Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 076-152)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 001-075). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  2. Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 076-152). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  3. Babad Panambangan, Pakêmpalan Mangkunagaran, 1918, #1534 (Hlm. 153-213). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Image

--- 76 ---

Dhawuhipun sang prabu: Adhi Hogêndhorêp, mungguh aturmu ingsun iya wus amarêngake sarta nayogyani manawa bisa kalakon, nanging saka panduganingsun kaya-kaya durung nyata kasaguhane Si Said adate mung nyônggakrama bae, supaya diumbara kêkarêpane, ing buri banjur gawe hura-hurune wong padesan. Ewasamono sarèhning adhi wus prasabên bakal katêmu, iya bêcik lêksananana, bokmanawa têmên sumêdya mulih mênyang nêgara, ing besuk ingsun kang maringi pangan sarta pangkate.

Tuwan Hogêndhorêp sarêng sampun angsal dhawuhipun sang prabu lajêng nyuwun pamit mundur, sarêng enjingipun lajêng mangkat amung kanthi upas tiyang Jawi têtiga botên mirantos bala, sadumugining ing dhusun Picis kapanggih kalihan Pangeran Mangkunagara wontên sawetaning banawi, amung kadhèrèkakên abdi tiyang sakawan, sasampunipun têtabean lajêng tata lênggah. Tuwan Hogêndhorêp mêndhêt sangunipun anggur, kaaturakên dhatêng Kangjêng Pangeran, lajêng sami sêsarêngan ngunjuk sinambi kalihan imbal pangandika.

Tuwan Hogêndhorêp wicantên: Saudara, manawi karsa panjênêngan ngantos kalajêngakên, ingkang saèstu badhe adamêl karisakanipun para tiyang ing padhusunan, sintên malih ingkang kaecalan kajawi saudara tuwin rama paduka sang nata, mila sangêt-sangêt atur kula mugi saudara andhahara rêmbagipun raka paduka Pangeran Arya Pancuran, ingkang sampun kawrat wontên ing sêrat, dene mênggah kalêpatanipun saudara dhatêng sang nata ingkang sampun kalampahan, punika inggih kula ingkang nanggêl saèstu badhe pikantuk pangapuntên.

Pangeran Adipati Mangkunagara mirêng pirêmbagipun Tuwan Hogêndhorêp [Hogêndho...]

--- 77 ---

[...rêp] makatên wau, sanalika lêga panggalihipun, dene Tuwan Hogêndhorêp sagah badhe ananggêl, nglêbur sakathahing dosanipun, mila ing ngriku Pangeran Adipati Mangkunagara sumêdya miturut badhe kondur dhatêng nagari, nuntên lajêng sami ngunjuk anggur malih, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara anglirik sabêt ingkang kaangge Tuwan Hogêndhorêp katingal langkung pelag, têmah kapengin badhe pirsa lajêng nêdha nêmbung, Tuwan Hogêndhorêp inggih lajêng angulungakên, sarêng sampun katampèn dening kangjêng pangeran, nuntên kaunus sarwi ngandika: Saudara, pêdhang punika dede damêlanipun tiyang Walandi, mirid saening wêwangunanipun kados damêlanipun tiyang Jawi. Tuwan Hogêndhorêp mangsuli: Inggih punika dhasar pêdhang suduk Jawi. Rama paduka sang nata ingkang maringi, punika pusaka nalika kaplajêng wontên ing Panaraga, nama Kyai Côndhaberawa, mila rintên dalu tansah kula sandhing prasasat botên kenging pisah sacêngkang, amargi sasumêrêp kula wasiyating Kartasura punika kathah kramatipun. Sasampunipun tamat ing pamariksanipun kangjêng pangeran, sabêt lajêng kawangsulakên katampèn Tuwan Hogêndhorêp, gêntos Tuwan Hogêndhorêp kapengin ningali agêmipun wangkingan Pangeran Adipati Mangkunagara, dene katingal sae srasahipun. Sarêng sampun kaparingakên lajêng kaunus dening Tuwan Hogêndhorêp, sakalangkung andadosakên ing gumunipun, nyumêrêpi wujud wêwangunanipun wangkingan, nuntên kasarungakên lajêng katur wangsul dhatêng kangjêng pangeran. Sarêng sampun dumugi anggènipun imbal pangandika, Tuwan Hogêndhorêp lajêng nyuwun pamit badhe mantuk saos unjuk ing sang prabu, sampun kalilan lajêng bidhal, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ugi lajêng kondur dhatêng ing Sêgawe. Dene Tuwan Hogêndhorêp sadumuginipun ing nagari Kartasura lajêng sowan ing sang prabu,

--- 78 ---

ngaturakên bab anggènipun pêpanggihan kalihan Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, wiwitan dumugi ing wêkasan sampun katur sadaya.

Amangsuli cariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sarawuhipun ing Sêgawe lajêng dhawuh dhatêng para abdi ingkang taksih sami ngêntosi wontên ing Sêgawe, pangandikanipun: Kakang Kudanawarsa, utawa kakangku Surajaya aku mau sida têtêmon karo Mayor Hogêndhorêp ana ing desa Picis, mungguh wosing pêrlu mung anggunêm surasane layang paringe kakang mas pangeran ing Pancuran, lan Tuwan Hogêndhorêp angrêmbugi akèh-akèh supaya aku kondur sowan mênyang nagara Kartasura, dene si mayor kang saguh anglêbur ing sakèhing dosaku sarta nyuwunake pangan apadene pangkatku marang rama prabu, mungguh wangsulaku iya mung daksônggakrama bae murih enake atine.

Aturipun Tumênggung Kudanawarsa tuwin Radèn Surawijaya: Mênggah wangsulan dalêm makatên punika dahat kasinggihan, inggih prayogi amung dipun ecani kemawon. Sasampunipun makatên, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng lumêbêt ing dalêm.

Bab 4. Lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, Salêbêtipun Dêdalêm wontên ing Panambangan (Nglaroh) Ngantos Dumugi Pêthal kalihan Sinuhun ing Kabanaran

Kacariyos, anggènipun iyasa dalêm Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara wontên ing Panambangan, sampun mirantos sadaya, ing ngriku Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng dhawuh tata-tata karsa badhe pindhah dhatêng ing Panambangan, sarêng para abdi jalêr èstri dalah wadyabala

--- 79 ---

sadaya sampun sami mirantos, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng bidhal dhatêng ing Panambangan, wontên ing margi botên kacariyos rêroncènipun sadaya, amung salêbêtipun wontên ing dhusun Sêgawe, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kagungan patilasan ingkang sangêt elok, inggih punika toya pangunjukanipun ing Sêndhang Kuncung, manawi nuju banjir ing sakiwa têngêning lèpèn riku, sêndhang wau botên kalêban toya saking baludaging lèpèn, sanadyan sêndhang punika panggenanipun cêlak kalihan lèpèn.§ Sêndhang wau samangke taksih manggèn ing dhusun Kuncung (Matesih) dumugi sapunika manawi lèpènipun bêna toyanipun nisih. Sarêng sampun dumugi ing Panambangan kaurmatan ungêling gôngsa ngarangin. Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng lênggah ing pandhapa, nanging botên dangu lajêng jêngkar, Tumênggung Kudanawarsa amapanakên pondhokanipun para abdi kaparingan panggenan piyambak-piyambak. Wontên ing ngriku Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara panggalihipun sênêng, amargi kathah para santananipun, punapa malih tilas lênggahipun ingkang rama suwargi utawi cêlak kalihan dhusun Ngawèn§ Kabopatèn Wanasari (Ngayogyakarta). inggih punika lênggahipun piyambak nalika taksih dados abdi dalêm mantri gandhèk anèm.

Kacariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ing sabên dintên tansah watangan, ulah kaprawiran kalihan para dasih, saha damêl karamean sabên pitung dintên sapisan, parlu kangge ambêbingah dhatêng para tiyang alit, kados ta: nayuban, ringgitan, topengan, jêmblungan, gêntos-gêntos têtingalan ingkang kangge ambêbingah manahing wadya. Anuju wiyosanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara,

--- 80 ---

dintên malêm Akat Lêgi karsa ringgitan wacucal, para têtiyang alit jalêr èstri kathah ingkang sami ningali. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kala samantên sampun adatipun, bilih nuju para abdi sami kadhawuhan bêbingah panjênênganipun botên karsa ngatingal, ingkang makatên punika awit saking gênging kaprayitnanipun, wêkdal samantên Pangeran Adipati Mangkunagara mariksani mêntas nganglang ing sajawining rangkah, malêbêtipun ing dalêm sampun wanci sawung kaluruk, kathah para lare èstri ingkang sami ningali ringgit, bilih sampun ambaliyut botên prênah sadhawah-dhawahipun panggenan lajêng tilêm, ing ngriku Pangeran Adipati Mangkunagara mariksani wontên satunggaling lare èstri kintên umur 14 taun, anggènipun tilêm tapihipun kalingkap, pusêripun katingal sumorot pindha urubing latu, tumuntên dipun cêlaki sarta tapihipun ingkang kalingkap lajêng kalêrêsakên, osiking panggalih manawi sampun siyang lare wau badhe kapriksa. Sarèhning lare panunggilanipun kathah, dados dipun têngêri tapihipun kalêrês pangasih kasêbit, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara anglabuhi sadalu botên sare, pêrlu andhawuhakên mariksa lare èstri ingkang tapihipun suwèk kaprênah pangasihipun. Sarêng enjing sabibaring ringgitan sadaya para lare sami dipun pariksa, sintên ingkang sêbit tapihipun wau, ugi sampun pinanggih kalêrês anakipun Kyai Nuriman§ Kyai Nuriman punika taksih darahipun Pangeran Banawa ing Pajang, dene urutanipun taksih canggah, mênggah anggènipun dados kaum wau pancèn dipun sêdyakakên, inggih punika nêdya dados tiyang alit, wontên ing Nglaroh kagolong sampun nama alim, margi tapabr. kaum

--- 81 ---

ing dhusun Matah, wusana lare wau lajêng kakarsakakên dados abdi sêlir, pinaringan nama Radèn Ayu Patahati. Kala samantên anggènipun dêdalêm wontên ing Panambangan ngantos saantawis dangu, jalaran nyarêngi karaton Kartasura badhe pindhah dhatêng dhusun Sala, dene Radèn Ayu Patahati wau ngantos kagungan putra satunggal putri nama Radèn Ajêng Sombrong.

Kacariyos, abdinipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara saya wêwah-wêwah kathah ingkang sami suwita, jajahanipun kaêlar ngantos dumugi tanah Sêmbuyan. Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng mungkar panggalihipun, jalaran wuninga kathahing abdi ingkang sami katingal sungkêmipun, sarta sami prawira ing yuda. Kala samantên kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng karsa santun sasêbutan, jêjuluk Sultan Adiprakosa, Senapati Ngayuda Lêlana Jayamisesa Prawira Adiningrat, lênggah dhampar pindha sacaraning nata ing tanah Jawi, lajêng karsa siniwaka wontên ing pagêlaran, nanging kangjêng sultan kasambêt, jalaran dhamparing karajan sinambêr ing gêlap, sasampunipun èngêt ing ngriku Ki Tumênggung Kudanawarsa lajêng ngrangkul sampeyanipun kangjêng sultan sarwi umatur: Dhuh gusti sêsêmbahan kawula, mugi sampun angêgungakên kawibawan rumiyin, punapadene kaluhuran, awit mindhak adamêl gumyah têtiyang sanagari, mila prayogi wangsula ngagêm asma pangeran kemawon.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ugi lajêng miturut saking aturipun Kyai Patih Kudanawarsa wau. Lajêng ngandika: Iya bênêr patih sêsulangmu, yèn mangkono saiki ingsun banjur ngagêm asmaku lawas bae: Pangeran Adipati Mangkunagara, banjur undhangna marang bocahmu kabèh.

Gêntos kacariyos, karaton Kartasura, nalika taun Walandi

--- 82 ---

1744 sampun ngalih dhatêng ing Surakarta, mênggah tata pasang rakitipun karaton botên siwah kadosdene kadhaton Kartasura. Ingkang sinuhun ugi sampun têtêp anggènipun ngadhaton ing Surakarta, kala samantên dèrèng antawis dangu anggènipun pindhahan karaton lajêng katamuan tuwan guprênur ing Batawi, parlu martuwi pangalihipun karaton wau. Kajawi martuwi ugi parlu badhe nyuwun lilah amaosi siti kagungan dalêm ing pasisir. Ingkang sinuhun ugi sampun amarêngakên, wontên susulanipun atur malih, ingkang sinuhun dipun aturi nyuda lênggahipun Pangeran Adipati Mangkubumi ingkang kalih èwu karya, amung kakantunakên sèwu karya, amargi kagalih lênggahipun wau kêkathahên, mênggah rawuhipun tuwan guprênur wontên ing Surakarta amung lêrêp sawatawis dangunipun, lajêng kondur dhatêng ing Batawi miyos ing Ngayogyakarta.

Kacariyos, ingkang sinuhun sarêng anampèni prasabênipun tuwan guprênur kapurih nyuda lênggahipun ingkang rayi Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi, ingkang rayi lajêng ingandikan dhatêng ing kadhaton, sasampunipun sowan ingkang sinuhun lajêng ngandika: Yayi Pangeran Mangkubumi, mulane kowe daktimbali ana ing ngarsaku, aku awèh wêruh aja dadi kagèting atimu, yèn aku nampani prasabêne tuwan guprênur, kapurih nyuda lungguhmu kang rong èwu karya kakèrèkna kang sèwu karya, amarga panggalihe tuwan guprênur ginalih kakèhên, kang mangkono mau yayi aja andadèkake susahing atimu lan sumêlang. Mayor Hogêndhorêp mau katêmu karo aku, rêmbuge yèn wus seje taun bae lungguhmu mau bakal dak balèkake marang kowe manèh.

Aturipun ingkang rayi: Nuwun inggih sandika, nanging prayoginipun kula lajêng kabucala kemawon pisan, bêbasan angicalakên tigan satunggal [satung...]

--- 83 ---

[...gal] botên dados punapa, supados panjênêngan dalêm sampun ngantos kalepetan prakawis, awit paduka kalihan Kumpêni punika prasasat sampun sakulit daging, botên kenging yèn anyulayanana, tuwin botên kenging yèn anyidranana, dene kula pukulun, botên nêdya duraka ing ratu, kilap têmbenipun benjing, sampun anggalih sumêlang mênggah badan kula kalilakna kemawon. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang rayi makatên punika têmahan akêmbêng-kêmbêng waspanipun angraos wêlas sangêt. Ingkang rayi matur malih: Kakang prabu, benjing kula badhe lolos saking praja, nyarêngi antukipun tuwan guprênur, botên langkung kula nyuwun pangèstu dalêm. Ing ngriku panggalihipun sang prabu karêrantan angraosakên badhe kadospundi kadadosanipun ing têmbe. Lajêng ngandika: Iya adhi aku anyangoni pangèstu slamêt, muga kasêmbadan apa kang dadi karêpmu, pangandikanipun kalayan anênggak waspa, ingkang rayi tumuntên ngabêkti nungkêmi pada. Sang nata ngandika malih: Yayi iki tampanana aku amènèhi sangu dhuwit kèhe têlung èwu reyal, anggonên ngingoni para baturmu. Kangjêng pangeran lajêng kalilan mundur. Sarêng dumugi dalêm kangjêng pangeran lajêng animbali para mantrinipun, sarta para kamisêpuh, sami dipun paringi pawartos nalika katimbalan ingkang sinuhun, punapa malih ingkang dados karsanipun badhe lolos saking praja, mila para abdi tuwin para garwa putra sami ingandikakakên siyaga benjing-enjing lolosipun anyarêngi bidhalipun tuwan guprênur.

Kacariyos, sarêng wanci enjing tuwan guprênur bidhal saking Surakarta, kadhèrèkakên Patih Pringgalaya, Tumênggung Mangkupraja, tuwin para bopati sanèsipun, nunggil wanci wau Kangjêng Gusti Mangkubumi bidhal saking dalêmipun sagarwa putra dalah abdi sadaya. Lampahipun saking [sa...]

--- 84 ---

[...king] Surakarta mangalèr dhatêng Sokawati mêdal ing wana, sarêng dumugi ing dhusun Pandhan Karangnôngka kèndêl lajêng lêrêp, wontên ing ngriku iyasa pasanggrahan kalihan tata-tata baris, saha lajêng misudha para abdi, Dêmang Jayarana dados tumênggung nama Tumênggung Jayadirja. Ki Martatruna dados tumênggung nama Tumênggung Brajamusthi. Sadhèrèkipun Tumênggung Brajadênta bêkêl panèkêt dados tumênggung nama Tumênggung Ranadiningrat, Ki Sutayuda, dados tumênggung nama Tumênggung Sutadipura. Dêmèng Bèjèn, dados tumênggung nama Tumênggung Rêksanagara. Kalayan sampun sami kapatah rerehanipun piyambak-piyambak, lajêng sami kadhawuhan angêlar jajahan angrayuti sakiwa têngêning Sokawati.

Gêntos kawuwusa, Adipati Martapura, ingkang taksih pacak baris wontên ing Garobogan, barisanipun kala samantên sampun bibar jalaran katêmpuh dening sarayanipun Kumpêni, inggih punika anak mantunipun Adipati Martapura piyambak, dene Adipati Martapura lajêng lumajêng saking griyanipun ngungsi gêsang, nanging Kumpêni taksih angubrês ngupadosi dèrèng pinanggih. Adipati Martapura saking bingungipun kaoyak-oyak dening Kumpêni, lajêng lolos saking Garobogan dhatêng ing Samarang, mangangge ngemba kados kuli kalayan sade dara, mondhok ing griyanipun tiyang bêrah mêlit, sadintên angsal bayaran tigang uwang, para tiyang ing Samarang botên wontên ingkang anyana yèn punika Adipati Martapura nyalamur, ing ngriku gêsangipun kasrakat sangêt, rintên dalu tansah angirangi têdha lan tilêm, ingkang kagagas botên liya amung karisakanipun nagari, ngangên-angên wêcaning nujum ingkang sampun kamirêngakên, ing tanah Jawi yèn ing têmbe badhe wontên isinipun prajurit saking tanah Mataram. Awit saking sangêting prihatosipun dados manawi tilêm ing wanci dalu

--- 85 ---

anaritis kalihan lèmèk wêlit. Nuju satunggaling dalu Adipati Martapura supêna, katingalipun ing supênan, kadosdene pinuju mara tamu jagong wontên kapatihan Natakusuman (Kartasura) tamunipun para putra tuwin para bopati, têtingalanipun ringgitan wacucal, sarêng wiwit jêjêr Pangeran Mangkubumi katingal jumênêng mêndhêt balencong kabêkta lumajêng, tamu lajêng bibaran, tumuntên katingal malih, Radèn Mas Sait, ngrêbat kêmpul ugi lajêng kabêkta lumajêng. Adipati Martapura nututi ngodhol saking wingking tindakipun Pangeran Mangkubumi purugipun mangetan minggah ing ardi Lawu, Adipati Martapura taksih andhèrèkakên, sarêng dumugi ing nginggil kagèt byar lajêng tangi. Dhêlêg-dhêlêg ngraosakên impènipun, ing ngriku lajêng tuwuh manahipun sumêdya pinanggih sadhèrèkipun ingkang wontên ing Surakarta, lajêng mangkat. Sadumuginipun ing Surakarta anjujug griyanipun tiyang ing Nglawiyan, kalêrêsan kawanuhanipun, dados botên anjujug ing griyaning sadhèrèkipun piyambak ingkang gêgriya ing kitha Surakarta nama Arya Kudus, namung mêlingakên kemawon dhatêng mantunipun nama Jayapuspita, inggih Ônggakusuma, sarêng sampun kapanggih Dipati Martapura nyariyosakên kasrakating lêlampahanipun wontên ing Samarang. Jayapuspita sangêt ngungun, gêntos Jayapuspita anyariyosakên yèn samangke Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi lolos saking nagari Surakarta dhatêng tanah Sokawati, sarta lajêng pacak baris wontên ing dhusun Pandhan Karangnôngka. Adipati Martapura sarêng mirêng cariyosipun Jayapuspita makatên wau manahipun lajêng lêjar, kèngêtan impènipun nalika wontên ing Samarang, mila lajêng asumêdya badhe dipun lampahi, ing ngriku mantunipun lajêng kacariyosan sadaya impènipun wêdal wontên ing Samarang, wêkasan kênthêling [kê...]

