Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 14–19)

Judul
Sambungan
1. Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 01–06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 07–13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Cariyosipun Kartimaya, Hadisusastra, 1917, #1625 (Pupuh 14–19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

14. Pangkur

1. kawarnaa Kartimaya | siyang dalu tan wontên kang dèn pikir | pan mung timbalan sang prabu | kinèn ngambil kalpika | ingkang maksih nèng astane jêng sri mulku | de kalamun datan bisa | sayêkti tumêkèng lalis ||

2. anujwa ari Anggara | Kartimaya lungguh anèng pandhapi | datan wontên rowangipun | amung Nitilukita | pirêmbagan amrih prayoganing laku | dènnyarsa anglampahana | timbalan sri narapati ||

3. samana Nitilukita | wus winangsit pinanggih ing pambudi | kabèh rekadayanipun | ngambil ponang kalpika | miwah dènnya lumêbèng jroning kadhatun | purwa madya myang wasana | tan ana kari sawiji ||

4. Nitilukita tumandang | karya ăndha watonira pring siji | ăndha lanang wastanipun | dêling lonjoran tiga | wusing rampung Kartimaya nabda arum | mêne mung kari sajuga | kang prêlu dipun ulati ||

5. wangkening janma pralaya [pra...]

--- 90 ---

[...laya] | lah ta payo Nitilukita aglis | ngupaya mring dhusun-dhusun | miwah jroning nagara | ari iki lamun ana janma lampus | pintanên mring warisira | lironana êmas picis ||

6. lamun warisnya tan suka | ywa rinodapaksa iku tan yukti | pênêde samya rinimuk | panduking kang lukita | mardawèng tyas mêmalat wardayanipun | mrih nulya ingulungêna | kalawan lêganing ati ||

7. Kartimaya nulya mêdal | miwah Nitilukita atut wuri | sampun lêpas lampahipun | midêr jroning nagara | angulati lamun ana janma lampus | nging wus kêmput datan manggya | sajuga janma kang lalis ||

8. dwi janma gya lumaksana | mêdal dhatêng sajawining nagari | midêr mring dhusun-ngadhusun | anarutus têtanya | nanging ngantya Hyang Bagaskara mèh surup | tan manggya janma pralaya | Kartimaya nulya angling ||

9. hèh Nitilukita paran | ngantya surup diwangkara tan manggih | wangkening janma kang lampus | măngka kari sadina | benjang-enjang lamun manira tan mangguh | sayêkti tan bisa polah | paran dèn ingsun nyinggahi ||

10. Nitilukita manabda | dipun sabar benjang-enjang manawi | antuk parmaning Hyang Agung | nulya manggya kunarpa | marma mangke aywa duhkitaning kalbu | pasraha maring Hyang Sukma | myang nênuwun aywa nganti ||

11. pinidana mring sang nata | datan ngangge karana manggih sisip | Kartimaya nabda arum | ujarira prayoga | payo mangkya rèhning baskara wus surup | prayoga mulih kewala | nèng wisma samya binudi ||

12. dwi janma gya lumaksana | tan kawarna lampahnya wontên margi | sampun praptèng wismanipun | nulya malbèng pandhapa | Kartimaya myang Nitilukita lungguh | anèng madyaning pandhapa [pandha...]

--- 91 ---

[...pa] | saratri tan samya guling ||

13. amung tansah rêrêmbagan | myang ambudidaya prayoganèki | dènnyarsa nglampahi dhawuh | timbalan sri narendra | nanging dèrèng umanggya sarananipun | marmanira Kartimaya | dahat rudahing panggalih ||

14. winursita sampun enjang | Kartimaya lan Nitilukita glis | mêdal saking wismanipun | ngulati lir kang dadya | srananira pambudidayaning kalbu | lumaksa midêr jro kutha | nanging ugi datan manggih ||

15. wimbuh rudahing wardaya | wus nir daya anglês tyasnya tan sipi | Kartimaya nulya muwus | dhatêng Nitilukita | hèh ta Nitilukita paran karêpmu | mêngko lamun datan manggya | kunarpaning janma lalis ||

16. yêkti ingsun datan bisa | ngruruh reka ingkang luwih prayogi | wit angèlira kalangkung | timbalan sri narendra | yèn tan nganggo rekadaya kadya iku | sayêkti yèn datan bisa | ngambil kalpika sang aji ||

17. lah mayo Nitilukita | samya mêdal saking jroning nagari | ngupaya malih mring dhusun | bokmanawa umanggya | dene mêngko lamun maksa datan antuk | prayoga sowan ki patya | nyuwun pratikêl kang bêcik ||

18. rèhning sun wus datan bisa | nglaksanani timbalan sri bupati | supadya jêng sang aprabu | suda bêbêndunira | aywa nganti manira tumêkèng lampus | rèhning sun tan nandhang lêpat | kadya janma dosa pati ||

19. samana wus golong rêmbag | nulya samya mêdal saking nagari | ngupaya mring dhusun-dhusun | nging uga tan umanggya | janma ingkang pralaya ari puniku | ngantya wus lingsir Hyang Arka | saya wimbuh asru kingkin ||

20. rontang-ranting jroning driya | Kartimaya sirna budayanèki | ngalumpruk wus tanpa bayu [ba...]

--- 92 ---

[...yu] | pucat pasêmonira | Kartimaya dangu datan sagêd muwus | nulya linggih soring wrêksa | tantara tumuli angling ||

21. hèh mayo Nitilukita | samya sowan ngarsanira kya patih | rèhning sun wus datan mangguh | wangke janma pralaya | de kang măngka srana rekadayaningsun | Nitilukita manabda | makatên langkung prayogi ||

22. dwi janma nulya lumampah | sigra-sigra wangsul dhatêng nagari | datan kawarna ing ênu | praptèng jroning nagara | kacarita lampahira sampun laju | nulya praptèng kapatihan | wus panggih lan kyana patih ||

23. tandya samya tata lênggah | kyana patya sru kagyat ing panggalih | mulat dhatêng kadangipun | pasêmonira biyas | kawistara asru duhkitaning kalbu | myang netranya ngêmu waspa | dangu datan sagêd angling ||

24. ki patih gya angandika | kula sawang kakang ngêmu prihatin | prapta wontên ngarsaningsun | paran darunanira | măngga kakang kula sinungana wêruh | kakang aywa wancakdriya | de maring kadang pribadi ||

25. bokmanawi kula mangkya | bangkit asung panglipur myang mrayogi | myang punapa kirangipun | kakang sunga uninga | ywa kuwatos yêkti kula kang katêmpuh | Kartimaya lon turira | pêgat-pêgat sabdanèki ||

26. mugi paduka karsaa | paring wêlas dhatêng amba ing mangkin | kang dahat duhkitèng kalbu | sumăngga ing paduka | katurira dhumatêng jêng sang aprabu | wit amba wus datan bisa | nglampahi timbalan aji ||

27. amung pasrah pêjah gêsang | konjuk dhatêng ngarsa sri narapati | wit sampun karsèng Hyang Agung | amba tumêkèng lena | awit saking tan bangkit nglampahi dhawuh | timbalannya sri narendra | amba wus narimèng pasthi ||

--- 93 ---

28. nging saking panyuwun amba | mugi-mugi sang nata amaringi | pangaksama ingkang agung | ywa amba pinidana | ingkang sakalangkung awrat sangganipun | punapa paduka datan | wêlas mring pra suta mami ||

29. kya patih dupi miyarsa | asru kagyat wardayanya tan sipi | dhêlêg-dhêlêg datan muwus | kumêsar jroning nala | myang kumêpyur-kêpyur tyasira atrênyuh | lir tinêbak ing mong tuna | bayu kadya dèn lolosi ||

30. tantara dangu ngandika | kadiparan ing karsanta puniki | nguni kakang sampun mangguh | budi kang rekadaya | mêne datan bangkit anglampahi dhawuh | paran kang dadya karana | dene makatên puniki ||

31. Kartimaya sung uninga | purwa madya wusana kabèh titi | katur kyana patih sampun | kabèh rekadayanya | myang dènira ngupaya wangke tyang lampus | dwi ari datan umanggya | ki patya ngungun ing galih ||

32. wimbuh asru ruwêding tyas | miwah dahat pakèwêdnya tan sipi | mangkana ingkang winuwus | tantara nulya ana | punakawan sowan dhatêng ngarsanipun | tur uninga mring ki patya | lamun wontên janma lalis ||

33. sajuga janma ukuman | kyana patya nalika amiyarsi | punakawan aturipun | langkung suka ing driya | angandika dhatêng punakawan wau | hèh bocah age balia | wangke gawanên dèn aglis ||

34. maring ngarsa jênêng ingwang | kang liningan tur sandika gya bali | lumaksana gupuh-gupuh | wangsul mring pakunjaran | tan adangu punakawan prapta sampun | anèng wisma pakunjaran | wangke ginotong tyang kalih ||

35. sigra-sigra lampahira | datan dangu praptèng ngarsa kya patih | kyana patih nabda arum | dhumatêng punakawan | wangke iki dimèn [dimè...]

--- 94 ---

[...n] nèng kene bae wus | kinubur ing benjang-enjang | dening bocah-bocah mami ||

36. punakawan nulya mentar | kyana patih pangandikanya aris | dhatêng Kartimaya wau | mangke kalêrês bêgja | wontên janma pakunjaran ingkang lampus | punika langkung prayoga | kinarya sarananèki ||

37. Kartimaya dahat suka | wardayanya lir siniram ing warih | sirna duhkitaning kalbu | nulya alon manabda | e e tobil wus pasthine bathara gung | antuk parmaning jawata | nulya matur mring kya patih ||

38. amung pangèstu paduka | mugi-mugi amba bangkit nglampahi | dhawuh timbalan sang prabu | aywa wontên rubeda | kyana patih mèsêm alon sabdanipun | mugyantuk parmaning dewa | pun kakang labda ing kardi ||

39. dangu dènnya rêrêmbagan | Kartimaya lawan rêkyana patih | dahat suka jroning kalbu | samana wancinira | sampun ratri Kartimaya amit mundur | wangsul dhatêng wismanira | kyana patih anglilani ||

40. Kartimaya nulya mentar | sarta Nitilukita atutwuri | amanggul wangke tyang lampus | wus lêpas lampahira | tan adangu sampun praptèng wismanipun | nulya samya tata lênggah | wontên madyaning pandhapi ||

41. kunarpa gya binusanan | busanane Kartimaya ing nguni | duk sowan malbèng kadhatun | ngarsa jêng sri narendra | wusing rampung Kartimaya dandos gupuh | sadaya pirantosira | ăndha jara miwah linggis ||

42. sampun pêpak anèng ngarsa | duk ing wanci têngah dalu anuli | Kartimaya mêdal gupuh | miwah Nitilukita | Kartimaya manggul wangke janma lampus | Nitilukita ambêkta | ăndha jara miwah linggis ||

43. kacarita lampahira | sampun [sampu...]

