Menak Sêrandil, Balai Pustaka, 1933, #1089

JudulCitra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1120 f 0.50

Menak Sêrandil

Bale Pustaka – Batawi Sèntrêm

--- [0] ---

Sêrat Menak.

Sêrat Menak wêdalan Bale Pustaka ngantos tamat dumugi sedanipun wong agung nalika pêrang ing Lakad.

Dene urut-urutanipun kados ing ngandhap punika:

1. Menak Sareas.
2. Menak Lare: 1-4.
3. Menak Sêrandil.
4. Menak Sulub: 1-2.
5. Menak Ngajrak.
6. Menak Dêmis.
7. Menak Kaos.
8. Menak Kuparman.
9. Menak Bahman (Menak Kuristam).
10. Menak Ngabêsi.
11. Menak Gandrung.
12. Menak Sudarawrêti (Menak Parangakik)
13. Menak Marpinjun (Kăndhabumi).
14. Menak Kuwari.
15. Menak Cina: 1-5.
16. Menak Mukub.
17. Menak Malebari: 1-4.
18. Menak Purwakăndha: 1-3.
19. Menak Kustup.
20. Menak Tasmitèn.
21. Menak Kalakodrat: 1-2.
22. Menak Sorangan: 1-2.
23. Menak Jamintoran: 1-2.
24. Menak Jaminambar: 1-3.
25. Menak Lakad: 1-3.

Ăngka: 1-5, sampun rampung pangêcapipun. Dene sanèsipun inggih badhe tumuntên mêdal.

--- [1] ---

Serie No. 1120

Menak Sêrandil

Miturut babon yasanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Bale Pustaka – 1933 – Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

§ Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

1. Kinanthi

1. Lamdahur dhaup kalihan Rêtna Prabandari

1. binêlok salawe taun | anèng ing sumur gumuling | sang rajaputra ing Selan | tan patya antuk aguling | sêpuh anèng ing kunjaran | gêng luhur anglêliwati ||

2. dêdêge satus sapuluh | gas dinulu angajrihi | nênggih kadang Rajèng Mlaka | pamêkas ingkang pawèstri | gêng luhur warna yu endah | aran Rêtna Prabandari ||

3. ya ta supêna ing dalu | katingal bêdhah kang langit | ana palangkan tumêdhak | kang nitih wong kaki-kaki | sajrone supêna tanya | sira Dèwi Prabandari ||

4. sapa sintên kang tumurun | sumaur ngong Nabi Êsis | awêwarah marang sira | yèn jatukramanirèki | yèku ingkang sinêngkala | Sang Rajaputra Sêrandil ||

5. iya kang aran Lamdahur | kinunjara nèng jro bumi | besuk apêputra lanang | ing benjing kaliwat pêkik | agya sira uculana | Lamdahur anèng jro bumi ||

6. iku pinêsthi Hyang Agung | dadya prajurit linuwih | kaonang-onang ing jagad | prakosa digdaya luwih | mara age luwarana | iku jodhonira yêkti ||

7. kagyat sang rêtna awungu | astane

--- 4 ---

ginănda wangi | wruh yèn bêcik kang supêna | wau Rêtna Prabandari | sigra marang pawarangkan | sang dyah sarwi bêkta kikir ||

8. ingiring pawonganipun | kêkalih kang bêkta nasi | miwah ingkang pêpanganan | wus prapta sumur gumuling | prênahe kang samya jaga | wong Mêlaka satus gilir ||

9. Rêtna Prabandari muwus | marang lurah kang akêmit | ingsun wênganana lawang | kagèt kang samya akêmit | dene kadange gustinya | saksana dipun wêngani ||

10. wong kêmit ika sadarum | sadaya samya sumingkir | dening ana putri prapta | samya amanggèn ing têbih | samya ajrih ing sang rêtna | tan wontên purun nyêlaki ||

11. têkèng jro warăngka sampun | Dyan Lamdahur mèh ngêmasi | kalangkung dènira sayah | rante wêsi nêdhas daging | nulya rante kinikiran | marang Rêtna Prabandari ||

12. Lamdahur kagèt andulu | sirèki wanodya ngêndi | sumaur kusuma rara | manira putri ing ngriki | arsa nguculi mring sira | wit ing dalu sun angimpi ||

13. Nabi Sis ingkang tumurun | wêwarah ing nguni latri | yèn sira jodho lan ingwang | pinasthi karsaning Widhi | tur sinung atmaja lanang | pêkik ing têmbe dadya ji ||

14. mulane umarêk ingsun | anguculi ing sirèki | Lamdahur suka duk myarsa | ing wartanira sang putri | dene dadi kramanira | Putri Mlaka Prabandari ||

15. rante kinikir wus rampung | kang munggèng ing asta kalih | rante kang munggèng sarira | pinêgot-pêgot [pinêgot-pê...]

--- 5 ---

[...got] pribadi | rante-rantene wus sirna | radèn nulya kinèn bukti ||

16. sang rêtna apamit mantuk | poma ta panjaluk mami | karo kakang prabu aywa | milu-milu kodukani | pan dêrma-dêrma kewala | wit prentahe Rajèng Srandil ||

17. nauri Radèn Lamdahur | aywa sira walangati | sang rêtna pan sampun mêdal | mantuk marang dalêm puri | Dyan Lamdahur sawusira | adhahar arip tan sipi ||

18. sakèhe rante kinumpul | kinarya bantal aguling | pangoroke asêngguran | kagèt kang samya akêmit | salamine kinunjara | dèrèng ngorok kadya mangkin ||

19. pinariksa lagya turu | wus ucul ing rante wêsi | kang rante-rante sadaya | kinarya bantal aguling | kang kêmit sadaya rêmbag | matur mring sang prabu kalih ||

20. sigra lampahira rawuh | ing ngarsane prabu kalih | matur yèn Lamdahur uwal | sakathahe rante wêsi | samya sah saking sarira | yèn karsa paduka aji ||

21. anyêkêla pun Lamdahur | mumpung mangke maksih guling | sigra Sang Orang Kaorang | kêkalih sarêng lumaris | prapta prênahe warăngka | madêg sang narendra kalih ||

22. munggèng ulon-ulonipun | agya parentah ing mantri | mara cêkêlên dèn enggal | mumpung iki maksih guling | prajurit arsa tumandang | Lamdahur kasêlak tangi ||

23. asugal dènira muwus | mandêlik sarwi nudingi | lah ta iku arêp apa | aparsa nalèni [nalè...]

