Dongèng Wêwulang Bêcik, Wintêr, 1889, #868 (Jilid 2)

Judul
Sambungan
1. Dongèng Wêwulang Bêcik, Wintêr, 1889, #868 (Jilid 1). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Dongeng.
2. Dongèng Wêwulang Bêcik, Wintêr, 1889, #868 (Jilid 2). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Dongeng.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Iki Tutuge Dongèng Isi Wêwulang Bêcik

Tinurun saka ing têmbung Walănda dening Tuwan Karêl Phrèdêrik Wintêr Juru Basa ing Nagara Surakarta.

Kaêcap kaping têlu

Kaêcap ing kantor pangêcapan, guprêmèn ing nagara Batawi, Ing taun 1883

--- 2 : 4 ---

Verzameling van Zedelijke Verhalen, uit het Hollandsch Vertaald door C. F. Winter S., Translateur te Soerakarta

2 de Deel. Derde Druk

Batavia Landsdrukkerij 1883

--- 2 : 5 ---

101. Lawe

Ana prawan desa aran Si Kêblak, gawene ngantih, antih-antihane alus. Barêng wus olèh ing sawatara tukêl, diputih ana ing pakarangane. Tanggane prawan aran Si Suthur kêrêp mênyang ing pakarangan mau, angrewangi ing pamutihe.

Anuli Si Kêblak kelangan lawe rong tukêl, anarka yèn Si Suthur kang anjupuk, enggal ditêkani ing omahe, calathune, Suthur, layak kowe sing nyolong laweku, awit ora ana wong liya kang ngambah pakaranganku: mung kowe dhewe. Balèkna ta. Si Suthur ora ngaku, anuduhake rêsike, ananging

--- 2 : 6 ---

ora diandêl. Wong sadesa anêtêpake maling lawe.

Ora antara lawas bocah-bocah ing desa kono padha angundhuh susuh cangak, anêmu lawe rong tukêl ana sajroning susuh, dadi dhapure cangak kang nyolong. Iku kang anelakake rêsike Si Suthur. Si Kêblak anuli anjaluk pangapura marang Si Suthur karo anangis. Têmbunge, luput bangêt panarkaku marang kowe, mulane bênêr ujaring bêbasan:

Sanajan wong tinarka anglakoni panggawe ala, yèn sanyatane dhasar rêsik, kautaman sabar lan têmêne kang anyirnakake panarka mau.

102. Rante

Ana bocah lanang siji aran Si Sêmplo [Sê...]

--- 2 : 7 ---

[...mplo] iku bangêt culikane, undha-usuk bae karo maling. Iya ora tau mêmaling, ananging sabarang kang ditêmu, sanajan sumurupa marang kang duwe, iya masthi diêpèk.

Ing wayah esuk Si Sêmplo mau liwat ing omahe pandhe, andêlêng rante wêsi gumlèthèk ana ing latare. Banjur julalatan, bokmanawa ana wong kang wêruh. Barêng didêlêng sêpi, rante enggal cinandhak. Ananging diêculake tumuli, karo bangêt ing panjêlihe.

Mungguh rante mau sanyatane isih panas, didokok ing latar: supaya adhêma. Si Sêmplo tangane gosong. Pandhene mêtu, awit angrungu panjêlihe. Calathune, tanganmu kang culika saiki gosong, iya iku ganjarane panggawemu. Dene amurih

--- 2 : 8 ---

aja kongsi kowe nêmu bilai kang luwih gêdhe, bêbasan iki dadia pangeling-eling.

Anyingkirana pakarêman, kang ginêlarake dening panggawe maksiyat, dèn kayaa lumuhmu anggêpok wêsi abang.

103. Tali

Ana bocah loro, anêmu tali kawak ana ing dêdalan, adiya-diniya, rame udrêg-udrêgan arêbutan tali siji. Anuli karone padha nyandhak pucuking tali siji sisih, barêng padha anyènèng, tali banjur pêdhot, karone tiba ing blêthokan.

Anuli ana wong liwat, acalathu marang bocah kang padha rêbutan tali, mangkono iku patuwase wong dhêmên padu kang pinadu barang rèmèh. Apa ta kang dadi

--- 2 : 9 ---

patuwase. Ora ana, mung kambah ing cêcampah lan wirang. Kaya kowe wong loro ing saiki, awakmu gupak balêthok.

Êliding dongèng mangkene, dèn manis ing ulat, lan anyingkirana padu, supaya aja kongsi kambah ing cêcampah utawa wirang.

104. Jangan Ladha

Bocah wadon kang aran Si Kêpik, ing wayah awan mangan karo êmbokne, acalathu, jangan ladha punika cêmplang, kula botên doyan. Êmbokne sumaur, saiki uwis kawanên, aku ora bisa kêlan liyane, mêngko sore dak kêlakake kang luwih enak.

Sawuse padha mangan, anake wadon diajak mênyang têgal, angundhuh kênthang lan [la...]

--- 2 : 10 ---

[...n] kacang kongsi surup, pangundhuhe olèh akèh, padha diwadhahi sênik. Sawuse mangkono, anuli padha mulih, banjur mangan. Jangan ladha kang winada cêmplang mau diwêtokake manèh, Si Kêpik angicipi, calathune, lah punika eca, sanès kalihan ingkang kula têdha siyang wau. Banjur sêngkud ing pamangane. Êmbokne sumaur karo gumuyu, ênggèr, jangan ladha iku iya kang kowada cêmplang awan mau, dadine enak, mung dene kowe awan mau tabêri ing gawe, ngundhuh kênthang lan kacang ana ing têgal.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa tansah tabêri anggarap pagaweane: sanajan mangana panganan kang sawiyah: iya enak.

--- 2 : 11 ---

105. Banyu lan Roti

Ing nalika măngsa pailan ana bocah tanah pagunungan miskin siji, aran Si Kăntha, priman sêga sakêpêl marang wong desa kang kalêbu sugih sakiwa têngêne ing kono. Sajroning padesan iku ana anaking wong sugih, aran Si Kasim, lagi mangan roti ana ing ngarêp lawange, diprimani ing Si Kăntha, têmbunge, kula bok nyuwun sacuwil kemawon. Si Kasim ladak saure, liwata, aku ora wèwèh.

Antara sataun Si Kasim mênyang tanah pagunungan, anggolèki wêdhuse. Nasak-nasak kongsi suwe. Ing nalika iku panuju bêntèr, Si Kasim ngêlak bangêt kongsi ngorong, ananging ora nêmoni sêndhang. Wasana andêlêng Si Kăntha lagi angon wêdhus, lungguh sangisoring kayon aub,

--- 2 : 12 ---

anyandhing kêndhi, Si Kasim marani, têmbunge, aku bok anjaluk banyu sacêgukan bae. Saure Si Kăntha, liwata, aku ora wèwèh.

Si Kasim nuli anangis, angakoni kaluputane biyèn, sarta anjaluk pangapura. Si Kăntha banjur angulungi kêndhi, têmbunge, kula botên anggadhahi manah tegan, ngantosa botên suka sampeyan pundhuti toya. Anggèn kula mangsuli botên suka wau, namung supados sampeyan angakênana kalêpatan sampeyan. Sumăngga sampeyan ngunjuk, sarta ing salajêngipun mugi sampun kasupèn dhatêng bêbasan makatên:

Sing sapa ala panganggêpe marang sapadha-padhane tumitah, amasthi winalês ing panganggêp ala.

--- 2 : 13 ---

106. Êndhog Aèng

Ana priyayi dêmang, tumêka ing desa liyan, nginêp ing omah pasewan, anjaluk suguh sêga, jangan lan êndhog. Barêng wus cumawis, êndhoge siji dipêcah, ing jêro ana bobate irêng, kang akèh-akèh iya mangkono uga. Wong desa kang panuju ana ing kono padha gumun andêlêng, calathune, êndhog iku aèng, ora kaya lumrahing êndhog.

Kyai dêmang gumuyu bae: angrungu ujar mangkono, atakon marang kang duwe pasewan: êndhog iku olèhmu tuku marang sapa. Saure kang tinakonan: angsal kula tumbas dhatêng anakipun tiyang damêl sapu, anama pun Kandhung. Kyai dêmang enggal parentah marang bature, angundang bocah kang aran Si Kandhung mau.

--- 2 : 14 ---

Satêkane ing ngarêpe, dicalathoni mangkene, kowe iku maling. Tanggaku wus lawas sabên-sabên kelangan êndhog ing patarangan, ora wêruh sing nyolong. Aku nuli mratikêli, sakèhing êndhoge dicublêsana ing êdom, diular-ularana bobat, dipêthêta kiwa têngên, banjur dibalèkna ing patarangan, tanggaku mau miturut pratikêlku iku, ing saiki katitik dening bobat saêlêr, yèn kowe iku maling. Kyai dêmang anuli parentah marang bature, bocah iku cêkêlên. Bakal dak aturake ing parentah.

Êliding dongèng mangkene, sajuliganeya maling angêmpakake kadurjanane, wêkasane amasthi katitik dening isarat rèmèh.

--- 2 : 15 ---

107. Opor Bèbèk

Bocah lanang kang aran Si Landhung, bungah-bungah tutur marang sadulur-sadulure lanang wadon: dina iki wêtonku, si êmbok gawe opor bèbèk. Aku karo kowe mêngko sore bakal mangan opor. Barêng wus wayahe mangan, bocah-bocah padha lungguh kêpung, bangêt bungahe, mèh ora sarănta angêntèni matênging opor.

Bature wadon kang manggang opor: tutur marang bocah-bocah mau, sampeyan sarèhakên satêngah jam êngkas, amasthi sampun matêng. Bocah-bocah mau saking ora sabare padha nangis. Batur wadon nuli duwe akal, amurih ênênging tangise, calathune, ing sajawining kori ngriku wontên mêmêdi, wastanipun gandruwo, yèn wontên lare nangis, [na...]

--- 2 : 16 ---

[...ngis,] lajêng dipun bêkta. Manawi sampeyan botên sami kèndêl, botên kula saosi opor.

Bocah-bocah mau ora wêdi, diwêdèni mêngkono, malah sangsaya bangêt ajêlih-jêlih anjaluk opor. Batur wadon tumuli angêntas panggangane opor, diathungake marang lawang, karo calathu, ênya gandruwo êpèkên opor kiye, kalane samana ing lawang panuju ana maling andhêpès ngarah arêp lumêbu, iku kang nampani opor, calathune, nuwun, banjur dipalayokake.

Bocah-bocah sangsaya rame ing panangis lan panjêlihe. Êmbokne nuli têka. Barêng sumurup yèn opore ilang: Ginawa ing maling, acalathu marang anak-anake, bocah-bocah, kowe saiki anêmu paukuman amarga dening

--- 2 : 17 ---

bekamu, sawêngi iki kowe bakal ora mangan opor, padha narimaa mung mangan kupat bae, anuli calathu marang bature wadon: aku wus kêrêp tutur marang kowe, aja sok mêmêdèni bocah. Sarèhne akalmu ora bêcik dadine, ilanging opor kowe kang katêmpuh, balanjamu dak cowok sarêgane.

Êliding dongèng mangkene, wong sarèh ing budi sarta wêkêl, kadunungan ing bungah, purusa lan paeka anukulake kasusahan.

108. Donga ing Wayah Bêngi

Ana priyayi wadon mursid, omah ing desane, antara lakon sajam saka ing nagara. Ing sawiji dina wayah bêngi: sadurunge turu: angunèkake layang,

--- 2 : 18 ---

kang isi donga lan pêpuji, kaya adat sabên kang wus kalakon. Ora antara suwe ana kareta mandhêg ing ngarêp lawange, amêthuk marang priyayi wadon mau, diundang ing prasanakane wadon ing nagara, kang panuju lara bangêt. Kang pinêthuk tumuli mangkat, anggawa batur lanang siji batur wadon siji.

Anuli ana maling têka, amasang ăndha lumêbu ing kamar panggonane turu, mêtu saka ing jandhela, banjur mubêng sajroning kamar asarana dimik, golèk dandanan kang aji-aji.

Maling mau nuli andêlêng meja cilik cêdhak lan paturon, ana layange siji nglingkab, cêdhak lan layang iku ana damare lilin wus dipatèni. Layang mau diiling-ilingi, unine mêngkene, e Gusti Allah, manawi ing dintên punika kawula botên anglampahi duraka, iba badhe

--- 2 : 19 ---

sakecanipun anggèn kawula tilèm. Saupami ing salami kawula gêsang botên anglampahi duraka, amasthi kawula botên ajrih ing pêjah. Sanajan pêjah wau kalimrahanipun botên wontên ingkang rêmên, kawula upamèkakên botên sanès akalihan tiyang tilêm.

Unèn-unèn mangkono iku anrênyuhake atining maling mau, ora sida amèk-amèk, anuli mêtu saka ing kamar, wiwit nalika samana sabanjure ora mêmaling manèh. Barêng arêp mati, lêlakone mau dikandhakake marang anak-anake, sarta padha dipituturi, dipurih angabêkti ing Gusti Allah.

Êliding dongèng mangkene, donga kang anrênyuhake ati: bisa agawe elinging wong duraka, sarta anênangi atine marang kautaman.

--- 2 : 20 ---

109. Isarat kang Amrih Bêcik

Wong tuwa-tuwane Si Kusèn sugih, sabarang kang dadi kêkarêpaning anake ditutugi, saking bangêting pangugunge kongsi andadèkake wigare. Ananging nalika wong tuwa-tuwane mau padha mati, Si Kusèn isih bocah, banjur dipulasara marang pamanane saduluring biyung, kang omah ana ing desa.

Wiwitane Si Kusèn ora karasan ana ing omahing paman, sabab kalane kawêngku ing wong tuwa-tuwane: akèh nganggure, măngka barêng kawêngku ing pamanane: kudu tabêri ing gawe. Biyèn amangan kang adi-adi, saiki kudu mangan salumrahe bae. Ing nagara akèh wong sukan-sukan kongsi liwat saking têngah wêngi, măngka tatane wong ing desa

--- 2 : 21 ---

sore-sore wus padha turu, tangine esuk.

Sanajan Si Kusèn kang mau rakasa bangêt ênggone angolahake tataning desa, ananging ora lawas sumurup marang bêciking kadadeane. Biyèn Si Kusèn kêrêp lara, ulate pucat lan kêrêp atêtămba, nanging ing saiki bagas sarta rosa, mulane kêrêp calathu mangkene, bênêr si paman angarani.

Têlung prakara kang agawe kabungahaning urip kang sanyata, iya iku pagawean, duga-duga lan watara, sarta kautaman.

110. Padhanging Srêngenge

Ing sawiji dina nuju timbrèng, bocah wadon kang aran Si Misah calathu, srêngengene bok iyaa tansah katon [kato...]

--- 2 : 22 ---

[...n] amadhangi bae. Pujine Si Misah kasêmbadan, kongsi antara lawas ora mêndhung-mêndhung, panase bangêt, andadèkake rusaking têtanduran ing sawah: tuwin ing têgal. Dalasan têtandurane Si Misah kang rupa kêkêmbangan padha alum kabèh.

Êmbokne calathu, Misah, apa ing saiki ora wus têtela ing sumurupmu, yèn udan lan panas iku padha prêlune. Mangkono uga mungguhing manusa, yèn tansah anêmua kapenak bae: ora nganggo nyandhang prihatin, amasthi ora bêcik dadine. Manusa prêlu kambah ing sangsara lan bilai, supaya dadia bêcik.

Êliding dongèng mangkene, ujare kang wus bijaksana, karsaning Allah anurunake udan, anganakake panas bangêt, angganjar salamêt, utawi angganjar [angga...]

--- 2 : 23 ---

[...njar] bilai, iku kabèh luwih dening bêcik, ora kêna diwancèni.

111. Sêndhang

Anuju panas bangêt bocah lanang kang aran Si Paing mênyang sawah. Raine kongsi mangar-mangar, saking bangêting ngêlak ilate kongsi karakêt ing cêthak. Anuli nêmu sêndhang ana sangisoring uwit gayam, banyune luwih bêning.

Si Paing enggal angombe, saking adheming banyu: lan kèhing pangombène: kongsi mèh kalêngêr. Satêkane ing Omah banjur kacandhak ing lara kadhêmên. Sêbute, sapa sing nyana, yèn sêndhang kang banyune bêning ana wisane. Bapakne anyauri, Paing, jalaraning laramu iku ora saking banyu ing sêndhang, sanyatane

--- 2 : 24 ---

saking kurang wêwekamu, tuwin saking tuna ing duga-duga lan wataramu.

Êliding dongèng mangkene, pangăngsa-angsaning ati marang samubarang kang menginake, iku anyirnakake kabungahan.

112. Katela

Ana wong desa miskin anandur katela ing kêbone, barêng di dhudhuk, anêmu siji luwih dene gêdhe, agawe eraming akèh. Calathune wong desa mau, katela siji iki bakal dak saosake marang kyai dêmang, awit kyai dêmang bungah, yèn wong desane tabêri ngolah sawah lan kêbone.

Katela anuli digawa, diwèhake marang kyai dêmang. Kyai dêmang angalêm [angalê...]

--- 2 : 25 ---

[...m] marang tabêri lan bêcike atine, banjur awèh dhuwit sarupiyah.

Ing desa kono ana wong sugih siji, ananging bangêt cêthile, iku ngrungu yèn wong desa mau awèh katela siji marang kyai dêmang, tămpa dhuwit sarupiyah. Ciptane, kyai dêmang arêp dak saosi pêdhètku siji kang bêcik. Yèn wong nyaosi katela siji diparingi sarupiyah, iba bakal tampaku: yèn dak saosi pêdhèt bêcik siji.

Pêdhète anuli didhadhung, dituntun mênyang kadêmangan. Satêkane ing kono diwènèhake marang kyai dêmang. Kyai dêmang ora samar ing sababe, dene wong cêthil mêngkono têka dadi loma, mulane anampik ing pawèwèhe.

Barêng wong cêthil mau tansah andhêsêk ing panjaluke, amurih katampaning pêdhète, kyai dêmang amangsuli, sarèhning aku [a...]

--- 2 : 26 ---

[...ku] kok pêksa-pêksa anampani pêdhètmu, iya dak tampani. Nanging awit dening kowe saiki loma marang aku, aku iya samono uga bakal loma marang kowe. Mulane kowe dak ganjar, tikêl têlu akèh rêgane ganjaranaku karo pêdhètmu: sawuse calathu mangkono angulungi katela gêdhe siji, kang wus kasêbut ing dhuwur mau, bangêt andadèkake kagèt lan gêtune kang diwènèhi.

Êliding dongèng mangkene, wong atine bêcik ora sêpi nêmu ganjaran, wong lamis kalumrahane nêmu cêla lan wirang.

113. Kobis

Ana kriya loro, aran Dora lan Sêmbada, padha barêngan lumaku angliwati

--- 2 : 27 ---

kêbon sayuran. Si Sêmbada calathu, Kang Dora, dika dêlêng kobis niku, agêdhe abêcik. Si Dora dhêmên umuk, saure, kobis niku kula ngarani dèrèng gêdhe. Kula dhèk lungan biyèn wêruh kobis siji, gêdhene ngungkuli omah cilik kang ngadêg niku.

Si Sêmbada mau wong sayang, saure, ngeram-eramake yèn gêdhene samontên, nanging dika kula kandhani, dhèk biyèn kula ngrewangi wong gawe jèdhi, gêdhene samasjid. Si Dora takon: jèdhi samontên gêdhene niku digawe napa. Saure Si Sêmbada, pancèn bakal digawe anggodhog kobis, kang dika tuturake gêdhene saomah wau.

Si Dora saure sêmu isin: saniki kula dhèngêr karêp dika. Dika ing salawas-lawase: yèn calathu: têmên mawon. [mawo...]

--- 2 : 28 ---

[...n.] Kăndha dika jèdhi sing gêdhene samasjid wau, mung nêdya agawe gêguyon mêlèhake umuk kula, dadi kula êmpun tămpa tuwasing umuk. Awit ujaring bêbasan makatên:

Sing sapa ora wêruh ing isin anggêlarake goroh, patuwase diewani sarta digêguyu ing wong.

114. Rajabrana Kapêndhêm ing Sawah

Ana wong desa loro, seba ing bêbênêran anjaluk adil. Ature kang siji, kula tumbas pasitèn saking tăngga kula punika, sarêng kula olah, amanggih rajabrana kapêndhêm ing siti. Punika botên lêrês yèn kadarbea ing kula, awit kula namung tumbas siti, dados botên anggadhahi wajib dhatêng rajabrana wau.

--- 2 : 29 ---

Aturing tanggane, sanajan kula: inggih botên lêrês yèn andarbènana rajabrana punika, awit dede kula ingkang mêndhêm. Mila têtêp dede gadhahan kula. Anjawi saking makatên, panyade kula siti dhatêng tăngga kula saisinipun sadaya: botên mawi jangji sanèsipun malih. Mila mugi sampeyan lêrêsi, sintên ingkang kalêrês anggadhahi rajabrana punika.

Wangsulane priyayi kang nyêkêl bêbênêran: aku ngrungu pawarta, yèn kowe wong loro bakal bêbesanan. Kang iku pamrayogaku, rajabrana mau gawakna marang anakmu.

Wong loro mau narima, sarta padha saguh anglakoni pirêmbug iku, banjur bungah-bungah padha mulih.

Êliding dongèng mangkene, ati rêsik [rêsi...]

--- 2 : 30 ---

[...k] iku padhang angumala, sarta makolèhake kanugrahan ing swarga.

Iki tutuge dongèng ing dhuwur mau.

Ing nalika tibaning bêbênêran mau ana wong mănca panuju ana ing kono, bangêt gumune angrungu ature wong loro mau, calathune, prakara mangkono iku yèn kalakona ing nagaraku, amasthi seje dadine. Sing tuku palêmahan têka ora kelingan amèk ing sawatara saka ing rajabrana kang tinêmu, diwènèhake marang kang adol, amurih sidhême ênggone nêmu pêndhêman. Saupama ora bisa sidhêm, kang adol palêmahan amasthi ora narima, anggugat marang kang tuku, anjaluk balining rajabrana. Ananging wragading prakara akèh, trêkadhang angungkuli pangajining rajabrana mau.

--- 2 : 31 ---

Priyayi nyêkêl bêbênêran eram angrungu ujar mangkono iku, atakon marang wong mănca mau, ing nagaramu apa iya ana srêngenge. Wangsulane, inggih wontên. Priyayi nyêkêl bêbênêran takon manèh, ing nagaramu apa iya ana udan. Wangsulane, amasthi wontên. Priyayi nyêkêl bêbênêran calathu manèh, iku aèng. Lah: ing nagaramu apa ana wêdhus lan sapi. Wangsulane, kathah sangêt. Calathune priyayi nyêkêl bêbênêran: yèn mangkono, dadi wêdhus lan sapine ing nêgaramu kang pinaringan udan tuwin padhanging srêngenge dening Gusti Allah, awit satêmêne kowe sapanunggalanamu kabèh ora arus pinaringan.

Êliding dongèng mangkene, nagara kang kaoncatan ing kautaman lan têmên,

--- 2 : 32 ---

salawas-lawase ora nêmu karaharjan lan barkah.

115. Pakarangan

Ana wong desa sawiji, sadurunge mati ora antara lawas, atutur marang anake lanang têtêlu, anak-anakku, aku ora bisa aninggali liyane manèh marang kowe, kajaba mung gubug iki: sapakarangane. Ananging sajroning pakarangan iku ana pêndhêmane rajabrana, dhudhukana ditalatèn, amasthi katêmu.

Barêng bapakne wus mati, bocah lanang têtêlu mau tabêri amaculi lan andhudhuki sajêmbaring pakarangan, ananging ora nêmu êmas, utawa salaka. Sarèhning pakarangan mau ing salawas-lawase durung tau dipaculi tuwin didhudhuki kaya ing nalika [na...]

--- 2 : 33 ---

[...lika] golèk pêndhêman rajabrana, dadi uwit-uwitane lêmu-lêmu, sarta padha awoh angêmohi, ngungkuli kang biyèn-biyèn, andadèkake erame bocah lanang têtêlu mau. Wêkasan padha nyandhak kang dadi wêwêkasing bapakne, kalane tutur: yèn ing pakarangan ana pêndhêmane rajabrana. Dene kang diarani rajabrana mau, iya iku pêkahing uwit-uwitan.

Êliding dongèng mangkene, pakolèhing budi pêthêl angungkuli êmas, ing atase marang wong kang gêlêm anglakoni pêthêl.

116. Manuk

Ana desa sawiji, asri kinubêng ing pakarangan. ing mangsane uwit-uwitane padha kêmbang, gandaning kêmbang arum anyarambahi, [anya...]

--- 2 : 34 ---

[...rambahi,] sarta akèh manuk warna-warna kang padha nusuh saubênging pakarangan mau. Yèn mangsane awoh, kaya ta kang rupa pêlêm, kuwèni: rambutan, pijêtan, dhuku sapanunggalane: kongsi angêmohi. Ananging bocah-bocah desa kang andhugal padha angundhuhi susuhing manuk, dadi lawas-lawas sangsaya suda kèhing manuk, wêkasan padha lunga kabèh saka ing pakarangan mau, ora ana unining manuk siji kang karungu, pakarangane sêpi amamring. Maune uwit-uwitan ing pakarangan kono ora ana ulêre awit êntèk dipangani ing manuk. Barèng manuke wus padha lunga kabèh, amane ulêr sangsaya akèh, angrusakake gêgodhongan lan kêkêmbangan. Kêkayone padha brindhil, ora mêtu wohe kaya kang wus kalakon.

Êliding dongèng mangkene, sabarang kang

--- 2 : 35 ---

tinitahake dening Gusti Allah, andadèkake kabêgjaning manungsa, sing sapa kang angrusak, prasasat ngukum awake dhewe.

117. Manuk Jalak

Ana gêrma tuwa: duwe manuk jalak siji bisa ngocèh, yèn diundang, jalak, kowe ana ngêndi. Saure, kula wontên ngriki.

Tanggane gêrma iku duwe anak lanang, aran Si Pèncèng, bangêt dhêmêne marang jalak mau, kêrêp mênyang ngomahe kyai gêrma. Anuju sawiji dina si Pancèng mrono, kyai gêrma ora ana ing omah, jalak anuli dicêkêl, diumpêtake sajroning bêbêde. Barêng arêp mêtu, kyai gêrma têka, sêdya agawe bungahe si Pèncèng, angundang jalake,

--- 2 : 36 ---

jalak, kowe ana ngêndi. Jalak kang diumpêtake sajroning bêbêd, sumaur, kula wontên ngriki. Si Pèncèng panyolonge dadi konangan ing sanalika, sarta kaukum ing sabênêr-bênêre.

Êliding dongèng mangkene, ing salawas-lawase kowe aja duwe sêdya nyênyolong, awit ora wurung konangan. Manuk jalak bae bisa gawe kawanguraning kadurjananmu.

118. Pawèwèh ing Nalika Dina Tingalan Wêton

Ing nalika dina wêtone bocah wadon kang aran si Prêkis, gênêp umur patbêlas taun, bapakne: êmbokne: tuwin sadulure lanang wadon padha amêmujèkake salamête, sarta padha awèh kang adi-adi, ananging ninèkne mung awèh cundhuk kêmbang malathi, rinêngga ing

--- 2 : 37 ---

mutyara, kinonceran ing pita dadu. Têmbunge, putu, muga-muga mutyara iki dadia pasêmoning kautamanmu, sarta kêmbange malathi dadia pasêmone andhap asore budimu.

Si Prêkis ewa andêlêng cundhuk pawèwèhing nini. Ciptane, aku angarêp-arêp pawèh saka ing si nini kang luwih dening kêmbang iki. Awit sok wonga bisa olèh kêmbang, ora susah nganggo tuku. Dene mutyara iki sulake ora ngungkuli mutyara tiron kang murah dhewe rêgane. Kêmbang anuli dicundhukake ing gêlunge adhine kang aran si Suci, calathune kambi mèsêm asêmu nêpsu, Suci, cundhuk iku mungguh têmên ana ing gêlungmu, tanpa timbang asrine. Aku ora dhèngêr panganggone. Ing atase marang kowe: sarèhne isih bocah: cundhuk iku pawèwèh adi.

--- 2 : 38 ---

Ninèkne anyambungi, bênêr calathune si Prêkis. Pawèwèh iku luwih bêcik tumiba marang bocah kang rêsik atine lan andhap asor ing budi, karo tumiba marang bocah wadon umur patbêlas taun kang sumakean sarta melikan. Mutyarane iku tulèn, olèhku tuku satus real, ananging si Prêkis ora sumurup, mulane diwèwèhake, pawèwèhku dianggêp sapele bangêt. Ananging pangăngsa-ăngsa lan sumakeane agawe pitunane. Dene kowe Suci angiling-ilingana tulis pradan kang tumrap ana ing pitaning cundhuk, unine mangkene.