--- 95 ---

[...n] prapta sakilèning capuri | ăndha gya pinasang sampun | wontên ing pagêr bata | sungsun tiga sinambung-sambung wus kêmput | Kartimaya nulya minggah | wusira prapta ing nginggil ||

44. tandya ngulungakên tampar | pan kinarya ngambil pirantosnèki | myang wangkening janma lampus | wusnya rampung sadaya | nulya Nitilukita minggah mring ruhur | ăndha gya tinarik minggah | pinasang jroning capuri ||

45. kalihnya samya tumêdhak | gantya-gantya sing pagêring capuri | nulya lumaksana gupuh | tantara sampun prapta | pagêr bata capuri ping kalihipun | ăndha pinasang tumulya | samya minggah gênti-gênti ||

46. makatên ngantya ping tiga | wit capuri pagêr bata sungsun tri | mangkana ingkang winuwus | wus prapta jroning pura | datan wontên janma kêmit ingkang wêruh | dwi janma nulya lumaksa | nyêlak dhatêng dalêm puri ||

47. gyanira sare sang nata | Kartimaya tandya tumandang aglis | anjara mring tembokipun | sang nata dupi myarsa | sigra wungu amundhi sanjatanipun | tumêdhak sing pasarean | nulya lênggah anèng kursi ||

48. anggarjita jroning driya | baya iki Kartimaya wus prapti | yun dhustha kalpikaningsun | kawarna Kartimaya | panjaranya pagêr bata sampun têmbus | jara gya tinarik mêdal | kinarya nginte sing jawi ||

49. Kartimaya wus têtela | pamulatnya lamun sri narapati | amundhi sanjatanipun | lênggah kursi pribadya | Kartimaya nulya minta linggisipun | temboknya nulya binabah | kadya pratingkahing juti ||

50. sang nata wus datan samar | sanjatanya cinoncong astanèki | Kartimaya saya sêngkut | tinêtêr panglinggisnya | tan adangu pambabahira wus rampung | Kartimaya wus prayitna | yèn sang

--- 96 ---

nata noncong bêdhil ||

51. anulya nyandhak kang sawa | linêbêtkên maring babahannèki | amung sirah mungup-mungup | dupi sang nata mulat | dahat bêndu ing driya apungun-pungun | jaja bang mawinga-winga | mênyat jumênêng sing kursi ||

52. ciptèng driya sri narendra | lamun iku Kartimaya sayêkti | lumêbêt babahanipun | nulyarsa sinanjata | nging kunarpa gya tinarik mêdal gupuh | dadya dènira nyanjata | pangincêngnya dèn kêndêli ||

53. tantara ponang kunarpa | linêbêtkên dhatêng babahan malih | sang nata dupi andulu | kang pindha Kartimaya | wimbuh bêndu sang nata panggalihipun | bramantya gya sinanjata | Kartimaya duk miyarsi ||

54. dhatêng ungêling sanjata | miwah dhatêng swara mimis ngênani | tumama ing sirahipun | wangkening janma pêjah | ponang sawa nuli ingêculkên gupuh | gumalinting anèng kisma | sarêng lan ungêling bêdhil ||

55. dupi sang nata tumingal | kang kanyana Kartimaya ngêmasi | tibèng kisma gumaluntung | suka panggalihira | manglocita sri narendra jroning kalbu | wus lêga panggalih ingwang | Kartimaya wus ngêmasi ||

56. sri narendra angandika | dahat lêga rasaning pamikir mami |[1] Kartimaya mêne lampus | mara iku rasakna | bathukira ngantya têkèng githok têmbus | de sira wani maringwang | madoni mring jênêng mami ||

57. myang marang pamanggih ingwang | ngrèmèhake kasugyan ingsun iki | janma kang mangkono iku | sasat nêdya andaga | anyênyuda marang kaluhuran ingsun | lah mara sira tangia | sira bangêt mêjanani ||

58. mara age tutugêna | dera arsa malang ing karsa mami | sirèku dahat kumênthus | ngaku labdèng kawignyan | pintêr nalar kagunan myang ngèlmu-ngèlmu | pikirmu kadya wong

--- 97 ---

owah | patut sira dèn jêjuwing ||

59. anulya sri naranata | wangsul lênggah dhatêng kursinya malih | kawarnaa sang aprabu | eca dènira lênggah | dangu-dangu tan sakeca jroning kalbu | mangkana panyiptanira | sang nata jroning panggalih ||

60. iya kaya jênêng ingwang | ratu agung sinêmbah wong sanagri | binathara kraton ingsun | luhur kaprabon ingwang | akèh ratu sewaka ing ngarsaningsun | mangkya sun matèni janma | kang tan kadunungan sisip ||

61. iku aran ratu nistha | datan pantês sinêmbah mring pra janmi | suda kaluhuran ingsun | mendah loking pra janma | para ratu lyan praja anulya purun | wit sun anglakoni nistha | tan pantês dinulyèng dasih ||

62. supadya aywa konangan | kuwandane Kartimaya puniki | prayogèngsun pêndhêm gupuh | ing ratri iki uga | kathah-kathah ciptèng galihnya sang prabu | anulya sri naranata | mungu mring sang pramèswari ||

63. sri narendra angandika | ingsun titip kalpikaningsun dhingin | mêngko sakêdhap sun pundhut | nulya ponang kalpika | pinaringkên mring sang pramèswari prabu | tinampèn ingagêm sigra | munggwing asta pramèswari ||

64. sang nata lukar busana | sinampirkên munggwing ruhuring kursi | Kartimaya duk andulu | lamun sang nata lukar | Kartimaya lan Nitilukita gupuh | mire nulya asingidan | iringaning dalêm puri ||

65. sang nata ngangkat kunarpa | gya binêkta mêdal sing dalêm puri | bêkta linggis miwah pacul | dhatêng pojoking pura | karsanira kang wangke arsa kinubur | nèng pojoking dalêm pura | dangu jêng sri narapati ||

66. dènira ngubur kunarpa | wus mangkana ratu yêkti tan bangkit | ulah kridhaning mêmacul | awit datan kulina | dadya dangu [da...]

--- 98 ---

[...ngu] sang nata dènira ngubur | mring wangkening janma pêjah | mangkana ingkang winarni ||

67. sadangunya sri narendra | wontên jawi angubur ponang mayit | Kartimaya kang winuwus | enggal malbèng babahan | gya lumêbêt sajroning dalêm kadhatun | angrasuk busananira | pangagêman sri bupati ||

68. memba sang sri naradipa | gya nyêlaki gwannya nendra sang putri | narpadayita winungu | Kartimaya manabda | mêne nimas kalpikèngwang ingsun pundhut | mara age ulungêna | nimas anèng asta mami ||

69. ya ta sang narpadayita | gupuh-gupuh dènnya ngulungkên singsim | wit kanyana lamun iku | raka sang sri narendra | wit sang pramèswari nata mêntas wungu | marmane datan têtela | paningalira sang putri ||

70. dhatêng kang memba sang nata | pramèswari nulya anendra malih | Kartimaya dupi sampun | nampèni kang kalpika | busananya sang prabu ingkang rinasuk | nulya aglis rinucatan | sinampirkên kursi malih ||

71. Kartimaya tandya mêdal | lawan Nitilukita sampun panggih | jinawil nulya tut pungkur | sigra dènnya lumaksa | kacarita lampahnya dwi janma wau | wus lumangkah pagêr bata | capurining dalêm puri ||

72. wusira prapta ing jaba | gya lumaksa mantuk mring wismanèki | ing marga datan winuwus | tantara sampun prapta | wismanira anulya samya lumêbu | wontên madyaning pandhapa | samya suka ing panggalih ||

73. winursita sri narendra | wusnya rampung dènnya angubur mayit | nulya wijik sang aprabu | tandya malbèng jro pura | sri narendra angrasuk busananipun | nulya mrêpêki kang garwa | sang nata ngandika aris ||

74. mangkya nimas kalpikèngwang | ingsun pundhut ulungna ngasta mami | dupi [du...]

--- 99 ---

[...pi] pramèswari prabu | myarsa pangandikanya | sri narendra sru kagyat wardayanipun | miwah dahat ajrihira | gya wungu sang pramèswari ||

75. marêk ngarsa sri bupatya | ngèstupada myang aturira aris | wau sintên ingkang mundhut | dhatêng ponang kalpika | mapan sampun dalêm caosakên wau | dhatêng pukulun sang nata | punapa limut ing galih ||

76. dupi sang nata miyarsa | mring ature garwa sang pramèswari | dahat ngungun jroning kalbu | dangu datan ngandika | sru pakèwêd sang nata panggalihipun | mangkana ciptaning driya | ewuh gon ingsun ngarani ||

77. apa ta Si Kartimaya | kang anjupuk kalpikaningsun iki | apa ta ora wus lampus | kênèng sanjataningwang | myang wangkene mapan uwis ingsun kubur | mêne ngambil kalpikèngwang | kadiparan gone bangkit ||

78. lamun nyata Kartimaya | kang palastra kênèng sanjata mami | nulya sapa ingkang jupuk | kalpikaningsun mangkya | dene nimas matur yèn wus ingsun pundhut | măngka ingsun tan rumăngsa | amundhut kalpika mami ||

79. puwara aris ngandika | aturira nimas kadya wong ngimpi | ingsun tan rumăngsa mundhut | kalpika marang sira | lagya iki nimas gon ingsun amundhut | lah nimas aywa kasêsa | sarèhna wuwusirèki ||

80. ywa bingung wardayanira | nulya age matura ngarsa mami | ya ta pramèswari prabu | asangêt ajrihira | tandya ngraup sampeyanira sang prabu | saha matur angrêrêpa | pukulun sri narapati ||

81. kawula nyuwun aksama | pan sayêkti kawula tan angimpi | tanapi sru ajrih ulun | yèn matur ngamandaka | mapan dèrèng dangu gyan paduka mundhut | kalpika dhatêng kawula [ka...]

--- 100 ---

[...wula] | sang nata ngandika malih ||

82. paran sing pangrasanira | wit manira lagya mlêbu saiki | manjing jro dalêm kadhatun | apa ing mau ana | janma ingkang anggugah marang sirèku | gya minta ponang kalpika | sanadyan mangkono yêkti ||

83. apa sira tan waspada | dèn ta mulat marang busananèki | myang marang pasêmonipun | lamun dudu manira | pramèswari nêmbah umatur sang prabu | gusti guru laki amba | amba tan kadya tyang baring ||

84. mênggah busana paduka | datan samar paningal amba yêkti | pan amung pasêmonipun | rèh amba mêntas nendra | yêkti datan têtela paningal ulun | de saking panyipta amba | sayêkti tan wontên kalih ||

85. kadya busana sri nata | lawan malih panyipta amba gusti | sintên janma ingkang purun | tumamèng dalêm pura | lamun datan tinimbalan jêng sri mulku | myang ugi dahat nglêngkara | purun malêbêt ing ngriki ||

86. sang nata dupi miyarsa | aturira garwa sang pramèswari | anggarjita jroning kalbu | lamun mangkono iya | Kartimaya kang ngambil kalpikaningsun | dene janma kang palastra | kêna ing sanjata mami ||

87. iku janma ingapusan | pan kinarya bantên pinurih mati | yèn mangkono nadyan baud | maring kyèhning kawignyan | atinira dhêmên mring tindak kang dudu | têtela panyiptaningwang | janma kang wasis mring ngèlmi ||

88. nalar tanapi kawignyan | yêkti lamun amurang tatakrami | tindak-tanduknya tan lurus | mring samaning tumitah | ambêk siya myang karyanira bêbidhung | ngapusi mring liyan janma | tan darbe wêlas mring janmi ||

89. sang nata malih ngandika | hèh ta nimas aywa dadi pamikir | mêne rèhning wus kabanjur | mangkyèngsun paring warta | kang supadya [supa...]

