sêpuh mêksih | bêksanipun gambuh ||

14. kangjêng pangran dipati nisihi | pyayi dhongoh sengoh | akampuh sêkar têlêng cinitrèng | lancingan cindhe jêlamprang abrit | sêkar niyaka sri | kongas rinêmbuyut ||

15. sanetyasmu lèmèrên ing èstri | sêkaring rat babo | sang putra wisesa trus bêksane | samaning priya tyasnya kairis | maragasi liring | sang mahraja sunu ||

16. gantya-gantya pra putra bupati | wênèh bêksa sador[46] | sak sênênge ana bêksa tamèng | sak kèndêlira gantya ngêploki | ing bêdhaya sami | kang para tumênggung ||

17. wisaning langên pundhutan mijil | kang meja sumaos | kêmbulan Kumpêni gêdhe-gêdhe | sêlamêtan

--- [188] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 52 dari 81

urmat wanti-wanti | lorodan anggili | mring niyaka sunu ||

18. mêngkana kang cinaritèng tulis | sagung dyah nênonton | wontên ingkang kaprênah mantune | dening Ki Dipati ing Sêmawis | ingkang jalu nênggih | kaponakanipun ||

19. Ngabèi Martayuda kang nami | pinundhut sang katong | pan kinarya carik pakaryane | sakalanira sri narapati | dèrèng gadhah carik | puniku tinuduh ||

20. darbe somah ayu rungih kuning | sangking Gêbanganom | apan lagya kalih atmajane | tan kêlar nyandhang rasaning ati | asmara putra ji | kang binagus-bagus ||

21. datan liyan Pangeran Dipati | Mêngkunêgara Nom | juwêt mulat linanggatan sire | malah kacatur wus urup rêsmi | grêgêtên ing galih | binonjèng dyah ayu ||

22. nanging mangke koncatan ing liring | dènnya kèh pakewoh | kasêrandu ing wadyang[47] prang rame | mangkya angot kasèbêt ing liring | kambuh umulat ing | sang bêksa duk nayub ||

23. ingkang kinarya dhadhaning nyilib | nênggih lanang wadon | bapak jarêm pan magêrsarine | kakung kang priya èstri samyèstri | milane pêkolih | ri sêdhêng ing dalu ||

24. ingkang raka Martayuda kêmit | pasanggrahan katong | kang tinilar maharjèng gêlunge | wus ubaya tan cidra dhatêngi | katuju kang kêmit | mantuk dalu-dalu ||

25. wus kacirna[48] ywan pangran dipati | dadya wêdi alok | dhèhèm-dhèhèm jêng pangran wus anglès | malbèng wisma Martayuda runtik | pinala kang èstri | gya tinilar turu ||

26. Bok Martayuda nêdya angungsi | pasanggrahan katong | lumampah biru èrêm srirane | prapta ing jro marêk narèswari | gugup aningali | wau kangjêng ratu ||

--- 189 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 53 dari 81

27. dinangu matur miruda rêsmi | lan kang putra cêlor | kangjêng ratu matur ing sang rajèng | langkung ngungun wau sri bupati | angrênggani adil | panjênêngan ngratu ||

28. Panêmbahan gupuh dèn timbali | sampun prapta ing jro | kangjêng suhunan pangandikane | yayi mas mulane ngong timbali | anakmu dipati | culika ing laku ||

29. miruda laywan Martayudèstri | nglingsêmi maringong | ingsun pasrah yayi ing dhèwèke | khukumêna putranta dèn aglis | măngsa bodho yayi | ngong lila sak tuhu ||

30. Panêmbahan nêmbah matur aris | sinuwun dèn alon | punika pan gampil masalahe | sawêg wontên pangabêning iblis | mila supe dening | setan kang angadu ||

31. ingapuntên sapisan puniki | inggih sampun ngantos | kêpanjang misuwur ing liyane | Panêmbahan utusan mèt picis | sèwu sampun prapti | katur ing sang prabu ||

32. Panêmbahan nêmbah matur aris | patikbra sang katong | kang jalêr tinimbalan yagine[49] | kaparingan yatra ingkang sarwi | kapundhuta ugi | pangapuntênipun ||

33. emuta yèn panggodhaning iblis | jalwèstri dumados | pan dumadak agampil kalihe | duk miyarsa lêga sri bupati | Panêmbahan nuli | malih awotsantun ||

34. dene jêng anggèr pangran dipati | kajêngipun kapok | sawêtawis dinukan yogine | langkung panuju sri narapati | anakira aglis | undangên pondhokmu ||

35. sang kinon wotsêkar nulya mijil | tandya sang akatong | Martayuda ingandikan age | kang tinimbalan anulya [a...]

--- [190] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 54 dari 81

[...nulya] prapti | ing ngabyantara ji | ngandika sang prabu ||

36. kulup ingsun amiyarsa warti | yèn rabimu mirong | adhimu si dipati rowange | mujadahmu kulup dèn tarêtib | apuranên ugi | nyawa sadulurmu ||

37. kawruhana pêngaduning iblis | dadine mêngkono | lali marang kadang sadulure | Martayuda matur mrêbês mili | tan rumaos gusti | salah ing pandulu ||

38. kang sinuwun angandika malih | rabia sutèngong | iki ana dyah ayu warnane | trahning priyayi sing Pranaragi | prabeyane iki | kulup reyal sèwu ||

39. dene rabinira ingkang purik | kulup pikir ingong | apuranên sakèhe dosane | luwih utama ngapura sisip | ing sawuri-wuri | gêdhe tobatipun ||

40. kagunturan ing sêbda nrang gêndhis | saya ngondhok-ondhok | jêng ratu ngarih-arih rabine | wiyang ing tyas nging kapêksa ajrih | wus mêdal sarimbit | reyal sèwu sinung ||

41. panakawan kang ambêkta picis | wus prapta pakuwon | Martayuda dhêlêg-dhêlêg bae | sarta rabine dipun sungkêmi | gantya kang winuni | pangeran kang wuyung ||

39. Asmarandana

1. sêmana pangran dipati | dèn aturi Panêmbahan | Dyan Suradiningrat kinon | wus rumaos jêng pangeran | tan wiyang gya lumampah | kangjêng pangeran wus rawuh | pinêthuk mring Panêmbahan ||

2. ngaturan ngiwa kang sêpi | mung Radèn Suradiningrat | kang ngadhêp munggèng pungkure | sinèpsi tur kinêjepan | jurit ampilên enggal | wangkingane bêndaramu | dhuwunge sira ampila ||

3. Dyan Suradiningrat aglis | ngampil dhuwunge pangeran | Panêmbahan lon wuwuse | gèr jêngandika tampia |

--- 191 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 55 dari 81

dêdukane ramanta | pangran dipati tumungkul | inggih sumăngga pun paman ||

4. dêdukanipun kiyai | kang dhawuh sangking pun paman | kawula sumăngga ing rèh | nadyan dhatênga antaka | kawula tan suminggah | aran inggih yêktos luput | măngsa boronga pun paman ||

5. Panêmbahan lingira ris | wau mêkatên timbalan | ki dipati yèn tan kapok | anguciwani maringwang | pênyadhang ingsun gêla | pan akèh sêduluripun | gèr ingkang nanggêl kawula ||

6. dukane ramanta lilih | pan margi sangking pun paman | pangran kumêmbêng waspane | ngandikan srêt mring kang paman | pêdamêlan punapa | yèn botên sagêda mantun | wus kapok kawula paman ||

7. dhuwung ingaturkên malih | Panêmbahan Cakraningrat | têka milu ngondhok-ondhok | kang sarta pamrêdinira | sak rèhning badhe raja | gèr kathaha para sunu | pan amung ingkang sarira ||

8. ingkang kula arsi-arsi | ngisèni yuwananing rat | ginendholan kawulane | maha bala tanah Jawa | anggèr nuntên kondura | kawula tumulya matur | dhatêng rama jêngandika ||

9. sarêng lan kang paman mijil | lajêng kondur jêng pangeran | Nêmbahan marêk mring katong | wus katur sasolahira | kapoke ingkang putra | langkung suka sang aprabu | mêngkana Ki Martayuda ||

10. tamtu dipun tarimani | pinangku mring Panêmbahan | antya pangrêngga-rênggane | wayuh somah Martayuda | Adipati Sêmarang | namun pi tan wruh witipun | dahat gunggung mring parentah ||

11. miwah kang para dipati | tan uning prêkawisira | mung tinarka olèh gawe | Martayuda pêngabdinya [pênga...]