Yèn kowe ginanjar singgih lan sugih, wuwuha ing kautamanmu, dadi lastari kadunungan ing budi andhap asor, rinêsêpan dening wong, kaya rêsêpe marang kêmbang kang arum gandane.

--- 2 : 39 ---

119. Kasugihan

Si Jayasadana duwe palêmahan cilik, tabêri ing gawe, anêtêpi ing ibadahe, sarta gêmi, sênêng ing kauripane karo anak putune, lan kacukupan ing samubarang, malah sabên taun bisa anyèlèngi dhuwit sathithik, kang bakal diwènèhake marang anak-anake.

Anuju ing măngsa katiga si Jayasadana akon angrêsiki sumure, anêmu kêndhil têmbaga sajroning sumur, kapêndhêm ing wêdhi, kêbak isi êmas lan salaka. Sarèhning wus sugih dhuwit wuwuh anêmu rajabrana sajroning sumur, panganggêpe katiban ing bêgja linuwih.

Pangolahing palêmahane banjur dibodhokake marang bature bae. Si Jayasadana amanganggo luwih

--- 2 : 40 ---

ing sabobote, amangan kang sarwa enak lan adi, doyan ngombe lan dhêmên ngabotohan, lali ing Gusti Allah lan marang jaman kalanggêngan. Ora antara lawas rajabrana kang tinêmu sajroning sumur êntèk, wuwuh-wuwuh sugih utang, wasana tumiba ing kamlaratan, anglakoni papriman. Palêmahane wus kaêdol, kawarasane sirna dening pambruwahe, kaelingane marang saraking agama wus ora ana. Saking bangêt kapêtêk ing prihatin, si Jayasadana mêtu tekade ala, anyêgur ing panggonane nêmu rajabrana mau.

Êliding dongèng mangkene, samubarang kang katon iku dudu kasugihan. Arta kêrêp andadèkake prihatin.

--- 2 : 41 ---

120. Arta kang Kabênêran Panggarape

Ana wong tukang êtong, pêthêling pagaweane, sarta akèh kauntungane, ananging ing samubarang pratingkah lastari nganggo duga-duga lan watara, manganggo ing sabobot saanakputune lan anyingkiri wêtuning balănja kang ora prêlu.

Anuju ing sawiji dina tanggane tukang bubut atakon: Adhi, bathi dika adol êtong niku dika gawe napa. Saure tukang êtong, ontên kang kula saurake utang kula lawas, ontên kang kula anakake. Tukang bubut calathu manèh, wangsulan dika sêmbrana. Mulane kula ngarani makotên, awit kula wèruh yèn dika botên duwe utang, lan botên anglakokake dhuwit.

--- 2 : 42 ---

Saure tukang êtong, sanyatane ênggih makotên. Mêngko kula têrangake dika rungokake ta, dhuwite wong tuwa-tuwa kula, kang êmpun mêtu, di gawe mragati kula, wiwit kula lair kongsi gêdhe, niku kula anggêp utang kula lawas, kang masthi kula sauri. Dhuwit kang kula wêtokake, kula gawe mragadi anak kula, niku kula anggêp pawitan, ing besuk yèn kula êmpun tuwa, anak-anak kula anyaur bungahane. Sarèhne wong tuwa-tuwa kula botên kêkurangan ing pamardi: amurih kaslamêtan kula makatên uga kula amurih kaslamêtane anak-anak kula. Panganggêp kula wajib amalês kabêcikane wong tuwa-tuwa kula, makotên uga pangarêp-arêp kula, anak-anak kula amasthi bakal padha nyaur utange têng kula, kaya panyaur kula têng wong tuwa-tuwa [tuwa...]

--- 2 : 43 ---

[...-tuwa] kula, prasasat kamot ing layang pratăndha.

Êliding dongèng mangkene, pira-pira kangelaning bapa biyung, amurih kabêgjaning anak-anake. Mulane: wong anom-anom, padha malêsa marang bapa biyung kalawan têmên-têmên lan katrêsnan.

121. Pasar

Ana Răndha omah ing desa, sugih: ora duwe anak, lumaku mênyang nagara, sumêja amèk anak wadon kang sarêgêp ing gawe lan bêcik dhewe kalakuane, kang kalêbu wangsane. Lakune tumêka ing pasar sajroning nagara. Anuli akèh bocah wadon anake wong miskin-miskin padha têka, angrubung nyai răndha, amurih lunturing sihe, kabèh padha ngaku wangsane. Nyai răndha

--- 2 : 44 ---

narima diaku wăngsa, banjur awèh dhuwit marang bocah-bocah wadon mau, calathune, têtukua dhewe ing pasar, apa ing sasênênging atimu, ananging padha balia mrene manèh, anuduhna kang padha kotuku.

Bocah-bocah wadon mau banjur padha têtuku, sawuse mangkono, bungah-bungah padha bali marang panggonane nyai răndha, anggawa têtukone, arupa ali-ali, jungkat, pangilon, sapêpadhane, mung siji aran si Klungsu tuku jăntra sak isine.

Nyai răndha tumuli anyandhak tangane si Klungsu, têmbunge, hèh bocah manis, kowe kang sarêgêp ing gawe, lan bêcik dhewe kalakuanmu. Kancamu kang akèh-akèh iku padha anelakake, yèn dhêmên marang sêsandhangan bêcik, lumuh marang pagawean. Awit katăndha

--- 2 : 45 ---

dening têtukone. Wiwit ing dina iki: Klungsu: kowe dakpèk anak, sesuk barêngan mulih mênyang desa karo aku.

Êliding dongèng mangkene, ati kang tinuntun ing kautaman lan wajib, dhêmên agawe kabêcikan.

122. Rajabrana Ana ing Alas Tarataban

Ana bocah lanang aran Si Galinthu, tilik ninèkne kang omah ing desa, dalane angliwati alas Tarataban. Barêng arêp mulih, ninèkne anggawani jêruk lêgi sakrênêng gêdhe. Satêkane ing alas Tarataban, andêlêng sagisoring uwit pilang ana gêbyar-gêbyar kaya sêsotya. Calathune, baya iku kang diarani rajabrana. Saking gugupe krênênge dibuwang, amarani kang katon gêbyar-gêbyar mau,

--- 2 : 46 ---

dijupuki banjur dikandhut, bungah-bungah mulih gêgancangan, kalalèn anjupuk krênênge. Satêkane ing omah, têtela kang diarani rajabrana mau krêpu lan jênangan.

Êliding dongèng mangkene, akèh kabêgjan ing ngalam donya yèn pinikir ing satêmêne. Kalêbu luwih dening rèmèh, mung dadi êtuking kasusahan lan sangsara.

123. Bocah Angon

Ana bocah desa, wayah esuk angon wêdhuse ana ing ara-ara cêdhak lan gunung, bangêt bungahe, ura-ura sarta alincak-lincak. Ratune ing nagara kono panuju ambêbêdhag, angambah ara-ara mau, aningali bocah angon kang bungah-bungah, banjur ditimbali, sarta didangu, [dida...]

--- 2 : 47 ---

[...ngu,] sabab dening apa kowe bungah-bungah mangkono. Bocah angon ora sumurup marang sang ratu, wangsulane tanpa taha, sabab dening punapa têka kula botên bungaha, awit kasugihanipun ratu kula botên anglangkungi kasugihan kula. Pangandikane sang ratu, apa iya mêngkono. Mara: tuturna duwèkmu kabèh, aku arêp ngrungu.

Bocah angon sumaur, kula punika pikantuk padhanging srêngenge, sami ugi kalihan panjênêganipun sang ratu. Paningal kula dhatêng asrining têtuwuhan ing rêdi tuwin ing ara-ara sami ugi kalihan paningale panjênênganipun sang ratu. Tangan kula kêkalih saupami kapundhut ing panjênênganipun sang ratu, karsa katumbas botên kula saosakên rêgi sakêthi rupiyah. Maripat kula kêkalih botên suka yèn katumbasa saisining gêdhongipun [gê...]

--- 2 : 48 ---

[...dhongipun] rajabrana. Anjawi saking punika, sapikajêngan kula kasêmbadan. Amargi kula botên angajêngakên langkung saking prêluning kabêtahan kula. Sabên dintên kula nêdha ing saajêng kula, sêsandhangan ing saprêyoginipun ingkang kula angge: kula inggih gadhah, sarta sabên taun kula pikantuk arta patuwasing kangelan tuwin padamêlan kula: cêkap kula têdha. Punapa sampeyan sagêd mastani, yèn kagunganipun sang ratu anglangkungi gadhahan kula.

Sang nata gumujêng, nuli amalèhake panjênêngane, pangandikane, hèh bocah bêcik, bênêr calathumu, sarta ing saiki kowe bisa tutur, yèn ratumu dhewe kang ngarani kowe bênêr. Muga lastaria bungah lan kasênênganamu ing sapandhuwure.

Êliding dongèng mangkene, kasênêngan andadèkake bungah marêm lan sugih, [su...]

--- 2 : 49 ---

[...gih,] sarta agawe padha ajining wong kriya lan ratu.

124. Bocah Wadon kang Pintêr ing Gawe

Bocah wadon kang aran si Saliyah: satêmêne dhasar pintêr ing gawe, ananging bangêt angandêl-andêlake ing kapintêrane. Ing nalika arêp lumêbu dadi baturing dêmang, êmbokne amituturi, Saliyah, kowe aja lali-lali sabên dina anyuwun ing Gusti Allah, supaya aparinga salamêt ing pasuwitamu. Saure si Saliyah, êmbok, kula sampun botên anggadhahi sumêlang, sampun pitajêng dhatêng kasagêdan kula. Si Saliyah anuli lumaku mênyang omahing demang kang disuwitani.

Sorene si Saliyah arêp nyumêt damar. Sarèhne ing omah ora ana

--- 2 : 50 ---

gêni, lumaku marang tăngga anyangking êting, sumêja anjaluk gêni, ananging kaplèsèt tiba, êtinge pêcah. Disrêngêni marang nyai dêmang wangsulane, mulane tiba awit dalane lunyu.[1]

Si Saliyah nuli mênyang gandhok arêp anjupuk êndhog. Barêng tanggok wadhah êndhog dijunjung, ana tikus mancolot, si Saliyah kagèt, tanggoke tiba, êndhoge pêcah kabèh. Nyai dêmang isih muring-muring bab pêcahing êting, măngka êndhoge pêcah kabèh, sangsaya bangêt srêngêne marang si Saliyah, ora praduli marang saure, kang amrih angaling-alingi kaluputane.

Ora antara suwe, si Saliyah dikon anggawa lênga marang tăngga, wadhahe kalênthing. Barêng lumaku sangisoring uwit krambil, kalênthinge katiban cumplung: banjur pêcah, awake gupak lênga. Nyai dêmang [dê...]

--- 2 : 51 ---

[...mang] sangsaya bangêt nêpsune, ora kongsi gêlêm angrungokake calathune, si Saliyah banjur ditundhung, awit dening ora prigêl ing gawe sarta slutha-sluthu.

Si Saliyah anuli mulih, bangêt isine sarta asêmu tangis. Katêmu karo êmbokne, dicalathoni mangkene, apa ing saiki ora wus têtela ing sumurupmu: prêlune anyêyuwun barkahe Gusti Allah. Pira-pira kèhe jalaraning bilai rèmèh-rèmèh, kang ora katêkêm ing pangawasaning manusa. Mung Gusti Allah kang masesani, kawasa anulak utawa andadèkake bêgjaning manusa.

Êliding dongèng mangkene, pêthêling wong marang samubarang gawe ing salawas-lawase ora bisa makolèhake

--- 2 : 52 ---

bêgja, yèn ora kalawan barkahing Allah.

125. Maling Wowohan

Ana maling julig isih bocah, aran si Pènèk, panuju udan sarta pêtêng, ing wayah wus sirêp uwong, malêbu ing pakarangane tanggane ing desa karo anyangkêlit arit, sumêja nyolong kuwèni. Satêkane ing pakarangan, mènèk ing uwit kuwèni, banjur amêthiki, saolèhe digembol. Bangêt andadèkake bungahe, awit gembolane sangsaya suwe sangsaya abot. Saking kèhe ing pangamèke, êpang kang diênciki sêmpal, si Pènèk tiba, sarta tatu kêna ing arit kang disêngkêlit.

Êliding dongèng mangkene, ing salawas-lawase [salawa...]

--- 2 : 53 ---

[...s-lawase] kowe aja nyênyukêri tanganmu kalawan darbèking liyan. Awit ing samăngsa mêtu kaduwungmu, amasthi sirna jênjêming atimu.

126. Bocah Maling Iwak Loh

Ana bocah lanang aran si Gêpuk, watêke kaduk wani kurang dêduga, ing wayah bêngi mêtu marang sajabaning desa sumêja anyolong iwak loh saka ing pasangane wuwu tanggane. Satêkane ing rawa, angrogoh pasangan wuwu, suwe panggogohe, ananging ora olèh. Wasana olèh nyêkêl sidhat siji, calathune, lah saiki aku olèh, dugaku iki iwak kang bêcik dhewe. Barêng tangane didudut saka ing wuwu, sidhat kang dicêkêl mau amulêt baune, dinyana ula banyu, bangêt kagète, angipatake [angipa...]

--- 2 : 54 ---

[...take] sidhat karo anjêlih, banjur nêdya lumayu. Barêng nolih sangsaya wuwuh kagète, awit kang duwe wuwu ngadêg ana ing kono, calathune, sapisan iki kowe ora dak kapak-kapakake, aku mung marêm dene kowe kagèt ping pindho, ananging salawasmu urip eling-elingên wulanging wong tuwa mangkene, dèn jinja marang ngamal rêgêd, kayaa wêdimu marang bêburon kang mawa wisa. Iwak colongan anane ing tanganing maling prasasat ula, awit:

Sabarang melik, kang pakolèhe sarana laku ora bênêr, enggal lawas andadèkake karusakan.

127. Bocah Wadon Anggranyah

Êmbokne si Sikêm panuju olah-olah ana ing pawon, angundang anake, [ana...]

--- 2 : 55 ---

[...ke,] Sikêm, anjupuka jêruk pêcêl ing gandhok kono.

Si Sikêm lumaku, satêkane ing gandhok ajulalatan, golèk pêpanganan. Nuli andêlêng guci wadhah madu, enggal dilêboni tangan, nêdya diduliti, ananging darijine karasa lara bangêt kaya ana kang nyupit. Tangane tumuli disêndhal karo nangis ajêlih-jêlih, kapithing siji kumanthil ing darijine, sêru anyupit, ora bisa ucul.

Sajroning guci kang mau dhasar ana madune, ananging wus payu diêdol ing êmbokne, guci kothong nuli diisèni kapithing, ananging Si Sikêm ora sumurup.

Barèng Si Sikêm nangis jêlih-jêlih, batur-batur sajroning omah padha lumayu mênyang gandhok. Si Sikêm darijine gêtihên, [gêtih...]

--- 2 : 56 ---

[...ên,] wuwuh isin, amarga dening katitik panggranyahe.

Êliding dongèng mangkene, wong anggranyah iku iya uga angenakake cangkême, ananging adat patuwase wirang lan lara.

128. Tăngga Bêcik

Anake lanang juru giling ing desa ngadêg ing pinggir kali, banjur kacêgur, gulagêpan mèh mati. Tujune kawruhan ing pandhe tanggane. Iku enggal anyêguri, angêntas kang kacêmplung mau, digawa mulih pinasrahake marang bapakne.

Antara sataun nuju ing wayah bêngi omahe pandhe mau kobong, gênine andadi, ki pandhe mèh ora bisa anulungi anak bojone. Saking gugup lan bingunge: kongsi kalalèn marang anake

--- 2 : 57 ---

wadon kang wuragil. Iku isih kari ana sajroning omah, bangêt nangis ajêlih-jêlih, ananging ora ana kang wani ngêtohake umure, anulungi bocah wadon mau. Anuli juru giling têka, lumêbu ing gêni, atêtulung marang bocah wadon mau, banjur dipasrahake marang bapakne, têmbunge, kula sukur ing Gusti Allah, dene aparing bêgja têng kula, bisa malês marang kabêcikan dika. Sêngiyèn anak kula lanang dika êntas saka ing banyu saniki saking pitulunging Allah kula bisa ngêntas anak dika wadon saka ing gêni.

Êliding dongèng mangkene, yèn kowe tansah dhangan atêtulung ing liyan, samăngsa kowe nêmu pakewuh, amasthi winalês ing pitulung.

--- 2 : 58 ---

129. Pandhe

Ana priyayi nunggang kareta kandhêg ing desa, awit ana wêsine kang tugêl. Bêkêle ing desa kono tutur marang priyayi mau, pandhe ing dhusun ngriki anglangkungi sagêdipun ngiras sagêd anjampèni khewan sakit. Malah asring kapêndhêt dhukun dhatêng têtiyang ing ngriki, manawi wontên anak putunipun ingkang sakit.

Priyayi mau banjur anêmoni kyai pandhe. Sawuse karetane didandani, têmbunge marang pandhe, uwis kabênêran olèhmu andadani karetaku, saiki aku anjaluk gawemu manèh, apa kowe bisa andadani êjamku kandhutan iki.

Pandhe amandêng marang priyayi asêmu gumun. Sakèhe wong desa kang ngadêg cêdhak [cêdha...]

--- 2 : 59 ---

[...k] kareta padha anggêguyu marang priyayi mau, guyune anelakake yèn dianggêp wong bodho. Priyayi anuli calathu, tangèh aku yèn bodhoa kaya kowe. Pandhe kang luwih dening guna: măngsa bisaa andandani êjam kandhutan. Mangkono uga dhukun khewan kang luwih dening bisa, măngsa kaconggaha amarasake uwong.

Êliding dongèng mangkene, aja anambakake marang wong kang ora bisa, awit kêna dadi tiwas lan patimu.

130. Wong Kinunjara

Ana priyayi aran Adhêl Sêtan kacêkêl ing mungsuhe, dilêbokake ing kunjara, ana ing kono ora wêruh soroting srêngenge lan padhanging rêmbulan, sarta dibalênggu, lomponganing [lomponga...]

--- 2 : 60 ---

[...ning] kunjara, kang ginawe angin, ciyut, tuwan Adhêl Sêtan ora sah ing pambudi ênggone ngarah uculing balênggu: lan oncat saka ing kunjara, ananging tanpa wasana, wêkasane wus ora anduwèni pangarêp-arêp bisa mêtu saka ing kunjara. Sarèhne kang mau tau mukti: ora kêkurangan, măngka ing samêngko diingoni sawiyah bae, iku kang bangêt andadèkake prihatine. Dene ingone mung arupa roti aking lan banyu, iku pinangan kalawan anangis. Sawuse mangan, anuli ngalèlèh ing paturone: kang alèmèk sukêt aking, sarta isih bangêt luwene.

Ananging ingon sawiyah mau kang dadi jalaran bisane mêtu saka ing kunjara, mungsuhe ora pisan amekani. Tuwan Adhêl Sêtan dadi kuru bangêt, balênggune [balênggu...]

--- 2 : 61 ---

[...ne] logro, gampang dipalorodake, lompongan dalan angin mau sêdhêng dilêboni, ing wayah bêngi banjur mêtu saka ing lompongan iku. Sawêngi ora kandhêg ing lakune, kongsi têkan ing omahe. Satêkane ing omah, sarta sawuse ilang kuwatire, banjur jèngkèng asukur ing Gusti Allah, têmbunge, e Allah, sakalangkung-langkung sukur kawula ing sampeyan. Ingkang kawula cipta bilai agêng dhumawahipun ing badan kawula, wêkasan andadosakên wilujêng kawula. Saupami kawula dipun ingonana kang eca-eca, amasthi ing salami-laminipun kawula botên sagêd aningali malih soroting srêngenge, tuwin aningali griya kawula, lulus pêjah wontên salêbêting kunjara.

Êliding dongèng mangkene, sajroning

--- 2 : 62 ---

kasusahan kowe aja angrêsula, lan aja sirna pangarêp-arêpmu, awit bilai têrkadhang bisa amêtokake kabêgjan.

131. Wong Picak

Ana wong sawiji, bangêt cupêt ing budi lan busuk. Aliya saking mangkono: cotho ing pandêlênge, matane sangsaya lawas sangsaya pêtêng. Saking busuke acalathu mêngkene, aku satêmêne ora dhèngêr apa kang dadi sababe, dene srêngenge mundhak dina mundhak suda sorote, cahyane anglêntrih kaya rêmbulan karainan.

Lawas-lawas pandêlênge sangsaya pêtêng, calathune mêngkene, dhasar mêdèni, ananging ora bisa seje. Soroting srêngenge saiki pêtêng asurat-surat abang. [a...]

--- 2 : 63 ---

[...bang.] Kabèh kang dak dêlêng, tuwin gêgodhongan lan kêmbang-kêmbang, sirna rupane kang sanyata, ana kang blawus, ana kang irêng.

Barêng wong mau wus picak babar pisan. Sêbute mêngkene, saiki srêngêngê wus sirna padhange. Iki wayah bêdhug awan, pêtênge kaya têngah wêngi. Akèh wong kang tutur, yèn srêngenge isih padhang gumêbyar, ananging ora diandêl. Calathune, saiki wus ora ana srêngenge, pêtêng dhêdhêt kang anglimputi bumi. Wong busuk mau ora anduga, yèn pêtênging pandêlênge iku amarga dening tiwasing matane.

Ing nalika samana ana wong pintêr lan mursid, calathu mêngkene, wong picak iki pêpadhane wong maksiyat, ing bab pracayane marang Gusti Allah: lan marang kang tumitah kabèh. Sarèhning pangidhêpe wong maksiyat padha bawur, ora [o...]

--- 2 : 64 ---

[...ra] wêruh pisan-pisan ing Allahe, mulane disirnakake pracayane marang Allah: lan marang kodrate.

Êliding dongèng mangkene, manusa pinaringan mata padhang dening Gusti Allah bisa andêlêng kang ala lan kang bêcik. Mulane padha anglêluria panggawe bêcik, anyingkirana pakarêpan ala.

132. Bêbasan lan Kidung

Ana bocah lanang loro padha têtanggan, siji aran Si Sênthot, siji Si Gombak. Si Gombak akèh surupe marang bêbasan lan kidung, sarta kêrêp diucapake, kongsi akèh kang ditular marang Si Sênthot.

Si Sênthot ora ngamungake ngucapake bae, malah sakèhing wulang bêcik kang kasêbut ing bêbasan lan kidung mau, dièstokake [di...]

--- 2 : 65 ---

[...èstokake] sarta dilakoni. Ananging Si Gombak ora mêngkono, kêrêp angucapake unèn-unèn mêngkene, wayah esuk prayoga dhewe mangsane wong anyambut gawe. Ewadene sabên esuk kêrêp kawanan tangine. Lan manèh kêrêp calathu mêngkene, bocah rêsikan tansah didhêmêni ing wong. Ananging yèn lunga ngaji, kêrêp nganggo sandhangan rêgêd, kongsi ngisinake dinêlêng. Têrkadhang acêlathu mêngkene, pagawean, gêmi lan kautaman amakolèhake kabungahan sajati. Ananing ora tabêri nyambut gawe, lan ora gêmi. Mêngkono iku lêlabuhane Si Gombak, sabarang pratingkahe dadi kosokwangsule kang padha diucapake. Bocah loro mau lawas-lawas diwasa, karone anglastarèkake adat nalika isih padha [pa...]

--- 2 : 66 ---

[...dha] bocah, têgêse, Si Sênthot angestokake sarta anglakoni wêwulang kang kasêbut ing kidung lan bêbasan, olèhe nular saka ing Si Gombak, andadèkake kaslamêtane. Si Gombak iya isih bisa ngucapake kidung lan bêbasane, ananging ora nglakoni wêwulange, sok wonga amarabi Gombak kêsèd.

Êliding dongèng mangkene, yèn angêmungake ngucapake pitutur bêcik, ora nganggo dilakoni, iku tanpa gawe. Prayogane linakonan, amêsthi wêkasan ana pakolèhane.

133. Uwit Pêlêm

Ana bocah lanang loro, aran si Sardi lan si Jêndhul, padha dolan-dolan [do...]

--- 2 : 67 ---

[...lan-dolan] mênyang desa. Sasuwene lumaku andêlêng wong kaki-kaki lagi nanduri uwit pêlêm palêmahane, asêngkud tandange. Si Sardi calathu, Jêndhul, dêlêngên wong kaki-kaki kuwe, têka anandur uwit-uwitan, kang isih lawas awohe. Panyawangku wong iku ngumure wus luwih wolungpuluh tahun, apa iya isih anduwèni pangarêp-arêp, yèn bakal mênangi awohe, sarta mangan patuwasing kangelane.

Sawuse calathu mêngkono, banjur takon marang wong kaki-kaki mau, kaki, pagawean mêkotên niku rak bêcik dika bubuhakê têng wong anom-anom, kang tasih lawas uripe, mênangi gêdhening uwit lan awohe. Pakolèh dika nandur napa, awit istingarah ngumur dika mung kari sathithik, măngsa bisaa mangan wohe.

--- 2 : 68 ---

Wong kaki-kaki sumaur, inggih lêrês, kula sampun sêpuh sangêt. Mênawi kula pêjah, sadèrèngipun uwit punika awoh, sakarsanipun Gusti Allah amasthi kalampahan. Awit Gusti Allah botên kêkilapan dhatêng samukawis, ingkang andadosakên prayogi ing atase titahipun. Ananging wajibing agêsang: atêtulung damêl dhatêng sanèsipun. Sampun sampeyan amasthèkakên, manawi taksih panjang ing umur, sabên-sabên dintên kenging dados wêkasaning yuswa sampeyan. Mila sêdhêng taksih gêsang, sampeyan anganggea kalakuan ingkang sae, supados sampun ngantos ajrih: yèn andungkap dumugi ing pêjah.

Êliding dongèng mangkene, wong urip iku yèn mursid, sarta anggarap gawe ana paidahe, amasthi nêmu patuwas, [patuwa...]

--- 2 : 69 ---

[...s,] sarta kabungahan ana ing alam donya.

134. Pamuji

Bocah lanang kang angan[2] Si Ngalim, wus ngumur têlulas taun, sumêja sinau dadi kriya, uwis lawas kapengin dadi undhagi alus, banjur dilêbokake ing bapakne dadi kancaning lurah undhagi, kang wus kawilang guna. Barêng ana ing ngomahe lurah undhagi, bangêt eram andêlêng dandanan warna-warna sarta bêcik-bêcik, gaweane lurah undhagi mau lan kănca-kancane, kaya ta kang rupa kursi kayu sana, meja, bangku, bênèt sapanunggalane, angêbêki omah. Calathune Si Ngalim: bok aku uwisa bisa gawe dandanan bêcik-bêcik kaya mêngkono, iba bungahe atiku. Lurah undhagi [u...]

--- 2 : 70 ---

[...ndhagi] sumaur, anggêre kowe tabêri sarta nitèn-nitèni, sasêlote lawas-lawas amêsthi bisa. Si Ngalim sabên dina anggarap gawe ana ing omahe lurah undhagi, ciptane, aku duwea omah kaya mêngkene, iba bungahe atiku. Barêng si Ngalim wêruh, yèn lurah undhagi nampani dhuwit akèh, sumurup patukuning dandanan kayu, ciptane, bok aku uwisa dadi lurah undhagi, iba bungahe atiku. Mêngkono iku pamujine si Ngalim ing sadina-dina., ananging ora anggraita, yèn pamuji iku tanpa gawe, manawa ora kanthi tabêri sarta anitèn-nitèni: angarah dadi bisa. Si Ngalim tabêri ing pamuji, ananging talendho ing gawe, mulane salawase ora baud-baud.

Êliding dongèng mangkene, wong iku

--- 2 : 71 ---

yèn anênitèni akanthi pêthêl ing samubarang gawe, sarta ora lali marang Gusti Allah, amasthi nêmu kabêgjan. Dudu pamuji bae kang amêtokake kabêgjan.