--- 101 ---

[...dya] ywa sira kagyat ing kalbu | mangkana sri naranata | wêwarta mring pramèswari ||

90. purwa madya myang wasana | datan ana kaliwatan sawiji | dupi pramèswari prabu | myarsa sabdaning raka | asru ngungun panggalihira gêgêtun | ngrasa lamun manggih lêpat | mring raka sang sri bupati ||

91. anulya angaraspada | pramèswari matur angasih-asih | pun dasih tadhah bêbêndu | ing ngarsa padukendra | botên namung anyênyadhang sih pukulun | aksama paduka nata | pun dasih kalangkung sisip ||

92. sang nata aris ngandika | hèh ta nimas iku tan dadya kawis | wit iku sing karsaningsun | amung kinarya tăndha | pasaksène lamun kawignyan puniku | apa ta bangkit ngasorna | maring brana lawan picis ||

93. dangu dènira ngandikan | sri narendra lawan sang pramèswari | tan sagêd sare sang prabu | nulya wus wanci enjang | sri narendra mêdal sing dalêm kadhatun | tindak mring prabasuyasa | lênggah nèng kursi pribadi ||

94. nimbali abdi kapêdhak | datan dangu abdi kapêdhak prapti | sowan ngabyantara prabu | Yasaguna manêmbah | Sri Narendra Jarumaya ngandika rum | marmane hèh Yasaguna | sun timbali ngarsa mami ||

95. mêne sira ingsun duta | mring paglaran pinanggya paman patih | dhawuhna timbalan ingsun | lamun ari punika | ingsun datan siniwakèng sitiluhur | patih kinèn dhawuhana | maring kang samya sumiwi ||

96. kinèn prasamya bubaran | wusing rampung paman ingsun timbali | sowan ngabyantaraningsun | tumamèng dalêm pura | Yasaguna nêmbah sandika turipun | nulya mentar sing ngarsendra | mêdal saking dalêm puri ||

97. kawarnaa ing paglaran | sampun pêpak wadyabala anangkil | pra bupati

--- 102 ---

myang tumênggung | kya patih munggwing ngarsa | sampun samya sewaka nèng sitiluhur | kacarita lampahira | abdi kapêdhak wus prapti ||

98. wus panggih lan kyana patya | Yasaguna andhawuhakên nuli | dhawuh timbalan sang prabu | patih matur sandika | kyana patih nulya andhawuhkên gupuh | dhawuh timbalan sang nata | ambibarkên kang sumiwi ||

99. kabèh kang samya sumewa | dupi antuk timbalannya sang aji | nulya bibaran sadarum | samya mantuk mring wisma | amung kyana patih gya malbèng kadhatun | sowan ngarsa sri narendra | tan dangu nulya wus prapti ||

100. sang nata aris ngandika | marmanira paman ingsun timbali | praptèng ngabyantaraningsun | sun arsa paring warta | ingsun datan siniwakèng sitiluhur | wit ruwêd jro tyas manira | kang kalakon mau ratri ||

101. ênggone Si Kartimaya | malbèng pura angambil singsim mami | mangkana ta sang aprabu | dènira paring priksa | mring ki patya purwa myang wasana putus | tan ana kari sajuga | sang nata ngandika malih ||

102. paman patih kadiparan | pratingkahe Kartimaya puniki | mungguh saking panimbangmu | apa tan murang tata | dene ngantya wani marang jênêng ingsun | ngajak gêguyon maringwang | myang tindaknya datan yukti ||

103. rowangnya pinrih palastra | yèku nyata lamun ala tyasnèki | tan wêlas mring saminipun | ngrêmbug badan priyăngga | iku aran alaning ala satuhu | tan pantês winor ing kathah | hèh matura paman patih ||

104. kyana patih matur nêmbah | dhuh pukulun pêpundhèn amba gusti | paringa aksama agung | abdi dalêm kawula | kumapurun matur ing ngarsa sang prabu | ingkang makatên punika | sing pamanggih ulun gusti ||

105. punika tan murang tata | miwah purun dhatêng jêng sri bupati | tuwin sêmbranan [sêmbrana...]

--- 103 ---

[...n] puniku | angajak gêgujêngan | ingatasing kawula sru ajrihipun | mring ratu pêpundhènira | makatên sri narapati ||

106. de ngantya pun Kartimaya | kumapurun malêbêt dalêm puri | angambil singsim pukulun | pan sing dhawuh paduka | dene lamun pun Kartimaya puniku | tan bangkit ngambil kalpika | kagungan pukulun gusti ||

107. dhawuh dalêm sri narendra | Kartimaya tinigas jangganèki | yêkti awrat sanggènipun | ingkang dhawuh timbalan | sanadyana makatên ugi sang prabu | Kartimaya tan lênggana | nglaksanani dhawuh aji ||

108. wit karya pasaksènira | kasugihan punika kasor dening | kawignyan tanapi ngèlmu | nalar myang rekadaya | pan ing mangkya lamun rajabrana agung | têtela lamun kasoran | dening kawignyan myang ngèlmi ||

109. nalar miwah rekadaya | kang prayogi dahat amigunani | mring para janma sawêgung | tan wontên nimbangana | janma ingkang arsa sugih brana agung | tukira saking kawignyan | myang nalar ingkang prayogi ||

110. anjawi saking punika | andupara lamun janma kang wasis | kawignyan tanapi ngèlmu | amurang tatakrama | anglampahi ing tindak ingkang mrih dudu | miwah pandamêl kang nistha | sayêkti dipun singkiri ||

111. sang nata aris ngandika | paman iku panimbangmu pribadi | sru beda lan pamanggyèngsun | wus akèh saksènira | kabèh janma gêng alit samya kapencut | mring mas picis rajabrana | nadyan sujanma kang wêgig ||

112. putus mubarang kawignyan | nalar-nalar rekadaya myang ngèlmi | nglêngkara yèn tan kapencut | kapengin sugih brana | mara paman rasakna jroning atimu | sayêkti tan andupara | pamanggih ingsun pribadi ||

113. marmanira paman mangkya | lamun Kartimaya yun [yu...]

--- 104 ---

[...n] sowan mami | dhawuhna timbalan ingsun | mêngko sore prayoga | barêng lawan sira sowan ngarsaningsun | mêne paman wus kalilan | lèngsèr saking ngarsa mami ||

114. rêkyana patih manêmbah | nulya mentar sing ngarsa sri bupati | mêdal sing dalêm kadhatun | tan dangu sampun prapta | lampahira kya patih nèng ngalun-alun | duk samana Kartimaya | dènnya lumaksa wus prapti ||

115. wontên madyaning bacira | kyana patih awas dènnya ningali | anulya ingawe gupuh | Kartimaya duk mulat | gya marani mring gone sang mantringayun | kyana patih aris nabda | dhawuhkên timbalan aji ||

116. Kartimaya tur sandika | nulya wangsul andhèrèk mring ki patih | ing marga datan winuwus | wus praptèng kapatihan | patih lawan Kartimaya tata lungguh | wontên madyaning pandhapa | dangu pirêmbagan sami ||

117. dhatêng prayogining lampah | miwah dhatêng timbalan sri bupati | ywa ngantya manggih kang dudu | miwah bênduning nata | dènnya samya nglampahi timbalanipun | darapon manggya raharja | ing ngarsa sri nata mangkin ||

15. Sinom

1. duk samana wancinira | Hyang Bagaskara wus inggil | Kartimaya amit mentar | arsa mulih maring panti | kya patih anglilani | miwah sabdanira arum | kakang andum raharja | ywa manggya sakawis-kawis | botên namung donga-dinonga kewala ||

2. Kartimaya nulya mentar | sing ngarsanira kya patih | tan dangu wus praptèng wisma | ciptanira jroning ati | paran darunanèki | sun arsa sowan sang prabu | nulya tampi timbalan | karsanira sri bupati | mêngko sore kinèn sowan ngarsa nata ||

3. lan malih sri naranata | ing ari Rêspati iki | datan miyos sinewaka [sinewa...]

--- 105 ---

[...ka] | apa ta sêkêl ing galih | karana mau ratri | myang apa ta sang aprabu | lagya ngupaya budya | marganingsun manggya sisip | awit kasor pamanggihira sang nata ||

4. makatên panyiptanira | Kartimaya jroning ati | dadya tan eca ing driya | bok manggya bêndu sang aji | kang tan nganggo ginalih | mung nurut ardaning kalbu | têmah tampi pidana | tan karana manggya sisip | gantya ingkang winursita sri narendra ||

5. saungkurira ki patya | sang nata utusan abdi | animbali Ki Jalena | datan dangu sampun prapti | ngabyantara sang aji | sang nata ngandika arum | marmane kaki sira | sun timbali ngarsa mami | ingsun arsa tanya maring jênêngira ||

6. paran sing panimbangira | mungguh Kartimaya mangkin | wani-wani marang ingwang | ngajak sêmbranan mring mami | bangêt amêjanani | lah kaki sun paringi wruh | kang uwis kalampahan | duk ing ratri mau iki | sri narendra wêwarta mring Ki Jalena ||

7. purwa madya myang wasana | tan ana kari sawiji | sang nata malih ngandika | paran panimbangmu kaki | ywa sira walangati | matura ing ngarsaningsun | dupi Kyai Jalena | mirêng sabdaning narpati | dahat suka ing driya marwata suta ||

8. panyiptanirèng wardaya | kalamun sêdyaning ati | masthi bakal kasêmbadan | dera mrih Kartimaya nis | saking jroning nagari | kalêrêsan sang aprabu | ing sêmu sangêt duka | marang Kartimaya mangkin | sawusira ki nujum ngartikèng driya ||

9. nêmbah matur mring sang nata | pukulun sri narapati | kasinggihan dhawuh nata | datan wontên ingkang sisip | mapan punika yêkti | cundhuk lawan primbon ulun | nama ngèlmu wirasat | sayêkti [sayê...]

--- 106 ---

[...kti] datan nalisip | janma ingkang lir Kartimaya punika ||

10. tan kenging yèn pinilala | cinakêtakên narpati | musebat watêkanira | drêngki srèi myang muthakil | tuhu ambêbayani | wit Kartimaya puniku | nadyan wasis mubarang | kawignyan nalar myang ngèlmi | miwah rekadaya langkung sagêdira ||

11. ngantya bangkit malbèng pura | dhustha singsim sri bupati | măngka tan kirang panjaga | tanapi sri narapati | sampun prayitnèng wèsthi | ewadene jêng sri mulku | Kartimaya tan kewran | dènnya malbèng dalêm puri | miwah dènnya ngambil singsim padukendra ||

12. makatên ugi sang nata | yèn Kartimaya darbèni | tindak ingkang tan prayoga | nêdya nyidra sri bupati | sayêkti lamun gampil | wit sing rekadayanipun | mangkya panimbang amba | kajawi karsa jêng gusti | tinundhunga sing praja langkung prayoga ||

13. wit lamun datan mangkana | satuhu ambêbayani | ing têmbe pun Kartimaya | wimbuh kapurunannèki | mring kangjêng sri bupati | nandukkên tindak kang dudu | tamtu yèn Kartimaya | wasis ngirup mring pra janmi | wusnya kathah anulya samya balela ||

14. lan malih jêng sri pamasa | warăngka dalêm kya patih | saking pandugi kawula | mring Kartimaya ngrujuki | pramila sangêt gampil | nglampahi dhawuh sang prabu | mangkya lamun ki patya | maksih klilan malbèng puri | miwah klilan mêdal saking kapatihan ||

15. sanadyan pun Kartimaya | sampun tinundhung sing nagri | maksih sangêt gampilira | nandukkên tindak tan yukti | ingkang mutawatosi | dhatêng pukulun sang prabu | lamun tan kalêrêsan | têmah risak kang nagari | praja dalêm nagari Karangwidara ||

16. dupi sang nata miyarsa | Ki Jalena [Ja...]