--- [192] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 56 dari 81

[...bdinya] | karane tinariman | rinêngga pinutra tuhu | sangking bangkite Nêmbahan ||

12. amingit prêkara wadi | mêngkana Ki Martayuda | sinung nama ing sang katong | Mas Ngêbèi Sumaningrat | winarga sinêntana | Ki Mangkuyuda winuwus | lan Tumênggung Natayuda ||

13. kang anèng Ungaran baris | atur srat mring Panêmbahan | anênggih surat pawartos | nêgari ing Kartasura | mangkya Sunan Mangkurat | nêdya mopo jron kêdhatun | dene ingkang pinasrahan ||

14. senapatining nêrpati | Pangeran Arya Mataram | darbe bang-bang lum-alume | ingêbang sabin salêksa | nagri ing tanah Jawa | dhêdhak mêrangipun katur | ing mangke pinipil besan ||

15. milane agêng kang galih | sagah lumawan kang raka | abaris wontên ing Ngamboh | nindhihi para sêntana | Sunan Mangkurat Êmas | aputusan mundhut bantu | dhatêng nagri Pasêdhahan ||

16. Surapati tan nyaosi | pan maksih sinanggèng krama | lan mangke karya baluwèr | ing Ngasêm ingkang ajaga | pan wêdana kêparak | nata badhe miyos pupuh | ing Ngasêm arêrêmponan ||

17. kang abaris Lèpèncacing | Sumabrata pra niyaka | panêdyanipun andhekor | arêrêmpon ing ayuda | kirang langkung tan kathah | dêdamêle kawan èwu | ponang duta wus tinulak ||

18. sarta dipun parentahi | timbalane Panêmbahan | kinèn majênga barise | warahên si kacung padha | anuli dèn gitika | musuh ingkang dadi cucuk | kang padha abêbarisan ||

19. ana ing desa Lopait | karêtêg dèn dandanana | angêrigna arahane | sakèhe wong ing Bahrawa | digangsar dèn gêlaka |

--- 193 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 57 dari 81

ing sasi ngarêpe iku | sun bêdhah ing Kartasura ||

20. duta lèngsèr awotsari | sapraptanira Ngungaran | pan sampun dhinawuhake | timbalane Panêmbahan | sigra Ki Mangkuyuda | Natayuda swarèng pupuh | têngara bêndhe angangkang ||

21. kang kinèn gitik dhimini | Ngabèi Mangkudiprana | ing Mangkuyudan andêle | angirid mantri panêkar | mangkat tandya ginêcak | kang anèng Lopait tugur | Singajaya Singapatra ||

22. wong Sumabratan pinilih | duk prapta Mangkudiprana | tan kongsi katêmu ambrol | dèn nyana wadyèng Mêdura | karane nunjang-nunjang | mring Salatiga ngêlumpuk | Ngabèi Mangkudiprana ||

23. sakancane Kêdhu sami | amangun karêtêg Tuntang | ginêlak anuli dados | maju wong Kêdhu barisnya | Nglopait ginêntenan | dening wau Ki Tumênggung | Mangkuyuda Natayuda ||

24. pisah lan wong Surawèsthi | tanapi wadya Mêdura | maksih nèng Ungaran gyane | prawara Kêdhu mardana | nêsêg nèng Pêkeyongan | kunêng kang abaris tugur | kawarna nagri Sêmarang ||

25. anusuli bantu malih | muwuhi pênganjuring prang | Dyan Suradiningrat kinèn | laywan Panji Surèngrana | nyèwu sikêping yuda | Ngungaran pan sampun têmpur | ngêndhêng ngêndhanu mêlatar ||

26. pêpak kadang para siwi | Rahadèn Sasradiningrat | lan Suradiningrat rine | myang Arya Jayapuspita | Apanji Surèngrana | Panji Kartayuda tumut | mêngkana sri maharaja ||

27. Kangjêng Sinuwun Sêmawis | ri sêdhêng miyos sineba | pêpak wadya kuswalandhèr | miwah niyakèng Wêlănda | kang sinuwun ngandika |

--- [194] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 58 dari 81

yayi Sampang karsaningsun | kănca wus padha sumêkta ||

28. besuk ing Rêspati ngarsi | sun nglurug mring Kartasura | Panêmbahan awotsinom | yèn suwawi laywan karsa | kangjêng sri naranata | sampun tumindak anglurug | gusti ecaa kasukan ||

29. wontên nêgari Sêmawis | dene kang nanggulang yuda | anggusah putra sang katong | sampuna dening kawula | lan pun kakang Jangrana | kawula kêrayok[50] purun | kajêngipun kudhandhangan ||

40. Dhandhanggula

1. wijayèng ulun sampun makingkin | patikbra kang nambak tasik bajra | manjilwah jroning kanine | nusup bisana ganjur | tyante sukêt wêrayang mimi | ampang pranging wulusan | ing pundi gèn ripuh | salêm ing udadi mara | satru pada ngungsia lêngkaning bumi | sinuwun datan wiyang ||

2. gusti ywan pun Cakraningrat mêksih | kêdunungan kodrat lan iradat | sênadyan dhatêng ing layon | gutukna jisim ulun | wali-wali kaping sakêthi | ywan basah pinrêtulang | dimèn dadi awu | lêbu pada naradipa | salêbêting pêjah datan surud mamrih | purun satru santika ||

3. abdi pada ing Mêdura sami | ywan maksih kawêngan ngalam dunya | upami mendra ature | sampun manggih rahayu | lêbur luluh anuku pati | ngayalepa ing padan- | irèng kang sinuwun | supados kasaurana | sih paduka kula Sampang mrêma pami | samya mamar mring mêngsah ||

4. tinuntuna kridaning ajurit | sampun paduka sêlarsèng nala | yèn dèrèng lêbur abdine | tingalana sawêgung | lamun suba-suba gyan ngabdi | pamrih amba mring narpa | jiwangga tan ketung | mung kingkin [king...]

--- 195 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 59 dari 81

[...kin] tuwan kacipta | gutukêna bêkarat satru nêrpati | sokur amba punaha ||

5. karyanên tăndha gusti pun patik | yèn dèrèng sirna wadya bang wetan | sampun angraos ingripoh | yèn winèt datan kondur | dhatêng Kartasura jêng gusti | wirang mulat sêsama | dêlap darbe umur | darbea siyung sacarak | Susunan Mas bupatine mangênjali | ulun dhewe nênggulang ||

6. tan sangking goragadha pun patik | cinaning[51] puja bêkti kawula | juga datan arsa rajèng | liya sangking sinuwun | anjalmaa ping pira gusti | satus trah kabdèkêna | nanggèng karya agung | byuha byata sundhul ngwiyat | ulun juga mikul têkên janggut mami | têmah sukua dhadha ||

7. anggarjita prawara bupati | prasamya ngling asaur kukila | lêrês Panêmbahan ture | witning raosing kalbu | datan trêsna liyaning gusti | manah kadi manglinglang | ywan gusti tan tulus | ngrênggani ing Kartasura | gênti waris eman nagri tanah Jawi | rinaton Susunan Mas ||

8. ambêk corah cênthula ing bumi | gêgêdhêg lah ratuning anakal | mung sinuwun prayojane | angglung rat Jawa ayu | sampat sojar kang jatha mantri | mênêng mèsêm narendra | dadya ngandika ru | sanak-sanak sun tarima | panggugungmu[52] ingkang sarta trêsna asih | pan wus lumrah sumrambah ||

9. pêngrasaning wong ingkang kaèksi | cêlaning lyan katon tinitenan | tan uning jiwane dhewe | yèn wong wruh salahipun | pêsthi iku jalma pinilih | lumrah ambêking jalma | anggane ginunggung | tan pêrduli gunaning lyan | yêkti iku nirnakkên susantra minging | laku kang para jana ||

10. tansah anutuh raga pribadi | alane tinulisan winilang [wi...]