135. Manuk Jalak

Kyai Jarwa duwe anak lanang siji aran si Sidin, lagi ngumur sapuluh taun. Iku ngingu jalak, saking bangêt cumbune kêna diêculake, mabura akalangan ora minggat. Kang andadèkake luwih bungahe si Sidin, dene jalak mau bisa anirokake calathuning wong sakêcap rong kêcap. Ananging kang agawe ewane, yèn andêlêng dhuwit, lan liyane kang mêlêng-mêlêng, banjur dicucuk, dipêndhêm ing lêmah. Si Sidin sêmu muring-muring, atakon marang bapakne, bapak,

--- 2 : 72 ---

prêlunipun punapa jalak punika mêndhêm yatra, awit ing atase pêksi botên wontên damêlipun. Saure bapakne, bênêr calathumu: Sidin, ing atase manuk jalak dhuwit iku tanpa gawe, ananging sanajan jalak iku luwih bodho ênggone duwe pratingkah kaya mêngkono, ewadene ana uga wong kang niru pratingkahe, iya iku wong murka lan cêthil, angarah nglumpukake dhuwit lan barang akèh, mung nêdya diwêngku bae, owêl anganggo dhewe, tuwin ginawe têtulung ing liyane, kang prêlu ana gawene. E anakku, budine wong murka lan cêthil ing salawas-lawase aja kotelad, ora wurung agawe cêlaning awakmu.

Awit budi cêthil iku êtuke sakèhing ala, malah-malah kêrêp anuntun marang kadurjanan.

--- 2 : 73 ---

136. Wong Ambêk Niaya

Anuju ing măngsa badhidhing ana wo[3] wadon miskin andharêdhêg saking atise, ngadêg cêdhak kareta sewan, ana kang nunggang ing sawatara, sumêdya marang kutha liyane, aduwe panjaluk marang kusire, kalilana numpang tanpa jalaran têkan ing omahe, awit bangêt lungkrahe: ora kuat lumaku. Kang padha nunggang kareta angrujuki, malah amitulungi calathu, amurih lêganing kusir dinunuti. Ananging kusir sêndhu wangsulane, manawi tanpa bayaran, inggih botên kenging numpang. Kang padha nunggang kareta bangêt nêpsu amarga dening niayane kusir, sarta padha angumêl-umêli. Sarèhning wrêngkêng: mêksa ora awèh dinunuti, kang padha anunggang saguh ambayar umbalane, anuli

--- 2 : 74 ---

wong wadon mau katunggangake ing kareta.

Barêng wong wadon wus nunggang, kusir anyilihi kêmule, supaya aja kongsi katisên. Aliya saka ing iku, dhuwit sumuru pasumbang umbalane diwènèhake marang wong wadon mau, calathune, nya: êpèkên. Saupama kowe mau dak lilanana numpang tanpa umbalan, têkan ing omahmu kaya-kaya ora ana sing kopangan. Ing saiki ana kang kojagakake bakal kopangan, kang mêtu saking pêparinge tuwan-tuwan iki kabèh. Panganggêpe kusir mêngkono iku andadèkake gumune para tuwan-tuwan mau, sarta bangêt isin, dene kalancangên ing pangumêl-umêl. Sing siji calathu marang kănca-kancane nunggang, sampeyan akalihan kula ing sapunika pikantuk sêrêp, ing sadèrèngipun [sadè...]

--- 2 : 75 ---

[...rèngipun] mêmancèni pratingkahing liyan, kêdah sumêrêp rumiyin ingkang dados sêdyanipun.

Êliding dongèng mangkene, samubarang pratingkah kang kodêlêng, utawa kang korungu, aja enggal-enggal kowaoni, awit pratingkah kang koanggêp ora patut, kayaktène ana kang cidra saka ing panarkamu.

137. Watu

Ana kusir aran si Saptu, anglakokake kareta akèh momotane, angambah dalan jêblog. Jarane padha mogok. Si Saptu sêru calathune karo dêrês amêcuti, ayo, ayo, lumaku. Ananging panggêmbor lan pamêcute ora migunani. Sanajan ngatog karosaning jaran ing panggèrède, [panggèrè...]

--- 2 : 76 ---

[...de,] karetane ora bisa maju. Si Saptu sangsaya bangêt ing panggêmbor sarta pamêcute, wasana pêcute tugêl. Ananging tanpa gawe, awit karetane maksa ora bisa mingkêd-mingkêd. Anuli ana wong liwat angandhêgi, sarta calathu marang Si Saptu, botên kabênêran lêkas dika mêkotên niku. Luwung waune dika pariksaa sing sarèh, amasthi kareta dika botên kandhêg, awit yèn dika pariksaa, amasthi wêruh watu kang ontên ngarêping galindhingan, amêmagoli ajuning kareta.

Si Saptu mênêng bae: asêmu isin, banjur mêdhun anglungakake watu kang mêmagoli mau, jarane anuli bisa lumaku anggèrèd kareta. Calathune Si Saptu mêngkene.

Yèn wong tumandang ing gawe kang angèl, ora prayoga akanthi pamuring-muring.

--- 2 : 77 ---

Bêcike ginarap kalawan sarèh, sarta nganggo anitèn-nitèni.

138. Batur Loro

Ana batur loro, angiringake bêndarane mênyang desa, bêndarane nunggang jaran irêng abêcik, kang ngiringake dharat bae, nganggo anyurung cikar momot barang.

Ing nalika samana panase bangêt, lakune angambah dalan wêdhèn. Batur mau kang siji wus tuwa, dhasar lêlaranên, mulane ora pati rosa, măngka bubuhane anyurung cikar kang akèh momotane, dadi bangêt rakasa[4] olèhe nututi bêndarane. Kang siji isih ênom, kawarasan, dhasar rosa, enak bae ing panyurunge, sarta tansah anggêguyu kancane.

--- 2 : 78 ---

Batur tuwa calathu marang kancane, sarèhning kowe kawarasan, sarta rosa kowe karo aku ayo padha liron gawan sadhela, cikarku surungên, cikarmu dak surunge. Awit ènthèng gêgawanmu, akèh kacèke karo gêgawanku. Karingêtku wus androdos, kowe dêlênge durung sayah pisan-pisan.

Batur ênom sumaur, dhasare aku iya durung sayah, sarta dak arah-arah aja kongsi sayah, dene mungguh abote gêgawanmu angungkuli gêgawanku, tuwin rosane karosanmu, niku aku ora praduli. Arah-arahên kêlarmu nyurung, aku ora gêlêm têtulung ing kowe.

Wangsulan mêngkono iku bangêt andadèkake susahe, ing sabisa-bisa binanjurake panyurunge, ananging sangsaya suwe sangsaya rakasa, ora bisa anyandhak [a...]

--- 2 : 79 ---

[...nyandhak] kancane, wasana ambruk saking bangêting sayahe. Bêndarane kang nunggang jaran ana ing ngarêp ora pati adoh, wêruh yèn bature poprok, banjur amarani, sarta dikon nunggang cikar. Cikar loro anuli digandhèng dadi siji, dikon anyurung marang batur ênom mau. Sêbute kang anyurung, dhasar bênêr ujaring bêbasan:

Sing sapa lumuh têtulung ing liyane, kêrêp anêmu kasusahan gêdhe.

139. Kaliru Dalane

Ana bocah desa wadon loro, aran si Siyêm lan si Diyêm, dikongkon ing bapakne marang desa liyan, lakon rong êjam saka ing desane. Bapakne wus anyurupake dalan, kang masthi tinurut, calathune, anggêre

--- 2 : 80 ---

kowe padha ora sêmbrana, amasthi ora kasasar. Bocah loro anuli lumaku ngambah pasawahan, ana ing dalan padha bungah-bungah, alincak-lincak kambi sêsindhenan. Wasana anggraita: yèn kaliru dalane, calathune si Siyêm: Diyêm, kapriye saiki. Yèn anuruta dalan iki, amasthi ora tumêka ing desa, kang padha diparani. Saure si Diyêm: ayo padha bali tumuli, anggolèki dalane kang bênêr. Yèn anuruta dalan iki, ora wurung kasasar. Bocah loro banjur padha bali, dalane kang bênêr digolèki katêmu, ora suwe desane katon.

Ananging sasuwene lumaku si Siyêm mênêng bae, sêmune kaya ana sing diangên-angên. Si Diyêm takon kang dadi sababe mênêng, kaya ana sing dipikir. Wangsulane, mau [ma...]

--- 2 : 81 ---

[...u] kalane kowe lan aku anggraita: yèn kaliru dalane, banjur padha bali tumuli, anggolèki dalane kang bênêr, kowe nuli calathu, yèn binacutna ora wurung kasasar, iku sing dak anggit sajroning ati, pira-pira kèhe wong kang nasar, anyingkiri dalaning kautaman, kang makolèhake swarga, angambah dalaning duraka, kang anuntun marang karusakan. Sanajan sumurupa: yèn kasasar, ewadene akèh kang ambanjurake.

Êliding dongèng mêngkene, yèn kowe ngambah dalan kang ora bênêr, măngka bakal tumiba ing duraka, ing sadurunge kalêbu ing duraka enggal balia.

140. Wong Malarat

Si Jalidin anake wong miskin, dadi

--- 2 : 82 ---

pangoning banyak wong desa, cadhonge sêga gabah arang, lawuhe sawiyah bae, kang diombe sadina-dina mung banyu, sandhangane wadhag lan wus luwas. Bangêt andadèkake prihatine, angrêsula kalair marang si Dama, pangon wêdhus ing desa, têmbunge, Dama, kowe lan aku wêwilanganing wong cilaka, sadina muput ngêtutake lan rumêksa khewan tanpa budi, măngka mung diingoni sathithik, anggêr bisa urip bae. Sanyatane wong kang sugih-sugih luwih bêgja, angungkuli kowe lan aku. Sing dipangan, sing diombe: mirasa kabèh, sandhangane mrabot, omahe bêcik-bêcik, ora susah nyambut gawe, sarta: calathune lagi têkan samono, disêlani dening Si Dama, têmbunge, ewadene wong sugih-sugih kang korasani iku ora bêgja. Durung lawas aku ngrungu caturing [ca...]

--- 2 : 83 ---

[...turing] wong, yèn para sugih iku akèh kang durung marêm marang kasugihane, sarta saking enake sing dipangan tuwin sing diombe, apadene saking kurange anyambut gawe, padha kêrêp lara. Kowe karo aku padha kawarasan. Iya bênêr: ora mangan sing enak-enak ananging sapangan-pangane cukup sarta ambarkati, sandhanganamu lan sandhanganaku uwis sêdhêng bêcike, timbang karo pagawean kang padha linakonan. Yèn bêngi: kapenake olèhku turu ora beda karo panjênênganing ratu. Mulane aku kêrêp angucapake wulange guruku, kalane aku isih ngaji, unine mangkene.

Karêpèn[5] wong liya padha ngrêsula lan anggrundêl, amarga dening kaoncatan ing bêgja. Sawiji-wijining wong duwe bubuhan [bu...]

--- 2 : 84 ---

[...buhan] dhewe-dhewe, ana kang bubuhane bungah, ana kang bubuhane susah.

141. Mêndhung Pêtêng

Anuju ing sawiji dina wayah asar mêndhunge pêtêng, angantarani yèn bakal udan dêrês. Wong desa kang aran Wirapatra acalathu marang tanggane, aran Nayadăngsa, têmbunge, Kang, dika dêlêng mêndhunge nika: kandêl pêtêng amratani, duga kula bakal udan dêrês. Kaline êmpun gêdhe măngsa wurunga banjir, kaya dhèk rêndhêng kang êmpun kalakon nganti ngêlêbi pasawahan agawe rusaking tanduran. Pripun kang, yèn ngantia banjir malih, napa kadadeane dika lan kula sak anak bojo. Baya katiwasan saking rusaking têtanduran, botên ontên sing dipangan. Si Nayadăngsa [Naya...]

--- 2 : 85 ---

[...dăngsa] sumaur, dhi, pamatara kula sulaya karo pangira dika, pêthèk kula ênggih bakal udan, nanging botên dêrês. Sasuwene padha rêrasan mêngkono, anuli angine midid. Mêndhunge larut ora sida udan.

Êliding dongèng mêngkene, sarèhning manusa ora pinaringan kaluwihan dening Gusti Allah wêruh ing samubarang kang durung kalakon. Mulane wajib pracaya marang Gusti Allah aja pisan anduwèni sumêlang.

142. Warisan

Si Wiralaba sugih, ananging bangêt murkane. Ora ana manèh kang dipikir, mung amurih wuwuhing kasugihane, ananging pait wèwèh marang wong miskin.

Anuli sadulure nak-sanak mati, iku [i...]

--- 2 : 86 ---

[...ku] iya sugih, andadèkake bangêt bungahe Si Wiralaba. Kapriye, ana wong kapatèn sanak sadulur têka bungah. Kayaktène iya mêngkono, awit si Wiralaba anduwèni pangira, yèn mung kari dhèwèkne akrabe kang cêdhak dhewe, anduwèni wajib marang têtinggalane kabèh.

Wong bungah marang patining uwong, iku aran alaning ala. Wong kang kalimput ing duraka, kaya ta murka sapêpadhane, iku cinêla lan dèn ewani ing akèh.

Ora antara lawas ana akrabe kang mati mau têka saka ing ngamănca, maune kinira wus mati, awit lungane wus pirang taun. Iku anjaluk saparoning warisan, ananging si Wiralaba ora ngrèwès, warisan kudu diêbèki dhewe. Akrab kang mêntas têka saka ing ngamănca mau anyatakake:

--- 2 : 87 ---

yèn milu anduwèni wajib. Calathune, kowe karo aku rak padha sadulur, mulane aja kongsi padu. Warisane akèh, dipangan wong loro ora nganti kurang. Si Wiralaba ora nganggêp calathu mêngkono iku, malah bangêt nêpsune, mêtu saka ing omah, banjur seba marang bêbênêran, anêbut ora tarima, anggugat marang akrab kang ngarani anduwèni wajib mau.

Dadining prakara kongsi lawas rampunge, wasana Si Wiralaba kabênêr kalah, sarta anyăngga wragading prakara. Sanajan bubuhane Si Wiralaba marang warisan mau cukup pinangan ngenak-enak, ewadene kalonge bangêt andadèkake rudatine, nganti kacandhak ing lara. Ora antara suwe nuli mati, barang têtinggalane kabèh tumiba marang akrab kang ginugat mau.

--- 2 : 88 ---

Ujaring bêbasan ora cidra, yèn prakara kongsi munggah marang bêbênêran, sanajan kang pinadu bab ngamal akèh, iku amasthi ora bêcik, alane angungkuli prakara rèmèh, kang rampung dening pirukun.

143. Wong Cancingan Atêtulung

Ana wong desa sugih, aran Si Wirasraya, bangêt cancingane atêtulung marang wong. Samangsane wêruh: yèn tăngga-tanggane ana kabutuhane ing samubarang prakara, enggal dipitulungi. Yèn panuju anggarap gawe ana ing sawahe, măngka ana wong anyar têka, atakon dalan. Si Wirasraya ngêmungake anyurupake bae, malah-malah milu lumaku anuduhake. Yèn tăngga-tanggane ngêpe pari, măngka mêndhung sumêlang [sumê...]

--- 2 : 89 ---

[...lang] yèn kodanan, ora bisa ngunggahake marang lumbung kabèh, si Wirasraya enggal tumandang anulungi pangusunge. Saking dhêmêne têtulung ing liyane nganti anguwakake gawene dhewe, kêrêp andadèkake pitunane. Ing sabên-sabên taun kasugihane suda-suda, wuwuh-wuwuh dipêparabi cancingan têtulung agêmblung.

Êliding dongèng mêngkene, prayoga wong atêtulung ing liyane kang ana sajroning pakewuh, ananging iya uga wajib eling marang pagaweane dhewe.

144. Juru Nujum

Ing jaman kuna akèh wong bodho, ngandêl ing wong kang amêmêthèk samubarang kang durung kalakon, kang ginawe wêwatoning [wêwa...]

--- 2 : 90 ---

[...toning] pêthèk ibêring manuk, unine sapêpadhane.

Kacarita ana ratu anglurug pêrang, sêdhêng prajurit padha lumaku, ana juru nujum siji awêwarah, yèn wêruh ana manuk mencok, iku kudu diawasake ibêre. Manawa ibêre ambanjur, ngalamat yèn sang nata bakal unggul ing pêrang, manawa bali, ngalamat yèn sang nata bakal kasoran.

Sakèhing prajurit anuli mandhêg, angawasake manuk kang mencok, sarta padha angandhut sumêlang. Ananging ana saradhadhu siji, pintêr angungkuli kănca-kancane kabèh, anyandhak gandhewa lan panah, manuk kang mencok diuculi, kêna mati tiba ing lêmah.

Kănca-kancane kang wêruh ing pratingkah mêngkono iku, bangêt nêpsu, mèh padha ngroyok marang kang manah mau. Ananging

--- 2 : 91 ---

kang manah banjur calathu sêru, hèh kănca-kănca kabèh, kapriye dene kowe têka pracaya, yèn manuk iku bisa nyasmitani samubarang kang durung kalakon, măngka ora dhèngêr marang pêpasthèning awake dhewe. Saupama wêruha ing samubarang kang durung kalakon, amasthi ora mencok ing kono, awit wêruh: yèn bakal mati dening panahku.

Êliding dongèng mangkene, samubarang kang durung kalakon ora kêna ginayuh dening budining manusa, apa manèh dening sato.

145. Jaring Tangkêban

Ing wayah esuk Kyai Darmawara dolan-dolan mênyang padesan karo kaponakane aran si Dayun. Sasuwene lumaku [lu...]

--- 2 : 92 ---

[...maku] si Dayun andêlêng gubug cilik siji ana ing kadohan, maune durung tau wêruh anane ing kono. Banjur padha diparani, satêkane ing gubug mau, andêlêng ana wong siji lungguh, anyêkêl tali dawa, pucuke kang siji tinalèkake ing jaring tangkêban, kang pinasang rada adoh saka ing gubug. Ing sakiwa têngêning jaring tangkêban ana kurungan ing sawatara, isi manuk cilik-cilik padha muni. Samăngsa wong kang lungguh ing gubug mau wêruh ana manuk mibêr, banjur angunèkake suling, anirokake unine, sadhengah manuk mibêr tinirokake saunine dhewe-dhewe, saking baude nyamlêng karo unine kang tinirokake. Manuk kang padha mibêr saking kasêngsêm marang ing uni, banjur nêba cêdhak pasangan jaring tangkêban, agahan anucuki pakan, kang sinêbar ing kono, tali kang digujêngi [di...]

--- 2 : 93 ---

[...gujêngi] mau anuli disêndhal, jaringe nangkêb, manuke kêna.

Si Dayun bangêt dhêmên andêlêng, panyanane, ênggone masang jaring iku mung ginawe ambêbungah bae. Kyai Darmawara tutur marang si Dayun: Dayun, manuk kang kêna jaring ihu[6] diêdol, dadi kauntungane kang masang. Yèn kopikir ing satêmêne, pratingkahe wong masang jaring iku iya kêna andadèkake kauntunganmu. Rungokna ibarate: wong kang masang jaring iku amurih sêngsêming manuk, sarana tinirokake unine kalawan suling, mêngkono uga wong ala, anandukake têmbung pêpulasan sarta anglêlêmêsi, mung ajrih misil bae. Mulane kowe aja tuna ing wêweka marang wong kang kaya mêngkono iku, sarta elinga marang bêbasan kang mêngkene unine:

--- 2 : 94 ---

Wong kang dhêmên ngonggrong: batangên yèn duwe pamrih, sabên ana têmbung pangonggrong, elinga marang sulinge juru masang jaring tangkêban.

146. Kranjang kang Abot Dhewe

Ana sawijining wong, akongkon marang bature ing sawatara, anggawa barang marang nagara, kang watara lakon rong dina saka ing omahe. Dalane ciyut, mêtu ing pagunungan, ora kêna diambah ing kèsèr sapêpadhane, mulane barang-barang mau kudu pinikul, winadhahan kranjang.

Batur-batur mau ana siji, kang ala rupane, lan cacad awake, kêrêp dadi pêpoyokaning kănca-kancane. Iku diwênangake milih gawan kranjang kang ènthèng dhewe, ewadene têka milih

--- 2 : 95 ---

kranjang kang abot dhewe, ananging isi sanguning dalan, kănca-kancane padha anggêguyu cêkakakan, calathune, wus katăndha saka ing rupa: yèn busuk bangêt.

Barêng wus padha mangkat, ana ing dalan nganggo lèrèn-lèrèn mangan, wasana sangune êntèk, dadi batur kang cacad mau mung kari anyunggi kranjang kothong bae, sarta gênti anggêguyu kănca-kancane, kănca-kancane iku barêng sumurup ing pintêre, padha calathu mêngkene.

Anggêguyu utawa amêmoyoki wong cacad iku gawene wong buyan.

147. Manuk Gagak

Ana dhukun lanang siji lêlaku, têkan ing alas pêtêng sarta mamring dibêgal ing

--- 2 : 96 ---

wong papat. Sarèhning wong siji ora bisa nyambadani wong papat, dadi sakèhing gêgawane diwènèhake, panjaluke mung diuripana.

Saure kang ambegal: yèn kowe dakuripi, măngsa wurunga matur ing parentah, sumuru pamalêsmu marang aku. Dene yèn kowe dakpatèni, aku ora anduwèni sumêlang: yèn konangan. Dhukun sumaur, enggal lawas dosamu amasthi katitik, têrkadhang manuk gagak kang mencok ing kana kae bae bisa agawe kawanguranamu. Begal padha anyênyampahi têmbung mêngkono iku, dhukun banjur dipatèni.

Ora antara lawas bêgal mau padha mênyang pasar sajroning nagara, dhuwit olèh-olèhane ambegal digawe têtuku pêpanganan, ambruwah ing pamangane, sarta padha ngombe arak, atinggal [atingga...]

--- 2 : 97 ---

[...l] duga-duga lan watara. Anuli padha andêlêng gagak mabur akèh, sing siji calathu sora marang kancane, dêlêngên kae gagake, kang bakal padha madulake patine kyai dhukun. Kănca-kancane padha gumuyu asora. Ora antara suwe banjur padha dicêkêl priyayi kapêtêngan, dilêbokake ing kunjara. Panyêkêle amarga saking dhawuhing parentah, kang panuju liwat ing pasar mau, angrungu calathune, kinira sumurup ing bab nalar patine kyai dhukun. Barêng dititi pariksa, têtela yèn iku kang padha matèni, banjur padha dipatrapi paukuman.

Êliding dongèng mêngkene, yèn ana lakuning kadurjanan sidhêm kongsi lawas, panyananing wong: ora ana kang wêruh, ananging enggal lawas kawanguran, awit [a...]

--- 2 : 98 ---

[...wit] Gusti Allah kang masthi ora kasamaran.

148. Rupiyah

Ana kriya loro, aran Dora lan Sêca, padha anggarap gawe ing omahe juragan sugih, aran Kyai Sudana. Sasuwene sêngkud anggarap gawe ana sajroning gêdhong asri, padha wêruh ing pojok ana katon mêlêng-mêlêng, banjur dijupuk marang si Sêca, calathune, dene iki rupiyah, prayogane diaturake marang Kyai Sudana.

Si Dora calathu, apa kowe gêmblung: Sêca, têka arêp koaturake marang Kyai Sudana. Aja, bêcik kaduwe ing wong loro, kowe lan aku, ginawe bungah-bungah mêngko bêngi. Kyai Sudana rak wus sugih, dhuwit sarupiyah [sarupi...]

--- 2 : 99 ---

[...yah] sapira ing atase marang dhèwèkne. Malah-malah kiraku ora sumurup, yèn kailangan sarupiyah iku. Wis ta kandhutên bae, ora ana sing wêruh.

Saure si Sêca, Dora, kapriye olèhku bisa sênêng ngandhut dhuwit iki, awit dudu duwèkku, lan dudu duwèkmu. Kyai Sudana iku uga kaya-kaya ora sumurup, yèn rupiyah iki ana ing kene, sarta ora wêruh: yèn dak êpèka, ananging ana sawiji, kang anguningani sakabèhe, iya iku Gusti Allah, iku kang bakal ngungak kadurjananing wong loro, kowe lan aku. Awit pêpacuhe manusa, marang sira aja anyênyolong.

Si Dora kakênan atine dening têmbung mêngkono iku, rupiyah banjur diwènèhake marang Kyai Sudana. Si

--- 2 : 100 ---

Dora enak lan sênêng atine kaya si Sêca, sarta tansah anganggit pituture si Sêca. Sabên yèn anduwèni karêp anjêjupuk kang dudu duwèke, cinandhêt dening cipta mêngkene, Gusti Allah ora samar marang pratingkahku, pêpacuhe, sira aja anyênyolong.

Êliding dongèng mêngkene, wêkêl lan kautaman amêtokake jênjêm lawan kabungahan.

149. Juru Amèk Iwak

Ana juru amèk iwak siji, wayah esuk umun-umun lunga amèk iwak mênyang rawa, kang ora pati adoh saka ing omahe, banyune bêning, kongsi mèh katon dhasaring rawa. Satêkane ing kono, wêruh badhèr pirang-pirang, calathune, e, akèh têmên badhère, saupama [sau...]

--- 2 : 101 ---

[...pama] daktibanana jala, amasthi kêna kabèh. Ananging sarèhning rawa iki pamataraku akèh iwake, dak mrana sing rada adoh dhisik, golèk iwah kalalèn. Praune anuli dilakokake, ananging ora ana kalalèn katon, kang ana mung tagèh pirang-pirang. Calathune, tagèh, digawe apa iwak tagèh, angur aku anjalaa badhèr. Sawuse calathu mêngkono, ambalèni panggonane kang dhisik mau, ananging ora ana badhèr kumliwêr, sing ana mung wadêr gilig ing sawatara. Calathune, digawe apa wadêr gilig. Yèn aku isih bisa ora olêh tagèh, êmoh wadêr gilig. Anuli bali marang panggonan kang akèh tagèhe mau, ananging barêng didêlêng ora ana siji-sijia, acalathu karo angêsah, kudu ora, ing sadina iki aku masthi anjala [anja...]

--- 2 : 102 ---

[...la] wadêr gilig bae. Praune banjur diwêlahi, satêkane ing panggonan, ora ana wadêr gilig utawa iwak liyane kang katon, bangêt andadèkake susahe. Judhêging pikir, jalan iya ditibakake, anyipta saolèh-olèhe bae. Barêng dipupus, mung olèh ecelan kijing ing sawatara, mung iku olèh-olèhane. Satêkane ing omah wus sore. angandhakake sapratingkahe, bapakne calathu:

Sing sapa kagêdhèn ing pangarah, adat ora bêcik kang tinêmu.

150. Wong Ambêk Sumangkeyan

Ana kyai băngsa gêdhe sugih, duwe anak lanang siji, aran Si Sakri, ambêkke sumangkeyan. Yèn andêlêng

--- 2 : 103 ---

anak-anaking wong desa, bangêt ênggone angewani sarta anyampahi, amarga dening sandhangane ora bêcik, sing dipangan sawiyah-wiyah bae, lan ora olèh wêwulang bêcik kaya dhèwèkne. Sakèhing bocah desa mau diarani wong tanpa budi.

Si Sakri anuli lumaku ing gawe dadi lurah prajurit, dilurugake pêrang, ananging kalah, kabandhang lan pêpangkone prajurit akèh. Saking kèhe kang kacêkêl ing pêrang, mungsuhe ora bisa nyukup ingone, banjur padha diprênahake ana ing desa, dipurih padha têtanèn, bisaa golèk panganan dhewe-dhewe.

Wong bandhangan mau akèh kang kacukupan pangan, awit kalane ênom wus tau padha anggêgulang mulasara lêmah, ananging Si Sakri durung tau, bangêt cothone ing

--- 2 : 104 ---

pagawean têtanèn. Dadi kacupêtan ing pangan. Saupama ora anaa wong desa siji kang wêlas anguluri, kaya-kaya sida mati kaluwèn. Dene wong desa kang têtulung nguluri pangan iku, maune iya wus tau diarani wong tanpa budi dening Si Sakri.

Êliding dongèng mêngkene, aja anyênyampahi sapadha-padha tumitah. Wong iku sugiha: miskina, kamulane ora beda. Sing sapa anglakoni panggawe bêcik, amêsthi kudu diajèni, mung kautaman kang agawe kasugihan.

151. Tămba

Kyai Sastradarma acalathu marang putu-putune, têmbunge, kalane aku isih bocah, tansah lêlaranên bae, mèh cok[7] wonga amêthèk aku enggal mati. [ma...]

--- 2 : 105 ---

[...ti.] Ana sing calathu mêngkene, bocah iku bakal ora mênangi sasi Sura. Ewadene kongsi ing saiki aku wus mênangi sasi Sura ping sangangpuluh, mata lan untu tuwin pangrunguku ing sabobot isih bêcik. Dene kănca-kancaku dolan kalane aku isih bocah: kang padha kawarasan lan kuwat-kuwat, ing saiki wus akèh mati.

