Salokantara, Pigeaud, 1953, #1401

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Salokantara

1. Dhandhanggula

1. panitraning sasmita marêngi | Buda Manis tanggal kaping astha | Sura kapat ing mangsane | anuju wuku Dhukut | taun Alip dèn sangkalani | trus sabda pandhitèngrat |[1][2] kang pinurwèng têmbung | nagari ing Lokantara | kang umadêg nama Prabu Darmapati | ratwambêk pinandhita ||

2. cinarita darbe putri kalih | maksih kênya samyayu utama |

--- 3: 214 ---

miyos saking padêmine | putra ampeyan agung | pambajênge sira Sang Dèwi | Susilawati nama | nênggih arinipun | Darmawati panêngrannya | sori nata ri wusing pêputra kalih | tan lulus lajêng seda ||

3. sri narendra tan akrama malih | saking dene kacangkol ing putra | ngêmungkên garwa pangrêmbe | nanging sira sang prabu | sakalangkung asih mring siwi | ingêmong sakarsanya | sasolah dèn ugung | wit tan darbe putra priya | kang sayogya gumanti madêg narpati | dadya Rêtna Susila ||

4. kang ginadhang-gadhang dadi wiji | putri adi kasub pramudita |

--- 3: 215 ---

Slokantara tanpa ondhe | cinăndra warninipun | dêdêg srêntêg amilangoni | rema kêtêl tur panjang | ngăndra wela lurus | larapan lètèr warata | grana rungih thi-athi turut apirit | pêparadan ing karna ||

5. netra lindri tajêm masopati | idêp dêkung alis roning imba | sumambung otot wilise | atêpung adu ujung | karna madya kêngkêng atipis | pipi pêpêk ngalela | asengoh marusuh | wang janggut kadya jinăngka | tutuk dhamis kang lathi gula sathêmplik | mêngês masêmu rêkta ||

6. kang wêdana lêkêr mindha sasi | kalanira sêdhênging purnama |

--- 3: 216 ---

sumêblak sêmu lawêne | jăngga kêkêr aturut | lan midhangan wêlar rêspati | bongoh kang payudara | wonga-wonga nguwung | wêwêngkon wêwêg warata | sauruting kulit anyapaka gadhing | pada kadya ginrinda ||

7. pamulune manis asmu wingit | tur jatmika akaduk pasaja | limpat pasang graitane | busana sarwa mungguh | yèn ngandika amêrak ati | lampah glenoh sêmbada | rêsêp kang andulu | pambêkan mêngku balaba | mring santana asih mring dasih kaswasih | tuhu putri utama ||

8. kathah para putraning narpati | myang satriya ingkang măncapraja |

--- 3: 217 ---

samya ngêbun-êbun sore | mangkana ta sang ayu | sabên-sabên tinari krami | mring rama sru lênggana | wit dèrèng panuju | sangadi momong sarira | maksih mudha dèrèng sagêd anglampahi | awêrit karsanira ||

9. sawadine kang tinêdhèng batin | nadyan krama mugi ta angsala | ingkang kadya pangèsthine | tan amrih warna bagus | sugih brana wibawa mukti | mung milih sinatriya | trahing băngsa luhur | kang mahambêk sadu dibya | măndraguna wirotama ing ajurit | krêtarta dadya sraya ||

10. marma tansah wagugên ing galih | sri narendra wruh sêmuning putra |

--- 3: 218 ---

lumuh misesa karsane | saking gênging sihipun | lan tan samar watêking siwi | amung sandeyèng nala | sira sang aprabu | sadaya para narendra | myang satriya kang samya minta sang putri | èwêd gèn mangsulana ||

11. binalaka datan wurung dadi | aprang rame nagri Lokantara | sayêkti akèh mungsuhe | wasana sang aprabu | minta sraya narendra luwih | nagri gêng ing Sidyana | bisikaning Ratu | Sri Maha Dibya Sumbaga | sugih bala prakosèng prang surasêkti | kang sagah nanggulanga ||