--- 107 ---

[...lena] aturnèki | wêwadul angamandaka | dahat bramatya tan sipi | kêjod padoning lathi | aringas pasuryanipun | idêp mangada-ada | pratăndha sangêting runtik | sri narendra gya nimbali Yasaguna ||

17. tan dangu wus praptèng ngarsa | sang nata ngandika wêngis | hèh Yasaguna sun duta | sira lumakua aglis | katêmu paman patih | dhawuhna timbalan ingsun | mangkya si paman patya | datan kêna malbèng puri | lamun datan ana timbalan manira ||

18. myang tan kêna lunga-lunga | dene pakaryèng nagari | myang ruwêd-rêntênging praja | ingsun dhewe kang nylirani | yèn paman maksa wani | mêtu saking wismanipun | aywa atakon dosa | ingsun tigas jangganèki | Yasaguna nêmbah mentar sing ngarsendra ||

19. saungkure Yasaguna | sri narendra animbali | mantri gandhèk praptèng ngarsa | sri nata ngandika aris | hèh gandhèk ingsun tuding | dhawuhna timbalan ingsun | marang Si Kartimaya | akanthia kang prajurit | ingsun utus amundhut kalpikaningwang ||

20. wusira nulya dhawuhna | ing samêngko karsa mami | Kartimaya datan kêna | ngambah sajroning nagari | mangkata dina iki | de yèn ngantya kumapurun | ngambah jroning nagara | yêkti ingsun ukum pati | myang atêrna ing têpis iringing praja ||

21. mantri gandhèk nêmbah mentar | lèngsèr sing ngarsa sang aji | mêdal sing dalêm pura |[2] anganthi wadyabala tri | sang nata kang winarni | ngandika dhatêng ki nujum | mêne ki nujum sira | saking karsa jênêng mami | saban ari Rêspati tanapi Soma ||

22. sowana nèng sitibêntar | angrêmbug kèhing prakawis | Ki Jalena matur nêmbah | sandika dhawuh sang aji | sêmbah nuwun jêng gusti |

--- 108 ---

parimarma sang sri mulku | nata maringi sigra | brana atanapi picis | kyai nujum nêmbah mentar sing ngarsendra ||

23. mêdal saking dalêm pura | dahat suka jroning ati | nyipta tamtu kasêmbadan | dera mrih Kartimaya nis | saking jroning nagari | asru lêga jroning kalbu | samana lampahira | sampun praptèng wismanèki | kawarnaa lampahira Yasaguna ||

24. wus prapta ing kapatihan | panggya lan rêkyana patih | Yasaguna gya manabda | dhawuhkên timbalan aji | dupi rêkyana patih | tampi timbalan sang prabu | kagyat jroning wardaya | dhêlêg-dhêlêg datan angling | sru duhkita anglês wus datanpa daya ||

25. nyana lamun sri narendra | dahat dukanya tan sipi | kya patih nulya manabda | sandika dhawuh narpati | kula amung sadrêmi | dhèrèt[3] timbalan sang prabu | wusira Yasaguna | dhawuhkên timbalan aji | nulya amit mentar sing ngarsa ki patya ||

26. mangkana rêkyana patya | nyipta lamun manggya sisip | karana sing aturira | kasugihan kasor dening | kawignyan tuwin ngèlmi | wit nata sugih brana gung | myang kuwatosing driya | lamun Kartimaya manggih | kapidana kalangkung ing awratira ||

27. marma tan eca ing driya | mangkana ingkang winarni | lampahira gandhèk prapta | Kartimaya wismanèki | Kartimaya ningali | sru kagyat jroning tyasipun | gandhèk nulya manabda | dhawuhkên timbalan aji | kinèn mundhut kaplikanira sri nata ||

28. Kartimaya gurawalan | ngulungkên singsim sang aji | wusira tinampèn ngasta | gandhèk andhawuhkên malih | timbalan sri bupati | yèn Kartimaya tinundhung | Kartimaya duk myarsa | dhawuh timbalan narpati | lêngêr-lêngêr puwara matur sandika ||

29. gya ngatag mring rabinira | myang kabèh

--- 109 ---

isining panti | kinèn age asiyaga | rabinya kagyat tan sipi | sênggruk-sênggruk anangis | Kartimaya nabda arum | aywa sira mangkana | wit iku karsa narpati | datan kêna kawula yèn ambangkanga ||

30. wusira rampung siyaga | Kartimaya abêbisik | ririh mring Nitilukita | kinèn angaturi uning | dhatêng rêkyana patih | kabèh dhawuhnya sang prabu | myang asunga uninga | dhukuhan kang dèn dunungi | ngidul ngilèn sing praja Karangwidara ||

31. Gêbangsari wastanira | wusira têlas kang wangsit | Kartimaya tandya bidhal | kabèh saisining panti | tan ana kari siji | mung pandaya kang sru ewuh | winawa dening janma | punika tinilar sami | ingiringkên gandhèk sarta wadyabala ||

32. ngidul ngilèn lampahira | tantara nulya wus prapti | têpis iringing nagara | mantri gandhèk myang prajurit | ingkang samya angiring | sadaya anulya wangsul | malbèng jroning nagara | gandhèk laju lampahnèki | malbèng pura sarêng lawan Yasaguna ||

33. sowan byantarèng narendra | tur uninga mring sang aji | sasolahira dinuta | sang nata lêga ing galih | nulya ngandika aris | Yasaguna karsaningsun | wismane Kartimaya | supaya nulya jinagi | aywa ngantya ana kang owah sajuga ||

34. myang ywa dèn ênggèni janma | wit iku sangar kang siti | mangkya sira wus kalilan | mentar saking ngarsa mami | mangkana janma kalih | gya lèngsèr sing ngarsa prabu | mêdal sing dalêm pura | kunêng gantya kang winarni | lampahira Nitilukita wus prapta ||

35. kapatihan sampun panggya | kalawan rêkyana patih | kya patih aris ngandika | mara dèn kaparèng ngarsi | Nitilukita aglis | marêk wontên ngarsanipun | kya patih angandika | sira sowan ngarsa mami |

--- 110 ---

apa ana prakara ingkang wigatya ||

36. dene mung sira priyăngga | kakang mangkya anèng ngêndi | Nitilukita anulya | tur uninga mring kya patih | kabèh dhawuh narpati | purwa myang wasana putus | myang prênahe dhukuhan | kang arsa dipun dunungi | Gêbangsari wastanirèng padhukuhan ||

37. kya patih dupi miyarsa | dahat ngungun jroning galih | dêdukanira sang nata | mung nurut ardaning kapti | datan nganggo ginalih | apa saprayoganipun | amung ecaning driya | Kartimaya datan nganti | pinidana maring jêng sri naranata ||

38. kya patih aris ngandika | hèh Nitilukita mangkin | sira age sumusula | kakang maring Gêbangsari | sira sunga udani | mungguhing kaanan ingsun | mangkya tan kêna lunga | sing jro kapatihan iki | pan mangkono dhawuhnya sri naradipa ||

39. mangkene bae wêlingwang | yèn ana karya wigati | kakang kinèn akongkonan | wèh wêruh mring jênêng mami | nadyan sun datan kêni | mêtu saking wismaningsun | nanging manawa bisa | sung sarana kang prayogi | aturira Nitilukita sandika ||

40. kya patih maringi sigra | brana atanapi picis | kinèn maringakên marang | Kartimaya kadangnèki | samana sampun wanci | Hyang Bagaskara wus surup | Nitilukita mentar | sing ngarsanira kya patih | lumaksana mulih mring wisma priyăngga ||

41. tan dangu wus praptèng wisma | kawarnaa para murid | kang samya apuruhita | mring Kartimaya ing nguni | sampun myarsa wêwarti | yèn Kartimaya tinundhung | dening sang sri narendra | tan kenging wontên nagari | awit saking dènnya nglampahi timbalan ||

42. gya ngumpul mring wismanira | Nitilukita tumuli | pra siswa sagolong rêmbag | yun nusul mring Gêbangsari [Gêbang...]

--- 111 ---

[...sari] | mangkana para murid | sawêngi tan ana turu | nityasa arêrasan | kawarna wus wanci enjing | para siswa lan Nitilukita budhal ||

43. sigêg kang samya lumaksa | ya ta gantya kang winarni | lampahira Kartimaya | wusira antuk tri ari | anulya sampun prapti | maring kang sinêdyèng kalbu | Gêbangsari dhukuhan | wismanya sudaranèki | prênah sêpuh ipe lawan Kartimaya ||

44. lêlurahing padhukuhan | Nalasêtya wastanèki | dupi wrin sudaranira | prapta anèng wismanèki | dahat suka ing galih | wit dangu datan pinangguh | wusnya atata lênggah | Nalasêtya nabda aris | salaminya pun adhi datan pinanggya ||

45. punapa samya raharja | kakang dahat ngarsi-arsi | Kartimaya nulya nabda | inggih samyantuk basuki | tan wontên kawis-kawis | wit sing barkahing dewa gung | nanging mangkya kularsa | mring kakang asung pawarti | mêne kula sing karsanya sri narendra ||

46. kinèn kesah saking praja | Karangwidara nagari | dene kang dadya karana | sang nata bèncèng pamanggih | lawan rêkyana patih | dwi prakara kang rinêmbug | kasugyan lan kawignyan | pundi kang langkung utami | myang punika pundi ingkang luwih guna ||

47. migunani mring pra janma | sang nata kêkah ing galih | yèn kasugihan punika | datan ana kang nimbangi | de kawignyan myang ngèlmi | kasor dening brana agung | nanging rêkyana patya | kêkah mring kawignyannèki | kasugihan kasoran dening kawignyan ||

48. ngèlmu miwah rekadaya | sang nata gya mundhut saksi | kya patih matur sang nata | yèn kula sagah ngunjuki | ingkang dadya pasaksi | yèn kasugihan puniku | kasor dening kawignyan | nulya kula

--- 112 ---

dèn timbali | sowan wontên byantarèng sri naranata ||

49. pan mangkana Kartimaya | sung warta mring kadangnèki | purwa madya myang wasana | dupi Nalasêtya myarsi | langkung ngungun ing galih | puwara nulya nabda rum | mêne langkung prayoga | adhi wismaa nèng ngriki | padhukuhan ing Gêbangsari punika ||

50. ywa adhi rudah ing driya | wit sing karsèng sri bupati | tan karana manggya lêpat | mung nrimèng pasthèning dhiri | wit ratu iku yêkti | kuwasa karya bang biru | tan ana malangana | kabèh karsaning narpati | kontul dhandhang kawula manut kewala ||

16. Dhandhanggula

1. Kartimaya eca ing panggalih | nèng wismanya kadang ipe wrêda | Gêbangsari dhukuhane | mangkana kang winuwus | para janma kanan myang kering | dupi samya uninga | mring Kartimayèku | samya rêsêp ing wardaya | miwah tindak-tanduk patrapira bêcik | dhumatêng Kartimaya ||

2. samya darbe paminta tumuli | Kartimaya pinurih mêmulang | kagunan myang kawignyane | ngèlmu tanapi kawruh | amardia mring sutanèki | mangkana Kartimaya | suka jroning kalbu | kaparêngan ing tyasira | mring pamintanira janma kanan kering | kalampahan mêmulang ||

3. kacarita wusira tri ari | para siswa dènnya lumaksana | prapta ing padhukuhane | Gêbangsari puniku | Kartimaya kagyat ningali | praptane para siswa | kang samya tut pungkur | umiring Nitilukita | nulya samya lungguh madyaning pandhapi | Kartimaya manabda ||

4. hèh pra kănca-kancaningong sami | nusul marang Gêbangsari mangkya | apa karaharjan kabèh | pra siswa saur manuk | inggih sami manggya basuki | tan wontên kara-kara | barkahing dewa gung | Kartimaya malih nabda | apagene [apage...]