--- 86 ---

[...nthêling] rêmbag badhe dipun jak dhatêng ing Sokawati, ing ngriku lajêng sami sadhiya pradandosan, Adipati Martapura kalihan Jayapuspita dalah saanakbojonipun lajêng sami mangkat, ing margi botên kacariyos, sadumuginipun ing dhusun Pandhan Karangnôngka lajêng kaaturakên Kangjêng Pangeran Mangkubumi, Adipati Martapura lajêng katimbalan, sarêng sampun dumugi ngarsanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi lajêng nyungkêmi sampeyanipun kalihan anangis, ngaturakên pêjah gêsangipun sarta ngaturakên supênanipun nalika kasrakat wontên ing Samarang. Radèn Jayapuspita lajêng gêntos ngabêkti, nuntên sami kadhawuhan linggih sarta sampun kaanggêp pasuwitanipun, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi lajêng andhawuhakên dhatêng para abdi ingkang sami sumewa, yèn samangke Adipati Martapura kaangkat dados bopati kaparingan santun nama Adipati Pugêr,§ Inggih punika wangsul nama lami nalika wontên ing Sokawati kêmpal kalihan Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara. dene Jayapuspita kaangkat dados tumênggung nama Tumênggung Suryanagara, sampun sami kaèstrènan sadaya, salêbêtipun wontên ing Pandhan Karangnôngka Adipati Pugêr amanah papanipun kirang prayogi, mila lajêng gadhah atur supados pindhah dhatêng ing Majaraga, utawi ing Gêbang, kalih punika ingkang prayogi papanipun. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi ugi sampun miturut, wêkasan lajêng pradandosan badhe boyong pindhah saking Pandhan Karangnôngka dhatêng ing Gêbang. Enggalipun sampun kalampahan, ing ngriku lajêng iyasa pasanggrahan saabdi sadaya, sarêng sampun sawatawis dintên Adipati Pugêr matur dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi, supados paring pirsa sarta nimbali ingkang putra Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang pacak baris [bari...]

--- 87 ---

[...s] wontên ing Panambangan (Nglaroh) punapadene ingkang rayi Pangeran Buminata ingkang pacak baris wontên ing tanah Sêmbuyan, sagêda sami kêmpal wontên ing Sokawati, supados kêkah pangramanipun, kangjêng pangeran ugi lajêng anyondhongi tumuntên utusan.

Amangsuli cariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara, pinuju miyos wontên ing Panambangan kaadhêp para kawulanipun, kasaru utusanipun ingkang rama Pangeran Adipati Mangkubumi sarwi mundhi sêrat, ingkang suraosipun amaringi pirsa nalika antukipun tuwan guprênur saking Surakarta, sariranipun nyarêngi lolos saking praja, dalah garwa putra tuwin para abdi sadaya samangke sampun dumugi ing Sokawati, saha sampun pacak baris wontên ing dhusun Gêbang, mila Pangeran Adipati Mangkunagara katimbalan supados barisanipun kêmpal wontên ing Sokawati. Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng mupakatan kalihan para abdi, sadaya sami mrayogèkakên, sêrat saking Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi lajêng kawangsulan prayogi.

Gêntos kacariyos saking Surakarta, Ki Patih Pringgalaya tuwin Patih Mangkupraja, sami pirêmbagan kalihan Tuwan Mayor Hogêndhorêp, tuwin Mayor Tênangkus, Mayor Hogêndhorêp wicantên: Saudara Radèn Adipati Pringgalaya, sarèhning para pangeran ingkang sami madêg baris kathah ingkang manggèn ing iring kidul, saking pamanah kula ingkang mangidul kêdah dipun kathahi wadyabala, kados ta: ingkang kalih pratigan mangidul kula kalihan Mayor Tênangkus, tuwin jêngandika ingkang nindhihi, dene ingkang sapratigan kalurugakên mangalèr, katindhihan Mayor Sêkèbêr kanthi Radèn Adipati Mangkupraja. Patih sakalihan ugi sampun mupakat, lajêng andhawuhakên dhatêng para bopati sakarerehanipun piyambak-piyambak, [piyambak-piya...]

--- 88 ---

[...mbak,] ing dintên benjing-enjing sami katamtokakên magut pêrang.

Enjingipun sang nata miyos ing pagêlaran, para bopati sakarerehanipun sampun samapta wontên ing alun-alun, punapadene Kumpêni dharat sarta kapalan. Sang nata nguningani untaping wadyabala, para tuwan mayor tuwin kiyai patih sami sowan ing ngarsa nata, nglapurakên kawontênanipun wadyabala. Sang nata lajêng paring pangèstu sarta andhawuhakên kalilan bidhal, ing ngriku tumuntên ngungêlakên têngara bêndhe, tambur sarta salomprèt, sakalangkung gumuruh mawurahan, wadyabala lajêng sami bidhal asêsowangan, ingkang lumampah mangidul dumugi ing dhusun Picis sami lêrêm.

Kacariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara, ambidhalakên para wadyabala, lajêng pacak baris wontên ing dhusun Sudimara, sarêng Kumpêni wiwit ngungêlakên sanjata, lajêng prang rukêt sakalangkung rame gêntos kalindhih, gêlaring prangipun Pangeran Adipati Mangkunagara lèrès botên popog, mundur-mundur mangidul ngetan dhatêng ing Sêmbuyan, Kumpêni lajêng angêbroki ing Panambangan lêrêp sadalu, enjingipun bidhal ngungsir dhatêng ing Sêmbuyan, dumugi ing dhusun Burêng têmpuk kalihan barisanipun Pangeran Adipati Mangkunagara malih, tuwin barisanipun Pangeran Buminata lajêng pêrang rame, balanipun Pangeran Buminata botên kuwawi mawut sami lumajêng, dene balanipun Pangeran Adipati Mangkunagara taksih pêrang rame kalihan Kumpêni. Sarèhning kasaput dalu, Pangeran Adipati Mangkunagara sawadyabalanipun lajêng mundur alon-lonan minggah ing ardi Gambar, dumugi ing pucak botên angsal dhahar tuwin sare. Ing wanci dalu lêrêp wontên ing dhusun sami laran, kalihan tata-tata ngêmpalakên wadyabala. Sarêng sampun wanci têngah dalu karsanipun [kar...]

--- 89 ---

[...sanipun] Pangeran Adipati Mangkunagara lumampah tindak mangidul malih, wusana kadênangan dening Kumpêni lajêng kabujêng. Pangeran Adipati Mangkunagara sawadyanipun kuthetheran, tumuntên minggah ing ardi Sèwu, Kumpêni wangsul dhatêng ing Burêng malih. Tuwan mayor sakalihan pirêmbagan kalihan kyai patih: Saudara, prayogi sampeyan matah bopati satunggal sakarerehanipun, supados anjagi saurutipun margi wiwit ing Burêng dumugi ing Surakarta, pêrlu angrêksa tiyang ingkang sami ngintun têdha dhatêng pambarisan, murih sampun ngantos amanggih pakèwêd wontên ing margi. Kiyai patih ugi lajêng andhawuhakên dhatêng bopati numbakanyar nama Tumênggung Singaranu sapanêkaripun sampun kalampahan.

Kacariyos, pambarisanipun Pangeran Adipati Mangkunagara kala samantên kantun tiyang pitung dasa, gêgêdhugipun nama Tumênggung Surawijaya, manggèn wontên ing salèring ardi Wijil, padamêlanipun ambêbingung dhatêng mêngsah, amargi pêrangipun botên purun popog, sarta kala samantên kabujêng dening barisanipun Tumênggung Singaranu, palajêngipun mangalèr lajêng anggubêd mangidul, kabujêng mangidul anggubêd mangalèr malih, ngantos sadintên muput botên sagêd kacandhak, labêt saking tansah ubêng-ubêngan ing wana tuwin ardi, sarêng sampun wanci suruping surya sami kèndêl. Ing ngriku Tumênggung Surawijaya sarêmbag kalihan para kancanipun, ing dalu punika niyat anggêpuk dhatêng pondhokaning mêngsah, para prikancanipun iyêg sami anyondhongi, kalampahan sarêng wanci sampun sirêp, Tumênggung Surawijaya sawadyanipun lajêng nêmpuh dhatêng pondhokaning mêngsah. Mêngsahipun têmah sami kuthetheran malajêng mangidul, ingkang purun pêrang panggah amung sakêdhik, Tumênggung Singaranu ugi tumut campuh pêrang, nanging lajêng tiwas kabranan, ingkang sami lumajêng wau lapur dhatêng tuwan mayor, amratelakakên [amratela...]

--- 90 ---

[...kakên] bilih Tumênggung Singaranu pêjah, jalaran campuh pêrang kalihan barisanipun Pangeran Adipati Mangkunagara, amung kanthi tiyang alit kemawon watawis wontên 70 tiyang, gêgêdhugipun nama Tumênggung Surawijaya. Tuwan mayor sarêng tampi palapuran makatên wau sakalangkung dukanipun, ing sanalika lajêng dhawuh nabuh bêndhe, tambur tuwin ngungêlakên salomprèt (têngara kalêmpaking wadyabala) sasampunipun ngalêmpak lajêng dhawuh kapurih ngubrês utawi nyêpêng Tumênggung Surawijaya sabalanipun, sagêda kacêpêng ing dalu punika ugi, jalaran sampun amêjahi Tumênggung Singaranu, mila lingsêm sangêt saupami botên sagêd kacêpêng. Nalika punika para upsir para tumênggung tuwin para mantri sami matah wadyanipun piyambak-piyambak, lajêng bidhal kalihan asêsumbar: Yèn Surawijaya sagêd kacêpêng badhe kamamah-mamah kupingipun, wontên ingkang badhe anjêjêki utawi anjêjuwing, warni-warni sêsumbaripun para wadya, ing ngriku wontên satunggiling tiyang dhusun ngaturi pariksa dhatêng wadya Kumpêni, bilih Tumênggung Surawijaya umpêtan wontên ing dhusun Waluyu. Tuwan mayor enggal dhawuh anata para tumênggung, supados ngêpang dhusun ingkang winartosakên wau, tuwan mayor kanthi para bopati sawadyanipun sami sikêp sanjata-sanjata tuwin waos, saking Serenan mangilèn sumêdya dhatêng ing dhusun Waluyu, sakathahing dhusun-dhusun sampun kakêpang.

Ing nalika punika Tumênggung Surawijaya sampun sumêrêp bilih kakêpang ing mêngsah, saubênging dhusun sampun kapêpêtan ing baris, rencangipun Surawijaya sami bingung bilulungan, nyipta botên wande badhe nêmahi tiwas, Surawijaya manahipun sakalangkung jibêg, ing batos kalithihan, lajêng tuwuh panggraitanipun, lajêng damêl rekadaya, rencangipun kapurih mindha kuli sami cucul pangangge kantun kathok, mirantos rêmbatan [rê...]

--- 91 ---

[...mbatan] kangge gotongan tiyang kalih dasa, sadaya pirantosing dêdamêl dipun bongkoki sarta kabuntêl, kaêmot ing jodhang dipun tumpangi tenong tumuntên kagotong lampahipun mangidul, Surawijaya wontên ing ngajêng sarwi nyumèt obor têtiga, salêbêtipun lumampah tansah sami nyuwantên sora, utawi ura-ura têmbang asmaradana, sinom, kinanthi, dipun sênggaki kalihan dipun gamêli cangkêm, botên môntra-môntra nyalamur lampah. Ing barisan kidul wetan kamisêpuhipun mantri satunggal nama Ki Mêrtasura, mirêng suwantêning tiyang lumampah rame-rame andadosakên dukanipun, tumuntên ngandika wêngis: Hèh mandhêga sira gênjik, dene cangkêmmu kumruwuk lêlagon turut dalan, apa gobogmu ora krungu lan matamu ora wêruh, yèn para panggêdhe lan tuwan mayor arêp nalikung mungsuh, ngubrês durung katêmu kowe têka wani nêmpuh barisan, ora kandhêg ora kêndhak, wah cangkêmmu cariwis tanpa lèrèn, apa kowe anjaluk tak lolohi bata utawa tak gunting lambemu.

Surawijaya mirêng dukanipun priyayi ingkang ngujar-ujari wau botên dipun raosakên, lêstantun anggènipun lêlampah sarwi mangsuli: Dhuh bêndara priyantun, sampun kasêsa enggal duka dhatêng tiyang ingkang nglampahi ngrêmbat rêkaos, kagaliha yèn kula tiyang alit, kaèngêtanipun kothong kirang pamikir. Kula kuli mikul saking kapatihan, badhe ngintun para mantri ingkang sami bêbarisan, mila cangkêm kula kumruwuk parlu kangge jampi arip, kalihan malih kula mirêng tuwan mayor wêkdal samangke sangêt dukanipun, sumêdya nyêpêng Surawijaya sarowangipun, badhe dipun talikung utawi dipun kabiri, nanging kaubrês dèrèng sagêd pinanggih, mila cangkêm kula bêngak-bêngok têtêmbangan, supados sampun damêl [da...]

--- 92 ---

[...mêl] kisruh anggènipun badhe nukup mêngsah.

Ki Mêrtasura lilih dukanipun, sarta botên nyana yèn punika ingkang kaupadosan, lajêng mangsuli kalihan nyêntak: Lah iya uwis banjura gênjik, ingkang mindha kuli lajêng lumampah alon-lonan, sarêng dumugi sajawining pambarisan lajêng sami gêgujêngan, pikulanipun sami kabucal lan sarwi lumampah rêrikatan, wanci byar enjing dumugi ing ardi Wijil, tuwan mayor dipun aturi uninga bilih Surawijaya sampun oncat ing wanci dalu, mêdalipun saking dhusun ngakên tiyang kuli ngintun saking kapatihan. Tuwan mayor kagèt sangêt anggènipun anjêtung, lajêng ngandika dhatêng para bopati: Pun Surawijaya punika punapa anaking dhêmit, utawi putu gandarwo, dene kêpati-pati juligipun, dikêpung wong rongèwu bisa marojol kalawan enak-enakan, kang ngêpung bingung kaya dikêcubung, kaya apa dhapure bokiya bisa kêcandhak, matane arêp dakcuplak. Para bopati sami gumujêng. Baris Kumpêni lajêng wangsul dhatêng ing dhusun Burêng, salêbêtipun lumampah ingkang kaginêm botên liya amung kajuliganipun Surawijaya. Sarêng sampun dumugi ing dhusun Burêng Adipati Panaraga matur dhatêng tuwan mayor, miturut plapuranipun têlik, bilih Pangeran Mangkunagara mêntas katingal langkung, samangke kèndêl wontên ing dhusun Ngêpringan, saking ngriki têbihipun wontên tigang onjotan. Tuwan mayor sanalika ngundhangi siyaga pêrang, ambêkta prajurit kapalan tuwin dharat wontên kalih èwu, enggalipun lajêng bidhal gêgancangan, tuwan mayor panggalihipun ngangah-angah sangêt, mayor kêkalih tuwin para bopati sami nyandêrakên kapalipun, sadumuginipun ing Ngêpringan surya sampun mèh surup, Pangeran Adipati Mangkunagara ing galih botên nyana utawi botên anglêgewa, yèn ing

--- 93 ---

wanci surup Kumpêni badhe andhatêngi para abdi sami ura-ura ngupados rumput kangge patilêman, Pangeran adipati mêntas saking wana amung piyambakan, Mayor Hogêndhorêp numpak kapal ingkang ngiring tiyang pitu, sarêng kawaspadakakên têrang ingkang lumampah punika Pangeran Mangkunagara, tumuntên kapistul, nanging botên kenging, Kangjêng Pangeran Mangkunagara kagèt sarwi kulithihan labêt botên ngasta dêdamêl, botên dangu katungka ungêling tambur sarta drèl kumrutug awor kukus, wadya môncanagari surak mawurahan, wadyanipun Pangeran Adipati Mangkunagara sami anadhahi pêrangipun wadya Kumpêni nanging pating kucicir, kathah ingkang lajêng umpêtan, sarta bibar pating salêbar sami arêbat dhucung salang-tunjang, botên kamanah sanadyan jurang pèrèng inggih dipun têmpuh, para èstri rêbut purug misah panggenanipun, amung ambujêng ngungsi gêsang, swaraning tangis pating jalêrit. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sumêdya mangsah, nanging kagondhelan dening para abdinipun, lajêng lumajêng taksih kabujêng kalihan dipun drèli saking wingking, wusana lajêng kasapih angin agêng tuwin jawah riris-riris, wah kasaput ing dalu, bala Kumpêni kèndêl wontên ing dhusun ngriku kalihan anjêjarahi. Pangeran Adipati Mangkunagara dipun upadosi ing wana sampun sêpên botên wontên.

Kacariyos, palajêngipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kala samantên nusup-nusup tumurun ing jurang trêbis, amung kalihan abdi satunggal, dumugi satêngahing wana kapanggih Tumênggung Kudanawarsa sarwi andhèrèkakên garwa sêlir ingkang nama Mas Ayu Patahati, sarta anggendhong putra mêntas sapihan nama: Radèn Ajêng Sombrong, kala samantên pinuju pêtêng dhêdhêt sarwi jawah riwis-riwis, tumuntên kapanggih malih kalihan ingkang eyang Radèn Ayu Sanawati kadhèrèkakên abdi kêkalih. Kangjêng Pangeran [Pangera...]

--- 94 ---

[...n] Adipati Mangkunagara lampahipun sakalangkung dening sangsara, urut ing satêngahing wana ingkang sangêt gawat, putrinipun tansah muwun labêt saking luwe, tumuntên kapadosakên pisang wana kangge ngarêm-arêmi, dene para sêpuh-sêpuh amung nêdha dhangkèling kunci, dangu-dangu kathah para abdi ingkang pinanggih, sami kêkapalan wontên 60 tiyang, kairid dening Tumênggung Surawijaya. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara rêreyongan kalihan ingkang eyang sagarwa putra wontên ing wana sirung, awit ajrih mêdal saking wana, jalaran taksih kaubrês dening Kumpêni, para èstri manawi nuju kèndêl sami mijêti suku kalayan tarocosan waspanipun. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara mariksani ingkang eyang sakalangkung ngêrês panggalihipun, awit saking sangêting kasrakatipun, ing ngriku Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara mratelakakên sadaya Tumênggung Kudanawarsa tuwin Surawijaya, karsanipun badhe nêntrêmakên salira kalihan garwa putra wontên ing parêdèn ingkang têbih panggenaning mêngsah. Tumênggung kêkalih sami jumurung, lajêng lumampah ngidul ngetan dumugi ing dhusun Lincip Pidêksa, manggihi sakêdhap kalihan ingkang rama Sultan Dhandhun Martèngsari, manawi condhong dipun aturi kêmpal kalihan Pangeran Adipati Mangkubumi, nanging ingkang rama sultan botên nayogyani, mila Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng lumampah malih mangetan dumugi wana Têmbara, lajêng rêrêp wontên ing ngriku sawatawis dintên, sawontênipun ing ngriku pinuju lêlênggahan sarwi angongoti pring wuluh karsanipun badhe kadamêl suling, dumadakan lajêng wontên satunggaling tiyang lumampah rêrikatan saking kilèn, sadhatêngipun lajêng apratela dhatêng Kangjêng Pangeran ingkang sawêg eca lênggah, bilih Kumpêni sampun nukup barisanipun ingkang rama Sultan Dhandhun Martèngsari, ingkang wontên ing dhusun Pidêksa, [Pi...]