12. duk miyarsa satriya paraji | ingkang samya minta sang lir rêtna |

--- 3: 219 ---

Sri Darmapati srayane | rêp-rêp sirêp atakut | tan anyipta amurwèng jurit | wêkasan amiluta | mamèt ing tyasipun | sanadyan tan katampana | panglamare amung nêdya abadhami | luluse dadi mitra ||

13. têmah lami sang dyah tan akrami | ingkang rama pan anggung sungkawa | mangke lalu diwasane | mangkana ta winuwus | sang kusuma rêsmining puri | prapta wiyoganira | ati bra mangun kung | kathah karaos ing nala | dene sira atmaja sêpuh pribadi | misesa jroning pura ||

14. măngka pandam lan pangaubaning | para kadang tuwin pra santana |

--- 3: 220 ---

sapraja Lokantarane | lan malih pra rinipun | kathah sampun nêdhêng birahi | wus samyantuk pacangan | dadya mandhêg mangu | kapalang sariranira | durung krama marma sangsaya ngranuhi | atajin dhahar nendra ||

15. kawimbuhan panggagasing galih | ingkang rama wus sêpuh kang yuswa | dene mangke tan adarbe | sudara nunggil ibu | priya ingkang sayogya benjing | gumanti Lokantara | sang kusumaning rum | sarira sampun rumasa | nadyan wajib pira kadaring pawèstri | tuna pangrèhing praja ||

16. sru karantan karănta rêntênging | ruditèng tyas drawaya kang waspa |

--- 3: 221 ---

amêwês ing sarirane | sang dyah niba ing kasur | sumpêk sêsêk sumungkêm guling | yayah kadya murcita | murca atmanipun | ing wanci satêngah tiga | dalu wungu pungun-pungun animbali | kêkalih cèthinira ||

2. Kinanthi

1. Ni Wasita wastanipun | kalawan Ni Mbok Sudati | ngandika kusumèng pura | biyang wayah apa iki | Ni Sudati matur nêmbah | katilêman kula gusti ||

2. botên pirsa wancinipun | tanya mring kancanirèki | hèh Wasita wayah apa | manawa sira udani |

--- 3: 222 ---

sumaur Nyai Wasita | padha uga lan sirèki ||

3. sasuwene ingsun mau | amêlèk dhakon pribadi | nuli turu layap-layap | sakêdhap têka angimpi | anèh têmên impèningwang | baya wahanane bêcik ||

4. sang rêtna têtanya arum | apa sira gunêm sami | Wasita matur anêmbah | kawula supêna gusti | angling malih sang kusuma | Sudati tanggapên aglis ||

5. apa ta ing impènipun | sandika Nyai Sudati | ngatag marang Ni Wasita | payo tuturna tumuli | sun rungokne kang pratela | Wasita ngling gonku ngimpi ||

--- 3: 223 ---

6. katone jêng sang aprabu | lênggah anèng ing pandhapi | lawan gustiku sang rêtna | ingayap parêkan cèthi | sang dyah mungkur dènnya lênggah | kang rama megos sakêdhik ||

7. nuli ana kukus rawuh | kumêbul saking ing jawi | mulêg nampêg jroning pura | pêtêng dhêdhêt anglimputi | gustimu lan ingkang rama | tinub nganti tan kaèksi ||

8. ana suwara jumêgur | ngumandhang ngêbêki bumi | nalika ana kang swara | kukus mandhêg tan lumaris | ya ta wau kang katingal | Dibya Sumbaga Narpati ||

9. jumênêng nèng ngarsanipun | gustiku sri narapati |

--- 3: 224 ---

sarya sru andikanira | Yayi Prabu Darmapati | pundhutên banderanira | paringêna nini putri ||

10. bandera sigra pinundhut | pinaringakên sang putri | sawusira tinampanan | Dibya Sumbaga Narpati | ngandika marang sang rêtna | lah ta nini dipun aglis ||

11. gawanên bandera iku | kêbutêna nganan ngering | sang dyah anurut kewala | gya manggêpyok nganan ngering | kukus sirna tanpa krana | tumuli ingsun atangi ||