--- 6 ---

[...ni] mami | ngong aywa toliha marang | iya kadangmu pawèstri ||

24. sun amuka pêsthi gêmpur | măngsa kariya sawiji | kagyat Sang Raja Kaorang | pagene ngucap ring mami | mring kadang ingsun wanodya | Sang Lamdahur amartani ||

25. tutur mula bukanipun | lamun kadangmu angimpi | dadi jatukramaningwang | sukèng tyas narendra kalih | sigra ingaturan mêdal | binêkta mring dalêm puri ||

26. sapraptanira kadhatun | tinamban lan sinêbyari | tan alami nulya waras | pinanggihakên tumuli | lan ingkang rayi wanodya | sira Rêtna Prabandari ||

27. dyan ingadêgakên ratu | nèng Malaka nyakrawati | kathah pra mănca miyarsa | Gêdhah Tatar Johar Tambi | Siyak Siyêm Sokadana | Solok Sulebar Patani ||

28. yèn Lamdahur uwus ucul | mangkya wus madêg narpati | wontên nagari Malaka | dening ta sang raja kalih | Sri Nata Orang Kaorang | nyenopati ngapit-apit ||

29. among manggalaning kewuh | ing raja kadang kêkalih | dadya pra mănca narendra | samya nyipta ing tyas wingwrin | mêngko maning wis diwasa | salagi duk misih bayi ||

30. êmbannya binithi lampus | sasisanipun lumaris | matèni sakèh dipăngga | mangkya wus ngadêg narpati | mendah si dening digdaya | angur si nungkula mami ||

31. măngsa ta wurunga têluk | anggitik nagri Sêrandil | ya ta sagunge pra mănca | seba mring Mlaka nagari | samya bêkta gurubakal | dadya tăndha [tă...]

--- 7 ---

[...ndha] nungkul sami ||

32. mangkana Prabu Lamdahur | mundhut satus warni wêsi | arsa dêdamêlan gada | sakathahe wêsi prapti | sagung pra mănca kang seba | samya pinundhutan wêsi ||

33. nulya sakathahe êmpu | sanagara dèn kêrigi | andhèr munggèng panangkilan | pitung dina pitung bêngi | gada lagya kêni kirap | Prabu Lamdahur jênêngi ||

34. wrat gada kang sèwu satus | kati mas wêsi pinêthing | warna-warna ingkang tosan | wêsi ingkang mandi-mandi | sasikêpane tinatah | kinatirah ing widuri ||

35. ebat sadaya kang dulu | dening agênge kang bindi | tan ana kang para raja | darbea gada kadyèki | Lamdahur munggèng amparan | pangandikanira aris ||

36. gawanên ing ngarsaningsun | gada iku yèn wus dadi | sakèh pandhe aturira | tiyang satus tan kuwawi | iya kèhana kang ngangkat | kalih atus tan kuwawi ||

37. kinèn ngangkat samya junjung | wong tigang atus tan mosik | Raja Lamdahur saksana | gada cinandhak pribadi | jinunjung pan sampun kangkat | nèng asta tininggil-tinggil ||

38. inguncalakên mandhuwur | sinăngga ing asta kèri | inguncalkên saking kiwa | asta kanan kang nampani | dadya mêng-amêngan asta | gawok sagung kang ningali ||

39. mundhut dipăngga sang prabu | angluwihi saking èsthi | nulya wau ingaturan | dipăngga agêng pribadi | nênggih araning dipăngga | aran pun magêloningsih ||

40. sinung busana [busa...]

--- 8 ---

[...na] bra murub | lêlawak kang palana di | kang têlajuk rinumpaka | rinawis jumantên wilis | palipit kinumba liman | sigra sang nata anitih ||

41. sarwi ngundha gadanipun | tanya margi mring Sêrandil | Sang Prabu Orang Kaorang | ngaturi dipun aririh | kawula pan dèrèng undhang | ing prajurit pra dipati ||

42. kèndêl amung tigang dalu | kadya samêkta kang baris | sang nata nurut kewala | ing ature prabu kalih | Sang Raja Orang Kaorang | punggawane dèn undhangi ||

43. awatara tigang dalu | sampun samêkta ing jurit | budhal saking nagri Mlaka | gêgamane warni-warni | tunggul daludag kakăndha | pêpayung agung tulyasri ||

44. satabah tabuhan umyung | wadya gung miyos ing jladri | ing laut tan winursita | dènnya layar tigang ari | gêgaman mêntas sadaya | lajêng tan nolih ing wuri ||

2. Pangkur

2. Lamdahur nêlukakên nagari Selan

1. nahan gantya winursita | nagri Selan wadya lit wus miyarsi | miwah Sahalsah Sang Prabu | myarsa Lamdahur prapta | samya giris punggawa lan para ratu | dening wus kasub kasusra | prakosa digjayèng jurit ||

2. orêg gègèr sanagara | dene mêngsah wus ngancik têpis iring | pulo wus kathah anungkul | samya asrah bongkokan | langkung ajrih dhêmên mring Prabu Lamdahur | gung luhur tur abirawa | prakosa kagiri-giri ||

3. orêg [o...]