--- 113 ---

[...ne] sira nusul marang mami | paran ing karsanira ||

5. para siswa amangsuli manis | marma kula nusul mring paduka | pra siswa golong rêmbage | lamun sambadèng kalbu | pra siswanta nêdya tut wuri | dhatêng paduka mangkya | Gêbangsari dhukuh | kula tan sagêd kantuna | wontên praja Karangwidara nagari | nêdya dhèrèk paduka ||

6. Kartimaya nulya nabda malih | yèn mangkono iku karsanira | karyaa wisma nèng kene | para siswa sadarum | samya suka jroning tyasnèki | Nitilukita nulya | ngulungkên arta gung | tanapi alon lingira | pan punika pêparingira kya patih | pinaringkên paduka ||

7. kula sampun ngaturi udani | mring kya patih wêwangsit paduka | kya patih ngungun galihe | sêmu duhkitèng kalbu | tan adangu paring udani | mangkya rêkyana patya | sing karsa sang prabu | tan kalilan mêdal-mêdal | sing capuri kapatihan dalêmnèki | regol samya jinaga ||

8. mring pra wadyabala sri bupati | dene mênggah pusarèng nagara | kang ngasta ruwêd-rêntênge | gusti jêng sang aprabu | marma dahat putêking galih | sang nata sangêt duka | mring sang mantringayun | dupi Kartimaya myarsa | asru ngungun wardayanira tan sipi | mring bêndunirèng nata ||

9. kacarita tan antara lami | Kartimaya lawan para siswa | wontên Gêbangsari mangke | yun karya wismanipun | nging tan wontên panggenannèki | wit sampun kêbak wisma | tanna sêlanipun | pipit pêpêt pèt-êmpetan | akèh janma lyan desa kang samya ngalih | Gêbangsari dhukuhan ||

10. awit Nalasêtya langkung wasis | ngulah sawah nandur palawija | pratikêl wêkêl têtanèn | myang tindaknya rahayu | sabarang rèh kabèh

--- 114 ---

utami | marma kathah pra janma | rêsêp jroning kalbu | miwah sru sih trêsnanira | maring Nalasêtya lurah Gêbangsari | mangkana kawuwusa ||

11. Kartimaya lawan para murid | golong rêmbag arsa babad alas | ing kidul kilèn prênahe | lan padhukuhan wau | kathah janma samya umiring | tumut ababad wana | samana winuwus | dènnya samya babad alas | sampun antuk astha căndra winatawis | kèndêl dènira babad ||

12. gya cinithak kinarya sêsabin | myang kinarya padhukuhanira | Kartimaya lan siswane | miwah janma kang tumut | babad alas samya angalih | mring dhukuhan punika | mangkana winuwus | padhukuhan sinung nama | Gêbanganom de kang măngka lurahnèki | Kartimaya pribadya ||

13. kawarnaa padhukuhannèki | Gêbanganom langkung têntrêmira | datan wontên duskartine | ingkang angarubiru | tanêm tuwuh tinandur dadi | rapêt biyêt ngrêmbaka | kathah wêdalipun | wit saking pratikêlira | Kartimaya srêgêp dènira mêmardi | mring para rowangira ||

14. lawan malih pra mudha kang sami | puruita kawruh myang kagunan | pakaryan miwah têtanèn | wêwah ing kathahipun | marma kathah tampaning picis | tantara lama-lama | Kartimaya wau | dadya tiyang sugih băndha | datan kirang sandhang atanapi bukti | sênêng ing gêsangira ||

15. kunêng gantya winursita malih | sri narendra ing Karangwidara | wêwah dahat sih trêsnane | mring Ki Jalena nujum | sasat kabèh pakaryèng nagri | myang ruwêd-rêntêngira | pasrah mring ki nujum | mangkana Kyai Jalena | yayah kadya warăngka dalêm narpati | ngêrèh para bupatya ||

16. marma dahat suka ing tyasnèki | ambadhêdhêg sagunung anakan [a...]

--- 115 ---

[...nakan] | wit kabèh ing sakarêpe | tinurut mring sang prabu | măngka tindakira tan yukti | maring para kawula | adigang adigung | mung ngrêmbug badan priyăngga | saban ari ngupaya wêwahing picis | srana ngirup pra janma ||

17. para janma kang darbe prakawis | lamun datan asung arta kathah | nulya kinunjara bae | nadyan tan manggya luput | nging kalamun nulya sung picis | nadyan janma punika | agêng lêpatipun | tan ana kang pinidana | sarta kathah punggawa jroning nagari | linorod pangkatira ||

18. malah kathah ingkang dèn pocoti | linerenan saking pangkatira | sinantunan ing janmane | pêngung-pêngung sadarum | ingkang sugih brana myang picis | mung mrih kathah bêktinya | mring piyambakipun | dadya nujum Ki Jalena | datan lama wêwah kasugihannèki | tan wontên nyamènana ||

19. datan ngrêmbag têntrêming nagari | miwah dhatêng kuncaraning praja | marma risak nagarane | kathah begal myang pandung | jarah rayah tan darbe wêdi | kalangkung rêsahira | nir santosanipun | kawarnaa para janma | myang sudagar lyan praja tan ana wani | malbèng jroning nagara ||

20. para janma sajroning nagari | kathah ingkang pindhah liyan praja | angupaya pangungsène | mangkana sang aprabu | dadya dahat sêkêl ing galih | tantara lama-lama | wimbuh sêkêlipun | nulya kataman ing roga | sri narendra tandya utusan mring abdi | nimbali Ki Jalena ||

21. tan adangu Ki Jalena prapti | sowan ngabyantara sri narendra | sang nata alon sabdane | marmane hèh ki nujum | sun timbali ing ngarsa mami | mangkya manira dahat | sêkêl jroning kalbu | wit ingsun kataman roga | mara kaki upayakna mausadi | tanapi japa mantra [ma...]

--- 116 ---

[...ntra] ||

22. dene mungguh dadya srananèki | sakarsanta pira wragadira | jaluka juru gêdhonge | sira aywa pakewuh | nadyan akèh sirnaning picis | iku tan dadi ngapa | mung sing pamintèngsun | roga manira punika | paripurna pulih kadya wingi uni | tuwin karsa manira ||

23. atugura nèng jro dalêm puri | salamine sun anandhang roga | matêka pujamantrane | nêgês karsèng dewa gung | amintaa ayuning dhiri | ki nujum matur nêmbah | pukulun sang prabu | mênggah roga padukendra | ywa sumêlang panggalih dalêm narpati | sakêdhap nulya sirna ||

24. wit pun kaki sayêkti yèn sugih | jopa-japu puji puja-mantra | donga kalangkung kathahe | sadaya ampuh-ampuh | myang paningal kawula sidik | wrin mubarang prakara | kang sampun kapungkur | miwah dèrèng kalampahan | marmanipun paduka ywa walanggalih | dhumatêng abdi tuwan ||

25. Kyai Nujum Jalena tumuli | aparentah mring wadya kang jaga | kinèn ngupaya sranane | anèh-anèh sadarum | atanapi awis kang rêgi | mangkana Ki Jalena | rintên miwah dalu | matêk puji puja-mantra | wontên ngarsanira sang sri narapati | sarwi ambêsmi dupa ||

26. saji-saji saban dina ganti | marma kathah wêdaling branarta | kinarya tumbas sranane | miwah pangruktinipun | kawarnaa roga sang aji | sampun antuk sawarsa | saya wimbuh asru | sarira pindha kunarpa | wus tan bangkit wungu lênggah sri bupati | orêg jroning kadhatyan ||

27. garwa nata jêng sang pramèswari | sakalangkung sêkêl ing wardaya | lir rinujit panggalihe | saban ari amuwun | sanityasa waspa drês mijil | nèng ngarsa sri narendra | mangkana winuwus | karsanira

--- 117 ---

sri narendra | animbali maring pra ajar ing ardi | dhukun nujum prewangan ||

28. kathah ajar nujum ingkang prapti | sowan ngabyantarèng sri narendra | amatêk puja mantrane | asung usadanipun | gantya-gantya ing saban ari | nanging datanpa daya | puja mantranipun | usada datan tumama | malah wimbuh sru roga sang sri bupati | sariranya marlupa ||

29. kadya arsa nulya têkèng janji | sri narendra ciptaning wardaya | sampun sirna budayane | wit pra ajar myang nujum | tumbalira datanpa kardi | tumrap gêrah sang nata | gantya kang winuwus | wimbuh sru rêsahing praja | maling kècu durjana tiyang duskarti | rina wêngi ngrêrayah ||

30. awit para punggawèng nagari | datan ana bangkit ulah praja | mung ngrêmbug karêpe dhewe | gêblêgira kalangkung | têmah ratu liyan nagari | ingkang sami sumewa | nungkul mring sang prabu | wus samya sagolong rêmbag | datan arsa angunjukkên bulubêkti | malah nêdya balela ||

31. dhatêng Karangwidara Narpati | kawuwusa Prabu Jarumaya | wus miyarsa pawartane | kalamun para ratu | liyan praja sumêdya wani | wimbuh kêkês tyasira | ruwêd jroning kalbu | mangkana sri narapatya | jroning driya èngêt dhatêng kyana patih | gya nimbali kapêdhak ||

32. tan adangu kapêdhak wus prapti | sowan munggwing ngarsa sri narendra | sang nata alon sabdane | hèh kapêdhak sirèku | ingsun utus nimbali patih | barênga lakunira | sowan ngarsaningsun | kapêdhak nêmbah gya mentar | sing ngarsendra mêdal saking dalêm puri | sigra dènnya lumaksa ||

33. sampun prapta kapatihan panggih | cundhuk lawan Patih Dayayuda | kapêdhak dhawuhkên [dhawuhkê...]

