Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94)

Judul
Sambungan
1. Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 01–28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
2. Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 29–50). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
3. Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 51–71). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
4. Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita.
Citra
Terakhir diubah: 19-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 153r lanjutan] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 1 dari 103

72. Kinanthi

1. rahadèn rêtnaning pupuh | lan kang rayi Dyan Subêkti | kalihan rèrèn alênggah | sandhaping wrêksa kêsambi | Prataliyuda tan pisah | miwah sira Anirwèsthi ||

2. Dyan Sujanasêstra duk wruh | kang putra dèn palajêngi | lawan Ki Arya Tampolas | Ki Pragalba myang Sutali | lan Ki Arya Jagalaya | Pangalasan malayoni ||

3. Radyan Sujalma pan wus wruh | Anirbaya wus angiring | myang Rahadèn Wirasêstra | Yudapati datan kari | Ki Tumênggung Amongyuda | lan Tumênggung Maospati ||

4. Ki Urawan lagya rawuh | Kandhuruan Waduaji | Wiryaduta kinèn mirsa | kang kanin myang kang ngêmasi | praptèng ngarsa rajaputra | umatur saha ngabêkti ||

5. pukulun dasih kautus | mriksa wadya kang ngêmasi | utawi kang nandhang brana | pun Mongwangsita ngêmasi | pun Jayapati kabranan | pun paman uwan gusti |[1]|

6. arinipun ingkang lampus | pun Nawangalun wuragil | pun Wa Arya Maospatya | anakipun angêmasi | pun Tatag ingkang palastra | kang ngabdi rinta ngasrami ||

7. kudanipun rinta lampus |

--- [f. 153v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 2 dari 103

pun Nirpringga datan eling | de pun Paman Amongyuda | pun Krêtayuda ngêmasi | pun kakang Menak Sujalma | pun Prabala kang ngêmasi ||

8. pun paman Dyan Dirgabau | sapunika dèrèng eling | kumêjut tyas rajaputra | lah sira tutugna maning | ngabêkti Ki Wiryaduta | wondene lurah prajurit ||

9. nênêm ingkang sami tatu | sêkawan ingkang ngêmasi | di dalêm Răngga Wijajaya |[2] gusti inggih nandhang kanin | arinipun ingkang pêjah | pun Pêngalasan akanin ||

10. pun Jagalaya rinipun | pun Simbarjaya ngêmasi | pun Paman Mulyawêcana | têlas sakadange lalis | pun Paman Arya Tampolas | pun Tanpanaha ngêmasi ||

11. pun uwa patih pukulun | gèn kantu sawêg anglilir | wadyanipun kathah pêjah | ingkang gêsang kathah kanin | rinipun kantun satunggal | pun Jasiyata nênggani ||

12. langkung marma rajasunu | angandika rum amanis | kêpriye tatune uwa | Wiryaduta angabêkti | kados botên dados prana | wêntisipun analisib ||

13. rajaputra ngandika rum | lah sira tutugna maning | prajurit sapa kang lina | apadene ingkang kanin | Wiryaduta atur sêmbah | kang rèhan paman ta gusti ||

14. Dyan Sujanastra pukulun | sêkawan lurah kang kanin | kêkalih ingkang palastra | dening abdi dalêm alit | kacacah kawrat ing surat [sura...]

--- [f. 154r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 3 dari 103

[...t] | kagunggung ingkang ngêmasi ||

15. gusti kalih bêlah èwu | pitung atus ingkang kanin | raja pinutra ngandika | bangêt pitulunging Widi | sabobote ing panyêngka | wong amungsuh dudu tandhing ||

16. măngka gêmêt sirna mungsuh | mung sêmono rewang cicir | ya safangat kangjêng duta | lan barkah sinuwun kalih | Wiryaduta atur sêmbah | kang abdi rinta ngasrami ||

17. kêdhik ingkang nandhang tatu | ingkang pêjah inggih kêdhik | rajaputra mèsêm nêbda | dhasar prigêl ari mami | pratama angadu bala | nêmbah mangrêpa Dyan Wukir ||

18. Wiryaduta awotsantun | sêdaya kănca sing wukir | bêrèd bintul wilur kathah | dyan nêbda barkah sang yogi | lah Uwa Pragalba rika | lan rika Paman Sutali ||

19. katêlu paman Wumênggung[3] | Amongyuda lan samantri | lan Paman Sujanasastra | sarerehane prajurit | lan Paman Prataliyuda | sawêngkone saking wukir ||

20. sun jaluk karyane imbuh | prênata sandika sami | maringa ing Wisantara | yèn wus padha praptèng nagri | Wa Pragalba kang nèng ngarsa | kalawan Paman Sutali ||

21. lan urunana sêdarum | de wêkas sun Man Sutali | lan rika Uwa Pragalba | kang ngirida yèn lumaris | wong Wisantara mênawa | kaya ture têlik mami ||

22. uwa rakita ing ênu | pinggir papan kang prayogi | pêkênira dèn prayitna | gon pêkênira

--- [f. 154v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 4 dari 103

angrakit | ywa ontèl saking ing marga | yèn ngamuk dèn amatitis ||

23. yèn sa nata tan lumaku | rika manjingèng nêgari | lan Man Sutali ta rika | ingkang angirida baris | uwa rika asambata | angungsi kalah ajurit ||

24. dèn pacokana[4] sêdarum | landhehane sawêtawis | ya dikaya pêpocokan | kanthaning wong kalah jurit | rong dhêpa sêdhêng cêndhêknya | asambata ngungsi urip ||

25. paman jêngandika wangsul | kalawan Paman Prêtali | Man Tumênggung Amongyuda | kabêktaa ingkang dasih | yèn sampun manjing jro kitha | nuntên angamuka sami ||

26. paman katiga dèn mêsu | sami arowanga api | ywa lami bilih na wikan | budhala tumun sami |[5] lampah dèn inggal-inggalan | sampun rèrèn siyang latri ||

27. ya ta sang rêtnaning pupuh | maksih anèng sor kêsambi | ngandika sor guladrawa | Man Kandhuruan sun tuding | lan Waduaji gawaa | kănca pêpilihan sami ||

28. pêcalang alanglang kewuh | dohe lêlakon salingsir | kalih sami apranata | bubar sawadya angiring | rajaputra malih nêbda | lah yayi mas ing asrami ||

29. apa jalarne mau |[6] Man Nirpringga glis anglilir | sapa kang asung usada | gumujêng Rahadèn Wukir | umatur

--- [f. 155r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 5 dari 103

saha prênata | sangking sih nugrahèng Widi ||

30. lan barkah ramanta prabu | ingkang palênggah ing giri | ingkang raka angandika | yayi pun kakang darêgil | ingsun minta tulung uga | yayi asunga jêjampi ||

31. nêmbah Dyan Ngarga gumuyu | darmi-darmi anglampahi | anut rèh karsa paduka | gumujêng sang rajasiwi | yayi bubuhan kawula | kinèn nuhun pitulung sih ||

32. malar wlas Gusti Kang Agung | paring waluywaning dasih | manambah[7] Dyan Wirasêstra | sêdaya pinaring jampi | ya ta sang narendratmaja | angandika mring Sujalmi ||

33. lah ta kakang karsaningsun | ingsun masanggrahan nuli | uwa age nuli sira | gona pasanggraha dhimin | sira dhewe mrênahêna | aja adoh lawan mami ||

34. Dyan Sujalma nêmbah mundur | saking ngarsa sang siniwi | wus prapta ing prênahira | ingkang rama dèn tangisi | pan sampun binêkta mangkat | nanling[8] malih rajasiwi ||

35. Paman Urawan sun tuduh | angiringna dhewe maring | Paman Digabau[9] agya | pinondhokêna tumuli | aja têbih lawan ingwang | Răngga Wijaya ja têbih ||

36. Man Jagalaya sun tuduh | ambêciki ingkang mayit | Si Paman Mulyawêcana | sinucèkna mring bênawi | yèn sampun dika bandhusa | rinêksaa dèn abêcik ||

37. lan Man Răngga layonipun | lan Prabala aja kari | manêmbah

--- [f. 155v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 6 dari 103

Ki Jagalaya | wus lèngsèr kêbat lumaris | Uwa Maospati dika | ngrawatana wadya kanin ||

38. miwah wadya ingkang lampus | wong sapanêngên dika krig | puniki reyal salêksa | uwa kinarya nyarati | manêmbah Kya Maospatya | atmendra ngandika malih ||

39. Paman Tampolas sun tuduh | sakancane sapangering | nya iki reyal salêksa | iya karyanên nyarati | kaya uwa mau ika | sandika risang tinuding ||

40. rampung dyan jumanêng[10] kondur | mring pasanggrahan tumuli | tan pêgat kêmbulan dhahar | mrih sukaning kawula lit | prasamya asuka-suka | laminira tan winarni ||

41. Wirasmara wus tinuduh | maring desa dèn sangoni | reyal kinèn bêcikana | kunarpaning pra dipati | măncanagri myang punggawa | sakathahing têpis wiring ||

42. sakèhe layoning mungsuh | sami kinèn ambêciki | kinubur pinggir bêngawan | sêdaya dipun sucèni | nêngêna dan winarna |[11] kocapa ingkang lumaris ||

43. ing Wisantara mèh rawuh | kari lakon kalih latri | pan wus samya parêmbagan | kalima ingkang pinikir | lawêdane kang pitungkas | rahadèn rêtnaning jurit ||

44. wusing rantam kang pirêmbug | kalima amangun wangsit | ubaya pratikêlira | tanapi [ta...]

--- [f. 156r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 7 dari 103

[...napi] prasêcan sami | rèhning sami pinitayan | măngsa nêdya mundur ngungsi ||

73. Durma

1. rêbat egal[12] măngsa wun mêngsah pêcalang | mênèk sêlakna uning | Pragalba kengkenan | kinèn apêpalaywan | dhimin dhatêng Sang Wiradi | duta wus prapta | marêk ing Sang Wiradi ||

2. wus katur kang wêling Sutali Pragalba | lingira Sang Wiradi | iya arakita | ing jurang silumana | ja manjing pêsthi narpati | bela ing raka | duta bali ing wêngi ||

3. kawarnaa Sang Nata ing Wisantara | lagya miyos tinangkil | pêpêk wadyabala | ki patih munggèng ngarsa | ing Trênggalèk Sang Dipati | Andayaningrat | Gajahsinga Dipati ||

4. jajar lan Ki Tumênggung Sasraludira | Jaladriya anangkil | Dêmang Dadaksara | lan Wulung Wilandaka | kasaru na duta prapti | angambên brana | sumungkêm ing pada ji ||

5. Sigramaya matur raka kalih sirna | sawadwa tanna kari | wusnya matur lina | krudha Endrabuwana [Endrabu...]

--- [f. 156v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 8 dari 103

[...wana] | têdhak jlog nitih turanggi | lah têngaraa | patih nusula nuli ||

6. karuna sang nata angêtab turăngga | nyandhak watang pribadi | patih kèn têngara | gègèr kang wadyabala | patih pra dipati nitih | kuda sah watang | nata tan wartèng sori ||

7. sampun mêdal sing kitha lampah gancangan | sikêp kathah kang kari | lampah dalu siyang | samarga bukakrakan | nora nana malih-malih | mung pêpilihan | kang tan pisah lan aji ||

8. mung lan Sang Wiradi kang tan pisah lawan | Dayaningrat Dipati | Wulung Wilandaka | angandika sang nata | Andayaningrat sun tuding | sira maringa | yayi Aji Tumasik ||

9. ja adan si adhi kon nuli nusula | ngrêbut layon kakang ji | lan Si Wilandaka | maringèng Sonyalaba | kalihe sami ngabêkti | sigra wus mintar | lêpas lampahe kalih ||

10. Ki Cabolèk kang angrèh măncanêgara | nanging wus padha miris | dadya kaku tyasnya | têmah nusul priyăngga | wadya kèh bali ing margi | asowang-sowang | nusul dhèwèk bupati ||

11. Patih Endrasuwarna nusul priyăngga | kunêng ratu kêkalih | lagi ngangkah-angkah | nganti pêpêking bala | kawarnaa kang lumaris | kèh turing wadya | tanna kang piniyarsi ||

12. sun tan arsa anataa malih gêlar | iki gêlar sun lami | angamuk kewala | yèn wus têkèng payudan | ingsun mung anganti wêngi [wêng...]

--- [f. 157r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 9 dari 103

[...i] | pangamuk ingwang | sêkti angamuk wêngi ||

13. katuwone kakang ji kurang prêcaya | yèn ngandêla mring mami | măngsa mêngkenea | kakang ji dhuh lah mara | payo wong ingsun sinêlir | andarung lampah- | ira lêsah kang dasih ||

14. Dêmang Giyêng umatur gusti sumăngga | rêrêb lêsah kang dasih | kêkècèr ing marga | kawula pêpilihan | pukulun akathah kari | iya mondhoka | ya ta mondhok kang dasih ||

15. Sang Wiradi kengkenan mring Ki Pragalba | lawan mring Ki Sutali | kèn parêk lan jurang | silumana wêtara | lêlakon sawusan kardi | wus cundhuk duta | lan Pragalba Sutali ||

16. turing duta mring Sutali myang Pragalba | dawêg mangkat kiyai | kula turi tindak | dhatêng ing pamondhokan | dèn prapta sami saratri | mêngsah andika | kangelan sami arip ||

17. lawan lêsah gènnya samya nêrod lampah | angling sira Sutali | tuwin Ki Pragalba | warahên gustinira | ora miyang sun abêcik | ing kene papan | ingsun apan wus bêcik ||

18. lan maturèng gustinira aywa lupa | têngaraa yèn prapti | pêrêk prêk prênah ingwang |[13] amit ingkang caraka | wus prapta matur sawêling- | ira Pragalba | kawarna sri bupati ||

19. tabuh lima sang nata têngara bubar | gumrah swaraning dasih | ngrikning kuda liman | angrok swaraning jalma | sampun praptèng jurang nguni | têngaranira | Wiradi ngamuk dhimin ||

20. kasauran têngarane Sang Pragalba | kasambut sri bupati |

--- [f. 157v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 10 dari 103

Wiradi kang munah | karane kêmba kang prang | de sang nata seda dhimin | wadwa kang trêsna | ingkang bela ing gusti ||

21. ingkang kathah sami atilar gêlanggang | lumayu ngungsi urip | ki patih duk mirsa | angamuk nèng turăngga | Ki Pragalba anadhahi | watang-winatang | patih kudane mati ||

22. pan kasangsang sinasog ing ganjur atap | kyana patih tan gingsir | amatang manyangkrah | sulung-sulung wong arga | ngêbyuki ngrampog kya patih | nanging tan pasah | wadwa ngasrama wingwrin ||

23. ngamuk dharat Ki Patih Endrasuwarna | Pragalba anglarihi | ki patih palastra | Dipati Trênggalèk nrang | Pragalba winatang kanin | cêcêthikira | Pragalba maksih ngukih ||

24. Ki Dipati Cêlèk datan awangwang |[14] Sujanastra mlêk dasih | prajuriting Sunya- | wibawa sru mangrêjah | kudane Cêbolèk mati | Cêbolèk tiba | sinasog nora busik ||

25. Dyan Sujanasêstra amatang sing kanan | tatas Cêbolèk mati | Ki Sasraludira | dangu gêbang-ginêbang | Ki Sutali anglarihi | apan wus niba | Sasraludira mati ||

26. sru sudira Ki Tumênggung Gajahsinga | Dyan Pratali nadhahi | agêbang-ginêbang | Gajahsinga amatang | Dyan Pratali sru manangkis | watang kasingsal | Pratali anglarihi ||

27. wus palastra Ki Tumênggung Gajahsinga | Jaladriya mangukih | Mongyuda narajang | Jaladriya amatang | Amongyuda sru anangkis | watange

--- [f. 158r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 11 dari 103

kontal | Jaladriya linarih ||

28. Jaladriya wus mati agilang-gilang | Dêmang Giyêng wus mati | Wiradi kang matang | wadya ing Wisantara | wingwrin karining kang mati | padha sasaran | sasire ngungsi urip ||

29. sirna gêmpang wadya lit ing Wisantara | Ki Pragalba ngranuhi | Wiradi Sutalya | Tumênggung Amongyuda | Dyan Sujanasêstra tuwin | Prataliyuda | sêdaya anuruni ||

30. wus ngrubung pra pratiwa kalima sarta | gunêm ratu kang kari | Tumasik lan Sunya- | laba paran kang warta | Kya Mongyuda asung warti | ratu taruna | kêkalih pan wus baris ||

31. pênêdipun punapa wasisan karya | Dyan Pratali nayuti | sampun bilih boya | patut kalawan karsa | jêng gusti rêtnaning jurit | utawi radyan | ngarga manira ajrih ||

32. dening Kakang Pragalba puniku sayah | tur dèrèng antuk jampi | mandahe kang duka | dyan taruna ngasrama | yèn kakang bêktanên jurit | lan wadya lêsah | pênêd matur rumiyin ||

33. Sang Pragalba atangi sarwi angucap | ja walangadi[15] mami | lowung ambanjura | matia olih bela | malar kiwula narpati | yèn duka radyan | anom ingsun ungguhi ||

74. Sinom

1. inggih yèn kakang agêsang | măngsa dukaa yèn mati | pun adhi paraning duka | lêhêng mantuka rumiyin | sami lan antuk nagri | wilujêng kakang kakukup | angsal sami mufakat | dan ambubarakên baris |

--- [f. 158v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 12 dari 103

langkung yitna ing lampah sampun utusan ||

2. kinèn ngaturi uninga | ing radèn rêtnaning jurit | kawarnaa lampahira | langkung prayitna ing wèsthi | pêcalang mêmanuki | dohe lêlakon sabêdhug | mênawa mungsuh cidra | laris lampahe kang baris | Ki Pragalba tinandhu lampahnya ngarsa ||

3. kang ingutus sampun prapta | ing pasanggrahan tu[16] bêkti | ing radyan aturnya tiwas | pukulun kawula gusti | kinèn atur upêksi | abdi paduka prangipun | anitih nata pêjah | Wiradi ingkang mêjahi | wadyabala prajurit pêjah sêdaya ||

4. kang gêsang sami lumajar | nanging pun Pragalba kanin | wau gusti sampun bubar | rampung aturirèng dasih | sukèng tyas sang atmaji | nanging angêmu gêgêtun | tatune Ki Pragalba | tan adangu nulya prapti | tandhunira Ki Pragalba katingalan ||

5. gêpah mêthuk rajatmaja | katiga kapat Sujalmi | duk kapêdhak Ki Pragalba | lan Radyan Pragalba nangis | arsa mudhun ananging | rajaputra ngampah asru | arsa punapi uwa | Ki Pragalba atur tangis | adhuh gusti pun Pragalba tan kuwawa ||

6. anandhang sih jêng paduka | sakalangkung amênuhi | punapa wêwangsul amba | angandika rajasiwi | tan ana kang kaèsthi | anging gênge trêsnaningsun | lah mara lumarisa | sigra ginantyèng pra

--- [f. 159r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 13 dari 103

mantri | kang amikul tandhunira Ki Pragalba ||

7. tan asuwe nuli prapta | ing pasanggrahan sutaji | Pragalba wus sinung prênah | sarta jinampèn tumuli | dening radèn ngasrami | kawarnaa rajasunu | anuduh ing punggawa | dhatêng nagri Singasari | Uwa Maospati kula kongkon dika ||

8. dika jangkung dèn waspada | ratu kang kari kêkalih | lan Man Dirgabau dika | sêkănca dika prajurit | yèn sampun tamtu nuli | sami dika mundur mantuk | yèn ratu kalih bela | dika ngumpul dandan sami | amrêp pranging Tumasik lan Sunyalaba ||

9. Man Urawan lan Nirpringga | nrapêna ing Singasari | lan rabine Wa Pragalba | warahên aja prihatin | lakine wis abêcik | Man Urawan prentah ingsun | aja kurang prayitna | muwah saisining puri | Man Tampolas lan Nirwèsthi kakang rika ||

10. ngêtrapna ing Pringgabaya | maring sira wêkas mami | ya aja kurang prayitna | dening Kandhuruan kanthi | Nirbaya sun kon maring | Wisantara trapna gupuh | praja ing Wisantara | poma saisining puri | dèn kagawa lawan rabine sang nata ||

11. sagung kinon tur sandika | sêdaya samya wotsari | sarêng bubar saking ngarsa | lampahe sami lêstari | kawarnaa kang kari [ka...]