--- 9 ---

[...rêg] gumrah nagri Selan | pra dipati prapta sawadyanya lit | prasamya abaris tugur | myang sagung para nata | nêmbah matur Radèn Jibul aris matur | ing rama Prabu Sahalsah | kawula kang magut jurit ||

4. ing yudane kakang êmas | jêng paduka eca asinwèng puri | Prabu Sahalsah anurut | ing ature kang putra | binêktanan bala sayuta kang mêthuk | munya kang têngara umyang | punggawa sèwu kang ngiring ||

5. lawan mantri kalih lêksa | lan sayuta gêgaman kang lumaris | atata sajuru-juru | prapta jawining kitha | pan anganti saha bala baris agung | warnanên Sang Rajèng Mlaka | sabalakuswa mangrapit ||

6. pêtêng blêduging bantala | lamat-lamat tunggul abra kaèksi | bala matur ing Lamdahur | yèn mêngsah mêthuk mêdal | angundhangi ing wadya Prabu Lamdahur | hèh aywa ta mèlu aprang | ingsun dhewe kang ngêmbari ||

7. padha suraka kewala | sri narendra mêlak dipăngga aglis | wadyanya Jibul andulu | luhur dipanggèng ngegla | angebati sarwi ngundha gadanipun | Dyan Jibul gêgêtun mulat | dènira sumanggup tandhing ||

8. mojar mring para dipatya | yèn lawanên ki raka aprang tandhing | sapa kang kuwawa magut | payo binrubuh mangsah | gih sandika pra dipati samya magut | saksana sarêng umangsah | anitih turăngga èsthi ||

9. bala ing Mlaka sumahab | Alamdahur lajêng narajang jurit | surake wadya gumuruh | angubêngakên gada | pra dipati [dipa...]

--- 10 ---

[...ti] kang katiban ajur mumur | agêmpur dipangganira | miwah kang nitih turanggi ||

10. ajur lan dipangganira | rangkêp tiga sakawan kang anitih | katiban gada malêdug | luluh lumrèng bantala | wus akathah punggawa ingkang kapupuh | kang gêsang giris tumingal | kawus malêdug angisis ||

11. samya lumayu jro kitha | tutup lawang pasang sanjata sami | bala ing Mlaka kang bujung | lèrèn ing kitha Selan | sap pêpitu karêtêg rinujat sampun | pamrihira wong jro kutha | mandhêga mungsuh kang prapti ||

12. aywa na kongsi anabrang | wong Sêrandil angrakit gutuk api | samya aminggah ing panggung | wadyabala ing Mlaka | kandhêg anèng jawine larèn kapitu | Prabu Lamdahur tumêdhak | saking ing magêloningsih ||

13. sigra gulingakên gada | kang kinarya uwot bala lumaris | prapta ing larèn kapitu | namung kadang satunggal | apan gada kang kinarya uwotipun | mangkana sampun ingêntas | gadanya sri narapati ||

14. marêpêki pagêr kutha | tigang cêngkal kandêle bètèng iki | praptane ginada gêmpur | panggungipun kewala | sapta manèh jêngkare pagêr kang gêmpur | Natèng Mlaka manjing kitha | mawur kang wadya Sêrandil ||

15. lir pinusus gègèrira | ingkang paman maksih nèng păncaniti | arêmbag samya anungkul | samya mêthuk kamulyan | Maharaja Lamdahur sawadyanipun | lajêng marang panangkilan | pinêthuk ing paman aglis ||

16. Raja Sahalsah mangrêpa | marang

--- 11 ---

ingkang putra aminta urip | Prabu Lamdahur wus lungguh | ing pêpalangkan êmas | pra dipati punggawa lan para ratu | samya ngabêkti sadaya | mangkana sri narapati ||

17. umadêg malih narendra | nèng Sêrandil luhur jênêngira ji | rong lêksa lan pitung èwu | cacahe kang punggawa | nagri Mlaka pinaringkên malih sampun | mring Raja Orang Kaorang | nanging awisma Sêrandil ||

18. Prabu Lamdahur ngandika | mring kang paman paran karsanirèki | Raja Sahalsah amuwus | ingsun tan darbe karsa | pati urip sumăngga karsanirèku | nanging ingsun kirim surat | maring pangidhêpan mami ||

19. duk ingsun madêg narendra | nuwun idin marang nagri Mêdayin | iku ratu pinisêpuh | ing mêngko ingsun kalah | dening sira arsa gumantya ing ratu | mêsthi ingsun tur uninga | mring Bathara Nyakrawati ||

20. Prabu Lamdahur bramatya | mring kang paman lah lungaa dèn aglis | ngungsia pulo kang agung | prajane ênggonana | anggawaa bala sasênêngirèku | lan gagaweana bala | prajurit kang bêcik-bêcik ||

21. aywa tanggung ywa kapalang | sun ajani sira mungsuh lan mami | ngupayaa sraya ratu | kang gagah widigdaya | pètên sraya tandhingna kalawan ingsun | nanging ta nuli lungaa | nèng kene ngêsêli ati ||

22. yèn wus anèng nagri liyan | sakarêpmu nuli lungaa aglis | yeka marang pêpundhènmu | lah mara pêpoyana | pujanira sang aprabu ing Mêdayun | yèn taun iki tan [ta...]

--- 12 ---

[...n] prapta | pasthi sun tindak pribadi ||

23. iya dèn arêp-arêpa | nora mundur ing ujar ingsun iki | nuli lungaa dèn gupuh | lamun sira tan lunga | sun antêbi gada pasthi ajur mumur | Raja Sahalsah wus kesah | ambêkta bala sakêthi ||

24. dumunung nagri Sulebar | pan kaprênah lor kuloning Sêrandil | sapraptanira ing ngriku | Sahalsah madêg nata | ing Sulebar kaprentah Sêrandil Prabu | Lamdahur kang winursita | anggung bojana ing dasih ||

25. punggawa kang nitih liman | tigang èwu samya andêling jurit | nitih blêgêdaba sèwu | punggawa sêsêliran | kang sanambang nitih karêndhi lan sênug | kang nitih mèmrèng lan unta | ingêmong andaka kuldi ||

26. sayuta nitih turăngga | warna-warna punggawa ing Sêrandil | kang minăngka patihipun | wau prabu ing Mlaka | angrèh ratu punggawa pan kawan èwu | sabên wadana satunggal | angrèhkên satus nagari ||