Putu-putune sumaur, yèn makatên kaki, kados amasthi anggèn sampeyan ngunjuk jampi ingkang adamêl kuwat, sarta kathah aosipun.

Wangsulane Kyai Sastradarma, iya, tămba pêpêthingan. Dene yèn kowe arêp sumurup sarate, olèhku kawarasan sarta kuwat kongsi tumêka ing saiki, rungokna. Yèn bêngi wus wayahe wong turu aku turu, esuk tangi kang esuk, sarta ing samubarang lêkas [lêka...]

--- 2 : 106 ---

[...s] ora tinggal duga-duga lan watara, lah iku tămba kêkuwatan, kang angadohake lêlara akanthi barkahe Gusti Allah.

Êliding dongèng mêngkene, mungguh ing samubarang linakonana ing sawayahe dhewe-dhewe, dinganggo duga-duga lan watara ing pamangan lan pangombemu, amasthi kowe bakal adoh saka ing lêlara, sarta dialêm ing sok wonga.

152. Kandhi

Kalane ing jaman kuna akèh wong anduweni pangira, yèn ana wong bisa game[8] êmas. Mulane akèh kang padha dhêmên mrasudi ing pambudi, amurih bisane gawe êmas. Sawênèh ana kang awad bisa gawe êmas, amiguna ing wong gugontuhon, dipurih nukua kawruhe.

--- 2 : 107 ---

Awit dening iku akèh wong tuna ing wêweka padha kabalithuk. Kacarita ana wong awad bisa gawe êmas seba ing ngarsaning ratu, munjuk yèn wus akèh ênggone kangelan sarta ambudi murih bisane gawe êmas, wasana wus wêruh ing wêwadine, bakal kaunjukake marang panjênêngane, supaya andadèkna karaharjaning nagara, pangarêp-arêpe bakal tămpa ganjaran ing sapatute.

Sang nata anuli dhawuh bisik-bisik marang abdi siji, mundhut kandhi siji, sawuse kandhi konjuk, angandika marang wong kang awad bisa gawe êmas mau, he wong luwih guna, bangêt andadèkake cuwaning atiku, dene aku ora bisa pêparing apa-apa marang kowe, awit sarana êmas kowe ora kangelan ngarah olèh samubarang kang kokarêpake. [kokarêpa...]

--- 2 : 108 ---

[...ke.] Ananging sarèhning aku kudu-kudu anuduhake pangaji-ajiku marang kawruhmu, aku nêdya amaringi ganjaran marang kowe, sanajan luwih dening rèmèh, ewadene ing atase marang kowe gêdhe gawene. Sawuse sang nata ngandika mêngkono, abdi mau banjur angulungake kandhi marang wong kang awad bisa gawe êmas. Sang nata ngandika manèh, lah iku tampanana, gawenên wadhah êmasmu, samăngsa wus kêbak, kowe dak lilani ngunjukake marang aku, sarta kowe bakal dak paringi kandhi manèh kang luwih gêdhe.

Êliding dongèng mêngkene, aja ngandêl marang saujar-ujaring wong, bokmanawa kowe kabalithuk. Mulane sadurunge koanggêp, yaktèkna dhewe kalawan mata lan budimu.

--- 2 : 109 ---

153. Ganjaran

Ing nalika nagara gègèr, ana wong desa sugih, aran Si Hartadaya, omah cêdhak lan kikising nagara, acalathu mêngkene, saiki aku wus nêmu akal angumpêtake dhuwitku. Amurih rêpite: bakal dakumpetake sajroning pagêr bata iki. Saupama sajrone isih ana pêrang, omahku dilêboni ing saradhadhu, măngsa anaa kang anggolèki ing kono. Bature lanang aran Si Darpa banjur diajak ambobok pagêr bata sajroning kamar panggonane turu, dhuwit lan barang dandanane kang pangaji diprênahake ing panggonan kang dibobok mau, anuli ditambal manèh.

Si Darpa mau ala kêkandhutane, barêng ana saradhadhu mungsuh katon têka, banjur anêmoni têtindhihe, lakune sêsamunan, [sê...]

--- 2 : 110 ---

[...samunan,] sarta atakon, apa kaduga awèh ganjaran, yèn dhewekne anudhuhake panggonaning rajabrana.

Têtindhih mau saguh awèh ganjaran, Si Darpa anuli nyurupake panggonan sêsimpênan rajabrana dhuwèking bêndarane. Têtindhih enggal lumaku marang omahe Si Hartadaya, akanthi kalerehane wong siji, satêkane ing kono, anjaluk sêsimpênane dhuwit. Wangsulane Si Hartadaya ora dêduwe, malah anuduhake pêthine kothong. Têtindhih tumuli lumêbu ing kamar panggonane turu kambi gumuyu, pagêr batane kaprênah ênggone angumpêtake dhuwit mau dijojohi sêru karo garaning pêdhange, ora antara suwe simpênane katon. Si Hartadaya bangêt kagèt, awit wus anduga: yèn bakal diêpèk kabèh. Ananging luput panyanane,

--- 2 : 111 ---

awit têtindhih mau calathu mêngkene, dhuwitmu iku dak lastarèkake dadi duwèkmu, mung ing sabanjure kowe diawas marang wong kang kêna kopracaya. Ananging sarèhning wus dadi jangjiku, ora kêna ora aku amasthi angganjar marang baturmu, minăngka pituwasing cidrane. Sawuse calathu mêngkono, aprentah marang kalerehane, gêntho iku gitikana ping satus, sumurup ganjaraning cidra marang bêndarane.

Êliding dongèng mêngkene, sing sapa bêcik budine sarta wêkêl, amasthi ngrasakake bungah, ananging sing sapa binêcikan amalês ala, adat anêmu kawirangan lan lara.

154. Omah Kobong

Nalika sajroning kampung sawiji ana

--- 2 : 112 ---

omah kobong, wong kang padha tandang: sêngkud anulungi barang dandanane sudagar aran Kyai Suradarma. Barêng wus katulungan kabèh, anuli padha sumêdya anulungi barang dandanane tanggane Kyai Suradarma mau, aran Kyai Rajahtamah, ananging wus kasèp, awit wus ora kêna ditututi, amarga wus sirna kabèh dening gêni.

Kalane samana ana wong mănca siji, panuju ana ing kono, atakon marang wong kang omah cêdhak ing kono, sabab dening apa wong kang padha tandang: têka: andhisikake nulungi barang duwèke Kyai Suradarma, ora ngopèni barang duwèke Kyai Rajahtamah. Wangsulane, dika sumurupa, Kyai Suradarma karo Kyai Rajahtamah niku padha sudagar sugih. Kyai Suradarma tansah bêcik [bêci...]

--- 2 : 113 ---

[...k] panganggêpe têng wong liya, sarta dadi pangungsèning wong miskin. Mulane didhêmêni lan diajèni ing wong akèh. Kyai Rajahtamah botên mêkotên panganggêpe, bangêt cêthile, kêkêt marang donya, botên anduwèni kawêlasan. Mulane botên agawe eraming wong, dene kang padha tandang mrêlokake dhisik anulungi barang duwèke Kyai Suradarma, kang botên katututan mung kang kalêbu rèmèh-rèmèh mawon. Dene barang darbèke Kyai Rajahtamah êntèk kabèh. Kyai Suradarma lan Kyai Rajahtamah ing saiki padha wêruh marang kayaktèning bêbasan, ujaring bêbasan mêngkene.

Sing sapa agawe kabêcikan, adat anêmu wêwalês bêcik. Mêngkono uga kang agawe piala, adat anêmu ala.

--- 2 : 114 ---

155. Ngalamat

Ing wayah sore bocah kang aran Si Dayun, calathu marang bapakne, têmbunge, o: bapak, sampeyan akalihan kula amasthi badhe dhumawah ing kamlaratan sarta amanggih bilai, amargi kalawau ing ngajêngan kori ngriku wontên sêgawon ambaung, kula ngantos ajrih, punika ingkang ngalamati awon.

Bapakne sumaur, Dayun, kowe iku wus ngumur patbêlas taun, têka ora isin angandêl ujar ora jaman. Si Dayun calathu manèh, sampun wontên kayaktosanipun, katăndha ing tăngga sampeyan êmbok Marikêm. Sanjangipun, kala ing taun ingkang sampun kalampahan, ing ngajênganing korinipun wontên sêgawon ambaung, kawastanan angalamati awon ing badanipun.

--- 2 : 115 ---

Wontên têka sayaktos, wiwit kala samantên sabarang ingkang dipun lampahi: botên sêmpulur.

Bapakne sumaur, iya bênêr mêngkono, ananging apa kang dadi sababe. Maune ing kene ora ana wong tabêri lan ngati-ati kaya êmbok Marikêm. Barêng ngrungu ana asu ambaung cêdhak lan omahe, dianggêp ngalamat ala, tumibane ing awake, banjur êntèk atine, tandange anggarap gawene talendho lan sawiyah-wiyah, awit anduweni pangira, yèn tabêrine ing gawe ora bisa anulak bilai, kang bakal anêkani, dadi dapur gugontuhone kang agawe kamlaratane. Saupama pintêra, kaya-kaya ora kongsi tumiba ing tiwas mêngkono.

Êliding dongèng mêngkene, sabarang kang tinêmu ing wong, alaa, bêcika, iku

--- 2 : 116 ---

kabèh pêpasthèn saka ing Gusti Allah, awit pati urip, bêgja cilakaning wong gumantung ana ing Gusti Allah.

156. Wong Desa Loro

Ana wong pintêr, acarita marang anak-anake, kaya kang kasêbut ing ngisor iki:

Ana wong desa loro padha sugih, siji aran Patrayuda, siji Patramanggala, karone anêmu tiwas kobongan, barang darbèke akèh kang ilang. Si Patrayuda bangêt susah sarta êntèk atine, sêbute, aku iki anêmu karusakaan ing salawasku urip, wus ora kêna dakpikir pulihe, awit kagêdhèn ing bilai. Si Patramanggala iya uga susah, amarga dening katiwasan mau, ananging ciptane mêngkene, ing sakawasa [sa...]

--- 2 : 117 ---

[...kawasa] kawasa aku nêdya tabêri lan gêmi ngluwihi kang wus kalakon, amurih pulih ing kabêgjanku kang kalawan bêrkahe Gusti Allah. Mungguh wong desa loro mau, êndi kang prayoga kadadeane, ora susah daktuturake, ananging apa kowe sumurup karêpku awèh wêwulang ing kowe sarana carita iku. Yèn kowe durung sumurup, amasthi nyandhak dening bêbasan mangkene.

Yèn wong anêmu tiwas utawa bilai, wajib mundhaka pêthêl sarta sêngkud ing gawe.

157. Dhukun

Ana răndha miskin, anandhang lara marga dening kabotan ing gawe, sarta kacingkrangan ing pangan kang muphangati awak. Anake lanang aran Si Rakidin, nangis turut [tu...]

--- 2 : 118 ---

[...rut] lurung, sêsambate, dhuh, yèn Gusti Allah ora kagungan wêlas, amasthi si biyung lan aku mati kalirên.

Anuli ana wong siji, wêruh saka ing sêmune Si Rakidin yèn prihatin, banjur takon kang dadi sababe. Saure, êmbok kula sakit, sarta botên gadhah yatra, kadamêl amêjanèni dhukun. Pun êmbok akalihan kula sami luwe, nanging botên gadhah sêkul. Wong mau budine wêlasan, wangsulane, mara aku tuduhna dalane mênyang omahmu, aku sing bakal nambani biyungmu.

Anuli padha barêngan lumaku, ora suwe têkan ing omahe nyai răndha, Si Rakidin acalathu, biyung, punika wontên tiyang, sagah anjampèni sampeyan. Nyai răndha bangêt panarimane marang wong kang anyar katon mau. Wong iku sawuse ngingêtake ngiwa nêngên, [nê...]

--- 2 : 119 ---

[...ngên,] banjur gawe layang, diulungake marang kang lara, calathune, ênya: tampanana layang iki, saunine lakonana têmên-têmên. Sawuse calathu mêngkono: anuli lunga.

Nyai răndha angunèkake layang mau, bangêt kagète, calathune, kapriye, dene aku têka nêmoni mêngkene. O: anakku Rakidin, wong kang mrene iku mau dudu dhukun, satêmêne sang nata. Iki apa tăndha astane ana ing layang, unine ora maringi tămba, maringi dhuwit rongatus rupiyah, dhawuhe, dikarsakake anggêmèni.

Nyai răndha mêntas saka ing kamlaratan, ora antara lawas banjur mari.

Êliding dongèng mêngkene, yèn wong anandhang lara utawa kamlaratan bangêt,

--- 2 : 120 ---

ing sajroning kasusahane Gusti Allah aparing pitulung.

158. Panganan Beda-beda

Si Gobèr dikongkon ing bapakne mênyang desa, seba marang priyayi sugih ing kono, aran Kyai Wirakaskaya. Ana ing dalan andêlêng wong desa ing sawatara, lagi padha mangan ana ing sawah, sêmune bungah, dene sing dipangan sêga gabah arang. Ciptane Si Gobèr, wong iku pangane sawiyah bae, kapriye dene têka kawarasan sarta bisa bungah. Ora antara suwe anuli têkan ing omahe Kyai Wirakaskaya, diirid ing bature lumêbu ing kamar, saliwate ing pawon mambu olah-olahan enak warna-warna. Ciptane Si Gobar[9] enak têmên, sêgêr têmên ambune, [ambu...]

--- 2 : 121 ---

[...ne,] Kyai Wirakaskaya luwih bêgja, yèn tinimbang karo wong desa, sing dakdêlêng mau. Satêkane ing kamar, Kyai Wirakaskaya katêmu turon ing kathil, cahyane aclum asêmu kuning, bangêt kurune, matane gêrong, rada anggêgilani. Si Gobèr barêng uwis anglakoni gawene dikongkon mau, bangêt bungahe, banjur mulih tumuli, awit gila andêlêng rupane Kyai Wirakaskaya. Ana ing dalan ciptane, korup wong iku: manawa anduwèni pangira, yèn kasugihan lan panganan enak-enak agawe kabêgjaning wong. Aku aluwung dadia wong desa anggarap sawah, karo dadi Kyai Wirakaskaya, awit wong desa iku sanajan abot gawene, lan pangane sawiyah, atine marêm lan bungah, măngka Kyai Wirakaskaya sugih, ora kêkurangan, ananging kalêbu ing wêwilangan [wêwilang...]

--- 2 : 122 ---

[...an] cilaka, awit lêlaranên bae. Saiki kayaktèn ujaring bêbasan.

Wong ana ing ngalam donya, sanajan ora tinitah sugih, anggêr atine marêm, kawarasan, sarta anggarap gawe akanthi bungah, iku amasthi ngungkuli wong sugih, kang ora sênêng atine: sarta lêlaranên.

159. Kartas kang Tinêmu

Ana saradhadhu tuwa siji alêlaku, saking bangêting luwe lan sayah, rumasa ora kuwat anêkakake ing nagara, banjur mampir ing desa, anjaluk panginêpan lan sêga sathithik. Ananging ora ana kang gêlêm têtulung. Saradhadhu mau wus sumêlang, yèn ing sawêngi iku bakal ora mangan, lan turu ora kauban wangon. Wêkasan ciptane, dakcobane sapisan [sa...]

--- 2 : 123 ---

[...pisan] êngkas, anjaluk tulung marang kang omah ing gubug kae. Sawuse mêngkono anuli lumaku, andhodhog lawang, anjaluk panginêpan lan sêga sathithik.

Kang ngênggoni gubug mau: wong tuwa karo bojone, calathune kang duwe omah, dika lumêbu, ênggih bênêr kula malarat bangêt, ananging yèn dika narima saontên-ontêne, kula dhangan atêtulung têng dika.

Esuke barêng saradhadhu mau arêp mangkat anutugake lakune, sarta anglairake panarimane marang kang duwe omah, andêlêng kartas salêmbar, tumèmplèk ana ing jandhela, pancèn ginawe anutupi bolonganing inêb. Bangêt erame, atakon marang kang duwe omah, margane duwe kartas kaya mêngkono. Saure wong wadon tuwa,

--- 2 : 124 ---

êmpun antara lawas kula nêmu kartas panunggalane niku ing sawatara, kang rong lêmbar kula gawe nutupi bolonganing inêb jandhela, tunggale tasih kula simpêni.

Barêng kartas kang disimpêni tinuduhake, saradhadhu calathu, dika padha bungaha, awit Gusti Allah êmpun angganjar kabêcikan dika têng kula. Wruhandika, kartas niku uwang kartas kabèh, rêga nyèkêt rupiyah.

Êliding dongèng mêngkene, sing sapa dhangan têtulung marang sapadha-padhane tumitah, amasthi ora kaduwung.

160. Balabag Ciyut

Ana desa sawiji, sakiwa têngêning dalane kang anjog marang nagara: asri dening ara-ara lan pasawahan. Satêngahing [Satêngah...]

--- 2 : 125 ---

[...ing] dalan ana kaline cilik, ananging santêr, nganggo uwot balabag kandêl. Sarèhning mung pancèn diambah ing wong kang padha lumaku dharat, mulane balabage ciyut.

Anuju ing sawiji dina Si Saridin saka ing nagara arêp mênyang desa mau, barêng arêp nguwot, wêruh yèn Si Sambiya saka ing desa iya arêp nguwot. Calathune Si Saridin, hèh, hèh, mêngko mêngko, balia, balia, dakliwat dhisik: Saure Si Sambiya, ora gêlêm, aku arêp liwat dhisik: Karone anuli barêngan sumêdya liwat. Satêkane têngahing uwot, padune sangsaya rame, nêpsune sangsaya andadi. Anuli Si Sambiya sumêdya ngayoni angundurake Si Saridin, wêkasan padha gêlut ana satêngahing uwot, karone kacêmplung ing kali.

--- 2 : 126 ---

Êliding dongèng mêngkene, wong gêlêm ngalah iku ora andadèkake pituna, malah angadohake rêrubêd lan prihatin.

161. Layang Wacan

Kyai Wirakrama angundang anak-anake, têmbunge, ênggèr, padha mrenea, kowe padha dakolèhake layang wacan anyar, pangarêp-arêpku kowe bakal dhêmên, sarta bakal andadèkake bêcike ing awakmu. Aku ngiras arêp kăndha marang kowe, bab anake lanang sawijining wong, aran Si Sarija, yèn maca layang anyar. Yèn ing layang kang winaca iku muni wêwulang marang wong kêsèd, Si Sarija banjur calathu mêngkene, lah iki bêcik diwacaa marang Si Kawit, dieling-elinga ing sabên dina.

--- 2 : 127 ---

Yèn muni wêwulang bab pratikêling wong urip, kudu nganggo duga-duga lan watara, calathune Si Sarija, iki prayoga diwacaa marang Si Watês. Yèn muni wêwulang bab tabêri ing samubarang gawe, calathune, iki bêcik diwacaa marang Si Jêbrag. Sabên-sabên Si Sarija mung mêngkono bae, baud bangêt amêmatut wêwulang tumrape marang sawiji-wijining wong, ananging awake dhewe ora mundhak pintêr, dhêmêne mung mêmaoni bae. Aku ora susah tutur marang kowe: prayogane kang linakon dening Si Sarija, wataraku kowe wus padha nyandhak, sarta ing sakawasa amurih pintêr ing samubarang pratingkah.

Êliding dongèng mêngkene, wong amêmancèni cacading liyan iku ora andadèkake kabungahan, tuwin kauntungan. [kau...]

--- 2 : 128 ---

[...ntungan.] Amarèni cacading awake dhewe iku kang luwih prayoga.

162. Wong Ambêk Sumangkeyan

Si Sukra ambêke sumangkeyan, kongsi andadèkake ewaning wong. Mulane duwe ambêk mêngkono, awit bapakne sugih, ciptane, angluwihi sapadha-padhane tumitah, kang ora duwe omah gêdhe lan asri kaya omahe, tuwin ora mrabot kaya dhèwèkne. Bapakne wus kêrêp mituturi, yèn ambêke ora patut. Ananging ora dipaèlu, tansah ambanjurake pratingkahe kang ora bêcik. Panganggêpe marang wong liya kaya marang bature, bangêt sawiyah-wiyahe, tur ajine awake sanyatane ana sangisoring [sangi...]

--- 2 : 129 ---

[...soring] wong, kang dianggêp sawiyah-wiyah iku.

Bapakne anuli awèh parentah marang batur-bature, dipênging angladèni anake, tuwin anglakoni parentahe. Ananging Si Sukra ora sumurup. Barêng esuk tangi, sandhangane ora cumawis, lan ora ana kang rêsik. Banjur angundang-undang bature, ananging ora ana kang têka, wêkasan kapêksa angumbahi dhewe sandhangane. Barêng arêp adus kapêksa nimba dhewe, karo garundêlan. Ing nalika wayahe mangan, ora diajak mangan, prasasat wus ora kalêbu ing cacah. Si Sukra anuli wadul marang êmbokne kambi sênggruk-sênggruk. Wangsulane êmbokne, Sukra, tangimu lagi antara saêjam suwene, durung pira butuhmu wus bangêt, kudu-kudu tinulungan ing wong. Kapriye rasaning atimu kaoncatan [ka...]

--- 2 : 130 ---

[...oncatan] pitulunging wong. Saiki pandugaku kowe wus sumurup, yèn batur-batur iku prêlu anane, sabab kalap gawene. Mêngkono uga wong desa, awit iku kang anandur, dadi panganing wong akèh, măngka koladaki, sarta koanggêp sawiyah-wiyah. Êliding dongèng mêngkene, wong ambêg sumangkean, angunggul-unggulake awake, ora lawas anêmu rêrubêd lan kawirangan.

163. Wong Anggranyah

Ana bocah lanang aran Si Jênggès, bangêt amangani, ora bisa nyandhêt kêkarêpane, dadi angluwihi panggranyahe, sabên-sabên ambudi akal bisane lumêbu ing kamar pasimpênan panganan, [pangana...]

--- 2 : 131 ---

[...n,] karo dening manèh culikane akanthi julig.

Anuju ing sawiji dina wayah sore bapak biyungne lunga, ciptane Si Jênggès, kapasang yoga têmên, si bapak lan si biyung padha lunga, Si Kêmis iya lunga, aku bisa ambruwah mêmangan kang enak-enak ana sajroning kamar kono. Si Jênggès iya uga wus dipêpacuhi ing bapak biyungne, ora dililani lumêbu ing kamar mau, ananging wong iku yèn anglakoni panggawe ala sapisan, adat ora keguh anglakoni panggawe ala manèh. Si Jênggès anuli lumaku jinjit mêtu ing sênthong angliwati pawon, anjog marang kamar pasimpênan panganan. Satêkane ing kono sarèhning pêtêng panggolèke pêpanganan digagapi bae, ora suwe karasa yèn tangane dicêkêl ing wong, bangêt kagète, [kagè...]

--- 2 : 132 ---

[...te,] sarta sêru ajêlih-jêlih, tulung, tulung, ana maling.

Batur-batur sajroning omah enggal padha tandang marang panggonaning swara alok-alok maling mau, Si Jênggès tutur karo gumêtêr, iki apa, iki apa malinge. Mungguh kang anggujêngi tangane Si Jênggès bature dhewe kang aran Si Kêmis mau, calathune Si Kêmis: aku dudu maling, iki apa malinge, iya iku bagus Jênggès. Si Kêmis banjur calathu marang Si Jênggès, saking dhawahipun rama ijêngandika kula umpêtan wontên ngriki, supados sumêrêpa, sintên ingkang asring mêndhêti panganan. Sapunika sampeyan sumêrêp piyambak, sajuliga yèna tiyang anandukakên pandamêl awon, enggal lami kawanguran.

Sacalathu-calathune Si Jênggès marang bapakne, apadene panangise, ora

--- 2 : 133 ---

dipraduli, banjur diukum, sarta ora diandêl-andêl manèh, awit bedane wong anggranyah karo maling mèh ora ana.

Êliding dongèng mangkene, hèh bocah-bocah, aja padha anggranyah, awit iku anukulake calimut.

164. Wong Kasusu

Ana wong nonoman anglakokake kareta cêcongklangan angambah dalan gêdhe, mandhêg sadhela, atakon marang wong desa, apa mêngko sore bisa têkan ing nagara, saure, manawi lampah sampeyan rindhik, inggih dumugi. Kusir ora ngrèwès marang calathune wong desa mau, anuli sora angatag jarane, ayo, ayo, malaku. Yèn lakuku rindhik, jare bisa têkan ing

--- 2 : 134 ---

nagara. Kajaba aku wus edan, mituhu tutur mêngkono iku. Jarane banjur disandêrake, ora antara suwe, karetane katanggor ing watu gêdhe, nuli angglewang, galindhingane tugêl siji. Caluthune, saupama mau lakuku dak rindhikna, amasthi ora nêmu tiwas mêngkene. Calathune wong desa mau iya uga ora tinêmu ing budi, ananging satêmêne bênêr. Wêruhku yèn bênêr wus kasèb. Mêngkono uga kasèp wêruhku marang yaktining bêbêsan mêngkene.

Ing samubarang pratingkah prayoga kang cancingan lan rikat, ananging kanthia sarèh lan pangarah-arah, dadine ora tumiba ing tiwas.

165. Kasugihan

Ana prau kapal layar mênyang tanah sabrang,

--- 2 : 135 ---

kang nunggang akèh, sarta padha sugih-sugih, ênggone dadi sugih iku salawase omah ana sajabane ing tanah sabrang. Mung siji dêlênge ora pati dêduwe, mulane diladaki.

Barêng andungkap têkan ing tanah sabrang, banjur ana prahara, praune sadhela kaya katangkêban ing alun, sadhela kombul. Wasana katanggor ing parang, banjur rêmuk. Wong kang ana ing prau salamêt bisa mêntas ing dharatan kabèh, ananging barang-barange ora ana kang katututan, sirna ana ing sagara.

Êliding dongèng mêngkene, sing sapa ngandêlake kêsugihan, kêrêp luput ing pangarêp-arêpe. Sapira akèhing kasugihane, têrkadhang enggal sirnane.

Wong kang sugih-sugih mau bangêt padha prihatine, mung siji kang kinira miskin,

--- 2 : 136 ---

tansah ayêm bae. Barêng ditakoni kang dadi sababing ayêm, wangsulane, mulane aku ayêm, amarga rêmuking prau aku ora kailangan apa-apa, donyaku katututan kabèh. Calathune kang takon mau asêmu eram bangêt: donyamu, donyamu, êndi donyamu. Saure, disabar sadhela, nganti têkan ing nagara, ing kono kowe bakal wêruh rupane donyaku.

Satêkane ing nagara, têtêla yèn wong iku mau ora tau duwe pangarah nêdya sugih, kang diprêlokake mung olèha kawicaksanan lan kautaman. Ana ing nagara kono bangêt sinuba-suba, sarta ora kongsi lawas bisa atêtulung anguluri pangan marang kănca-kancane, kang padha angewani mau.

Êliding dongèng mêngkene, sing sapa mudhêng kawicaksanan, tuwin anggulang samubarang [samu...]

--- 2 : 137 ---

[...barang] kang ana phaedahe, iki prasasat amêngku rajabrana kang ora bisa êntèk-êntèk, sarta satiba-tibane kajèn.

166. Batur Wadon

Êmbok Mas Jayasadana maune sugih, ananging wêkasan akèh sêsandhungane, andadèkake miskine. Bature wadon kang wus lawas pasuwitane: nêdya diwêtokake, awit rumasa bangêt kacingkrangane, ora bisa angingoni batur. Ananging calathune batur wadon mau, kula punika sampeyan ingoni sarta sampeyan balănja sampun lami, salaminipun kula suwita ing sampeyan, ragi kathah anggèn kula anyèlèngi arta, kadospundi yèn sampeyan kula tilara wontên salêbêting kasusahan, [kasusaha...]

--- 2 : 138 ---

[...n,] punika botên kalampahan, sasagêd-sagêd kula badhe amitulungi kêkirangan sampeyan, asarana yatra anggèn kula nyèlèngi.

Êmbok Mas Jayasadana ambal-ambalan amituturi marang batur wadon mau, yèn karêpe kang mêngkono iku andadèkake pitunane dhewe, ananging batur wadon kukuh ing sêdyane. Êbyar wus tumandang ing gawe, lèrène kêrêp kongsi bêngi, patuwase anyambut gawe ginawe mitulungi kêkuranganing bêndara, kang isih dipituhu sarta diajèni kaya biyèn, kalane isih sugih.