--- 95 ---

[...dêksa,] balanipun sami kaplajêng bibar botên kantênan, bokmanawi saking Pidêksa Kumpêni lajêng mariki.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng tampi pratela makatên wau sakalangkung kagèt nuntên jumênêng, suling kabucal§ Suling ingkang kabucal punika dumugi samangke sagêd gêsang, ngrêbda dados wana papringan, sarta wujudipun dêling wontên ingkang bêlang ijêm kalihan jêne, manawi kapêcok 1 2 ros, ing nglêbêt wontên urangipun, mila wana punika lajêng karan ing bêlang suli. lajêng bidhal saking ngriku dalah para abdi sadaya, lampahipun mangalèr ngetan dumugi wana Mlendhungan, kèndêl wontên ing ngriku ngantos sawatawis dangu, sarêng kawartosakên Kumpêni taksih ngubrês wontên ing Sêmbuyan, Pangeran Adipati Mangkunagara bidhal malih karsanipun sumêdya dhatêng Kaduwang, tindakipun mangalèr minggah ing ardi Tulakan, lajêng tumurun dumugi ing dhusun Jalar, sarêng dumugi ing lèpèn sacêlaking dhusun Dalêpih lajêng kandhêg, jalaran lèpènipun pinuju bêna, môngka botên wontên wodipun ingkang dipun wêdali, ing ngriku Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kawêkèn panggalihipun, osikipun ing dalêm batos: Lah kapriye iki, ngêndi kang bakal dakwêtoni, amêsthi kali iki sapandhuwur sapangisor iya banjir, saupama balia ing ngêndi gonku singidan, môngka saka pangiraku mung ing Kaduwang kang prayoga kanggo pasingidan.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara mêmêlas sangêt, sawêk kèndêl anggènipun ngudaraos, dumadakan lajêng mirêng swara krêtêg krêtêg bruk, inggih punika pitulunging Pangeran, wit êprèh panjang sarta agêng [a...]

--- 96 ---

[...gêng] sol rêbah dhawah malang ing lèpèn ngriku, pucukipun sumèlèh ing sabrang lèr, dene bongkotipun wontên ing kidul, punika anjalari Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara dalah para abdinipun sadaya sagêd anglajêngakên lampah, sarana nguwod kajêng ingkang rêbah wau.§ Prabatang punika dumugi samangke taksih gêsang, manggèn ing dhusun Kêdhungkirik (Watusigar) bawah ing kamantrèn gunung Tirtamaya, kalamôngsa yèn lèpèn wau pinuju bêna, kangge nguwod para tiyang ing padhusunan. Tumuntên lajêng ngalèr ngetan dhatêng ing Kaduwang, sarêng minggah ing wana parêdèn ing ngriku Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara dalah saabdinipun sami kataman bingung, nanging dangu-dangu ugi sagêd mêdal saking wana wau. Wana ingkang ambingungakên wau lajêng kanamakakên wana Kèmêngan utawi wana ingkang anjalari wêdalipun kangjêng pangeran wau ugi lajêng kanamakakên wana Kèlingan, sasampunipun nuntên anglajêngakên lumampah malih nusup-nusup cêcorahing ardi. Sarêng minggah ing ngriku angsal papan ingkang ragi prayogi, siliripun hawa asrêp dumunung wontên kiwa, bilih ningali mangandhap sagêd têrang sadaya, ing Nglaroh, ing Sêmbuyan tuwin ing Kaduwang, sami katingal cêtha, dados upami kabujêng ing mêngsah kirang tigang pal sampun katingal. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara dalah para abdinipun sami sênêng, mila anggènipun lêrêm wontên ing ngriku ngantos sawatawis taun dangunipun, lajêng iyasa dalêm, dalah para abdinipun sadaya (mênggah dalêm punika samangke taksih, kapara lajêng kangge panyadranan, manggèn ing salèring wana Girimarta, dipun namakakên dhusun Bubakan, kacariyos dalêm wau nalika taksih dados wana, manawi para tiyang anuju ambêsmi wana, dalêm wau botên sagêd katut kabêsmi).

--- 97 ---

Kacariyos, salêbêtipun wontên ing ardi, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara dalah sapandhèrèkipun sadaya ingkang kadhahar amung uwi wana sawatawis kalihan angirangi sare, sarêng sampun dangu anggènipun lêrêp, sumêdya karsa nusul dhatêng ingkang rama ing Sokawati, tumuntên lajêng bidhal dalah para abdinipun tumurun mangalèr, amung para abdi ingkang sami kêkapalan lampahipun kadhawuhan misah. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan ingkang eyang sagarwa putra miwah abdi jalêr èstri, tuwin Tumênggung Kudanawarsa sarta Tumênggung Surajaya sami dharat, awit karsanipun kangjêng pangeran lumampah nyalamur, mandhap saking ardi urut pêpèrèng ngupadosi margi ingkang ragi waradin, sarêng sampun dumugi ing sukuning ardi Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng kèndêl, tindakipun botên kalajêngakên, amargi mirêng taksih kaubrês dening Kumpêni, dados ing ngriku kangjêng pangeran nêdya singidan wontên ing wana Tlaba, ingkang papanipun kiwa andhêlik, ragi nglorog ing têngah wana wontên lèpènipun, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara wontên ing ngriku sangêt anggènipun nalôngsa, rintên dalu botên karsa dhahar sare, bilih wanci dalu akêkadhar wontên ing sela sapinggiring lèpèn sarwi nênuwun dhatêng Ingkang Kuwasa, mugi pinaringan wawêngan padhanging panggalih. Awit saking bantêring pamêsu watawis pitung dalu, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng angsal sasmita, supados anglajêngakên lumampah mangalèr ngetan, awit ing ngriku badhe manggih sêsuluhing panggalih. Kangjêng pangeran lajêng dhêdhawuh dhatêng para abdi yèn karsanipun sumêdya nglajêngakên lampah, ing mangke sarèhning sampun sawatawis dintên sariranipun botên kalêbêtan punapa-punapa, karaos kapengin ngunjuk toya dêgan, ing ngriku Tumênggung Kudanawarsa lajêng kengkenan kancanipun ngilèni dhatêng padhusunan, kalêrêsan ing ngriku sagêd pikantuk [pikantu...]

--- 98 ---

[...k] dêgan ijêm, nuntên kaaturakên dhatêng kangjêng pangeran lajêng kaunjuk, raosipun toyaning dêgan ijêm wau sakalangkung nikmat sangêt, sêpêtipun dipun kalêmpakakên lajêng ing têngah katangsulan, kadhawuhan nanêm sarta dipun punagèni, pangandikanipun: Yèn sêdyaku bisa kalakon, amêsthi sêpêt kang daktandur iki bisa thukul urip,§ Awit saking sabdanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sêpêt ingkang katanêm wau kalampahan sagêd thukul, manggèn ing dhusun Tlagalêdhok, bawah kamantrèn gunung Jumapala, nanging thukulanipun anèh, wohipun warni ijêm kêndhit jêne, dados kados pa. sasampunipun makatên para abdi lajêng kaajak anglajêngakên lampah.

Amangsuli cariyos, tuwan mayor dalah para bopati, anggènipun sami angubrês madosi Pangeran Adipati Mangkunagara botên sagêd pinanggih, tuwan mayor lajêng dhawuh undhang-undhang dhatêng têtiyang dhusun, sintên ingkang sagêd nyêpêng Pangeran Adipati Mangkunagara, badhe kaganjar pangkat mantri sarta kaparingan arta gangsal atus reyal, dhawuh makatên wau sampun waradin. Sarêng Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan para abdi pêpitu lumampah wontên ing dhusun Ônggabayan, têtiyang ing ngriku sampun angintên bilih ingkang lumampah punika Pangeran Adipati Mangkunagara, mila sanalika lajêng sami nitir kênthongan mawurahan. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara botên andugi bilih sariranipun ingkang dipun titiri, swaraning titir sangsaya gumuruh mawurahan kados manawi wontên lampor utawi grahana, para têtiyang lajêng sami tumandang sarwi wicantên rame: Ya iku, ya iku, Pangeran [Pange...]

--- 99 ---

[...ran] Adipati Mangkunagara, ayo padha dicêkêl, ayo padha dicêkêl, yèn bisa kacêkêl bakal olèh ganjaran dhuwit limang atus reyal. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara anggraita, tumuntên ngisèni sanjatanipun sumêdya andêrah pati. Têtiyang padhusunan saya sora anggènipun sami alok-alok kalayan ambujêng mirantos dêdamêl dhuwung, pêdhang, pênthung, linggis, waos, sawênèh ambêkta bronjong canggah tuwin ganthol, ingkang dados pangagêngipun bêkêl panatus tuwin panglawe, sami wontên ing ngajêng sarwi mungêl: Ayo, ayo, kêpungên, kêpungên, aja nganti gagal. Abdinipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara pating palinguk, ulatipun sami biyas, sampun nyipta yèn badhe nêmahi tiwas, sarêng para tiyang sampun cêlak dhatêng kangjêng pangeran, lajêng kasanjata, amung mungêl sapisan para têtiyang ingkang sami ambujêng lajêng guragapan têmah sami bibar lumajêng, sarta botên wontên ingkang nyêlak malih, sampun dilalah karsaning Allah, yèn darahing Mataram dèrèng dhumawah ing kukum, botên kenging dipun gêgampil, botên dangu lajêng wontên angin agêng andhatêngi, jawah lesus kados pinusus, para tiyang ingkang sami sumêdya nyêpêng sami andharodhog katisên, lajêng wangsul lumêbêt ing padhusunanipun malih. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara anglajêngakên lampah, lêstari botên wontên sangsayanipun.

Kala samantên tindakipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara nuju mangalèr dumugi ing dhusun Druju (Matesih) ingkang eyang sarta garwa putranipun sami katitipakên wontên ing dhusun ngriku, dene kangjêng pangeran sapandhèrèkipun abdi pêpitu anglajêngakên lampah ngupados wêwênganing panggalih, sarêng sampun dumugi ing dhusun Samakaton kangjêng pangeran panggalihipun [pangga...]

--- 100 ---

[...lihipun] ragi rêna, amargi pirsa banjar pakarangan sarta griya-griya ing ngriku, punapa malih toyanipun sami pating sarèwèh, hawanipun asrêp, kapinujon ing ngriku wontên satunggaling tiyang sawêg nangsuli pagêr dhadhah, kangjêng pangeran lajêng andangu dhatêng tiyang punika: Kang adhêdhepok ing kene iki sapa. Aturipun ingkang kadangu: Punika padhepokanipun Ajar Adisana, kalihan rayinipun nama Ajar Adiraga. Kangjêng pangeran sarêng mirêng panggalihipun lajêng glêg, ngandika salêbêting batos: Apa iki kang bakal bisa madhangake pikirku. Tiyang ingkang nangsuli dhadhah matur malih: Bêndara, manawi sampeyan sumêdya sowan dhatêng kyai ajar sumôngga kula irid. Wangsulanipun kangjêng pangeran: Yèn kiyai ajar pinuju ana iya prayoga. Enggalipun kangjêng pangeran lajêng kairid malêbêt dhatêng ing griya. Kyai ajar sakalihan ngacarani kalayan têmbung manuhara dhatêng ingkang nêmbe rawuh, sasampunipun satata lênggah sarta kabagèkakên, lajêng sinugata ing sakadaripun tiyang dhusun. Sarêng kangjêng pangeran sampun sawatawis lêrêm panggalihipun, tumuntên wêwartos bab lêlampahanipun ingkang sampun kapêngkêr, wiwitan dumugi wêkasan, sangêt anggènipun nandhang sangsara sarta prihatos, mila ngantos dumugi ing ardi punika manawi amarêngakên sumêdya anggêguru dhatêng sang pandhita, nyuwun piwulang mugi karsaa paring pitêdah ingkang prayogi, saha prajanji sumêdya anglampahi ing sapakèn, botên badhe nyulayani ing sapangrèhipun sang pandhita.

Sang pandhita sakalihan sarêng mirêng cariyosipun kangjêng pangeran makatên wau, sangêt wêlas panggalihipun, sarta lajêng andugi dhatêng karsanipun ingkang rawuh, mila lajêng matur kalihan anoraga: Dhuh anggèr wong agung ingkang sawêg nandhang sangsaya, mugi sampun andadosakên hêruning panggalih, [pangga...]

--- 101 ---

[...lih,] pun kaki sumêdya mêdharakên ginêm sawantahipun minôngka wêwarah, mila paduka ngantos pêrang arêrêmpon, sarta nêmah risaking para wadya, punika tuwuhipun botên liya saking ambêg ujub riya tuwin kibir, utawi digung gumunggunging dhiri, jalaran angandêlakênangêndêlakên. saking wêgiging pambudi sarta limpading ulah papêrangan, dupèh rumaos sampun sarwa kacêkap tur môndraguna sura sakti, wah amumpuni ing aji jaya kawijayan. Ingkang makatên wau têtela nama tiyang kalimput, kasupèn bilih asor ungguling jurit punika kagunganipun ingkang sipat êsa. Botên mawi paduka wawas kalayan waspadaning budi ing kawêningan, amung nuruti saking kadêrênging manah, têmah lajêng kaconggah anggege umadêg nata, inggih punika kala paduka jêjuluk asma Kangjêng Sultan Adiprakosa, ingkang makatên punika andadosakên sangêt sisip nalisiping lêlampahan, amargi wahyu nurbuwah punika botên kenging ginayuh kalayan gampil, têgêsipun, botên kenging ginayuh sarana lampah ambêg gêdhag-gêdhig ingkang botên jujur, tuwin ngandêlakên prawiraning ayuda. Dhuh anggèr, sapintên kuwawinipun tiyang ingkang ambêg agêdhag-gêdhig dêstun amung sakêdhèping netra, awit punika kagolong têksih nama prakawis lair, wêkasan kasêsêr manggih asor, anggèr saking atur kula, paduka sampun nulad kados lêlampahanipun rama paduka Sultan Dhandhun Martèngsari, inggih punika daya-daya jumênêng nata, lajêng angèsthi garwa para wanita ngantos pitung dasa, môngka abdinipun para mantri kemawon sawêg salawe thil. Ingkang makatên wau sakalangkung anggènipun botên mungguh, inggih punika nama gumunggung ing dhiri, nelakakên bilih tuna ing kajatèn, tiwas tanpa tuwas amung amêwahi wisaning sarira, wêkasanipun ginujêng ing ngakathah. Mila anggèr paduka kêdah ingkang awas, lan èngêt, mênawi titah punika gadhahanipun [ga...]

--- 102 ---

[...dhahanipun] amung apês, samangke prayogi anulada lêlampahanipun eyang paduka sêsotyaning bumi Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Mataram, nalika amurwani anggayuh wahyuning karaton, siyang dalu botên pêgad anggènipun mangun kasutapan, tansah mêmpên sumimpên ing asamun, sangêt pamanthênging cipta ingkang winawas amung darajating sarira katunggilakên lair batosipun, ardaning panggalih kinunjara kalihan santosaning tekat, ingkang katokidakên amung jumbuhing kajatèn. Saking bantêring cipta têmah wontên sasmita ingkang mrabawani, awarni lintang dhawah wontên ing ngarsanipun, sarwi anyuwara awêwarah bilih sampun kalilan umadêg nata, suprandene eyang paduka dèrèng karsa mudhar pamêlêngipun ing kautamèn, saha dèrèng sumêdya amangun ing kawibawan, sanadyan kala samantên wadyabalanipun sampun kathah, ewadene taksih mêmpêng pamêsuning budi murih sagêda amumpuni saliring rèh ingkang linuhung. Awit saking wêninging panyipta têmah katurunan malih wahyuning karaton, kangjêng panêmbahan ing pangraos sampun amêngku wawêngkoning alam sadaya, sirna pangraosing sarira kalih lair batin, nanging pangraosipun sampun dados satunggal kalihan sajatining ênur, mila lajêng ruwat sadaya rêruwêding batos, inggih punika mêngsah salêbêting badan sampun sinêmbadan botên sagêd budi. Punika saminipun kala jaman purwa kados Sang Arjuna, ingkang wirotamèng kewuh, tur sampun kawêntar ing kawantêranipun, saha sampun amumpuni sakridhaning adilaga, suprandene sagêd anyarèhakên ardaning karsa, sabarang ingkang kasêdya mawi sarana sinidhikara rumiyin, manawi sampun wêning panawangipun ing ngriku sawêg karsa ngadoni jayèng yuda, têmah sagêd anglêbur dhatêng para satru ingkang sura sêkti, wêkasan kawirotamanipun kasub kasumbagèng [kasumba...]

--- 103 ---

[...gèng] bumi, têtêp dados kalêngkaning jagatraya, turunipun sami jumênêng ratu ambawani ing satanah Jawi ngantos têrah-tumêrah dumugi samangke. Dene ing jaman sapunika ingkang kenging sinudarsana muhung rama paduka Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi ingkang mandhiri ing Sokawati, punika pambêganipun ingkang linuri-luri botên liya inggih kados eyang paduka Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Mataram kasêbut nginggil, tansah karêm maspadakakên dhatêng sarira, sangêt marsudi ing budi angudi dhatêng sampurnaning kawruh sajati, wêkasan kasinungan paham botên samar dhatêng purwa madyaning lêlampahan, dumugi wêkasanipun, labêt saking sampun waskitha ing panggalih. Ingkang makatên wau sampun kenging winastan manungsa ingkang pinunjul, katôndha sanadyan wadyabalanipun sampun andados kathah, sarta sampun botên kewran tumraping ing papêrangan, dhasar sampun sagêd angirupi tanah môncanagari, suprandene dèrèng karsa madêg nata, saking punapa, inggih saking sampun pirsa bilih dèrèng mangsanipun. Ing mangke saking atur kula malih, panjênênganipun anggèr sampun ngantos karêm dhatêng kanuragan, tuwin kasantikan, awit punika ngèlmi lair badhe angathahakên kibir, manawi kapêngkok, dhawahing ngêndon amalendho, dene sapunika prayoginipun andumugèkna tapabrata rumiyin, manêgês karsanipun Pangeran Ingkang Maha Kuwasa, dipun mantêp ing pangèsthi lan mêndêng dhatêng Kang Murbèng Jagad, supados dadosa waspada ing kawêkasanipun, sarta lajêng sagêd angrêgêm wosing kamanungsakamanungsan. wontên ing donya dumugi kawusanan, manawi têmên kalayan santosaning sêdya saèstu sagêd anunggil ing kajatèn, mêwahi waskitha dhatêng ing gaib, inggih punika pratandhaning sampun nunggal ing sajatining paningal, nanging manawi sampun sagêd nunggal, dipun taksih kêkalih, kêkalihipun inggih kawula kalawan gusti, makatên [maka...]

--- 104 ---

[...tên] malih bilih sampun sagêd anggolongakên lampah lair kalihan lampah batin, punika nama sujanma guna utama, awit sampun sagêd widagda amêngku ing wawêngkonipun, wêkasan punapa ing saciptanipun badhe jinurung, bêbasan: dadi saciptanipun, wontên sasêdyanipun dhatêng sakarsanipun, sanadyan pêranga angidêri bumi mêngsah ewon, manawi sampun mantêp sarta pasrah kumandêl ing Hyang Suksma, saèstu dados têguh timbul tanpa maguru, puwara sakathahing dêdamêl sami kalis sadaya botên tumama ing sarira. Dhuh bêndara, kauningana malih, mênggah sajatinipun manungsa punika amung darmi nglampahi pakèning Pangeran, dene apês ungguling pêrang punika wontên manungsa piyambak, sampun anggêrantês bilih sawêg apês, sampun kuwur bilih pinuju luhur, amung ngagêngna panarimah sabar tuwin sokur, mila anggèr kêdah prayitna tuwin dipun wiweka bekaning lêlampahan, sabab manungsa ingkang badhe kasinungan darajat kaluhuran, punika agêng sangêt coba rêncananipun, nanging manawi têtêp sarta mantêp têguh botên was sumêlang, inggih punika calonipun ingkang badhe ambawani kawiryawan ingkang linuhung, dados inggih kêdah angemuti minôngka têbasaning lara kalawan pati, ing sapunika panjênênganipun anggèr amarsudia lêstarining tapabrata wau rumiyin, asarana rukuh rèkèhing pamrih kalayan mêsu budi dhatêng kaluhuran, manawi sampun tatas buntas padhang tarawangan, kula sumôngga sakarsa paduka, amung mêling sakêdhik: saking panawang kula ing ngriki, ingkang kenging kinêmpalan kuwawi dados pangungsèn, punika amung rama paduka ing Sokawati, awit wahyunipun sampun tumalorong badhe dhumawah, kados-kados ing têmbe punika sagêd mulyakakên dhatêng sarira paduka anggèr.