12. Ni Sudati manthuk-manthuk | abêcik impènmu iki | sang rêtna sadangunira | miyarsakkên dènnya angling |

--- 3: 225 ---

ana karaos ing driya | ngandika sang kadi ratih ||

13. Wasita sira sun utus | aja pijêr angacipris | mêtua kono takokna | wayah pukul pira iki | kang liningan sigra mentar | sakêdhap pan sampun prapti ||

14. dhuh gusti kawula sampun | kautus dangu kang wanci | sawêg kèndêl pukul tiga | ngandika malih sang putri | Sudati sira dhisika | tatanên lungguhan mami ||

15. kana nglatar kulonipun | balumbang ika kang rêsik | Sudati tur sêmbah mêsat | palênggahan wus dèn indhit | ginêlar ing prênahira | sang dyah gya tumurun ririh ||

--- 3: 226 ---

16. saking pasareyanipun | akêkirab nata wèni | sêmêkan sinjang kang wudhar | labête mêntas aguling | wus pinulih tan katara | nging tan kêncêng kadya nguni ||

17. ri wusing dandos sang ayu | ngagêm rimong sarung alit | anggantèn sarwi lumampah | panasar sadak cinangking | pantês dadya kang wiraga | saking dalêm wus umijil ||

3. Mijil

1. amarêngi kang purnamasidi | sasăngka wus ngayom | angênèni botrawi toyane | sumunar mring wadana sang putri | gumêbyar kaèksi | lir andaru nawung ||

--- 3: 227 ---

2. rêbut sorot lan toyaning bèji | kèh mina salah ton | ting baluru lumêbèng êronge | ana milar tumiba ing siti | panyanane sami | rêmbulan kang runtuh ||

3. lênggah majêng mangetan sang putri | tansah rimong-rimong | cèthi kalih aparêk ênggone | sang kusuma atêtanya aris | Wasita sirèki | apa ta wis wêruh ||

4. ingkang aran lintang Bimasakti | tuduhêna ingong | Ni Wasita alon ing ature | kula gusti sampun pirsa yêkti | punika nèng nginggil | ngrêgêmêng kadulu ||

5. ambrêgagah isthane kang sikil | ing ngajêng dèn êmplok |

--- 3: 228 ---

naga rota panjang nèng ngarsane | tanganipun wingking malangkêrik | kang ngajêng manduk ing | naga sirahipun ||

6. ingkang cêmêng amunthêr nèng nginggil | lintangipun abyor | gih punika gusti gêgêlunge | ngajêng kêdhik pupuk kang mastani | kang cêmêng jalirit | tutuk lawan irung ||

7. sang rêtna ngling sun uwis udani | caritakna ingong | Bimasakti paranta purwane | Ni Wasita umatur wotsari | cariyos ing nguni | mula-mulanipun ||

8. duk Sang Sena puruita maring | Dhahyang Druna kinon | angupaya tirta pawitrane | tinuduhkên ênggène kang pasthi |

--- 3: 229 ---

têlênging jaladri | Sang Sena mituhu ||

9. linampahan anggêbyur jaladri | tan mèngèng sapakon | gya sinaut ing naga wêntise | păncakara nèng têngah jaladri | kang naga pinusthi | păncanaka lampus ||

10. Dhahyang Druna sayêkti yèn sandi | dènnya darbe pakon | amung murih Sang Sena pêjahe | ing wasana amanggih basuki | tur sarira suci | punjuling tumuwuh ||

11. milanipun dalasan samangkin | karsaning Hyang Manon | Bimasakti minăngka gambare | janma ingkang têmên anglampahi | wus pasthi pinanggih | apa kang kinayun ||

--- 3: 230 ---

12. sang kusuma sarêng amiyarsi | tyasira cumêplong | lir ginugah wungu wiyogane | cèthi kalih gya kinèn sumingkir | sang dyah sru sêmadi | umênêng manêkung ||