--- 118 ---

[...n] age | timbalannya sang prabu | kyana patih dupi atampi | timbalan sri narendra | sru kagyat ing kalbu | wit panyiptaning wardaya | anglêngkara sang nata nimbali malih | dhatêng priyangganira ||

34. mêne nata karsa animbali | kinèn sowan malbèng dalêm pura | patih sandika ature | nging sru sandeyèng kalbu | wit kanyana sri narapati | wêwah bêbêndunira | mring piyambakipun | kya patih nulya siyaga | sawusira nulya sarêngan lumaris | tan kawarna ing marga ||

35. lampahira laju malbèng puri | kyana patih lawan Yasaguna | marêk sang nata ngarsane | kya patih munggwing ngayun | sakalangkung dènira ajrih | dupi sang nata mulat | dhatêng mantringayun | dahat karaosing driya | sri narendra sumêdhot jroning panggalih | ngraos ing sisipira ||

36. nulya muwun sang sri narapati | waspanira drês mijil sing netra | kèngêtan mring dêdukane | dhatêng kya patih asru | ingkang datan nganggo ginalih | mung nut ardaning driya | anulya kasingkur | têmahan manggya sungkawa | sri narendra puwara ngandika aris | lir mas timbul ing tirta ||

17. Maskumambang

1. marmanira paman patih sun timbali | anèng ngarsaningwang | ywa dadi kagyating ati | utawa pamikirira ||

2. ingsun dahat rumăngsa sru manggya sisip | paman marang sira | de ingsun tanpa pamikir | mung nurut ardaning driya ||

3. ngantya bangêt dukèngsun marang sirèki | amung sira paman | ywa ngantya dadi pamikir | agunga pangapuranta ||

4. aywa nganti paman darbe ika-iki | marang jênêng ingwang | dikaya ing sabannèki | gonira ngabdi manira ||

5. kyana patih nêmbah aturira aris | dhuh jêng sri narendra | pêpundhèn kawula gusti | ratu agung binathara ||

6. liyan praja [pra...]

--- 119 ---

[...ja] tan wontên ingkang nimbangi | pukulun sang nata | tuhu asih mring pra dasih | kawula kang kawlas-arsa ||

7. angapura mring dasih kang manggya sisip | miwah anggêganjar | dhatêng kawula gêng alit | dhuh pukulun sri narendra ||

8. abdi dalêm kawula tan pisan runtik | dhatêng padukendra | pukulun sri narapati | malah kawula mêminta ||

9. kang aksama dhatêng pukulun jêng gusti | abdi tuwan dahat | sakalangkung sruning sisip | dhumatêng gusti sang nata ||

10. amung mangkya kawularsa sung udani | yêkti padukendra | tan samar dhatêng pun dasih | miwah dhatêng pra kawula ||

11. sintên janma jinunjung dadya pêpatih | warăngka narendra | punika yêkti tan gampil | tanapi datan prayoga ||

12. sok tiyanga winisudha dadya patih | lamun makatêna | tamtu risak kang nagari | miwah tan tulus widada ||

13. mapan kêdah amilih janma kang wêgig | wasis ulah praja | tan kewran kèhing prakawis | ingkang têtêp adilira ||

14. sabarang rèh raharja ayu utami | myang ambêk susila | têtêp madhêp maring gusti | titi surti tyasnya tatag ||

15. myang sudira labda rèh mring kramaniti | tanapi anjaga | kasantosaning nagari | tuwin kaluhuran nata ||

16. datan amung ngrêmbag mring badan pribadi | mung mrih sugih brana | miwah sakecaning dhiri | makatên gusti sang nata ||

17. de patikbra mangkya lamun manggya sisip | amung anyênyadhang | lumunturing sih jêng gusti | mugi agung aksamendra ||

18. yèn sambada ing karsa dalêm narpati | mangkya rèhning amba | pan sampun lungse ing wanci | tan kiyat anambut karya ||

19. angladosi ing ngarsa dalêm jêng gusti | pakaryèng nagara | sumanggèng ngarsa narpati | dalêm sampun tan kuwawa ||

--- 120 ---

20. amba dahat kapengin martapèng wukir | sumungku mring dewa | mêndêng rèh kamuksan jati | dupi sang nata miyarsa ||

21. sru karănta rontang-ranting jroning galih | Prabu Jarumaya | puwara ngandika aris | hèh paman aywa mangkana ||

22. paman patih ywa akèh-akèh pinikir | kang uwis kalakyan | ywa dadi rêngating ati | iya ingsun ingkang lêpat ||

23. asru limut kalimput panggalih mami | nanging mangkya paman | saking karsa jênêng mami | tulusa ngabdi manira ||

24. dene mungguh kabèh pakaryèng nagari | sun pasrah mring sira | kadya saban duk ing nguni | kya patih nêmbah turira ||

25. yèn makatên gusti jêng sri narapati | sabda padukendra | ulun mung drêmi nglampahi | timbalan dalêm sadaya ||

26. pan kawula karya jêjimat sayêkti | pinundhi mastaka | nging paminta ulun mangkin | sadaya pra natapraja ||

27. ingkang sampun pinocot sing pangkatnèki | mugi kawisudha | dhatêng pangkatira malih | wit sing panimbang kawula ||

28. samya cêkap garapa karyèng nagari | tan wontên kuciwa | sadangunira angabdi | tan darbe manah durmala ||

29. sri narendra nulya angandika aris | ya sakarêpira | gwanira nata nagari | ingsun pasrah maring sira ||

30. nanging mêngko seje kang sun rêmbug patih | mungguh sliraningwang | kataman roga panastis | kadiparan karêpira ||

31. kèhing ajar nujum wus datanpa kardi | tumbal japa mantra | miwah kèhing mausadi | kabèh tan ana tumama ||

32. mêne saking karsaningsun paman patih | karya sayêmbara | sapa janma ingkang bangkit | maluyakake rogèngwang ||

33. ya sanadyan janmèku trahing wong cilik | pidak padarakan | sayêkti ingsun paringi | ganjaran [ganjara...]

--- 121 ---

[...n] branarta kathah ||

34. miwah ingsun ganjar siti sèwu kikil | kinarya pusaka | sun angkat dadya bupati | dene lamun datan bisa ||

35. ingsun tigas murdane nulya tinanjir | madyaning bacira | kinarya tontonan janmi | mara paman undhangêna ||

36. mring sakèhing janma sajroning nagari | myang jaba nagara | ywa kaliwatan sawiji | miwah sira anaria ||

37. para ajar nujum kang nèng ngarsa mami | bokmanawa ana | ingkang saguh anglakoni | maring sayêmbaraningwang ||

38. kyana patih nêmbah mentar sing ngarsa ji | dhawuhkên timbalan | mring pangagênging prajurit | kang tugur anèng paglaran ||

39. kang liningan sandika nulya miranti | kanthi wadya tiga | gya bidhal anitih wajik | midêr sajroning nagara ||

40. angundhangkên sayêmbaranya narpati | sarana têngara | bêndhe tinatap prajurit | munya ing samarga-marga ||

41. cingak sagung janma kang samya ningali | enggaling carita | wus kêmput jroning nagari | tuwin jawining nagara ||

42. kawarnaa rêkyana patih wus bali | malbèng dalêm pura | ngundhangkên sayêmbara ji | mring para nujum myang ajar ||

43. ingkang samya nèng ngarsanirèng narpati | mangkana pra ajar | myang nujum tan ana siji | ingkang saguh nglakonana ||

44. mung Ki Nujum Jalena ingkang nyagahi | dhasar ambêk guna | rumăngsa tanna nyamèni | sidiking paningalira ||

45. dhasar kanggêp wontên ngarsèng sri bupati | kabèh aturira | tinurut maring sang aji | dadya kêmajon tyasira ||

46. para ajar nujum gya lèngsèr tumuli | sing ngarsa narendra | Ki Nujum Jalena kari | wontên salêbêting pura ||

47. Ki Jalena tumandang matêk kang puji | japa puja mantra | donga balasrèwu tuwin | amasang kang tumbal-tumbal ||

48. kawarnaa gêrahnya

--- 122 ---

sri narapati | malah wimbuh dahad | mangkana wusnya sapta ri | sang nata nolih ki patya ||

49. tan adangu nulya angandika ririh | hèh paman samangkya | nujum cêkêlên tumuli | patrapana kang pidana ||

50. sarta kulawarganya tundhungên aglis | lunga saking praja | mangkata sadina iki | nulya paman lakonana ||

51. wit ki nujum dahat dènnya mêjanani | marang jênêng ingwang | ngaku paningalnya sidik | yêkti iku ngamandaka ||

52. mangkonèku saka karêpe pribadi | kaliwat duraka | wani goroh marang mami | hèh patih sira prentaha ||

53. mring sagunging para wadyabala mami | sapunggawanira | tumênggung tanapi mantri | miwah pra wadya sadaya ||

54. nyudukana mring nujum dèn kongsi mati | lamun wus palastra | tanjirên sirahe nuli | anèng madyaning bacira ||

55. kyana patih sandika nêmbah tumuli | ngirid Ki Jalena | lèngsèr sing ngarsa narpati | sapraptanirèng paseban ||

56. aparentah kadya timbalan narpati | tandya Ki Jalena | binusanan sarwa putih | binaktèng wringin sêngkêran ||

57. gya kinêpang sagunging para prajurit | mantri myang bupatya | miranti atap ing ngarsi | ingkang arsa tinêlasan ||

58. Ki Jalena têlas manahira atis | wus pinênthang-pênthang | pinanthêng-panthêng nyathinthing | anèng blabag kênthang-kênthang ||

59. ing bacira pênuh pra janma ningali | kya patih ngandika | Kyai Jalena sirèki | tămpa patrapan nagara ||

60. wus kabênêr kaukum lampus sirèki | gya para punggawa | sinasmitan gya nyuduki | nujum ajur raganira ||

61. Kyai Nujum Jalena sampun ngêmasi | nulya jangganira | kinêthok sirah tinanjir | wontên madyalaning bacira |[4]|

62. gêmbungira

--- 123 ---

kinubur jawining nagri | sagunging pra janma | ingkang samya aningali | têmahan dadya tuladha ||

63. wartanira warata ing sanagari | paukumanira | janma kang tindak tan yukti | manrang rèh maring duskarta ||

64. kawarnaa punggawa ingkang tinuding | nundhung warganira | ki nujum kesah sing nagri | kanthi wadyabala sapta ||

65. tan adangu lampahira sampun prapti | wismèng Ki Jalena | wus panggya lan ingkang rabi | miwah pra atmajanira ||

66. andhawuhkên timbalanira narpati | dupi Nyi Jalena | tampi timbalan sang aji | sru kagyat jroning wardaya ||

67. sênggruk-sênggruk Nyai Jalena anangis | langkung kawlasarsa | puwara anuli angling | kadiparan karsa nata ||

68. ngong tan dosa maring jêng sri narapati | mangkya kinèn kesah | tinundhung saking nagari | apa ta lakèngong[5] manggya ||

69. kaluputan gone ngabdi mring sang aji | gya Nyai Jalena | nabda mring utusan aji | paran karsa sri narendra ||

70. jêngandika ingutus sri narapati | nundhung dhatêng kula | kinèn kesah sing nagari | ambok dèn sarèh kewala ||

71. kula arsa wêling unjuk ngarsa aji | duta gya anyêntak | de yèn jêngandika mangkin | tan manut timbalan nata ||

72. kula rangkèt binêsta astanta kalih | lan pra atmajanta | kula rodapaksa aglis | binêktèng ngarsa narendra ||

73. jêngandi yêntyantuk ukuman pati |[6] rinampog ing wadya | dupi Nyi Jalena myarsi | kalangkung sru ajrihira ||

74. myang pra sutanira gumêtêr tyasnèki | nulya tata-tata | sadaya isining panti | tanapi rajabranarta ||

75. kinukutan tan ana kari sawiji | dèn êmot ing grobag | brana lawan artanèki | winot ing grobag [groba...]