Antara sataun Êmbok Mas Jayasadana olèh warisan akèh têtinggalane sadulure, dadi bisa amalês bêcik marang batur wadon kang mantêp mau. Salawase urip ana ing omahe bae, [ba...]

--- 2 : 139 ---

[...e,] ora dianggêp batur, ananging dianggip[10] mitra têmên-têmên.

Êliding dongèng mêngkene, budi wêruh ing panarima iku dumununga ana ing sapa-sapa, amasthi ngrênggani awake, sarta makolèhake wêwalês bêcik.

167. Têngah Bênêr

Ana wong nglakokake kareta mêtu ing dalan ciyut, sakiwatêngêning dalan ana kalène. Saking kurang ing pangarah-arahe, lakune rada kanêngênên, karetane miring banjur angglewang, kalêbu ing kalèn. Barêng wus ditulungi ing wong akèh: karetane mêntas saka ing kalèn, calathuning kusir, saiki bakal dakati-ati, aja kongsi aku tiba ing kalèn iku. Sawuse calathu mêngkono, karetane anuli dilakokake, [dila...]

--- 2 : 140 ---

[...kokake,] bangêt pangarah-arahe, aja kongsi kanêngênên manèh, ananging lakune kakiwanên, karetane angglewang, kalêbu ing kalèn manèh.

Kalane samana akèh wong desa padha wêruh, kabèh padha ngarani: yèn kusir mau bangêt cotho anglakokake kareta. Anuli ana jêjaka aran Si Balêndhu, acalathu sêmu nyênyampahi, têmbunge, kusir iku anêtêpi basane, awit mau calathune nêdya diati-ati, aja kongsi tiba manèh ing kalèn kang sisih têngên iku, măngka kayaktèn, ora tiba ing kono, tiba ing kalèn kang sisih kiwa. Kalane samana ana wong tuwa siji acalathu mêngkene, sanajan lêkase kusir iku bodho, ananging pratingkahe kêna pinirit dadi wêwulang bêcik. Bênêre kudua ati-ati,

--- 2 : 141 ---

nalika anyingkiri sawijining bilai, aja kongsi tumiba ing bilai liyane.

Êliding dongèng mêngkene, anyingkiri sawijining duraka amasthi andadèkake kabungahan, sarta makolèhake bêcik. Ananging anyêgah karêp marang sarupaning duraka, iku amasthi luwih dening prayoga.

168. Rajabrana

Ana wong kăndha mêngkene, durung lawas tanggaku ngadêg cêdhak luwangan jêro kaprênah ing kêbone, mrêbês mili karo ngingêtake sajroning luwangan mau, sambate, cilaka têmên aku iki, pangrasaku wus rêpit têmên olèhku ngumpêtake dhuwitku ana ing kene, wasana dicolong ing uwong.

Kalane sêsambat kaya mêngkono, ana [a...]

--- 2 : 142 ---

[...na] wong liwat angandhêgi, atakon marang dhèwèkne, sabab dening punapa kagungan sampeyan arta botên kasimpênan wontên ing dalêm, kawadhahan pêthi, katingal ing sabên-sabên dintên, sarta gampil pamêndhêtipun. Tanggaku sumaur, punapa sampeyan kagungan panggalih, yèn kula nêdya mêndhêt angêlong gadhahan kula arta. Punika botên makatên. Arta punika botên nate kula êlong-êlong, malah kula purih wêwahipun. Kula pêndhêm ing siti alêbêt, supados kula sampun gadhah niyat angêlong sakêdhik.

Wangsulane wong liwat mau, manawi makatên karsa sampeyan, botên nêdya angangge kagungane arta, pangraos kula: botên susah sampeyan ngradatos. Karikil punika sampeyan kalêmpakakên, lajêng kalêbêtna ing luwangan, kaurugana [ka...]

--- 2 : 143 ---

[...urugana] malih, minăngka lêlintuning arta ingkang ical, prasasat kagungan sampeyan arta taksih wontên salêbêting luwangan.

Êliding dongèng mêngkene, panggarapmu marang pêparinge Gusti Allah dèn kalawan duga-duga lan watara. Yèn ora kabênêran ing panggarape, andadèkake pituna, lan kêna anglarakake sarta agawe sangsaraning urip.

169. Wong Miskin

Si Sainêm atine luwih bêcik, wêlas marang wong miskin utawa wong katiwasan, sarta asring dipitulungi, sabisa-bisa amurih mayaring kasusahane.

Anuju ing sawiji dina Si Sainêm dolan-dolan karo bapakne, diprimani ing kere, kang anganggo sarwa momohan. [momoha...]

--- 2 : 144 ---

[...n.] Si Sainêm enggal angrogoh kanthonge, dhuwit saanane diwèhake kabèh, banjur anutugake lakune.

Bapakne anuli mêtu ing dalan sêsimpangan, anjog marang gubug sawiji, calatune, Sainêm, sarèhning aku sumurup, yèn kowe dhêmên têtulung ing wong miskin, mulane kowe dak ajak mêtu ing kene. Ing sajroning gubug iki ana răndha lara, anake papat, bangêt padha kacingkrangan ing pangan. Ayo padha ditiliki, wèhana dhuwit saka ing gawanmu.

Saure Si Sainêm, gawane dhuwit wus êntèk, diwèhake marang kere mau. Bapakne ngalêm ing kabêcikane, têmbunge, samono iku Sainêm, kowe iya uga kudu awas, êndi kang patut kobêciki. Kere kang priman mau [ma...]

--- 2 : 145 ---

[...u] iya bênêr miskin, ananging dêlênge waras-wiris sarta rosa, isih bisa nyambut gawe, măngka kowènèhi dhuwitmu kabèh, ing saiki ora ana sing kowènèhake marang răndha miskin iku, kang ora bisa golèk pangan, utawa ngingoni anak-anake.

Êliding dongèng mêngkene, wong loma iku luwih bêcik, sarta patut tămpa pangalêming akèh, ananging iya uga kudu awas, êndi kang patut dilomani.

170. Mungsuh

Bocah lanang kang aran Si Jaka bangêt jirihe, yèn pêtêng: măngka ana swara kumrisik, bangêt panggiware, saking wêdine kongsi ora wêruh ing pratingkah. Bapakne wus kêrêp mituturi, dipuriha manèk-manèkake, [ma...]

--- 2 : 146 ---

[...nèk-manèkake,] ananging tanpa gawe, jirihe ora ilang-ilang.

Barêng Si Jaka wus diwasa, lumêbu dadi saradhadhu. Anuli dikongkon ing upsire, angaturake layang marang jendral. Dalane padhang, awit mungsuh kang anglurugi wus padha mundur, masanggrahan adoh, kalane Si Jaka ana ing dalan, wêruh uwit-witan saka ing kadohan, êpange obah-obah dening kanginan. Calathune Si Jaka, e lah, prajurit jêjaranan têka, ngagagi tumbak, nêdya matèni aku. Sawuse calathu mêngkono, banjur lumayu sarosane. Saking bangêting wêdi, kongsi ora anggraita, yèn playune ngênêr marang panggonan pacalanging mungsuh. Banjur kataton sarta kacêkêl. Iya iku jalaran saking jirihe.

Êliding dongèng mêngkene, aja angandhut [anga...]

--- 2 : 147 ---

[...ndhut] wêdi kang tanpa karana, awit agawe ngênêsing ati lan pituna. Gusti Allah ing ngêndi-êndi ana, mulane aja wêdi marang piala.

171. Wong Lêlungad[11]

Ing ngisor iki caritaning bapa marang anak-anake.

Ana wong loro nêdya lêlungan, dalan kang bakal diambah akèh bêbayane. Kang siji sadurunge mangkat atakon-takon dalane kang prayoga dhewe, lan kang ora ana mutawatire, apadene pratikêle, tuwin kang kudu diyaktèni salawase ana ing dêdalan. Sijine ora nganggo mekani mêngkono, kang dipikir mung ambêbungah atine bae, saking kalimpute marang ing kabungahan, kongsi ora sumurup kasasar lan orane. [o...]

--- 2 : 148 ---

[...rane.] Kadadeane, kang ngati-ati mau salamêt tumêka ing panggonan kang sinêdya, dene sijine, sawuse angrasakake bungah-bungah ing sawatara, anêmu tiwas mati ana ing dalan.

Bocah-bocah padha ngalêm marang wong kang gêdhe prayitnane mau, sijine diarani wong luwih bodho. Bapakne sumaur, yèn mêngkono, kowe padha amuriha nelad wong pintêr kang gêdhe prayitnane mau, aja nelad kang bodho.

Anak-anake takon, kadospundi: bapak, dene kula sampeyan purih nelad pratingkahipun tiyang ingkang agêng prayitnanipun wau, awit kula sadaya măngsa anglampahana kêkesahan, mêdal margi ingkang wontên bêbayanipun. Bapakne sumaur, sanyatane kowe iku padha lêlungan, angambah dalan gawat. Awit wong ana ing ngalam [ngala...]

--- 2 : 149 ---

[...m] donya iki sanyatane lêlungan, nêdya marang ing panggonan kang luwih bêcik, iya iku ing swarga. Dene kang nêdya manjing swarga, ênome kudu-kudu tabêri murih pintêr, kautaman lan mursid. Yèn têlung prakara iku sêpi, amasthi kasasar lakune, ora tumêka ing swarga, balik tumiba ing karusakan.

Êliding dongèng mêngkene, e wong anom-anom, yèn kowe nêdya ora kasasar ing laku marang jaman langgêng, aja katlompèn angrakêti kautaman.

172. Cacad

Bocah kang aran Si Kusèn wus kapatuh andhingkul yèn maca layang tuwin nulis, apadene samubarang kang digarap, kongsi matane cêdhak bangêt lan tangane. Wong

--- 2 : 150 ---

tuwa-tuwane tuwin gurune wus kêrêp amituturi, dipurih marèni awit yèn ora dimarèni: dadi cadhok, têrkadhang wungkuk. Ananging saking wus bangêt kapatuhe, ora bisa marèni.

Anuli ana wong wadon têka ing omahe wong tuwa-tuwane, saking cothoning pandêlêng: ngulunging swara: cêgèh ing ambêkan, lan wungkuke: sawangane wus tuwa, sulaya lan kayaktène, dadi colong pêthèk. Nalika samana wong wadon mau ngrungu yèn Si Kusèn disrêngêni ing wong tuwa-tuwane: bab ing pandhingkule, anuli milu calathu, têmbunge, ênggèr kawujudane awakku iki muga-muga anênangia atimu, mituhu marang wulang lan parentahe wong tuwa-tuwamu. Kalane aku isih ênom, iya kapatuh pan dhingkul, saiki akèh cacading awakku, [a...]

--- 2 : 151 ---

[...wakku,] mung jalaran saking kapatuh andhingkul iku.

Êliding dongèng mêngkene, anggugua ujaring wong kang mituturi bêcik, sarta elinga, yèn ora koanggêp, kaduwungmu bakal kasèp.

173. Ali-ali

Ana sudagar sugih, duwe anak lanang têlu, aran Si Samsi, Si Kasim, lan Si Kăntha. Bocah têlu iku padha lêlungan wus antara lawas, wasana mulih barêngan.

Bapakne bangêt bungah ing ulihe anake têlu, kang padha utama ing kalakuane, agawe kabungahaning bapa. Anuju ing sawiji dina bapakne calathu, ênggèr anak-anakku, rungokna calathuku. Aku ing saiki mundhak dina ngrasa suda ing

--- 2 : 152 ---

kêkuwatanaku, bokmanawa enggal tumêka ing jangji, atinggal donya iki. Kowe iya padha sumurup, yèn ing sapungkurku bakal akèh têtinggalanaku marang kowe, bocah siji olèh saduman. Aku duwe ali-ali têlu akèh rêgane, iku nêdya dakwèhake marang kowe ing saiki, ananging sarèhning kang siji bêcik dhewe, lan akèh dhewe rêgane, ngungkuli kang loro, iku karêpku bakal dakwènèhake marang kowe salah sawiji, êndi kang salawase lêlungan anglakoni panggawe bêcik dhewe. Aku ora sumêlang, amasthi kowe bakal padha tutur ing satêmên-têmêne.

Si Samsi anuli carita, kalanipun kula kêkesahan, wontên tiyang titip dhatêng kula awarni uwang mas sakanthong, sarta awarni sêsotya kathah, botên [botê...]

--- 2 : 153 ---

[...n] kawical tuwin kacacahakên, saha botên mawi anêdha sêrat pêthuk. Sarêng sampun antawis lami, arta saha sêsotya wau kathêdha wangsulipun dhatêng ingkang gadhah, inggih lajêng kula sukakakên.

Anuli Si Kasim carita, anuju ing satunggil dintên kula aningali lare badhe katrajang ing kareta, kapalipun kêkalih sami ambandhang, kula nekad ngêtohakên ngumur atêtulung, lare wilujêng mêntas saking bilai.

Caritane Si Kăntha, anuju ing satunggil dintên kula dolan-dolan dhatêng pinggiring lèpèn, botên antawis dangu mirêng swara jêlih-jêlih nêdha tulung, kula julalatan ngiwa nêngên, lajêng sumêrêp wontên tiyang lembak-lembak ing lèpèn mèh pêjah. Kula sampun wanuh dhatêng tiyang punika, ingkang [ing...]

--- 2 : 154 ---

[...kang] wau sampun kêrêp ngawon-awon dhatêng kula, sarta amurih ing karisakan kula, ewadentên kula enggal nyêgur ing lèpèn, angêlangèni sarta anulungi, wilujêng kula bêkta mêntas dhatêng dharatan.

Bapakne lan Si Samsi tuwin Si Kasim padha barêngan calathu, kowe Kăntha, sing wajib anduwèni ali-ali kang bêcik dhewe. Bapakne calathu manèh, wijanging gawe bêcik têlung prakara mau mêngkene, Si Samsi têmên, Si Kasim bêcik budine, Si Kăntha anêtêpi wajib parentahing agama, awit amalês bêcik marang piala, agawe kabêcikan marang satru.

Êliding dongèng mêngkene, pêpêthinganing kautaman iku, agawe kabêcikan marang wong kang ngalani.

--- 2 : 155 ---

174. Wong Marung

Sapatine Kyai Sêcakarti aninggali warung siji marang anake lanang aran Si Yakup, pêpayoning dagangan ing warung iku luwih dening cukup pinangan. Si Sêcakarti nalikane isih urip bangêt tabêrine, ngati-ati lan têmên ing pangupajiwane, mulane cok wonga dhêmên tuku marang warunge. Ananging barêng Si Yakup kang anduwèni warung, ciptane, aku sumêdya anandukake akal, supaya bisaa olèh bathi tikêl. Salawase kaduwe ing si bapak, warung iki bêcik sêsêbutane, iku kang bakal andadèkake kauntunganaku.

Ing samăngsa Si Yakup duwe sêdya ambalithuk uwong, anyalibukake barang ala diawadake bêcik, utawa angurangi takêran, sêdya iku tumuli dilakoni. [dila...]

--- 2 : 156 ---

[...koni.] Wiwitane lastari bêcik, ora ana kang sumurup, sarta andadèkake bungahe Si Yakup. Lawas-lawas kawanguran pambalithuke, andadèkake tiwasing pangupajiwane, malah-malah akèh utange. Wêkasan warunge lan sabarang duwèke diêdol, ginawe nyauri utange.

Êliding dongèng mêngkene, diwêkêl lan dipêthêl ing samubarang gawe iku malèhake kabungahan sarta kauntungan. Wong karêm ambalithuk, sajuligane ya ing patrape, wêkasan anêmu pituna lan sangsara.

175. Sada

Ana sawijining wong sugih batur, anggraita yèn batur-bature iku ana kang culika, anyolong barang duwèke. Anuli [A...]

--- 2 : 157 ---

[...nuli] padha diundangi kabèh, satêkane ing ngarêpane, dicalathoni mêngkene, kowe salah sawiji ana kang ora têmên. Sarèhning salawase aku lêlungan olèh kawruh, bisa anitik maling, mulane kawruh iku ing saiki nêdya dakayoni, iki aku duwe sada ing sawatara, padha dawane, kowe padha anjupuka miji, anuli padha anggarapa gawemu dhewe-dhewe, ananging yèn wus antara satêngah êjam, padha balia mrene. Wruhanamu, sada iku kabèh ana wadine, yèn kang nyêkêl culika amasthi modod mundhak dawa, dadi kawanguran alane.

Batur-batur mau anuli padha dicêkêli sada niji. Barêng wus antara satêngah jam, padha bali marang ngarêpane bêndarane, cêcêkêlane sada dipariksani, kabèh isih padha dawane, mung siji kang dicêkêl [dicê...]

--- 2 : 158 ---

[...kêl] ing Si Jaya akèh sudaning dawane. Bêndarane banjur calathu, kowe malinge. Kănca-kancamu kabèh sarèhning rêsik, ora ngêlongi dawaning sada. Rêgêding angên-angênmu kang agawe wêdimu, wasana anuturake alamu dhewe. Kadurjananmu angilangake sihku, lan agawe marine pasuwitamu marang aku. Kang iku, kowe aja lali-lali, sanajan kowe bisa ngaling-alingi alamu, ora kongsi kawruhan ing aku, ananging Gusti Allah ora samar, iku kang nguningani osiking ati, sarta enggal lawas amasthi ngukum marang kang nglakoni panggawe ala.

Êliding dongèng mêngkene, sajuliganeya maling anandukake kadurjanane, ing wêkasan amasthi kawanguran.

--- 2 : 159 ---

176. Inuman Kêras

Ana bocah lanang siji, salawase durung tau nglakoni mukti, sarta mung mangan salumrahe bae, tilik akrabe wong sugih sarta sabên-sabên ambruwah mangan kang enak-enak. Ana ing kono barêng wus olèh ing sawatara dina, panuju padha mangan, bocah mau ditawani ngombe anggur, ananging ora arêp, sarta bangêt têtela ing jinjane marang anggur, anuli ditakoni sababing koguk. Wangsulane, kula ajrih ngombe anggur, awit pamanah kula dipun mori wisa. Kang duwe omah gumuyu, saure, dimori wisa, sabab dening apa kowe duwe pangira kaya mêngkono. Wangsulane, wingi kala sami nêdha, kula anggadhahi panggraita, manawi dipun mori wisa. Katăndha wontên ingkang

--- 2 : 160 ---

sami dhahar, sadèrèngipun ngunjuk anggur, tanduk pratingkahipun sami kados tiyang lantip. Sarêng sampun kathah anggènipun ngunjuk, pangraos kula budi akalihan kêkuwatanipun sami sirna, awit wicantênipun kados tiyang tanpa budi, lampahipun botên sagêd jêjêg.

Sakèhe kang mangan ing kono, mênêng padha pandêng-pinandêng, wasana ana siji kang calathu, lêrês wicantênipun lare punika, tiyang ngombe anggur sakêdhik kados-kados anyawabi sae dhatêng badan. Yèn kaduk ing pangombenipun, angrisakakên badan kalihan pikir, mila sêsaminipun wisa.

Êliding dongèng mêngkene, anganggoa duga-duga lan watara ing pamangan lan pangombemu. Yèn ora mêngkono, kêna anglarakake awak, lan agawe sangsaraning urip.

--- 2 : 161 ---

177. Wong Lumaku

Ana wong miskin alêlungan adoh, dadi bangêt sangsayaning laku. Karasa laraning sikile, anggarundêl sadalan-dalan awit dening kamlaratane. Yèn andêlêng wong liwat mrabot panganggone tuwin anunggang kareta bêcik, panggrundêle sangsaya bangêt.

Wasana lakune têkan ing nagara, ana ing kono wêruh saradhadhu siji, sikile buntung karo pisan, amarga dening kêna mimising mariyêm. Barêng wêruh kang kaya mêngkono, mari panggrundêle, calathune, aku iki kalêbu bêgja, yèn tinimbang karo saradhadhu iku, aku măngsa awèha sikilku karo ditukua sakêthi rupiyah. Karodening manèh, aku saiki sumurup ing pratikêl, amurih tansah marêm ing salawas-lawase.

--- 2 : 162 ---

Ora bênêr yèn aku angajapa dêduwe kaya wong sugih, awit pangajap mêngkono iku ora liya mung anyirnakake sênênging ati. Aku ora dhêmên. Angur aku elinga yèn akèh wong luwe miskin ngungkuli aku.

Êliding dongèng mêngkene, rakasa lan sangsaraning urip ora bisa sirna dening pasambat tuwin panggrundêl. Mayare mung sarana andêlêng sapêpadhaning tumitah kang sangsarane angluwihi awake dhewe.

178. Utang

Ana wong desa aran Wirasêca, bangêt rakasa ing pangupajiwane, tansah akèh sêsandhungane, dadi sabarang kang dilêkasi ora sêmpulur. Sanadjan bangêt ênggone anglakoni kangelan karo bojone, ewadene ora bisa [bi...]

--- 2 : 163 ---

[...sa] nyauri utange, amarga saking akèh tiwase.

Nalika ing wayah bêngi Si Wirasêca calathu marang bojone, têmbunge, wong wadon, kowe wêruh dhewe, yèn awit dening ora mêtune ing têtanduran, lan kèhing kêbo sapiku kang padha mati, tangèh aku bisa nyauri utangku. Karêpku ing saiki, saduwèk-duwèkku kabèh bakal daksaurake ing utang, awit angur aku andhindhala omah lan bumiku, sarta anyambut gawe ngalap opah, karo agawe pitunaning liyan.

Saure sing wadon: tamtunipun inggih andadosakên susah sangêt kalampahanipun karsa sampeyan makatên punika, ananging ciptanipun manah kula, aluwung kula anggarap padamêl ingkang awrat muput [mu...]

--- 2 : 164 ---

[...put] ing sabên-sabên dintên, kalih adamêl pitunaning sanès.

Si Wirasêca lan bojone banjur anyidakake sêdyane mau, omah lan palêmahane diêdol, ginawe anyauri utange kabèh. Anuli nyewa omah siji, sarta anyambut gawe, kang minăngka pangane. Tekad mêngkono iku wum[12] masthi agawe sangsaya, luwih manèh ing wiwitane, ananging ciptaning ati: yèn wus anglakoni wajibe, iku kang mayarake kangelane, lan angenakake rasaning panganan sawiyah.

Ora antara lawas anuli ana priyayi gêdhe siji, tumêka ing pondhoke Si Wirasêca, calathune, juru gêdhongku mati, aku ngrungu, yèn padha-padha wong among tani ing sakiwa têngêne ing kene, kowe kang punjul dhewe ing surupmu amulasara lêmah. Dene mungguh

--- 2 : 165 ---

ing wêkêlmu, durung lawas aku wus sumurup dhewe, akèh tandhane. Kang iku, apa kowe gêlêm dadi juru gêdhongku.

Si Wirasêca gêlêm, sarta bangêt bungah, wiwit nalika samana kauntungane angluwihi kang dhisik.

Êliding mêngkene, pakolèhing wêkêl akanthi pêthêl amrasasati rajabrana.

179. Wong Karêm Nyatur Alaning Liyan

Anuju sawiji dina, Si Jayagupita lêlungguhan karo anak-anake tanggane, atakon mêngkene, kowe apa padha dhèngêr sababe, mulane aku kalane isih bocah digêthingi ing wong. Sababe, dene aku biyèn duwe lêlabuhan ala, dhêmên tumbak cucukan, wus lumrah, wong iku samăngsa anglakoni

--- 2 : 166 ---

sawijining panggawe ala, ora keguh anglakoni ala liyane. Mêngkono uga aku, alaku mrèmèn-mrèmèn, dhêmên nyatur alane wong, wuwuh-wuwuh nganggo dakkanthèni umuk, têrkadhang angathik-athik basa. Lêlabuhan mêngkono iku luwih ala, mulane kowe padhaa daksurupake, supaya kokeling-elinga. Ujaring bêbasan: anyatur alaning liyan kêna andadèkake pitunane kang cinatur, ananging kang nyatur iya uga anêmu ora bêcik. Kang mêngkono iku wus tinêmu ing awakku dhewe, maune ora ana wong gêlêm kêkumpulan karo aku, aku digêthingi sarta disarang. Kang mêngkono iku ora ngeram-eramake, awit sapa kang ora jinja marang wong, kang kêrêp nyatur alaning liyan. Wong tuwa-tuwaku tuwin guruku wus kêrêp angukum marang aku: ing bab alaning lêlabuhanaku [lêlabuh...]

--- 2 : 167 ---

[...anaku] mau, kadadeaning pangukume kongsi ing saiki isih agawe bungahku, awit ing wêkasan mêtu kaèlinganaku kang bêcik, sarta aku sumêdya amarèni. Iya bênêr angèl bêbuwanganane lêlabuhan ala, awit wus lumrah mangkono, ananging wêkasane aku bisa marèni. Sabanjure sabên-sabên yèn aku duwe sêdya nyatur alaning liyan, banjur kèlingan marang bêbasan mêngkene.

Anyatur alaning liyan kêna andadèkake pitunane kang cinatur, ananging kang nyatur iya uga anêmu ora bêcik.

180. Pawèwèh ing Nalika Garêbêg

Bocah lanang kang aran Si Diman, bungah-bungah kêrêp acalathu, sesuk garêbêg. Êmbok, punapa kula kenging

--- 2 : 168 ---

ningali pêparingipun nini dhatêng kula ing dintên garêbêg benjing-enjing.

Saure biyungne, ora kêna: Diman, wêkase ninèkmu wanti-wanti, ora parêng aku nuduhna marang kowe sadurunge ing dina sesuk wayah jam sanga, mulane sayutana karêpmu. Si Diman angêsah, kêrêp angingêtake lawanging jromah, panggonane angrawati pawèwèhing nini, sarta tansah angajap gêlisa esuk.

Barêng wus ngangkat pêtêng, Si Diman sumêdya nyalimpêt lumêbu ing jromah, ciptane, iya bênêr, bocah murang sarak sabên-sabên diukum, ananging dak arah-arahe lêbuku, aja kongsi ana kang wêruh. Sawuse nyipta mêngkono, anuli mara mêngakake lawanging jromah, banjur lumêbu. Ora antara suwe angrungu gadêbêging wong lumaku, parane mênyang

--- 2 : 169 ---

jromah, Si Diman enggal mêtu nginêbake lawang, sasore ora bisa nglimpe anutugake karêpe, dadi ora kêna ora kudu nyabarake.

Esuke êmbokne anyandhak tangane Si Diman, têmbunge, Diman, ing saiki wus mangsane kowe bungah-bungah. Sawuse calathu mêngkono, diajak lumêbu ing jromah. Satêkane ing kono, bangêt gumune, calathune, sapa sing mangan lêmpêre Si Diman. Dene mèh êntèk, mung kari cêcuwilan bae, lah iki layang wacan nganggo gambar pating calonèh pating saluwir, iku panggawene sapa. Wruhanamu: Diman, lêmpêr lan layang wacan iku pêparinge ninèkmu marang kowe, lah iki kitire, maune dicublêsake ing lêmpêr, dêlêngên, unine, iki kawènèhake marang bocah [bo...]

--- 2 : 170 ---

[...cah] bêcik lan bangun turut, kang tabêri ngaji lan tisna marang wong tuwa-tuwane.

Suwe-suwe êmbokne wêruh kucing ana ing jromah, calathune, Diman, saiki aku anduwèni kira-kira dadining prakara kiye, pêthèkku, saking pandharidhismu kudu-kudu wêruh rupane pêparinge ninèkmu, kowe ora mituhu ing ujarku, banjur amêngakake lawang jromah, kalêbon kucing kowe ora sumurup, dadi rusaking layang wacan paringe ninèkmu saking panggawemu dhewe. Ewadene ing jêro isi bêbasan iku, eling-elingên, unine mêngkene:

Patuwase wong andharidhis pituna lan wirang, sêngsêm marang kawruh makolèhake kawignyan, sarta ngapenakake pagawean.

--- 2 : 171 ---

181. Sing Sapa Sugih Jangji, Nanging Ora Nuhoni, Iku Anelakake Yèn Ora Kanggonan têmên.

Bocah lanang kang aran Si Landhung: adate ora bêcik. Sugih jangji, nanging ora nuhoni. Akèh wong kang mêngkono.

Bapakne wus kêrêp mituturi mêngkene, Landhung, wong jangji iku prasasat utang. Sing sapa duwe jangji, măngka ora nuhoni, iku pêpadhane wong ngapus-apusi. Ewadene Si Landhung ora marèni, kêrêp bae olèh dolanan saka ing kănca-kancane, asarana dijangjèni kang akèh-akèh, nanging ora nuhoni, malah anggêguyu ing batin.