27. ratu kang ingakên kadang | ingkang samya kêkuwu nèng Sêrandil | ing Gêdhah Trêngganu Lampung | Anggris Prasman Maldewa | ing Sêpanyol Pêrancis lan Bangkahulu | Siyêm Siyak Sokadana | Palembang lan Johor Tambi ||

28. Surati Solok Madewa | Minangkabo Brênggala myang Ngrênggèli | Ngambon Pudhi lan Sêlangur | Wawan lawan Satatar | miwah Slebar Aji malah Bali Lêkur | samya ratu gagah-gagah | ginula-gula mêmanis ||

--- 13 ---

3. Dhandhanggula

3. Prabu Nusirwan dhawuh nglurugi Lamdahur

1. kunêng wau nagari Sêrandil | kawarnaa kang anèng Sulebar | Prabu Sahalsah karsane | utusan mring Mêdayun | dyan nênurat sri narapati | samula bukanira | solahe Lamdahur | kang kalêbu jroning surat | sakathahe mêngku carita narpati | dibyane Natèng Selan ||

2. apan lagya gènira mangsuli | anyêlani kăndha Rajèng Selan | dening liya wiwitane | nugêl wêkasanipun | kadi parêng laire uni | kalawan jaman Ngarab | nging gênti cinatur | utusanira Sahalsah | pangalasan sadaya marang Mêdayin | ing marga tan winarna ||

3. sampun prapta nagari Mêdayin | nuju sang nata miyos sineba | andhèr ratu punggawane | duta tumamèng ngayun | kyana patih gêpah anganthi | matur ngaturkên surat | tinampanan sampun | lajêng katur ing sang nata | kinèn buka winaos rêkyana patih | têmbunge kang nawala ||

4. ingaturkên sawêkase ugi | Sang Lamdahur kala lairira | katur satingkah-tingkahe | mangkya wus madêg ratu | langkung gagah prakosèng jurit | aturipun Sahalsah | katura pukulun | Raja Lamdahur sudibya | wus sanega karsa mukul ing Mêdayin | sampun ngundhangi wadya ||

5. yèn suwawi ing karsa jêng aji | lêhêng inggih kinaruhunana | ginitik pisan kuthane | yèn tan makatên ulun | yêkti dadra

--- 14 ---

tan rêringèki | mantun uningèng tuwan | satêmahan mungsuh | lamun kongsi lumuruga | pun Lamdahur angrisak kithèng Mêdayin | yêkti kang para raja ||

6. mantun ngidhêp ing nagri Mêdayin | pasthi dhatêng Sêrandil sadaya | para ratu pangidhêpe | gêntyani pinisêpuh | surasane surat wus titi | ingkang mêngku nagara | Mêdayin angrungu | sadaya kêtêr kang manah | dening myarsa pikuwate Natèng Srandil | prawira widigdaya ||

7. sugih jajahan para narpati | Sri Lamdahur abala bacingah | abang putih irêng duwe | kang irêng balanipun | wong Brênggala lan wong Surati | dening bala kang pêthak | Prasman lan Sêlangur | Sêpanyol Prancis Maldewa | kang wadya bang apan iya wong Sêrandil | wonge abang sadaya ||

8. aluwaran dènira tinangkil | langkung dening prihatin sang nata | Bêstak ingandikan age | malêbèng jro kadhatun | prapta ngabyantara narpati | Sri Bathara ngandika | kaya pa budimu | Si Lamdahur aprakosa | nora kêna yèn sêpia ing pamikir | nrakani jênêng ingwang ||

9. iya sapa yogyane tinuding | amukula Sêrandil nagara | rêkyana patih ature | inggih gusti pukulun | pun Kistaham lamun suwawi | pan balane sayuta | dening pun Lamdahur | maksih pongah dèrèng wignya | pun Kistaham sampun utama ing wêgig | wagêd alampah cidra ||

10. pun Kistaham sêngadia nênggih | kesah saking paduka Bathara | dening

--- 15 ---

asangêt merange | paduka amêlaur | santri Ngarab kang lagya prapti | yêkti kandêl ujarnya | dhatêng pun Lamdahur | anuntên pun Jayèngrana | tinimbalan kinèn anggitik Sêrandil | sayêkti pun Kistaham ||

11. wuwuh pracaya Natèng Sêrandil | dening tăndha pun Jayèngalaga | nêdya nututi lampahe | amrih ing patinipun | pun Lamdahur pêsthi ngubuhi | awêgig pun Kistaham | sumawita nungkul | anuntên dipun racuna | pun Lamdahur maksih bocah pêsthi kenging | sirna satru paduka ||

12. pun Lamdahur sampun angêmasi | dera Kistaham nuntên pun Ambyah | dipun sêrandua age | yèn Ambyah sampun lêbur | botên wontên mêngsah sang aji | kêplok bokong Ki Bêstak | tur sarwi angguguk | ngrasa bênêr rekanira | angandika Sri Bathara Nyakrawati | yèn Ambyah sun undanga ||

13. yèn angrungu Si Kistaham dhingin | yêkti măngsa kêna sinirêpa | Si Kistaham ing lakune | pasthi Si Jayèngpupuh | samangsane ingong timbali | iya gaweku apa | ngandikan sang prabu | yèn kinon bêdhah nagara | dening uwis ana kang tinuduh dhimin | iya asilku apa ||

14. pan mangkono pasthi Jayèngmurti | Patih Bêstak malih aturira | gusti makatên sarate | pun Kistaham rumuhun | jinatenan rasa puniki | nuntên tuwan miyosa | siniwèng wadya gung | amiraga rêrêmbagan | animbali ing Kalana Jayèngmurti | Kistaham miyarsaa ||

15. nuntên paduka prentahi malih | makatêna ature Kistaham [Ki...]