13. amaladi asêmadi êning | anêgês Hyang Manon | sumungku ring dewa panêmbahe | datan samar mring kang murbèng urip | pinêndêng patitis | mung osiking kalbu ||

14. tan antara wau ingkang prapti | sing wiyat cumlorot | Rêsi Nrada anjog nèng ngarsane | dhuh-dhuh babo putuku wong kuning | luwarana nini | gonira manêkung ||

15. sun dinuta mring Hyang Udipati | ingkang murbèng tuwoh |

--- 3: 231 ---

andhawuhi mring sira nah anggèr | panuwunta ingkang jatu krami | mèh kurang sakêdhik | durung wêktunipun ||

16. katêmune jodhonira benjing | jalaran Sang Katong | Prabu Dibya Sumbaga tuduhe | nadyan rupa sikêp lan pakathik | aja sira tampik | ya ika jodhomu ||

17. bakal dadi kondhangira benjing | ngukuhi kaprabon | lan nurunkên têmbe sabanjure | lah wus nini karia sun mulih | sang dyah mangastuti | pan sarwi andhêku ||

18. sampun murca ingkang paring wangsit | wau ta sang sinom | buka tingal amudhar astane | lêjar ing tyas sirna kang prihatin |

--- 3: 232 ---

katrimèng dewadi | sakarsa jinurung ||

19. sangsayèmbuh cahyane sang putri | dinulu mancorong | lir sudama katrangan prabane | prapta duta nugrahaning Widi | maruta sumilir | mawa riris arum ||

20. cèthi kalih tan sinung udani | nalika sang sinom | panggih lawan Rêsi Naradane | wis mangkono prabawaning Widi | yakti tan kaèksi | ing samarganipun ||

21. duk samana sampun bangun enjing | mega bang tumonton | kataman ing aruna prabane | surêm kucêm kartika myang sasi | mèh wantaha putih | nir ujyalanipun ||

--- 3: 233 ---

22. sêdhêng mêkar ingkang sarwa sari | sajroning kadhaton | sumêr sumrik sumrambah gandane | ya ta wau kusumaning puri | sawusing sêmadi | siram karsanipun ||

23. sang kusuma angandika aris | Sudati sun kongkon | undangana kancanira mrene | konên gawa pasatan lan mangir | sabun srêbèt rai | canela ywa kantun ||

24. Ni Sudati wus mentar nimbali | kancanira kinon | samyambêkta sang dyah pundhutane | Ni Sudati tan wangsul cêcawis | brêsihan rinukti | padupan lan ratus ||

25. gănda wida burat kawêwangi | sadaya sumaos |

--- 3: 234 ---

rêtnaning dyah wus têdhak jambane | pra pawongan andhèr anèng jawi | sami angêntosi | cakar wok arubung ||

26. wus palastha dènira wêwarih | sing jamban umiyos | arêrimong ngiras pasatane | sêmbagijo corak sêkar tluki | wor sarira kuning | maya muyêg sêmu ||

27. rema mêlês winudhar tumitih | wastra kang rumimong | glaprut sêkar sataman keswane | sumarambah lênglêng ting parêlik | saking doh kaèksi | kadya lintang runtuh ||

28. lir citrane apsari ing nguni | nalika yun kinon | de Hyang Endra ngrêncana tapane | Sang Arjuna mring Endrakilardi |

--- 3: 235 ---

sadèrènge sami | sadaya ingêdus ||

29. tirta marta turuhaning sasi | lan surya dèn êmor | tinadhahan jun rêtna wadhahe | pan mangkana isthane sang putri | ginarbêg pra cèthi | malbèng dalêm agung ||

30. nahên ta sang juwitaning puri | wuwusên sang katong | duk samana tamian dutane | sira dibya sumbaga narpati | kang măngka dutaji | sri nata pangayun ||

 


§ Taun Jawi 1779, taun Walandi 1850, wulan Nopèmbêr. (kembali)
Tanggal: Buda Manis (Rêbo Lêgi) astha (8) Sura Alip: trus sabda pandhitèngrat (AJ 1779). Tanggal Masehi: Rabu 13 November 1850. (kembali)