Kacariyos, sang pandhita anggènipun ngaturi sêsorah dhatêng Pangeran [Pa...]

--- 105 ---

[...ngeran] Adipati Mangkunagara ngantos kalih dalu. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng midhangêt wêdharing wêwarah ingkang makatên wau, sanalika panggalihipun lajêng lêjar, tansah birahi sêngsêm angraosakên sakathahing piwulang wau, bêbasan kadyangganing kênya adi ingkang sinêmbadan dening busana, mêwahi sênêning guwaya. Ing ngriku sarêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sampun lêrêp kalih dalu, kyai ajar sumêdya nodhi ing kaantêpanipun kangjêng pangeran, lajêng matur: Bêndara, kadospundi raosing panggalih paduka, mênggah sêsorah kula ingkang sampun katur ing ngajêng.

Kangjêng pangeran matur: Saking pangèstunipun sang pandhita ing mangke manah kula sampun ragi pajar, saha lajêng sumèlèh.

Sang pandhita matur malih: Inggih sokur manawi makatên, nanging kauningana, tiyang ingkang badhe anggayuh wahyu kaluhuran punika bilih sampun nampèni ing kanugrahan, botên kèndêl wontên ing pamanggih kemawon anggèr, nanging kêdah mawi katohan ambanting sarira, bêbasan pasahing ngèlmu iku sarana laku, punapa bêndara karsa anglampahi pakènipun pun kaki, manawi kadugi pun kaki badhe lajêng atur pitêdah.

Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara matur: Dhuh sang pandhita guru kula, ing ngajêng kula sampun prajanji sumêdya anut miturut ing sapangrèhipun sang pandhita ingkang dhatêng karahayon, sampun malih dhatêng karahayon, sanadyan sakit dumugi pêjah pisan inggih badhe kula lampahi.

Sang pandhita sokur ing panggalih, dene ingkang tinanting ambangun turut botên sumêdya nyulayani. Sasampunipun makatên, enggalipun kangjêng pangeran lajêng dipun aturi martapa wontên ing ardi Mangadêg sawetaning Samakaton, anêgêsa dhatêng karsanipun Ingkang Murbèng Jagat sampun [sampu...]

--- 106 ---

[...n] sumêdya mudhar yèn dèrèng angsal sasmita ingkang sajati. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara inggih anyagahi lajêng nyuwun pamit mangkat, amung kadhèrèkakên abdi kêkalih, 1. Tumênggung Kudanawarsa, 2. Tumênggung Surajaya. Sadumuginipun ing ngandhap ardi kangjêng pangeran dhêlêg-dhêlêg mariksani singuping wana sakalangkung dening pêtêng, kêkajênganipun agêng-agêng tur kêtêl sangêt, oyod-oyod ri bondhot arêrayudan, botên wontên marginipun ingkang limit sakêdhik, manawi botên sumêdya anderah pêjah saèstu botên kadugi ngambah ing wana ngriku, mila panggalihipun kangjêng pangeran ragi rangu-rangu, amargi saking singit sarta gawating wana, nanging saupami wangsula saking ngriku kemawon saèstu sangêt lingsêm, mila pêpuntoning panggalih lajêng nêmpuh byat lumampah anusup-nusup ing garumbul tuwin rêrayudan, minggahipun manginggil sarana cêpêngan oyod-oyodan. Tumênggung Kudanawarsa tuwin Tumênggung Surajaya sambatipun ing batos sampun botên kenging winiraos, nanging tekading manah nêdya pêjah anglabêti gusti, mila abdi kêkalih wau saupami ing têmbe manggih kawibawan inggih sampun lêrêsipun tumut mukti, saking lêlabêdanipun wau. Lampahipun kangjêng pangeran botên kandhêg-kandhêg, dungu-dangu dumugi pucaking ardi Mangadêg, lajêng manggèn papan kiwa ingkang ragi waradin, abdi kêkalih kadhawuhan misah ngupados panggenan piyambak ingkang ragi têbih saking panggenanipun kangjêng pangeran.

Kacariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, anggènipun mêsu sarira wontên sapucaking ardi Mangadêg, botên dhahar botên sare, lênggah ing sela kumlasa tansah sêmadi manêgês karsanipun ingkang murbèng jagat, sarêng sampun angsal pitung dintên pitung dalu, lajêng wontên swara gumalêgêr angebahakên salaladaning ardi, sarta angin agêng

--- 107 ---

andhatêngi awor riris, ing sakanan keringing ardi pêtêng dhêdhêt dening ampuhan, abdi kêkalih ingkang misah panggenan sami katisên ngantos narêthêk, lajêng ngalih panggenan nusup-nusup dhatêng garumbulan, amung kangjêng pangeran piyambak ingkang botên obah saking palênggahanipun, dangu-dangu pêpêdhut sumilak padhang, jawah angin sampun sami kèndêl, ing ngriku katingal wontên tiyang kaki-kaki sarwi amaringakên bandera§ pandêl. nama Kyai Dhudha, tuwin kalonthongan tambur nama Kyai Slamêt§ Tambur Kyai Slamêt tuwin pandêl wau, dumugi samangke taksih sumimpên wontên ing dalêm Mangkunagaran. Kacariyos, kalamôngsa manawi badhe wontên parlu, tambur Kyai Slamêt lajêng mungêl, ungêlipun wau dados panêngêran, manawi mungêl kados têngaraning pêran. dhatêng kangjêng pangeran ingkang sawêg pitêkur angêningakên cipta, ingkang pinaringan enggal anampèni. Sasampunipun katampèn, tiyang kaki-kaki lajêng musna, kangjêng pangeran nuntên tumurun kalihan nyangking bandera tuwin tambur wau, badhe wangsul dhatêng padhepokanipun kyai ajar, dene abdi kêkalih ugi sampun sami pinanggih lajêng andhèrèkakên kangjêng pangeran. Sawêg dumugi sajawining pintu dhadhah sang pandhita sakalihan sami mêthuk, lajêng sami ngrangkul dhatêng kangjêng pangeran gêntos-gêntos, kados sampun priksa badhe kadadosaning lêlampahan punika. Kangjêng pangeran tumuntên dipun aturi lênggah, sasampunipun satata kangjêng pangeran lajêng wêwartos ing kawontênanipun anggènipun anglampahi dhawuhipun [dhawuh...]

--- 108 ---

[...ipun] sang pandhita, wêkasan angsal pandêl tuwin tambur. Sang pandhita sakalihan dahat sami suka sokur ing panggalih, lajêng matur: Inggih punika ingkang kula ajêng-ajêng, samangke sampun sêdhêngipun panjênênganipun anggèr nusul dhatêng rama paduka ing Sokawati, andhèrèk ngêmpal nunggil pambarisan, benjing panjênênganipun anggèr badhe angsal kaluhuran saking rama paduka Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi, amargi wahyu paduka saking paningal kula sampun anyakêti. Kangjêng pangeran matur nuwun, tumuntên lajêng nyuwun pamit mangkat, sampun jinurung.

Kacariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, tindakipun saking Samakaton kadhèrèkakên Tumênggung Kudanawarsa tuwin Tumênggung Surajaya saprikancanipun gunggung tiyang pitu, sowan ingkang rama Pangeran Adipati Mangkubumi ing Sokawati, lampahipun sawêg dumugi sacêlaking dhusun Têlagap karaos sayah, lajêng kèndêl lênggah sarwi amêtêki sampeyanipun, ing ngriku lajêng katingal wontên tiyang jalêr pêpitu botên têrang nama tuwin griyanipun, sadaya sami numpak kapal saking lèr mangidul. Panarkaning para abdinipun kangjêng pangeran, tiyang wau sumêdya adamêl piawon, wusana sarêng sampun cêlak lajêng matur dhatêng kangjêng pangeran, têmbungipun: Dhuh gusti, dipun enggal panjênêngan nusul dhatêng rama dalêm, kangjêng pangeran adipati ing Sokawati, samangke sampun magut pêrang wontên ing Dêmak ingkang iring kidul, kula ngaturakên kapal punika sadaya dados titihan paduka dalah saabdi sadaya. Kala samantên kapal inggih lajêng katampèn dhatêng kangjêng pangeran saabdinipun, sasampunipun kangjêng pangeran bidhal dalah saabdinipun sami numpak kapal, dene tiyang ingkang ngaturakên kapal wau ugi andhèrêk wontên ing wingking, nanging sarêng katolèh sampun botên katingal. Kangjêng pangeran [pangera...]

--- 109 ---

[...n] angandika: Wong iki mau padha mênyang ngêndi. Tumênggung Kudanawarsa matur: Gusti mugi sampun anggalih dhatêng tiyang wau, bokmanawi punika ghaibing pangeran aparing pitulung dhatêng paduka. Kangjêng pangeran lajêng bidhal saabdinipun, wontên ing margi mampir ing dhusun Galagah, parlu tuwi para garwa putranipun ingkang rama ing Sokawati, sasampunipun bage-binage wilujêng, Kangjêng Pangeran Mangkunagara lajêng ngabêkti dhatêng ingkang ibu, sarêng sampun saantawis lajêng ngaso dhatêng pondhokan, wontên ing Galagah sipêng tigang dalu lajêng bidhal andumugèkakên lampah dhatêng Sokawati.

Sapêngkêripun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, ingkang ibu ngandika dhatêng ingkang sami marak: Si thole Mangkunagara mêmêlas bangêt, lêlakone tansah nandhang sangsara kasurang-surang. Nanging labêt isih trahing andana warih cahyane ora owah malah saya manthêr, pamujiku muga Allah anêmbadanana pangeran bisaa dhaup karo anakku salah siji.

Kacariyos, lampahipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sampun dumugi ing Garobogan, pinanggih kalihan Adipati Martapura (Pugêr), sasampunipun bage-binage wilujêng, Adipati Martapura mrayogèkakên angêntosi wontên ing Garobogan kemawon rumiyin, amargi ingkang rama kangjêng gusti ing Sokawati saking pangintên tumuntên rawuh. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara inggih miturut rêmbagipun Adipati Martapura, botên antawis dangu Kangjêng Pangeran Adipati MangmangkubumiMangkubumi. katingal rawuh saking ing Dêmak iring kidul, lajêng anjujug ing dhusun Ramun Garobogan. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng kairid dening Adipati Martapura sowan ingkang rama sampun pinanggih, sasampunipun ngabêkti lajêng matur sangsaraning lêlampahan, ingkang rama sakêlangkung [sa...]

--- 110 ---

[...kêlangkung] wêlas, lajêng ngandika: Kulup, wis aja korasakake lêlakonmu kang wis kapungkur, kaya-kaya ora beda karo lêlakonku ing kene, ora liwat mung sumendhe marang karsane Kang Gawe Urip, bokmanawa ing buri ana parmaning Pangeran aparing pangapura, samêngko saka karsaku nêdya ngêlar jajahan mênyang ing Sêmbuyan, kowe dak patah aja wêdi kangelan, balia mulih manèh aku kang bakal ngatêrake, sabanjure manawa kowe wis ana kana, batur-baturmu kang padha singidan impunên manèh, lan padha lêlipurên pikire. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara matur: Sandika.

Enjingipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi tuwin ingkang putra Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng bidhal saking Garobogan kadhèrèkakên bala ing Sokawati ingkang sami kêkapalan wontên 1030 tiyang, lampahipun mangetan dumugi ing dhusun Malela wanci sêraping surya lajêng lêrêp, byar enjing lajêng bidhal malih, dumugi ing dhusun Kêrja jam 4, lajêng aso sadalu. Sarêng enjingipun lajêng bidhal malih, dumugi ing dhusun Bangsri jam 11 siyang, lajêng kèndêl, ing ngriku wontên abdinipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang dhatêng sarwi numpak kapal wontên 70 tiyang, lêt tigang dintên dhatêng malih abdi kêkapalan sarta sikêp dêdamêling pêrang wontên 130 tiyang, dados kêmpalipun sadaya abdinipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang sami dhatêng wontên 200 tiyang. Kala samantên lajêng pindhah masanggrahan wontên ing dhusun Ngêmplak, garwa paminggir tuwin ingkang putra miwah ingkang eyang saking dhusun Druju ugi sampun sami nusul dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan dhèrèkakên wadyabala kêkapalan kalih atus.

Kacariyos, watawis wontên gangsal wêlas dintên, Kangjêng Gusti Pangeran [Pangera...]

--- 111 ---

[...n] Adipati Mangkubumi bidhal malih saking dhusun Ngêmplak, dumugi ing dhusun Lêsan sipêng sadalu. Enjingipun andumugèkakên lampah mangidul, dumugi ing Sêmbuyan wanci sontên lajêng masanggrahan. Sarêng sampun sawatawis Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi lajêng utusan nimbali ingkang rayi Sultan Dhandhun Martèngsari, nanging nyuwun pamit sêngadi nuju gêrah. Ing ngriku andadosakên dukanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi, nanging lajêng kenging rinapu dening ingkang putra Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, mila lajêng lilih. Botên dangu lajêng bidhal malih urut parêdèn mangilèn dumugi ing Masaran, Pangeran Pamot sarta Pangeran Mangkudiningrat ingkang sami singidan ing ardi, sarêng mirêng lajêng sami sowan dhatêng ingkang rama Pangeran Adipati Mangkubumi, dados kawontênanipun wadyabala saya kathah, dumugi ing Mataram lajêng lêrêp wontên ing sawetaning pêkên agêng.

Kacariyos, sadhatêngipun wadyabala ing Sokawati ing Mataram sakalangkung rame, anjalari gègèripun para têtiyang siti. Enjingipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi lajêng dhawuh sumêdya anggêpuk bètèng ing Surakarta, Pangeran Pamot kadhawuhan ngangkati saking kilèn, Pangeran Mangkudiningrat saking lèr, Pangeran Adipati Mangkunagara saking wetan, dene ingkang saking kidul Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi piyambak. Kalampahan lajêng campuh pêrang kalihan bala Kumpêni, dangu-dangu bala ing Sokawati kasêsêr, Rôngga Wirasêtika tatu kempolipun kenging mimis, barisan ing Sokawati lajêng nglèrèk ngidul ngetan, ngantos kawan dintên, tumuntên kapêthukakên pêrang malih kalihan bala Kumpêni, barisanipun Pangeran Pamot tuwin Pangeran Mangkudiningrat sami buyar botên kuwagang. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi tuwin ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng nanggulang, têmah wadya Kumpêni

--- 112 ---

wontên ingkang pêjah kalih, bala ing Sokawati amung tatu satunggal, lajêng kasaput ing dalu pêrangipun kèndêl. Sarêng enjingipun Pangeran Pamot tuwin Pangeran Mangkudiningrat kêmpal malih kalihan Pangeran Adipati Mangkubumi tuwin Pangeran Adipati Mangkunagara, ing ngriku barisanipun lajêng kaprênca, Pangeran Pamot kalihan Pangeran Mangkudiningrat wangsul mangidul dhatêng Sêmbuyan, Pangeran Adipati Mangkubumi mangalèr dhatêng Jêkawal (Sokawati) dene Pangeran Adipati Mangkunagara dhatêng Gumantar, kala samantên ngantos satêngah taun botên pêpêrangan (sami kèndêl ngaso).

Kacariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara salêbêtipun masanggrahan wontên ing Gumantar, kêrêp sowan ingkang rama Pangeran Adipati Mangkubumi dhatêng ing Jêkawal, bilih sowan ngantos nyare sadalu, tarkadhang gangsal wêlas dintên, parlu ngladosi kasukan ngabên sawung tuwin ngabên gêmak, karsanipun Pangeran Adipati Mangkubumi anggènipun ingkang putra kakarsakakên ngabên sawung utawi gêmak wau, kajawi kangge lêlangên pancèn minôngka pola mênggah kaprawiraning pêrang. Sawung kalihan gêmak punika manawi tarung kenging kabasakakên sapêjahipun, botên purun lumajêng manawi kawawrat taksih kaconggah. Pangeran Adipati Mangkunagara ugi sampun nyandhak ingkang dados karsanipun ingkang rama, dangu-dangu ingkang rama saya sangêt sihipun.

Kacariyos, satunggaling dintên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi, lajêng katuwuhan osiking panggalih, sumêdya badhe mundhut mantu dhatêng ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara, enggalipun ingkang putra Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara katantun badhe kadhaupakên kalihan ingkang rayi Kangjêng Ratu Agêng. Aturipun ingkang putra sandika,

--- 113 ---

mila kalampahan Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng kadhaupakên kalihan ingkang putra Radèn Ajêng Intên (Kangjêng Ratu Agêng), dados kapanggih nak dhèrèk, dhaupipun amarêngi ing dintên Sêtu tanggal kaping 14 wulan Bêsar ing taun Be, sinangkalan sêmbah sapta rasa sijiSengkalan: sêmbah sapta rasa siji (Sêtu, 14 Bêsar 1672 A.J., sic. seharusnya Sênin, 14 Bêsar 1672 A.J., Senin, 18 Desember 1747 A.D.). = 1672, bawahanipun botên kacariyosakên, sarêng sampun sapêkên, Pangeran Adipati Mangkunagara dalah ingkang garwa nyuwun pamit kondur dhatêng ing Gumantar sampun kalilan.

Kacariyos, salêbêtipun Pangeran Adipati Mangkunagara, masanggrahan wontên ing Gumantar, ingkang eyang Radèn Ayu Sêpuh, ngandika dhatêng ingkang wayah, kapengin tindak dhatêng ing dhusun Nglaroh, parlu tuwi para santananipun, ingkang wayah inggih anjurungi, enggalipun Radèn Ayu Sêpuh lajêng tindak nitih tandhu, Pangeran Adipati Mangkunagara andhèrèkakên kanthi Patih Kudanawarsa, sarêng lampahipun dumugi ing dhusun Sênêng,§ Ing dhusun Sênêng punika dumunung sapinggiring banawi Sênêng, cêlak ing wana Kêthu (Wanagiri). lajêng lêrêp wontên ing ngriku awit ingkang eyang karaos botên sakeca sariranipun, dene para santana ing Nglaroh sami katimbalan sadaya sampun sami dhatêng ing dhusun Sênêng, kala samantên gêrahipun Radèn Ayu Sêpuh saya sangêt, nuntên mêling dhatêng ingkang wayah, pangandikanipun: Manawa aku tinêkakake ing janji, jisimku tumpangna ing gèthèk nuli kèlèkna, ing ngêndi andhêging gèthèk mau, iya ing kono iku kuburku, poma anggèr wêkasku èstokêna, saiki santanaku kabèh padha gawea gèthèk. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara inggih miturut dhatêng piwêling wau, ing ngriku gêrahipun [gêrahi...]

--- 114 ---

[...pun] ingkang eyang kalajêng seda, layon tumuntên kaupakara, sasampunipun paripurna lajêng kabêkta dhatêng sapinggiring banawi Sênêng, sadumuginipun ing lèpèn pantisawa lajêng katumpangakên ing sanginggiling gèthèk, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara dalah para santana inggih sami andhèrèkakên nitih baita, dene para abdi ugi wontên ingkang sami numpak gèthèk tuwin dharat urut pinggiring banawi. Sarêng iliring gèthèk pantisawa dumugi ing dhusun Kêblokan, mandhêg lampahipun minggir piyambak, botên sagêd milir malih, satanging gèthèk nuntên katancêbakên wontên ing ngriku,§ Kèndêling gèthèk dumugi samangke tabêtipun taksih katingal, satang dêling ingkang katancêbakên wau sagêd gêsang ngrêbda dumugi sapriki, nanging milalati, manawi wontên tiyang sade tumbas sênik sasaminipun, bilih mêndhêt dêling saking ngriku, punika sami. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng mundhut layonipun ingkang eyang, kasarèkakên wontên ing dhusun Kêblokan,§ Pasarean punika gawat sangêt, sabên wontên priyantun ingkang mêntas saking ngriku botên antawis dangu lajêng kenging prakawis, utawi kaundur saking kalênggahanipun, wêkasan para priyantun sami ajrih sujarah dhatêng pasarean ngriku. Ingkang makatên wau b. dene

--- 115 ---

gèthèking layon ugi lajêng kadhawahan nanêm, sarampunging pangubur kangjêng pangeran dalah ingkang sami andhèrèk sadaya, lajêng wangsul dhatêng ing Gumantar malih.