--- 16 ---

[...staham] | de ragi sakit manahe | paduka sang aprabu | maksih ngêla-êla pun Amir | kawula tanpa karya | nèng nagri Mêdayun | pun Ambyah sampun culika | parandene pinilala dèn timbali | paduka pi-apia ||

16. andukani sarwi anudingi | hèh Kistaham minggata kaparat | apa gawemu nèng kene | măngsa pedaha ingsun | sok misiha Si Jayèngmurti | Kistaham nuntên kesah | koningan wadya gung | pasthi rapêt tan arênggang | kadi botên Ambyah anyakrèng ing budi | kesahipun Kistaham ||

17. kathah amirsa tuwan dukani | ya ta mèsêm sang prabu lingira | lamun Si Ambyah marene | paran timbalan ingsun | Patih Bêstak matur wotsari | makatên padukendra | hèh Sang Jayèngpupuh | mulane sira sun undang | ingsun kinèn ambêdhah nagri Sêrandil | yèn kajodhi ing sira ||

18. lamun sira angaturna benjing | ing murdane Lamdahur ing benjang | nini putri ganjarane | mendah si sutaningsun | pun Kalana Jayadimurti | măngsa wandea pêjah | dènira Lamdahur | nadyan Ambyah tan pêjaha | de Lamdahur Kistaham wagêd ngakali | yèn sampun dhatêng têba ||

19. Patih Bêstak pan sampun winêling | anjatèni mring Raja Kistaham | wus mêdal saking purane | Kistaham prapta sampun | tinimbalan marang apatih | nulya apagunêman | sadalu anutug | anèng dalêm kapatihan | katanggapan pitungkase sri bupati | pan uwus pinaringann [pinaringan...]

--- 17 ---

[...n] ||

20. kunêng dalu kawarnaa enjing | Sri Nusirwan miyos siniwaka | supênuh para natandhèr | satriya punggawa gung | Betaljêmur wus munggèng kèri | sang nata angandika | bapa Betaljêmur | kayaparan budinira | Si Lamdahur arsa anggêcêk Mêdayin | malah ta wus sanega ||

21. yèn bêcike linurugan dhingin | angur nêkanana ywa tinêkan | sapa kang tinuduh kiye | apa Si Jayèngpupuh | apa gêlêm ingsun timbali | manira kon ngluruga | amrêp Si Lamdahur | yèn Si Ambyah anyangkinga | ing murdane Lamdahur ginanjar putri | iya nini Muninggar ||

22. Betaljêmur matur ing narpati | dipun pasthi sabda padukendra | kadi sanggup samangsane | sampun ta sirahipun | nadyan têkan badane benjing | katur ing jêng paduka | kawula pukulun | kang kumandêl ing pun Ambyah | dimèn purun seba ing paduka malih | sang nata angandika ||

23. iya bapa undangên dèn aglis | Raja Kistaham sugal turira | dhuh patikbra kalingane | pan maksih amilalu | inggih dhatêng pun Jayèngmurti | kawula tanpa karya | nèng nagri Mêdayun | samantên dosanya Ambyah | parandene arsa tinariman putri | sang nata api duka ||

24. andik bang netra sarwi nudingi | hèh wong edan minggata kaparat | nèng kene apa gawene | kaya cacak warnamu | sakêthia pan ingsun olih | sok ingsun abêcika | lan Si Jayèngpupuh | Raja Kistaham dyan [dya...]

--- 18 ---

[...n] kesah | saha bala prawira saking Mêdayin | bêkta bala sayuta ||

25. Betaljêmur sigra anênulis | muni sarta timbalane nata | sigra umêsat dutane | kêbat lampahira wus | praptèng pasanggrahanira Mir | kang duta atur surat | tinampanan sampun | binuka sinukmèng driya | wun[1] kadhadha bêbukane punang tulis | mèsêm Sang Kakungingrat ||

26. angundhangi sagunging narpati | samya kinèn siyaga sadaya | seba tinimbalan manèh | marang kitha Mêdayun | samya enggar sagunge dasih | mulat ing gustinira | kinirèng tyas lipur | budhal sagunge gêgaman | tan kawarna praptèng jawi kitha nênggih | sang nata amiyarsa ||

27. nulya mêthuk saha bala mijil | sri narendra têdhak saking liman | Sang Jayènglaga nulya ge | lumajêng awotsantun | ngèstupada cinandhak aglis | ingaras kang lungayan | ngandika sang prabu | payo nitiha turăngga | Sri Bathara pan sampun anitih èsthi | budhal marang jro kitha ||

28. sapraptane munggèng păncaniti | para ratu wus samya alênggah | satriya kang punggawandhèr | myang Radèn Jayèngkewuh | sampun munggèng ing palowani | mêdal kang pêpundhutan | myang boga lumintu | munya kang gêndhing araras | abujana larih midêr kaping kalih | sigra Kya Patih Bêstak ||

29. maos sêrat kang saking Sêrandil | amiraga amirungu Ambyah | madêg asora sabdane | putus pamaosipun | Sri Nusirwan ngandika [nga...]

--- 19 ---

[...ndika] aris | hèh Bêstak kayaparan | sapa kang ngong tuduh | amukul nagara Selan | Kyana Patih Bêstak sigra awotsari | nuwun patik Bathara ||

30. sapa sintên ingutusa gusti | pun Kistaham ujar sampun minggat | kadi ta sangêt wirange | dhatêng putra pukulun | kangjêng anggèr tuwan timbali | rumaos badanira | botên kapaèlu | inggih wontêna salêksa | pun Kistaham mênggah trêsna paduka ji | samia lan satunggal ||

31. yogya putra dalêm Pusêr Bumi | angandika Sri Maha Bathara | hèh patih iya-iyane | dudu têtimbangipun | pan Kistaham punika abdi | sutèngong Jayènglaga | prasasat roh ingsun | sanadyan ana sayuta | Si Kistaham endah apa iya patih | dudu timbangan Ambyah ||

32. Bagendhambyah miyarsa wotsari | langkung nuwun sih kalilin tuwan | sang nata pangandikane | paran patih budimu | alon matur rêkyana patih | langkung karsa patikbra | pae duk karuhun | samaksihe pun Kistaham | kang nadhahi bot repot paduka aji | wong Menak awacana ||

33. lah ki patih paran lingirèki | ora nana iya Si Kistaham | ingsun dadi lêlirune | êndi ta kang barênjul | ing Sêrandil ingsun kang gitik | yèn ana pangandika | iya sang aprabu | Sri Bathara angandika | hèh sakèhe punggawa lan para mantri | tuwin para satriya ||

34. padha sêksènana ujar mami | yèn Si Ambyah besuk ngaturêna | Raja Lamdahur murdane | ngong panggihakên besuk [be...]