--- [f. 159v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 14 dari 103

[...ri] | maksih nèng pakuwonipun | tan pêgat adhêdharan | rajaputra mong ing dasih | wadyabala kalangkung suka tyasira ||

12. sadina-dina kasukan | kawarnaa kang lumaris | wus prapta ing Pringgabaya | sêmana sajoning[17] puri | pramèswari anangis | sadina-dina tan emut | putrinira kantaka | gumêr tangis ing jro puri | radèn putra alit tan milu karuna ||

13. ing prihatin dèrèng wikan | mangkya anglilir sang putri | angrangkul ing arinira | yayi sira kawlasasa |[18] ana ngêndi rama ji | kang rayi dipun gêgulung | radèn tumut karuna | pramèswari aningali | mring kang putra anjrit aniba kantaka ||

14. ambyuk tangis tanpa rungwan | sori pêpungun anglilir | angrangkul ing putranira | angling dhuh mas ingsun gusti | tan drêman sira kalih | tinilar ngramanta prabung[19] | dhuh pukulun katulyan | atilar maring kang cèthi | tilar putra durung wruh rasaning wirya ||

15. adhuh putraningsun sira | kang dadi èwêding ati | kaya ngapa polahira | tinilar ramanira ji | tan wurung sira nini | ing benjang dadi pêpandhu | sêlir cèthi pawongan | kang putra lara anangis | sêsambate dhuh ibu pundi si rama ||

16. dhuh nyawa aja atanya | gusti ramanira lalis | sira kari tanpa ngrasa | maksih kênya anglampahi |

--- [f. 160r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 15 dari 103

sor papa kèsi-èsi | bisa têmên sang aprabu | akarya lêlampahan | dhuh makku aja prihatin | saparentahing Ywang mayo linakonan ||

17. wis bubuhaning wanita | yèn kakung kalah ajurit | kang èstri dadi boyongan | sira darma anglakoni | saking ramanta gusti | kang akarya kawlasayun | nging sira putriningwang | besuk dibisa angabdi | sakarsane ing gusti aja lênggana ||

18. yèn sira lêngganèng karsa | tan wande kaèsi-èsi | nadyan kinarya juru dang | aja lênggana ing kapti | ingsun ingkang gêntèni | lan karyane rinta masku | ingsun ingkang nanggulang | gawe lanang gawe èstri | tan sun etang yèn sirantuk pangawulan ||

19. yèn tan antuk pangawulan | sun têdha barênga mati | sira lawan arinira | ingsun iya ja wèt urip | gumêr swaraning tangis | pawongan angrês angrungu | sori pituturira | kalangkung amêlad ati | kasangsaya tangise wong dalêm pura ||

20. salêbêtira Dyan Arya | lan Nirpringga langkung ajrih | wong dalêm aniba-niba | sori ngandikasmu rujit | mênênga ja anangis | lagya na putusan rawuh | lah sira putraningwang | salina busana nini | sun srahêne kaputrèn marang utusan ||

21. rajakaputrèn rinucat | sêdaya sinrah tumuli | mring Dyan Arya lan Nirpringga | angrês tyas putusan kalih | lumyat ing radèn dèwi | Dyan Arya

--- [f. 160v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 16 dari 103

ngling ngrês kang wuwus | sagunging kalangênan | miwah dyan putra dyan putri | dipun kangge sakathahe kang busana ||

22. maksih dika darbènana | ingkang wêling kangjêng gusti | sori garjitèng wardaya | myarsa ling nyipta dyan putri | kang dipun pangarahi | kang putra nulya rinangkul | angling asmu karuna | dhuh mirah sira kang pinrih | sun têtêdha gusti kanggea ngawula ||

23. Dyan Urawan ngrês tyasira | miyarsa wuwusing sori | dyan mêdal nata ing jaba | saanane ingkang kari | wus têntrêm kang pra mantri | sami rêsêp manahipun | kawarnèng Singasêkar | umyang tangising jro puri | pramèswari tan pêgat angrangkul putra ||

24. awasta rêtnaning tilam | pêparab Andayaningsih | ayune kaduk pêsaja | sori ngandika sarywanjrit | dèn bisa sira gusti | angawula liyan ratu | sing gawe lakonana | gawe lanang gawe èstri | dèn idhêpan gèr ja nganti olèh ujar ||

25. kuwawa tan kuwawaa | ja ngrêsula pan wus wanci- | ning kawula warêg karya | yèn mangan cinaton gusti | barang karsaning gusti | siranggèr dèn bangun turut | mêngkono wong ngawula | sang putri lara kang tangis | wong jro pura kawlasan nangis sêdaya ||

26. tangis gumrah tanpa rungwan | sawênèh kaworan ajrih | salêbêtnyarya Tampolas | lan Nirwèsthi ngrês kang ati | ningali radèn dèwi | Ki Arya nulya ge mêtu | anjum ing pra nayaka | samya trêp manahing mantri | wusing kajum prasamya [pra...]

--- [f. 161r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 17 dari 103

[...samya] aparêmbagan ||

27. kunêng ratu kang taruna | kêkalih pan sampun prapti | Tumasik lan Sunyalaba | sapra bupatine sami | kêkês eklas tur pati | Maospati wus cumundhuk | tur siwèng kalih nata | dhatêng sang rêtnaning jurit | wus angrêmbag anglampahakên utusan ||

28. sarêng mangkat kang caraka | ing pakuwon sarêng prapti | wus katur ing rajaputra | yèn praja têtiga radin | dening ratu kang kalih | ing mangke sami anungkul | mangrêpa atur pêjah | suka tyas narendrasiwi | angandika akèn atêngara bubar ||

29. sigra têngara tinêmbang | gumêr swaraning wadya lit | langkung suka tyas sêdaya | radyan utusan rumiyin | Wiryaduta tinuding | sowan ing jêng sang aprabu | rajaputra wus bubar | atata baris lumaris | tingkahing kang punggawa giris kang mulat ||

75. Girisa

1. Arya Jagalaya ngarsa | kya patih lan Ki Pragalba | miwah Ki Răngga Wijaya | myang sarupaning bandhusa | Kya Mongyuda ngwurinira | sumundhul Menak Sujalma | Ki Sutali ngarsanira | sumêlak Dyan Wirasêstra ||

2. Dyan Yudapati ngwurinya | Radèn Subêkti gumantya | lir satriyèng Girituba | mindhak smu sasab ngalaga | gya raka rêtnaning rana | wêndran ginrêbêg prawira | Dyan Prataliyuda ngarsa | tingkahing bala lir yêksa ||

3. galak lapa cari măngsa | sajuru-juru atata | tinon lir wukir dahana [daha...]

--- [f. 161v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 18 dari 103

[...na] | rajaputra nèng dirada | mênggêp angrasuk makutha | kang mulat padha asmara | tinon lir Bathara Rama | ngwingking Dyan Sujanasêstra ||

4. sakancane pra prawira | prajurit langkung prayitna | kawarnaa kang dinuta | angiringkên pramèswaran- | ira ratu kang têtiga | muwah saisining pura | kalangkung rêmbên lampahnya | dahat dening amlasarsa ||

5. ênêngêna lampahira | kawarnaa sri narendra | sampun ngaturan uninga | yèn putra mênang manglaga | nata katiga palastra | langkung suka sri narendra | kang surat nulya winaca | muni wadya kang pralina ||

6. kang kanin pan wus kapirsa | lan rahadèn bubarira | ing nguni sami sadina | sang nata langkung tyasira | arsa mêthuk mring kang putra | lan semah kang sami lina | kang tatu wus sinung pirsa | sami kinèn amapaga ||

7. mêngkana nyai apatya | nyi tumênggung lan nyi răngga | sami amêthuk ing raka | lumampah sami karuna | langkung dènnya amlasarsa | adarbe putra taruna | èstri ayu warnanira | awasta Susilawatya ||

8. ragi mèmpêr sawêtara | lan supadni citranira | samarga tansah kantaka | kang mulat langkung wlasira | sawênèh milu karuna | kawarna jêng sri narendra | budhalan nitih dipăngga | lan gung wadya jagèng praja ||

9. anrêg lampah sri narendra | ginêlak ingkang matêngga | ge-age panggih lan putra | nyai patih [pa...]

--- [f. 162r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 19 dari 103

[...tih] wus kapanggya | lan raka nangis alara | ling raka aywa karuna | pan wus jamaking kawula | aprang tiwas tawan brana ||

10. nyi tumênggung wus kapapag | lan bandhusane kang raka | anjrit kang putra kinuswa | sêsambate amlasarsa | kyai tilar putra kênya | durung wruh rasaning muktya | lan pundi sanggup andika | mangke atilar palastra ||

11. nêngna kang nangis alara | ing wismanira wus prapta | kawarna jêng sri narendra | wus kapêthuk lan kang putra | sigra têdhak rajaputra | katiga sowan kang rama | sakawan lawan Sujalma | sang nata langkung tyasira ||

12. katiga wus tur pranata | sumusul sira Sujalma | sri narendra êntyarsanya | lah kulup sira nitiha | liman tunggal sun kewala | rajaputra tur pranata | rahadèn ingkang katiga | sami anitih turăngga ||

13. wus lumampah sri narendra | nitih liman lan kang putra | lampahing bala gya-agya | samarga atutur yuda | kalangkung tustha sang nata | mèh dumungkap lampahira | wadyabala wiwit tata | tingkahing sikêp bêdhama ||

14. umyang kêndhang gong brêdăngga | gumuruh swaraning bala | prasamya asewagara | tinata tingkahing yuda | ingkang wadya pinartiga | saduman nganan angiwa | kang rong duman pinartiga | kang rong dumane pinindha ||

15. Singasari Pringgabaya | kidul prênahe kang wadya | saduman lor kang pinindha | sikêping Sonyawibawa | wadya kang nganan angiwa | pinindha wong sêsimpênan | sampun [sa...]

--- [f. 162v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 20 dari 103

[...mpun] tata tinêngaran | acampuh wadya kang têngah ||

16. arame rukêt kang yuda | kaburu lor pan wus sirna | kang amburu pindha suka | samyambêbandhang kang wadya | wudhar sikêping ayuda | nulya kanan kering prapta | pindha ngamuk amrêjaya | ing têngah tanbuh polahnya ||

17. padha ngadêgakên astra | sing wuri ingamuk sigra | pindha Sutali Pragalba | tan asuwe nuli sirna | langkung suka sri narendra | tumingal rakiting yuda | miwah ta jêng pramèswara | tumingal sing candhi raras ||

18. miwah dyan ayu ngasrama | sêdaya sami amriksa | kalangkung sukaning nala | mangkya sang nata tumêdhak | sing liman mring candhi raras | para garwa katêmu glar | sori tumingal ing putra | gupuh rinangkul jangganya ||

19. kang putra kinuswa-kuswa | gumantya Radèn Subêktya | garjita mulat sang nata | dening Radèn Wirasêstra | tan sarêng lan rajaputra | ngandika kèn nimbalana | tan adangu nulya prapta | dènnya alênggah mangrêpa ||

20. sori wrin ing sipta nata | nêdhaki jêng pramèswara | mêngkul kang putra dyan ngarga | kaki sira ajajara | nyawa lawan arinira | Dyan Wirasêstra pranata | wus lênggah asama-sama | rahadèn putra katiga ||

21. sang nata langkung tyasira | tumingal putra katiga | wong ing jro padha asmara | dening tanbuh piniliha | dan amiyosakên boga | sang natarsa ambojana | akêmbul lawan kang putra | cipta nadaring raharja ||

22. raras swaraning brêdăngga | Sêkati lan Lokanănta | nata wus dhahar [dha...]

--- [f. 163r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 21 dari 103

[...har] lan putra | nanging dyan ayu ngasrama | tansah angliring ing priya | ingkang raka tan prabeda | kalih pan sami onêngnya | ngon tingal rama sri nata ||

76. Sinom

1. sadangunira adhahar | tan pakantuk eca kalih | keron ujungan asmara | kang rama uningèng wadi | mèsêm ing wardaya ji | tutug dènnya dhahar sampun | ambêng wus linorodan | saking ngarsa narapati | pinaringkên punggawa para sêntana ||

2. bupati ramya kêmbulan | miwah mantri agêng alit | lir grah swaraning amboga | ya ta ngandika sang aji | mring putra rajasiwi | kaki mantuka karuwun | kalawan putraningwang | lah nini muliha dhimin | radèn mèsêm tumungkul saha pranata ||

3. sun dulu samya nêngira | pae lan rinira kalih | tan dadi watir tyas ingwang | rajaputra mèsêm bêkti | suka sagung ningali | sori gumujêng amuwus | lah wis age muliha | sang rêtnanjiwit ing laki | dyan gumujêng sarwi angliring ing garwa ||

4. sang kusuma nyêne tingal | suka kabèh kang udani | sang dyah pan arsa lênggana | ajrih pinêrdi bu sori | sang dyah pan asmu isin | nanging ketang jrih ing ibu | gandrung-gandrung lumampah | samarga ujungan liring | wusnya têbah lan nata sang dyah ingêmban ||

5. sang nata sampun luwaran | pra bupati samya mulih | Sujalma mring kapatihan | nahan kawarna dyan mantri | tan akulêd alinggih | wus minggah

--- [f. 163v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 22 dari 103

pakasutan rum | tansah nangkramèng garwa | êmban inya wruh ing wadi | samir tundha tinangkêbakên sêdaya ||

6. kunêng nayakèng paprêman | tansah mangrêrêpèng rabi | mijil kang sabda sarkara | êntyarsa mamrih ing rêsmi | dhuh mas mirah sun gusti | awlasa ing kawlasayun | bêgjandika kusuma | nah anggèr wèt darbe dasih | mèh matia pinarjaya ing sang nata ||

7. kêdah kinèn wèt ngawula | ing gusti sukmaning Ratih | sintên yogya angganjara | ing dasih kawêlasasih | kithing-kithing dèn kithing | kawula tan purun lampus | yèn dika maksih arsa | angabdèkakên wong drêmis | dyah gumujêng liringe anyêndhal tingal ||

8. suh rêmpu kakung mangaras | sang dyah anyêne ing liring | nanging tan têkèng wardaya | ngandika asmu andohi | pantês têmên yèn angling | anggung gawe anggadêbus | dora lamun sêmbada | sumêtya asih wong wukir | singa wonga sapa kang gêlêm palastra ||

9. gumujêng kakung angaras | panêbdane sêpêt gêndhis | dhuh mirah satêmên ingwang | duk nèng samadyaning jurit | tan ana lyan kaèsthi | mung dika tansèng jêjantung | sumêla ing lêlimpa | karane tan purun mati | ayun nekad gusti gendholi wardaya ||

10. wus kinênan asung gănda | lir asmaralaya kalih | dan sang kadi puspitèng rat | mingkung kinuswa ing laki | runtik tan têkèng ati |

--- [f. 164r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 23 dari 103

anyêngkah jajaning kakung | anyênyungah ing karsa | kacurnan tyas rajasiwi | mangrêrêpa angaras suswa sarkara ||

11. iki baya murtining rat | tumuruna wlasing brangti | matabyèng lumubyèng darya | sah arsèng nugrahèng dasih | sah angaras panêpi | kasamburat wor ing santun | dhuh atma jiwaningwang | dèn tulus awêlasasih | dyah ngandika ing kakung anyarik jaja ||

12. yan mengo-mengo ingaras | grêgêtên kung nêcêp lathi | karana nêbda sarkara | anuhun jampyaning kingkin | mênawi tan pinaring | kawulane têmah lampus | milèngsun tan wrin baya | nêmah ngambah ing marga writ | witing têka kawratan sihing kusuma ||

13. dasih andika mintarsa | ring sang manuharèng langit | lir tan ing rat idhêp ingwang | sangking sun kabyatan ing sih | nèng paran agêng brangti | supe apagut lan mungsuh | bêgja sun tan pralaya | kinèn awèta angabdi | ing suhunaning dyah nyaosi sakarsa ||

14. mulyanta sang sarining rat | punika kang kawula prih | lir wilasita mrih padma | ngudi rum-ruming kintaki | musthika wêdhar amrik | sakarsanta tadhah kayun | marar-marar ing sêkar | ing swaswadara mangêlih | pan punika sepaning cipta kawula ||

15. mèsêm ratu mas ngasrama | sarywa anggutuk ing liring | kakung kabranan tyasira | langkung tikbra ngulanahi | amrih turing dyah murti | mangaras suswa [su...]

--- [f. 164v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 24 dari 103

[...swa] anuhun- | nuhun astaning garwa | dyah anulak angewani | kakung saya wantya ngungsêd mrih luntura ||

16. nêbda pait guladrawa | mas mirah dhuh sampun nyarik | mêne tikêl kênakanta | angênani dhatêng dasih | abdi tan wiyang kapti | sênadyana têmah lampus | yèn dados sukandika | suka rêna kang pêkathik | sang dyah kewran karoban ladhu srênggara ||

17. kumêsar tyase sang kadya | Ratih dènnya kawêngan ing | sasi myar mut kasaputan | kêna gupya sinrang ngukih | minggung ngêsah mangrêngih | rarasing sinjang karêbut | dyah mengo asmu merang | sampun pranan ing aprani | prananing kang asmara tan ana ketang ||

18. salagya-lagyanya pagwat | lumunggyèng asilih ukih | lir jăngga sajanggyèng raras | awilêt awêlasasih | wlasing wurywan luluting | kakung dènnya angalap rum | ngasmara tinanggulang | sang dyah murcitèng jinêm mrik | luruning wêdana lir sasi purnama ||

19. sang andon kalih mucita[20] | pan sampun majêmur kapti | kakung anêbda sarkara | angimur-imur ing rabi | sampun awastra kalih | sang dyah sinambut tumurun | mring patirtan asiram | wusnya siram mêntas kalih | gêganda mrik sumyar kongas mijil ngambar ||

77. Mijil

1. wusnya kampuh kalih aliron sih | lir asmara tinon | kakung tansah amangwang garwane | anglah kalêswan sang kadi Ratih | kakung manggantyani | tinarimèng tutuk ||

2. kakung mangaras

--- [f. 165r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 25 dari 103

anêcêp lathi | dan sinambut alon | wangsul dhatêng pakasutan rume | datan arsa aguling sang kadi | smaralaya kalih | sami onêngipun ||

3. kakung tansah amangwang ing rabi | sarwi ngandika lon | dhuh sang binêndarèng abdyantanggèr | mèh andika kaecalan dasih | Rajèng Singasari | amrêjaya mring sun ||

4. sampun bênêr tumbake kinincih | pangarahe mringong | katuju wontên dasih dikanggèr | jrih maring sun anrang waos aji | luput pangarahing | kawula tarutul ||

5. kalarihan jaja sri bupati | trus aniba katong | tanpa malês nata miti[21] dhewe | sangking pangrêksaning Ywang Kang Luwih | mring abdinta gusti | tan sinungan lampus ||

6. kinèn awèt kawulandêdasih | ing sang puspitèng ron | sangking dêlap abdine nah anggèr | kinawruhan ing Ywang Maha Luwih | sêtyèng sun ing gusti | saèstu mangulun ||

7. nging mênawi tan mêngkatên ugi | sang siniwèng langon | bilih sampun bosên ing dasihe | sang dyah mèsêm bisa balik ing ling | ya dèn kul sun iki | yèn wong gunung nang nung ||

8. tan wrin sêsmita bulah wong nagri | wasis ing pasêmon | putrining wong gunung kurang rajèng | ing sêsêmon durung ngudanèni | trênyuh tyasing laki | ngrêrêpa sang kakung ||

9. kadi punapa mirah sun gusti | ngandika pasêmon | dèrèng nyana dasih andikanggèr | dyah ngling angliring sarwi anjiwit |

--- [f. 165v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 26 dari 103

kang sarira kang nir | sihe mring wong gunung ||

10. kagèt sang kakung ngrêrêpèng rabi | pundi cinaningong | yèn mantuna asih ngandikanggèr | ping saptanjalma sêdyandêdasih | ing sang nuring suji | tan gingsir mangulun ||

11. ing mangke tinarka mantun asih | paran dosaningong | sang dyah angling anyêdhal[22] liringe | mung lamise ingkang kinapithing | atakon cinaning | marya sih wong gunung ||

12. Ratu Singasari darbe putri | ayune mêncarong | Ratu Pringgabaya inggih darbe | putri adi ayu tanpa tandhing | tur wijil nêgari | trahing ratu mêngku ||

13. aprayoga dèn tohana pati | bulah awak ingong | putrining wong gunung kurang rajèng | ing sasmita tan paja-paja wrin | kakung trênyuh myarsi | linging garwanipun ||

14. dasih tan ngraos tarkanta gusti | kapok têmên kapok | tur paguywan abdine nah anggèr | pangandikanta mêjahi dasih | sang dyah anggunturi | liring marang kakung ||

15. mangkya tyasira kapranan kalih | dènnya apaguyon | padha kapranan ing prênesane | kapranan sadalu tan aguling | kawarna wus enjing | sang karon awungu ||

16. kagyat lumyat sagung para cèthi | dhatêng sang kararon | samya lam-lam ing tyas pawongane | dènnya wênês apa duk ing nguni | kala anèng wukir | panrasing salulut ||

17. lir Bathara Asmara lan Ratih | cahyanjrênih karo | lir prêdapa sinukarta sore | riyo-rayo[23] layap [laya...]