Sarêng sampun sawatawis dangu, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, tampi pawartos saking ingkang rama kangjêng gusti ing Sokawati, bilih samangke bala Kumpêni sampun mêdali malih wontên ing Jatimalang sakalangkung agêng barisanipun, mila ing dintên Sênèn Lêgi ingkang putra Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng kadhawuhan magut saking kidul nagari, dene Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi ingkang badhe magut saking lèr nagari. Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng sampun tampi dhawuhipun ingkang rama lajêng bidhal sawadyabalanipun, sarêng sampun nyabrang ing lèpèn Wingka kapapagakên mêngsah prajurit jawi kaparak kalihan kalang, ingkang anindhihi nama Tumênggung Jayawikrama, tuwin Tumênggung Sumadilaga, utawi prajurit saragêni, katindhihan dening Tumênggung Mangkupraja, lajêng sami campuh pêrang rame. Kala samantên ingkang rama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi ugi sampun rawuh saking lèr, lajêng nalabung pêrang sawadyanipun, bala ing Surakarta kathah ingkang pêjah, Tumênggung Mangkupraja nandhang brana. Ingkang Sinuhun ing Surakarta lajêng dhawuh nabuh bêndhe Kyai Bicak, ananging botên sagêd mungêl, inggih kangge pratôndha apês ungguling wadyabala dalêm, manawi Kyai Bicak botên sagêd mungêl katabuh sakayangipun, tôndha badhe kasoran juritipun, dene manawi Kyai Bicak katabuh mungêl ngungkung, punika pratôndha badhe unggul juritipun. Kalampahan sarêng bêndhe Kyai Bicak katabuh malih lajêng ngungkung, botên dangu bala ing Sokawati lajêng ngisis. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi mundur kondur dhatêng ing Jakawal, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara [Mang...]

--- 116 ---

[...kunagara] inggih lajêng mundur kondur dhatêng ing Gumantar.

Kacariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sawêg lêrêp watawis kawan dintên wontên ing Gumantar, lajêng bidhal malih dhatêng ing Surakarta sawadyabalanipun, dumugi ing nagari lajêng angobong-obongi griya, tumuntên mangidul makuwon wontên ing dhusun Baki, Serenan tuwin ing Jatisari, botên antawis dangu lajêng kondur dhatêng ing Gumantar malih sawadyabalanipun.

Kacariyos, sapêngkêripun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, tiyang Kumpêni sangêt pangangah-angahipun, lajêng andhatêngi ing Serenan sumêdya nukup, nanging dumugi ing Serenan sampun sêpên, pratelanipun têtiyang ing ngriku sampun ngalih dhatêng ing Jatisari. Bala Kumpêni ugi lajêng nututi, nanging ing Jatisari kaubrês botên sagêd kapanggih, pratelanipun tiyang ing Jatisari sampun kondur dhatêng ing Gumantar, sarta sami wêwadul nalika wontên ing Jatisari siya sangêt dhatêng têtiyang siti, mila prayogi nuntên katukup mumpung dèrèng dangu. Kumpêni lajêng bidhal ambujêng dhatêng ing Gumantar.

Kacariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara ugi sampun midhangêt pawartos, bilih wadya Kumpêni sumêdya ngêsuk dhatêng ing Gumantar, mila pênggalihipun sakalangkung dening ribêt, jalaran ingkang garwa pinuju gêrah, tumuntên dhawuh ngungsi dhatêng ing dhusun Majarata, sampun kalampahan, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng tata-tata kalayan gugup, sasampuning samapta tumuntên nitih turôngga nama Kyai Andaru, kadhèrèkakên abdi gangsal tuwin wadyabala amung sakêdhik, awit para wadya ingkang kathah sawêg pinuju kêkesahan, botên nyana yèn gustinipun manggih ribêd kadhatêngan mêngsah. Sarêng Kumpêni dhatêng, Kangjêng Pangeran Adipati [Adipa...]

--- 117 ---

[...ti] Mangkunagara amapagakên saabdinipun, nanging para abdinipun sami ura pating salêbar, têmah Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kantun anggana. Komandhan Sêkèbêr sumêdya nubruk dhatêng kangjêng pangeran, murih sagêda kacêpêng sarwi nyuwara sora: Saiki aku kang malêsake anggone siya-siya marang wong ing Jatisari. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara angoncati nanging kapèpèt lajêng tumurun ing jurang, titihanipun ambruk jalaran katundhung kapalipun abdi, kangjêng pangeran ngantos dhawah kajumpalik, lajêng dipun drèli saking nginggiling jurang, sanalika Pangeran Adipati Mangkunagara sangêt dukanipun, lajêng narik agêmipun wangkingan, sumêdya ngayoni kawantêranipun Komandhan Sêkèbêr, wantuning gugup kanthi panggalih sêrêng panarikipun wangkingan nyarèmpèt ing imba ingkang têngên ngantos mêdal ludiranipun, tumètès ing jaja. Sarêng Tuwan Sêkèbêr badhe kaprajaya manahipun kumêsar lajêng lumajêng, wadyanipun sami ngisis, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng anyarungakên agêmipun wangkingan, tumuntên minggah saking jurang dalah para abdinipun, dene titihanipun katilar kemawon. Sadumuginipun nginggil jurang kapêthuk kalihan punggawanipun nama Jayaprameya sarwi numpak kapal, tumuntên kapalipun lajêng kasaosakên dhatêng kangjêng pangeran, sasampunipun kangjêng pangeran nitih kapal lajêng lampahipun mangètan, dèrèng dangu nuntên kapêthuk kalihan Tumênggung Kudanawarsa sakancanipun tiyang tigang dasa sami kêkapalan, sarêng menggok mangalèr kapanggih kalihan garwa putra tuwin sêlir. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara asrêp panggalihipun tumuntên lêrêp wontên Matesih sadalu. Enjingipun lajêng bidhal mangalèr dumugi ing dhusun Ngablak, kapêthuk bantu prajurit saking Jakawal 500 tiyang sami kêkapalan, amargi kala samantên ingkang rama Kangjêng Pangeran Adipati [A...]

--- 118 ---

[...dipati] Mangkubumi sampun kaaturan uninga, bilih ingkang putra katukup Kumpêni wontên ing Matesih, pambantu tiyang gangsal atus wau lajêng kadhawuhan wangsul ngêtêrakên ingkang garwa kondur dhatêng ing Jakawal, ugi sampun kalampahan, dene Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sumêdya wangsul mangidul badhe angrisak dhusun Jatisari, amargi tiyang ing ngriku ingkang murugakên Kumpêni nukup dhatêng ing Matesih. Pangeran Mangkunagara nuntên bidhal kalihan Tumênggung Suryanagara tuwin Rôngga Wirasantika kanthi wadya tigang atus, sadumuginipun ing dhusun Jatisari lajêng nyêpêng tiyang jalêr gangsal, sami kakêthokan jangganipun sirahipun katanjir, dene para tiyangipun èstri sami dipun boyongi, rajadarbèkipun sami kajarah rayah, griya-griya sami dipun bêsmèni, têmah ing dhusun Jatisari lêbur tumpur dados karangabang, tiyang ingkang taksih sami gêsang lajêng nungkul kabêkta kondur dhatêng ing Gumantar dalah barangipun sadaya, ingkang kalih pratigan kakintunakên dhatêng ing Jakawal, ingkang sapratigan dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara piyambak, salajêngipun ing dhusun Jatisari katanêman priyantun nama Rôngga Sêcadirja, angrèh saurutipun ing dhusun Jurug, Palur, dumugi dhusun Acungan, dados ingkang tumut ing Surakarta jajahanipun sampun rupak sangêt.

Kacariyos malih, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi ingkang wontên ing Jakawal, kala samantên paring sêrat dhatêng ingkang putra Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, suraosipun paring pirsa bilih samangke sampun pindhah pasanggrahan wontên ing dhusun Sumbêran, sarta animbali ingkang putra, enggalipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ugi sampun sowan dhatêng ingkang rama, lajêng dipun pangandikani bab lampah-lampahipun badhe panggêbagipun dhatêng Mataram, sasampunipun rampung ing sadhawuhipun [sadhawuhipu...]

--- 119 ---

[...n] ingkang rama, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng bidhal kanthi Pangeran Mangkudiningrat, sarêng dumugi ing dhusun Mutihan lêrêp, tumuntên utusan kintun sêrat rumiyin dhatêng Tumênggung Jayawitana ingkang jagi ing Mataram, suraos anodhi bilih saking dhawuhipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi, manawi Tumênggung Jayawitana têmên sumungkêm dhatêng ingkang rama Pangeran Adipati Mangkubumi, punapa purun kaabên pêrang mêngsah kalihan Kumpêni, dene ingkang badhe nindhihi Pangeran Adipati Mangkunagara piyambak. Tumênggung Jayawitana lajêng ngaturi wangsulan sêrat, ingkang kautus patihipun nama Ngabèi Puspawijaya, tumuntên mangkat sarêng kalihan utusanipun Pangeran Adipati Mangkunagara, sadumuginipun ing Mutihan sêrat lajêng katur Pangeran Adipati Mangkunagara, tumuntên kawaos, suraosipun: Ngaturakên tôndha sumungkêmipun awarni sanjata kalih, kapal satunggal, arta kalih atus rupiyah, tuwin baludru wungu sarta cêmêng. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sakalangkung suka ing panggalih, lajêng ngandika dhatêng Ngabèi Puspawijaya, supados matur dhatêng Tumênggung Jayawinata yèn piyambakipun kaajêng-ajêng dhatêng ing Mutihan, sarênga kalihan Tumênggung Suryanagara. Ngabèi Puspawijaya matur sandika, lajêng nyuwun pamit sampun kalilan, dumugi ing Mataram matur saliring kinèngkèn, Tumênggung Jayawinata tumuntên bidhal sarêng kalihan Tumênggung Suryanagara, dumugi ing Mutihan lajêng sowan kangjêng pangeran sampun kapanggihan, wontên ing Mutihan botên ngantos lami, sarêng sampun rampung ing pirêmbag Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kalihan Tumênggung Jayawinata tuwin Tumênggung Suryanagara bidhal saking Mutihan sawadyanipun, sarêng dumugi ing Mataram lajêng masanggrahan wontên ing baluwarti.

--- 120 ---

Kacariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara anggènipun wontên ing Mataram sawêg kalih dintên lajêng nampèni aturipun abdi mantringajêng, amratelakakên bilih Tuwan Sêkèbêr sumêdya andhatêngi. Ing ngriku Tumênggung Jayawinata lajêng matur dhatêng kangjêng pangeran, amrayogèkakên rumiyin dipun papagakên. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara inggih anyondhongi, lajêng bidhal sawadyabalanipun, dumugi ênging. dhusun Banaran, wadyabala kapôntha dados sakawan, manggèn lèr, kidul, tuwin wetan.

Ing ngriku mêngsah sampun katingal lumampah urut margi agêng, ingkang dados cucuking lampah Tumênggung Wiradigda, nuntên Tumênggung Rajaniti, nuntên Tumênggung Kartadipa, nuntên Tumênggung Natayuda, nuntên Tumênggung Wiraguna. Ingkang ambakoni ing wingking Mayor Por, kanthi wadya usar satus, kasambêtan bala Bugis, Makasar, Sumbawa, tuwin Bali, ingkang mungkasi ing wingking baris drahgundêr satus, ingkang nindhihi Tuwan Sêkèbêr, dumugi ing dhusun Babadan lajêng campuh pêrang rame, bala ing Surakarta enggal angêdrèl, bala ing Mataram sami lumajêng, anggubêd mangiwa, tuwin anggubêd manêngên, Tumênggung Jayawinata mangsah ngamuk mêngsah para bopati ing Surakarta, bala ing Surakarta bilih pisah kalihan Kumpêni lajêng sami buyar, têmah andadosakên bingunging Kumpêni. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kanthi Tumênggung Suradigdaya majêng ngamuki mêngsah, bala Kumpêni botên kêndhat anggènipun angêdrèli, lajêng kasaput ing dalu, Kumpêni mundur alon-lonan, sarêng sampun sawatawis têbih, balanipun Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang sami kêkapalan lajêng ngalêmpak katingal langkung kathah, watawis wontên 4000, tumuntên sami mundur dhatêng Mataram. Bala Kumpêni tuwin prajurit Jawi inggih lajêng lêrêp wontên ing pondhokanipun, ngupakara wadyabala [wa...]

--- 121 ---

[...dyabala] ingkang sami kataton tuwin pêjah. Mayor Por rêraosan kalihan kancanipun, saking pangintênipun, mêngsah ingkang songsong jêne wau kangjêng pangeran adipati ing Sokawati. Dipati Pringgalaya sumambung: Mirid gêlaring pêrang punika wau dede Pangeran Mangkubumi, kintênipun Pangeran Adipati Mangkunagara.

Kacariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara saunduripun saking paprangan lajêng kasukan ngabên sawung kalihan para wadyanipun, nulat kados ingkang rama Pangeran Mangkubumi, ing ngriku lajêng ngandika: Watake jago tarung iku kêna kapirid dadi têtuladan, tumrap antêpe para prajurit kang padha mangsah pêrang. Pangandika makatên wau têmah andadosakên wêwahing kapurunanipun para wadyabala ingkang sami pêrang.

Gêntos kacariyos, Sultan Dhandhun Martèngsari ingkang wontên ing Kêdhu, nuju satunggiling dintên utusan maringakên sêrat dhatêng ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara, suraosipun, Sultan Dhandhun Martèngsari mundhut siti ing Mataram sadaya, awit punika ing ngajêng sampun dipun êbroki dhatêng Sultan Dhandhun Martèngsari. Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng tampi sêrat makatên wau, lajêng mangsuli yèn botên sagêd ngaturakên kados pamundhutipun ingkang rama, amargi tanah ing Mataram punika sampun dados pangwasanipun ingkang raka Pangeran Adipati Mangkubumi sadaya, mila langkung prayogi kasuwuna piyambak dhatêng ingkang raka Pangeran Adipati Mangkubumi.

Kacariyos, sarêng sampun antawis lami kalihan anggènipun Sultan Dhandhun Martèngsari nampèni sêrat wangsulan saking ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara wau, Kangjêng Pangeran Mangkubumi utusan dhatêng Mataram, ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara kadhawuhan [kadhawuha...]

--- 122 ---

[...n] anggêpuk dhatêng ingkang rayi Sultan Dhandhun Martèngsari ingkang wontên ing Kêdhu. Pangeran Adipati Mangkunagara inggih lajêng angèstokakên, tumuntên bidhal amung ambêkta wadyabala sawatawis, dumugi ing Kêdhu lajêng campuh pêrang, bala ing Kêdhu kasêsêr. Sultan Dhandhun Martèngsari oncat lumajêng dhatêng ing Sêmbuyan. Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng wangsul dhatêng ing Mataram malih sawadyanipun, sarêng sampun antawis dintên, Pangeran Adipati Mangkubumi tindak dhatêng ing Mataran kanthi wadya sawatawis, dumugi ing Mataram sampun kapanggih kalihan ingkang putra. Pangeran Adipati Mangkunagara anglapurakên bab kawontênanipun ing pêpêrangan, tuwin nalika ngungsir dhatêng Sultan Dhandhun Martèngsari samangke sampun kesah saking Kêdhu. Pangeran Adipati Mangkubumi sakalangkung suka, tumuntên ingkang putra kawisudha nama sarta sasêbutan: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, ngiras dados pêpatihipun, Tumênggung Jayawinata kasantunan nama Adipati Jayaningrat, dalah pêpatihipun Ngabèi Puspawijaya ugi kawisudha dados tumênggung kaparingan nama Tumênggung Sujanapura, sarta anakipun Tumênggung Jayawinata kêkalih ugi kawisudha, 1. Ngabèi Sêcajaya, dados tumênggung nama Tumênggung Jayanagara, 2. Ngabèi Ônggawijaya, dados tumênggung nama Tumênggung Jayawinata (nunggak sêmi bapa), 3. anakipun èstri kapundhut mantu, kadhaupakên kalihan ingkang putra asma Radèn Mas Êntho, lajêng kajunjung dados pangeran adipati anom ing Mataram. Ingkang rayi Pangeran Panular kasantunan asma Pangeran Mangkukusuma. Tumênggung Suradipura santun nama Tumênggung Wiradigda, dene Tumênggung Wiradigda lami kasantunan nama Tumênggung Môndaraka. Lajêng sami kabyawarakakên dhatêng para wadyabala sadaya, sasampunipun paripurna lajêng sami bibaran.

--- 123 ---

Sarêng sampun antawis dintên, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi kanthi ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara saha wadyabala, sumêdya anggêpuk dhatêng Sultan Dhandhun Martèngsari ingkang wontên ing Sêmbuyan, sadumuginipun ing Sêmbuyan, barisan ing Mataram lajêng nêmpuh rampak, botên dangu barisan ing Sêmbuyan buyar, Sultan Dhandhun Martèngsari lumajêng dhatêng ing Pacitan badhe lajêng dhatêng ing Panaraga, têtiyang ing Sêmbuyan sami têluk sadaya. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi lajêng masrahakên siti ing Sêmbuyan sadaya dhatêng ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, sarta ingkang putra Pangeran Pamot kadhawuhan maringi têdha saking pamêdaling bandaran pêkên kêkalih, dene Pangeran Mangkudiningrat katamtokakên dados wadananing para sinatriya. Ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara matur sandika. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi tumuntên kondur dhatêng ing Sokawati, Pangeran Mangkudiningrat wangsul dhatêng ing Mutihan, Pangeran Pamot dhatêng ing Ardikidul, dene Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara kondur dhatêng Gumantar sawadyabalanipun.

Kacariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara pindhah masanggrahan wontên ing Kêdhungwaringin, ing ngriku papanipun pikantuk sangêt, pasitènipun lêmpar tur kaabêngankaubêngan. ing toya lèpèn, wontên ing ngriku dahat andadosakên suka pirênaning panggalih.

Nuju satunggiling dintên, Pangeran Adipati Mangkunagara nampèni aturipun Tumênggung Wiranata, amratelakakên bilih Sultan Dhandhun Martèngsari katingal mangalèr, kados dipun pondhongi dhatêng Surakarta, katitik mawi kairingakên dening bala Kumpêni, pangagêngipun Mayor Tlotomondo, tuwin Tumênggung Ônggawôngsa, sapunika sami kèndêl wontên ing

--- 124 ---

dhusun Ngutêr. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng dhawuh kapurih anggêpuk, nanging yèn sakintên malahi kapurih ngodhol kemawon, enggalipun Tumênggung Wiranata lajêng bidhal sabalanipun, dumugi ing Ngutêr lajêng campuh pêrang rame, Ngabèi Jayaprameya tiwas kasambut ing ngadilaga, botên antawis dangu Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara nalabung saking lèr sawadyanipun, lajêng pêrang rame, bala Kumpêni pêjah tiga. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sumêdya misesa mêngsah, ing ngriku Tumênggung Kudanawarsa matur: Karsa dalêm punika mugi sampun kalajêngakên, ngemutana wêlingipun rama paduka kangjêng gusti ing Sokawati, bilih mêngsah botên niyat andamêl piawon sampun ngantos kawisesa, nanging amung kadhawahan nguja sakajêngipun, ewadene manawi mêngsah wau pancèn dursila ing bumi inggih sampun lêrêsipun katumpês. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara mirêng aturipun Tumênggung Kudanawarsa lajêng miturut, tumuntên wangsul kondur dhatêng Kedhungwaringin sawadyabalanipun, dene bala Kumpêni lajêng lampahipun mangalèr dhatêng Surakarta.