--- 20 ---

[...suk] | lan sutèngsun ni Muninggarim | yèn ora kalakona | aywa manggih ayu | ing jênêng ingsun narendra | Betaljêmur sigra têdhak saking kursi | anyandhak astanira ||

35. Jayèngrana sinujudkên aglis | ing buntala ngarsa naradipa | wadya Ngarab osik kabèh | punggawa para ratu | bungah ing tyas marwata siwi | anyana gustinira | mari brăngta wuyung | tan etang mungsuh awêndran | amundhuta rubuhe gunung Sêrandil | wong Arab tan suminggah ||

36. langkung suka tyas Sang Jayèngmurti | nyipta tulus kagême sang rêtna | Ki Umarmaya polahe | lênggak-lênggak macucu | angêlètèr abêksa rangin | saking sru sukèng driya | angling Jayèngpupuh | yayi mas ing tambak êmas | padha sira ngingon-ingonana dasih | myang sagung para nata ||

37. pinaringan sangu sang narpati | winatara kanggo ing sawarsa | sang nata malih dêlinge | mangkata besuk esuk | tur sandika Sang Jayèngmurti | jêngkar sang sri ngadhatyan | Radèn Jayèngpupuh | makuwon sawadyanira | tan antara Radèn Wahas sigra prapti | ingutus de kang rama ||

38. angaturi Sang Wiradimurti | wong kêkalih lawan Radèn Maktal | aywa bêkta bala akèh | kerid ing lampahipun | tan adangu pijajar prapti | kêkalih munggèng ngarsa- | nira Betaljêmur | anulya lajêng dhaharan | Jayèngrana cinidra ing darubêsi | niba lajêng kantaka ||

39. dyan binêlèk baunipun kèri | pinanjingan ratune pênawa | ingusap [ingu...]

--- 21 ---

[...sap] waras tatune | ngandika Betaljêmur | hèh ki putra ing Ngalabani | aywa sira wêwarah | ing kakangirèku | miwah marang ing wong kathah | amung sira bae dèn prayitna kaki | rumêksa kakangira ||

40. besuk kêna racun nèng Sêrandil | lamun ana wisa kang tumama | sira wêtokêna age | Radèn Maktal wotsantun | sanalika dèn panawani | lênga wijèn lan jêram | pêcêl nulya wungu | Betaljêmur malih ngucap | wanti-wanti wau dènnya amêmêling | poma dèn eling sira ||

41. sapolahe kakangira benjing | Betaljêmur ngandika mring Ambyah | poma sutèng ulun anggèr | dèn prayitna nèng kewuh | arinira ing Ngalabani | ywa sira sungi pisah | anèng têmbe besuk | yèn pisaha sira tiwas | pasthining Hyang dadi kanthinira kaki | rat ing Rab pramudita ||

42. nêmbah lèngsèr satriya kêkalih | tan kawarnèng dalu polahira | enjing samêkta balane | nêtêg têngara umyung | budhal wadya panganjur jurit | jumujug panangkilan | baris ngalun-alun | nganti wijile sang nata | pamit ngujung Wong Agung Wiradimurti | marma nganti sri nata ||

4. Sinom

4. Sang Amir bidhal anglurugi Lamdahur

1. warnanên kusumèng pura | enjing pinarak pêtani | Êmban Sêlaga tur sêmbah | kawula miyarsa warti | satriya Jayèngmurti | ingandikan wingi rawuh | milane tinimbalan [tinimba...]

--- 22 ---

[...lan] | wontên mêngsah badhe prapti | Ratu Selan ingkang abala bacingah ||

2. jêjulukipun narendra | Lamdahur agêng tur inggil | dêdêg satus sêdasa gas | gadane ngebat-ebati | wrat sèwu satus kati | kati mas wong tigang atus | angangkat botên obah | ingundha muluk wiyati | milanipun akêtêr rama paduka ||

3. satriya Anjayènglaga | kinèn lumurug Sêrandil | êbang-êbange sang nata | yèn bêdhah kitha Sêrandil | nuli ginanjar putri | pan Kalana Jayèngsatru | kang kocap jroning êbang | pan inggih paduka gusti | kusumèng dyah gumujêng asuka-suka ||

4. kapan angkate ki besan | anglurug marang Sêrandil | Êmban Sêlaga tur sêmbah | inggih ing dintên puniki | biyang mêtua aglis | nanging anamura laku | pêpikule wong Arab | gamêl tanapi sêrati | êdumana wong sijine nyêrupiyah ||

5. Êmban Sêlaga wus mêdal | ambêkta reyal sakêthi | anggili mêdal butulan | para cèthi angusungi | sadaya wus binagi | marang sagunge pêpikul | mangkana Sri Nusirwan | miyos munggèng păncaniti | amanggihi angkate kang budhal aprang ||

6. saksana Sang Jayènglaga | manêmbah ngaras pada ji | ngrangkul suku dêlamakan | tuwan kantuna lêstari | patikbra nuwun pamit | antuka pangèstu ulun | ingaras kang lungayan | ngandika sri narapati | wus mangkata muga rahayu ing paran ||

7. Ki Umarmaya tur sêmbah |

--- 23 ---

marang Prabu Nyakrawati | pukulun tuwan kantuna | wibawa awèt siniwi | muga tulusa gusti | gèning dadya mara sêpuh | ing Gusti Kakungingrat | mundur sarwi asêsirig | Patih Bêstak gumuyu atutup karna ||