Anuju garêbêg Si Landhung calathu marang Si Kandhung, têmbunge, Kandhung, pêcutmu dawa

--- 2 : 172 ---

iku wèhna ing aku, paringe bapak marang aku ing dina iki: kang rupa panganan enak-enak, tuwin liyane kang bêcik-bêcik, dak wènèhake ing kowe kabèh. Ananging Si Kandhung sarèhning wus kêrêp digorohi, dadi ora ngandêl, ora awèh pêcute dijaluk.

Bapakne Si Landhung ngrungu calathuning anake karo Si Kandhung mau, banjur amarani, acalathu marang Si Kandhung, têmbunge, kowe aja sumêlang, Kandhung, ing sapisan iki Si Landhung bakal nuhoni jangji. Wèhna pêcutmu, dhèwèkne bakal mènèhake marang kowe kabèh pawèwèhku ing dina iki, kaya ta kang rupa panganan, dolanan, gambar: layang wacan bêcik. Rêringkêsane: kabèh bakal diwènèhake marang kowe. Ananging pêcut iku bakal dak rawati, yèn Si Landhung goroh kaya kang wus kalakon,

--- 2 : 173 ---

bakal dak elingake marang jangjine kalawan pêcut iku.

Êliding dongèng mêngkene, jangji akèh, kang ora ana kayaktène, ora makolèhake apa-apa, awit iku têmbung ngayawara. Mulane yèn wong kawêtu jangjine, kudu-kudu anuhoni.

182. Ridêr Sugih

Ing jaman kuna ana ridêr sawiji, saking sugihe uwang lan palêmahan, kongsi kasêbut ing aran ridêr sugih. Kasugihane andadèkake sumangkeane, malah-malah anduwèni pangira, yèn awake amunjuli sakabèhe. Kêrêp anyipta lan calathu mêngkene, atusan malah ewon kang angestokake parentahku, apa kang kêlar nyambadani pangawasaku, [pa...]

--- 2 : 174 ---

[...ngawasaku,] sabarang parentahku kalakon.

Anuju ing sawiji dina ana lesus, saking bangête: agawe sumêlang, yèn andadèkake rusake sakèhing têtanduran lan uwit-uwitane ing sadesa. Anuli ana bocah lanang siji, seba marang ridêr sugih mau, ature, bêndara ridêr kawasa, griya kula rêbah katêmpuh ing prahara, sanjangipun bapak, têtanêmanipun sadaya kados-kados inggih badhe risak tumuntên. Manawi makatên, amasthi badhe nglampahi papriman. O, bêndara ridêr, panjênêngan sampeyan punika kawasa, mugi-mugi kagungan wêlas dhumatêng kula sadaya, angèndêlna prahara punika.

Ridêr mau anglês ing ati, suwe mandêng marang bocah kang anjaluk tulung, wasana calathu marang sakèhing wong, kang panuju ana ing

--- 2 : 175 ---

kono, pasajaning calathune bocah iku ing mêngko agawe panggraitaku, yèn pangawasa: kaluhuran lan kasugihaning manusa luwih dening sapele. Aku sinêbut sugih lan kawasa, ananging aku tuwin sarupaning wong kabèh bisa apa katêkan ing prahara, kang angrêrusakake mêngkene iki.

Êliding dongèng mêngkene, manusa iku sugiha utawa luhura dikaya apa, ora mrojol saka ing pangawasane Gusti Allah.

183. Wong Jompo

Ing nalika ana pêrang, ana saradhadhu akèh padha lumêbu ing padesan, sarta padha anjarah angrayahi, lakune ing sadalan-dalan ambêbahaki. Wong desa kang omah adoh-adoh saka ing

--- 2 : 176 ---

kono padha ngili marang bètèng kang jujugan, anggawani barang darbèke kang pangaji, supaya aja kongsi dirayah ing saradhadhu mau. Barêng para saradhadhu lumêbu ing desa, kang wonge wus padha ngili mau, anjajah sajroning omah tinêmu suwung lan kothong, bangêt ing pamuring-muringe, omah pirang-pirang banjur diobongi, gênine mraman-mraman,[13] kaya-kaya bakal ngêntèkake omah sadesa kabèh.

Omah akèh-akèh kang diobongi mau ana siji, kang ngênggoni wong loro, siji picak, siji lumpuh isih jaka. Wong loro iku kari, ora kongsi bisa ngili karo wong akèh-akèh mau, amarga dening kasusu ing pangiline. Sapa baya kang têtulung marang wong loro iku. Saradhadhune wus padha bubar, wong desa liyane wus [wu...]

--- 2 : 177 ---

[...s] ora ana siji-sijia, kang bisa têtulung, anuntun kang picak, lan anggendhong kang lumpuh. Wasana jêjaka lumpuh mau calathu marang kang picak: yèn kowe gêlêm anggendhong aku, aku kang nuduhake dalane, ora-orane kongsi tiwas, dadi kowe lan aku bisa anyingkiri gêni. Wong picak mau banjur gêlêm bae anggendhong kang lumpuh, karone lastari mêntas saka ing bêbaya.

Êliding dongèng mêngkene, tulung-tinulung sajroning kasusahan iku tamtu panggawe bêcik. Sing sapa têtulung ing liyan, amasthi olèh mitra bêcik kang malês atêtulung.

184. Ulêr

Kyai Sabdapratama duwe anak lanang

--- 2 : 178 ---

loro, aran Si Bêgja lan Si Daulat. Ing wayah esuk padha midêr-midêr mênyang kêbon karo bapakne, ing kono ana papane sathithik, kang diwènèhake marang bocah loro mau, supaya ditandurana dhewe, watês ămba dawaning papan kasinggêt ing kêkêmbangan.

Dene têtandurane bocah lanang loro mau, kang bêcik lan asri dhewe, uwit jêruk kêprok loro, pêntile anêrucuk, angantarani yèn bakal ambiyêt wohe.

Kyai Sabdapratama anyêdhaki uwit jêruk kêprok loro mau, acalathu marang anak-anake, dêlêngên sing pating parintis ana ing êpang kuwe, iku êndhog kang nêtês dadi ulêr, samăngsa wus nêtês, enggal dadi gêdhe, angrusakake godhong lang kêmbanging uwit, anyirnakake pangarêp-arêpmu mangan wohe. [woh...]

--- 2 : 179 ---

[...e.] Kapriye mungguh ing pikirmu prayogane, êndhog iku bêcik diulapi ing saiki, apa prayoga disarèhake kongsi sesuk utawa êmbèn.

Wangsulane bocah loro, botên, bapak. Prayoginipun kaulapan sapunika kemawon. Sintên ingkang sumêrêp, manawi ing dintên benjing-enjing wontên pangkalanipun, botên sagêd angulapi. Manawi ulêr punika sampun andados, amasthi angèl bêbucalanipun.

Wangsulane Kyai Sabdapratama, pangiraku, yèn wus andadi, prasasat ora kêna diulapi. Wruhanamu: thole, mungguh ananing ulêr ing uwit-uwitan iku, kaya upamane cacad lan rêrêgêd, kang dumunung ing atine wong anom-anom. Yèn kowe sumêdya dadi bêcik, aja talompe anggêgulang [anggêgu...]

--- 2 : 180 ---

[...lang] ambuwang pratingkah kang ora bênêr, awit sawijining panggawe ala, yèn ora dipapas tumuli, amêtokake panggawe ala liyane, yèn wus andadi mraman-mraman, mundhak dina mundhak angèl buwangane.

Êliding dongèng mêngkene, samăngsa kowe rumasa atimu katempelan ing sêdya ala, enggal sirnakna, awit samubarang kang gampang utawa kêna linakonan ing sanalika, măngka sinarèhake, sèjèn dinane andadèkake rakasa.

185. Satru kang Gêdhe Dhewe

Ana jêjaka sawiji, adate anyênyêngit, awit yèn nyatur uwong, sok sawiyah-wiyah basane.

Anuju ing sawiji dina jêjaka mau ana

--- 2 : 181 ---

ing pajagongan, kawêtu basane sawiyah-wiyah manèh, anuli ana wong tuwa, atakon marang dhèwèkne, napa dika ajêng wêruh jênênge satru dika kang gêdhe dhewe. Wangsulane, masthi kemawon kula ajêng sumêrêp, supados kula sagêda mrayitnani, sampun ngantos kenging dipun awoni. Saure wong tuwa mau, yèn mêkotên, êmpun dika lali-lali, satru dika kang gêdhe dhewe niku ilat dika, saniki êmpun akèh alane, yèn botên dika wasesa botên lawas dika bakal diewani sarta disarang têng sakèhing wong.

Êliding dongèng mêngkene, yèn kowe lumuh padu, nêdya jênjêm lan bungah ing kauripanamu, candhêtên ilatmu, awit iku bisa mêtokake bilai akèh.

--- 2 : 182 ---

186. Sikil Pêpês

Ana sudagar arêp lêlungan adoh ngambah sagara, barêng lumaku marang panggonaning prau, ana ing dalan kasandhung, tiba pêpês sikile, bangêt andadèkake susah lan pamuring-muringe, awit kudu anyarèhake angkate, sarta kandhêging laku iku andadèkake pitunane. Anuli bali mulih.

Prau kang bakal ditunggangi mau anuli mancal. Antara têlung sasi, kyai sudagar mari, anyidakake lakune anunggang prau seje, kang tunggal paran karo sing dhisik mau. Satêkane ing muara, atakon marang wong ing kono, nalika apa têkane prau sing dhisik mau ana ing muara kono. Saure kang tinakonan: baita punika manggih tiwas kèrêm. Sapriki antawis sampun wontên tigang

--- 2 : 183 ---

wulan, rêrêmukanipun kentas wontên ngriki, ananging tiyangipun ingkang sami numpaki, botên wontên wartosipun, pêjah utawi gêsang.

Sudagar kagèt bangêt, sêbute, o, Gusti Allah Kang Sipat Rahman, dados pêpêsipun suku kawula rumiyin, ingkang kawula anggêp bilai agêng, kayaktosanipun minăngka sarana têtulaking pêjah, ingkang badhe pinanggih ing kawula. Sanajan kawula sadaya botên anggayuh dhatêng êlidipun samukawis ingkang kalampahan, mugi-mugi kawula sami pitajênga, yèn karsa sampeyan botên kenging dipun waoni, sarta tansah andadosakên sae.

Êliding dongèng mêngkene, piyala utawi bilai kang tinêmu ing wong, iku têrkadhang ana kang andadèkake bêcik utawa kaslamêtane.

--- 2 : 184 ---

187. Wong Bêgja

Ana ratu kagungan putra kakung siji, seda lagi wayah rumaja putra, bangêt andadèkake sêkêling galihe, kongsi ora kêna dilipur. Pangandikane, aku iki mêngku lan ngêrèhake wong yutan. Pira-pira kèhe kang bêgja sajroning pêparintahanaku, măngka aku ratune, têka cilaka bangêt.

Ana priyayi gêdhe lan pintêr kang ngrungu pangandika mêngkono iku, anuli seba ing ngarsane sang prabu, unjuke, gusti ratu kawasa, manawi ing karaton dalêm ngriki wontên tiyang têtiga kemawon, ingkang sampurna ing kabêgjanipun, namanipun badhe kawula sêrati, lajêng kawula prênahakên wontên ing pasareanipun putra dalêm. Kawula purun nanggêl, putra dalêm amasthi gêsang tumuntên.

--- 2 : 185 ---

Sang prabu sanalika andhawuhake parentah, animbali para abdi, ora antara suwe gumrubyug padha seba, anjujug priyayi gêdhe mau, supaya ditulisana jênênge. Anuli priyayi iku takon marang wong siji, têmbunge, apa kang agawe kabêgjanmu. Wangsulane, dhumatêng ing panjênêngan sampeyan piyambak kula purun matur ing sayaktosipun. Tăngga kula ingkang wau sugih, andadosakên pamurina kula, anuntên griyanipun kabêsmi ngantos têlasan, ing sapunika miskin sangêt, andadosakên bingah saha adamêl kabêgjan kula. Wangsulaning priyayi, lungaa tumali[14] kowe iku wong jail, ora bisa angrasakake bêgja. Anuli ana wong siji, ditakoni kaya kang wus kasêbut mau, wangsulane, kula punika botên pêgat-pêgat angajap gadhaha yatra sarta barang kathah, [ka...]

--- 2 : 186 ---

[...thah,] wasana kala ing dintên wingi kula anampèni warisan, kathahipun 20.000 rupiyah, punika adamêl kabêgjan kula, mila nama kula kenging sampeyan sêrati. Wangsulaning priyayi, iya, ananging kapriye rasaning atimu, saupama dhuwitmu samono iku diwêwahi 20.000 rupiyah dening panjênêngane sang ratu. Barêng ngrungu patakon mêngkono, panggragase katon ing sêmu, wangsulane, o, manawi makatên, manawi makatên. Calathune lagi samono, banjur disêlani marang priyayi mau, yèn mêngkono, amasthi kowe durung aran bêgja, awit wong murka ora bêgja. Wis lungaa, jênêngmu durung kêna daktulisi.

Liyane wong loro iku, kabèh kang ngaku bêgja, wus padha ditakoni, ananging ora ana siji kang tinêmu sampurna [sampur...]

--- 2 : 187 ---

[...na] ing kabêgjane. Priyayi mau banjur maju ing ngarsane sang prabu, angunjukake olèh-olèh ing papriksane, sawuse titi, diwuwuhi ing unjuk mêngkene.

Kabêgjan ingkang sajati punika botên wontên ing alam donya, ananging ginantungakên ing manusa wontên ing swarga.

188. Aji

Ana tanah padesan siji, wonge mèh kabèh ora sêmpulur ênggone amulasara lêmah, rajakayane kang diingu bibitan, ora pati ana undhake, sawah lan patêgalane ora pati mêtoni, dadi mèh ora cukup pinangan. Sêbute wong desa ing kono mau, lêmahe ing kene iki wus ora bêcik. Sabarang kang tinandur [tina...]

--- 2 : 188 ---

[...ndur] wêtune mung sathithik, tur ora bêcik. Kapriye baya dadine, wêkasan măngsa wurunga padha dadi kere kabèh.

Cêdhake ing tanah padesan mau ana desa siji, ing kono têtandurane kabèh tulus-tulus, rajakayane iya mêngkono, sarta bêcik-bacik, andadèkake gumune sakèhing wong, kang sawah lan patêgalane ora mêtoni mau. Ing kono ana wong siji, aran Ki Sudarga, wayahe wus tuwa. Anuju ing wayah bêngi acalathu marang tăngga-tanggane, têmbunge, kănca, dika padha pracayaa têng kula, tuluse têtandurane tăngga ing desa niku êmpun masthi dede sabaène mawon. Têtanduran kula lan têtanduran dika botên mêtoni, măngka têtandurane wong niku têka tulus-tulus kabèh. Dika pracayaa têng kula, wong niku duwe aji panulusan. Dawêg [Da...]

--- 2 : 189 ---

[...wêg] dika pikir dhewe, pripun olèhe bisa tulus, yèn botên nganggo aji, niku êmpun masthi.

Tăngga-tăngga mau padha gugon tuhon, ora beda lan Si Sudarga, dadi padha ngandêl ing sacalathune, sarta padha ngira prayoga, anjaluka wuruk ajine. Anuli padha mênyang ing desane, anjaluk winurukana ajine. Kang jinalukan wuruk wiwitane eram bangêt, ananging sawuse pinikir sadhela, anuli mangsuli, têmbunge, kănca-kănca kabèh, sing dika arani aji niku gampang mawon yèn dika arêp bisa, unèn-unène cêndhak, dika turut satêmêne. Dene unine aji kula mêkètên:

Patang prakara kang wajib ora kêna tininggal, iya iku tata, gêmi, tabêri, lan pangabêkti marang Gusti Allah, angarêp-arêp barkahe.

--- 2 : 190 ---

189. Balêntong

Bocah wadon kang aran Si Kaimah, sanyatane ayu lan manis, ananging duwe cacad sawiji, kang agawe kuciwaning rupane, dene ora rêsikan. Wong tuwa-tuwane wus kêrêp anyrêngêni ing bab carobone, sabên-sabên saguh amarèni, ananging ora ana wêkasane.

Anuju ing sawiji dina Si Kaimah sasêdulure lanang wadon diajak ing bapa biyungne mênyang desa, tilik pamane. Si Kaimah sasêdulure bangêt padha bungah, angguyu asêsindhenan sarta lincak-lincak. Kang cinipta mung bakal angrasakake bungah ana ing desa. Banjur padha dandan. Ananging barêng Si Kaimah arêp nata sandhangane kalêbokake ing tumbu, sanalika sirna bungahe, awit kulambine [kulambi...]

--- 2 : 191 ---

[...ne] kabèh padha pating balêntong, dadi pinênging milu mênyang desa, mung sadulure lanang wadon bae kang mênyang, sarta bungah-bungah ana ing desa. Si Kaimah kari dhewe ana ing omah, calathune, wong carobo iku ora bêcik bangêt. Caroboku agawe susahing bapa biyung, lan susahku dhewe, anyirnakake pangarêp-arêpku marang kabungahan. Wiwit ing saiki sabanjure aku bakal rêsikan, sarta tansah eling, yèn rêsikan iku patut ing atase marang sawiji-wijining wong, awit mêtokake kabungahan lan kauntungan. Carobo andadèkake pituna, lan kêrêp agawe kasusahan.

190. Bocah Ngaji

Anuju ing sawiji dina Kyai Jayawadaka [Jayawada...]

--- 2 : 192 ---

[...ka] mênyang pamulangan, arêp wêruh apa bocah-bocah kang ngaji ana ing kono, mundhak ing kabisane.

Ing nalika dipariksani, bocah-bocah mau akèh kang andadèkake parênge Kyai Jayawadaka, amarga dening undhaking kabisane, ananging anake dhewe aran Si Bima, kang ngaji ing kono, prasasat ora ana kabisane, awit padha-padha panunggalane ngaji sathithik dhewe tabêrine, iku andadèkake bangêt cuwane Kyai Jayawadaka.

Sakèhing bocah kang andadèkake parênge mau padha diwènèhi layang wacan nganggo gambar, calathune, banjurna olèhmu padha tabêri ngaji, lan piturutmu marang gurumu, amasthi kowe bakal agawe bungahe wong tuwa-tuwamu lan gurumu, tuwin agawe bungahing

--- 2 : 193 ---

wong akèh, apadene agawe kabêgjanmu dhewe. Têmbunge marang Si Bima, Bima, kowe anduwènana isin awit dening kêsèdmu, iku marènana. Yèn ora komarèni, ora wurung cilaka, bodhomu bakal agawe kasusahanamu dhewe, lan agawe ewaning wong akèh. Mulane mêngkono, awit bodhomu iku amarga dening kotêmaha, lan awit dening kêsèdmu.

Êliding dongèng mêngkene, dudu kasugihan, dudu kang sarwa gumêbyar, tuwin dudu sêsandhangan adi, kang andadèkake kajèning awak. Yèn kowe nêdya kajèn, sarta pinundhi-pundhi dening sawiji-wijining wong, golèka kawicaksanan, lan anglakonana wajibmu.

--- 2 : 194 ---

191. Layang Pratăndha Utang

Sawuse Kyai Jayawadaka mulih saka ing pamulangan, gurune ing kono acarita marang murid-muride, têmbunge, biyèn ana bocah lanang siji, aran Si Bima, iku lumuh ngaji, kinira ora prêlu, awit wong tuwa-tuwane sugih. Mulane barêng wus gêdhe, kasêbut ing aran Bima bodho asugih.

Amarga saking bodhone, kêrêp dibalithuk ing wong. Kacarita ana wong têka ing omahe, nêmbung utang dhuwit akèh, sanggup awèh layang pratăndha. Si Bima awèh, sawuse ngulungake dhuwit banjur anampèni layang pratăndha. Barêng wis antara lawas Si Bima nagih, kang utang mungkir, ora rumăngsa anampani dhuwit. Layange pratăndha anuli dituduh-tuduhake marang wong liya, [li...]

--- 2 : 195 ---

[...ya,] dhapur dipintokake, awit Si Bima ora isa maca. Tuture kang dipintoni, layang iku unèn-unène ora karu-karuwan, mung muni têmbung lalawora bae.

Wong kang awèh layang pratăndha utang kaya mêngkono marang Si Bima, nyata yèn wong ala, ananging saupama Si Bima nalika ênome tabêri angaji, amasthi ora kêna dibalithuk kaya mêngkono, sarta măngsa kongsia tumiba ing kamlaratan. Wiwit nalika samana Si Bima iya uga isih kasêbut ing aran Bima bodho, nanging ora nganggo kasêbut sugih manèh.

Êliding dongèng mêngkene, sing sapa bêbocahane tabêri lan dhêmên ngaji, tumêkane ing wayah diwasa amasthi ora kaduwung.

--- 2 : 196 ---

192. Panganan Êmas

Ing jaman kuna ana wong sawiji, omah ing tanah pagunungan. Kang diajap ora liya mung mung kasugihan bae, bangêt sêngsême marang êmas lan salaka, iku kang andadèkake kabungahane, prasasat uripe gumantung marang ana ing kono. Samăngsa sumurup yèn ing gunung ana êmase, batur-bature anuli dikon ngênêngake pagaweane ngolah sawah, diparentahi padha mêlik lan ngebor. Mungguh gawene ing sadina-dina ora liya mung anyawang lan angitungi undhaking rajabranane, ananging sawah lan patêgalane ora digarap, awit batur-bature padha melik lan ngebor, ora bisa anyambi sêsawah. Andhungane pari anuli êntèk. Yèn nêdyaa tuku marang panggonan liyane, kadohan, sarta

--- 2 : 197 ---

dalane angèl, amasthi akèh wragade.

Anuju ing sawiji dina mulih saka ing panggonane wong mêlik ngebor mau, lungguh arêp mangan. Ananging kang cumawis mung panjang siji isi êmas, bangêt andadèkake gumune. Wiwitane iya uga bungah andêlêng êmas iku, ananging suwe-suwe anjaluk sêga salawuhe. Saure sing wadon: kala rumiyin sampeyan akalihan kula botên kêkirangan ing bab têdha, ananging sampun antawis lami sampeyan mung amrasudi ngupados êmas kemawon, kados punika ingkang minăngka rijêki, nyêkapi sarta mufangati badan.

Êliding dongèng mêngkene, iya bênêr êmas dianggêp bêcik dhewe ana ing ngalam donya, ananging isih kaungkulan dening rijêki kang mufangati awak.

--- 2 : 198 ---

193. Bocah Lanang Miskin-miskin

Ana ratu, ing wayah esuk miyos saka ing kadhatone, karsa amêng-amêng, aningali bocah lanang siji, sandhangane ala, kuciwa lan bêciking sêmune, anuli pinaringan nêm rupiyah, ginawea tuku sandhangan kang prayoga.

Esuke sang prabu mau amêng-amêng manèh, aningali bocah lanang pirang-pirang, undha-usuk alaning sêsandhangane. Apa baya karêpe, dene padha ngumpul ana ing kono. Sawênèh ana kang ngacungake tangane, anjaluk rupiyah, ananging ora diparingi, banjur padha dibubarake dening para abdi kang andhèrèk. Wong kang panuju liwat ing kono padha gumuyu, calathune.

Apa kang andadèkake kauntungane [kauntunga...]

--- 2 : 199 ---

[...ne] wong siji, têrkadhang agawe kasusahaning liyan.

194. Bêbasan

Ing jaman kuna akèh wong dhêmên ngucapake bêbasan, lumrah ginawe ngadat kanggo ing sadina-dina. Kacarita ana wong loro lêlaku, sarèhning ana ing dalan kodanan, têkane ing nagara kawêngèn, sakèthènging kutha wus padha minêb, dadi kapêksa padha nginêp ana ing alas tarataban. Kang siji ora pêgat panggrundêle mêngkene, nêmu pakewuh, susah agidhuh. Sijine anyauri, barang karsaning Allah prayoga, tan kêna winancenan dinuga.

Esuke wong loro mau angrungu pawarta, yèn omah sajroning nagara, kang nêdya dijujug, ing nalika bêngi

--- 2 : 200 ---

iku katêkan ing kècu, barange kang duwe omah êntèk kabèh, malah akèh wong kang kataton tuwin mati. Barêng wong loro anggraita kang dadi karsane Gusti Allah, anggone padha kainêban ing sakèthèng mau, banjur kawêtu calathune mêngkene.

Barang karsaning Allah prayoga, tan kêna winancenan dinuga.

195. Kanthong Isi Uwang Êmas

Ana sudagar siji kailangan kanthong isi dinar, duwe jangji kalumrahake ing akèh, sapa-sapa kang anêmokake, bakal diwènèhi saparone isining kanthong mau. Anuli ana wong miskin kang nêmu, enggal digawa marang kang duwe. Dene kang duwe iku cêthil sarta ala atine, ciptane, aku sumêdya ambudi

--- 2 : 201 ---

akal, yèn kanthongku tinêmu ing wong, dibalèkake marang aku, aja kongsi kailangan patuwas marang kang nêmu. Iba ta alane wong kang atine kadunungan ing cêthil. Barêng wong miskin mau têka, anggawa kanthong kang tinêmu, sumêdya dibalèkake, sudagar cêthil banjur mêtokake dinar kang ana ing kanthong, diitung sawuse diitung, calathune, iki mung katêmu rong puluh dinar, maune isi patang puluh, dadi wus kojupuk kang saparo, mulane aku ora susah awèh patuwas marang kowe.Wangsulane wong miskin: ora rumasa anjupuk. Saupama ora têmên-têmêna, nêdya ngêlong isining kanthong, apa ora prayoga yèn dipèka kabèh. Ananging sudagar cêthil ora ngrèwès. Wong miskin anuli ditundhung lunga, akanthi pêpisuh.

--- 2 : 202 ---

Prakara iku kapirêng ing parentah, sarèhning parentah ora kêkilapan marang alane sudagar cêthil mau, karone anuli tinimbalan. Barêng wus padha seba, parentah ngandika, kyai sudagar, kowe kailangan kanthong siji, isi patang puluh dinar, kanthong kang tinêmu ing wong miskin iki masthi dudu duwèkmu, awit mung isi rong puluh dinar. Mulane wajib kobalèkake. Dene yèn wus antara sêsasi ora ana kang ngaku, amasthi têtêp dadi duwèke kang nêmu.

Êliding dongèng mêngkene, wong miguna ing liyan, saalus utawa sajuliganeya ing êtrape, kêrêp andadèkake tiwase dhewe.

196. Kadadean kang Ora Diarêp-arêp

Wong desa kang aran Jayapracadi, wus lawas [lawa...]

--- 2 : 203 ---

[...s] anandhang lara, sing wadon lan anake têlu isih cilik-cilik bangêt padha kacingkrangan ing pangan, nalika samono andungkap măngsa badhidhing, mundhak dina mundhak adhême, agawe êntèk atine êmbok Jayapracadi. wayah esuk anak-anake padha nangis amarga dening luwe, sêbute, êmbok Jayapracadi, bok iya anaa wong awèh pagawean, supaya anaa sing dakpangan. Wingi aku mubêng-mubêng marang tăngga anjaluk pagawean, ora olèh. Yèn ora ana sih kawêlasane Gusti Allah, wêkasan aku lan anak-anakku amasthi padha mati kalirên.

Sing lanang sumaur. swarane ngulung, wong wadon, yèn aku lan kowe ing sabisa-bisa wus amrasudi budi golèk pangan, măngka ora olèh, prayoga padha ngandêl marang pitulunging Gusti Kang Maha

--- 2 : 204 ---

Kawasa, aja nganggo sumêlang. Dêlêngên manuk kang mibêr ing awang-awang, iku ora nganggo nyêbar wiji, ora panèn, ora tandho pari ing lumbung, ewadene diparingi pangan marang Gusti Allah. Apa kowe ora ngluwihi manuk.

Ora antara suwe ana wong mănca têka, mrabot panganggone, lumêbu ing omahe Kyai Jayapracadi, atakon dalan, barêng ngrungu calathune kang duwe omah, sarta wêruh ing kamlaratane, bangêt wêlase, banjur awèh tămba, pangan sarta sêsandhangan. barêng Kyai Jayapracadi wus mari lara, wong mănca mau kang awèh pitulung, bisane padha anyambut gawe, ora kongsi kêkurangan.

Dene Kyai Jayapracadi lan bojone ing sabanjure prayitna ing barang lêkas, andadèkake bungahe wong kang

--- 2 : 205 ---

ambêciki mau, sarta karone padha sukur ing Gusti Allah, kang aparing pitulung, mêntas saka ing papa. Anak-anake anuli diwuruki bêbasan, unine mêngkene.