--- [196] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 60 dari 81

[...nilang] | rina wêngi datan pêdhot | ywan ambêk kang kadyèku | upamane wrêksa cêndhani | pinrang amalês gănda | sira ngamu-amu | mring anak Prabu Mêngkurat | mung palarên kêkêraning Ywang Kang Luwih | aywa kurang panrima ||

11. padha milu nganggèng ngong panas prih | saparan-paran mayanggèng ringwang | tan pingging alas sukête | wargèngong datan kantun | milwa silêm sêgara gêni | labuh sêbayèng papa | kawiryan tan ketung | myang Cakrajaya sêkănca | satuwukmu kasihan tan wruh ing mukti | tuwuk juga kaswarsa ||

12. ringong datan kuwasa ngarjani | iya sangking cabare wak ingwang | tangèh angenaki tyase | tansah durgama lalu | kang ginawa anglaras ati | kumantil sihe ringwang | tan kongang amangsul | nirnakna lara kasmala | aywa giwang kurang boga laywan guling | pirabara manggwarja ||

13. ywa ngrêsula sinangsayèng urip | pinupus ywan bêgja durung tiba | iya sangking tiwas ingong | lan aja salah sêngguh | lalu-lalu nala amutik | wong kang wirya lan lara | panduming Ywang Agung | rèhning ingsun laywan kita | mangumbara maksih jinurung ing Widi | witning kudu kumêdah ||

14. atirua eyang rama swargi | kastawa sudira wira sănta | praja sêkti susilane | niti măntra murtyèng kung | budya mrêdu praya sêtya sih | ring balatăntra antya | swarjana sêtya nung | loba pamrihing kawula | pustakane anggèngong mung kari iki | wêkasaning lêlakwan ||

15. anak prabu tan surud ing ati | sun ngèngèri tansah risi-rasa | mêngko mêngkene dadine | bratya pasisir tarub | tanah Jawa mrêgil ing mami | purwa ngiring kaswarsa | ing Sampang riningsun | yayi mas tanpalih [ta...]

--- 197 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 61 dari 81

[...npalih] bêgja | mati urip parêng sisara laywan mami |[53] samoa wadyaningwang ||

16. nadyan kawênang madyaning jurit | arsa wruh ing alang-ujurira | moh kari urip wak ingong | duk rumêngêng sawêgung | tyas suh murca samya anangis | pratignya Nănggasêtya | unyang sumpah umung | miwah kang para atmaja | ngayun-ayun pringganing brata ripuh ning | wiragya bitutama ||

17. atanapi niyaka Kumpêni | myat ing nata alus sulêksana | antyasêm tan sumlang tyase | atmral ciptaning kalbu | nyata iki ingkang duwèni | pramudita rat Jawa | dadya lir tinuntun | dhuh gusti tuwan susunan | datan mamang têmaha patala rèhning | wijaya jayèngrana ||

18. byakta sirna ing Kartasura Ji | ywan sangking prêbawa jêng narendra | lan Kumpêni santosane | datar pintêna anjur | pintên kadar ing Kartawani | yèn wus kanthi Wêlănda | pêpukuling ripuh | prajurit rosa sumbaga | kula pêjah ing wingking bantu makêthi | ngurugi Kartasura ||

19. satru tumahas sing giri tasik | pintên sukêt anusup drigama | ywan tuwan datan ngêdhaton | Kartasura ngong malu | mantuk dhatêng nagri Bêtawi | ywan maksih kolu boga | sagêd nginum ranu | tan pramada mindrèng sêtya | satru tuwan abyata dèn kadi wukir | kula undha mring tawang ||

20. sri narendra tyante tyas sru trêpti | rumêngêng maring Atmral Safilman | kalangkung lêbda dêlinge | ngandika tyas sêsugun | sakêlangkung tarima kasih | myang sêtyaning punggawa | wus gilig kang rêmbug | ingkang sewaka luwaran | praptèng kulêm sri naradipa sêmèdi | nênêkung ing Pangeran ||

--- [198] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 62 dari 81

21. kunêng prapta ing Rêspati Manis | pêpak sanega nata gêgaman | ngêndhêng ngêndhanu barise | ăndakara mawa gyut | munggut rampak wadya Kumpêni | sumahab Kumpênislam | wong pasisir pênuh | antya prajurid Mêdura | pamuking prang myang wong Surabaya kadi | sardula sinumbaga ||

22. kinêmasan bajo ginarêdin | têratean udhêng bolang-bolang | kaywapu ulubalange | wong pêcalang sura nung | marti kosa awarni-warni | bung ampèl kapurancak | miwah pasêr giyu | wong Mêdura pêpilihan | tur sêntana sêdhêng nom manak ping kalih | rong atus kinêmasan ||

23. cawêt sondhère ing ngarsa ngwuri | bate-ngate[54] mas ya krêmbalangan | prasamya agêlung kondhe | lumrah kêrise nêlu | cêrapange cinothe kering | alandheyan balitar | burat wêdhak mawug | sangu borèh pitung jodhang | rikalane karingêtên yèn ajurit | padha mundur wêwêdhak ||

24. Panêmbahan Cakraningrat luwih | antya mêkasi jaya-jayantya | gut-gutên maring mungsuhe | kadya age nglinapsuh | mring sèlèhe wong andon mukti | Sri Narpèng Kartasura | akantaran bau | arsa malês lara wirang | muntab krura sambêknya darma punagi | apêsing parangmuka ||

25. miwah Dipati ing Surawèsthi | ngrêbdaning tyas lir bêsmi bantala | para putra pêpak kabèh | subajra palguna smu | kadyèstu ngrampasa pawèstri | sak mantar sining praja | pamêwah pra sunu | karênggèng rêtna praditya | amung Pangran Prangwêdana kinèn kari | anèng nagri Sêmarang ||

26. pan anganthi alfèrès satunggil | dera putra prawira surèng prang | dimène têtêp manahe |

--- 199 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 63 dari 81

Wêlănda ingkang kantun | ingkang jaga laji Sêmawis | tandya rakiting lampah | Jangrana tinuduh | sêsabêt pêngawat kanan | Panêmbahan Cakraningrat munggèng kering | Kumpêni măngka dhadha ||

27. tansah Kyai Dipati Sêmawis | datan pisah lan Atmral Safilman | ingkang minăngka pêmamong | nganthi dwi prawira nung | Jayaningrat lan Ki Dipati | Janapura Jêpara | kang dadya pênganjur | pasisir têngên sêdaya | wong pasisir ingkang kiwa munggèng karing[55] | magêrsari narendra ||

41. Asmarandana

1. para asmara dyah ngwuri | Ki Tumênggung Cakrajaya | kang rumêksa sêkancane | ri sampunira tinata | tatkalayar narendra | urmat mariyêm lir guntur | mangkat lampah pragantaka ||

2. sumrêg kang wadya lumaris | sahirèng nagri Sêmarang | mahabala tan kêna wor | wong sabrang prawira Jawa | pamuwah ring sumbaga | kaprawedyar dika tunu | kumram tejaning ngambara ||

3. ngangkên ruaraning tasik | bobagra agra gumiwang | dening nagendra pêlayon | suh tekang tanjrak lumembangk[56] | rindik-rindik wilêtan | manglanjak giri gumulung | pracăndha manjrah mangampar ||

4. majinjang angilat thathit | sumyaking jong layar têka | pyuhning tyas rasika angrok | campur kêstubaning surya | antya ngumbar santika | mangănta madyaning pupuh | berag takêr raswa nida ||

5. pragola cêkêlan pênding | sanetya mangayam-ayam | mêmalês sak-sriking tyase | pêngkuhing satru nirbaya | nora dêdama yuswa | kasranan sihirèng ratu | cipta winangsulan lina ||

6. tuhu narendra tur luwih | trus trah kang mutêr rat Jawa | ginalih mring sudarmane | ginadhang [gi...]