8. sarwi ngucap mengo ngiwa | dening asuka si bêlis | pirabara yèn muliha | pasthi tumpês nèng Sêrandil | bêdhat têngara muni | budhal bala kang panganjur | anglir prawata puspa | gumuruh wong Pusêr Bumi | asri tinon kang bala apangkat-pangkat ||

9. ginêlak lampahing bala | jawine kitha wus prapti | anglir samodra kinocak | untabe wong Pusêr Bumi | kadya wun-awun gêni | malêdug lir ardi kapuk | katrajang ing prahara | tunggul daludag tulyasri | mawur-mawur wadya gung rêbut dêdalan ||

10. sadina-dina lumampah | lêrêp kalanipun latri | pan sampun samadya căndra | lampahe Sang Jayèngmurti | angambah dhusun sêpi | datan wontên wismanipun | yèn rêrêb samya nêba | akale Kistaham nguni | marmanipun dhusun gung samya rinusak ||

11. pamrihe Raja Kistaham | yèn langkung Sang Jayèngmurti | singa ingkang kaliwatan | ing balane Jayèngmurti | aywa na dèn aubi | amurih musakatipun | aywa na manggih sêgah | sagunge kang pra dipati | myang satriya ing Arab samya rêrasan ||

12. purwaning kang dhusun risak | tan ana wruh wadi ugi | samya angungun kewala | baris agêng sampun prapti | muara ing Sêrgaji | bandar agêng Wirigaluh [Wiriga...]

--- 24 ---

[...luh] | wisma tanpa wilangan | tilase anyar ing sêpi | gih punika pasisir panjuru palwa ||

13. kalangkung agêng kang bandar | bangawan agêng nêngahi | ing kiwa têngêning desa | lajêng tinurut manginggil | lêrês Sang Jayèngmurti | kalawan sawadyanipun | langkung kèmêngan driya | Wong Agung Surayèng Bumi | kayaparan êndi ênggèn ingsun nabrang ||

14. dening datan ana palwa | kalawan tan ana janmi | sira Radèn Tasikwaja | kesah ing dhusun pribadi | sarwi bănda astèki | lumampah kalênthung-klênthung | nurut pinggir sungapan | sunglon kang anjog jaladri | dyan tinurut manginggil Ki Umarmaya ||

15. yun wruh wêkasane desa | Wong Agung Umarmayèki | manggih palwa linuruban | pange kayu dèn tutuhi | prasamya dèn rungkudi | ing larahan miwah rumput | Dyan Umarmaya minggah | amanggih wong kaki-kaki | Umarmaya alon dènira têtanya ||

16. lah kaki rika wong apa | lan omahira ing ngêndi | sumaur kang tinakonan | sun lurah pituwèng ngriki | kabèh bêkêlan mami | cacahe wong sangang atus | bêkêle kang satunggal | wong satus kang dèn lurahi | satus bêlah iya sun lurah pambêlah ||

17. andhêsêk Ki Umarmaya | pitakène amrih ati | kaki aywa bela tămpa | dèn akèh-akèh sung warti | ngandêla maring kami | manira sêdya rahayu | nora andon pitênah | manira takon sayêkti | mèlu sapa nagaramu [naga...]

--- 25 ---

[...ramu] ing nagara ||

18. umatur inggih kawula | boya mèlu ing nagari | puniki bumi amănca | tumut ing Sang Raja Barik | nagarine Sêrgaji | dening bulubêktinipun | Raja Barik suwita | êmbane sang rajaputri | têgêsipun bumi kaputrèn punika ||

19. Ki Umarmaya angucap | pira upêtine kaki | Sang Raja Barik yèn kala | tur upêti ing sang putri | inggih nêmbêlas kêthi | desa ngong ing Wirigaluh | dadi tukang pambêlah | bêlah sèwu sun lurahi | mêndho rane bêlah patang èwu ana ||

20. kêna pênumping manira | ing lurah Sang Raja Barik | patang èwu pêndhak warsa | lawan cindhe kawan kodhi | sabab milu sang putri | marma kèh pangiringipun | lawan pajêg pawongan | pajêg pawongan kêkalih | kang anyèthi ing Gusti Rêtna Muninggar ||

21. sèwu patang atus ana | isine dhukuh sawiji | kang rongatus têlu bêlah | satus ingkang rada cilik | kang kêtêl ana isi | patang atus limang atus | suka Ki Umarmaya | kaki ingsun takon malih | pa mulane de saiki padha rusak ||

22. wonge padha têka sonya | kaki buyut anauri | wit ana wong agung liwat | marang nagara Sêrandil | pan inggih boya lami | Raja Kistaham ranipun | bala kèhe sayuta | punika sami ngobongi | Umarmaya angungun duk amiyarsa ||

23. kaki sun wêca ing sira | gêgaman kang prapta iki | bakal mantu Sri Bathara | satriya ing Pusêr [Pu...]

--- 26 ---

[...sêr] Bumi | Wong Menak Jayèngmurti | ing Kalana Jayèngpupuh | ingutus ing sang nata | ayun nabrang ing Sêrandil | pan kawêkèn dening nora ana palwa ||

24. apa kaki sira bisa | ngundhangi baturirèki | kang padha ngili mring wana | kaki Wirigaluh angling | gih bisa pisan kami | wong kabèh sakarêp ingsun | witning ingsun kalintang | gêgêtun tuturirèki | sing koiring pacangane gustiningwang ||

25. lah mara sun sabrangêna | Ki Kalana Jayèngmurti | wus lami gèn sun miyarsa | nanging ta dèrèng udani | kasub ing rat sabumi | prawira digdayèng ripu | ambêke santa budya | apalamarta ing dasih | alah iya sirèku sapa ranira ||

26. angucap sun Umarmaya | buyut Wirigaluh angling | ing kene antinên ingwang | sadhela ingsun marani | ing anak putu mami | linggar sakala ki buyut | maring alas wus prapta | batur kabèh dèn undhangi | sangang atus pisan sami bêkta wêlah ||

27. kêmudhi tanapi layar | sêntolone datan kari | wong sangang atus kêpala | ambêkta bêkakas sami | gumêrah samya prapti | ênggène Umarmayèku | suka ing tyas marwata | binêkta seba tan aris | samya kagèt duk prapta ngarsane Ambyah ||

28. bêlah sakêpalanira | ing ngarsane Jayèngmurti | buyut Wirigaluh nêmbah | angraup padanira Mir | anulya pinisalin | ki buyut saanakipun | myang sagung bêbêkêlan | ngandika Wiradimurti | lah mulane [mula...]