--- [f. 166r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 27 dari 103

[...p] lêntrih-lêntrih | tan kêna inganggit | ing prêlambang kidung ||

18. dan rahadyan ngandika ing rabi | dhuh pêpujan ingong | kawularsa asewakèng rajèng | dyah garjita angliring mring cèthi | pawongan atampi | sipta glis amundhut ||

19. busana rajakaputran adi | sêdaya sumaos | dan akampuh radyan tulya ngêne | gilap ingukup cinitrèng rukmi | paningsêt surati | lancingan winangun ||

20. badhong mangkara căndra rinêmit | ujwala sumarot | sawusnya ginănda ing garwane | padaka mirah jumantên tasik | jamang pinarsidi | binggêl sarpa ratu ||

21. asêkar măndra tênbara minging | adhuwung kêprabon | pusaka piturun maha rajèng | pênuh hèr udaya manguntapi | liwraning rêtna di | mêngrêmkên pandulu ||

22. dan amit ing garwa rajasiwi | kantuna mas ingong | gantyanana dhuh gusti abdine | măngka sanguning dasih anangkil | dyah anggutuk liring | anggantyani sampun ||

23. samya pancah-pancah kèhing èstri | ton sang prawira nom | padha wisik-wisik lan rowange | baya Sang Asmara nurun iki | sagraha lan Ratih | nèng jaman tumuwuh ||

24. sang dyah ingaras dyan nulya mijil | kinanthi sang sinom | wus têdhak ling kantuna mas anggèr | satindak mangu têka anolih | sang dyah nut ing liring | tyas kadya tut pungkur ||

25. padha lam-lam pawongan angiring | sapraptaning wiyos | cèthi wangsul kabèh ampilane | upacara sampun dèn tampèni | ing parêpat [parêpa...]

--- [f. 166v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 28 dari 103

[...t] alit | lampahe lumaju ||

26. Dyan Prataliyuda lan Wiradi | ing wuri tan adoh | wor kapêdhak pra mantri sawonge | saking arga nahan rajasiwi | ya ta Dyan Subêkti | jajar lênggahipun ||

27. lawan Radèn Wirasêstra kadi | kêmbar lamun tinon | Tumênggung Mongyuda esuk dhewe | Arya Purbatiti lagi prapti | Kya Sutikna tuwin | Kya Pênatastaru ||

28. Kya Jagalaya wêdana kering | Mongpraja duk saos | muwah pra sêntana nangkil kabèh | Dyan Sujanastra Ywanjanasandi | kalih sarêng prapti | wus jajar alungguh ||

29. Nitipraja Sandisêstra sandhing | tansah ngrêmbag wados | Pêcattăndha Wadwaji jajare | Wiryaduta sarerehannya krig | pra punggawèng wukir | munggèng wurinipun ||

30. wingkinging Dyan Ngarga Dyan Sujalmi | lagi prapta saos | Yudapati Sutali ngwurine | pêpak para mantri agêng alit | atarap ing wuri | jêjêl sêk supênuh ||

31. rawuh ing paglaran rajasiwi | cingak sakèhing wong | mulat atmajendra sarawuhe | lir Ywang Asmara sêdhêng langlang ing | sagunging anangkil | anjomblong andulu ||

32. sirêp kabèh sagunging anangkil | sami gawok-gawok | tuhu datanpa sama baguse | anyiptèng tya[24] sagung para mantri | baya gusti mami | mèh jumênêng ratu ||

33. tan prabeda ciptèng pra bupati | dan sang prawira nom | wus lênggah ngarsèng rayi kalihe | owah linggih gung bupati mantri | umadhêp lumiring | ing narendrasunu ||

34. nèng wingking kanan kering [ke...]

--- [f. 167r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 29 dari 103

[...ring] ri kalih | Sujalma tan adoh | liniring ing raka dan kalihe | tur pranata mèsêm radèn kalih | ling raka pa wadi | èsêmira iku ||

35. matur anêmbah dyan ari kalih | botên wontên wados | panangkilan kalangkung sarine | sarawuh paduka kangmas nangkil | gumujêng atmaji | suka kang angrungu ||

36. eca paguywan sang nata mijil | orêg sakèhing wong | mantri bupati lar lungguhe |[25] myang putra katri kapat Sujalmi | sang nata wus mungging | dhêdhampar mas murub ||

37. lênggahira mardapa kasilir | kangjêng sang akatong | asung sipta tampi atma rajèng | majêng alênggah mangrêpa sami | pra mantri ing wuri | atap sanggènipun ||

38. sri narendra êntyarsa ningali | ing sang prawira nom | dènnya owah wênês ing cahyane | anyurêmi sagunging anangkil | cipta tyas narpati | pantês putraningsun ||

39. wus prapta kanugrahaning Widi | miyos sêbda katong | kaki putra kaya pa wartane | putusanira mring Singasari | risang atmaja ji | manêmbah umatur ||

40. inggih sampun dhatêng atur tulis | katurèng jêng katong | mungêling srat nata kalih darbe | atma èstri sami prayogi |[26] jalêr taksih alit | Pringgabaya sunu ||

41. Sri Sonyalaba Tumasik sami | tur pêjah ing katong | myang bupati măncanêgarine | sakantunipun ingkang ngêmasi | ngandika sang aji | iya kaki sokur ||

42. dene karsaningsun nata kalih | lêng misiha katong | alinggihana ing nêgarane | dening uwus mangrêpa tur pati | matur

--- [f. 167v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 30 dari 103

sang suta ji | alêrês sinuwun ||

43. nging dèrèng măngsa linajêng bilih | marêngi jêng katong | sri kalih kinantên ing won sae | bilih tirta atêmahan api | ginantung rumiyin | kalih nagrinipun ||

44. nadyan risaka nêgari kalih | tan nusah tyas katong | tan dados punapaa ing têmbe | bilih sagêd dasih kang tinuding | tan risak kang nagri | sumăngga pukulun ||

45. mênawi tirta têmahan api | anusah tyas katong | yèn marêngi karsa dalêm sae | kang dahana atêmaha warih | apan nata kalih | praptanipun nungkul ||

46. dèrèng tamtu dru ayuning kapti | mila winêspaos | wondene nagri kalih risake | rèh kapundhut sakêdhap tanpa ji | kajêngipun ugi | alit tyas sang prabu ||

47. gêmah risaking praja sagêding | dasih ingkang kinon | sênadyan ta wontêna risake | gampil gèn ngantuk-antuk ing wiking[27] | bilih dados kardi | kathah susahipun ||

48. lêhêng risak sampun dados kardi | dening kalih katong | kaabdèknèng jêng paduka rajèng | bilih sampun tamtu tyas basuki | sumungkêm angabdi | dawêg dipun tulung ||

49. èwêdipun sapunika pami | tinêtêpna katong | bilih sri kalih tan arja tyase | ngrisak dasih gêmpur kang nêgari | sae bahning warih | nging karsa dèn tamtu ||

50. kamisêsêgên myarsa aturing | putra jêng sang katong | mèh kasilib nalar ingsun radèn | eca gusthi lan putra sang aji | kasaru prapta sri | kalih kang tur wuyung ||

--- [f. 168r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 31 dari 103

78. Asmaradana

1. nolih nêbda sang atmaji | hèh Wiryaduta dhawuhna | timbalan dalêm dèn age | maring Uwa Maospatya | dikakkên angajaka | sri karo kang prapta nungkul | kandhêga ing kêpatihan ||

2. dene Uwa Maospati | sakancane angiringna | ing rabining para katong | lan sakèhing jêjarahan | saisining jro pura | Wiryaduta nêmbah gupuh | mêsat saking ngabyantara ||

3. nahan wus dhawuh sêbda ji | ya ta kang sami dinuta | katingal dera sang katong | agêbagan arantaban | ingkang munggèng ing ngarsa | sorining nata katêlu | angungsut langkung sungkawa ||

4. wus tumamèng ngarsa aji | katiga sami prênata | sang putri asru wirange | ngandika jêng sri narendra | lah ta padha banjura | Sêmangko iridên mlêbu | aturnèng bok pramèswara ||

5. nêmbah mintar kang tinuding | prênata sagung boyongan | wus kerid sapawongane | rajaputra angandika | lah ta uwa matura | Maospati nêmbah matur | sampun kawula kaduta ||

6. nata kalih atur pati | bupati măncanêgara | wêwalu ingkang andhèrèk | gantya matur Dyan Urawan | sampun amba kaduta | dhumatêng ing Singasantun | ambayong sakirnèng pura ||

7. myang sori ing Singasari | adarbe putra satunggal | pawèstri ayu kinaot | punggawa kang têngga praja | inggih datan suwala | gangsal sapangagêngipun | wadya lit têntrêm sêdaya ||

8. Arya Tampolas tur bêkti |

--- [f. 168v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 32 dari 103

pukulun amba kaduta | mring Pringgabaya ambayong | jarahan branèng jro pura | pramèswari lan putra | kang sêpuh kênya warna yu | kang priya taksih pêgêngan ||

9. ingkang kantun punggawa tri | inggih anungkul sêdaya | wadya lit têntrêm manahe | umatur Ki Kandhuruan | sampun amba kaduta | mring Wisantara ambêskup | pramèswari tanpatmaja ||

10. nênêm kang kantun bupati | inggih anungkul sêdaya | wadya lit têntrêm manahe | rampung turing kang dinuta | sri narendra ngandika | paran karsanira kulup | mungguh putri Singasêkar ||

11. turnya yèn parêng karsa ji | pinanggihna lan yayi mas | Subêkti ngandika rajèng | iya kaki wis prayoga | matur raja pinutra | de putri ing Pringgèngkewuh | panggiha lan yayi Ngarga ||

12. nata ngandika hèh kaki | ungkurna rimu Ngaldaka | yèn parêng ingsun pèk dhewe | nging yèn tan arsa kewala | kaki Radèn Ngasrama | dening warna sor Ni Galuh | tur apunggung cilik mula ||

13. lir konjêm kisma Dyan Wukir | ture tan kenging matura | ing satuding pada rajèng | pun patik umi sarah |[28] tanpa tingkah myang sêdya | nut ombak karsa pukulun | tan petang mu[29] nyiptanjalma ||

14. gumujêng ngandika aji | iya kaki sun tarima | sangking sêtyanta maringong | Dyah Pringgabaya karsèngwang | sun dhaup lan kakanta | gumujêng narendrasunu | angliring mring Dyan Ngasrama ||

15. mangrêpa Dyan Putrèng Ardi | sri nêbda salin rinêmbag |

--- [f. 169r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 33 dari 103

kaki mungguhing patine | Si Mulyawêcana lawan | Si Arya Mongwangsita | iku aja lawas suwung | rajaputra tur pranata ||

16. kawula dèrèng suwawi | yèn paman nuntên ginantyan | mandah pun bibi susahe | icalipun kang pêpangkwan | de pêjahe priyanya | pêjah ngayahan pukulun | bilih kadamêl lupiyan ||

17. ing abdi dalêm gêng alit | punika kinarya têpa | wong mati prang tanpa gawe | Tumênggung Mulyawêcana | mati ginêntyan liya | mandah wong cilik kayèngsun | pêsthi tan krumat tan pisah ||

18. yèn marêngi karsa aji | pun paman gadhah atmaja | pawèstri sampun mangsane | kapanggihna lan Sujalma | yèn sampun dhaup nulya | kagêntosakên tumênggung | wêdana gêng wontên kiwa ||

19. tustha tyas sri narapati | lir ingunggar angandika | dhuh putraningsun priyanggèr | sira madêga narendra | ingsun nyawa wis tuwa | tan mingro prêcayaningsun | rajaputra tur pranata ||

20. darmi amba anglampahi | paningal lan pamiyarsa | pangucap tan lyan sing rajèng | iyèstu kaki sun trima | hèh sakèh wadyaningwang | pirsakna parentah ingsun | yèn ing besuk dina Soma ||

21. anuju purnama sidi | dipêpêk kabèh sun arsa | angidini ing ki radèn | sun jênêngakên narendra | anèng Sunyawibawa | karsèngsun sun bata rubuh | putraningsun têlu pisan ||

22. dening sun amêmintêri | mring sagung punggawa padha | akaryaa tontonane | nêmbah sêdaya sandika | sagung ingkang sewaka |

--- [f. 169v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 34 dari 103

hèh Wiryaduta sun tuduh | kang pêngulu dhawuhana ||

23. sarupaning dhatuk sarip | muwah sagunging prêdikan | ngulama kang gêdhe-gêdhe | kang pêngulu parentaha | kabèh dèn timbalana | angèstrèni putraningsun | sun jênêngakên narendra ||

24. jlog têdhak kondur sang aji | tadhahan mijil sing pura | asri aèng rampadane | sawarnaning sêkul ulam | apa kang ora nana | sêdaya wus wrata dinum | mêdal têkèng pangurakan ||

79. Mijil

1. samya nadhah gung bupati mantri | wrata sakèhing wong | wusnya wênah luwar mulih kabèh | padha nambut pêpadan tumuli | muruk bêksa rangin | panah dhadhap ganjur ||

2. bêksa tawok tamèng jêbêng lan kris | kêmbang lan wayang wong | miwah jantur lan sêsulapane | kang amuruk jogèd luring kêndhi | bêksa ing pênjalin | myang ngigêl ing ranu ||

3. gamêlan muni gumrah ni-warni | langkung kèh kang kinon | atanapi kang pawèstri kinèn | dadi kundhanging abêksa rangin | miwah kang akardi | lêlakon gumuruh ||

4. lyan karya bêdhawangan lan wukir | miwah rara pangkon | wênèh karya briabandah srine | ana karya lêlakoning ringgit | bêburon adadi | gajah miwah sênuk ||

5. kang lêlakon pitung dina prapti | padha anênonton | padha muji dening asri aèng | nêngêna wong kang anêningali | kawarnaa enjing | miyos sang aprabu ||

6. pêpak kabèh pra mănca dipati | tap ing ngarsa katong | Kya Patih Jayasănta ngarsane | nuli Ki Tumênggung Maospati [Maospa...]

--- [f. 170r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 35 dari 103

[...ti] | kering ing kya patih | Dyan Urawan nambung ||

7. nuli Răngga Sutikna nundhuli | kang kiwa gumantos | Arya Jagalaya Mongprajane | ingkang lajur lan rêkyana patih | anuli Kya Ranggi | Wijaya sumambung ||

8. bupati jêro rada kêpering | Ki Tumênggung Among- | yuda Arya Tampolas jajare | Panatasron lan Ki Purbatiti | sêntana nêpungi | Radèn Dirgabau ||

9. Sujanasêstra Ywanjanasandi | sami sêntana wor | carik jêksa kang sowan wingkinge | Sandisastra Nitipraja dening | sri kang nungkul kalih | ing wuri gènipun ||

10. Kya Jayasănta lir konjêm tiwi | nèng ngarsa sang katong | de bupati têtêlukan kabèh | sakêlangkung mangrêpa samya jrih | rajaputra nangkil | lênggah jajaripun ||

11. kang rayi kalih katri Sujalmi | ing wuri rada doh | punggawèng asrama ing wurine | Dyan Prataliyuda Yudapati | Ki Pragalba tuwin | Sutali akumpul ||

12. Ki Wiradi kalawan Nirwèsthi | Nirpringga tan adoh | Nirbaya Wirasmara jajare | Kêndhuruan lawan Waduaji | mantri alit-alit | atarap nèng pungkur ||

13. angandika kangjêng sri bupati | kakang patih ingong | luwih saking trima mring dhèwèke | dening sêtya tuhunira yêkti | kaninmu wis mari | manêmbah andhêku ||

14. inggih pukulun tuk barkat aji | patikbra tan kamot | anadhahi sih paduka rajèng | nadyan winade ping sapta dasih | tan padya naur sih | sri narendra manggut ||

15. Răngga Wijaya priye kang kanin | tur saras jêng katong | sumilih rajaputra ature | Paman Mongwangsita darbe siwi | jalu maksih [mak...]

--- [f. 170v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 36 dari 103

[...sih] alit | sangêt taksih nusu ||

16. sang nata manggut paranta kapti- | nira putraningong | dyan nêmbah sru èwêd dupi rare | gumatya kèndêl pangrèhing nagri | pami tan gumanti | bapa linèng pupuh ||

17. mraical sungkêm bilih marêngi | pun bibi kaêlong- | kên Tumasik Sunyalaba Rajèng | kapuntêna dening sampun yêkti | won sae sang aji | mèsêm ling jumurung ||

18. nêbda majua karo ri aji | misiha trêp katong | baliyèng prajanta kaya bêngèn | mung sun titip putranta tri dening | misih nom-nom sami | mongên ri sakayun ||

19. Sri Sunyalaba Tumasik kadi | konjêm ing kisma wot- | sêkar dangu ngaras pada rajèng | matur tan sagêd naur sih gusti | ping sapta anjalmi | mung sêdya mangulun ||

20. ling nata trima karo ri aji | ing mêngko padha ngong | sungi gawe pangkunên karyane | sutanta Subêkti sun ni putri | Singasari dening | kang anom riningsun ||

21. mangkua nakira kaki Wukir | sun kang padha wadon | Ni Ragasmara nakira dhewe | sri kalih nêmbah lir katrahan ing | laelatul kadri | ngandika sang prabu ||

22. lan karyaa pêpadan sira ri | ingkang aèng kaot | kang durung ana prajèng sun kene | sri kalih nêmbah tan ngraos gusti | dasih wagêd lyaning | barkah jêng pukulun ||

23. nadyan gêsang sangking paduka ji | salir darmi mawon | nata ngling trima karo ri rajèng | nêsêl rajaputra ngling wa patih | besanan pribadi | kang sun gênah turun ||

24. wadon Man Jagalaya Kya Patih | sandika lumados | Jagalaya sami sandikane | angandika kangjêng sri bupati | katokêna kaki | nugrahan Ywang

--- [f. 171r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 37 dari 103

Agung ||

25. sirantuk tulung Kang Murbèng Bumi | wadyamu lit agrong | kabèh padha wêruha rasane | ramèkêna karyanira kaki | lawan wêkas mami | wadyanta lit agung ||

26. kabèh pundhutên karyane sami | lire putraningong | măngka tuwas sruning kangelane | aja mundhut wastra mas lan picis | olèhe ing ngêndi | wadyamu ing dhusun ||

27. wusnya rampung parentah sang aji | kondur angêdhaton | putra bupatya luwaran kabèh | gumêr gumêrah gamêlan muni | bingung kang ningali | mangalor mangidul ||

28. nalendra kalih ingkang gêladhi | bêksa gambuh kaot | rakêt mantri kang wignya ginawe | dadi tubaning wong nêningali | karya gunung gêni | myang sêgara madu ||

29. ingkang rayi lagya karya wukir | mênyan madu kaot | tasik kukus anglandêng sri aèng | dadi sukaning wong nêningali | golongan jalwèstri | ingkang andêdulu ||

30. kêbêk sêsêk pasanggrahan aji | dening wong nênonton | padha muji sruning asri aèng | kathah ingkang têmbene kaèksi | mubyar ting parêlik | muncar-muncar mancur ||

31. karya egrang bêdhawang mucicil | miwah rara bonyo | kêmbar mayang kêkêling ginawe | ana ingkang aujung pênjalin | akol salang bithi | arame gumuruh ||

32. akèh warnane kang dèn tingali | mara-mara jomblong | dene akèh-akèh tontonane | tan kawarna kang anêningali | wus purnama sidi | prentah pinêgatruh ||

--- [f. 171v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 38 dari 103

80. Mêgatruh

1. nahan mangkya kawarna narendrasunu | sakamanwyan[30] dera yêkti | ywan kinarsakkên Ngyang Agung | sinumilih narapati | ing rama kangjêng sang katong ||

2. wus prapta

--- [f. 172r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 39 dari 103

rahmating Ywang Gung kang tumurun | latul kadri ingkang pêsthi | tanzalining Ywang Kang Agung | ingkang baka ingkang kadim | tan ana manusa anon ||

3. wruh ing umat mufakat amrih rahayu | wadwa kayungyun gêng alit [a...]