Gusti Allah ora tau kasupèn. Sabarang karsa-Ne anuduhake sihe, lan sabarang kang kalakon awit saking karsa-Ne, iku bêcik kabèh.

197. Ratu Kawasa

Ana ratu kawasa linuwih, rumaos yèn andungkap rawuhing jangji puput yuswane, banjur animbali kang para putra, pangandikane, anak-anakku kabèh, kowe padha sumurup dhewe mungguhing pangawasa lan kasugihanaku, para ratu kang animbangi kaluhuranaku, mung sathithik wilangane. Kang iku, apa kowe bisa ngarani sawiji, kang

--- 2 : 206 ---

munjuli aku. Unjuke para putra, botên wontên tiyang kawasa angungkuli panjênêngan dalêm. Sang prabu ngandika manèh, yèn mêngkono, mungguh ing pandêlêngmu, aku iki luwih gêdhe lan luhur, ewadene, ênggèr, sakèhing kasugihanaku, sakèhing pangawasaku, lan sakèhing kaluhuranaku, ora bisa andawakake umurku sadhela bae. Rajabranaku kang tanpa etung bisa mitulungi apa-apa sajroning kubur. Mulane wong iku aran cilaka, yèn salawase urip mung mrasudi olèh ngamal ing ngalam donya, awit iku kêna ing rusak, sarta yèn mati: ora kêna ginawa. Kang iku, ênggèr, anak-anakku kabèh, kowe padha angaraha kautaman lan kamursidan. Prasasat kowe anglumpukake rajabrana, kang agawe kabêgjaning uripmu, [u...]

--- 2 : 207 ---

[...ripmu,] kongsi tumêka ing jaman kailangan.

Êliding dongèng mêngkene, sanajan kaluhuran, kajèn utawa kasugihan bangêt amenginake, nanging ora anjênjêmake ati sajroning rêrubêd. Mung kautaman kang anjênjêmake.

198. Babon lan Mêrak

Ana wong desa duwe anak lanang isih cilik, aran Si Jênthu, acalathu marang bapakne, bapak, ingon-ingon sampeyan babon pamanah kula prayogi dipun sadènana sadaya, pêpajênganipun lajêng katumbasakên mêrak jalêr akalihan mêrak èstri. O, iba saenipun tiningalan, yèn sami saba sarta ngigêl wontên ing latar ngriki, wulunipun gumêbyar pating pancurat. Bapakne sumaur, [suma...]

--- 2 : 208 ---

[...ur,] lah, olèhe êndhog saka ing ngêndi, Jênthu, mêrak yèn ngêndhog mung sathithik, măngka ingon-ingonku babon êndhoge sabên taun mèh satus. Kang iku kowe sumurupa, yèn sabarang kang luwih bêcik lan asri rupane, ora masthi maidahi dhewe.

Êliding dongèng mêngkene, sabarang kang anêngsêmake ing pandêlêng amarga dening asrine, ora masthi kabèh patut diunggul-unggulake, kudu-kudu nganggo pikir faidahe. Sarupa-rupane, anggêr kadunungan ing kautaman, iku kang wajib pinundhi-pundhi.

199. Kawicaksanan

Ana ratu isih neneman, ambêk kaduk wani kurang dêduga, kasa[15] adamêl gêguyon marang sawijining pujăngga, andangu karo [ka...]

--- 2 : 209 ---

[...ro] gumujêng, apa kowe ora bisa awèh kawicaksanan sathithik marang aku.Wangsulane, kawula nuwun, sagêd, gusti, panjênêngan dalêm namung engêta dhatêng bêbasan makatên: pikirên ing wêkasane.

Sang prabu kèndêl bae, banjur kondur ngadhaton, sêmune kakênan ing galih, bêbasan kang saka ing pujăngga mau kêrêp dipangandikakake. Ora antara lawas ana wong durjana siji ngalap opah, dipurih anyedani sang prabu mau. Anuli lumêbu ing kadhaton, ora ana kang wêruh. Barêng wêruh ing sang nata, sarta angagagi gêgaman, sang nata ora sumêrêp, têka panuju mangandikake bêbasan mau, pikirên ing wêkasane.

Durjana mau kagèt, anyana yèn kawanguran sêdyane, enggal anyungkêmi [anyungkê...]

--- 2 : 210 ---

[...mi] sampeyane, sarta anyuwun pangapura. Sang nata sukur ing Gusti Allah, saking dening rumêksane, sarta ing sabanjure angaji-aji marang pujăngga mau.

Êliding dongèng mêngkene, wêdi marang Gusti Allah iku êtuking kawicaksanan. Manusa yèn wêruh ing Gusti Allah, iku aran linuwih ing budine.

200. Patuwas kang Urup lan Gawene

Anuju ing măngsa badhidhing ana wong lêlaku, kandhêg ing desa kongsi lawas, amarga dening kacandhak ing lara bangêt. Barêng mari, kêkuwatane durung pati pulih, dene pêpanganan kang mufangati anguwatake awak, ing desa kono ora ana, mung wong marung siji kang duwe, iku ditukoni ing wong lêlaku mau, ananging rêgane diundhakake akèh

--- 2 : 211 ---

ora lumrah. Aliya saka ing mêngkono, olèhe adol larang mau diumuk-umukake ing akèh.

Anuju ing sawiji dina wong marung mau lungguh ana ing omah pasewan, sarta ngombe êbir saguci, kambi ngumuk-umukake olèhe adol larang mau. Sasuwene anggadêbus, kang nyêkêl omah pasewan anjaluk patukuning êbir saguci, dirêgani salawe rupiyah, bangêt andadèkake gumune. Akèh-akèh panggrundêle, ananging tanpa gawe, kudu-kudu ambayar rêganing êbir, wuwuh-wuwuh digêguyu ing wong akèh, kang padha ana ing kono.

Kang nyêkêl omah pasewan barêng wus nampani dhuwit salawe rupiyah, kang saparo diwènèhake marang wong lêlaku mau, kang saparo diwènèhake marang wong miskin-miskin.

--- 2 : 212 ---

Êliding dongèng mêngkene, sabarang panganggêpmu marang liyan, têtêpanên tumibane marang awakmu dhewe.

201. Wong Picak

Ana wong picak aran Si Tambungaksi, olèh warisan rupa dhuwit ing sawatara, anduwèni sumêlang, yèn rinawatana sajroning omahe, bokmanawa diêpèk ing maling, mulane wayah bêngi mênyang ing kêbone, dhuwite dipêndhêm ana ing kono. Tanggane aran Si Dhustha panuju mulih saka ing desa, wêruh sapratingkahe Si Tambungaksi, antara satêngah jam sawuse dhuwit dipêndhêm, Si Dhustha banjur mênyang kêbon, andhudhuk pêndhêman dhuwit mau, luwangane anuli diurugi manèh.

Êlêt ing sawatara dina Si Tambungaksi

--- 2 : 213 ---

arêp anjupuk pêndhêmane. Barêng didhudhuk ora ana, anggraita yèn dicolong ing Si Dhustha, banjur ditêkani ing omahe, têmbunge, sanak tăngga, dèrèng lawas kula olèh warisan rupa dhuwit, êmpun okèh sing kula pêndhêm ing panggonan akiwa, nanging tasih ontên tunggale malih. Pripun rêmbug dika, napa bêcik kula pêndhêm nunggal kang akèh mau, napa prayoga kula pêndhêm ing panggonan liyane.

Si Dhustha ora anduga, yèn Si Tambungaksi wus sumurup marang ilange pêndhêmane, sarta yèn aduwèni panarka ing dhèwèkne, banjur angrêmbugi, dipurih nunggalake ing pêndhêmane kang dhisik. Si Tambungaksi sêmu kaduga, mulane barêng wus pêtêng, Si Dhustha lumêbu ing kêbone Si Tambungaksi, dhuwit kang cinolong dibalèkake ing luwangane lawas. Ciptane, [Ci...]

--- 2 : 214 ---

[...ptane,] yèn tunggale dhuwit diêmorake ing kono, bakal dakjupuk kabèh. Barêng wus antara suwe, Si Dhustha bali marang kêbon, andhudhuk pêndhêman, ananging ora ana, awit wus dijupuk marang sing duwe dhewe. Liruning dhuwit kang tinêmu sajroning luwangan, kartas sasuwir, ana tulisane, unine mêngkene.

Wong durjana sajuliganeya nandukake sêdyane, kêrêp isin dening kaungkulan ing akal.

202. Wong Ngala-ala

Si Diman lan Si Kênyung nunggal pasuwitan, bêndarane brangasan bangêt, nanging bêcik panganggêpe marang batur loro iku. Si Diman bangêt disihi, amarga dening cancingan, alus ing tanduk, lan tabêri ing gawe. Si Kênyung duwe kêkandhutan [kêkandhu...]

--- 2 : 215 ---

[...tan] jail, murina ing ati, dene awake ora kanggêp kaya Si Diman. Mulane tansah mikir nêdya ngala-ala bae marang kancane. Anuju ing sawiji dina Si Diman diala-ala, saking bisane ngathik-athik kaya têmênan, kongsi andadèkake nêpsuning bêndarane marang Si Diman. Calathune, yèn mêngkono, Si Diman iku wong ala, wus patut yèn dak tundunga lunga tumuli, ananging masthi dak ukum dhisik.

Sawuse calathu kaya mêngkono, anuli awèh parentah marang wong kang padha nyambut gawene,[16] yèn bature salah sawiji kang têka dhisik dhewe ing panggonane nyambut gawe, amarga kinongkon, iku banjur digitikana. Kang nyambut gawe mau dhasare padha wong kasar, saguh bae anglakoni parentah mêngkono iku.

--- 2 : 216 ---

Anuli Si Diman tămpa parentah, mariksani wong kang padha nyambut gawe mau, Si Diman enggal lumaku. Ora antara suwe Si Kênyung dikongkon takon marang kang padha nyambut gawe, apa parentahe wus kalakon. Si Kênyung enggal lumaku, satêkane ing panggonane kang padha nyambut gawe, lagi takon banjur dicêkêl, sarta digitiki, nangis ajêlih-jêlih, nanging mêksa digitiki.

Ora antara suwe Si Diman têka, atakon marang kang padha nyambut gawe, apa kabèh wus tata. Wangsulane, iya uwis, aku kănca ora ulap marang gigire Si Kênyung, wus dak tibani gêgitik. Kiraku kongsi lawas isih karasa.

Si Diman gumun bangêt angrungu wangsulane kaya mêngkono iku, bali pratela ing bêndarane. Bêndarane iya eram bangêt andêlêng Si Diman ora apa-apa, isih [i...]

--- 2 : 217 ---

[...sih] bêcak-bêcik bae, tuwin angrungu pratelane, anuli ditakoni, kalane kowe dak kongkon mariksani kang padha nyambut gawe, apa kowe nganggo mampir-mampir dhisik. Wangsulane Si Diman: kula nuwun, inggih, kalanipun kula lumampah dhatêng panggenanipun tiyang ingkang sami nyambut damêl, wontên ing radinan kula aningali tiyang kaki-kaki lumampah lajêng dhawah, sangêt anandhang sakit. Punika kula tulungi rumiyin. Sarêng sampun, kula lajêng andumugèkakên lampah kula sampeyan utus.

Bêndarane nalika samana wus rada lilih, nêpsune, banjur atiti pariksa ing prakara kang dadi panarkane Si Kênyung marang Si Diman, tinêmuning papriksan, Si Kênyung têtêp ing gorohe ênggone ngala-ala marang Si Diman. Ora antara suwe Si Kênyung têka karo anangis saking [sa...]

--- 2 : 218 ---

[...king] dening kalaran. calathune bêndarane, hèh wong dhêmên ngala-ala, kowe wus tămpa ganjaran kang urup lan gawemu. kajaba saka ing iku, sarèhning kowe dhêmên ngala-ala uwong, aku ora gêlêm ngingu kowe, uwis, mêtua.

Êliding dongèng mêngkene, sing sapa angarah bilaine sapêpadhane tumitah, adat ambalik marang awake dhewe, awit sing sapa amasangi jêgongan marang liyane, têrkadhang cok kablowok dhewe.

203. Pèni-pèni kang Kapêndhêm

Bocah lanang kang aran Si Sudhi, calathu marang bapakne, bapak, sanjangipun guru kula: wontên tanah, ingkang sitinipun isi êmas, kenging dipun dhudhuki. Pamanah kula: prayogi sami ngalih gagriya [gagri...]

--- 2 : 219 ---

[...ya] dhatêng tanah ingkang mêdalakên pèni-pèni punika, awit ing ngriki sitinipun awon, botên wontên pamêdalipun êmas kalihan salaka.

Bapakne sumaur, Sudhi, kowe aja anduwèni pangira, yèn gampang pandhudhuking êmas ing tanah mănca, kang kocatur iku. satêmêne, pandhudhuke luwih dening kangelan, lan anglarakake awak. Dene lêmah ing kene panggarape anyawabi bêcik marang awak, agawe kêkuwatan, sarta bisa amêtokake êmas. Gilutên sajroning ati, kapriye margane bisa ngêtokake êmas. Yèn wus katêmu, aja lali-lali marang ujarku mêngkene.

Rijêki kang dadi patuwasing gawe, ajine angungkuli êmas, kang pakolèhe nganggo andhudhuki lêmah, sarta luwih dening rakasa.

--- 2 : 220 ---

204. Wong Lara

Ana priyayi aran kyai Roga Satata, saking muktine sarta ngenak-enak bae, kongsi sugih lêlara, sarupaning tămba wus ora pasah, awit ora marèni olèhe kêsèd, sarta ing pambruwahe mêmangan. Anuli ngrungu pawarta, yèn ana dhukun siji, bisa amarasake sarupaning lêlara, ananging omahe luwih adoh. Enggal dikirimi layang, amratelakake larane, angronce atiti, sarta anjaluk pitulunge.

Dhukun mau wong pintêr, barêng wus ngunèkake layang, banjur sumurup kang andadèkake larane Kyai Roga Satata, wangsulane, saguh marasake larane, sarta dipurih mênyang omahe, ananging larane ora prayoga ginawe nunggang

--- 2 : 221 ---

jaran tuwin kareta utawa prau. Dadi Kyai Roga Satata kudu-kudu enggal mangkat dharat bae., bangêt andadèkake koguge. Satêkane ing omahe dhukun, larane prasasat mari, dadi anggraita, yèn dipurih lumaku nyayahake awake, minăngka tambaning larane. Dhukun anuli ngulungi kartas sasuwèk, ana tulisane minăngka cathêtaning tămba, unine.

Dhêmên anyambut gawe iku andadèkake doyan mangan, duga-duga lan watara agawe bungah sarta jênjêm.

205. Kunjara

Ana priyayi gêdhe amariksani kunjara, sumêdya angluwari sawijining dêdosan, kang kinunjara ing kono.

--- 2 : 222 ---

Iku didangu, mungguh sababe dene kongsi kalêbu ing kunjara, ature, amarga dening cilakaning awake, dadi ora walèh satêmêning dosane. Kabèh gênti-gênti didangu kaya kang siji mau, ana kang matur saking cilakaning awake, ana kang ngarani saking tuna adiling parentah, dadi padha ngaturake rêsike, kaya-kaya têmên ora dosa. Mung siji barêng didangu walèh bae, ngakoni dosane, sarta ngarani wus bênêre kalêbu ing kunjara.

Priyayi mau nuli ngandika marang kang rumêksa kunjara, wong siji iku luwarana tumuli, ora arus nunggal wong bêcik-bêcik iku kabèh.

Êliding dongèng mêngkene, wong ngaku ing kaluputane iku iya bênêr ewuh, nanging andadèkake bêcike.

--- 2 : 223 ---

206. Pari Ijo lan Pari Tuwa

Durung lawas ing sawijining desa ana omah kobong, saking gêdhening gêni kongsi olèh omah pirang-pirang. Apa kowe ngandêl, yèn nalika samana ana wong bungah. Bênêre ora, ewadene ana kang bungah, iya iku sawijining undhagi. Mulane mêngkono, awit anduweni pangarêp-arêp olèh pagawean akèh. Calathune, sêbaranaku pari thukul. Apa baya wadine têmbung mêngkono iku. Wadine, omah kang padha kobong mau diupamakake sêbaran pari thukul, awit kang duwe măngsa wurunga akon gawe omah liyane marang dhèwèkne, opahane diupamèkake olèh-olèhane pari, kang mêtu saka ing

--- 2 : 224 ---

sêbarane wiji. Undhagi mau sawuse calathu mêngkono, anuli mundur-mundur, ngunduri kayu gêbingan, tiba pêpês sikile siji. Ing kono panuju ana dhukun tandang, ngadêg ing burine undhagi mau, sarta ngrungu sacalathune, barêng wêruh yèn tiba pêpês sikile, banjur calathu, tanduranaku pari wus tuwa. Apa baya wadine basa mêngkono iku. Wadine, undhagi mau măngsa wurunga nambakake sikile marang dhèwèke, wêjanine diupamakake pari wus tuwa, kari ngêni bae.

Êliding dongèng mêngkene, apa patut yèn wong bungah marang bilahining liyan, lan anggêguyu prihatine. Iku ora, atining wong patut kadunungan ing wêlas.

--- 2 : 225 ---

207. Asu

Dhèk mbiyèn kacarita ana banjir gêdhe, kalane samana ana wong siji, omahe iya kabanjiran. Sarèhning katuron, wêruh-wêruh barêng banyune wus gêdhe. Sing wadon bangêt kagèt, iku dicandhak dhisik diilèkake. Anuli bali, sumêdya, anjupuk anake mung siji isih bayi, ananging banyune wus mundhak gêdhê, ora bisa lumêbu ing omah, yèn tanpa prau, ananging ora ana prau katon. Wong pirang-pirang kang padha kasusahan dening banjir, adhêm lan kêkurangan pangan. Iya sumêdya têtulung, ngulat-ulatake prau, ora ana. Kang duwe anak mau lanang wadon padha bangêt anangis, ora dening kasusahane dhewe, anangisi anake bayi, kang kari sajroning omah. Tuture tanggane

--- 2 : 226 ---

kang diungsèni, anake lupute wus mati ing banyu, amasthi mati dening adhême, dadi wus ora kêna diarêp-arêp kênane ditulungi. Ewadene kang duwe anak lanang wadon padha nyêyuwun ing Gusti Allah, aparinga pitulung marang anake.

Wasana ana prau têka saka ing desa liyan, sumêdya atêtulung. Barêng lumêbu ing omah, anggolêki bocah kang kari mau, katêmu isih urip ana ing bandulan. Ingon-ingone asu milu ana ing kono, iku kang prasasat ngêkêp, ora kongsi katisên. Bapa biyunge bangêt padha bungah, angambungi anake, sarta padha sukur ing Gusti Allah, dene aparing pitulung, kang wus ora kinira-kira anane.

Êliding dongèng mêngkene, yèn manusa wus ora duwe pangarêp-arêp bisa

--- 2 : 227 ---

luwar saka ing bilai, mung Gusti Allah kang aparing pitulung.

208. Pêpêthinganing Rajabrana

Ana ratu sawiji, tindak mênyang desa, têdhak ing omahe abdi priyayi gêdhe. Sarawuhe ing kono, priyayi iku anuduhake samubarang duwèke kang asri-asri, banjur kaaturan ningali kamar-kamare, kang luwih asri lan apik rêrênggane. Barêng sang nata anggalih wus aningali kabèh, sarta mangandikakake parênging galih, priyayi mau anuli munjuk, gusti, kawula dèrèng amariksakakên ing panjênêngan dalêm gadhahan kawula, ingkang asri sarta ingkang kawula rêmêni piyambak, angungkuli ingkang kathah-kathah, panggenanipun wontên ing kamar punika. Lawanging kamar anuli diwêngakake, [diwê...]

--- 2 : 228 ---

[...ngakake,] anake têlu ana ing kono, rupane bêcik-bêcik lan manis-manis, katara saka ing sêmu yèn padha bagas kawarasan sarta sênêng, têlu pisan padha marani bapakne. Unjuk ing priyayi, gusti, punika anak kawula sadaya, tabêrinipun ing damêl, tuwin bangun turutipun, andadosakên sangêt ing bingah kawula, kawula aluwung kaicalan rajabrana kawula sadaya, akalihan kaicalan anak kawula salah satunggil. Sang prabu angalêm marang bêciking kalakuaning bocah têtêlu mau, sarta padha ditêtangi atine, pinurih tulusa tisnane marang bapa. Pangandikane, anak ing salawase ora bisa malês marang kabêcikaning wong tuwa-tuwane, kang ora kêndhat-kêndhat. Mulane padha wajib, ing sabisa-bisa ambungahake ing wong tuwa-tuwane, asarana bêciking kalakuane,

--- 2 : 229 ---

awit padha-padha kapotangan bêcik, mung marang wong tuwa-tuwane kang akèh dhewe.

Êliding dongèng mêngkene, gêdhe-gêdhening kabêgjan, kang rinasakake ing bapa biyung, mung yèn anak-anake tumêmên angarah kautaman lan kamursidan.

209. Wong Dhêmên Padu

Ana bocah lanang loro padha sadulur, siji aran Si Jagung, siji Si Jangkrik. Ananging têpunge ora pisan kaya sadulur, kêrêp padha padu, agawe kasusahane dhewe, lan kasusahane wong tuwa-tuwane.

Anuju ing sawiji dina padha padu gumêdêr, kang pinadu rèmèh bae, anuli bapakne têka, padha isin dening olèhe cêcongkrahan. Karone tumungkul [tu...]

--- 2 : 230 ---

[...mungkul] bae. Bapakne sumurup kang dadi wêwinihing padu, banjur calathu, thole, kowe iku padha isin padu ana ing ngarêpanaku, nanging apa kowe ora sumurup, yèn pratingkahmu kauningan dening sawijining Bapa Kang Sipat Ngalimun, iya iku Gusti Allah, karsane, sarupaning manusa padha têpunga bêcik lan trêsnaa marang sapadha-padhane tumitah.

Êliding dongèng mêngkene, ing ngêndi-êndia panggonan kang kadunungan ing trêsna lan rukun, amasthi iya uga kadunungan ing barkahe Gusti Allah, ananging ing ngêndi-êndia panggonan kang kadunungan ing cêngil lan sulaya, amasthi sirna raharjane.

210. Mêdhali

Durung lawas ing sawijining kampung ana omah kobong, ing nalika samana ana [a...]

--- 2 : 231 ---

[...na] wong wadon siji kari sajroning omah kang kobong, ora bisa mêtu, andadèkake bingung lan susahing akèh. Sanajan wus kaêbang ganjaran satus rupiyah, ewadene ora ana wong siji kang wani nekad anulungi. Gênine mubal mubal mulad, agawe panyana, yèn bakal anyirnakake sakèh omah ing kono. Anuli ana pande mêntas têka, banjur anrajang wani, lumêbu ing omah kobong panggonane wong wadon kang kari mau. Kyai pandhe awake kongsi gêsêng dening panasing gêni, sarta sumingêb dening katampêk ing kukus. Ewadene bisa bali mêtu anggawa wong wadon mau, lastari salamêt. Ananging barêng diulungi dhuwit kang uwis kaêbangake, calathune, saking barkahipun Gusti Allah, pakantukipun anggèn kula [ku...]

--- 2 : 232 ---

[...la] nyambut damêl cêkap kula têdha saanak bojo kula, ananging tiyang èstri punika cilaka, griya sabarang dandosanipun sadaya têlas kabêsmi, ing mangke dhumawah ing kamlaratan. Sawuse calathu mêngkono, dhuwit kang wus ditampani, diwènèhake marang wong wadon kang ditulungi mau.

Barêng parentah mirêng pawarta ing bab pitulunging pandhe mau, banjur amaringi mêdhali siji, kang sasisih diukir aciri pratingkahe têtulung, sasisihe ana tulisane, unine mêngkene.

Budi wêlas marang sapadha-padhane tumitah iku ora kêna ginanjar ing dhuwit utawa ngamal. Sing sapa kadunungan ing budi mêngkono iku ginantungan ganjaran linuwih dening Gusti Allah.

--- 2 : 233 ---

211. Juru Taman Loro

Ana bocah lanang loro padha sadulur, siji aran Si Sarija, siji Si Gêpuk. Iku padha diwènèhi lêmah pakêbonan sathithik dening bapakne, supaya ditandurana sasênênge. Kêbone Si Sarija ditanduri jagung; kênthang; kacang sapêpadhane, samono iku nganggo rêmbugan karo kang wus tau nênandur, sarta anjaluk prêtikêle, saubênging kêbon dipagêri ing kêkêmbangan warna-warna. Sanajan têtandurane mau wiwitane ora pati asri dinêlêng, Si Sarija anduwèni pangarêp-arêp bêcik ing dadine, mulane tansah digumatèni. Ananging Si Gêpuk ora mêngkono lêkase, calathune, gawe apa nandur kang kaya mêngkono iku, rupane ora andhêmênake, aku êmoh tiru-tiru Si Sarija. [Sa...]

--- 2 : 234 ---

[...rija.] Karêpèn dhèwèkne ngarêp-arêp wohe têtandurane, aku ora sabar, kudu-kudu ngrasakake bungah ing sanalika iki. Sawuse calathu mêngkono, banjur lunga golèk uwit kêkêmbangan. Sawênèh disêmpèli, ana kang dibêdholi sakêmbange, ditandur ing kêbone, calathune, lah mara rak bêcik rupane. Ananging esuke padha alum kabèh. Anuli disalini liyane kang sêgêr-sêgêr, esuke iya padha kang dhisik mau, padha alum kabèh. Wasana kêbone ora diopèn-opèni manèh, malah-malah ora diinguk. Barêng têtandurane Si Sarija andadi wohe, sarta pagêre padha kêmbang asri dinêlêng, kêbone Si Gêpuk anjêmbrung, kathukulan ing bayêm êri, latêng, sidaguri, sapêpadhaning rêrungkud.

Êliding dongèng mêngkene, pêncare

--- 2 : 235 ---

samubarang gêgawean iku amarga dening pintêr lan tabêrine kang anggarap.

212. Uwang Êmas

Ana sudagar, saking akèhing sêsandhungan lan tiwase kongsi tumiba ing kamlaratan, sarta kêrêp lara. Anuju ing sawiji dina lumaku ing lurung, sêmune susah, lakune rindhik. Barêng ngliwati omah siji, ngrungu dicêluk marang kang duwe omah, ditawani tuku sêsandhangan luwas. Kyai sudagar ora duwe dhuwit kang cukup ginawe tuku, mulane sumêdya ambanjur. Kang duwe omah mau sarèhning wus kêrêp ngrungu ing bab têmên lan wêkêle kyai sudagar, anuli cêluk-cêluk manèh, dipurih balia, barêng wus bali, dicalathoni mêngkene, kyai sudagar, sandhangan niki dika gawa, dika gawe pawitan anyambut gawe,

--- 2 : 236 ---

besuk mawon dika nyaur rêgane têng kula, ing samăngsa dika êmpun bisa.

Kyai sudagar anglairake panarimane karo mrêbês mili, sawuse mêngkono anuli mulih, satêkane ing omah anêmu uwang mas siji, ana sajroning rangkêpaning kulambi. Ciptane kyai sudagar, kapriye lêkasku, uwang iki apa dakêpèk. Aku kacingkrangan ing pangan, măngka kang awèh sandhangan iki sugih, tur ora sumurup, yèn katutan uwang êmas. Wasana tinêmune ing ati, ora prayoga yèn diêpèka, anuli bali marang omahe kang awèh sandhangan mau, ambalèkake uwang êmas kang tinêmu, sêmune bungah. Kang duwe omah bangêt kakênan ing ati dening têmêne kyai sudagar, uwang êmas lan rêganing sandhangan mau banjur dililakake marang kyai sudagar.

--- 2 : 237 ---

Panyambut gawene kyai sudagar sêmpulur, ora antara lawas sugih. Saking bangêting panarimane, wong kang mitulungi pawitan mau diwènèhi talêkêm êmas siji, ana ukir-ukirane têtulisan, unine mêngkene.

Kasaenan tansah amêncarakên barkahipun Gusti Allah. He tiyang sae, mugi-mugi Gusti Allah angganjara wilujêng ing sampeyan wontên ing alam donya.

213. Wong Kaki-kaki

Ana wong desa, duwe anak lanang siji, lumêbu dadi ing saradhadhu, saking bêcike ing gawe sarta katêmênan tuwin tabêrine, enggal-enggal munggah-munggah kalungguhane, lawas-lawas dadi jendral. Anuli tuku palêmahan siji, dikon angênggoni bapakne, [bapa...]

--- 2 : 238 ---

[...kne,] sakêkurangane dicukup, sarta kêrêp ditiliki.