--- [200] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 64 dari 81

[...nadhang] batin kewala | ngrèh sanggyèng buminata | pujaning rama tumuruh | mayang mêkar ing Sêmarang ||

7. măngka jimate ing dasih | nêrpati digbya wisesa | sumyar sumrambah rum-rume | mangimur rêngating jagat | têkèng kang dudu băngsa | wagêd ngulani tyasipun | martani wadya sêntana ||

8. lir mulku piturun swargi | Sinuwun Pakubuwana | prawigya alus budine | mahardika pinandhita | lèrèh lirih ambêknya | têbih ing budi apunggung | jumênêng satitahing Ywang ||

9. kèdhêp samining nêrpati | swarjana sumuyud tyasnya | sarira surya candrane | kênyarnya jrênih nirmala | mangkya sira pratistha | nitih kuda ulês gêmpung | Ki Komasari kang nama ||

10. èbêk smu sri narapati | angungsut luhur pêsaja | gêdhog Kêdhu rasukane | têrus sak lancinganira | mangking Ki Mesanular | mulêk kêsturi rum-arum | mrêdu mênuhi mandrawa ||

11. pracina dhawuhing nasir | langit bumyardi lan mega | maruta niyup pêpandhèn | lir ngèstrèni sang jayendra | maharsi muji jaya | ngrêmukna ing Kartapurun | sang atilar purantara ||

12. duk budhal Rêspati Manis | nuju tanggal ping sêdasa | Jumadilakir sasine | marêngi taun Jimawal | gapura dwi kawayang | jalma pan sêngkalanipun |[57] laris ngawan yitnèng baya ||

13. arêrêb sagunging baris | masanggrahan ing Ungaran | sajuru sak galong[58] ganèng | samya arakit pondhokan | papan sêsêk bêlabar | kadya jalanidi têdhuh | sêmana Atmral Safilman ||

14. arêmbag lan komasaris | nuju sêpining prawara | arsa nênuwun badhene | yèn ana para dipatya [dipa...]

--- 201 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 65 dari 81

[...tya] | myang Suradimênggala | amêsthi yèn datan antuk | duk wanci andhaping asar ||

15. lumêbu seba nêrpati | wus pinanggih lan narendra | anuju pinarak dhewe | atur tabe angrêrêpa | anuwun sih wilasa | mugi kenginga anêmpur | wos pêsisir sabên warsa ||

16. sèwu koyan dèn bayari | sakoyan nyêlawe reyal | jêng sunan nganthuki bae | atmral mèt putlut lan kartas | karya surat pratăndha | yèn wus kalilan sang prabu | nulya mit praptèng pondhokan ||

17. suka girang dèn urmati | mariyêm drèl wantya-wantya | para bupatya sru kagèt | panêmbahan sakancanya | myang Suradimênggala | pating balêbêr lumêbu | prapta ngarsaning narendra ||

18. wus samya dipun jarwani | panuwune tuwan atmral | pra punggawa ngungun kabèh | Dipati Sêmarang nêmbah | kang sinuwun marmi ta | datan nimbali pukulun | pan wakil dalêm kewala ||

19. yèn nênuwun pun Kumpêni | mèsêm sang nata ngandika | sêpuluh-puluh kêpriye | ingsun nganthuki kewala | iku digawe nyata | pênjaluke amlasayun | mêngkono wau aturnya ||

20. Kumpêni nèng tanah Jawi | nglampahi karya paduka | sintên dèn arsarsa malèh | tan lyan kêkucah paduka | lan iku nganggo bayar | dadi kolur ingsun manthuk | matur Dipati Sêmarang ||

21. langkung untung pun Kumpêni | untung pan tikêl pranêman | sèwu koyan panuwune | tinumbas nyêlawe reyal | winade mring Pêlembang | sakoyan ngalih blah atus | suka gumujêng narendra ||

22. pra dipati ambelani | gumuyu ambata [amba...]

--- [202] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 66 dari 81

[...ta] rêbah | dadya samya suka kabèh | nangling Dipati Sêmarang | pintêr têmên ki atmral | anênuwun anênungkul | sangsaya suka lir kilang ||

42. Dhandhanggula

1. kunêng ing dalu kawarna enjing | sri narendra miyos sinewaka | prawira dama ngarsandhèr | sagung wirèng pênganjur | pan sêdaya dipun timbali | para putra Mêdura | kadang Surèngkewuh | Rahadèn Sasradiningrat | Radèn Suradiningrat punapamalih | Arya Jayapuspita ||

2. Panji Surèngrana myang Apanji | Kartayuda myang wirèng Bumija | Mangkuyuda lan arine | Natayuda nèng ngayun | angandika sri narapati | mring Dyan Sasradiningrat | kayangapa kulup | pawartane mungsuhira | sang dinangu matur saha mangênjali | mênggah pun Sumabrata ||

3. sêdya rêrêmpon ngurêbi biting | rayi dalêm Pangeran Mataram | sak sêntana baris Ngamboh | wêdana lêbêt tugur | baris Ngasêm pawarti angi | Susunan Mas pan nêdya | miyosi apupuh | amêthuk ing padukendra | sang nata ngling sokur anak prabu jurit | gêguyon lan wong tuwa ||

4. amung mungsuhmu ing Kalicacing | aja kuwantêrên angrêbasa | mungsuh lan rowang binabot | sêbaya laywan ingsun | mati urip ngong lumuh kari | lan wadu warganingwang | cabare wak ingsun | durung ngarjani mung pringga- | baya witning sih ingsun kumantil-kantil | mring warga wadyaningwang ||

5. wirèng pênganjur prasamya nangis | amiyarsa andikaning nata | Dyan Sasradiningrat ture | sampun susah pukulun | bilih maksih matikswa lungid | abdi pada Mêdura | kanang waos dhuwung | nangguhi pun Sumabrata | acaruk wor arok bănda kasok gadhi | sumambung Japuspita ||

--- 203 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 67 dari 81

6. sampun nadar kawula rok wèri | agênti kris akantaran boja | lan Patih Kartasurane | Surèngrana amuwus | kula inggih darbe punagi | aprang lan Sumabrata | ajêng ulêng rambut | apragola pupu jaja | Ki Tumênggung Mangkuyuda anambungi | lêrês atur punika ||

7. yèn winawrat lan gusti ingkang sih | tan tumimbang maksih kirang mêngsah | Ki Natayuda sêbdane | ingkang kinarya mangsul | pamarta sih kêtêg sadêmi | supados kasampêtan | mèsêm sang aprabu | padha sun turuti sira | besuk dina Soma ngangsêga ing biting | samya matur sandika ||

8. rêmbag wus gilig suprayèng kardi | kawarnaa Sunan Mangkurat Mas | lênglêng lênguk sang arajèng | myarsa kang paman rawuh | ing Ungaran apacak baris | wadyane sura sarat | atmral pan misuwur | guyu sêbdane lir gêrah | èsêmira lir kilat lokaning wêdi | gumyah kang ora-ora ||