--- 124 ---

[...g] sadaya ||

76. de busana miwah pandayèng jro panti | dadya astha grobag | nyata yèn ki nujum sugih | tan ana kang madhanana ||

77. nging pikantukira brana lawan picis | samantên kathahnya | dènnya manrang rèh tan yukti | tan pae janma duskarta ||

78. karya risak tata têntrêming nagari | santosaning praja | wus pantês ingukum pati | dhêndhaning wong laku durta ||

79. Nyi Jalena lawan pra atmajanèki | anulya budhalan | dhatêng satirahing ardi | Moria wismanya lama ||

80. asramane Ki Jalena duk ing nguni | ingiring pra wadya | duta sang sri narapati | praptèng watêsing nagara ||

81. kunêng ingkang antuk pidanèng narpati | mangkana winarna | kya patih malbèng jro puri | datan wontên kanthinira ||

18. Kinanthi

1. patih rina wêngi tugur | wontên ngarsa sri bupati | anujwa ari sajuga | sang nata ngandika aris | dhumatêng rêkyana patya | paran karêpira patih ||

2. mungguhing roga paningsun | sakathahing mausadi | jopa-japu puja mantra | tumbal-tumbal tanpa kardi | ing samêngko sira paman | angupayaa pribadi ||

3. kang dadya usadanipun | budidayaa pribadi | kabèh apa sakarsanta | ingsun pasrah mring sirèki | kyana patih matur nêmbah | pukulun jêng sri bupati ||

4. lamun sambada ing kalbu | pun Kartimaya prayogi | tinimbalan sowan ngarsa | manawi punika bangkit | mulasara gêrah nata | myang ngupaya mausadi ||

5. wit saking pamawang ulun | Kartimaya duk ing nguni | kathah janma minta sraya | pinurih angusadani | mring janma kang nandhang roga | nulya sirna kang sêsakit ||

6. nyata Kartimaya wau | kajawi wasis mring ngèlmi | kawignyan myang

--- 125 ---

rekadaya | ngèlmu dhukun ugi bangkit | tan sarana puja mantra | tumbal-tumbal datan mawi ||

7. mung sing budidayanipun | myang panggulawênthahnèki | yèn dhahar atur kawula | bokmanawi sri bupati | tan lama nulya waluya | roga dalêm jêng dewa ji ||

8. sang nata ngandika arum | lamun mangkono prayogi | sun manut karsanta paman | nging samêngko anèng ngêndi | unggwane Si Kartimaya | apa ta sira udani ||

9. kyana patih nêmbah matur | amba mirêng wartosnèki | samangke pun Kartimaya | wontên dhukuh Gêbangsari | kidul kilèn prênahira | saking praja dalêm ngriki ||

10. tri ari lampahanipun | sang nata ngandika aris | yèn wus têtela gènira | nulya utusana aglis | Kyana Patih Dayayuda | sandika nêmbah tumuli ||

11. lèngsèr sing ngarsa sang prabu | sapraptaning păncaniti | kyana patih aparentah | kadya timbalan narpati | dhumatêng Ki Wirayuda | pangarsanirèng prajurit ||

12. kang liningan gupuh-gupuh | siyaga dêdamêlnèki | tantara nulya budhal |[7] akanthi wadyabala tri | pan ginêlak lampahira | tan kawarna wontên margi ||

13. watara tri ari sampun | praptèng dhukuh Gêbangsari | jujug dhatêng wismanira | lêlurahing Gêbangsari | Nalasêtya langkung kagyat | dhinatêngan pra prajurit ||

14. Wirayuda tanya gupuh | kisanak ywa salah tampi | kula mung arsa têtanya | Kartimaya wismanèki | mangkya kularsa pinanggya | wontên prêlunipun kêdhik ||

15. Nalasêtya gupuh-gupuh | Wirayuda dipun irid | mring Gêbanganom dhukuhan | tan adangu sampun prapti | wismanira Kartimaya | sru kagyat Kartimaya wrin ||

16. praptane wadya sang prabu | Wirayuda nabda ris |[8] dhawuhkên timbalan nata | jêngandika dèn timbali | Sri

--- 126 ---

Nata Karangwidara | sarêng lampah kula mangkin ||

17. Kartimaya nulya muwus | kapundhi timbalan aji | kula sakalangkung bingah | nging mangkya kula tan bangkit | nglampahi timbalan nata | wus sakeca wontên ngriki ||

18. kula tan kapengin wangsul | manggèn salêbêting nagri | miwah kula mangkya datan | kawêngku dhatêng narpati | nata ing Karangwidara | mêne dadak animbali ||

19. mangkya jêngandika wangsul | umatur sri narapati | sadaya sing atur kula | dupi Wirayuda myarsi | nulya amangsuli sabda | kisanak ywa salah tampi ||

20. myang aywa sandeyèng kalbu | tinimbalan sri bupati | karsanira sri narendra | mapan amung amrih bêcik | ing mangke sang mantri wrêda | pulih kadya wingi uni ||

21. mênggah pakaryèng kadhatun | miwah pakaryèng nagari | pinasrahakên sadaya | warăngka dalêm kya patih | marma jêngandika mangkya | aywa sumêlang ing galih ||

22. mêne Ki Jalena lampus | pinidana mring sang aji | wit dening kumênthusira | ngakên paningalnya sidik | têmah sarêng sri narendra | kataman roga bêntèrtis ||

23. srana puja mantranipun | tan wontên ingkang ngudhili | kèhing nujum miwah ajar | sadaya datanpa kardi | nata nulya sayêmbara | sintên janma ingkang bangkit ||

24. maluyakkên gêrahipun | ginanjar brana lan picis | tanapi ginanjar sawah | wiyaripun sèwu kikil | dene lamun datan bisa | tinigas jangganya nuli ||

25. para ajar miwah nujum | tan wontên ingkang nyagahi | amung nujum Ki Jalena | rumăngsa tan ana nyami | kumênthus ambêk gumuna | nanging maksa tanpa kardi ||

26. gya tinigas jangganipun | sirahnya nulya tinanjir | wontên madyaning bacira | kinarya

--- 127 ---

tingalan janmi | sapraja Karangwidara | mangkya têntrêm kang nagari ||

27. Kartimaya duk angrungu | Wirayuda sabdanèki | anulya datan lênggana | siyaga budhal tumuli | sêsarêngan lampahira | ginêlak dènnya lumaris ||

28. datan kawarna ing ênu | tri ari nulya wus prapti | wontên madyaning paglaran | Kartimaya kandhêg margi | Wirayuda malbèng pura | sowan byantara sang aji ||

29. tur uninga mring sang prabu | sasolahira tinuding | sri narendra angandika | mêne Kartimaya aglis | timbalana ngarsaningwang | tumamèng jro dalêm puri ||

30. Wirayuda nêmbah mundur | sapraptaning păncaniti | andhawuhkên kang timbalan | Kartimaya nulya manjing | dèn irid Ki Wirayuda | sowan ngarsa sri bupati ||

31. sang nata ngandika arum | hèh Kartimaya ing mangkin | aywa sandeyaning driya | sun timbali ngarsa mami | myang ywa dadi runtikira | kang uwis aywa pinikir ||

32. iya manira kang luput | marma sira sun timbali | Kartimaya matur nêmbah | pangandika dalêm gusti | kapundhi kalinggamurda | ulun mung drêmi nglampahi ||

33. sadaya dhawuh pukulun | amba tan lêngganèng kapti | tanna mung amba mêminta | pangaksama gunging sisip | sri narendra angandika | kabèh kang uwis ya uwis ||

34. iku aywa sira rêmbug | de mangkya sing karsa mami | sun minta sraya mring sira | mungguh roganingsun iki | upayakna srananira | mrih nulya waluya jati ||

35. Kartimaya nêmbah matur | kawula darmi nglampahi | timbalan dalêm sang nata | bokmanawi amba bangkit | ambudi ngruruh usada | kinarya sarananèki ||

36. sang nata ngandika karum |[9] ya sakarsanta pribadi | ingsun mung manut kewala | nadyan pait miwah

--- 128 ---

gêtir | anggêre sariraningwang | pulih kadya wingi uni ||

37. ya ta Kartimaya gupuh | amatah mring para abdi | kinèn samya angupaya | kang kinarya mausadi | ron lêgundhi sandilata | miwah adas pulasari ||

38. tan dangu samaktèng ngayun | sadaya nulya rinukti | ginodhog dadya sajuga | wusira tandya dèn iling | ingêsok cangkir kancana | kinarya loloh sang aji ||

39. sampeyanira sang prabu | sontên atanapi enjing | dèn rêndhêm pangaron rukma | ingkang sampun isi warih | mangêt-mangêt tirtanira | winoran cokak sakêdhik ||

40. sarêm tuwin lăndha awu | bubukan banon sajimpit | babakan oyod kalenthang | kabèh winor dadi siji | wontên pangaron kêncana | mangkana usadanèki ||

41. kamar pasareanipun | saban sontên miwah enjing | kinutugan ing walirang | lawan ron tanjung binasmi | murih brêsihkên swasana | têmah anyêgêrkên dhiri ||

42. kathah rekadayanipun | bêcik-bêcik migunani | tumrap roga sri narendra | sing ngèlmu kawignyannèki | têmah roga sri bupatya | suda-suda saban ari ||

43. tri căndra watawisipun | waluya gêrah narpati | pulih kadya sabanira | sang nata suka tan sipi | Kartimaya gya ginanjar | brana atanapi picis ||

44. kalangkung ing kathahipun | miwah sabin sèwu kikil | jinunjung dadya bupatya | myang kinèn wisma nagari | dhatêng wismanira lama | ingkang sampun dèn dandosi ||

45. pinandara sri kalangkung | sadaya tan nguciwani | myang prênahing wismanira | anèng satirahing margi | pantês wismaning bupatya | sangkêp uparêngganèki ||

46. enggaling carita sampun | Kartimaya [Kar...]

--- 129 ---

[...timaya] amboyongi | garwa miwah pra atmaja | wangsul mring jroning nagari | praja ing Karangwidara | kasmaran kang aningali ||

19. Asmaradana

1. kawarnaa para murid | tan ana kang atut wuntat | kantun nèng padhukuhane | ing Gêbanganom sadaya | dene ingkang gumantya | lurah padhukuhanipun | pra siswa sagolong rêmbag ||

2. Nitilukita pinilih | ya ta gantya winursita | sang nata langkung asihe | mring Kya Patih Dayayuda | miwah mring Kartimaya | kêrêp tumamèng kadhatun | tinimbalan sri narendra ||

3. ngandikan kèhing prakawis | ngèlmu-ngèlmu myang kawignyan | ngrêmbag murih prayogane | sabarang rèhing nagara | aywa nganti kuciwa | tumrap kawula sadarum | mrih ayêm têntrêming driya ||

4. mangkana ingkang winarni | nagri ing Karangwidara | sarêng pakaryèng prajane | ingasta mring mantri wrêda | Kya Patih Dayayuda | myang sing budidayanipun | Ki Tumênggung Kartimaya ||

5. pulih kadya wingi uni | janma ingkang laku durta | maling begal sirna kabèh | dahat kêkês mirisira | katrêsan sru amaras | sirna larut budinipun | têmahan karta raharja ||

6. miwah punggawèng nagari | ingkang bodho tanpa nalar | tan adarbe kawignyane | mung ngrêmbag badan priyăngga | mung mrih wêwahing brana | tan bangkit mring wajibipun | samya linungsur pangkatnya ||

7. ginantenan pra sujanmi | kang putus maring kawignyan | nalar-nalar sakabèhe | bèr budyambêk susilarja | labda karyèng nagara | marma pulih têntrêmipun | gêmah ripah kang nagara ||

8. ya ta kawarnaa malih | para ratu liyan praja | wus miyarsa pawartane | lamun Patih Dayayuda | pan sampun tinimbalan | kalilan [kali...]