Anuju ing sawiji dina kalèrèhane para upsir diundang mangan enak ana ing palêmahane mau. Barêng arêp lêkas mangan, para upsir mau eram andêlêng wong kaki-kaki siji pasaja panganggone, maju marang panggonane bakal mangan. Erame sangsaya wuwuh, barêng andêlêng wong kaki-kaki iku bangêt dikurmati marang jendral mau, sarta diprênahake lungguh ana ing têngah. Calathune jendral: tuwan-tuwan kabèh, iki bapakku, olèhku bisa dadi gêdhe kaya ing sanalika iki, amarga saking trêsna lan pamulasarane. Saupama nalika ênomku aku ora adipardi,[17] sarta digêgulang samubarang kang bêcik, amasthi ing saiki aku ora dadi jendralmu. Mulane ing salawas-lawase aku ora bisa [bi...]

--- 2 : 239 ---

[...sa] malês marang bapakku. Para upsir mau padha ngalêm marang jendrale saking dening tresnane ing bapa, kang siji calathu.

Bocah kang ngajèni bapa biyunge, lan anuduhake katrêsnane, amasthi ginanjar dening Gusti Allah.

214. Êjam

Asmaradana

wontên rare desa siki | Balêdug panêngranira | atanya mring sudarmane | rama paran karanira | jam ing dhusun punika | mêne têka tan lumaku | akarya susahing driya ||

datan uninga ing wanci | nguni ajêg lampahira | miwah awis-awis gèsèh | kèh sami ngalêm prayoga | ing sanès don tan ana | êjam nganungi puniku | awig ing pakirtyanira ||

asantosa miwah prayogi |[18] wong ing pundi-pundi samya | ngalêmbana ing

--- 2 : 240 ---

pelage | samêne têka tan munya | paran darunanira | mugi sinêrêpna ulun | sudarma nauri sabda ||

ewuh batangane kaki | bokmanawa bandhulira | utawa ta rêrodhane | ing salah sajuga owah | èstu êjam punika | awig ing pakirtyanipun | mawèh ascaryaning kathah ||

ajêg lakune ananging | saupama kalêbonan | balêdug samêndhang bae | kêna karya rusakira | bênêr mau sabdanta | susah wit dening tan wêruh | ing sawayah-wayahira ||

karsanta êjam puniki | lumarisa kadi saban | sadhengah aprawitane | dènnya mandhêg tan lumampah | sotèngsun jam punika | măngka sanepa pakantuk | dadi pariwara darma ||

èstu yèn êjam puniki | awig ing pakirtyanira | mawa rodha lan pêsate | ananging gandyaning wănda | kalangkung elokira | nadyan santosa dinulu [dinu...]

--- 2 : 241 ---

[...lu] | tur ringkih byaktanira ||[19]

kadi puspita upami | kapawanan sawatara | kewala têmah wasane | kèh janma ngandêlkên marang | cukat lan dayanira | ngrasa pragalba kalangkung | nging luput pangrasanira ||

tantara dangu sirnaning | kadayan sumarmanira | wong urip ywa ngandêlake | mring kadayane priyăngga | pan menggal brasthanira | balik mèstuwèng Hyang Agung | akanthi pracayanira ||

lawan angandêlna maring | pitulungira kang waswa | taman cidra salamine | samonèku lamun cipta | piandêlirèng Suksma | myang maring pitulungipun | sasatya têrus ing driya ||

Pakirtya, têgêsipun pandamêl. Samêne, sapunika. Darune, sabab. Ascarya, eram. Prawita, sabab. Sota, raos, pangraos. Pariwara, luwang. Darma, sae. Ganthu, wujud. Wănda, badan. kabyaktan, [kabya...]

--- 2 : 242 ---

[...ktan,] kayaktosan. Wasa, risak. Pragalba, rosa. Kadayan, kakuwatan. Brastha, sirna. Mèstu, ngabêkti. Waswa, saèstu, masthi. Taman, botên. Sasatya, têmên-têmên.

215. Buruh Loro

Pucung

wontên buruh kêkalih ingkang cinatur | samya gotong kranjang | sajuga ing jro umèsi | bala pêcah tan patyawrat wawanira ||

sang siptèku tan sangsaya ing pamikul | purwanira yogya | nanging tantara anuli | apradondi sami bêbencengan karsa ||

lampahipun mobat-mabit grusa-grusu | anêngên angiwa | duk-dinuk ing ngaksi wêngis | gora sabda asêndhu sinêndhu samya ||

wawanipun ringan tan doh kang jinujug | nanging sulayanta | miwah dènnya mobat-mabit |

--- 2 : 243 ---

yèku ingkang akarya ing sayahira ||

praptèng lurung juga wau lampahipun | nèng ngriku andadra | dènira sami pradondi | siji mojar lah ambênêra kewala ||

sauripun hèh anèng ngêndi pikirmu | iki marganira | sajugane malih angling | dudu iku dudu iku dalanira ||

kongsi dangu dènnya bêbencengan kayun | adiya-diniya | asêndhal-sinêndhal sami | kranjang jêbol isine rêncêm sadaya ||

êlidipun ing dongèng rêke winuwus | rukun wèh aringan | saniskaraning pakarti | bêbencengan mawèh awrating pakarya ||

marmanipun wong anom-anom sadarum | dèn patut rukuna | kadi kang wus dadya sidi | atanapi wajibira ing agêsang ||

jro tyas lamun kadunungan budi yungyun | mring rukun kalawan | sasama-samèng dumadi | wastu tansah amêmalad kaarsayan ||

yèn anamun [a...]

--- 2 : 244 ---

[...namun] pangigit-igit jro kalbu | myang gêthing punika | wisa pêpadhane yakti | anuwuhkên kamohitaning wardaya ||

Balapêcah têgêsimun[20] panjang piring. Wawan, bêbêktan. Sangsipta, dados, mila. Duk-dinuk, tuju-tinuju. Ringan, entheng. Rêncêm, Rêmuk, rêke, mangke. saniskara, samukawis. Sidi, lêrês. Wastu, èstu. kaarsayan, kabingahan. Kamohitan, kasusahan.

216. Kuldi

Sinom

wontên wong desa winarna | adarbe kuldi sawiji | dènira tumbas ing praja | rikala ing wanci enjing | giniring turut margi | lawan sutanira jalu | dupi antara têbah | kacundhuk lan wong sawiji | sru manabda hèh kyai nora [no...]

--- 2 : 245 ---

[...ra] sangkaya ||

kuldinta lêgèh kewala | sira nungganga prayogi | mamrih sakecaning wănda | tur kêlar sira tunggangi | tan rakasa sadêmi | kang liningan nitih gupuh | tanayanira dharat | anèng ngiringan lumaris | nulya wontên gêrma sajuga manabda ||

dahat yogya sinatmata | sirèku punapa apti | karya guyon dene têka | ngenak-enak nunggang kuldi | sutanira lumaris | sayah kongsi ngangsur-angsur | kang sinung sabda sigra | umêdhun suta anuli | pinrih nunggang ewadene wontên juga ||

wong angon ngaruhi sarya | nyawadi anguring-uring | winastan rare kelikan | samangkana dènira ngling | bocah kêsèd sirèki | apa tan merang dinulu | lênthuk-lênthuk anunggang | kadi-kadi têmah guling | sudarmane pinriha dharat kewala ||

kongsi kamantyan asayah | apa ta nora prayogi | lamun ika anungganga |

--- 2 : 246 ---

kang munggwing kuldi anuli | umiyat ing sudarmi | yèn mucapa minta rêmbug | sêmuning yayah kadya | mangangên-angên ing galih | yogyanira ingkang arsa linaksanan ||

ywa kongsi malih cineda | dening kang samya umaksi | wangwang amboncèng ing wêka | tantara wontên ngaruhi | hèh wong syarda punapi | wus bosên maring kuldimu | de binotan kadyèka | tambis tan bangkit lumaris | sapa ingkang tahan mulat lêkasira ||

dupi winaon mangkana | kalihira mêdhun sami | wong desa ngruruh pikulan | kuldi sinrimpung anuli | ginotong lawan siwi | tanayanira amuwus | rama paduka lawan | kula dèn gêgujêng sami | saurira nora praduli manira ||

ginuyu sakarsanira | mau sira lawan mami | ing sasuwene wus padha | nuruti sakapti-kapti | nira wong siji-siji | muwah cinampahan sampun | kulup pitutur ingwang | mring

--- 2 : 247 ---

sira wastu mrih bêcik | aywa rikuh lumaksanèng darmayasa ||

lamun angantêpi sira | nuruti sakapti-kapti | nira wong sajuga-juga | waswa tan kasidèn kaki | tan bisa anglêgani | dèn ayogya laksanamu | dèn mursid myang dèn satya | nadyan ana amaoni | yakti nora ambayani pisan-pisan ||

Kacundhuk têgêsipun kapêthuk. Sangkaya, pantês. Sinatmata, tiningalan Kelikan, kêsèd. Samangkono, makatên. Merang, isin. Kamantyan, kalangkung. Cineda, cinacad. Syarda, kaniaya: niaya. Tambis, mèh. Darmayasa, pandamêl sae.

217. Panèn

Kinanthi

ing ari sajuga nuju | têrang sumilak kang rawi | Sariman mojar ring yayah [ya...]

--- 2 : 248 ---

[...yah] | rama tingalana mugi | punika kèsèr paduka | prapta pênuh mèsi pari ||

lêrês pêcane rumuhun | pun ênung kawahyèng mami | lamun pantun tarêmanta | sadaya tulus mawêrdi | rikala kawula kăndha | dhatêng paduka ing nguni ||

ulun paduka gêguyu | mêne kabyaktane kaksi | yèn sidi pamêcanira | linge pun ênung ing nguni | parine sudarmanira | tan kêna ora amasthi ||

tulus andadi sadarum | pan wijine bêcik-bêcik | kasidèn pamlukunira | myang anru dènta mrasudi | ing panambutirèng karya | sumarma rama ing mangkin ||

kèsèr ta akêbak pantun | sinimpên ing lumbung nuli | sudarma nauri sabda | Sariman ing waktu iki | taman sambada kawahya | ujarira kang kadyèki ||

iya wus bênêr yèn ingsun | kang kangelan nambut kardi | maluku anggaru muwah | ingkang anêbari wiji | nging paran wêkase

--- 2 : 249 ---

pama | tan ana prawatyèng Widi ||

uwus bênêr bae kulup | manira kang nêbar wiji | ananging lamun Hyang Suksma | taman amaringi riris | tanapi panasing surya | sawastu kangelan mami ||

tanpantuk patuwasipun | pan manusa samar maring | salir durung kalaksanan | mung Hyang Widhi ngawikani | rèhning kang pari wisuda | molih lamun sira kaki ||

mojar lèn tan kadi wau | sabdanta kang wus kawijil | samăngsa kèsèr punika | sampun tumama ing panti | ngong wastu sukur ing Suksma | akanthi saarsèng galih ||

yatna mring pitulungipun | myang rumêksanirèng kami | iba kadarmaning Suksma | marma bêktia ing Widi | ywa limut mring kadarmanta | wit sung boga ing ngaryèki ||

Pêca têgêsipun pêthèk. Kawahya, kalair: kawêdal. Kasidèn, kalêrêsan. Anru, ambênêrake. sambada, pantês, anuju. Prawatya, [Prawa...]

--- 2 : 250 ---

[...tya,] barkat. Sawastu, saèstu: amêsthi. Wisuda, tulus. Molih, pantês, angsal. Tumama, pasah: manjing. Panti, griya. Saarsa, bingah. Yatna, èngêt. Kadarman, kasaenan. Limut, supe. Boga, têdha.

218. Pangilon

Sarkara

wontên rare sajuga winarni | lagya ngumur tiga wêlas warsa | sinêbut ingaran Kênès | ngilo sêngsêming kalbu | myang wulinga mring busanadi | endah ing warnanira | wèh kaarsanipun | têrkadhang kawahyèng ujar | datan wontên wanita endah ing warni | kadi priyangganira ||

renanira titir mituturi | yèn endah ing warna menggal brastha | apan ing alam donyane | tan wontên ingkang tulus | satiti ing salami-lami | nging saujaring rena [re...]

--- 2 : 251 ---

[...na] | taman pinaèlu | lêkasira misih kadya | saban-saban angilo tan mawa lirip | mung carmin ingasmaran ||

sira Kênès tan antara lami | nulya kambah ing roga tiarda | mahatma sirna endahe | prawaning waktra larut | kaarsanta têmah prihatin | taman kêndhat angêsah | brasthaning warnayu | tansah kagagas ing driya | renanira ngrapu bramintaning siwi | mucapkên gêgadhangan ||

ganjaran ing swarga kang tan kêni | pinèt ing lèn nguni wèh kang taman | angendrane salamine | mangkana wuwusipun | hèh ta Kênès endah ing warni | ya uga kasatmata | jro pangilonipun | nanging menggal sirnanira | sumarmèku dudu pangilon sajati | de jatining paesan ||

ingkang dadi pandomaning ati | wis ta ênggèr maria wiyoga | ngukiha antuk ayune | kang luhur wêkasipun | sira iya uning pribadi |

--- 2 : 252 ---

menggal niring rarastha | sabdaning Hyang Agung | kang masthi măngka paesan | dening janma mêmalad kotaman tuwin | wèh arsayaning gêsang ||

Wulinga têgêsipun berag. Kaarsan, kabingahan. Priyangganira, piyambakipun. Titir, kêrêp, tansah. Menggal, enggal. Satiti, langgêng. Lirib, towong. Carmin, pangilon. Ingasmaran, sinêngsêman. Roga, sakit. Tiarda, langkung, sangêt. Mahatma, wêkasan. Prawa, caya: gêbyar. Waktra, rai. Têmah, dados. Kagagas, karaos. Braminta, sêdhih. Nguniwèh, utawi. Angendrani, angoncati. Kasatmata, katingal. Paesan, pangilon. Ngukih, ngangkah. Raras, asri. Kotaman, kautaman. Arsaya, bingah.

--- 2 : 253 ---

219. Ciptaning Ati

Pangkur

wontên jêjaka sajuga | awasta pun Kênthus samana lagi | nêmbêlas warsa kang umur | dadi panyapunira | Kyai Pramasadana srêgêp kalangkung | miwah sampun pinracaya | anuju ing sajuga ri ||

mrêsihi nyaponi jro mah | sira Kênthus umulat kuji siki | sumèlèh mèsi artagung | tur kancana sadaya | sakamantyan wèh kumacèluning kalbu | dhasar nèng jro mah priyăngga | sakala kaptine mijil ||

sumêdya andarbènana | wau kuji saiisinira nuli | ngiwa nêngên andêdulu | sarwi ajulalatan | duk kaaksi sêpi saksana tumanduk | mring doning kuji anêdya | pinèt winawa lumaris ||

nanging mandhêg mangu ing tyas | kewala mung umadêg tanpa mosik | tan anggêpok kujinipun | paran baya ta ingkang | anyênyandhêt ing dwisthanta [dwi...]

--- 2 : 254 ---

[...sthanta] sira Kênthus | de wau têka agahan | puwara kanggêg ing kapti ||

sira Kênthus dahat bagya | dene kaunggwanan ing tyas kadyèki | pama kagiwang kayungyun | umalap kujinira | kadi-kadi taman wun ika kaduwung | pangrasanira kadyana | swara dumêling kapyarsi ||

pitutur mring wandanira | nadyan sira anèng jro mah pribadi | ana sajuga kang wêruh | marang pratingkahira | nadyan sira darbea pangirèng kalbu | yèn tan ana kang uninga | muwah kang nginte sawiji ||

Hyang Maha Mulya tan samar | datan kêna iku kita selaki | swara mangkana puniku | wijil sing tyas priyăngga | yèku cipta kang anyandhêt tanganipun | myang ngundurkên saking jro mah | marma wong taruna sami ||

ciptaning wardaya ingkang | anuduhkên korupirèng pakarti | angkuhên mitra satuhu | kang satya marang sira | ing salama-lama aywa linalimut | èstu nê ...[21]

--- 2 : 259 ---

Gambuh

... ri-ari | rikalènjang tangi turu | suka umiyat ing mănca ||

ngalêm ing cukatipun | colot-colot julige ginunggung | wira trêsna ambêk darma tur undhagi | miyarsa pangalêm wau | saking wisma mijil gupoh ||

arsa sung wulangipun | mring pulunan rum wijiling wuwus | sêrut nadyan sira sih mring menco mami | dening solah prabanipun | ananging sira nak ingong ||

ywa darbe rèh kadyèku | myang tumulad ing sasolahipun | rare kanang kadi menco acariwis | arang mênênge sawastu | mawèh ruwida kemawon ||

samatra wêruhipun | mring pakarya darma kang tamtu mung | wèh pituna mring wandanira pribadi | marma sira ywa sinau | acariwis kadi menco ||

dèn undhagi ing wuwus | kala wandèn bisa angon waktu | tuwin sira dèn arsa nitèn-nitèni | nadyan ta menco puniku | ing solah tabêri tinon [tino...]

--- 2 : 260 ---

[...n] ||

dènnya angimpun-impun | salir ingkang gumêbyar pinangguh | kanang mawèh sêngsêmira ing pangaksi | nanging lwih dening puniku | kang masthi wèh asmarèng wong ||

wruhanta sêrut dudu | ngamal ing jro buwana pinangguh | ingkang masthi anêngsêmakên mring janmi | mung kamutyan ing swarga gung | yèku kang prêlu rinuroh ||

êmas lan slaka tuhu | ing warnendah mawèh kumacèlu | ananging ta pahalane mung sakêdhik | tan kêna măngka têtanggul | ing pataka lan prihatos ||

sumarma putraningsun | aywa sira kadunungan kayun | ngukih antuk dyana wima ing bumi |[22] nadyan gumêbyar kadulu | kalawan latêk tan seos ||

yèku pêpadhanipun | kamutyaning swarga ingkang tamtu | mawèh kaarsayan ing jaman satiti | kotaman sajati muhung | kang wèh kasudananing wong ||

Muhung têgêsipun amung. Èsthi,

--- 2 : 261 ---

èmpêr. Pulunan, kapenakan. Lèn, sarta,[23] liya. Pêpadon, pêpojok. Ingimpun, kinalêmpakakên. Arsaya, bingah. Undhagi, pintêr. Sraba, swara. Rèh, pratingkah. Ruwida, ribêd. Matra, kêdhik. Angimpun-impun, ngalêmpak-ngalêmpakakên. Pangaksi, paningal. Asmara, sêngsêm. Kamutyan, kamuktèn. Rinuroh, ingupadosan. Pahala, pikantuk. Pataka, bilai. Dyana wimala, ngamal. Latêk, êndhut. Seos, sanès. Kasudanan, kasugihan.

222. Gusti Kang Sipat Ngalimun

Dudukwuluh

wontên rare èstri sajuga winuwus | wasta Sajinêm yu manis | adarbe cipta linuhung | yatnanira [yatnani...]

--- 2 : 262 ---

[...ra] jroning ati | ing saparan-paraning wong ||

pratisthaèng ngêndi-êndi prênahipun | myang paripolahe yakti | angawikani Hyang Agung | nging kadang ta kang wêwangi | Pènèk tan nyipta mangkono ||

renanira tan wontên ing wisma nuju | Pènèk lan kadang pawèstri | nèng wisma priyăngga kantun | arêrasan wong kêkalih | miwah sami agêguyon ||

dolan sarta sêsindhèn sru sukèng kalbu | sira Pènèk anulya ngling | Sajinêm rèhning si biyung | mêne tan ana ing panti | payo enggal padha ngruroh ||

mik-amikan wong roro ambruwah mumpung | tan ana janma kang uning | Sajinêm nauri wuwus | iya prayoga ananging | mring pundi antuking ngruroh ||

aranana dene ngong nurut sakayun | sira Pènèk anauri | payo mring kêbon mèt jêruk | kang liningan nabda malih | tan arsa ingsun yèn mrono ||

bokmanawa

--- 2 : 263 ---

ki tăngga pak Sopla wêruh | Pènèk anauri angling | payo ngalor malap mundhu | gêng-agêng tur kuning-kuning | akèh pinanggih ing kono ||

ngong namtokkên taman ana ingkang wêruh | Sajinêm malah nauri | yèn mrono Biyang Candhur wruh | sira Pènèk nabda malih | yayi kalamun mangkono ||

lah ta payo marang sênthongan agupuh | ing kono ana ngong uning | sêsimpênan tètèsipun | lèn sing iku ana malih | rêrawatan jroning sênthong ||

ngong masthèkkên tan ana wong wruh ing ngriku | kang sinung ujar nauri | Pènèk apa sira nyêngguh | ing ngriku tan ana uning | sapratingkahe wong roro ||

apa sira limut mring sojaring ibu | yèn Hyang Suksma nguningani | ing sakalir-kaliripun | apa iku sira tan wrin | ing saparan-paraning wong ||

pratisthaèng ngêndi-êndi prênahipun | nadyan limunana [li...]

--- 2 : 264 ---

[...munana] ugi | wastu tan samar Hyang Agung | sira Pènèk anauri | dhuh yayi sru gêtun ingong ||

dene taman kayatnan ingkang kadyèku | nanging salajune yakti | arsa ingsun emut-emut | supadine aywa kongsi | manggih pataka wak ingong ||

êlidira ing dongèng rêke winuwus | saparan-paraning janmi | nèng pundiya dunungipun | myang paripolahe yakti | angawikani Hyang Manon ||

sumarma ta wong anom-anom sadarum | yatnanên ywa lali-lali | pan kayatnan kang kadyèku | wèh sumangganing tyas maring | darma yasa ing tumuwoh ||

Pratistha têgêsipun mungguh, dumunung. Pari, barang. Ngruroh, ngupados. Mik-amikan, pêpanganan. Malap, mêndhêt. Nyêngguh, ngintên. Sojar, ujar. Wrin, sumêrêp. Limun, pêtêng dhêdhêt. [dhêdhê...]

--- 2 : 265 ---

[...t.] Kayatnan, kèngêtan. Laju, lajêng. Supadi, supados. Sumăngga, bakuh: santosa.

223. Panggawe Bêcik

Durma

kacarita sajroning kampung sajuga | dèrèng antara lami | wontên wisma kobar | wong jaga sami mahyang | hèh wong kănca ana gêni | hèh-hèh wong kănca | ana wisma kabasmi ||

nulya kathah kang sami nguwuh mangkana | tantara kèh wong prapti | lumayu mring sana- | nira wisma kang kobar | sumêdya têtulung sami | duk praptèng prênah | orêm ing tyas umaksi ||

yèn wismane Ki Bramasadana kobar | de ta kang darbe panti | wus mijil lumajar | kalawan rabinira | myang suta jalu sawiji | nging wêkanira | pawèstri maksih kari ||

wontèn jroning wisma kaaksi

--- 2 : 266 ---

nèng têngah | ngrêmêt asta manangis | masmu minta tandang | yayahira tan bisa | atêtulung marga dening | krêdyating driya | brastha karkating dhiri ||

kang dahana mawêrdi sangkin sru mawra | rare èstri ajêlih- | jêlih minta tandang | tan jya ana jêjaka | prapta andhêsêk mring apti | sudira manrang | tumama jroning panti ||

busananta kae jaka kabasmaran | manampêk subing agni | ananging tan tarya | kètrêk gigriging driya | raryèstri saksat wus lalis | sinambut sigra | binopong maring jawi ||

sinrahakên maring yayah renanira | Bramasadana Kyai | nulya atmajanta | mahyakkên gung panrima | nira mring kang anulungi | dyan ingulungan | arta kèh nèng jro kuji ||

ananging ki jaka datan arsa tămpa | sabanira kiyai | sawastu kawula | miskin ing bab ardana | myang barang ananging sugih | marêm kawula | sampun narimah mami ||

ing satitahira [satitahi...]

--- 2 : 267 ---

[...ra] Hyang Maha Nityama | ulun kang ngrêbut maring | tanaya andika | mêntasing bêbayarda | arsèng tyas bangkit nulungi | saksat pradana | kanang matyanta adi ||

unggwan ulun tumulung ing atmajanta | muhung katarik saking | lawiyèng tumitah | ri sampunira mojar | kadya mangkana anuli | sira ki jaka | sigra lumayu malih ||

Kobar têgêsipun kabasmi. Mahyang, alok, surak. Sana, panggonan. Orêm, sêdhih. Tandang, tulung. Krêdyat, kagèt. Sangkin, sangsaya. Mawra, waradin. Manrang, narajang. Kabasmaran, kabasmi. Sub, kukus. Kètrêk, kandhêg. Sinambut, cinandhak. Ngayuh, ngrangkul. Mahyakkên, nglairakên. Nityama, mulya. Pradana, ganjaran. Matyanta, nglangkungi. Lawiya, wajib.

--- 2 : 268 ---

224. Alap-alap

Jurudêmung

wontèn rare jalu juga | Galinthu wastane tumut | kakaring mring ramanipun | mambah pasawahanira | nèng ngiring yayah lumaku | masêmu arsayèng driya | miwah kèh patanyanipun ||

tantara dangu saksana | umandhêg sira Galinthu | labêt wontèn kang dinulu | atanya maring sudarma | rama pêksi punapèku | sadangunira ngong mulat | wola-wali dên ta mabur ||

kêkalangan angambara | kaksi anjangkung sapangu | lo lo punika aniyup | katêmbèn ulun tumingal | kukila kanang kadyèku | punapa wastane rama | sudarma nauri wuwus ||

Galinthu manuk punika | alap-alap wastanipun | bêburukan kang rinuruh | pakaryanira angêntar | sami wangsanira manuk |

--- 2 : 269 ---

yèku măngka wangsanira | yèn kêni cinangkrêm uwus ||

arang ana bangkit oncat | tan tampik sadhengah manuk | sok uga binobot lamun | kawawa nawawanana | nis baya sinambêr gupuh | Galinthu malih wacana | yèn makatên rama èstu ||

punika kukila dhustha | ambayani sartanipun | kinajrihan mring sadarum | kang sami băngsa ibêran | sudarma nauri wuwus | wastu mangkana nak ingwang | wruhanira ta Galinthu ||

mangkene pêpindhanira | manuk alap-alap iku | ngatase mring wangsanipun | sasama-samèng kukila | druhaka pêpadhanipun | tumrapira mring manusa | de kang alap-alap wau ||

dumrojog bae yèn prapta | manambêr sarosanipun | saksana nangkêrêm asru | nihan ta juga druhaka | ing praptanira rumasuk | mring janma ing alam donya | ingkang lena ing tumuwunê ||[24]

uh lkên [lkê...]

--- 2 : 270 ---

[...n] awak priyăngga | sumarma manusa kudu- | kudu taman limut-limut | maring jaga jaganira | yèku măngka kantaring dur | kang mijil saking druhaka | yèn janmarda yatnèng kalbu ||

lèn ngastawa ing Hyang Suksma | yakti kawasa tumangguh | ngabêrkên kadayanipun | ing pangrokirèng druhaka | lèn mawèh subadyanipun | ing kalbu mring saniskara | laksana pakarti ayu ||

Mambah têgêsipun ngambah. Wola-wali, wongsal-wangsul. Sapangu, sakêdhap. Bêburukan, mêmangsan. Angêntar, ambegal. Wangsa, băngsa. Nawawani, nyambadani. Niscaya, tamtu. Dhustha, awon, pandung. Pêpinda, lêpiyan, upami. Druhaka, durhaka. Nihan, makatên. Rumasuk, rumakêt, rumukêt. Lena, sêmbrana: weya. Kantar, tamèng. Ngastawa, ngabêkti. Pangrok, panêmpuh. Subadya, santosa. Ayu, Sae.

 


tenggok (dan di tempat lain). (kembali)
aran. (kembali)
wong. (kembali)
rêkasa (dan di tempat lain). (kembali)
Karêbèn (dan di tempat lain). (kembali)
iku. (kembali)
sok (dan di tempat lain). (kembali)
gawe. (kembali)
Gobèr. (kembali)
10 dianggêp. (kembali)
11 Lêlungan. (kembali)
12 wus. (kembali)
13 mrèmèn-mrèmèn (dan di tempat lain). (kembali)
14 tumuli. (kembali)
15 karsa. (kembali)
16 gawe. (kembali)
17 dipardi. (kembali)
18 Lebih satu suku kata: santosa miwah prayogi. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: tur aringkih byaktanira. (kembali)
20 têgêsipun. (kembali)
21 Halaman 255, 256, 257, 258 hilang. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: ngukih antuk dyana wimala ing bumi. (kembali)
23 kajaba. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: ingkang lena ing tumuwun. (kembali)