Kacariyos, ing satunggiling dintên, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, wontên ing Kêdhungwaringin anampèni kengkenanipun Radèn Dipati Jayaningrat, ngaturi pariksa bilih ing Mataram kagêbag ing Kumpêni, anakipun nama Tumênggung Jayawinata sampun kacêpêng saha kalajêngakên dhatêng ing Samarang. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng sampun tampi pratela wau sanalika lajêng bidhal dhatêng Mataram sawadyabalanipun, sadumuginipun ing Mataram, bala Kumpêni sampun lumèngsèr dhatêng sanès panggenan, lêt sawatawis dintên ingkang rama kangjêng gusti ing Sokawati ugi rawuh ing Mataram. Radèn Dipati Jayaningrat anglapurakên [a...]

--- 125 ---

[...nglapurakên] ing kawontênanipun nalika katukup ing Kumpêni, ing ngriku kangjêng gusti ing Sokawati sakalangkung gêtêr ing panggalih, botên dangu kasaru sowanipun Pangeran Singasari, sumêdya nungkul dhatêng ingkang raka, sampun katampèn, tumuntên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara anglapurakên bilih tampi sêrat saking Pangeran Adiwijaya, suraos sumêdya kêmpal kalihan ingkang rayi kangjêng gusti ing Sokawati, ugi sampun kaparêngakên, lajêng kadhawuhan mêthuk, enggalipun sampun sami kêmpal, punapa malih ingkang rayi Pangeran Rôngga ugi têluk lajêng kasantunan asma Pangeran Purbaya, dados kêmpaling wadyabala sangsaya agêng.

Kocapa kala samantên Kangjêng Pangeran Adiwijaya, dalah para pangeran sarta bopati sadaya, sami sarêmbag dhatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara supados matur ingkang rama Kangjêng Gusti Sokawati, bilih kaparêng badhe kajumênêngakên nata. Enggalipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ugi sampun matur ingkang rama, bab karsanipun para pangeran tuwin bopati wau, saking dhawuh wangsulanipun ingkang rama, prakawis punika sawêg kagalih rumiyin. Samôngsa sampun wontên wawênganing panggalih inggih prayogi. Botên kacariyos, enggal laminipun, kangjêng gusti ing Sokawati lajêng karsa jumênêng nata, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamangkubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipattolah. Nuntên lajêng misudha para abdi, 1. Ngabèi Ranawijaya dados bopati jaksa, kaparingan nama Tumênggung Sasmitasastra, 2. Mardikan ing Wêdhi, dados pangulu nama Pangulu Dipaningrat.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara kala samantên tampi dhawuhipun ingkang rama kangjêng sultan, supados angiyasakakên kadhaton [kadhato...]

--- 126 ---

[...n] wontên ing Kabanaran. Ing ngriku Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng matah para bopati sami kadhawuhan iyasa kadhaton kados dhawuhipun ingkang rama wau, para bopati ingkang sami tampi dhawuh matur sandika, enggalipun kadhaton ugi sampun dados lajêng katur kangjêng sultan, sang nata ugi lajêng pindhah dhatêng kadhaton ing Kabanaran, para santana saha para bopati tuwin abdi sadaya ugi lajêng andhèrèk pindhah gêgriya wontên ing Kabanaran, ing ngriku lajêng katingal rêjanipun, sarta gêmah ripah mirah sandhang têdha.

Anuju satunggiling dintên kangjêng Sultan ing Kabanaran, mirêng bilih Kumpêni pacak baris wontên ing Banyudana sakalangkung agêng, mila kangjêng sultan lajêng dhawuh dhatêng ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, supados andamêlakên pasanggrahan wontên ing dhusun Ngudal, ugi sampun kalampahan dados, kangjêng sultan tumuntên rawuh kadhèrèkakên Pangeran Purbaya sawadyabalanipun, sarawuhipun ing ngriku kangjêng sultan lajêng anampèni palapuranipun para bopati bab kawontênanipun bala Kumpêni. Ing ngriku kangjêng sultan lajêng bidhal sawadyabalanipun saking Ngudal lajêng pacak baris wontên ing dhusun Piji, enggalipun lajêng campuh pêrang kalihan Kumpêni gêntos ingkang kalindhih, tumuntên wontên kengkenanipun Adipati Pugêr munjuk kangjêng sultan kaaturan ngunduri, sampun ngantos kalajêngakên umagut pêrang, amargi miturut supênanipun Adipati Pugêr bilih ing dintên punika bala Kabanaran dhawah apês, ananging sanès dintên bala Kumpêni botên susah dipun tanggulangi amêsthi mundur piyambak. Kangjêng sultan inggih miturut mundur sawadyabala sadaya, lajêng lêrêp wontên ing dhusun Picis, dene mêngsah Kumpêni ugi lajêng sami mundur ngupados palêrêpan.

--- 127 ---

Sarêng enjingipun kangjêng sultan lajêng kondur dhatêng ing Kabanaran, ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara mingsêr masanggrahan dhatêng dhusun Barambangan, lajêng pacak baris wontên ing Serenan, amapagakên bala Madura tuwin Kumpêni. Gêlaring pêrang bala ing Mangkunagaran amung kalihan mundur, manawi sampun katilar kalihan Kumpêni bala Mangkunagaran ambujêng malih, sadangunipun pêrang tansah leregan makatên kemawon, wêkasan mêngsahipun sami susah wêwah bala Kumpêni têdhanipun sami kêkirangan, mila inggih lajêng mundur, dene Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sawadyabalanipun lajêng masanggrahan wontên ing dhusun Karangturi.

Sarêng sampun sawatawis dintên, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara mirêng bilih barisan Kumpêni sumêdya andhatêngi malih, mila anggènipun pacak baris lajêng mingsêr dhatêng ing Têmbayat, sarêng Kumpêni dhatêng sayêktos, lajêng kapêthukakên pêrang, kangjêng gusti lajêng ngamuk narajang barisan Madura, têmahan bala lajêng bibrah tatanipun, lajêng mundur, sarèhning kasaput dalu pêrangipun lajêng kèndêl.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng masanggrahan wontên ing Karangturi sabalanipun, tumuntên wontên utusanipun ingkang rama Sultan ing Kabanaran sarwi maringakên sêrat, suraos aparing dhawuh supados ingkang putra kanthi Pangeran Singasari sabalanipun, lajêng angrampita dhatêng ing Surakarta, atur wangsulanipun ingkang putra Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sandika, enggalipun sarêng sampun samêkta lajêng bidhal, wontên ing margi botên kacariyos, sarêng dumugi ing padhusunan sakiduling kitha Surakarta, lajêng angobong-obongi, nanging kala samantên botên wontên ingkang anglawan, mila saya majêng ngantos dumugi ing kampung Kabangan, dene wadya Kumpêni pacak baris wontên ing

--- 128 ---

Kadipala, ugi lajêng campuh pêrang, kangjêng gusti sarèhning karoban lawan dados rumaos kirang kuwawi, mila lajêng mundur dhatêng ing dhusun Carikan, sarêng enjingipun lajêng mingsêr dhatêng ing dhusun Kêdhungjambak, katungka utusanipun ingkang rama Kangjêng Sultan ing Kabanaran, animbali dhatêng Mataram, amargi ingkang rayi Pangeran Mangkudiningrat kataman gêrah cacarên rêkaos, kangjêng gusti sarêng sampun tampi timbalan sanalika lajêng mangkat. Sadumuginipun ing Mataram lajêng sowan ing ngarsanipun ingkang rama, sasampuning ngabêkti kangjêng gusti lajêng anglapurakên bab kawontênanipun anggèning campuh pêrang kalihan mêngsah, ingkang rama lajêng andangu: Kapriye bab kahanane pamanmu Pangeran Singasari, saiki apa wus ana kaundhakane kuwanène pêrang. Aturipun kangjêng gusti: Nuwun taksih lêstantun kirang purun. Ingkang rama ngandika malih: Yèn mangkono ing samêngko dhawuhna daksalini jênêng kaarana Pangeran Prabu Jaka, supaya ana kaundhakane pikire.

Gantya kawuwusa, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, sarêng para pangeran sami mêdal saking kadhaton, saha lajêng ngêmpal nunggil pabarisanipun ingkang rayi Pangeran Mangkubumi ing Ngayugyakarta, punika ingkang sinuhun kangjêng susuhunan panggalihipun karaos atis, têmahan lajêng kataman gêrah, saya dangu gêrahipun saya rêkaos, mila lajêng angaturi dhatêng tuwan guprênur ing Batawi, suraos paring uninga bilih anggènipun gêrah sangêt rêkaos, bokmanawi lajêng dumugi ing janji. Ingkang punika saking dhawuhipun sang prabu supados ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom kagêntosna jumênêng nata. Enggalipun sarêng tuwan guprênur tampi sêratipun sang prabu ing Surakarta makatên wau, lajêng matah tuwan dêlèr ing Samarang kautus dhatêng Surakarta, anjumênêngakên nata dhatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

--- 129 ---

Tuwan dêlèr sasampunipun tampi parentah lajêng bidhal dhatêng Surakarta, sadumuginipun ing Surakarta gêrahipun ingkang sinuhun saya santêr, ananging sarêng tuwan dêlèr sowan ing ngarsa dalêm, ingkang sinuhun taksih sagêd imbal pangandika kalihan tuwan dêlèr, sadaya sapêrlunipun sampun kawangsitakên dhatêng tuwan dêlèr, sasampunipun dumugi wêwêling dalêm, ingkang sinuhun lajêng seda, layon lajêng kaupakara, sarêng sampun paripurna, sarèhning sawêg nyarêngi dahuruning praja, mila layon lajêng kasarèkakên wontên ing astana Lawiyan (sakilèning kadhaton Surakarta).

Nahên ta, ing sapêngkêripun layon, tuwan dêlèr lajêng andhawuhakên tamtuning dintên badhe jumênêngipun nata Pangeran Adipati Anom, sarta para bopati ingkang sampun pacak baris cêlak kalihan nagari Surakarta, sami katimbalan mantuk rumiyin, dene ingkang têbih-têbih sami têksiha bêbarisan. Sarêng dumugi ing dintên ingkang sampun katamtokakên, para putra santana tuwin bopati sapanêkaripun, sarta kyai pangulu saprikancanipun para ngulama, sampun sami pêpak sowan ing pagêlaran, ing ngriku tuwan dêlèr dalah para tuwan-tuwan upsir sampun sami lumêbêt ing kadhaton, botên dangu Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom kairing tuwan dêlèr dalah tuwan-tuwan sanèsipun, miyos wontên ing pagêlaran, sadumuginipun ing pagêlaran tuwan dêlèr lajêng ambyawarakakên, bilih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom samangke kajumênêngakên nata anggêntosi ingkang rama swargi, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 3. Ing ngriku para bopati saha putra santana sami angèstrèni, kyai pangulu sakancanipun para ngulama lajêng sami andonga nurbuwah, sarampungipun tuwan dêlèr lajêng amaos sêrat [sê...]

--- 130 ---

[...rat] prajanjian saking Batawi, kinurmatan ungêling mariyêm rambah kaping 21, tuwin drèling para prajurit, sasampunipun rampung ingkang sinuhun lajêng angadhaton, tuwan dêlèr dalah sapandhèrèkipun sadaya lajêng mantuk dhatêng ing pondhokanipun ing ngloji, dene para putra santana miwah para bopati ingkang sami sowan tuwin kyai pangulu sakancanipun para ngulama lajêng sami bibaran.

Kacariyos, tuwan dêlèr anggènipun wontên ing Surakarta ragi sawatawis lami, parlu anata kawontênanipun nagari.

Amangsuli cariyos, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Kabanaran, salêbêtipun wontên ing Mataram karsa amatah para pangeran tuwin para bopati, sami kadhawuhan anggêbag dhatêng môncanagari. Pangeran Adiwijaya kanthi Pangeran Purubaya, tuwin Pangeran Mangkukusuma, punapadene Sultan Bantên, sarta Tumênggung Jayadirja miwah Suryanagara, sami kadhawuhan anggêbag dhatêng Banyumas, Kêdhu Bagêlèn saurutipun mangilèn. Dene ingkang kapatah nglurug mangetan Pangeran Adipati Mangkunagara, kanthi Pangeran Mangkudiningrat, tuwin Adipati Kudanawarsa, sami kadhawuhan dhatêng ing Panaraga, ingkang anggêbag dhatêng ing Surabaya ingkang sinuhun kangjêng sultan piyambak, kanthi para bopati sawatawis, sarêng sampun sami samêkta sadaya, lajêng sami bidhalan sowang-sowang.

Kacariyos, lampahipun Pangeran Adipati Mangkunagara, sarêng dumugi ing Magêtan, pinanggih suwung, amargi bopatinipun sampun ngêmpal wontên ing Panaraga, mila wontên ing Magêtan kangjêng pangeran nyipêng tigang dalu, para mantri tuwin para tiyang alit ing Magêtan kathah ingkang sami nungkul.

Kacariyos, Adipati Suradiningrat bopati ing Panaraga, sami pakêmpalan [pa...]

--- 131 ---

[...kêmpalan] kalihan para bopati ing môncanagari, rêmbagan bab anggènipun badhe amêthukakên mêngsah ingkang saking kilèn. Kala samantên wadyabalanipun ingkang sami kêkapalan wontên salêksa, sanèsipun wadya dharat, dene para bopati ingkang sampun sami dhatêng 1. Surabaya, ing Kalangbrèt, 2. Wiradimêja, ing Sarêngat, 3. Sêtrapati, ing Kadhiri, 4. Surayuda, ing Japan, 5. Patrasuta, ing Pace, 6. Suradipraja, ing Magêtan, 7. Wirakusuma, ing Wirasaba, 8. Bratajaya, ing Kaduwang. Ing ngriku Adipati Panaraga nampèni palapuranipun abdi têlik, bilih mêngsah saking kilèn sampun dhatêng ingkang mangagêngi Pangeran Adipati Mangkunagara, kintên-kintên wontên sèwu nêmatus prajurit dharat tuwin kêkapalan, samangke sampun dumugi ing Magêtan.

Adipati ing Panaraga lajêng parentah angrakit para wadya, ingkang kapatah dados panjawat kiwa adipati ing Kalangbrèt, sarta adipati ing Sarêngat, ingkang kapatah dados panjawat têngên, adipati ing Kadhiri, adipati ing Wirasaba tuwin sadaya ing Japan. Dene ingkang kapatah andhadhani adipati ing Pace, tuwin adipati ing Kaduwang. Ingkang nindhihi adipati ing Panaraga kanthi para putra santana ingkang sampun katingal ing kuwantêranipun.

Kawasita malih, Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang wontên ing Magêtan, ugi sampun kaaturan pariksa dhatêng têlikipun, bilih Adipati Panaraga kanthi bopati ing môncanagari, samangke sami pacak baris wontên sawetaning lèpèn Dêmung kang langkung kathah wadyanipun. Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng angundhangi para prajuritipun, sasampunipun samapta lajêng bidhal saking Magêtan, kèndêl sakilèning lèpèn Dêmung kalihan anata gêlar. Ingkang kapatah dados panjawat [panjawa...]

--- 132 ---

[...t] kiwa ingkang rayi Pangeran Mangkudiningrat, ingkang manjawati têngên Tumênggung Kudanawarsa, dene ingkang andhadhani Pangeran Adipati Mangkunagara piyambak. Salêbêtipun nata wadya ing ngriku wontên satunggaling abdi mantri nama Ngabèi Ônggamina,§ Ônggamina punika ing ngajêng abdinipun pangalasan Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, awit saking saening lêlabêtanipun lajêng kawisudha dados mantri miji. kanthi prajurit saragêni tuwin prajurit pêrangtandang 3 iji, sami numpak kapal, botên sarana dipun parentahi lajêng sami nyandêr dhatêng panggenaning mêngsah ngamuk purun. Sarèhning kala samantên mêngsah dèrèng wontên ingkang rumantos, mila inggih lajêng bibar asalang-tunjang, labêt saking kagèt sami lumajêng pating salêbar arêbat dhucung, tambuh mêngsah tuwin rowang. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sarêng pirsa bilih Ngabèi Ônggamina nêmpuh dhatêng panggenanipun mêngsah amung ambêkta prajurit 3 iji, ing ngriku kangjêng pangeran lajêng parentah ngungêlakên têngara tambur, karsa badhe têtulung dhatêng Ngabèi Ônggamina, sadaya lajêng sami nyabrang ing lèpèn, Tumênggung Kudanawarsa sawadyabalanipun lajêng nêmpuh purun dhatêng mêngsah kalihan ambendrongi sanjata. Pangeran Mangkudiningrat sawadyanipun ugi lajêng nêmpuh sarta ambendrongi mawantu-wantu, swaraning sanjata anglir pendah guntur ing ngakasa. Prajurit ing Panaraga botên wontên ingkang tanggon, lajêng sami lumajêng nunjang-nunjang arêbat gêsang. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sarêng nguningani mêngsahipun sami kapalajêng sakalangkung suka, pangunadikaning panggalih: Lah iya katon apa Si Ngabèi Ônggamina sakanthine wong têlu iku dening mungsuhe, têka wong Panaraga pirang-pirang èwu padha lumayu salang-tunjang.

--- 133 ---

Nahên ta amangsuli cariyos, Radèn Adipati Suradiningrat salêbêtipun ulêng-ulêngan campuh pêrang rame, tumpakanipun turôngga katunjang dening wadyanipun piyambak ingkang sami lumajêng, têmah kapalipun kagèt lajêng anglumba, Radèn Adipati Suradiningrat dhawah ing siti, kaidak-idak dening wadyanipun ingkang sami lumajêng kèlês mêgap-mêgap labêt kailês ing wadya kathah. Tujunipun lajêng kasumêrêpan dening anakipun ingkang nama Martanagara, tumuntên kapitulungan, ananging napasipun sampun pêdhot kalajêng pêjah. Para wadyanipun botên wontên ingkang nyana yèn punika bandaranipun piyambak, ing ngriku katungka dhatêngipun Tumênggung Kudanawarsa, sarêng sumêrêp lajêng pitakèn: Kang mati iku sapa. Wangsulanipun Martanagara: Punika tiyang sêpuh kula Adipati Suradiningrat. Sampun katur mulabukanipun sadaya dumugi pêjahipun. Kocapa, ing ngriku sarêng para wadyanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sami sumêrêp dhatêng anakipun Suradiningrat wau lajêng badhe sumêdya angrampog dhatêng Martanagara, ananging kapambêngan dening Tumênggung Kudanawarsa, mila Martanagara botên saèstu kapêjahan. Sarêng sampun sawatawis Tumênggung Kudanawarsa lajêng kengkenan Radèn Ngabèi Jayasimpangan, kapurih ngaturi pariksa dhatêng Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, bilih Adipati Panaraga sampun pêjah. Ngabèi Jayasimpangan lajêng mangkat.

Kacariyos, lampahipun Ngabèi Jayasimpangan, sampun dumugi ing ngarsanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, lajêng matur bilih dipun kèngkèn dening Tumênggung Kudanawarsa, ngaturi uninga yèn Adipati Suradiningrat sapunika sampun pêjah. Jisimipun taksih kaupakara dening anakipun pambajêng nama Martanagara. Kangjêng Pangeran Adipati [A...]