9. sang nata ngênês ngungun tan sipi | tansah karuna sajroning cipta | alingan ungas pamrihe | têtêpa tyasing wadu | sandikarsa miyosi jurit | pan sapati sagêsang | lan kawulanipun | andadar nglèlèr mring bala | akèh mêtu dunya salêbêting puri | kinarya sangu minggat ||

10. gandhèk ingutus mring Kalicacing | myang mring Ngambuh dhawuhkên timbalan | ywan sang natarsa rêrêmpon | aturnya punggawa gung | anglabuhi karsa nêrpati | nanging lambe kewala | batine wus kuwur | sigêgên ing Kartasura | kang abaris Ngungaran kawarna malih | nêmbang pangkur sêdhêngnya ||

43. Pangkur

1. prapta ing sêmayanira | dina Soma sayaga

--- [204] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 68 dari 81

ing ajurit | mangkat gêgaman pênganjur | para Mêduratmaja | kadang Surapringga myang prawirèng Kêdhu | Sinuhun Pakubuwana | dahat marmèng mring kang abdi ||

2. tindaknya ngrondhe ing wuntat | mêmanuki ingkang dadya pangarsi | kumlab tulywa dilah barung | mayang sanggyèng sumbaga | laraping asta ratu muntung mêndhuwur | kumêndhung angêmu badra | prêkatha grah manêngkêri ||

3. kawarna Ki Sumabrata | wus miyarsa yèn badhe dèn inggahi | sênjata susun matimbun | rinakit ing têlatar | tata baris jibêg lir sêgara pagut | kumpul kang para niyaka | Mandurarêja prituwin ||

4. Banyakwidhe Pangran Blitar | atanapi Pangran ing Surawèsthi | gugup prêdondi kang rêmbug | ana ngajak anglanggar | kang sawênèh angajak mêmpên nèng kuwu | angadu mimis kewala | pan wus kêtêr kyai patih ||

5. bêngak-bêngok undhang-undhang | sanak-sanak dèn padha ngantêp juri | elinga marang ratumu | utamane wong priya | mati aprang manggih swarga adiluhung | aja na tilar gêlanggang | sêdaya asaur pêksi ||

6. kasaru mungsuhnya prapta | wadyèng Kêdhu Sampang lan Surawèsthi | wong Kartasura sru gugup | muwêr biting tan mêdal | mungsuh wani ginrudug mariyêm sungsun | gumrujug mimis sumêbar | anibani mungsuh bêsmi ||

7. para prawira tumandang | sura sara kêsangsang drêsing mimis | wong Pakubuwanan limut | akèh ingkang palastra | tan tinolih kang nèng wuri ajrih kantun | ingampah pan ora kêna | tan bisa tumèmpèl biting ||

8. Sinuwun Pakubuwana | anupiksa kang abdi akèh mati | ing tyas mapuhi sang prabu | putêk tanpa singkaban | upayane ginagap dèrèng kêpangguh | margane [mar...]

--- 205 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 69 dari 81

[...gane] mêntas ing lampah | dadya manurus jatining ||

9. mungsuh kang prakoswa sara | angalangi yêkti tanpolih margi | dènnyarsa ngluwari wuyung | mangsuli sihing wadya | tu sêbda wrêdane sang maha wiku |[59] ngangên-angên witing papa | kalangkung dènira runtik ||

10. wus pinanggih upayanya | gya anêkung nêgês cipta ngabêkti | paminta ywa pindho laku | mijayani kadiran | wus katrima gêlênging nala manaput | sumênge lir giwangkara | Kyai Pêlèrèd pinusthi ||

11. umadêg warastra purba | graning tikswa dumilah angrimangi | menggal ri sêdhêng sang prabu | arsa ngawaki yuda | kang ngandika mring Cakrajaya hèh sagung | kulawarganingsun padha | pakaryan sêpi saniki ||

12. sapa kang nora supraya | ninggal bêgja nora dadi priyayi | kang wadya samya anggrêgut | para putrambêk krudha | sri narendra yèn katèmpêr ing prang pupuh | suka seda ing ranongga | tan arsa dandana malih ||

13. Pangran Wujil datan têbah | matur yèn wus kapratela pandêling | lulus niscaya kadulu | bêdhahing Kartasura | sang nata ngling mugi Allah anglêstantun | ing Ngadilangu yayi mas | tulusa kita darbèni ||

14. munggut wong Pakubuwanan | ingkang dadya pêngawat kanan kering | Panêmbahan Jangrana wus | angawêt barisira | wong Kumpêni mangras tambure dhêrudhut | kopya arda prakampinta | gumêtêr tasik prêtiwi ||

15. goyanging mèru sangsaya | têkèng rasatala masran kumitir | prêbawa sang rêtnèng pupuh | gurnita aru-ara | lir atuduh wijaya nyurak mring mungsuh | kayu watu angin mega | mawênês lir jurung puji ||

16. lulus amungkasi jaya | anggêmpura munah

--- [206] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 70 dari 81

ing Kartawani | suhunan sang darma alus | ngisèni yuwanèng rat | têntrêm ayêm nungswa Jawa rêmbun-rêmbun | linanga kang puwa-puwa | cênthula diksurèng bumi ||

17. kadi mêngkana ciptanya | yèn jalmaa milu angrêrewangi | kumisik kang bajra bayu | bêbayoni sang aprang | parmaning Ywang kastawa wirèng pênganjur | kalis ing mimis tumiba | mawantah mrêpêki biting ||

18. wus sompok bêdhil kapêlak | binandhêman sangking sajroning biting | ing lêlungka wadhas watu | tan kandhêg pêngrangsangnya | bala Sampang Surabaya myang wong Kêdhu | ambêrung dimêr kewala | wus jibêg ngisoring biting ||

19. lir sumpil nèng watu tatap | andhèdhèli kapurancanging biting | munggah angrèkèl wot lawung | banjêl hru kèh gumêntar | anglir udan kurda risang silih ngirup | Sang Arya Jayapuspita | anacak praptèng jro biting ||

20. tinut ing para mênggala | gundam-gundam gègèr sajroning biting | nging tumanggah maksih kiwul | wirèng Pakubuwanan | liwat luwih tumiyang ngênèni tang hru | wong Mêdura ănggakara | mandhudhal ambubak daging ||

21. berag kadi newakèng dyah | sêsambating kacurnan ngadhuh mati | lir sang dyah wênah ing lulut | rêngih-rêngih paprêman | pancurating ludira lir burat santun | swaraning biting kang rêbah | lir grêrot[60] ngasmara rêsmi ||

22. sira Panji Surèngrana | sumbar-sumbar wong Kartasura gipih | dèn kêbat padha lumayu | apa olihanira | pati-pati sira kudwa jayèngkewuh | ratumu konên marsèng prang | yèn bosên mandhirèng aji ||

23. padha-padha yèn matia | Sumabrata wus ngrasakakên mukti | sêdhêng atalanga lampus | sira wong pênajungan | pêksa mapag yudane

--- 207 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 71 dari 81

wong Surèngkewuh | wis ta babo aja-aja | mantri Kartasura runtik ||

24. kang padha kawratan dana | anauri pan wus aduning jurit | mantrine wong Surèngkewuh | lan mantri Kartasura | narendraku iya kalaywan ratumu | nangling wirèng Surabaya | yèn ratuku darma luwih ||

25. ningrat maha wiku nyata | ywan ko arêp tulusmu dadi mantri | tur lana dawa umurmu | lah uwis lumayua | aja milu sura ambêke ratumu | apa sira nora mulat | ratumu jail mêringkil ||

26. timbangên lan ratuningwang | padha-padha kang duwe nungswa Jawi | kari budi darma alus | wong padha nunggal darah | kuna-kuna kang angingu dhêdhiyêngmu | rinasa bênêr wus buyar | lumayu arêbut dhimin ||