--- [f. 172v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 40 dari 103

[...lit] | sêsmitèng Kang Maha Luhur | kênyatahan trusing ngilmi | kawarnaa solahing wong ||

4. abusêkan sawêngkoning dalêm agung | prasamya akarya bukti | ana karya burat arum | ana ingkang nganggit-anggit | ya ta kangjêng sang akatong ||

5. arsa miyos angrasuk busana sampun | arja kampuh udaragi | paningsêt pita sinawur | dhuwung kaprabon narpati | sêkar sumarna saêron ||

6. amakutha binuka sri abra murub | asrawungan lan pangèksi | kang sêmu mênggêp aluhur | wênês cahya narapati | gandanya anrus kêdhaton ||

7. pan wus sangkêp upacara munggèng ngayun | nulya miyos sri bupati | ginarêbêg ing para rum | orêg wadyèng srimênganting[31] | andhèrèk wiyos sang katong ||

8. wus rawuh sri narendra ing sitiluhur | wong gêng jro ragi kêpering | sitinggil jêjêl supênuh | nata lênggah dhampar rukmi | bala baris sikêp rampog ||

9. ing paglaran pêpêk bupatya lit agung | miwah mantri tăndhamantri | tuwin para ratu-ratu | jêjêl ambèr angêlèbi | ing alun-alun jêjêl wong ||

10. sakathahing prajurit baris sêdarum | mariyêm wus dèn isèni | umbul-umbul myang lêlayu | gandera awarni-warni | wêndran rangap ponang waos ||

11. nata nêbda Amongyuda ingsun tuduh | lan Si Arya Purbatiti | timbalana tri putrèngsun | kapat lan si kakang patih | lawan yayi nata karo ||

12. Si Sujalma lan pra bupatya lit agung | samantrine myang bupati | măncanêgara kang nungkul | manêmbah wêdana kalih | mintar saking ngarsa katong ||

13. angandika malih kangjêng sang aprabu | Wiryaduta sira gipih | timbalana kang pêngulu | sakancane pra ngulami | tuwin pandhita grong-agrong ||

14. kêtib modin mutihan myang sarif dhatuk | Wiryaduta angabêkti | mintar saking

--- [f. 173r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 41 dari 103

ngarsa prabu | lingên kang duta bupati | wus dhawuh timbalan katong ||

15. rajaputra nolih sri kalih katêlu | patih myang bupati mantri | nêdha ngandikan sêdarum | wus kerid rajatmangarsi | kadi Ywang Asmara tinon ||

16. mênggêp dènnya akampuh gilap ingukup | sumirir atumpal putih | paningsêt renda silya rum | lancingan bunton rinêsmi | wantah wangkingan kêprabon ||

17. asêkar ron tênbara căndra winangun | amakutha binuka sri | ujwalèng rêtna ngênguwung | srawungan jaiting èksi | kenyut gunging têlukan non ||

18. lathi ngingking rêngat lir tumètès madu | gandanya nrus mring jro puri | bagusnya wuwuh ya imbuh | ciptaning sagung anangkil | mantri bupatya grong-agrong ||

19. iki wus prapta nugrahane gustiku | kang cahya ambalêrêngi | angincêrkên ing pandulu | sêdhêng jumênênga aji | sumilih ngrama jêng katong ||

20. ingkang rayi kalih kanan keringipun | kampuh gadhung tirah sami | paningsêt rendasmarèng rum | badhong căndralaya murti | dhuwung kasatriyan karo ||

21. binggêl natasmara rêtnanya sinawud | kilatbau têksaka ji | padaka intên jumêrut | asêkar tênbara minging | naka taluki rêtna ron ||

22. sami jamang wangun satriyatma prabu | pênuh ing èr jalanidi | dumêling keswa ngandanu | lir jaladra ngêmu riris | baguse lir musnèng ngênggon ||

23. liwran tejaning pasuryan angênguwung | pagut lan lindrining èksi | lathi mangrêngês nrang juruh | mrêbuk kang burat malar sih | kasmaran kabèh kang tumon ||

24. baya ta wus nugrahane jêng sang prabu | aputra priya ro sami | bagus putus wirèng kewuh | tan ningwang dadya narpati | lumrah mêngkana ciptèng wong ||

25. ingkang munggèng keringing raka Dyan Gunung | lir kêmbar lan Dyan Subêkti | mila kinakêmbar tuhu | sabusananya tan silir | ingkang karsa jêng sang katong ||

26. atanapi karsaning raka lan ibu | myang pamujining sanagri | tan măntra

--- [f. 173v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 42 dari 103

anyar dera wruh | rêsêp pyuhing tyas gêng alit | kumayungyun kasmaran non ||

27. kawahan trus atmendra wiku kagugu | sung usadèng kèhning kanin | suhud idhêping lit agung | ngraos darbe dhukun gusti | tur bêlarak bagus anom ||

28. èstu măngka jimating wadwa lit agung | masêlating para èstri | tan kêpalang bagus tulus | sami priya lênglêng brangti | luwih malih kèhing wadon ||

29. Ki Sujalma lumampah munggèng ing pungkur | akampuh bèrêm sumilir | paningsêt renda binaud | badhong singat ngandaka di | jamang winarnèng sotya byor ||

30. sêmu luhur awadi amrat amêngku | liringe sumèh amanis | adhuwung cinitrèng tatur | sêkar ron naka hèr thathit | baguse măndraguna mong ||

31. rajaputra sarêng minggah sitiluhur | wadya gung sami anolih | agawok kabèh andulu | baguse luhur awingit | tan manusa idhêping wong ||

32. ciptaning kèh bayèki Wisnu tumurun | para dewa padha ngiring | wong dalêm kabèh andulu | akèh kang kabyatan kingkin | sapraptane ngarsa katong ||

33. dyan pinapag ing sêsmita sarêng lungguh | sêdaya sarêng wotsari | nata tumingal ing sunu | ingkang nala cili wukir | angling ing tyas tan kawiyos ||

34. wus prapta nugrahèng Ywang Gung kang tumurun | myang nata kalih wus linggih | kyana patih jajaripun | Menak Sujalma nundhuli | Kya Jagalaya nulya Mong- ||

35. praja Roga[32] Wijaya nulya sumundhul | Nitipraja jêksa carik | Sandisastra jajaripun | Kêndhuruhan Waduaji | têngên Kya Tumênggung Maos- ||

36. pati nulya Dyan Urawan kang sumundhul | Răngga Sutikna nambungi | bupati jêro nèng pungkur | Amongyuda Purbatiti | Tampolas Pênatasingron ||

37. Sujanastranjanasandi [Suja...]

--- [f. 174r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 43 dari 103

[...nastranjanasandi] Dirgabau | Dyan Prêtali Yudapati | Pragalba Sutali nundhul | Ki Wiradi lan Nirwèsthi | Nirpringga Nirbaya awor ||

38. myang Ki Wirasmara nuli kang sumambung | jêjêl mantri tăndhamantri | Ki Wiryaduta sumambung | pêngulu lan dhatuk sarif | tuwin ngulama grong-agrong ||

39. kêtib modin mrêdikan mutihan kaum | jêjêl sêsêk ing sitinggil | paglaran ambèr supênuh | dhayong[33] ingkang wancaksuji | ngandika kangjêng sang katong ||

40. hèh sakèhe he ya wong kawulaningsun | mantri-mantri myang bupati | miwah ingkang para ratu | yèn amampang karsami |[34] wêtokna padha samêngko ||

41. ja na nyimpên wadi yèn duwa karsèngsun | payo ayonana mami | sêdaya sami andhêku | wadya gêng alit ngabêkti | jumurung karsa sang katong ||

42. sri narendra ngandika mring kya pangulu | hèh ta kang pêngulu tuwin | sakancane alit agung | kabèh ngèstrènana sami | ing jênênge putraningong ||

43. sun adêgkên ing Sonyawibawa Prabu | măngka rajaning para ji | rajaputa[35] gya sinambut | linênggahkên ing rama ji | munggèng dhêdhampar karaton ||

44. ingkang rama lênggah dhampar kering prabu | nêbda malih sri sudarmi | dene jêjuluking ratu | Mahraja Surya Dipaning- | rat Khalifahing Ywang Manon ||

45. Ngabdurahman Wakilaturrasulluhu | Sayidin Pênatagami | anrapakên ing sakhukum- | mullah andikaning dalil | lumrah aparentah

--- [f. 174v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 44 dari 103

ingong ||

46. sing tan arja pêsthi amungsuh lan ingsun | aja na asimpên ati | sêdaya nêmbah andhêku | mangrêpa sru sêdaya jrih | ngandika malih sang katong ||

47. kang pangulu sakancane ngulama gung | alit kabèh tan ngarani | angèstrènana sêdarum | pangadêge narapati | putraningsun prabu anom ||

48. tur sandika sêya muji gumrumung |[36] ki pêngulu ngadêg nuli | andonga karaton putus | amin sagunging anangkil | gumêr yayah samodra rob ||

49. wong paglaran miwah kang nèng alun-alun | pangurakan kabèh amin | tanpantara gumalêdhug | gêntêr patêr angèstrèni | mriyêm lir guntur arga grong ||

50. ngapilêngkên lir galap[37] sèwu abarung | tuwin sunapan lan karbin | limut kokap lir andanu | wus wuk kang sênjata muni | ngandika kangjêng sang katong ||

51. lan mêngko Ki Subêkti sun dêgkên ratu | ngrênggani ing Singasari | dening jêjuluking prabu | Sri Anyakrakusuma di | tulusa jumênêng katong ||

52. lah ki prabu nikahna rinta karuwun | ngabêkti nata taruni | ngli[38] ngrêsaya wa pêngulu | nikahêna ari mami | Ni Ragasmara kang wadon ||

53. ingkang lanang Ki Wirasêstra riningsun | maskawin parênging budi | wusnya pasèlèh sang prabu | ki pangulu sampun tampi | ingkang pasèlèh sang katong ||

54. wusnya nikah dyan ngabêkti ngrama prabu | myang ing raka narapati | angandika nata sêpuh | hèh yayi Sonyalaba Ji | ngijabêna ariningong ||

55. nata nêmbah [nê...]

--- [f. 175r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 45 dari 103

[...mbah] pasèlèh lah kang pangulu | kula angrêsaya ugi | nikahna nak kula èstu | ni rêtna lêsmining puri | ing kajêng anggèr sang katong ||

56. Sri Anyakrakusuma ing Singasantun | ki pangulu wusnya tampi | pangijabe Sang Aprabu | Sri Singasari ngabêkti | ing rama lan raka katong ||

57. nata ngling lan maning Ki Ngar sutèngsun |[39] ing mêngko sun dêgkên aji | ing Pringgabaya amêngku | jêjuluking narapati | Mraja Krêntêgnyana Katong ||

58. ngling sri rama kari sira putraningsun | anikaha lan ni putri | ing Pringgabaya ja tanggung | gumujêng kang putrambêkti | sarwi nolih ing ri katong ||

59. kadipundi wêtawise yayi prabu | boya amanggih bilai | yèn mênira anênuwun | matur Rajèng Pringgawèsthi | tan mêngkatên jêng kakangbok ||

60. kula nanggêl yèn wontêna runtikipun | gumujêng kang raka aji | sri rama nêbda sun milu | mring putrèngsun mituturi | kaki milu nanggon ingong ||

61. nata nêmbah sarwi ngliring rayi prabu | yayi tan kêna ingungsi | suka kabèh kang angrungu | sri rama ngandika manis | lah wis ijabna ri katong ||

62. atur sêmbah Rajèng Tumasik agupuh | sawusnya pasèlèh titis | katampèn ing kya pangulu | wusnya kawin sri bupati | sri rama ngandika alon ||

63. Jagalaya nakira ijabna gupuh | Ki Jagalaya tur bêkti | pasèlèhing ki pêngulu | wus nikah Sujalmambêkti | ing sri sêpuh myang nata nom ||

64. rampung nikah [ni...]

--- [f. 175v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 46 dari 103

[...kah] têngara gumêr gumuruh | sênjata gêng kabèh muni | ngapilêng talingan buntu | gamêlan sêdaya muni | singa gon sêsêk dening wong ||

65. wusnya sirêp gamêlan bêdhil sêdarum | sri rama nêbdèng suta ji | kaki prabu sun tan milu | parentahira kang kari | dera mrih sih luluting wong ||

81. Asmaradana

1. ngandika jêng sri bupati | Mraja Surya Dipaningrat | pirsakna sarupanèhe | ya kabèh kawulaningwang | mantri-mantra[40] bupatya | tuwin ingkang para ratu | parentah ingsun èstokna ||

2. ngabêkti sagung anangkil | pukulun nuhun sandika | ngandika malih sang rajèng | hèh padha sira amriha | basukining buwana | undhangna padha mrih ayu | wajib nut dèn marènana ||

3. tingkah kang mungkar ing bumi | ngêntèkna pituturira | bêciking solah bawane | ing praja pan kabèh sira | pinutus ing susila | ja kurang wiwekèng kewuh | wadya gung kang ngrukti praja ||

4. ing krama ingkang ngêmbani | nanging ta yèn sira padha | pitutur lan parentahe | kabèh maring balanira | barang sira prentahna | aja liyan kang mrih ayu | marga têmuning utama ||

5. ja na nut karêp pribadi | apa sapakoning sêstra | iku wajib ngistokake | dhèwèke andhinginana | nglakoni ngantêpana | dèn kukuh ja kêna keguh | dera mrih arjaning praja ||

6. dèn têmên-têman[41] dèn yêkti | dèn sru wêdi yèn tinggala | angawruhi [angawruh...]

--- [f. 176r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 47 dari 103

[...i] ing wadyane | ing mantri-mantri wêrata | wadya lit nut kewala | pan măngsa gêlêma kantun | jêr kang gêdhe wus lumakya ||

7. lan maning parentah mami | kang sun karya êmbanannya | ri Nyakrakusuma Rajèng | Man Tumênggung Amongyuda | Pêpatih Singasêkar | sarta sun alih jêjuluk | Dipati Cakranêgara ||

8. dene sasoraning patih | ing jêro ingkang amonga | Wa Ywanjanasandi rane | Dyan Tumênggung Cakrajaya | Sutali têngên jaba | ingsun paringi jêjuluk | Tumênggung Suradiprana ||

9. Si Kêndhuruan kang kering | sun sungi tumênggung rannya | Wilatikta anadene | Si Nirbaya ingsun karya | wêdana gung ngrèh wadya | prajurit kabèh jêjuluk | Tumênggung Suradilaga ||

10. dening lyane iku yayi | prabu lah sakarsanira | kang rayi nuwun ature | sri narendra malih nêbda | ri Prabu Krêntêgnyana | Wa Pragalba kang sun tuduh | Pêpatih ing Pringgabaya ||

11. jêjuluke sun paringi | Dipati Andayaningrat | anadene sasorane | ing jro Paman Yudapatya | radèn tumênggung rannya | Purbanêgara apatut | Si Purbatiti kang jaba ||

12. kiwane ingkang nisihi | Si Wiryaduta arana | ya Si Tumênggung Binarong | Nirpringga mêdananana | sagung prajurit rana | Si Jayèngwèsthi Tumênggung | lyan iku ri sakarsanta ||

13. Sri Pringgabaya ngabêkti | umatur nuwun sandika | ngandika malih

--- [f. 176v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 48 dari 103

sang rajèng | yayi sun gadhuhi padha | măncanagri bupatya | papat sewang ariningsun | yayi Prabu Singasêkar ||

14. Kêpadhangan Rajêgwêsi | Wirasari Kartasana | yayiku sakarsanta ngrèh | dene yayi Pringgabaya | ing Limbangan Balora | ing Tandhês Grêsik yayiku | sakarsanira marentah ||

15. ngabêkti nuwun sri kalih | narendra malih ngandika | kang Sujalma karsaningong | gumantia Paman Mulya- | wêcana dhimin uga | ingsun paringi jêjuluk | Tumênggung Suryawêcana ||

16. lawan ingsun patêdhani | gadhuhan măncanêgara | ing Bantal Padhomasane | Suryawêcana prênata | lah kang Wiradi sira | nènga kiwane man Prabu | ing Tumasik Sonyalaba ||

17. sun junjung sing sor saiki | sun sêngkakkên luhur sira | ing mêngko ingsun trapake | nêgara ing Wisantara | sun wèhi ran Dipatya | Wiradimurti lan ingsun | gadhuhi măncanêgara ||

18. ing Lasêm Sang Adipati | ngabêkti sujud ing kisma | wus ngalih palungguhane | nata ngandika lah dika | Paman Sujanasêstra | ing Trênggalèk dika lungguh | ngiyuka ing Bêlambangan ||

19. anamaa Dyan Dipati | Trênggalèk Sujanasêstra | rahadyan nuhun ature | Paman Dirgabau dika | alungguha nêgara | ing Lumajang dika ngiyuk | Ngrêmbang Juwana Pranggunan ||

20. anamaa Dyan Dipati | Sujanapura Nglumajang | rahadyan nuhun ature | dene Man Prêtaliyuda [Prêta...]

--- [f. 177r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 49 dari 103

[...liyuda] | andika gumantia | namaa Radèn Tumênggung | Prataliyuda sandika ||

21. lungguh loro dadi siji | Si Nirwèsthi gumantia | Si Purbatiti arane | Arya Jayèngwèsthi nêmbah | Mongwangsita sun gantya | arine wuragil jalu | Si Jagapati namaa ||

22. Dêmang Paningron mantêsi | Si Wirasmara gumantya | ing Si Kêndhuruan gone | ya sun rani Kêndhuruan | Adipurwa prayoga | Wiryaduta nake jalu | ing ramane gumantia ||

23. rampunging pangandika ji | kangjêng sri rama ngandika | lah ta yayi prabu karo | putranira antukêna | mêngko sore saosna | tur sandika kalih prabu | suwawi anggèr kondura ||

24. lèngsèr kapat narapati | tanapi Suryawêcana | ingiring wadyabalane | Singasari Pringgabaya | wus praptèng pangurakan | tantara brêdăngga umyung | mijil gunung Jatingarang ||

25. asêlur sangking jro puri | ngalun-alun kaèbêkan | ambèr mring pangurakane | ki pangulu wus kèn donga | wadya amin sêdaya | sang nata anulya kondur | kya patih wus magêlaran ||

26. lawan sagung pra bupati | para mantri kulawarga | prajurit wus wrata kabèh | miwah wadya pakauman | pênuh kang sêkul ulam | gotongan sêlawatipun | wêrata para ngulama ||

27. miwah kêtib modin santri | bupati sami [sa...]

--- [f. 177v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 50 dari 103

[...mi] adhahar | wrata têkèng wong nênonton | kyana patih nulya matah | hèh adhi Jagalaya | ri Mongpraja kula tuduh | ngiringna Suryawêcana ||

28. Răngga Wijaya nunggoni | wontên ing Kajagalayan | dhi Pratali sakancane | saosa Sri Pringgabaya | lan kakang Maospatya | sakănca dika sêdarum | saosa Sri Singasêkar ||

29. sandika sagung tinuding | wisan dhahar sami bubar | mantuk kang sewaka kabèh | sêmana wus mênêng ngasar | wong sapraja krig seba | apa duk ing mau esuk | lun-alun lor myang pungkuran ||

82. Pangkur

1. tan kawarna solahing kang | para nata kang samya ngiring-iring | Sri Narendra Singasantun | ingaturan mangkata | wus anitih turăngga busana murub | songsong mas lir dewangkara | manuharèng Singasari ||

2. tinon lir Ywang Maèswara | sangkêp sakapraboning narapati | upacara tap ing ngayun | mantri kabèh kang bêkta | surêm surya mawêlu pindha mèh surup | kêsênênan ing ujwala | busanèng sagung bupati ||

3. Singasari Pringgabaya | pan sêdaya tan ana arsa nitih | anggrêbêg ing ratunipun | Sang Prabyèng Pringgabaya | asongsong mas bêbungkul maning banyu |[42] mênggêp anitih turăngga | ginrêbêg mantri bupati ||

4. upacara ing ngarsa bra | ingkang ngampil mantri nom pêkik-pêkik | sêdaya sami pinayung [pi...]

--- [f. 178r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 51 dari 103

[...nayung] | asamir wali pita | lampahira nata kalih mandhêg mangu | kêkêbut laring dewata | samarga sakawan sisih ||

5. pramèswari Sonyalaba | atanapi pramèswari Tumasik | anèng ngarsa lampahipun | jajarane malatar | Natèng Sonyalaba kang munggèng ing pungkur | Natèng Tumasik tan têbah | ingiring mantri bupati ||

6. tontonan ing ngarsa pisan | bilulungan sakèh wong nêningali | dening tanbuh kang dinulu | ingkang pating paluncar | ingkang murub ingkang bêcik ingkang bagus | ingkang rame abêbêksan | ingkang sring abêksa rangin ||

7. kang pêrak ing ngarsa nata | wong bêktannya kya patih sangking wukir | samarga acara gambuh | sarwi atêtayungan | ngidung-ngidung swarane amanis arum | orêg gunging anêningal | kang sami arêbut dhimin ||

8. akèh kang tiba kèdêkan | swaraning wong wadon pating jalêrit | nulya sang nata kadulu | mêndhak kèh wong nêningal | lir tinata siptanana cêlathu |[43] sruning sami lênglêng mulat | ingkang cahya sri bupati ||

9. kang sawênèh bêbisikan | baya iki sakèh dewa nuruni | Ywang Asmara lawan Wisnu | kang sih ing lara brăngta | kang minăngka usadaning èstri wuyung | sawênèh akalesedan | tanbuh rasèng tyase kingkin ||

10. akèh solahing kasmaran | tan kawasa ningali ingkang warni | mangulapi lir

--- [f. 178v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 52 dari 103

sitangsu | tan winarna ing marga | ing paglaran ngalun-alun sêk supênuh | bupati myang pra sêntana | kyana patih angling aris ||

11. nak Dipati Wisantara | dika anak dhèrèka Sri Bupati | ing Pringgabaya Sang Prabu | lan anggèr ing Lumajang | dene anggèr ing Trênggalèk kula tuduh | dhèrèka Sri Singasêkar | sandika ingkang tinuding ||

12. paglaran wadya kasukan | wong nêningal lir ombaking jêladri | samya non sêgara madu | lawan pêksi briawan | kang lêlakon pitung dina sami rawuh | langkung kathah kang kasukan | tyasing wadya suka ngênting ||

13. busana pitung nêgara | mêtu kabèh gumlar kangge ing jalmi | lir pendah alas katunu | surêm yyang giwangkara | swaraning kang gamêlan myang sênjata gung | lir bêngkah kang maetala | kadya angrêbahna langit ||

14. kèhing wong abilulungan | dening tanbuh-tanbuh kang dèn tingali | ana ngalor ana ngidul | akèh kelangan anak | kang sawênèh ana kang kelangan putu | sami nangis asrang-srangan | putu anak dèn ulari ||

15. tan kawarna polahing kang | wadyabala dènira suka ngênting | kawarna Kangjêng Sang Prabu | Sri Surya Dipaningrat | akalihan pinarak jroning kêdhatun | arsa sowan ingkang rama | lan garwa sukmaning manis ||

83. Dhandhanggula

1. sang supadni sori datan têbih | lan [la...]