--- 134 ---

[...dipati] Mangkunagara sarêng midhangêt aturipun Ngabèi Jayasimpangan makatên wau sakalangkung ing pangungunipun, lajêng anyandêrakên titihanipun dalah para abdi mantri kêkapalan wontên 40. Sadumugining panggenanipun Tumênggung Kudanawarsa lajêng andangu: Kaya priye kaanane patine Si Suradiningrat, lan samêngko anake kang tuwa dhewe ana ngêndi sarta jênênge sapa. Aturipun Tumênggung Kudanawarsa: Mênggah kawontênanipun Adipati Suradiningrat, pancèn anggadhahi sêsakit napas, mila wêkdal dhawah saking kuda lajêng kailês-ilês dening wadyanipun piyambak, napasipun lajêng pêdhot dumugi pêjah punika. Wondene anakipun ingkang pambajêng inggih ingkang wontên ngarsa dalêm punika nama Martanagara. Kangjêng pangeran ngandika malih sarta paring dhawuh: Yèn mangkono Kudanawarsa kowe banjur dhisika mênyang kutha Panaraga, sarta Si Martanagara gawanên pisan, purihên ngumpulake wong cilike kang padha ngungsi lumayu saparan-paran, lan para bopati uga konên padha ngalumpuk ana ing kabopatèn, sarta jarahane para badhaya srimpi apadene donyane padha kalumpukna kabèh, mêngko sapungkurmu aku banjur nusul. Tumênggung Kudanawarsa matur sandika, lajêng bidhal ambêkta anakipun Suradiningrat dhatêng kitha Panaraga. Sapêngkêripun Tumênggung Kudanawarsa, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng parentah angêthok jangganipun Suradiningrat dalah pajalêranipun, sarêng sampun kalampahan katigas, ing ngriku andadosakên gumunipun ingkang sami ningali, dene pêjahipun Suradiningrat sampun dangu têka pajalêranipun kakêthok taksih mêdal rahipun. Kangjêng pangeran lajêng dhawuh supados pajalêranipun kaêmutna dhatêng cangkêming sirahipun Suradiningrat piyambak sarta kadhawuhan mirantosi wadhah. Sarêng sampun mirantos lajêng kadhawuhan ngaturakên [ngaturakê...]

--- 135 ---

[...n]

ingkang rama kangjêng Sultan ing Kabanaran, samantên sawêg masanggrahan wontên ing dhusun Kincang (Madiun), utusan lajêng bidhal lumampah wanci dalu, ing margi botên kacariyos, byar enjing dumugi ing Kincang, lajêng katur kangjêng Sultan ing Kabanaran, bilih wontên utusanipun ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara, ngaturi uninga yèn kitha ing Panaraga samangke sampun bêdhah, sarta ngaturakên sirahipun Adipati Suradiningrat, purwa madya wusana sampun katur sadaya. Ingkang sinuhun kangjêng sultan lajêng dhawuh angungkabi wadhah ingkang isi sirahipun Suradiningrat, sarêng sampun kabikak, ingkang sinuhun sakalangkung anjumbul sarwi gumujêng, lajêng ngandika sêmu duka dhatêng ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara: Bocah iki gêndhila tansah ugal-ugalan, têka dakar dimutake ana ing cangkêm. Lajêng ngandika malih dhatêng utusan: Si Thole saiki ana ngêndi. Aturipun utusan: Nuwun gusti, sapêngkêr kula putra dalêm taksih ngalêmpakakên anak-anakipun Suradiningrat, wontên ing kabopatèn Panaraga, punapadene anarubakên para bopati tuwin wadyabala ingkang sami kapalajêng pêrang. Sasampunipun matur utusan lajêng kalilan wangsul sarta kadhawuhan matur dhatêng gustinipun, bilih ingkang sinuhun badhe karsa rawuh dhatêng Panaraga. Utusan matur sandika lajêng mangkat, sapêngkêripun utusan, ingkang sinuhun kangjêng sultan lajêng dhawuh dhatêng para bopati, bilih ing dintên benjing-enjing badhe karsa tindak dhatêng ing nagari Panaraga, para wadya sami kadhawuhan andhèrèk sadaya lajêng bibaran.

Kacariyos, Pangeran Adipati Mangkunagara, sarawuhipun ing kitha Panaraga lajêng mariksani para akrabipun Adipati Suradiningrat, sarta kalangênanipun sarimpi badhaya, punapa malih lajêng dhêdhawuh [dhêdha...]

--- 136 ---

[...wuh] sadhiya badhe rawuhipun ingkang rama kangjêng sultan.

Nahên ta, tindakipun ingkang sinuhun kangjêng sultan saking ing dhusun Kincang ing margi botên kacariyos, kala samantên sampun rawuh ing kitha Panaraga, sadumuginipun ing alun-alun kaurmatan drèl marambah-rambah sarta gôngsa kodhokngorèk sakalangkung rame. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara mêthukakên rawuhipun ingkang rama lajêng ingacaran lumêbêt ing dalêm kabopatèn. Sasampunipun ingkang sinuhun kangjêng sultan lênggah, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng ngaturakên pratelanipun para bopati ingkang sampun sami nungkul, utawi ngaturakên kawontênaning para anakipun Adipati Suradiningrat, sadaya wontên 70 tiyang, ananging samangke ingkang sawêg pinanggih amung 23, dene sanès-sanèsipun sawêg kaupadosan. Ingkang sinuhun kangjêng sultan manggut sarwi andhawuhakên malih, bilih ingkang 3 anakipun Suradiningrat kapundhut kaabdèkakên bopati, ingkang sêpuh kaparingan lênggah siti 3000 karya, kaparingan nama sarta sasêbutan Radèn Tumênggung Surabrata. Adhinipun kaparingan lênggah 2000 karya, kaparingan nama Tumênggung Suradipraja. Adhinipun malih kaparingan lênggah 200 karya, nama Tumênggung Natabrata, dene ingkang 30 tiyang, sami kadhawuhan maringi pangkat mantri sadaya, kaparingan lênggah satunggal-tunggalipun 150 karya. Ingkang Sinuhun kangjêng sultan ugi sangêt karênan ing panggalih dalêm amirsani para anakipun Suradiningrat, dene sami katingal sarwa sêmbada sarta parigêl ing solahbawa.

Salêbêtipun kangjêng sultan wontên nagari Panaraga, bilih nuju dintên Sênèn Kêmis miyos tinangkil para bopati mantri wontên ing pandhapa kabopatèn, dene manawi nuju ing dintên Sêtu karsa miyos watangan wontên [wontê...]

--- 137 ---

[...n] ing pagêlaran. Para anakipun Suradiningrat 20 ingkang sami pangkat mantri sami kadhawuhan ngêdali rumiyin, ing ngriku kawistara dening ingkang sinuhun bab kaparigêlanipun ulah watang, andadosakên saya sangêt karênaning panggalih dalêm. manawi wanci dalu kaparênging karsa dalêm angajar badhaya srimpi. Pangeran Adipati Mangkunagara kala samantên ugi sampun angaturakên boyongan badhaya srimpi dhatêng ingkang rama sinuhun kangjêng sultan, ananging wontên ingkang kaumpêtakên 2 iji, satunggal Batak nama: Ismayawati, 2. Èndhèl nama: Marionêng. Ingkang sinuhun kangjêng sultan sarêng mirêng bilih wontên badhaya 2 ingkang botên kaaturakên, têmah duka dhatêng ingkang putra, pangandikanipun: Wong dikongkon têka rusuh nganggo karêpe dhewe-dhewe, bênêre wong dikongkon wong tuwa manawa wis olèh gawe apa saolèh-olèhe wajib diaturake dhisik marang kang angongkon ora banjur diunthêt mangkono, sanadyan anduwènana melik, arak iya bêcik tutur dhisik, dadi gênah, karodene manèh iya masa dak kukuhana kang dimeliki mau, aran wong wis dadi wajibe wong tuwa aja banjur murang tatakrama mangkono. Sasampunipun makatên, ingkang sinuhun kangjêng sultan lajêng utusan nimbali ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara, sarta kapurih ambêkta badhaya kalih ingkang sami kadhêlikakên wau. Utusan lajêng mangkat, sarêng sampun pinanggih kalihan Pangeran Adipati Mangkunagara, lajêng andhawuhakên timbalanipun ingkang rama, sarta kapurih ambêkta badhaya kalih wau, awit ingkang rama duka, sadaya punapa sadhawuhipun ingkang rama sampun kaaturakên dhatêng kangjêng pangeran. Ing ngriku Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng tampi dhawuhipun ingkang rama makatên wau, sanalika kadya tinêbak ing

--- 138 ---

mong tuna sakalangkung kagèt ing panggalih, wêkasan lajêng duka, pangandikanipun: Lah iya kangjêng rama, ana wong dilabuhi karingêt gêtih têka ora katrima, malah anguman-uman. Sasampunipun makatên Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng botên karsa sowan-sowan ingkang rama, amung ngundhêr wontên ing pondhokan kemawon, sarta botên karsa dhahar sare, dangu-dangu panggalihipun saya têbih dhatêng ingkang rama, dene ingkang rama inggih botên kagungan pangintên punapa-punapa, amung kagalih anggènipun ingkang putra botên sowan-sowan wau bokmanawi saking ajrihipun, wêkasan ingkang sinuhun lajêng animbali ingkang putra Kangjêng Ratu Bêndara, sarêng dhatêng lajêng kadangu: Bojomu wis sawatara suwe têka ora katon seba mênyang aku, apa kang dadi sababe, apa banjur mutung anggone daksrêngêni kae, sumangkehan yèn prajurit linuwih. Ingkang putra matur: Nuwun kangjêng rama, saking sasumêrêp kula wêkdal punika putra dalêm kangmas langkung prihatos panggalihipun, katôndha bilih wanci siyang botên karsa dhahar, yèn dalu botên karsa sare, dene ingkang dados panggalihanipun kula kirang têrang, amargi kadamêl wados. Ingkang sinuhun ngandika malih: Lah kabanjur yèn mangkono dhenok, kumalungkunge dupèh ugungan, saupama aja anaa ingsun kaya-kaya wis kalakon dioyak-oyak dening wong desa kang padha diambah, saking ora kaprahe. Ingkang putra Ratu Bêndara sarêng mirêng dhawuhipun ingkang rama makatên wau lajêng kondur tanpa pamit, badhaya kalih iji ingkang kapundhut ugi sami kabêkta kondur.

Gantya winiraos, amarêngi ing dintên Sêtu watangan, kangjêng sultan ugi miyos dhatêng pagêlaran. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara kala samantên sumêdya sowan, sarta ambêkta abdinipun ingkang nama Ngabèi [Nga...]

--- 139 ---

[...bèi]

Ônggamina, mawi dipun busanani kalung gêlang tuwin badhong, lajêng kadhawuhan mêdali watangan, ing ngriku pun Ônggamina lajêng mêdal dhatêng kalanganing para ingkang main watangan. Kocapa, sarêng sampun wontên ing kalangan, Ngabèi Ônggamina lajêng molahakên watangipun, singa ingkang pêrak dipun butar. Ingkang sinuhun sarêng uninga patrap ingkang kados makatên wau ragi sêmu duka dhatêng ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara, pangandikanipun: Ing kene iki dudu panggonane wong gêguyon. Sasampuning bibar watangan ingkang putra katimbalan dhahar bojana kalihan para bopati.

Kawuwusa malih, ingkang sinuhun kangjêng sultan sarêng sampun dangu anggènipun lêrêp wontên nagari Panaraga, lajêng dhawuh badhe andumugèkakên tindakipun dhatêng ing Surabaya, dene ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara sawadyabalanipun, kadhawuhan sami wangsul dhatêng ing Mataram malih, mawi kaparingan kanthi bopati kêkalih, lampahipun kadhawuhan mêdal ing Garobogan, ngiras nêluk-nêlukakên ing sakiwatêngênipun ngriku, Pangeran Adipati Mangkunagara inggih lajêng bidhal, amarêngi tanggal kaping 27 wulan Bêsar taun Jimawal, dene ingkang sinuhun kangjêng sultan ugi lajêng jêngkar saking kitha Panaraga, nalika ing dintên Slasa Paing tanggal kaping 1 wulan Sura taun Je, sinêngkalan nglimang sapta ngrasa tunggalSengkalan: nglimang sapta ngrasa tunggal (Slasa Paing, 1 Sura 1675 A.J., sic. seharusnya: Kêmis Kliwon, 1 Sura 1675., Kamis, 11 Desember 1749 A.D.). (1675).

Kacariyos, tindakipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, sadumuginipun ing Garobogan, kapanggih kalihan Adipati Suryanagara ingkang taksih pacak baris wontên ing ngriku, sarêng sampun sami bage-binage ing kawilujêngan, Adipati Suryanagara ngaturi pariksa dhatêng kangjêng pangeran, bilih Adipati Jayadirja tuwin Radèn Mangkuwijaya sami kasambut [ka...]

--- 140 ---

[...sambut] wontên ing papêrangan, mêngsah kalihan Kumpêni. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sakalangkung ngungun, lajêng dhawuh supados utusan ngaturi pariksa dhatêng ingkang rama kangjêng sultan ingkang taksih wontên ing Madiun, kanthi paring abdi mantri kalih minôngka kanthinipun utusan wau. Tumuntên kangjêng pangeran lajêng andumugèkakên tindakipun mangidul ngilèn, wontên ing margi kapêthuk dening para bopati, lajêng sami ngabêkti dhatêng kangjêng pangeran, sasampunipun wadyabala sami kêmpal sadaya, lajêng badhe anggêbag ing Bayalali. Sadumuginipun Bayalali lajêng campuh pêrang kalangkung rame, dangu-dangu kangjêng pangeran lajêng nglèrèg ngidul ngetan, sumêdya dhatêng ing Mataram.

Nahên ta, kengkenanipun Adipati Suryanagara, sampun dumugi ing Madiun lajêng sowan kangjêng sultan, ngaturakên sêrat ingkang saking Adipati Suryanagara, sasampunipun ingkang sinuhun nguningani sêratipun Adipati Suryanagara panggalihipun sakalangkung ngungun, sarta ngêmu sungkawa, rumaos ical andêl-andêlipun prasasat sêmpal baunipun ingkang kiwa, nanging dangu-dangu kapupus pêpasthèning Pangeran, lajêng ngaddikangandika. dhatêng utusan: Hèh kongkonan, warahên Si Adipati Suryanagara, besuk bae manawa aku wis mênyang Kartasana iya bakal banjur mangulon manèh. Utusan matur sandika, lajêng pamit sampun kalilan mangkat.

Gêntos kacariyos, pabarisan ing Kêdhu, Pangeran Purbaya, Pangeran Natakusuma, tuwin Adipati Suryanagara, pêrangipun ragi kasoran, lajêng sami rêmbagan sumêdya mundur dhatêng ing Mataram, dene ing Kêdhu amung katilaran, bopati kalih ingkang nyênyiwo saking katêbihan, amargi samangke barisanipun mêngsah katingal sangsaya agêng.

--- 141 ---

Kacariyos malih, para pangagênging pabarisan ing Kêdhu: 1. Mayor Sêkèbêr, 2. Kapitan pan dhêr Pol, 3. Litnan Gulman, katiga sami rêmbagan, awit mirêng pawartos yèn mêngsahipun samangke mingsêr dhatêng ing Mataram, ing ngriku manawi sami condhong lajêng kaangsêg dhatêng ing Mataram pisan, sadaya ugi sami jumurung iyêg sabyantu kapti.

Amangsuli cariyos, lampahipun Pangeran Purbaya sakanthinipun, sarêng dumugi ing Mataram, lajêng tampi bêbantu saking pabarisan ing Mangkunagaran, tindhihipun Tumênggung Kudanawarsa, ing ngriku Pangeran Purbaya lajêng kapurih wangsul malih anggêbag pabarisan ing Gondhang, sarêng dumugi ing Jamus kapêthuk Pangeran Adipati Mangkunagara sarta para bopati, sasampunipun sami kêmpal sadaya, Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng nata gêlar sumêdya nêmpuh barisan Kumpêni, sarêng sampun tata sadaya lajêng bidhal. Sadumuginipun ing Gondhang kapêthuk barisan Kumpêni, lajêng campuh pêrang sakalangkung rame, dangu-dangu Kumpêni karepotan kawon pêrangipun, lajêng sami mundur saking dhusun Gondhang. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng lêrêp wontên ing dhusun Têgalbayêm, wontên ing ngriku kangjêng pangeran dhêdhawuh dhatêng para bopati, sami kadhawuhan angrêriwuk ing sakiwatêngêning pabarisanipun Kumpêni, sarta kadhawuhan ambêbedhung supados sampun ngantos sagêd kintun têtêdhan dhatêng wadya Kumpêni ingkang sami bêbarisan. Para bopati sami matur sandika. Sasampunipun dhawuh makatên, Kangjêng Pangeran Adipati Mangmangkunagara,Mangkunagara. lajêng bidhal wangsul dhatêng ing Bayêm malih. Sadumuginipun ing Bayêm lajêng utusan ngaturi dhatêng ingkang rama Pangeran Adiwijaya, ingkang pacak baris wontên ing Nglangon, kanthi Sang Prabu Pakuwati (Sultan Bantên) tuwin Tumênggung Mangkudirja, sarta Tumênggung Suradilaga, supados andhawuhana [andha...]

--- 142 ---

[...wuhana] ingkang sami kapatah anata wadyabala murih sami ngêmpal sadaya. Dene manawi sampun kalampahan sami ngêmpal, Kangjêng Pangeran Adiwijaya lajêng ngaturana pariksa sarana abdi sikêp kemawon dhatêng kangjêng Sultan ing Kabanaran, salajêngipun ugi sampun sami kalampahan para punggawa tiga sami bidhal angrumiyini. Ing ngriku Pangeran Adiwijaya sawêg nujunipun sami rêmbagan kalihan Sang Prabu Pakuwati tuwin tumênggung kêkalih, kasaru dhatênging utusanipun ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara kapurih ngaturi dhatêng Pangeran Adiwijaya, sokur Sang Prabu Pakuwati pisan karsa rawuh lajêng kêmpal, nanging atur wangsulanipun Sang Prabu Pakuwati botên sagêd, amargi sawêg èwêd nênggani ing pabarisan, sarta sawêg amanah bab anggènipun badhe anggêbag pabarisan ing Banyumas malih, mila inggih amung Pangeran Adiwijaya piyambak ingkang tindak dhatêng ing Têgalbayêm. Sasampunipun kapanggih kalihan ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng ngabêkti dhatêng ingkang rama, dene para abdi ingkang sami sumewa lajêng kadhawuhan bibaran, amung kyai pangulu tuwin Kyai Tumênggung Kudanawarsa piyambak ingkang taksih sami ngadhêp, ing ngriku Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng matur dhatêng ingkang rama Pangeran Adiwijaya, aturipun: Rama, samangke sêdyaning manah kula badhe mêngsah kalihan rama prabu Sultan ing Kabanaran piyambak, inggih bêgjan-bêgjan ingkang tiwas. Pangeran Adiwijaya sarêng mirêng aturipun ingkang putra makatên wau, astanipun lajêng sidhakêp sarta nyêbut: Astagapirolah. Lajêng ngandika dhatêng ingkang putra: Mungguh kang dadi karêpmu mangkono iku anèh bangêt, sarta ora patut kawêdharake, iya iku kang ingaran jubriya lan têkabur, angrasa prawira dhewe, loking jana bakal akèh kang anggêguyu, dene anak bakal [ba...]

--- 143 ---

[...kal] mêmungsuhan wong tuwane, saiba surake wong kang padha ora dhêmên, ingaran wong tanpa budi, dene wong tuwamu mau samêngko lagi duka marang kowe, iku kowe wajib kang jêmbar ing panarimamu, sarta elinga, sanadyan wong tuwamu akèh, nanging kabêcikane sakabèhe ora ana kang nimbangi kaya kabêcikane ramakmu Sultan Kabanaran, tandhane nganti dilabuhi lara lan pati, apadene kowe banjur dipèk mantu. Kang mangkono mau apa kang bakal kowalêsake, kajaba amung manut lan miturut apa sarèhe ramakmu. Aturipun Pangeran Adipati Mangkunagara: Rama mênggah dhawuh sampeyan ingkang kathah-kathah punika, saking panampi kula kados taksih kirang lêrês, sanadyan anggèn kula nglabêti kados botên kêkirangan, toh badan tuwin wutahing rah kula, rayi sampeyan piyambak ingkang kêsangêtên, amung anggêga aturipun rôngga ingkang botên salêrêsipun. Ingkang rama ngandika malih: Prakara si rôngga durung karuhan yèn andarbènana atur kang dudu, ing môngka kowe dhewe wis kulina nyang wêwatêkane si rôngga, anggèr aja anggugu tuturing uwong kang amrih karusakan, sapa kang bakal kelangan, ora liya mung kowe dhewe, lan manèh ramakmu sultan iku wis kalêbu ing wêca, manawa ing têmbe bakal dadi pêpakuning tanah Jawa, dene liya-liyane mung bakal padha andhêdhêmpil marang kowe sarta ramakmu bae. Kacariyos, pêpèngêtipun ingkêng rama Pangeran Adiwiyaja, dhatêng ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara kadosdene toya mili, ananging ingkang putra mêksa botên keguh, angalêgêr botên ebah kados ardi tinêmpuh ing angin ungkuran, têmahan panggalihipun Pangeran Adiwijaya lajêng pêpêt, kadosdene kajêjêlan ing sela sawungkal, wasana lajêng nênggak waspa, lajêng jumênêng nyat tanpa ngandika [ngandi...]