27. gègèr ing jro pabitingan | salang tunjang lir gabah dèn intêri | larut mêtu lawang kidul | nangling Jayapuspita | Sumabrata payo aja rangu-rangu | cicipana pêdhang ingwang | ki patih ulate putih ||

28. sêkancane pra punggawa | angadhangi wong kang mlayu tan kêni | malah tanpa jêjinagur | murud para punggawa | sarta wêruh pêngawat wus ngawêt nglingkung | Jangrana lan Panêmbahan | kumutug ngabongi[61] Tingkir ||

44. Dhandhanggula

1. kudhandhangan wau Kyai Patih | Sumabrata myang Mandurarêja | sêkancane pan wus ambrol | lumayu numbuk-numbuk | ana ingkang malik kulambi | Kalicacing wus bêdhah | kang ngungsir bêbujung | wong Kêdhu lan wong Mêdura | kang kêcandhak dèn dhèdhèli dèn placoti[62] | kawus wong Kartasura ||

2. nguprêt-uprêt wong Kêdhu kêkinthil | akathah ingkang têluk ing marga | nungkul asrah gêgamane | kèh mantri salin kadut | kang wus wawuh anunggil kardi | kala kartaning jaman [jama...]

--- [208] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 72 dari 81

[...n] | lawan sikêp Kêdhu | mandhêg sarwi angrêrêpa | adhuh adhi têpa-têpa bok dèn eling | mêksa ngayok kewala ||

3. nora wurung dènnya bêlajodi[63] | wong Kêdhu padha cara Mêdura | gèdhèg têmbêk basangane | kalak sabok pèt kandhut | bratyèng Kêdhu tumênggung kalih | dhusun Ampèl barisan | Ki Sumabrata wus | praptèng Ngamboh kagegeran | dipun nyana mungsuh prapta wus pinanggih | pangran atakon warta ||

4. Sumabrata gupruk anuturi | ngênês miris Pangeran Mataram | kadya tinunu ciptane | myang wadya lit puniku | rubung-rubung pating kalêsik | atakon-tinakonan | tutur duk kaburu | mungsuhnya ngilês angidak | baris Ngamboh akèh kang minggat ing wêngi | ana pamit kêlaran ||

5. warna-warna solahing wong cilik | ana sêsèlèh alus mring lurah | sawahe pinasrahake | kang tinampik tan wurung | minggat sarwi anggawa bêdhil | sigra Ki Wiragatya | pan utusanipun | Pangeran Arya Mêtaram | lagi prapta karyane molah anêlik | tindaknya ingkang raka ||

6. wus dinangu matur Wiragati | inggih sampun kawula nalika | dumbani rakanta rajèng | mangke sampun anglarug | wontên Salatiga raka ji | sangkêp manungswa Jawa | kang dados gul-agul | rinta Panêmbahan Sampang | lan Jangrana pêpukul tur pamugari | dhinahar saaturnya ||

7. pênuh ingkang prajurit Kumpêni | warni-warni myang Kumpêni Islam | tuwan atmral pambêktane | gilig pirêmbagipun | sura sara alêbu api | yèn katèmpêr ing yuda | datan arsa mundur | lêbura asmaralaga | datan arsa aprêdandanana malih |

--- 209 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 73 dari 81

riyêg sampun pratignya ||

8. raka paduka sri narapati | rêrêmpon anglabuhi kang wadya | tuwin Kumpêni sêtyane | nêdya pêjah ing ripu | yèn tan bêdhah ing Kartawani | pangran anglês miyarsa | supe janjinipun | lan kang putra Susunan Mas | sanggup wani lan kang raka ing Sêmawis | mila ingêbang-êbang ||

9. bang-bang alum-alum tanah Jawi | dhêdhak mêrang lan sabin salêksa | pan iku pêpunjungane | luput ing takêr turun | mangke galihira ngêlinthing | Ki Patih Sumabrata | pamit arsa mantuk | lan sagung kang kalah yuda | gêginjalan kinèn sabar datan kêni | kêdah mantuk kewala ||

10. Pangran Arya Mataram lingnya ris | dika mulih adhi Sumabrata | taklim kula mring sang rajèng | dika rêksa nak prabu | ringong pamitêna ngêmasi | andhekori ngayuda | lêbura ing Ngambuh | pan wus jamaking wong tuwa | bêbantêne gya angênthar kyai patih | mulih mring Kartasura ||

11. jumarajog[64] marêk mring sang aji | katur sêdaya sak solahira | anglês sidhakêp sang katong | nèng dhampar pungun-pungun | èngêt wulangira sang aji | rikala Dasamuka | rinampid kinêpung | nêlăngsa krêrasa-rasa | sri narendra nangis sadalêming linggih | sênggruk-sênggruk ki patya ||

12. kunêng sang nata kawarna malih | wau Pangeran Arya Mêtaram | kalangkung pangrudatine | wongnya lorodan sumyur | saya akèh warta mimbuhi | kocap Jayapuspita | bisa tan kadulu | mèt cidra amugut murda | sabên dalu katonto padha kuwatir | sirahe ginrayangan ||

13. wong kang minggat atusan bên latri | mangkya [mang...]

--- [210] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 74 dari 81

[...kya] Pangeran Arya Mataram | kongah-kangihan manahe | rêmêk rêmpu tyas liwung | angrudana winolak-walik | jumênêng kulinglingan | kulèn nulya lungguh | tambuh kang kinurêbana | Kartasura kaponakane sayêkti | Sêmarang kadang tuwa ||

14. têmah karuna dalêming galih | dadya sêsambat swargi kang raka | ngrês-ngrês kapêrês manahe | dangu-dangu pinlaur | ingkang unggul dipun lindhungi | pangran karya walgita | mèsi supatra lus | apurwèng astuti sêmbah | sayogyane katamèng raka nêrpati | ngaturkên pêjah gêsang ||

15. kawrat graning cudaka pêpatih | wasta Angabèi Martanăngga | ing dhusun Ampèl jujuge | marga niki Tumênggung | Mangkuyuda gawani mantri | nglarapna mring Nêmbahan | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Salatiga | wus tinampèn mring nêmbahan êntyarsaning | ri sêdhêng sang asmara ||

45. Asmarandana

1. jêng sunan miyos tinangkil | andhèr kang prawira dama | para putra pêpak kabèh | myang Kumpêni bêbanjêngan | kapering prênahira | kasongan têtarub agung | sangkêping guna kuwasa ||

2. sêkar mêkar maragasi | mring langêning pramudita | prawira sura digbyane | sang narpa mintir bojana | mulut sêtyaning bala | Panêmbahan awotsantun | sinuhun atur uninga ||

3. rayi paduka nêrpati | Pangeran Arya Mataram | putusan pinisêpuhe | atur surat ing paduka | tumulya tinupiksa | kadriya surasanipun | kang rarywa tur pêjah gêsang ||

4. nungkul sumungkêm astuti | nanging nênuwun kalingan | sinamar kawirangane | lumampah prang kamăndaka | dèn rame bêdhil [bê...]