--- [f. 179r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 53 dari 103

[...n] kang ibu kangjêng pramèswara | wong dalêm amarak kabèh | bêdhaya lawan manggung | pêpingitan lan para sêlir | pinilih pasêdhahan | miwah para babu | êmban inya munggèng ngarsa | narawita gandhèk katanggung ngladèni | nyaga saos gamêlan ||

2. Dêmang Sêmangko kêparak jawi | kêparak jro Nyai Sêcanama | abusêkan sarupane | wanodya ing kêdhatun | kawarnaa rêtnaning puri | Kusuma Ngragasmara | palyasira sampun | warna lir Dèwi Supraba | rênyêp-rênyêp kadi lintang bangun enjing | lir musna kêdhèpêna ||

3. akampuh seta dhinandhanggêndhis | sinamèng guna ing prada papan | sinebak ing mangsi aèr | akêndhit êmêr lulut | apaningsêt cindhe wratsari | abinggêl endrasmara | arja kilatbau | nagaraja têbah jaja | gumyur rêtna sinjang cindhe natar wilis | sêngkang wuluh sudama ||

4. aniya intên hèr udadi |[44] sêkar rênyuh manguntên asmara | kitir pêksi mandaya hèr | jumbuh lan jamang murub | sêkar suwun supadma samsi | lir tan kinartèng jalma | cahya ngrêm pandulu | kocaking èksi kêdhapnya | wêdana srang lan gumyuring kèh rêtna di | lir lintang trang wilaba ||

5. asrêbêng lamat-lamat kaèksi | imba titis nyintakèng ngambara | tinêmbara sri remane | gambir mêlathi pênuh | sumarot kang waja gumadhing | rênyêp-rênyêp lir rêtna | inganggit dinulu | samyèstri kèh kap mulat |[45] lathi mêngês lir êmas rinaja wrêdi | tinon yayah tan ing rat [ra...]

--- [f. 179v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 54 dari 103

[...t] ||

6. gya umangkat ngandikan ngrama ji | kinanthi ngêmbok ratu ngasrama | murtining pura wondene | Putri ing Singasantun | kangjêng ratu ibu kang nganthi | Putri ing Pringgabaya | lumampah nèng pungkur | ginrêbêg para biyada | ibunira tawan tri lumakwèng wuri | sami nahên sungkawa ||

7. sapraptane ngarsa jêng rama ji | wus lênggah Kusuma Ngragasmara | lir ilang kinêdhèpake | dene Dyah Singasantun | lêntrih-lêntrih lir Dèwi Ratih | sruning amrat sungkawa | alênggah tumungkul | jêng ratu mas ing asrama | wus alênggah parêk raka narapati | Sri Surya Dipaningrat ||

8. jêng ratu ibu wus lênggah sandhing | lan kang raka kangjêng prabu rama | Dyah Pringgabaya ngwingkinge | kangjêng ratu ing gunung | sori tawan tiga atêbih | sami anênggak waspa | tansah marikêlu | kangjêng sri rama duk mulat | mring kang putra myang kang mantu sang dyah kalih | nala marwatatmaja ||

9. witning tyase kangjêng pramèswari | ratu ibu myat ing mantu putra | sakalangkung kamajunèn | dera warna yu-ayu | lir Dèwi Supraba lan Ratih | Kusumèng Singasêkar | pantês dera kampuh | siliring maruta raras | sinjang cindhe sarpadma pinrêmas ajir | êmêr lulut niyaka ||

10. udhêt dewăngga dhinandhanggêndhis | jinalêngut ing pêrada papan | susun tiga sangsangane | binggêl sah kilatbau | singsim intên jumantên wilis | sêkar taluki cina | intên kan [ka...]

--- [f. 180r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 55 dari 103

[...n] ronipun | asêngkang nata asmara | muncar panunggule intên hèr pratiwi | srang manising wêdana ||

11. asrawungan lan kocaking liring | lir bêsănta tinub ing sudama | ajamang gumyur rêtnane | sêsinom bibis mabur | liring aliwêran lir thathit | rema pênuh supadma | sapolahe bêsus | rêmên myat kabèh wong pura | wêlasasih akèh driyane kairis | dera putri katawan ||

12. ibunira sru angrês ningali | sang pramèswari ing Singasêkar | akrêp mangusap waspane | manah trênyuh gêng wuyung | miwah sori ing Pringgawèsthi | myang sori Wisantara | kalih sênggruk-sênggruk | sri rama arum ngandika | yayi sori katri ja na gêng tyas rujit | rusake raka para ||

13. tan saking sun karsane pribadi | iku lair batine tampèngwang | pan wus têkdiring Ywang Manon | rusake praja têlu | nging yi sori ing Singasari | misiha duwe sira | amung ingsun asung | gênti rakanta nakira | sira monga măngka topèngira yayi | prasasat yayi sira ||

14. datan owah anduwèni nagri | sun titip bae yayi putranta | aja angrasa mantune | sira kang turun jalu | sujud sori ing Singasari | kang abdi tan kuwawa | mundhi sih sinuwun | dasih winade ping sasra | dèrèng nicil ing potang sih paduka ji | pangapuntêning mindha ||

15. samyarsandika dalêm tri sori | daryanira yayah pinandaman | angabêkti katigane | pyuh tyasing sih sang prabu | sruning wignya nglipur tyas rujit | katri nir sungkawanya | karoban [karo...]

--- [f. 180v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 56 dari 103

[...ban] sêbda rum | sori Singasari nêmbah | putra dalêm kulanggêp jimat sing swargi | manggut jêng sri narendra ||

16. asrêp driyane sori tawan tri | ngandika Sri Surya Dipaningrat | adhuh ariningsun dhewe | Ragasmara wong ayu | lah dèn bisa sira akrami | lumakua sakarsa | dèn ajrih ing kakung | dèn atanggap ing sêsmitan- | ing priyanta aja andhimini budi | budi sandi wanita ||

17. prayitnaa lir tanpa guna di | ngunadika sandining sêsmita | rasa ing kakung pamore | pêjaha sang adigung | sarpa dhêmit ingkang matèni | myang salokaning singa | prayitna ing kewuh | tan ngandêlakên gêdhenya | yèn amangan ing gajah banthèng lan kancil | sami prayitnanira ||

18. jaga-jaga yèn dinuk ing liring | aja gita gatine dèn awas | pupusên kalbu nayane | tibèng talêbing kayun | yèn lêksana dèn amatitis | tatas aja gumisa | dèn amêm ing sêmu | larad liring gumisaa | yèn tambuha wêkasan sira ngêdohi | pradêksa lumêksana ||

19. tahanên apan sajroning ati | jalma murka tan kêna warêga | dèn awas panêngêrane | ing ngandhap pan aluhur | yèn pinangkring pan ora wani | tan wruh pratikêling glar | têtambanging kayun | sapa na marêgi lawang | lan wêrangas angêrêngês angucêmil | dene si yèn tulusa ||

20. luhurêna sêmu dèn atitih | anampan nor kilating wêcana | mingis ingungas gandane [ga...]

--- [f. 181r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 57 dari 103

[...ndane] | têmbang miring tinurut | kala nyêgah karsa dèn rungsit | wêtara kawruhana | pragnyaning pamuwus | amrih pikêkêsing gêlar | sang sinewa dadia asih pribadi | murkane èlègêna ||

21. êntèk ing gêlar aja lumiring | pan kanggo kabèh limang prêkara | amêksa tantuk don adoh | mênênga ing jro kalbu | angrèrèha aja ngulisik | ya dikaya gamêlan | muni yèn tinêmbung | sakêlare pamotira | wêksana ing nêtya aja kasilib |[46] amrih padha èringa ||

22. pêtyaning dyah kang minăngka nabi | Fatimah ingkang tinêpa-têpa | pira lagi nèng wurine | anut ing marga agung | wising anut atêmu ati | sarekaning nêgara | bawane kang tinut | Fatimah lêkasing nala | kalairan anuta solahing bumi | mangeran jroning priya ||

23. awarna-warna carêming budi | kokila kilating kaluputan | dèn kadi bunglon pamore | sanggonane anjumbuh | ing wanita yogya tinuwin | sêsangkan sang ingayap | myang ing lyan kinawruh | aywa angumpêt ing karsa | sacarane anuta sarèhing laki | cara sarêm sarêmbat ||

24. anuta bawa aywa angèwi | aja ngarah padudon ing karsa | mingis ingungas gandane | gumrêgêtên anuju | nuju karsa pradêksaning ngling | yèn mênêng sinêmbrama [si...]

--- [f. 181v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 58 dari 103

[...nêmbrama] | arjaning gumuyu | amrih wêdharing sêsmita | yèn tan wêdhar ywa lali wadining wèsthi | kalbu wahyaning nêtya ||

25. aywa kandhêg panelading budi | ewuh luwang marganing dêduga | kêdhapên lawan sêmune | bisa lampah linuhung | sinta kapir prandene yêkti | gêlah yèn mirudaa | sapa ingkang tinut | kasoran gêmining Buda | beda budi Islam sêtya kang linuwih | kacêlêk dening Sukma ||

26. kocap ing khadis dyah manjing swargi | rong prêkara kang bêkti Ngyang Sukma | lêgawa marang lakine | lan gumarit ing kalbu | sakarêntêging priya uning | kang kocap ing wirayat | jroning lokhil mahful | gêgêdhêging ngalam dunya | kang mufarèk ing priya tansah anyilib | yèku manusa jahnam ||

27. winayang dyah ingkang dhasar gêmi | pancêring gêmi têlung prêkara | ing warah wuruk dhingine | kapindho gêmi wuwus | kaping têlu kaskayèng laki | ingkang tanpa kêluhan | bêrung nyêla wuruk | mokhal akrama awirya | kakung endrajala drubiksa nyomahi | isi nraka jahanam ||

28. tri prêkara lupute mbayani | ing akrama guru wong atuwa | miwah ing palayarane | rakit carêming kayun | seje basa pikêkês tunggil | mungkar donya ngawula | ngakhirate guru | kang tanggah donya

--- [f. 182r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 59 dari 103

ngakhirat | amung laki ngalam loro kang pinanggih | dèn wani mor ing karsa ||

29. utamane pawèstri akrami | nora liyan anut priyanira | rêragine sapantêse | ulah asmuning kakung | sêmoakna ya ulah ragi | raganta ri dèn yitna | nêtya manis arum | aja sira sumêmbrana | iku yayi brananing dyah kang linuwih | luwihing dyah utama ||

30. yèn sira ri yun dadi dyah adi | nutên salire mbak ayunira | iku ta langgêran gêdhe | pratama nuju kayun | lumrah arja wardaya tunggil | salir pakarti wignya | gung wiweka putus | limpad sawadining priya | iya iku wanodya suhsilawati[47] | sarwi angliring garwa ||

31. nyêne liring ratu mas rêtna di | tan têkèng tyas smu isin gujêngnya | dhasar wasis ngandikaèng | sagung wong dalêm kenyut | ton wagêde ratu mas adi | Sri Surya Dipaningrat | malih ngandika rum | yayi lawan wêkas ingwang | poma-poma dèn wêruh inaning èstri | yèku èstri utama ||

32. midêr ing rat ingsun tan amanggih | dyah kang wruh ing jiwa raganira | kang wruh apêse anggane | pinêpês lawan ngilmu | kang winawas têkdir Yyang Widi | lir wayang duk kinudang | ing dhalang nèng panggung | ningali miwah miyarsa | saking laki tan darbe kayun pribadi | mung Sang Sinom Pamriyan ||

--- [f. 182v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 60 dari 103

84. Sinom

1. mèsêm Ratu Mas Ngasrama | sarya anggutuk ing liring | rêngu tan têkèng wardaya | angandika rum amanis | sampun idhêpan yayi | raka dika wong gadêbus | pragnyane [pra...]

--- [f. 183r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 61 dari 103

[...gnyane] angêndika | wasis ngathik-athik budi | nora nana pawèsthi ingkang mêngkana ||

2. gumujêng prabu taruna | botên watêk mêmuwuhi | midêra sasra nêgara | măngsa anêmua kadi | bokira mas rêtna di | gumujêng sang prabu sêpuh | ningali ingkang putra | dènira ujungan angling | êntyarsanya sami kapranan sêdaya ||

3. wong ing jro padha kasmaran | sawênèh pating kalêsik | salawas ingsun agêsang | durung tumon kadi mangkin | patêmoning apsari | kathah para dewa nurun | anèng Sonyawibawa | agawe rêntênging ati | pan mêngkana ujare ingkang asmara ||

4. wanci jam lima kawarna | ingkang anèng srimênganti | Sang Nata ing Pringgabaya | lan Sang Prabu Singasari | keringing Sri Tumasik | lan ing Pringgabaya Prabu | myang sori sri kalihnya | lan rabining pra dipati | sampun katur marang kangjêng sri narendra ||

5. hèh Sêmangko timbalana | garjita ingkang tinuding | mintar praptèng srimêngantya | wus cundhuk lan nata kalih | ngling paduka ji kalih | ngandikan ngrama pukulun | myang para pramèswara | lan semahing pra dipati | tur sandika mangkat saha krig para dyah ||

6. nata kalih maksih lênggah | ngadhêp Dyan Mênggung Pratali | lawan Ki Arya Tampolas | lan Ki Răngga Jayèngwèsthi | Pênatasron lan Kyai | Amaospati Tumênggung | Urawan lan Sutikna | wuwusên ingkang lumaris | prapta ing jro mêndhêk ing ngarsa manêmbah ||

7. ingawe kinèn [ki...]

--- [f. 183v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 62 dari 103

[...nèn] majua | sarêng majêng awotsari | kadi Ywang Asmara kêmbar | warnanira sang akrami | lênglêng sagung ningali | kang angiring mandhêg mangu | cipta lir ngipi dera | mungguh sapolahe kalih | wong jro pura kabèh kabyatan la-êla ||

8. praptèng ngarsa kalih nêmbah | lênggah sandhaping taritis | sang nata asung sêsmita | garjita nambut sri sori | asta Sri Pringgawèsthi | sori Singasari nambut | asta Sri Singasêkar | ya ta wus sami lininggih- | akên jajar lan sang lir Ratih Supraba ||

9. Kusuma Angragasmara | mingsêd dènira alinggih | sêmu jrih andhêsêk raka | nata ngling ja maras yayi | wis wancining dyah panggih | lan kakung Sri Pringgèngkewuh | tumurun jrih aturnya | gumujêng raka narpati | pan pinêksa kang rayi kinèn lênggaha ||

10. rêtna yu ing Singasêkar | tumungkul nala smu rujit | rujite tan kawêlantah | wantu wus ambêbayahi | asring anyalong liring | kêparêng kakung andulu | kalih lir panjang putra | dhawah ing sela kêpati | pyuring driya kalihe tanpa jamuga ||

11. sakathahe wong jro pura | sami wulangun ningali | ing kalih sang mawi krama | datan ana kasoran ing | sakalire mantêsi | putri kalih myang kang kakung | mandahe ing kanannya | nahan wuyunging angèksi | sri narendra sêpuh ngandika ing putra ||

12. kaki prabu tampanana | rabinira dèn abêcik | dèn agung pamêngkunira | ring garwanta sru parunji | rèh kogung

--- [f. 184r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 63 dari 103

sangking cili | cêkap mudha dahat punggung | sing gawe nora bisa | mangrêpa Sri Pringgawèsthi | sah tur sêmbah botên angraos akrama ||

13. sangking sih paduka nata | tan lyan mung sêdya angabdi | ciptanipun Krêntêgnyana | ing satrah-trah paduka ji | kang priya myang kang putri | tan lyan mung èstu mangulun | rah daging patik pada | katurèng kangjêng narpati | têkèng lina dadosa gusti kawula ||

14. ing sih paduka narendra | nadyan winangsulèng pati | ping pitu tan padya-padya | samia lan sih narpati | kapranan tyas miyarsi | mèsêm sri narendra manggut | Sri Surya Dipaningrat | mèsêm myarsa turing ari | Sang Supadni sori suka amiyarsa ||

15. sori tawan Singasêkar | cêngêng amiyarsa ing ling- | ira Prabu Krêntêgnyana | mêngkana lingirèng ati | durung mirsa ningali | wong mêngkene tandukipun | tatrapane pêsaja | ature anuju ati | sêdhêng sihe Sang Prabu Sonyawibawa ||

16. wong jro kèh solahing brăngta | sawênèh ana anangis | Mraja Surya Dipaningrat | nêbdèng ri Sri Singasari | lah yayi dèn abangkit | alêlipur ing tyas wibuh | asihèng garwanira | dèn bisa mripih ing agring | angrasaa sira angêmpèk nêgara ||

17. nadyan cêguk balilua | karyanên sarat nêgari | sapa maning kang wêlasa | yèn dudua sira yayi | pan wis watêking èstri | yèn olèh sihing wong kakung | lali biyang lan bapa | yèn wis manahe tan rujit | rabinira [rabini...]

--- [f. 184v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 64 dari 103

[...ra] mulya maning kang nêgara ||

18. kang rayi matur anêmbah | mugyantuka barkat aji | kang raka malih ngandika | lawan sira nini putri | dèn bisa sira laki | ing wong akrama riningsun | dèn kawruh-kinawruhan | aja acukêng ing budi | sing sapa sih pêsthine amanggih trêsna ||

19. sang putri atur prênata | ibunira anundhuli | matur sarya aprênata | tan kuwawi amangsuli | sih dalêm anglangkungi | nadyan wadenên ping pitu | pan datan kasauran | sangking gêng sih paduka ji | ngling sri rama trima bok ipe sêtyanta ||

20. wis padha sira gawaa | mulih rabinira kaki | kang putra kalih prênata | sêmunya arsa tur bêkti | kang rama ngudanèni | Prabu Krêntêgnyana sampun | majêng mangaras pada | gya Sang Prabu Singasari | atur sêmbah angaras padaning rama ||

21. mundur sami aprênata | gantya ngabêktyèng bu sori | wusing ngaras pada samya | gantya ngabêktyèng raka ji | sumungkêm pada kalih | kang rayi ingupuk-upuk | ri Prabu Singapuspa | aja sira nêniwasi | sami suka sagunging mirsa sêdaya ||

22. gya bêkti kalih nalendra | nêmbah mawon ing bok sori | Ratu Mas Rêtna Ngasrama | suka kabèh kang ningali | wiwekane sri kalih | kawarnaa Radèn Galuh | Ratu Angragasmara | sumungkêm sarya smu tangis | ing pangkoning kang rama asmu sungkawa ||

23. sangking gêng trêsnaning rama | mênawi tan panggih malih | sri rama [ra...]

--- [f. 185r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 65 dari 103

[...ma] asrêt ngandika | nini ywa sira anangis | wus jamaking pawèstri | akrama anut ing kakung | tonên bok ayunira | nini Ratu Mas ing Wukir | ora pisan emuta ibu lan rama ||

24. gumujêng Sri Surya Dipa | kang garwa dinuk ing liring | Ratu Mas Rêtna Ngasrama | mèsêm sarya nêndhal liring | suka sagung ningali | wong jro kabèh tyase kenyut | kamisêsêgên samya | sri rama ngandika aris | lah ki prabu karo wis padha mintara ||

25. nalendra ro sarêng nêmbah | têdhak sing bêbatur sami | Ratu Ayu Ngragasmara | kinanthi ing Ratu Wukir | kang raka anyarêngi | samarga angimur-imur | Ratu Nèm Singasêkar | kinanthi ing padni sori | lan kang ibu wus prapta ing wijil pisan ||

26. jolinira pan wus ngadhang | sang dyah wus munggèng ing joli | myang putri ing Singasakar[48] | pra sêntana angampingi | joli pan wus lumaris | wong dalêm umyang gumuruh | samya ngiring sêdaya | Prabu Krêntêgnyana ngawin | praptèng jaba ginantyan rêkyana patya ||

27. orêg wadya balakuswa | gumrah sagung para gusti | kumrab saosan wahana | cawisaning para gusti | tandhu kalawan joli | ing paglaran bra supênuh | swaraning bala umyang | sawênèh kelangan gusti | sampun laris lampahing tandhu kang ngarsa ||

28. jêjaran tinundha-tundha | wong Singasari prituwin | wong Pringgabaya tan ana | mantrine anitih wajik | nging kêtaraning mantri | yèn tinon busananipun | ing

--- [f. 185v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 66 dari 103

marga kaèbêkan | dening wong anêningali | surup ngarka praptanirèng pasanggrahan ||

29. damar agung lir rahina | têkèng jaba urut margi | umyung swaraning brêdăngga | Risang Prabu Singasari | ing pasanggrahan prapti | pawèstri umyang gumuruh | sang dyah nulya ingêmban | smu merang pinêksèng laki | sampun duka mas mirah kang sung asmara ||

85. Asmaradana

1. nahan kang samya mong rêsmi | ya ta Sri Nalendra Mraja | Măndrakusuma kang anèng | paseban jaba pinarak | lagyambojandrawina | lan pra niyaka gung-agung | sira Radèn Adipatya ||

2. Trênggalèk Sujanatulis | myang punggawèng Sunyawirya | Kiyai Tumênggung Maos- | pati jajar Dyan Urawan | lan Ki Răngga Sutikna | Dêmang Paningron sumambung | nulya kang para dipatya ||

3. Kya Patih ing Singasari | Dipati Cakranêgara | Dyan Cakrajaya patih jro | Tumênggung Suradiprana | Tumênggung Wilatikta | Kya Jayènggati Tumênggung | gya Patih ing Sonyalaba ||

4. Kya Măndraswarna Dipati | Tumênggung Sêcarudita | Arya Dasabau jèjèr | Ki Răngga Dasawikrama | lan Dêmang Dasamuka | pan andrawina sêdalu | nutug dènnya suka-suka ||

5. kocapa Rajèng Tumasik | Mahraja Dasakusuma | lênggah ing pasowan wiyos | inggih sami andrawina | Wong Agung Wisantara | ingkang minăngka têtamu | Wiradimurti Dipatya ||

6. lawan Rahadèn Dipati | Sujanapura Nglumajang | ing Sunyawibawa Radèn | Tumêngung Prataliyuda | jajar Arya Tampolas [Ta...]