--- 144 ---

[...ka] mêdal ing jawi wangsul dhatêng ing pabarisan. Nalika samantên, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara ngantu-antu kakintên amung mêdal sakêdhap. Sarêng katuwènan sampun botên wontên, lajêng utusan jagalamatan numpak kapal ngaturi wangsul ingkang rama, sarêng sampun pinanggih matur kathah-kathah supados karsa wangsul, dhawuhipun Pangeran Adiwijaya: Yèn kaya mangkono karêpe, aku angur aja krungu, bêcik takngadoh bae, awit yèn cêdhak mundhak kalepetan ala. Kangjêng pangeran botên karsa wangsul, abdi jagalamatan lajêng wangsul, ngaturakên punapa ing sadhawuhipun ingkang rama. Sarêng lampahipun Pangeran Adiwijaya sampun pinanggih kalihan ingkang rayi Prabu Pakuwati, tuwin Tumênggung Mangkudirja, miwah Tumênggung Suradilaga, lampahipun lajêng saking pagadhingan, kèndêl wontên Kaliabu sawadyabalanipun, wontên ing ngriku lajêng masangggrahan, wanci sontên para wadya lajêng sami cucul, ing ngriku kangjêng pangeran têdhak siram dhatêng lèpèn agêng salèring dhusun.

Kacariyos, bala Kumpêni sakenjing lumampah lêlancaran, drahgundêr katindhihan Litnan Gulman, watawis wontên 30 tiyang, sami madosi Tumênggung Singaranu, ambêkta wadya 150, nanging botên pinanggih.

Kawuwusa, wontên tiyang kaki-kaki lumajêng dhatêng pabarisan Kumpêni, dipun andhêg dening para mantri botên purun, lajêng anjujug dhatêng ngajênganipun Kapitan Trai. Dipun dangu wontên punapa, wangsulanipun tiyang kaki-kaki: Nuwun, panggenan kula ing dhusun Lèpènabu dipun broki dening Pangeran Adiwijaya, saking wetan akalihan Sultan Bantên Prabu Pakuwati. Ing ngriku para upsir sami ngrubung andangu: Apa akèh rewange. Aturipun: Amung sakêdhik, ingkang kathah-kathah sami wontên ing Gowong. Litnan Gulman kalihan Kapitan Trai rêmbag sumêdya murugi, lajêng

--- 145 ---

bidhal, lampahipun ingkang wontên ing ngajêng katata amung drahgundêr 6, sarêng sampun dumugi ing andhap-andhapan margi katingal anjirap para tiyang angèn kapal, para Kumpêni enggal sami nabuh tambur sarta angungêlakên sanjata kabarung suraking wadya gumuruh swaranipun. Para tiyang ingkang sami mirêng lajêng gègèr pating bilulung palajêngipun ing sapurug-purug. Kangjêng pangeran ingkang sawêg pinuju siram kalihan abdi sêlir nama Bok Ajêng Gôndasari, kasêsa mêntas kalihan reyab-reyab, Kumpêni botên uninga ngawur anggènipun nyanjatani, anggêr katingal lajêng kasanjata. Kocapa, gamêlipun Pangeran Adiwijaya amêthukakên titihanipun dhatêng lèpèn, kangjêng pangeran enggal anitih titihan, mundhut waos nanging gamêl botên ambêkta, sarêng kapal badhe kasandêrakên sêliripun abêngok-bêngok, sambat-sambat kangjêng pangeran. Litnan Gulman pirsa kalihan kadhètipun lajêng sami narik sabêt, anututi kangjêng pangeran, dilalah kangjêng pangeran sarêng kabêngokan sêliripun kapal kaandhêgakên, kathêkêran ngêntosi sêliripun, sumêdya kagoncèngakên kapal, katungka Kapitan Gulman sarta kadhètipun sami amêdhangi dhatêng kangjêng pangeran, satêmah kangjêng pangeran dhawah saking titihanipun, kalajêng seda, mustakanipun nuntên katigas dening tuwan kapitan lajêng kabêkta dhatêng pabarisan Kumpêni, amung gêmbungipun katilar. Abdinipun kangjêng pangeran lajêng lapur dhatêng Sultan Bantên, bilih Pangeran Adiwijaya seda, mulabukanipun sampun katur sadaya. Sultan Bantên sarêng dipun aturi pratela makatên wau, sanalika badhe lajêng mangsah pêrang dalah para abdinipun sadaya, sumêdya ngrêbat kunarpanipun Kangjêng Pangeran Adiwijaya, nanging sarêng majêng karoban mêngsah, dipun drèli dening Kumpêni, Sultan Bantên lajêng mundur, ing ngriku Kapitan Gulman lajêng wangsul dhatêng pasanggrahanipun Kumpêni

--- 146 ---

ing Trayêm, sarwi ambêkta mustakanipun Kangjêng Pangeran Adiwijaya dalah bandhangan sêliripun kangjêng pangeran, sarêng dumugi ing pondhokan mustaka kadèkèk wontên ing meja, Tuwan Mayor Sêkèbêr lajêng animbali para bopati supados aningalana mustakanipun Kangjêng Pangeran Adiwijaya. Sarêng para bopati sampun pêpak, mustakanipun kangjêng pangeran ingkang wontên bangku kapurih nitik, punapa punika inggih saèstu Pangeran Adiwijaya. Sarêng para bopati sami pirsa mustakanipun kangjêng pangeran lajêng sami ambrêbês mili, matur dhatêng tuwan kapitan: Inggih punika Kangjêng Pangeran Adiwijaya. Mayor Sêkèbêr lajêng mundhut mantri 7, kalihan drahgundêr 12 badhe kautus ambêkta sêrat sarta mustakanipun kangjêng pangeran dhatêng Samarang, utusan ugi lajêng mangkat. Botên kacariyos ing margi, sadumuginipun ing Samarang lajêng tampi wangsulanipun saking tuwan dêlèr, sarta paring dhawuh bilih Litnan Gulman samangke kaangkat dados kapitan, kadhètipun kadadosakên gurnit, sarta sanès-sanèsipun kathah ingkang minggah pangkat.

Amangsuli cariyos, Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, kala samantên ugi sampun kaaturan pirsa bilih ingkang rama Pangeran Adiwijaya seda wontên ing Kaliabu katukup ing Kumpêni. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara nalika tampi pratelan makatên wau sangêt kagèt sêmu gêtun sarta ngungun, pangudaraosing batos: E, yatalah rama Adiwijaya, lagi sapira suwene anggonku têtêmon, samêngko wis seda ditukup ing Kumpêni, ora jamak têmên nêdya daklabuhi wong tuwaku, sumêdya barênga sirna karo Kumpêni. Sarêng sampun sarèh panggalihipun, lajêng dhawuh dhatêng para wadya badhe labuh ingkang rama nêdya ngrisak Kumpêni ingkang wontên ing Trayêm, ananging para abdi sami amambêngi, [a...]

--- 147 ---

[...mambêngi,] amargi barisanipun Kumpêni ingkang sampun sami kêmpal wontên ing Trayêm sakalangkung agêng, dados manawi katêmpuh badhe kalêbêt ing bêbasan sulung malêbu gêni, tan wande ingkang nêmpuh sami tumpês, sirna sadaya. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara sarêng dipun pambêngi para abdinipun panggalihipun sangêt pêtêng, wêkasan lajêng mundhut pamrayogi dhatêng Tumênggung Kudanawarsa, pangandikanipun: Kaki Kudanawarsa, sarèhning atiku pêtêng bangêt ngrasakake lêlakon iki, saka panêmuku luwih bêcik pêpêrangan iki dakundurake bae, nanging aku bakal ora ngumpul karo bala akèh, karêpku arêp nglèrèg mênyang ing Prambanan, pêrlu golèk têntrême ati sarta angaring-aring panggalihku, kapindhone arêp ngênthêlake kang dadi sêdyaku arêp pêthal karo rama Sultan ing Kabanaran, satêmêne barêng rama Adiwijaya wis seda, atiku saya mêmpêng, ananging uga kêna digrayangi, mungguh sedane rama Adiwijaya mau jalaran nalika mêntas katêmu karo aku, awit barêng atiku kadêrêng, sêmune rama Adiwijaya bingung panggalihe, mula banjur jumênêng nyat tanpa pamit. Aturipun Tumênggung Kudanawarsa: Nuwun inggih gusti, rama paduka Pangeran Adiwijaya wau ing lairipun dhatêng rama paduka Sultan Kabanaran, nanging batosipun awrat dhatêng paduka, ing môngka wontên rêmbag paduka badhe pêthal kalihan ingkang rama sultan, sampun mêsthi lajêng bingung panggalihipun. Pangandikanipun kangjêng pangeran: Iya bênêr kaki kaya kandhamu iku, balik samêngko kapriye kang dadi panêmumu, yèn karsaku sida nglèrèg mênyang Prambanan. Aturipun Kudanawarsa: Kula inggih sangêt jumurung karsa paduka punika. Kangjêng pangeran lajêng ngandika malih: Yèn mangkono kaki tumuli prentahna marang para kancamu, purihên sadhiya yèn aku sumêdya budhal mênyang Prambanan. Aturipun Kudanawarsa: [Kuda...]

--- 148 ---

[...nawarsa:]

Sandika. Sarêng sampun sami samêkta tumuntên lajêng bidhalan.

Gêntos winiraos, Ingkang Sihunun Kabanaran, anggènipun anggêbag ing Surabaya sampun nungkup sadaya, dene anak-anakipun bopati ingkang sami pêjah wontên ing pêpêrangan, sampun kagêntosakên kalênggahaning tiyang sêpuhipun, mila sinuhun lajêng dhawuh sadhiya badhe kondur dhatêng ing Mataram, lampahipun miyos lèr badhe mampir dhatêng ing Garobogan, ing ngriku sarêng sampun mirantos para wadya sadaya lajêng kalilan bidhalan, ing margi botên kacariyosakên, sarêng rawuh wontên ing Garobogan, tampi palapuranipun Adipati Suryanagara, bilih para wadya ingkang sami pêpêrangan wontên ing Kêdhu karisakan, ingkang raka Pangeran Adiwijaya seda wontên Lèpènabu katukup ing Kumpêni. Ing ngriku Sinuhun Kabanaran sarêng nampèni palapuran sedanipun ingkang raka sakalangkung sungkawanipun, lajêng dhawuh dhatêng para wadya supados anyêrêgakên lampah, enggalipun rawuh wontên ing Mataram, pêrlu badhe nata karisakanipun para wadya.

Kacariyos, para wadya ingkang sami kantun wontên ing Mataram, sami sadhiya badhe mêthuk rawuhipun kangjêng sultan, sarêng kangjêng sultan sampun rawuh wontên ing ngalun-alun kaurmatan gôngsa sarta drèl. Kangjêng sultan lajêng pinarak wontên ing pagêlaran, nuntên animbali Adipati Suryanagara, kadangu bab karisakaning wadyabala ingkang pêrang wontên ing Kêdhu, utawi bab sedanipun ingkang raka Pangeran Adiwijaya. Adipati Suryanagara ugi sampun angaturakên lêlampahan wiwitan ngantos dumugi ing wêkasan, ingkang sinuhun kangjêng sultan sakalangkung ngungun, nuntên angandika malih, andangu bab ingkang putra Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara samangke wontên pundi. Adipati Suryanagara matur, bilih ingkang putra Pangeran [Pa...]

--- 149 ---

[...ngeran] Adipati Mangkunagara sapunika nglèrèg dhatêng ing Prambanan, sêdyanipun botên karsa kêmpal kalihan para wadya. Kangjêng sultan sarêng mirêng aturipun Adipati Suryanagara makatên wau sakalangkung kagèt ing panggalih, nanging ing batos sampun pirsa karsanipun ingkang putra, bilih kalajêng pamutunging panggalih sumêdya pêthal bawa piyambak, nanging kangjêng sultan ing galih ugi taksih sarèh, tumuntên lajêng dhawuh nimbali ingkang putra Pangeran Adipati Mangkunagara, supados sowana wangsul dhatêng ing Mataram, ingkang kautus ugi lajêng mangkat, sapêngkêring utusan lajêng bibaran.

Bab 5. Lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara, Wiwit Pêthalipun kalihan Sinuhun Kabanaran, Ngantos Dumugi Konduripun Dêdalêm ing Nagari Surakarta.

Gêntos kawuwusa, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara ingkang wontên ing Prambanan, kala samantên sawêg nuju rêmbagan kalihan Tumênggung Kudanawarsa, dèrèng ngantos dumugi kasaru utusanipun ingkang rama Sultan ing Kabanaran, wigatos animbali, nanging kangjêng pangeran dèrèng karsa sowan, amung angecani sarak kemawon, utusanipun ingkang rama wau ngantos rambah-rambah, wangsulanipun ingkang putra amung nyanggikrami. Botên kacariyos laminipun, sarêng sampun sawatawis dintên malih Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara, anampèni palapuranipun abdi mantri pacalang kêkalih, bilih samangke ingkang rama Sultan Kabanaran sampun [sampu...]

--- 150 ---

[...n] kêmpal kalihan Kumpêni, sumêdya sabaya pêjah, awit saking pratelanipun sarib bêsar Sèh Ibrahim, inggih punika utusanipun Sultan ing Ngêrum, marentahakên dhatêng Kumpêni supados angukup dhatêng rama dalêm Kangjêng Sultan Kabanaran, saha samangke sampun kalampahan rama dalêm kinintunan makutha saking nagari ing Ngêrum, têmahan tuwan guprênur dahat sihipun dhatêng rama dalêm. Kangjêng pangeran sarêng miyarsa aturipun abdi mantri pacalang ingkang makatên punika, kawistara ing sêmu sakalangkung sungkawa, ananging sinamun datan katawis, tumuntên dhawuh dhatêng Tumênggung Kudanawarsa: Hèh kaki, mungguh pawarta mau apa sanyata. Tumênggung Kudanawarsa matur: Gusti, saking srêming-srêminging pamirêng kula, pawarti punika kados kathah yêktosipun, têmahan samangke kula kèngêtan supêna kula nalika dalu malêm Jumuwah, katingalipun ing pasupênan, rama dalêm Sultan Mangkubumi, wontên ing satêngahing payudan kapisah kalihan wadyanipun, miyos saking wana kalihan amandhi waos, landheyanipun sangêt agêng ngantos sapucang, saha nitih turôngga ulês dhawuk ugi langkung agêng, ing ngriku rama paduka ngandika dhatêng kula makatên: Hèh Kudanawarsa, bangêt sokur ingsun katêmu kalawan sira, dene samêngko aku lagi katilapan kalawan wadyaningsun ana satêngahing paprangan, mulane iki aku anjaluk gawemu, sarèhning aku sayah, tumbak iki gawanên gênti. Anggènipun ngandika wau sarwi ngulungakên waos, ananging kula lajêng matur: Gusti, mênggah karsa dalêm punika kula botên kuwawi angêmbat, amargi agêm dalêm waos punika paningal kula sangêt awrat. Nanging rama paduka taksih mêksa, salajêngipun waos kula tampèni, nuntên sami andumugèkakên lampah kula wontên ing wingking sarwi amandhi lawung, awit saking awrating waos, [wa...]

--- 151 ---

[...os,] mila sarêng sampun antawis sapambalang têbihipun, kapal tumpakan kula lajêng ambruk, têmah kalajêng pêjah, kula andumugèkakên amung dharat ugi taksih ngampil waos wau, sangêt rêkaos pambêkta kula, ewadene rama dalêm tansah anggêgujêng sarwi angandika: Hèh Kudanawarsa, sira iku basane nyolong pêthèk, awit yèn dinulu dhapurmu, kaya-kaya karosanmu angluwihi wong sapuluh, ing môngka yèn bocahku suranata kang ngampil tumbak iku sabêdhug durung anjaluk gilir isih kuwat bae. Wusana tumrap ing kowe durung nganti olèh saonjotan têka wis ambruk tungganganmu jaran nganti mati, yèn mangkono Kudanawarsa sira durung antuk wahyuning prajurit kang nyata, dadi isih aran prajurit anggaran bae, dene bab kuwanènmu uga kalêbu ing bêbasan gêni sakonang. Dumugi samantên pangandikanipun rama dalêm, kasêlak kula lajêng nglilir. Sangêt ing pangungun kula, osiking manah kula ing batos, têtela bilih samangke rama paduka taksih winongwong ing Pangeran Ingkang Kawaca, watawis wontên satêngah wulan kalihan anggèn kula supêna wau, kula lajêng mirêng pawartos, yèn ing Batawi saèstu kadhatêngan utusanipun raja ing Ngêrum, kanthi prajurit ngantos pintên-pintên baita, satunggal-tunggaling baita kamot prajurit sèwu, mênggah parlunipun kadhawuhan mariksani karisakanipun ing tanah Jawi, mila sarêng dumugi ing Samarang, utusan ing Ngêrum pamondhokipun wontên ing ngloji, griyanipun petor bêsar, salêbêtipun wontên Samarang ingkang rinêmbag bab kawontênanipun pêrang ing tanah Jawi, bilih botên tumuntên kasirêp, badhe adamêl karisakanipun para tiyang siti ing pulo Jawi, wêkasan badhe anjalari pakèwêding lampahipun para among dagang. Saking pamanggihipun tuwan petor bêsar, Tuwan Sèh Ibrahim sagêda

--- 152 ---

kintun sêrat dhatêng Sultan Mangkubumi ing Kabanaran, amargi punika panggalihanipun sae tur prawira ing ajurit, mila prayogi kinukupa. Kalampahan Tuwan Sèh Ibrahim sangêt wêlasipun dhatêng rama paduka Sultan ing Kabanaran, lajêng anglêksanani paring sêrat sarana têmbung pangêla-êla, cêkakipun rama paduka Sultan ing kabanaran lajêng anut sarta miturut ing sakarsanipun Tuwan Sèh Ibrahim. Sarêng sampun sawatawis dintên rama paduka Sultan Kabanaran lajêng utusan Adipati Suryanagara, kanthi Tumênggung Sindusêtra, kadhawuhan ngaturakên nawala dhatêng Tuwan Sèh Ibrahim tuwin dhatêng tuwan guprênur, ingkang suraos, rama paduka ugi badhe karsa anut kalihan Kumpêni, ananging sampun ngantos kakanthènan kalihan tuwan dêlèr ing Samarang, awit rumiyin sampun marambah-rambah anggènipun anyidrani, sarêng sêrat sampun katampèn dhatêng Sèh Ibrahim, lajêng rêmbagan kalihan tuwan guprênur, wêkasan tuwan guprênur lajêng kêkintun dhatêng rama paduka warni sangkêlat ngantos pintên-pintên gotongan, punapadene arta kathahipun pitung èwu reyal. Têlas aturipun Tumênggung Kudanawarsa. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara saya karêrantan ing panggalih, lajêng ngandika: Kudanawarsa kandhamu iku têka têrang têmên iku saka sapa. Kudanawarsa matur: Punika angsal kula pawartos saking pun kaki Sêtrawijaya, dene pun kaki Sêtrawijaya wau dados juru sêratipun tuwan petor bêsar ing Samarang, mila pawartosipun sagêd têrang, botên ngamungakên punika kemawon pawartos ingkang têrang sanadyan sadaya pirêmbag ingkang saking Sèh Ibrahim ugi têrang sadaya. Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara lajêng dhawuh ambidhalakên wadyabala supados lajêng nêmpuh barisanipun ingkang rama Sultan Kabanaran, mêdal ing Wanatuwa jêbos ing dhusun Butuhpuyang.