--- 211 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 75 dari 81

[...dhil] lawar | sagah ngêngakakên pintu | jurug kendhange kang putra ||

5. titi mutadaning tulis | mèsêm kangjêng sri narendra | ariku mas yèn mêngkono | wurung ngayoni maringwang | adhimas dadi rewang | hèh dutane ariningsun | matura mring gustinira ||

6. kaliwat tarima mami | liwat sangking aprayoga | arsa atundhuk maring ngong | angajak prang gêgorohan | sun miturut yayi mas | laywan salam donganingsun | mring ri mas Arya Mataram ||

7. Martanăngga nêmbah amit | gya Ki Dipati Sêmarang | kinèn juru basakake | mring atmral têtelanira | surate Pangran Arya | atmral ngadêg saha manthuk | trimakasih langkung suka ||

8. parentah budhal sang aji | bêndhe tinitir angangkang | gulung-gumulung tan pêgot | kadi giri gara-gara | atmral lan Panêmbahan | myang Jangrana munggèng ngayun | pênganjur wus winangsitan ||

9. prang sandi tan nganggo mimis | mangkya Kyai Martanăngga | praptèng ngarsane gustine | aturnya putus sêdaya | pangeran langkung suka | katrima panungkulipun | lagya eca angandika ||

10. gêgaman pangarsa ngrampid | prawirèng Kêdhu nêlasak | anjog sakilèning kênthèng | atêpung wong Surabaya | wong Sampang nurut marga | lir sêgara jala têdhuh | Pangeran Arya Mataram ||

11. amiyosi ing ajurit | dhêdhêg barising sêntana | padha bêbêdhilan kathong[65] | rame dènnya surak-surak | baris Ngambuh wus dhadhal | senapatine lumayu | Pangeran Arya Mataram ||

12. sawonge aniba tangi | binendrong sangking ring wuntat | ingkang bêburu andhêge | ing Kêbondalêm sêmana | baris Ngasêm kawarna | wêdana [wêda...]

--- [212] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 76 dari 81

[...na] kêparak tugur | Wiraguna Wirarêja ||

13. baluwèrtinya[66] wus rakit | gêgamanira asinang | nguni Sunan Mas karsane | ing Ngasêm dènnya amapag | yudanira kang paman | pratiwèng jro samya tugur | tan lyan kang ingarsa-arsa ||

14. mung Pangran Arya Mêtawis | mugi lananga kang yuda | anambung watang putunge | angêjum kumbala wudhar | karan sru pêngandêlnya | sihe kang putra kêlangkung | tan nyana manahe giwang ||

15. kasaru gègèr gumirih | dhatênge kang kapêlajar | gumrubyug nut lurung gêdhe | kang pratala kadi bêlah | watang kèh pinutungan | para sêntana lumayu | anunjang ing pêbarisan ||

16. Pangeran Arya Matawis | prapta sru panguwuhira | hèh kănca jêro dèn age | mayo padha mulih gancang | angrêbut anak nata | kaya priye polahipun | dhuh sapa bature kendhang ||

46. Dhandhanggula

1. dudu suwawa mungsuhmu iki | sun sara-sara wus nora kêlar | angayok dudu rasane | wong Sampang Surèngkewuh | kaya-kaya wong naur sêngit | nora mandhêg tinumbak | padha gêdhug timbul | wêdana jro duk miyarsa | ngingêr kuda lumayu nandêr amênit | kalulun Ngasêm bêdhah ||

2. apuyêngan gègère tan sipi | jroning praja tangis ngaru-ara | kawarnaa sang arajèng | lênggah lan arinipun | Pangran Bèi tansah tinari | yèn purun nênggulang prang | ing rama kang rawuh | pilungguh sabin salêksa | ingkang sarta nama Pangran Senapati | nanging mlupuh kewala ||

3. gantya ingkang mantu dipun tari | Rahadèn Arya Suryadiningrat | inggih amopo kemawo[67] | kasaru praptanipun | Pangran Arya Mataram jêlih | manangis têbah jaja | adhuh anak prabu | tan nyana sagêd kêpanggya [kê...]

--- 213 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 77 dari 81

[...panggya] | mèh kêcandhak pun bapa kura[68] sathithik | dening wong Surapringga ||

4. witning wong ing Sampang dubilahi | Mangkuyuda lan Si Natayuda | angincih mlêtêr kemawon | dhimin duk dadi batur | nora pantês klawas-kuliwis | dadi mungsuh tan pakra | buru ngubud-ubud | anggèr sampun ngeca-eca | dawêg lalos pintên banggine ing wuri | sok ugi wilujênga ||

5. bokmênawi mungsuh sêlak prapti | wong Mêdura tan wruh ing bêndara | Jayapuspita kaule | ngancam-ancam mring prabu | myang yèn olèh sêntana aji | dèn lerongi gêdubang | dèn sruwali wulung | gamêlan cangkêm nut marga | tinunggangkên ing kêbo mungkur mring wuri | pinayungan kêlaras ||

6. myang kang dede băngsa gêgilani | Bugis Mêkasar Ambon Sêmbawa | wong Lumayu lan Trênate | pun atmral nadaripun | yèn kacêpêng anak nêrpati | kinarya pêrantean | adhuh anak prabu | ramanta wus supe pisan | lamun mungsuh atmaja kalimput dening | wibawa kasinggihan ||

7. ing sadintên mangke mêngsah prapti | sri narendra gugup amiyarsa | kang paman anggêlak bae | dawêg anggèr dèn gupuh | yèn kêsompok mungsuh nêkani | kula kang dados kawal | jagani ing pungkur | lan kangmas Arya Panular | kang pinurih sang nata menggala gingsir | gègèr tyasnya narendra ||

8. para garwa sampun dèn undhangi | otêr tangise sajroning pura | pawongan dandan sangune | singa cinandhak luput | kontrang-kantring pating jalêrit | sampur gêlunge lukar | masambat sang prabu | sang nata anênggak waspa | kêbut garwa putra pawongan myang cèthi | sri bupati wus jêngkar ||

9. Kêmis Pon sasi Jumadilakir [Jumadi...]

--- [214] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 78 dari 81

[...lakir] | tanggal wolulas taun Jimawal | sinêngkalan gapura ro | ro kawayang ing ratu |[69] maksih kathah ingkang angiring | bupatya kèh tan pisah | wêtara wong sèwu | loroge anjog Kêduwang | Pangran Arya Panular Arya Matawis | mêpak badhe sugata ||

10. kawarnaa kangjêng sri bupati | ingkang Sinuwun Pakubuwana | laywan sawadyabalane | sampun rawuh ing Ngambuh | mêsanggrahan nata sêlatri | pênganjur bala Sampang | laywan Surèngkewuh | lawan wong Bumi Bumija | lampahira sêdaya wus samya manjing | nagri ing Kartasura ||

11. panggih lan Pangran Arya Matawis | sinugata alun-alun aglar | wong cilik jêjarah rame | wismaning pra tumênggung | binalengkrah winolak-walik | wong Sampang Surabaya | bêbajag amrugul | myang jaluk bêrkatan dhêsthar | yèn tan awèh anèng kêpala dèn uthik | tuwan atmral gya prapta ||

12. sarêng laywan Panêmbahan tuwin | Jangrana gupuh Pangeran Arya | Mataram lan Panulare | Ngwarung Kalitan mêthuk | laywan atmral sampun pinanggih | prasamya têtabean | atmral mèsêm muwus | nèng pundi putranta sunan | wus tinutur ing purwa wusana ênting | atmral kalangkung suka ||

13. laris lampahnya atmral wus prapti | ing paglaran eram duk tumingal | ing mariyêm gêdhe-gêdhe | datan kinarya pupuh | amarani Ki Gunturgêni | miwah Ki Sapujagat | dipun êlus-êlus | cipta dadiya bêdhilnya | ing Kumpêni sapa timbange ajurit | tansah goyang kêpala ||

14. atmral lajêng minggah mring sitinggil | mudhun maring ing kori pamêngkang | kinunci brajanalane | bukak kori tan purun | ajrih marang sri narapati |

--- 215 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 79 dari 81

wangsul mring pagêlaran | sinugata sampun | têkèng pêkathik wêrata | sakêlangkung bojakramane mênuhi | Pangran Arya Mataram ||