--- [f. 186r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 67 dari 103

[...mpolas] | Kyarya Jayèngwèsthi nundhul | Pênatasingron Kya Dêmang ||

7. Kya Patih ing Pringgawèsthi | Dipati Andayaningrat | Dyan Purbanêgara jrone | jajar Ki Tumênggung Purba- | titi Jayèngkewuh myang | Kyai Binarong Tumênggung | sumambung para niyaka ||

8. Pêpatihirèng Tumasik | Ki Dipati Dasarata | pêpêkan sapunggawane | Tumênggung Surawiguna | Arya Jalasêngara | lan Ki Dêmang Amêgatruh | lawan Răngga Wirakrama ||

9. kasukan nutug salatri | kawarna ing kêpatihan | Kya Jayasănta ing mangke | pan inggih sawêg kasukan | Ki Arya Jagalaya | asuka-suka angidung | lawan Dêmang Amongpraja ||

10. Răngga Wijaya angrangin | linayanan Jasiyata | rêkyana patih arine | sêsaosan warna-warna | sêkul ulam dhêdharan | warnanên wus bangun esuk | bubar ingkang akasukan ||

11. lamine datan winarni | Sang Nata ing Sunyalaba | lawan Sri Tumasik Rajèng | sami ngalih pasanggrahan | pasanggrahane lama | ngaturkên putra sang prabu | mangkya enjing kawarnaa ||

12. Sri Nalendra Singasari | Mahraja Nyakrakusuma | lagya alênggah karongron | tansah amangwang kang garwa | ingêmong sakarsanya | lir ringgit anèng ing panggung | rêmên ingkang sami pirsa ||

13. sang nata amit ing rabi | ratu ayu asêsmita | cèthi wus kinèn asaos | sabusana maharaja | miwah kang upacara | sang nata angrakit kampuh | arina atawan brana ||

14. paningsêt renda sinuji | ajamang kinartipa bra | sinêkaran ing garwane | ya ta

--- [f. 186v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 68 dari 103

sawusnya ginănda | burat pêngajap tilam | garwa kawangun tyase pyuh | sria kris wrăngka pinrêmas ||

15. sawat wijaya trus maring | kandêlan mangêbêl rêtna | praptèng wêrsa curigane | baguse saya kawayang | trahing cahya nurbuwat | angandika asmu guyu | apamit maring kang garwa ||

16. lah kantuna masku ari | ingsun aseba sadhela | măngsa dangua nah anggèr | witning ingsun ora bêtah | pisah lawan kusuma | sakêdhap dahat wulangun | jangkêpa sapadang pêjah ||

17. mèsêm ratuning amanis | sarwi anggutuk ing tingal | sang kakung kênan driyane | mangrêpa-rêpa manguswa | sarwi aminta gantyan | minăngka sangu dhuh masku | aseba raka narendra ||

18. sang rêtna mucang aririh | katur ngraka saking waja | priya narimèng lathine | sang rêtna linud ingaras | sang dyah asêmu kepyan | sang nata nêbda nrang juruh | anggèr-anggèr apuntênta ||

19. pun kakang anuwun amit | mas mirah aja rudita | tan adangu gêgabale[49] | dhasar la-êla priyăngga | pêjah yèn dangu pisah | mèsêm kusumaning ayu | tanggap mangsuli prênata ||

20. mijil jêng sri narapati | sang rêtna tumurun agya | satindak mangu sang rajèng | anolih-nolih kang garwa | nut dulu sang kusuma | pawongan kabèh suka wruh | kayungyun myat ing ratunya ||

21. ya ta wus kalingan kori | orêg punggawa kang seba | upacara wus tinampèn | dènira mantri taruna | nata wus munggèng kuda | binusanan bra sumunu | pajêng mas gilap mangkara ||

22. pacara dulur ing ngarsi | kabêkta bagus taruna | samyatmaning mantri kabèh | nandhang samir wali pita | samarga arantaban | akathah kang andêdulu | ing wuri abra asinang ||

23. rêkyana patih

--- [f. 187r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 69 dari 103

nèng wuri | miwah kang para dipatya | pra mantri andhèrèk kabèh | dènira mrih katingala | bêktining ratunira | ing pagêlaran wus rawuh | Sri Nalendra Singasêkar ||

24. Mraja Nyakrakusuma di | pinarak lawan kang raka | ing Pringgabaya Sang Rajèng | Maharaja Krêntêgnyana | Sunyalaba Sri Măndra- | kusuma Tumasik Prabu | Mahraja Dasakusuma ||

25. Wisantra Wiradimurti | Nglumajang Sujanapura | Sujanasêstra Trênggalèk | myang Ki Patih Jayasănta | lan Arya Jagalaya | Suryawêcana Tumênggung | tuwin Dêmang Amongpraja ||

26. Răngga Wijaya tanapi | Ki Tumênggung Maospatya | Radèn Urawan jajare | Dêmang Paningron lan Răngga | Sutikna myang kang para | mantri abanjêng supênuh | lingên kang nèng srimêngantya ||

27. yun-yunên wiyos narpati | Dyan Mêgung[50] Prataliyuda | Arya Tampolas Ki Jayèng- | wèsthi Ki Răngga Pênatas- | ingron lan Nitipraja | Jêksa sarerehanipun | carike Ki Sandisêstra ||

28. supênuh kang tăndhamantri | Kêndhuruan Adipurwa | lan Wiryaduta jajare | Waduaji Pêngalasan | pêcattăndha lan ăndha- | moi prajurit bra pênuh | baris busana na-warna ||

29. kang tinrap graning prajurit | Dyan Panji Suradilaga | Panji Lamongan sisihe | putraning Sujanasêstra | kang ran Suradilaga | putraning Dyan Dirgabau | sami tusing surèng rana ||

30. Radèn Panji Wirabumi | putraning Radèn Ywanjana- | sandi punika samya ngrèh | sêdaya sami suwega | sami alanglang pringga | satuhu padha tus trubus- | ing sêntana surèng laga ||

31. suwega angati-ati | sawiyose sri narendra | acadhang sêsmita rajèng | wiwekaning trah sujana | sujananing nagara | ingkang inganggit ing kalbu | wijiling sêbda narendra ||

--- [f. 187v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 70 dari 103

86. Mijil

1. nêngêna ing paseban kawarni | jêng sri narendra nom | ingkang lagi pamit ing garwane | tur sarwi sinêkaran ing rabi | wus ginănda minging | ngandika smu guyu ||

--- [f. 188r][51] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 71 dari 103

87. Sinom

1. [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...] | [...]dya tingal ingsun yayi | lawan sira ri Prabu Nyakrakusuma ||[52]

2. yayi Prabu Krêntêgnyana | ana karyane mas manik | sotya arta nawarêtna | ing gêdhong gantungên yayi | măngka praboting bumi | bab busananing rahayu | asrining prajanira | gumantung lawan mas manik | myang srêgêping ambêciki prajanira ||

3. yayi ngingua punggawa | kang bêk dipăngga dèn olih | lan punggawa ambêk singa | lan ambêk andaka yayi | para kanthia katri | lawan ingkang pindha nujum | myang pindha pinandhita | sira duwea ta yayi | kabèh iku dadi bayuning nêgara ||

4. wadya kang bêcik swaranya | lawan ingkang pêkik-pêkik | lan kang bisa olah-olah | kang bisa matut sakalir | lan kang bisa nrekahi | sarupaning kang pakewuh | lan aja pêgat mujwa | barang prêkaraning bumi | atasêna marang Ywang Kang Maha Mulya ||

5. ri kalih nêmbah sandika | ngandika malih murtyaji | man Tumasik Sonyalaba | punapa ta tumut mulih | matur nalendra kalih | bilih marêngi pukulun | pun paman nuwun duka | dèrèng wênah aningali | ing nêgari dalêm ing Sonyawibawa ||

6. sokur yèn mêngkotên paman | wis padha manggya basuki | nanging padha asarapa | luwaran sri narapati | tadhahan sing jro mijil | kêmbul ingkang para ratu | bupati sami nadhah | wusan nganti sori kalih | kawarnaa kangjêng [kang...]

--- [f. 188v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 72 dari 103

[...jêng] sri murtining raja ||

7. wus lênggah lawan kang garwa | ngandika sri narapati | lah ta uwis yayi sira | aywa suwe dèn antèni | karo nglakimu yayi | kang rayi kalih wotsantun | mundur tansah prênata | kang raka agya nêdhaki | lan kang garwa Ratu Mas Rêtna Ngasrama ||

8. kèndêl anèng palataran | ratu nom ing Pringgawèsthi | têka asêmu sungkawa | myat Kusumèng Singasari | karase tyasnya brangti | ngrês mulat Jêng Ratu Gunung | mring Ratu Pringgabaya | nanging sang dyah tan udani | dening lagya kambêngan rujiting nala ||

9. myat ingkang êmbok duk lunga | ana têka mrêbês mili | nata trênyuh ing wardaya | myang sagung wong sajro puri | ing tyas sami kairis | dera dyah ing êmbok ngungun | mangkya tan kawuwusa | sapolahira kang kari | kawarnaa ingkang lagya lumêksana ||

10. sapraptanira ing jaba | orêg sagung pra bupati | sarêng sami bubarira | sawise sang nata kalih | umyang kêndhang gong bèri | angangkang kang kalaganjur | sumrêg kang wadyabala | lir pendah sela blêkithi | asauran wadya kang anguwuh rowang ||

11. miwah griting panggêritan | sumiyang swaraning èsthi | angrok swaraning turăngga | gadêbêging wong lumaris | kang samya nusul gusti | umyang wong kang cêluk-cêluk | mangkat wadya pangarsa | punggawa myang pra dipati | sagung mulat giris tingkahing lumampah ||

88. Girisa

1. wadyabala wus palasta | dan Sang Prabu Pringgabaya | pan wus munggèng ing dirada | akalihan lan kang garwa | kadya [ka...]

--- [f. 189r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 73 dari 103

[...dya] Bathara Asmara | ri sêdhêngira cêngkrama | sumrêg ingkang wadyabala | manggrêgut lampahnya tata ||

2. wong magêrsari prayitna | miwah kang lumakwèng ngarsa | sajuru-juru atata | ing wuri datan prabeda | yèn tinon sangking mandrawa | lir pendah wukir dahana | kumram tejaning busana | surêm ingkang giwangkara ||

3. orêg kang wong sanêgara | tumingal langkung sukanya | wrin sapolahing punggawa | langkung srine anèng marga | lênglêng sagunging wanodya | tumingal dhatêng sang nata | ing Pringgabaya murcita | dhêdharane padhasmara ||

4. akèh bawaning wanodya | kalangkung kasmaranira | tan kuwawi nanggênana | ana gêblog-gêblog dhadha | ana ngrawud-rawud rema | wênèh akêkudhung wastra | rêngêng-rêngêng nurut marga | tanbuh rasaning tinira ||

5. wênèh aniba ing marga | sarwi nangis lara-lara | sêsambate kaniaya | sarowange padha suka | ana kang angling mêngkana | ingsun iki yèn lananga | têka malêbu ngawula | ing Sang Prabu Pringgabaya ||

6. pangrasaningsun tan ana | ratu bagus ambêk marta | sugih tur lila ing dunya | angapura mindha ina | tyas ingsun têka kaduga | suwitèng Sri Pringgabaya | kang nêningal tan kawarna | kang dèrèng bubar kocapa ||

7. ing Singasari Sang Nata | mangkin wus munggèng dirada | apêlana adi mulya | pinalisir ing dewăngga | anggrêgut lampahing bala | wong magêrsari prayitna | kang garwa ing keringira | ya ta wus laris lampahnya ||

8. sumrêg kang wong anêningal |

--- [f. 189v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 74 dari 103

lampahe nata taruna | wong sapraja langkung tyasnya | tinilar dening sang nata | kalih wong padha asmara | ketang gustinira lama | ana angucap mêngkana | dhuh asapi[53] kang nêgara ||

9. wênèh angucap mêngkana | amung kari Sang Dipatya | Suryawêcana kang ana | kang măngka sêkaring praja | wong kang dhimin amicara | pangrasaningsun tan padha | pan kari tusing kusuma | lan gusti kalih kang lunga ||

10. sang dipati pan kawula | kang nêningal tan kawarna | kocapa sagung dipatya | măncanêgara sêdaya | ya ta sarêng bubarira | datan kawarna ing marga | andarung ing lampahira | lingên kang kari ing praja ||

11. Jêng Ratu Nèm Pringgabaya | kalangkung rujiting nala | kalangênan nèng udyana | sruning tansah mong asmara | lir winuluh wardayanya | êmbanira angrês tyasnya | myat ing gusti nambang brăngta | rèh tan kinanthi priyendra ||

89. Kinanthi

1. citrèng dyah sayembah ayu | dènira kandhuhan kingkin | cahyanya nawang sêsăngka | akampuh rangrangan mirir | asinjang cindhe puspita | apamêkak cindhe wilis ||

2. ya êmêr nayaka murub | binggêl kana acalumpring | asêngkang panata brăngta | singsim intên roro sisih | asangsangan abra rêtna | sêkar pindha sarpa sari ||

3. sêsinome bibis mabur | sêsrêbêng lamat kaèksi | rema kêbêk dening sêkar | jamang pinodhi ngrêtna di | sumuk manising wêdana | lir pendah thathit asiring ||

4. amênggala sêkar suwun | imba pinatut atitis | pagut lan manising netra | lir tiksnaning jigja lungid | waja anglar wilasita [wilasi...]

--- [f. 190r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 75 dari 103

[...ta] | lathi tumurut nrang gêndhis ||

5. èsême agêtir madu | sêmu kaduk maragasi | agêgănda burat jênar | gandanya amulêt ati | sami èstri lênglêng mulat | agawe rêntênging ati ||

6. kang pawongan kabèh trênyuh | mulat ing sang kadi Ratih | dera tansah ngrujit nala | brangti ing kakung kêpati | sawênèh ana angucap | dhuh gustiku kawlasasih ||

7. bibèkane yèn sun gugu | lêlakone gusti mami | kadêrêng kawêlasarsa | padha-padha kawlasasih | Ratu Ayu Singasêkar | kêna uga dèn tingali ||

8. rewange nauri wuwus | dudu ondhe Radèn Putri | Singasari wus wibawa | wong gung kondur ing nêgari | ja dinawa kang rêrasan | wau ta sang anggung brangti ||

9. sangsaya kagugu-gugu | myarsa sambating kang cèthi | sangsaya kagagas-gagas | tansah ketang gèn kaswasih | sang dyah pan lagi alênggah | ing kambang cinitrèng rukmi ||

10. sang dyah angungang ing ranu | sêsinome dèn waoni | citrane saya kawangwang | sang dyah mêngkak ing jro ati | angartika ing wardaya | katuwone awak mami ||

11. tan wrin ngawak wong kayèngsun | kadêrêng aulah ragi | sang dyah mundur asmu waspa | angamêr-amêr ing brangti | dènira manurat pudhak | mèsi sambating kaswasih ||

12. kang tansah ciniptèng kidung | tan lyan kang karya wiyadi | kakunge kêkuwu ing tyas | waspa trah dipun usapi | langkung ngarsane manurat | pawongane mrêbês mili ||

--- [f. 190v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 76 dari 103

13. sêdaya sami wêtu luh | ton ing gusti ngrujit galih | kintaki tansah winangwang | dan kawarna sri bupati | praptane tan ana wikan | sarêng myat maring kang rabi ||

14. langkung tyasnya sru matrênyuh | dening garwa kawlasasih | dadya manahên ing karsa | sang dyah dèn indhik-indhiki | sang dyah maksih katambuhan | sang nata têka sumandhing ||

15. kintakinira rinêbut | sang dyah kagyat sambat mati | menggung mêksa kalênggahan | kampuhe tan kêna mosik | kang wilapa kinukuhan | sri narendra amêksa mrih ||

16. sang dyah tyase maksih gumyur | gumêtêr tan kêna angling | sang prabu nêbda sarkara | kang garwa ingarih-arih | pun kakang tadhah dêduka | dening angagèt-agèti ||

17. sang dyah kagunturan ing rum | dadya anêmbramèng liring | asung asmara ing raka | ragane ta wong asinggih | sintên purun malangana | kêna tyase sri bupati ||

18. angaras-aras angayuh | dyah mengo angincang alis | wilapa katur ing raka | winaca sinukmèng galih | angrês miyarsa ing gita | munya sambating kaswasih ||

19. kang garwa nulya sinambut | sarywangling angasih-asih | eman têmên kang wilapa | durung tutug ing aprani | dhuh sun sambungane mirah | sang dyah mèsêm asung liring ||

20. nêmbramèng tingal tur wuyung | kakênan tyas narapati | kang garwa winangwang-wangwang | paran èsêmira gusti | dyah matur karya asmara | natarsa nambung kintaki ||

21. asarah rum guntur madu | nging pantês tan têkèng galih | lêngkara tan têkèng gita | adamêl [ada...]

--- [f. 191r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 77 dari 103

[...mêl] rasaning ati | sang nata nêbda manguswa | sêtyanana sun mas gusti ||

22. yèn tan tulusa sih ingsun | pun kakang manggiha kithing | mirah-mirah yêktènana | sih ingsun yèn tan sayêkti | kakênan tyas murtining dyah | mèsêm amrêjayèng liring ||

23. wus binêkta mring jinêm rum | ing madekambang rinukmi | pawongan padha asmara | mulat ing sang maharêsmi | padha suka wijah-wijah | wênèh ana ngundhuh sari ||

24. kinarya panglipur wuyung | akèh bawaning pawèstri | byat ari kang ginupita | sang kadi asmara kalih | sang nata tansah ngrêrêpa | angarih-arih ing rabi ||

25. lir satpada mamrih santun | mamrêdi dera ngrurahi | sangsaya gawe kaharsan- | ira sang apulangrêsmi | srênggarane tanpa sêla | sang rêtna pinongah-pangih ||

26. bisa anyênyuwèng kayun | tan pêgat ngabyati liring | êntyarsane sri narendra | mèsêm tur anguswa pipi | dhuh mas mirah ywa kapranan | prapta andayaning kapti ||

27. pun kakang kabyatan wuyung | wuyunge kabyatan liring | sintên kang ngusadanana | yèn dede andika gusti | kang wêlas dhatêng pun kakang | ingkang wulangun ing gusti ||

28. ngayuh payudara ngupuk | saha nêcêp-nêcêp lathi | dyah mengo anyêngkah jaja | ngling mênawi tan sayêkti | tan wulus[54] sihing wong lola | amêmanjang ing tyas brangti ||

29. sintên purun ing wong agung | kêna tyas jêng sri bupati | sapa ngandêla wak ingwang | wus kacirnan ingsun iki | winastan lirwèng wêcana | kakênan tyas kusuma di ||

30. angling sarwi gutuk ing rum | ujar wontên kang awarti | Kangjêng Ratu Mas Ngasama[55] | dera ngandika kapyarsi | sang nata angling manguswa | sampun idhêpaning warti ||

31. sang kusuma [ku...]