--- 130 ---

[...lan] malbèng kadhatun | ngasta pakaryèng nagara ||

9. kadya saban duk ing nguni | têmah nir tyasnya durmala | tan nêdya balela manèh | wangsul kadya sabanira | dera nungkul sang nata | Karangwidara Sang Prabu | nahên gantya winursita ||

10. anujwa sajuga ari | karsanira sri narendra | tindak ngubêngi purane | wit sampun langkung sawarsa | anèng jro dalêm pura | mangkana ingkang winuwus | tindaknya sri narapatya ||

11. praptèng gêdhong branarta di | sang nata nimbali sigra | mring abdi juru gêdhonge | tan adangu praptèng ngarsa | sang nata angandika | wêngakna ingsun arsa wruh | isine gêdhong punika ||

12. jru gêdhong nêmbah nulya glis | korining gêdhong binuka | tri gêdhong wus suwêng kabèh | tan ana kari sajuga | de gêdhong juganira | mung kantun sapalihipun | rajabrana miwah arta ||

13. dupi sang nata udani | sru kagyat panggalihira | nulya sru pangandikane | hèh jru gêdhong kadiparan | sirnaning rajabrana | ngantya kèhira kalangkung | tri gêdhong têlas sadaya ||

14. mung kari gêdhong sapalih | kang isi rajabranarta | iku dahat duparane | hèh juru gêdhong matura | mungguhing sirnanira | jru gêdhong nêmbah umatur | dhuh pukulun sri narendra ||

15. tan wontên sajuga janmi | ingkang purun ngambilana | mring brana miwah picise | kagungan sri naranata | miwah amba pribadya | dahat asru ajrih ulun | nadyan mung gêpok kewala ||

16. yèn tan dhinawuhan gusti | kajawi abdi paduka | Kyai Jalena jênate | kang ngambili brana arta | kagungan naranata | ing sakajêng-kajêngipun | amba tan purun mênggaka ||

17. wit Kyai Jalena nguni | pinitayèng jêng paduka | marmamba amung andhèrèk | sakarsanya

--- 131 ---

Ki Jalena | saking panyipta amba | sadaya karsaning nujum | tamtu yèn têrang karsendra ||

18. jru gêdhong ngunjukkên aglis | sêrat pêpèngêtanira | lêbêt wêdaling picise | miwah kèhing rajabrana | dupi sang nata mirsa | kathah wêdaling brana gung | ingambil mring Ki Jalena ||

19. sru ngungun jroning panggalih | myang dahat piduwungira | dera ngabdèkkên nujume | kaliwat ambêk durmala | manrang rèh laku durta | kumênthusira kalangkung | ngaku wruh barang pratingkah ||

20. amung lêganing panggalih | dene nujum Ki Jalena | wus tinrapan ing ukume | angantya têkèng pralaya | sang nata gya utusan | animbali mantringayun | miwah dhatêng Kartimaya ||

21. tan dangu wus praptèng ngarsi | patih lawan Kartimaya | sang nata alon sabdane | hèh patih lan Kartimaya | marmane sira padha | sun timbali ngarsaningsun | paran rêmbugira samya ||

22. de branartaningsun mangkin | akèh bangêt sirnanira | tri gêdhong tan ana kabèh | ingambil mring Ki Jalena | paran rekane baya | angupaya pulihipun | wit brana langkung kathahnya ||

23. kajaba mangkono patih | ki nujum iku kaliwat | dahat duskarta ambêke | sasuwene anèng praja | nyêkêl karyèng nagara | karya risak prajaningsun | myang sun wus mirêng pawarta ||

24. lamun ratu liyan nagri | kang nungkul mring ngarsaningwang | sumêdya balela kabèh | mangkya paran budinira | Kya Patih Dayayuda | anulya nêmbah umatur | dhuh gusti sri naranata ||

25. abdi dalêm kumawani | matur ing ngarsa paduka | kalamun wontên sisipe | tan lyan mung nyuwun aksama | ing ngarsa dalêm nata | sang nata malih nabda rum | iya paman umatura ||

--- 132 ---

26. kyana patih angênjali | gya matur ngarsa sang nata | makatên gusti yaktine | pan kasugihan punika | kasor dening kawignyan | rekadaya miwah ngèlmu | myang nalar ingkang prayoga ||

27. mapan têtela jêng gusti | ingkang sampun kalampahan | Ki Jalena pakartine | dahat manrang rèh duskarta | sadaya wicaranya | kumênthus digang adigung | yaktinya angamandaka ||

28. ngakên paningalnya sidik | wikan sabarang pratingkah | ingkang sampun miwah dèrèng | sarta sugih donga-donga | tyang ingkang arsa mulya | kabêgyan sasaminipun | atanapi palarisan ||

29. rajah jêjimatan tuwin | kadigdayan kanuragan | sadaya darbe ngèlmune | jopa-japu puja mantra | ngusadani tyang roga | tuju tuwin ngèlmu tênung | nanging punika sadaya ||

30. ngèlmu panggorohan yêkti | langkung dahat andupara | mung karya ngirup janmane | kang pêngung tan darbe nalar | myang tan darbe kawignyan | têmah kathah samya kelut | pruhita mring pyambakira ||

31. myang madhukun nêdha sugih | rajabrana miwah arta | myang dhawahing kabêgyane | marma Ki Nujum Jalena | kathah tampining arta | tanapi rajabrana gung | mung punika pamrihira ||

32. beda lan janma kang wêgig | putus saliring kawignyan | nalar myang rekadayane | kawruh kang langkung prayoga | tamtu datan mangkana | sayêkti amung gumuyu | yèn wikan janma kadyèka ||

33. wit tan pinanggih ing budi | nyêbal saking nalar-nalar | tuwin sing rekadayane | de mênggah katranganira | dwi prakawis punika | nguni amba sampun munjuk | ing ngarsa paduka nata ||

34. tanapi kang dadya saksi | mapan sampun kalampahan | sadaya rekadayane | abdi dalêm [da...]

--- 133 ---

[...lêm] Kartimaya | ingkang angunjukana | dhumatêng gusti sang prabu | kajawi saksi punika ||

35. wontên saksènipun malih | praja dalêm sri narendra | ing nguni praptèng samangke | duk pakaryaning nagara | cinêpêng Ki Jalena | kadiparan wontênipun | pukulun mirsa pribadya ||

36. sang nata ngandika aris | iya paman tyas manira | mapan wus tumanggap kabèh | sun condhong lan aturira | miwah Si Kartimaya | tumanjêm mring tyasmaningsun | tuhu kalamun mangkana ||

37. kasugihan branarta di | kasor dening nalar-nalar | kawignyan rekadayane | ingkang bêcik lan prayoga | dene samêngko paman | kadiparan pirêmbugmu | mungguh pra ratu lyan praja ||

38. kang nungkul mring jênêng mami | samangkya arsa andaga | wani mring manira kabèh | kyana patih matur nêmbah | pukulun sri narendra | amba mirêng wartosipun | sasirnaning Ki Jalena ||

39. pra ratu ing liyan nagri | mêndha derarsa andaga | sirnèng tyas mring durmalane | dupi sang nata miyarsa | ature mantri wrêda | panggalihira sang prabu | suka amarwata suta ||

40. sri narendra dhawuh aglis | jru gêdhong kinèn nguncia | sadaya kori gêdhonge | sang nata gya malbèng pura | Kya Patih Dayayuda | lan Kartimaya tut pungkur | dhèrèk malbèng dalêm pura ||

41. sang nata lênggah ing kursi | kya patih sowan ing ngarsa | Kartimaya nèng kiwane | sang nata dahat sihira | dhatêng rêkyana patya | miwah Kartimaya wau | mangkana sri narapatya ||

42. kathah-kathah sabdanèki | mring patih lan Kartimaya | mrih tata têntrêm prajane | ngantya dangu sri narendra | dènnya samya ngandikan | tantara sang mantringayun | myang Kartimaya [Kar...]

--- 134 ---

[...timaya] kalilan ||

43. lèngsèr sing ngarsa sang aji | kya patih lan Kartimaya | sarêngan nêmbah gya lèngsèr | mêdal saking dalêm pura | mantuk asowang-sowang | kawarnaa sang aprabu | èngêt tyas mring kapandhitan ||

44. gung asih mring para dasih | kêrtarta aparikrama | tanapi gung dêdanane | pulih kadya duk ing kuna | marma para kawula | têmahan samya asuyut | jrih asih mring sri narendra ||

45. pra ratu liyan nagari | dènnya ngaturkên branarta | kinarya bulubêktine | wimbuh langkung kathahira | dadya Sri Jarumaya | pulih kasugihanipun | êmas picis rajabrana ||

46. sang nata dhêdhawuh nuli | kinèn yasa pawiyatan | kinarya mulang pra rare | Kartimaya dhinawuhan | matah-matah pra janma | kang sampun wasis ing kawruh | kawignyan sarta kagunan ||

47. ngèlmu-ngèlmu kang prayogi | mangkana enggaling kata | nulya wus samakta kabèh | sadaya pra rare mudha | pinardi mring kawignyan | tan antara dangu-dangu | pra mudha Karangwidara ||

48. kathah ingkang sampun wêgig | putus saliring kawignyan | kagunan myang pakaryane | marmanira lama-lama | nagri Karangwidara | kabèh sawêwêngkonipun | wimbuh karta myang raharja ||

49. dadya pangungsèning janmi | ngêrda pra nangkoda prapta | saking ing liyan prajane | aringing tyas têmah samya | mardi papan awisma | turut tirahing marga gung | kêmput praptèng jawi kitha ||

50. datan ana sêlanèki | pêpêk ingkang nambut karya | mala maling sirna kabèh | prabawaning pangadilan | kontab kotamanira | Sri Karangwidara Prabu | kêrtartambêk susilarja ||

51. de mungguh titikannèki | para punggawèng narendra |

--- 135 ---

racak samya bèr budine | tatas putus ing wêweka | têtês saliring sabda | sêtyatuhu mring sang prabu | yèku tandhaning kêrtarja ||

52. titi panitraning tulis | amarêngi ari Sukra | Manis Ramêlan wulane | tanggal kaping kalih wêlas | Alip etanging warsa | Jawi sèwu wolung atus | kawan dasa langkung tiga |[10]|

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

KARTIMAJA

DOOR
M. Adisoesastra

TE
Djokdjakarta
1917

INDONESISCHE DRUKKERIJ
WELTEVREDEN

 


Lebih satu suku kata: dahat lêga rasaning pikir mami. (kembali)
Kurang satu suku kata: mêdal saking dalêm pura. (kembali)
dhèrèk. (kembali)
Lebih satu suku kata: wontên madyaning bacira. (kembali)
lakingong. (kembali)
Kurang satu suku kata: jêngandika yêktyantuk ukuman pati. (kembali)
Kurang satu suku kata: tantara nulya budhalan. (kembali)
Kurang satu suku kata: Wirayuda nabda aris. (kembali)
arum. (kembali)
10 Tanggal: Sukra Manis (Jumungah Lêgi) kalih wêlas (12) Ramêlan (Pasa) Alip: sèwu wolung atus kawan dasa langkung tiga (AJ 1843). Tanggal Masehi: Jumat 15 Agustus 1913. (kembali)