15. wusnya nadhah tuwan atmral bali | maring Ngasêm amêthuk sang narpa | pangeran kalih andhèrèk | Dipati Surèngkewuh | lan Nêmbahan anata baris | kawit sangking paglaran | baris nut lêlurung | ngantos dumugi Kêmlayan | bungah ing smu praditya angilat thathit | baris kang badhe urmat ||

16. munggang wiyosan sampun miranti | niyagane wus pêpak sêdaya | anunggu gêgadhuhane | găngsa pusaka mêtu | Kyai Bêlah Kapat miranti | atmral ing Ngasêm prapta | matur ing sang prabu | kêpanggih suwêng jro pura | putra nata dhatêng Kêduwang angili | manggut sri naradipa ||

17. tandya Pangeran Arya Matawis | laywan Pangeran Arya Panular | amulêt pada ngêlasod | ngayalepa wêtu luh | sri narendra angrês kang galih | ingkang rayi kalihan | dipun rapu-rapu | anulya kang para putra | samya kinèn ngabêkti gupuh prasami | atur sêmbah ing paman ||

47. Mijil

1. wijiling sêbda kang paman kalih | waspa ting talêthok | tuwan atmral ngaturi sang rajèng | nuntên mangkat budhal sri bupati | dipăngga ing ngarsi | pêlanane murub ||

2. rinawisrêngga rinukmi-rukmi | gadhinge binlongsong | kêmbang tiba cêplok ing tulale | tinênun toya mas ngiras sumping | gêntha tali wêsi | kumêmpyong sadlanggung ||

3. tinub ing srati padha kulambi | sangklat marong-marong | dipăngga iku mila-milane | Raja Siyêm ingkang angaturi | mring Sunan Mas dhimin | Kumpêni tan angsung ||

4. dèn andhêg anèng nagri Sêmawis | katur ing sang katong | wong pasisir [pa...]

--- [216] ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 80 dari 81

[...sisir] nêpungi barise | wadya Sampang lan wong Surawèsthi | mangkya sri bupati | rawuh alun-alun ||

5. munggang tinêmbang drèl wanti-wanti | gobyar swaranya ngrok | Kumpênislam sruni kêkênthunge | giyak bêngkilung sêlomprèt anjrit | tamburing Kumpêni | kumrampyang gumuruh ||

6. wong Mêdura lan wong Surawèsthi | tanjak onclang waos | mêncak mêkanjar Bugis Têrnate | buwana kadi urun sukati | mega-mega riris | rumahab lir dulu ||

7. rawuh paglaran têdhak sing wajik | kangjêng sang akatong | Atmral Sapilman nganthi astane | mungguh pinarak bangsal pêngrawit | para putra ngarsi | pratiwa supênuh ||

8. wus prapta nugrahane sang aji | kang sewaka jomblong | lali duk samya tètès waspane | èngêt papane ing nguni-uni | cipta lir wong ngimpi | kamulyan Ywang Agung ||

9. aluwaran minggah mring sitinggil | kangjêng sang akatong | mring pamêngkang kinunci lawange | dadya kèndêl kangjêng sri bupati | atmral bêdhat kunci | sang nata ngêdhatun ||

10. saha garwa pawongan myang sêlir | sêdaya wus manggon | dintên Jumungah pangêdhatone | dene kendhange Sunan Mas Kêmis | amung lêt sêlatri | kubêng baris tugur ||

11. wong Sampang Surapringga kang jagi | ing kori kidul lor | Ki Cakrajaya lan sêkancane | samya tungguk wontên srimênganti | prawara pasisir | nèng paglaran tugur ||

12. Panêmbahan ingkang anindhihi | nèng pêngapit kulon | pêngapit wetan măngka kuwune | tuwan atmral mring pagongan pipit | kang wadya Kumpêni | pênuh alun-alun ||

13. mantri Kartasura akèh prapti | bên dina tan tawong[70] | nèng Ki Cakrajaya pêmagange | kawarnaa Pangeran Ngabèi | tumut ing raka ji | wus nyimpang dêlanggung ||

14. praptèng Kartasura wus kêpanggih | lan [la...]

--- 217 ---

Babad Pakualaman, Leiden University Libraries (D Or. 15), 1800, #1018 (Pupuh 26–47): Citra 81 dari 81

[...n] rama sang katong | sru onêng dera lami pisahe | samya karuna ingkang para ri | rêrangkulan sami | parêng sênggruk-sênggruk ||

 


Variasi: brêtya (dan di tempat lain). (kembali)
bokor. (kembali)
prakampita (dan di tempat lain). (kembali)
ngênggyani. (kembali)
sawetaning. (kembali)
bolos (dan di tempat lain). (kembali)
kula. (kembali)
ingsun. (kembali)
jungkarangi. (kembali)
10 kridhaning. (kembali)
11 dibya. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: anging pawèwèhira. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: ingkang olunga alunga. (kembali)
14 ngujung. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: supe intên bêbêrkatan. (kembali)
16 pinocot. (kembali)
17 nuwun. (kembali)
18 dêrajate. (kembali)
19 bagèkkên. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: gêgajian măngka sanguning ajurit. (kembali)
21 Variasi: kêlawan (dan di tempat lain). (kembali)
22 lêbokna. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: lan Jangrana wus budhal sangking nêgari. (kembali)
24 pogok. (kembali)
25 jendral. (kembali)
26 dalah. (kembali)
27 Variasi: dragundêr (dan di tempat lain). (kembali)
28 anulya. (kembali)
29 satunggil. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: Bupati Tegal kêkalih. (kembali)
31 aprituwin. (kembali)
32 anggêrjita. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: alfèrès ngarsa. (kembali)
34 tamèngira. (kembali)
35 pati. (kembali)
36 Tanggal: lawang ro karêngya nunggil (AJ 1629). Tahun AJ 1629 jatuh antara tanggal Masehi: 26 April 1705 sampai dengan 14 April 1706. (kembali)
37 kêraèngira. (kembali)
38 Sêrondhol. (kembali)
39 bubrahên. (kembali)
40 Lebih satu suku kata: ki tumênggung lampahira. (kembali)
41 ngêlothok. (kembali)
42 nuwun-nuwun. (kembali)
43 gêrowong. (kembali)
44 cinelung. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: nèng Gagatan lumayu wong akèh. (kembali)
46 sodor. (kembali)
47 wadyèng. (kembali)
48 kacurna. (kembali)
49 yogine. (kembali)
50 kêroyok. (kembali)
51 cihnaning. (kembali)
52 panggunggungmu. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: mati urip parêng sira laywan mami. (kembali)
54 bate-bate. (kembali)
55 kering. (kembali)
56 lumembak. (kembali)
57 Tanggal: Rêspati Manis (Kêmis Lêgi) sêdasa (10) Jumadilakir Jimawal: gapura dwi kawayang jalma (AJ 1629). Tanggal Masehi: Rabu 30 September 1705. Pada bulan Jumadilakir tahun AJ 1629, hari Kêmis Lêgi jatuh pada tanggal 4, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Kêmis Lêgi 4 Jumadilakir AJ 1629 (Kamis 24 September 1705). (kembali)
58 golong. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: atur sêbda wrêdane sang maha wiku. (kembali)
60 gêrot. (kembali)
61 ngobongi. (kembali)
62 plocoti. (kembali)
63 bêlojodi. (kembali)
64 jumarojog. (kembali)
65 kothong. (kembali)
66 baluwêrtinya. (kembali)
67 kemawon. (kembali)
68 kurang. (kembali)
69 Tanggal: Kêmis Pon wolulas (18) Jumadilakir Jimawal: gapura ro kawayang ing ratu (AJ 1629). Tanggal Masehi: Kamis 8 Oktober 1705. Pada bulan Jumadilakir tahun AJ 1629, hari Kêmis Pon jatuh pada tanggal 11, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Kêmis Pon 11 Jumadilakir AJ 1629 (Kamis 1 Oktober 1705). (kembali)
70 towong. (kembali)