--- [f. 191v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 78 dari 103

[...suma] rum umatur | jêr kacirnan wong pragnya ngling | sagêd ngrakit angandika | sintên kang purun nimbangi | kawignyan dalêm narendra | sang nata kapranan angling ||

32. dhuh kang anggung karya wuyung | lilanana masku ari | sang pinrih murca kesisan | arsane norakên ragi | ragane amrih kaarsan | kawahan rum-ruming ragi ||

33. raganya amêdhar ing rum | mrih sasambulahing tapih | asmu merang myat ing raka | sang rêtna tan kêna mosik | duk winangwang citranira | lir tanpa jiwa angganing ||

34. kataman dyah sru murcèng pyuh | ya ta sang nata ningali | garwa murcita kalêswan | ingaras masambat mati | sêsmita amêlasarsa | angasih marmaning gati ||

35. gatining kokaling kayun | yayah pêjah sang lir sari | sang kakung marma ing cipta | sêsinome dèn wuryani | liyêping netra kawangwang | drêwayandrês tibèng pipi ||

36. sinotyanan dening kakung | kinuswa ingarih-arih | dhuh mas mirah awungua | kawlasana ingsun ari | anatmataèng kawula | kang asung lêsah ing gusti ||

37. dhuh ingsun atadhah bêndu | tan lênggana ing sakapti | pan kawula anggung dosa | sadhêndhane sun ladèni | pun kakang srah jiwa raga | saukume sun lakoni ||

38. sang dyah angêsah wus wungu | angayuh jangganing laki | sinambut dera sang nata | angêsês masambat mati | suh wardayaning narendra | kang garwa ingarih-arih ||

39. sininjangan kusuma yu | asambat lêsahing ragi | sruning wênahing asmara | têdhak kalih sang sêsuci | munggèng ing botrawi wetan | wusnya sarêng siram kalih ||

40. agêgănda mrêbuk arum | sêmana wus kampuh kalih | sang nata nêbda sarkara | lah kantuna masku ari | ywa wingit jumantên ingwang | dening sun angrurah ragi ||

41. nêmbah sang kusuma ratu | sang nata aris lumaris | kawarna maniking

--- [f. 192r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 79 dari 103

pura | lagi eca ngrujit sari | sarêng tumingal ing garwa | suh rêmpu sri narapati ||

42. sang nata praptane nambuh | têka alênggah sumandhing | kagyat kepyan ratuning dyah | raka ginablog kang wingking | nangling dhuh kaya matia | rawuhe ngagèt-agèti ||

43. sang nata mèsêm angayuh | garwa saha nuwun runtik | dera sung marasing nala | sadhêndhane sun ladèni | garwa ngling asung asmara | mung lamise dèn ranggoni ||

44. sang nata ngaras manuhun | anuwun astaning rabi | langkung kapranan ing cipta | murtining rat anjiwiti | nata citranya sangsaya | lir Ywang Asmara nuruni ||

45. pawongan kabèh wulangun | mulat ing sang mamrih rêsmi | ana ngrêmêd-ngrêmêd asta | tanbuh tingkahing abrangti | ana ingkang jola-jola | sru tan kuwat ngrèh tyas budi ||

46. sadina-dina atimbun | kamulyanira pan luwih | sira sang antuk nugraha | surasa asalin-salin | mêngkana adi wibawa | sapraja mangun punagi ||

47. sato kengwan[56] ing wana gung | pan samya salin pakarti | marang sang umadêg raja | prêbawane ambawani | macan mari amêmăngsa | ambadhog kidang lan kancil ||

48. sêsaba atut aruntut | macan kidang lawan kancil | gêlathik prit alap-alap | atut pasabane nunggil | badhog-binadhog tan ana | atut sakèhing kumêlip ||

49. kêthèk lawan ula runtut | samya jrih Sri Narapati | Mraja Surya Dipaningrat | prabawandewangkara di | kadya sêsotya wimarta | gêgănda manut ing raris[57] ||

50. riris-raras arum-arum | samya sumawur sumilir | sapraja Sonyawibawa | lir katrahan riris manis | mêngkana gantya winarna | Sri Nata ing Singasari ||

--- [f. 192v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 80 dari 103

90. Sinom

1. duk lagya praptèng paglaran | Sang Prabu Anyakrawati | umyang swaraning brêdăngga | bupati myang para mantri | praptèng pura sang aji | pawèstri umyang gumuruh | sang dyah nulya ingêmban | asmu merang sinungan [sinung...]

--- [f. 193r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 81 dari 103

[...an] ling | sampun duka mas mirah dhatêng kawula ||

2. ciptaning abdi kusuma | bilih pada mambu siti | andhatêngkên gara-gara | larang pangan Singasari | sang dyah micarèng ati | wagêd têmên anir wibuh | angrakit ing wêcana | ing prabayasa wus prapti | ingkang garwa linênggahakên palăngka ||

3. pawongan atap nèng ngandhap | kang ambêkta upacawis | prasamya yu-ayu kênya | atap wênèh nglêladèni | sêmana sri bupati | tansah amangwang ing dulu | alênggah anèng tundha | angandika anrang gêndhis | baya gila sukma tan sudya ngandika ||

4. cipta kawula mas mirah | lir katurunan ing sasi | saking ing Endrabuwana | pan nugrahaning Ywang Widi | dhatêng pun Nyakrawati | măngka usadaning wuyung | dhuh kusuma marmaa | dhatêng ing dasih kaswasih | sotahna angabdèkkên ing kawula |[58]|

5. kapranan darya sang rêtna | dadya anggutuk ing liring | sang kakung garjitèng nala | mangrêpa sarywa ngrakêti | baya urip kang abdi | samangkin nguni gring pênuh | lami gèn anggung brăngta | mangêla-êla ing gusti | sarywa ngayuh pêmbayun arsa ingaras ||

6. sang dyah aris nêngkah jaja | sarwi anêndhal ing liring | liringe kadi tan arsa | nanging tan tumêkèng ati | ciptanira ngadohi | arsa anyênyuwèng kakung | kaku[59] saya kapranan | mangaras astaning rabi | pangkoning dyah liniyangan sarywangmangwang[60] ||

7. pawongan kabèh tumingal | akèh kabyatan ing liring | ana buwang-buwang tingal | akèh ingkang asêngadi | myang semah pra bupati | sêdaya uningèng sêmu | ya ta prasamya bubar | amung kari wong jro puri | sri nalendra misih mangrêrêpèng garwa ||

8. aningalana sakêdhap [sakêdha...]

--- [f. 193v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 82 dari 103

[...p] | mirah usadaning agring | anglampahi pringgabaya | datan lyan Sang Kadi Ratih | kang kacipta ing ati | suka nêmahana lampus | yèn wandea pêpanggya | mangke kawula tur pati | têlasêna kênakanira bêndara ||

9. binandhêma ing rudita | tigasên lindrining liring | rujitên ing rêngunira | tuwêkên kincanging alis | yèn sampun angêmasi | dusana ing gantèn arum | rurubên wastranira | langsaran andina gusti | dèn kirima lukare sêmêkanira ||

10. kapranan tyasing kang garwa | kinayuh gutuk ing liring | anyêngkah anampèl asta | sarywa anggutuk ing runtik | sang kakung datan wigih | kang garwa nulya sinambut | binêkta mring paprêman | êmban inya wruh ing wadi | samir tundha tinangkêbakên sêdaya ||

11. sang dyah pan asmu karuna | tan pêgat ingarih-arih | ingaras mengasmu merang | awêcana asmu tangis | wong agung apa iki | têka nora antêng lungguh | asta antêng dirada | ka wastra binosah-basih | kêna tyase sang nata amrih ing prana ||

12. ngandika sor guladrawa | sang nata mamrih wigati | apan sarwi angrêrêpa | katrangan gêng brăngta kingkin | mangkya wontên mantraning | sihira sang pindha tèngsu | tyas kadya dinamaran | katrangan liring amanis | tulusêna mas anggèr sih jêngandika ||

13. kadi ta bramitèng ngarang | rakanta yèn tan mênawi | tan lulus pasihan dika | lir amangan madu manis | kaworan darubêsi | kajogan gênje kêcubung | mulat ing ngajêngira | kang asawang Dèwi Ratih | têkèng lina sumêdya angèstupada ||

14. sang

--- [f. 194r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 83 dari 103

dyah kapranan ing sabda | anglongcipta[61] jroning ati | bisa karya êla-êla | lir angruntuhêna ati | yèn akarya mêmanis | nora măntra yèn wong agung | sapa nora asiha | sarywa anjiwit calêkit | sri nalendra angaras angayuh suswa ||

15. wong i[62] jro padha asmara | kang pêdhêk jawining samir | tan ana arsa mundura | tan pêgat jawil-jinawil | ngucap pating kalêsik | adhuh lae ni mbok anu | upami yèn rikaa | mau-mau wis ngêbibir | mustakane wus aras-arasên ngangkat ||

16. sami suka kang miyarsa | gumuyu pating cêkikik | kawarnaa jroning tilam | sang nata lagyarsa ngukih | wêkasing sinjang kokih | sang dyah sarira marlêsu | akikib payudara | ingaras rinêmih-rêmih | têkèng prana ing gati tanpa jamuga ||

17. trênyuh ing tyas sri nalendra | mulat ing garwa kêpati | kinoswa ingaras-aras | awungua masku gusti | sarywa dipun sungkêmi | suswarja ingupuk-upuk | dyah ngêsês sambat pêjah | sang nata nambut aririh | angandika sêbda rum lir guladrawa ||

18. pun kakang atur palastra | dhinêndhaa anglampahi | dening angrusak larangan | dyah mengo sêmu ngêdohi | sininjangan sang dèwi | nulya ingêmban mring kakung | binêkta mring patirtan | sampuning sêsuci kalih | liron kampuh agêgănda amrik sumyar ||

19. êmban inya adhikutan | dènira anglêladèni | ênting sukane kang manah | dening gusti wus karonsih | sêmana sri bupati [bu...]

--- [f. 194v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 84 dari 103

[...pati] | kang garwa nulya sinambut | binêkta mring paprêman | sampun samya sare kalih | pan kêpatya sang mêntas karon asmara ||

20. wus wanci bangun rahira | mega bang tumurut ngrawit | umyang swaraning kang sata | kêrêp kukuluruk anjrit | asrang kalawan gêndhing | ing jawi umyang gumuruh | mijil ywang kulandara | sumirat amungu rêsmi | lir sotyaning kênya kaprawasèng tilam ||

21. sampun wungu sri nalendra | kang garwa ingarih-arih | suwawi gusti wungua | dasihe arsa tinangkil | tur sarywa dèn gantyani | nglud ingaras sang wahing rum | basa lêsu ingêmban | wus praptèng bangsal pêngrawit | êmban inya padhêkan atap ing ngarsa ||

22. kayungyun ing tyas sêdaya | mulat ing gusti karonsih | dening ta asalin warna | Ratu Ayu Singasari | wênês ijo nglêlêntrih | ri sangsaya imbah ayu | kadi murca kêdhèpna | tanapi sri narapati | ingkang warna kadi Bathara Asmara ||

23. mênggêp amangwang ing garwa | sapolahe kadi ringgit | sapa ora kedanana | sang nata amit ing rabi | busana wus cumawis | anulya angrakit kampuh | arina tawan brana | paningsêt cindhe wratsari | atapong[63] mas sinêkaran dening garwa ||

24. sasampunira ginandan | dhuwung sarungan sinungging | sawat kandêlan suwarna | sarira rurus manglênging | kadi Parta mong rêsmi | angandika asmu guyu | apamit dhatêng garwa | lah kantuna masku ari | sun sineba sakêdhap măngsa dangua ||

25. sangking tan bêtah kawula | apisah

--- [f. 195r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 85 dari 103

lan dika gusti | jangkêpa sapadang pêjah | mèsêm sang ratuning manik | sarywa anggutuk liring | mangrêpèng pangkon sang kakung | sarywa anuwun gantyan | minăngka sanguning mijil | tutug sang dyah amucang awor asmara ||

26. ingaturakên sing waja | sang kakung narimèng lathi | linud ingaras sang rêtna | nata ngandika nrang gêndhis | pun kakang nuwun amit | dhumatêng susunan ingsun | anggèr sampun rudita | măngsa dangua sun Ratih | mèsêm sang dyah angliring karya la-êla ||

27. mangkya miyos sri nalendra | ratu ayu anuruni | satindak mangu sang nata | sarwi angêmak sêsumping | tansah nolih ing rabi | sang rêtna anut ing dulu | pawongan padhasmara | nata wus kalingan kori | orêg wadyèng jawi myat kagyat kasmaran ||

91. Asmaradana

1. nahan paglaran winarni | pênuh wadyèng Singasêkar | Patih Cakranêgara ngrèh | Tumênggung Suradiprana | nèng têngên kiwanira | Kya Wilatikta Tumênggung | banjêng kang mantri bupatya ||

2. wêdana jro wus anangkil | Dyan Tumênggung Cakrajaya | Kya Jayènggati jajare | dene bupatine lama | nênêm dèrèng kapura | punika kang sami têluk | sowan wurining apatya ||

3. orêg wadya kang anangkil | sawiyose sri nalendra | upacara bra ngarsane | wus lênggah asung sêsmita | wadya linggih sêdaya | angandika sang aprabu | bapa patih di rupanya ||

4. bupati kang nungkul kami | rêkyana patih prênata | inggih punikabdi katong | kang sowan wingking kawula | pun Purbanêgara lan | Jaya

--- [f. 195v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 86 dari 103

Wilacipta lan pun | Răngga Pramusita lawan ||

5. pun Ariya Widandini | lan pun Măndrapati muwah | pun Danurdara samya grong | manggut sang sri naranata | alon malih ngandika | bapa patih karsaningsun | Si Sumitra ingsun karya ||

6. bupati jro sun arani | Si Răngga Krêtawêdana | lawan maning karsaningong | hèh Paman Suradiprana | ya Si Kartisampeka | sun pundhut ya ta wotsantun | Tumênggung Suradiprana ||

7. sumăngga ing karsa aji | ngandika sri naranata | bapa patih karsaningong | Si Krêtisampeka sun trap | Dêmang Jayawiwara | sun wor ing jro gon alungguh | kya patih atur prênata ||

8. ngandika malih narpati | ing mêngko parentah ingwang | Si Purbanêgara rane | sun alih Si Arya Mulya- | wêcana anèng jaba | têngên galongane lungguh | wotsêkar sira Ki Arya ||

9. Si Pramusita dimoning | lan Si Jaya Wilacipta | têtêpa kalungguhane | ya anèng têngên manggona | dene Si Agrayuda | nènga kiwa gone lungguh | ran Arya Sêcalipura ||

10. lan Si Arya Widandini | sun lih Răngga Samudana | Si Danurdara arane | sun lih Dêmang Sêlingsingan | wadyaningsun lumraha | sêdaya asaur manuk | lênggahan sampun tinata ||

11. têkèng mantri alit-alit | pan sampun pulih sêdaya | ngandika malih sang katong | bapa patih dèn prayitna | rumêksèng prajanira | padha sira [si...]

--- [f. 196r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 87 dari 103

[...ra] mriha ayu | pulihna nêgaranira ||

12. payunên mulyaning nagri | rêksanên rusaking wadya | lumrahna parentah ingong | aja na simpên durjana | ing rèh padha mrih arja | arjèng tyas wong sapraja gung | aja na atinggal sastra ||

13. awotsêkar kyana patih | sêdaya atur sandika | tanpantara duk praptane | gotongan saking jro pura | kêncana tuwin arta | ngandika alon sang prabu | dumên iku bapa patya ||

14. diwrata gonmu ambagi | iku padha digawea | mulihkên ing nêgarane | ing bandar tuwin ing desa | gunung tanapi alas | mriha bubake sêdarum | iku sira beyakêna ||

15. lawan sira aywa wêdi | matur marang ingsun bapa | yèn ana kêkurangane | băndha beyaning nêgara | ngare miwah ing arga | rêkyana patya wotsantun | sang nata nulya luwaran ||

16. sakondurira sang aji | ambêngan saking jro pura | gotongan sêlur wêdale | bupati nadhah kêmbulan | wênah kang sêkul ulam | wêrata têkèng wong taun | wisan dhahar sami bubar ||

17. bupati wus padha mulih | mangkin prajèng Singapuspa | lan duk uni buh tikêle | mungguh arjaning nêgara | sairib lan ing Sonya- | wibawa yu ayêmipun | kapungkur pakarti corah ||

--- [f. 196v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 88 dari 103

92. Pangkur

1. nêngêna ing Singapuspa | kawarna Sri Nalendra Pringgawèsthi | pinarak paglaran agung | upacara sri ngarsa | Kyana Patih Andayaningrat nèng ngayun | Tumênggung Binarong tansah [ta...]

--- [f. 197r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 89 dari 103

[...nsah] | lan Tumênggung Purbatiti ||

2. Rahadèn Tumênggung Purba- | nêgara lan Ki Arya Jayèngwèsthi | angandika sang aprabu | Uwa Andayaningrat | ya Si Lungid ing mêngko sun junjung lungguh | arana Răngga Prêmana | ana ing jro karsa mami ||

3. ki patih atur prênata | angandika malih sri narapati | Si Mirmagati sun pundhut | ran Dêmang Sandiprana | anaa ing jêro uwa gone lungguh | ki patih matur sumăngga | ing sakarsa narapati ||

4. nata ngling lah êndi uwa | wong kang nungkul ingsun durung udani | kyana patih awotsantun | punika ngwingking amba | kang kalih sing Pringgabaya wastanipun | kang têngên pun Sigramaya | pun Jagalatan kang kering ||

5. kang catur sing Wisantara | awasta pun Jaladriya satunggil | pun Dadaksara trinipun | pun Wulung Wilandaka | pun Dhandhangwêcana kasêkawanipun | manggut sang sri naranata | mêngko uwa karsa mami ||

6. Si Ariya Jaladriya | amanggona ing têngên ya wa patih | de Si Wilandaka Wulung | ran Dêmang Wilandaka | lan Si Răngga Dhandhangwêcana karsèngsun | karo nènga têngên padha | sandika ingkang tinuding ||

7. dening ta Si Sigramaya | sun junjung ran Arya Sêcanêgari | Si Jagalatan sun junjung | ran Dêmang Jagalatan | de Si Dadaksara sun wuwuhi juluk | ya Si Răngga Dadaksara | nuwun sagung kang sinung sih ||

8. sêdaya sami pêrnata | wus tinata têkèng mantri lit-alit | nata malih ngandika rum | lah uwa ja

--- [f. 197v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 90 dari 103

pêpeka | poma-poma hèh uwa parentah ingsun | aja na kang salah cipta | wa patih parentah mami ||

9. tan adangu nulya prapta | kang bêrana si[64] pura andalidir | sang nata ngandika arum | lah uwa sira duma | maring wadyanira wratakna sêdarum | aja na kang kaliwatan | karyanên mulut wong cili ||

10. hèh Uwa Andayaningrat | sira ikang[65] sun kaya[66] wakil mami | aja was diwis lir ingsun | kedhapèng[67] wadyabala | prabawanta mardikèng buwana nulus | kartanta mupugi guna | wiweka asih ing dasih ||

11. pulihna ing Pringgabaya | rahayune payunên waluywa ring | pangrêksèng mudha pudha punggung |[68] lumrah ati durjana | undhangêna ngalapa ing rèh rahayu | wajib ngrèh mêmarèkêna | tingkah kang mungkar ing bumi ||

12. ngêntèkna pituturira | ing bêcike sasolahing praja di | apan ta sira pinutus | ing susila tan kurang | myang wiweka norantèk ing krama tuhu | tatapi uwa yèn sira | pitutur mêmarentahi ||

13. mring sakabèh balanira | barang ingkang sira prih karti bêcik | amrih utama tinêmu | aja atinggal sêstra | dening wajibing wong arsa apitutur | dhèwèke anêtêpana | dèn panggah dèn alanggêri ||

14. yèn uwis kêlakon sira | angranggoni satuhu angantêpi | tan angèl kabèh kang wadu | sagung mantri punggawa | wirang dhewe sêlaya lan kang mêngku |[69] sabab kabèh mrih winraga | mring kang ngrèh yu kramaniti ||

15. sagaduging kèh arahnya | tan lyan ngirib tekading ratu patih | sabab gon pangayun-ayun [pangayu...]

--- [f. 198r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 91 dari 103

[...n-ayun] | sih mulya sandhang boga | bênêr luput wadyamu ri patih ratu | tuna yèn wèha lupiyan | budi tekad tan utami ||

16. dening anggêring utama | kang tan nêdya nisir ing dalil khadis | iku rèh rahaya[70] agung | dèn cêngêng waspadakna | sakèh ingkang cinêgah myang kang tinuduh | ywa nganti cahak-cinahak | kang linakon lan siningkir ||

17. liring pakon kang sapisan | ngudanakên wêwangi ing sabumi | dana sumêbar sumawur | mêratani sajagat | dikêwratan gêdhe lan cili sawêgung | mapan aja pilih jalma | lyan ingkang mungkar ing tuding ||

18. iku uwa lakokêna | sawrêgamu bupati muwah mantri | dening pindhoning panuduh | milara krama ala | wong durjana ing praja kabèh ginêmpur | nora ngitung kadang warga | yèn durjana dèn patèni ||

19. barang kang laku durjana | prêsudinên aja mari yèn tan wis | sang paran ngungsi kon ngêsuk | kêcandhak pinatèna | rêrêgêding praja prihên birat sagung | kancanira sêtyanana | gon padha ngrêksèng praja di ||

20. maling mêmalaning praja | prihên ilang drusila[71] ngrêrubêdi | pijrahên bala sawêgung | ywa na wèh ulah ala | tundhungên wong sandhing pênggawe tan arju | yèn kang ala wus kalunas | sajinis dèn tumpês tapis ||

21. kang padha nut jinis ala | antêpana gonmu nrap ngrêksa nagri | dening pakon kang ping têlu | nglakokna paramarta | ngudanêna sabarang rèh arum-arum | amantahêna rêrasan | ngayêmna dasih tyas yukti ||

22. kang galak nut nèng rèhira | ja kêrasa wadya sira prih bêcik | ywa na rêrêngoning [rêrêng...]

--- [f. 198v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 92 dari 103

[...oning] kalbu | kang nusup mrih kênakna | kang sikara rahên ngrasa dimèn nusup | mangisêpèng rêrêsêpan | nêsêp kênaa sira prih ||

23. aywa ge saliring karsa | nadyan mungsuh tyase kênakna pulih | ywa kêtara gon mangrasuk | pangisêping rêrasan | anadene uwa pakon kang ping catur | apura sêrananira | mênuhana ing sabumi ||

24. prihên eca sasining rat | pangrèhira mung wêwangi mêmanis | sawuwusmu dèn manis rum | saulat parikrama | guyu-guyu èsêmira worên tanduk | satindakmu ja kêrasa | tyasmu martaknèng mêmanis ||

25. ambêka sănta ing sak rat | trahing tyasmu wantahna ing mêmanis | dimèn saya sru rum-arum | asihèng gung pandhita | kaping lima lakokêna disatuhu | ngèntèha pakartining rat | mruhana budining bumi ||

26. ditanpa wangên lan têngran | gonira mrih budining kèh dumadi | pêsthèkna kêna kang kabu- | dayan aja kêtara | dibisa mèt budining bala sawêgung | drusila wruhmu dinglela | sapolahing wadya dèn wrin ||

27. sambinên lan ngupa boga | myang busana dèn gung mangun kamuktin | ja nganggo antara ungsum | dera mrih sukèng bala | sira mêmaèsa saprayogèng wadu | sartanggung sukmanên tyasnya | mriha gunarja lêstari ||

28. rat yya nganti kêna molah | sasolahe kabèh ta sira dèn wrin | nut dana-dana digbya nung | myang laku susilarja | yèn wis kêna kotamaning rat sawêgung | mêngkono lakune uwa | eling-elingên ywa lali ||

29. pakon kaping nêm lakokna [la...]

--- [f. 199r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 93 dari 103

[...kokna] | anggung mukti boga sarwi ngenaki | yya gêpok kang pancèn wangun | kang sira karya srana | amancia kang musthi pêsthi lumintu | dadya mung milih prêcaya | dènira mrih tanpa silib ||

30. doning praja pinarcayan | dera sru ngyêktèni ing pêngupami | aja nacad aja gunggung | sêsamanên sêmoa | rèhning suk srah kawiryan kabèh sinung wus | tan wruh ing upaya sira | tuhuning praja dèn kaprih ||

31. utamaning rumêksèng rat | anggulanga gunan pakrêti jurit | disah basukining sagung | kang kapusthi ngwardaya | guna-guna gunan kabèh dèn kagêlung | angapusa sasining rat | putusing weka dèn kèksi ||

32. ngapusa suhing durjana | sêdhih agung dursila luya juti | sasining rat dèn kawêngku | kèksia kang raharja | têmpuhing sêrana aja kegah-keguh | kang kukuh ing kautaman | sira telada dèn yêkti ||

33. pakon ping pitu lakokna | ngupa boga sawongmu gêdhe cili | kabèh prihên surèng mungsuh | lan bisakna basanya | kabèhing wong nirnakkên mungsuh digbya nung | de pakon ping walu uwa | wijiling sira mong kami ||

93. Mijil

1. aja tungkul rumêksèng wong cili | kyating rat luwih bot | iba jagat yèn owah lakune | anggungêna ja lupa anggusthi | aja pilih wanci | panyipta mung laku ||

2. tutên tumanên patuh nèng ati | dera mrih rèh elok | awasna

--- [f. 199v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 94 dari 103

kang ngowahkên pênggawe | yèn kêtrak angrusak gunging budi | yèn laku wus bêcik | rêksanên dèn bakuh ||

3. pratingkah ayu tan animbangi | yèn ana ngrêregon | wawasên siting gurunta bêngèn | wêwalêre aywa sira lali | wuwus ingkang uwis | gumlar ing kalbumu ||

4. sru kamantyan nêmbah kyana patih | ngling malih sang katong | paman arya saosa wong gandhèk | arsa sun duta ngaturkên tulis | ing kangjêng rama ji | sinuwun ing gunung ||

5. matur sandika nêmbah wus cawis | gandhèk mantri anom | wus tampi surat lumêksana ge | mangkya pan wus sumurup ywang rawi | ywang căndra gumanti | wanci kaping pitu ||

6. sri nalendra pan maksih tinangkil | dan tadhahan miyos | wus ngambêngan bupati mantrine | kinèn boja andrawina sami | arame kang gêndhing | sukanya kalangkung ||

7. para mantri Pringgabaya lami | pyuh aguyon-guyon | lan mantri sing arga pasihane | sruning suhud sihing gusti kadi | yayah ing dumadi | tan ana kang rêngu ||

8. êntyarsanira sri narapati | mulat ing ponang wong | dening wus sabayantu ciptane | wus dalu ywang căndra wus gumingsir | ya ta sri bupati | mangkya arsa kondur ||

9. lir ginutuk ing pangawe sari | tyasira sang katong | èngêt ing garwa ketang ajênge | datan eca sinewakèng mantri | ngandikasmu gêndhis | uwa ingsun kondur ||

10. ramèkêna ywa na age mulih | prihên suka kang wong | aywa ta nganti pêgat gêndhinge | kang liningan sagotrah ngabêkti | dan kondur sang aji | ginrêbêg para rum ||

11. srênging tindak brangtanya [brangta...]

--- [f. 200r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 95 dari 103

[...nya] mijêri | garwa tansèng panon | gumawang wardaya sapolahe | nahan lingên musthikaning manik | pinarêg ing cèthi | êmban inya babu ||

12. mrêdapa lênggah sandhap taritis | warni jo smu anglong | jiwa sruning amrat rasèng tyase | anggagat trêsnaning priya mingis | nêdhêng pasang ragi | palyasira mungguh ||

13. akampuh gadhung pinrêmas ngrawit | ujwalanya abyor | cindhe puspita rêpta sinjange | apaningsêt cindhe liman srênggi | sangsaya ngayoni | tuhu rajaning rum ||

14. êmêr niyaka rêtna mulya di | lulut madya tinon | trah anggora tanpya gumananglèh | singsim hèr udaya kalih sisih | sêmbuh lan sakalir | marayang ngênguwung ||

15. binggêl endrasmara bra rêtna di | kilatbau abyor | nalendra raras ngayap pindhane | anyakra padma ragasmu adi | suswarja sumêngit | ing jaja mrêdèng kung ||

16. sarira gilig lir mas sinangling | kuninge mêncarong | hèr kisma sri pinatra sêkare | sêngkang grahing kartika ngrêm èksi | puspa baskara tri | rikang sêkar suwun ||

17. lindrining pasuryan lir tiksnaning | pasopati maos | pait ngalapi jiwa liringe | imba nyintaka nglarap nawan sih | asêsrêbêng titis | sri nata mangun kung ||

18. keswa ngukêl arjandanu wilis | mangun-mangun wirong | bra têmbara pêdma rum gandane | lênggah ing dhampar dênta rinukmi | padanya ngintaki | lir kunta dinulu ||

19. kathah pawongan tyase kairis |

--- [f. 200v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 96 dari 103

ton wah ajêng trah mong | raras samya wisik lan rowange | tuhu kumarèng rêtna sabumi | gustiku kang warni | nrangi sapura rum ||

20. sumrêg kang wong sarawuh narpati | sagung para sinom | sami anganan ngering prênahe | sri nalendra duk mulat ing rabi | kasrang pandam kandil | mêncarong lir daru ||

21. sang kusumarsa têdhak sing kathil | gêpah sang nata non | mangglak lampah wus nambut garwane | sarya nêbdarsa punapa dening | ewah lênggah gusti | ngrêntahkên tyas ingsun ||

22. punapa karan mirah gêng wingit | paran têmah ingong | yèn ngantya rêngat tyas gusti anggèr | tanpa karya rumêksa kang abdi | wangsul ta dhuh gusti | wlasèng kang pênandhu ||

23. anatmaèng dasih mas ratih |[72] karoban lara bot | yayah nadhah kêcubung lan gênje | tona jêngandika lir ngranuhi | de lindrinta gusti | amisani umur ||

24. gumêtêr duk myarsa sang rêtna di | kepyan tyas dera non | mring raka ing solah myang sêmune | ana mantrane andrênging kapti | dera angabari | mangalap rèhing rum ||

25. akèh pawongan kabyatan riris | ton ing sang ngalap sor | tan dêrana mrêdi ing karsane | karagan-ragan nambut aririh | ngêsês sang rêtna di | binêktèng jinêm rum ||

26. nêngkah-nêngkah sarywa nyablèk wêntis | sang kandhahan wirong | wus tangkêb langse rum andikane | napa tan wêlas mulat ing abdi | kang lamya gêng kingkin | ing tyas manggung wuyung ||

27. lir wilasitèng tawang kaswasih | êntyarsa kèh

--- [f. 201r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 97 dari 103

tumon | panjrahing supadma rum gandane | punika èsthi kawula ratih | myat ing andika lir | karirisan madu ||

28. pintên kadare kyating jangga nglih | ing tawang tanpandon | anêmaha ing lara têmahe | sintên kang tulung brêmara ngungsi | ing tawang kaswasih | kadohan ing santun ||

29. lir cintaka ing wiyat katrini | tikbra layung layon | kalunta-lunta têbih ririse | sintên lumayad dera gring lyaning | gusti kang wlas paring | usadèng kêlayu ||

30. mung sih andika kawulantyanti | awlasèng katlangso | sang dyah maras sarira margupe | anyêngkah jaja mengo ngêdohi | anggutuk ing liring | anêmbramèng rêngu ||

31. sang kakung ngaras mawanti-wanti | manah jrih rinêngon | tansah angoling jaja astane | sang dyah atangkis-tangkis tan nolih | pragnya sri bupati | amriyêmbada rum ||

32. dhuh paran gusti dening awingit | pinarêk mengwandoh | punapa dening dasih tan wrin rèh | sruning kawula tan kyat mrat kingking | pun kakang maskwari | lir palastra nglayung ||

33. dadya tan wrin yèn kade dèn gusti | wong gunung tur bodho | pun Krêntêgnyana nuhun dukanggèr | suka pinrangèng kincanging alis | kawula srah jisim | tan ajrih ing tatu ||

34. sang sinewasmaranggung sru runtik | anjiwit lathyandoh | nging tan kêna tinulak nêtyane | kakung mangaras sangking ing wingking | sangsaya ngrakêti | nolih ratuning rum ||

35. kêkêtêgnya sumyar mêratani | sumamburat awor | tan kêna ngrêbut kokih sinjange | dera ngêsah sinamur

--- [f. 201v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 98 dari 103

lan gêndhing | rêsmining pangrêngih | sinrang lan pangrungrum ||

36. kagunturan srênggara pênlas sih | karênga dening wong | dalêm kang sami nèng jawi langse | padha lam-lam akathah kêsarik | têmbene mirêng ngling | kang gumuntur madu ||

37. ana kang têmah drawaya mijil | muyabing tyas kepon | wênèh dèn rontok rambute |[73] niba gumalundhung anèng siti | ringik-ringik angling | dhuh lae ratuku ||

38. sapocapane lir dudu jalmi | dera sung wirangrong | awak ingsun iki ta emane | katêmu tuwa noma sathithik | ingsun marêk cêglik | rina wêngi tunggu ||

39. dan kawarna ingkang pulang rêsmi | murcitèng paturon | sang kakung marma maras galihe | sinambut dyah pinangku ing laki | lagya ngandikani | dan kèn êmban rawuh ||

40. sah atur sangku isi hèr wangi | dyah sinotyan alon | nglilir ngadhuh Pangeran sambate | sang kakung ngaras mawanti-wanti | sarwi misik ririh | dhuh pêpujan ingsun ||

41. lir amanggih kumala sawukir | mèh dasih anglamong | yèn tan wungua gustiku anggèr | sarwi rinangkul ingêmban ririh | binêkta mring bèji | kèn êmban nèng pungkur ||

42. rawuh patirtan wus dèn sirami | sang dyah munggèng pangkon | jinamasan ngèr mawar remane | wusnya siram ingêmban ing laki | binêktèng pêtani | arsa nuluh-nuluh ||

43. winangwang-wangwang murtining puri | dhuh sukmaning sinom | lintang bêsur dasih andikanggèr | baya runtik ratuning rêtna di | kawulane gusti | lênglêng tan wrin bêndu ||

44. sarwi ngêjum rema

--- [f. 202r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 99 dari 103

ngaras wanti | pangrêpanira lon | kamayangan idhêp kawulanggèr | myat ajêng ta mangalapi urip | dyah lon tur sêpahing | sri gêpah tur guyu ||

45. tranging wêdananta ngrêm ing sasi | pun kakang kawuron | ing nala mangun brăngta angame | lir bramastra pratamaning alis | netya sang anini | ing tyas wèh tan emut ||

46. ingkang liring nrahkên kulung atih[74] | sun tan kuwawa non | byating misani cipta manise | yèn tan tinrima sèstuning dasih | yêkti kadalwan gring | mèsêm rajaning rum ||

47. angandika nata ngasih-asih | dhuh bêgja ragèngong | kuturunan daru jumêrute | èsêming dyah sarywanjiwit lathi | bêtah têmên angling | sang kakung mangayuh ||

48. ingaras kusuma wanti-wanti | cinêngkah cinêthot | gêlis gêdhe ingulur abdine | murtining rum têka anablèki | kang raka ngrakêti | ngrêpa ngupuk-upuk ||

49. kathah polahing amukti rêsmi | sang nata minta sor | garwa anyinggahakên astane | abasa uyang rinêmih-rêmih | mangayuh su sarwi | sinèbêtan sabuk ||

50. ngliyêp ngusap-usap kang panêpi | ingulêsan alon | sang pinuja têka eca sare | sri nalendra alon angêloni | myarsa ruming suling | gêndèr bangun esuk ||

51. mèh raina wiyat wetan ngrawit | mega bang sumarot | mangkya wungu kang kawon ing sihe | apêpungun ijo manglêlêntrih | trah kasok ing rêsmi | wênêsnya sor madu ||

94. Dhandhanggula

1. nahan Sri Pringgabaya kang mukti | kawarna [ka...]

--- [f. 202v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 100 dari 103

[...warna] Sri Maha Sunyalaba | lan ri ing Tumasik Rajèng | nèng Sunyawirya kuwu | supe ing prajane pribadi | kalih tansèng pasowan | srimênganti tugur | kawuron dera pruwita | nata kalih karêm dènnya mangastuti | ing rèh darma sampurna ||

2. samangkya tan anyipta sri kalih | kondur maring prajane priyăngga | sruning sarira sumrahe | lir kawrêsan rum-arum | prabawanya wibawa budi | yayah pinanjutan trang- | ing tyas kalihipun | saya sru byating kang trêsna | Sri Tumasik Sunyalaba wah undhagi | Mraja Măndrakusuma ||

3. anggung wulangun wulang kalingling | lênglêng dening trah rasa-surasa | karasa-rasa rasane | rarasing arum-arum | wuh kawangwang wèhning wêwangi | wangunaning wibawa | waluywaning ayu | putusing krama wikrama | pira-pira undhake karaton aji | tan wun pinujwèng jagat ||

4. bala mantrinya bên-sabên enjing | winêlêg kêbo sapi pinasak | linêmêng gile gêgudhe | angêt-angêtan mangut | pindhang banyak pêpêcêl pitik | lawan bêkakak menda | sapi binêtutu | sakabelaning kang wadya | apor[75] bèbèk apa ingkang dèn doyani | pan sami tinutugan ||

5. bênêm-bênêman sêm-asêm asin | tagyan-tagyan sawêrga-wêrganya | pan dho-lodho sale-sale | kicap kincêran jêruk | êtim tămbra saking Pêragi | tan ana kêkurangan | ing siyang myang dalu | kang paring jêng sri narendra | langkung sami wêwah sungkêm kang wadya lit | ing sang prabu tamèng rat ||

6. anggung bojana ing sabên [sabê...]

--- [f. 203r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 101 dari 103

[...n] ari | nalendra kalih sarwa tinêkan | boga muwah sasukane | Sri Surya mapan anggung | kang rêsikan wanguning rêsmi | tutug rasa-surasa | pamardining kayun | wus kalokèng pramudita | yèn Sri Surya Dipaningrat madêgnya ji | ambêdhah nagri lima ||

7. èstu jaya kajayaning jurit | purusa tam muhung tamèng jagat | mah paramarta ambêke | dadya raja kèh nungkul | tanpa winijayèng ajurit | mung kawênang ing onang | ingèston saèstu | mêngkana pyuhing pra raja | mangkya nata kalih samya putus luwih | masalah mangku praja ||

8. datatita ling nguni kawarni | kang samyantuk sih pinaring praja | mangkya prapta seba kabèh | apan wus pitung dalu | nèng Sunyawibawa gèn prapti | Ratu Mas Pringgabaya | wus marak lumêbu | lan Ratu Mas Singasêkar | samya atur sal-angsal ngrakendra tuwin | ing bok ratu kalihnya ||

9. tam Jayalêngkara kang winanci | darmi nurat pun Trunawisêstra | dèn gêng aksamèng lêpate | rèh dede carik tuhu | santri nyêbal fidaraèni | kinèn mangun wilapa | mung uning ing grubyug | saèstu tan wrin ing rêmbag | tumut pajêng pêksa kawor manuswadi | kang winastan ngulama ||

10. wikramèng tanduk trus sadu budi | lumrah datan kadrêng kawiragan | ngendhang Pangeran têkdire | sêpi simpên driya dru | kang ingèsthi ing siyang ratri | basukining buwana | wlas samèng tumuwuh | raharjaning kanarendran | ngindana sarawuhipun ngindalahi | supados kasat tikswa ||

--- [f. 203v] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 102 dari 103

11. surat mênawi wontên kang apti | maos kadung sab kirang sing Jaya- | lêngkara kang salimrahe | pan punika mila mung | kala Jayalêngkara nami | wusing madêg ran Surya | Dipaningrat [Di...]

--- [f. 204r] ---

Jayalêngkara Wulang, British Library (MSS Jav 24), 1803, #1035 (Pupuh 72–94): Citra 103 dari 103

[...paningrat] Prabu | dadosa êbuk piyambak | de kang darbe lampahan dipun wastani | Kăndha Sukma Ngumbara ||

 


Kurang satu suku kata: pun paman uwanta gusti. (kembali)
Lebih satu suku kata: di dalêm Răngga Wijaya. (kembali)
Tumênggung. (kembali)
pocokana. (kembali)
Kurang satu suku kata: budhala tumuntên sami. (kembali)
Kurang satu suku kata: apa jalarane mau. (kembali)
manêmbah. (kembali)
nangling. (kembali)
Dirgabau. (kembali)
10 jumênêng. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: nêngêna datan winarna. (kembali)
12 enggal. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: pêrêk prênah ingwang. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: Ki Dipati Cêbolèk datan awangwang. (kembali)
15 walangati. (kembali)
16 tur. (kembali)
17 sajroning. (kembali)
18 Biasanya guru lagu i: kawlasasih. (kembali)
19 prabu. (kembali)
20 murcita. (kembali)
21 mati. (kembali)
22 anyêdhal. (kembali)
23 riyo-riyo. (kembali)
24 tyas. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: mantri bupati tilar lungguhe. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: atmaja èstri sami prayogi. (kembali)
27 wingking. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: pun patik upami sarah. (kembali)
29 mung. (kembali)
30 sakamantyan. (kembali)
31 srimênganti. (kembali)
32 Răngga. (kembali)
33 dhoyong. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: yèn amampang karsa mami. (kembali)
35 rajaputra. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: tur sandika sêdaya muji gumrumung. (kembali)
37 gêlap. (kembali)
38 ngling. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: nata ngling lan maning Ki Ngarga sutèngsun. (kembali)
40 mantri-mantri. (kembali)
41 têmên-têmên. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: asongsong mas bêbungkul maniking banyu. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: lir tinata sipta tan ana cêlathu. (kembali)
44 Kurang satu suku kata: aniyaka intên hèr udadi. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: samyèstri kèh kapya mulat. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: wêkasana ing nêtya aja kasilib. (kembali)
47 susilawati. (kembali)
48 Singasêkar. (kembali)
49 gêgêbale. (kembali)
50 Mênggung. (kembali)
51 Sepertinya ada folio yang hilang (atau ada halaman yang terlewat) sebelum folio 188 ini karena menurut aturan tembang macapat, halaman f. 188r ini bukan lanjutan dari halaman f. 187v sebelumnya. (kembali)
52 Kurang tujuh gatra: ke-1 (8a), ke-2 (8i), ke-3 (8a), ke-4 (8i), ke-5 (7i), ke-6 (8u), dan ke-7 (7a). Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di folio yang hilang (atau halaman yang terlewat) sebelum folio 188. (kembali)
53 asêpi. (kembali)
54 tulus. (kembali)
55 Ngasrama. (kembali)
56 khewan. (kembali)
57 riris. (kembali)
58 Kurang satu suku kata: sotahêna angabdèkkên ing kawula. (kembali)
59 kakung. (kembali)
60 sarywamangwang. (kembali)
61 anglocipta. (kembali)
62 ing. (kembali)
63 atopong. (kembali)
64 sing. (kembali)
65 ingkang. (kembali)
66 karya. (kembali)
67 kèdhêpèng. (kembali)
68 Lebih satu suku kata: pangrêksèngmu mudha punggung. (kembali)
69 Kurang satu suku kata: wirang dhewe sêlaya lawan kang mêngku. (kembali)
70 rahayu. (kembali)
71 dursila (dan di tempat lain). (kembali)
72 Kurang satu suku kata: anatmataèng dasih mas ratih. (kembali)
73 Kurang dua suku kata: wênèh dèn rontok-rontok rambute. (kembali)
74 ati. (kembali)
75 opor. (kembali)