--- 27 ---

[...ne] desa iki padha rusak ||

29. Ki Wirigaluh tur sêmbah | wontên Wong Agung Mêdayin | anama Raja Kistaham | langkung badhe ing Sêrandil | samarga jêjarahi | ngobong-obong dhusun agung | wong Menak ngartikèng tyas | ngungun sarêng amiyarsi | kaya ngapa karsane sri naranata ||

30. dening wadi Si Kistaham | wong Menak ngandika malih | kaki apa sira bisa | ngupayakna palwa mami | kang badhe sun titihi | kalawan sabalaningsun | ki buyut aturira | palwa sadaya pan maksih | nanging samya binutul kinêlêm samya ||

31. duk langkungipun Kistaham | anak putu samya ajrih | bokmanawi ingaradan | binêkta marang Sêrandil | botên suka ing ati | ngladèni wong agung bingung | nulya sami ingatag | silulup ing jro jaladri | kang baita sadaya binêkta ngambang ||

32. sami kinuras sadaya | baita kang dèn doboli | kang sarta binarêsihan | kang palwa dèn busanani | cacahe winitawis | ana palwa sangang atus | sabêkêl sabaita | malah ngêrig palwa malih | langkung suka tyasira Sang Kakungingrat ||

33. sigra sami pinaringan | arta lan busana sami | wos balănja pinaringan | busana sami binagi | samya bungah kang ati | sakèhe wong Wirigaluh | iki rane satriya | bêlaba alus ing budi | nora wingwang kinanthia ing narendra ||

--- 28 ---

5. Kinanthi

5. Sang Amir Sawadyanipun sami rinidhu ing Antu

1. matur buyut Wirigaluh | punapa karsa jêng gusti | baita sampun samêkta | bêkakase wus miranti | inggih kawula mrih marga | kang enggal praptèng Sêrandil ||

2. pun Kistaham kang rumuhun | kadi wus kawan dasa ri | pasthi yèn enggal paduka | praptane nagri Sêrandil | kados punika kasasar | kalangkung èwêd kang margi ||

3. kang palwa binagi sampun | marang sagunge narpati | saha amomot gêgaman | saprabote ing ajurit | miwah sagunge wahana | dèn mot ing baita sami ||

4. kakăndha lêlayu tunggul | daludag tan ana kari | tuwin kang tabah-tabuhan | sowang-sowang winot sami | sigra atêngara numpak | satunggal para narpati ||

5. kang anunggil sapêrau | kalawan Sang Jayèngmurti | sakathahe para raja | dening kang among wadya lit | pan namung pêpatihira | prajurit kang pra dipati ||

6. têngara kêndhang gong umyung | sanjata mawanti-wanti | wus samya ambabar layar | Kalana Jayadimurti | anitih palwa pacalang | lawan sagunge narpati ||

7. tan ana anggawa batur | mung panakawannya tunggil | dening ta Sang Jayèngrana | mung bêkta kêndhang saruni | lan êjam ingkang atêngga | ginilirkên para aji ||

--- 29 ---

8. pêpadon Ki Wirigaluh | tan pisah lan Jayèngmurti | dening palwa kathah-kathah | punggawa kang anitihi | marang prajurit sadaya | kang palwa awarni-warni ||

9. ngidul ngetan lampahipun | angin barat akras ngidid | palwa gung pating balêsar | akathah ingkang kaèksi | rêmên tyasira tumingal | Kalana Jayadimurti ||

10. srine palwa kang dumulur | nyimpang kang baita grami | tigang dalu tigang siyang | parah-parah ing Sêrandil | samarga-marga atanya | ing tanah sawiji-wiji ||

11. wau buyut Wirigaluh | waskitha tlatah nagari | palwa anjog pulo Bayan | pinggire pulo Maripit | katingal srine wowohan | kali-kali mêgat ardi ||

12. akathah wowohanipun | Ki Umarmaya tanya ris | iki kaki pulo apa | kalawan arane ngêndi | Wirigaluh aturira | ing pulo Bayan Sêrani ||

13. puniku wingit kalangkung | tan wontên purun nginggahi | sabab akathah drubiksa | singa kang ngambah bilai | samantên sêpuh kawula | dèrèng miyarsa mênangi ||

14. jalma kang minggah ing ngriku | nakoda-nakoda pundi | miwah ratu-ratu samya | satriya-satriya pundi | kawula dèrèng miyarsa | manusa kang ngambah ngriki ||

15. Sang Prabu Marmadi muwus | kaya pa mulane kaki | nora nana wani munggah | manawa wong kompra kaki | iya ngêndi ana lêmah | ora kêna dèn anciki ||

16. pae mega lawan kuwung | nora kêna [kê...]

--- 30 ---

[...na] dèn anciki | teja lêngkawa lan kilat | parandene ana bangkit | iya jalma kang utama | kang amêngku ing bilai ||

17. Natèng Kohkarip umatur | Sang Kalana Jayèngmurti | lêhêng ta sami nginggahan | eman si nusa puniki | prasasat kelang-kelangan | yèn botên mampira ngriki ||

18. wowohan matêng sarya gung | sapa sintên kang ambukti | karya mubadir kewala | Ki Wirigaluh turnya ris | kawula pemut kewala | manawi kèh sănggarunggi ||

19. ing ngriki kathah pakewuh | ing nusa Bayan Sêrani | ewamakatên sakarsa | sok sampuna angaturi | Prabu Marmadi amêksa | wong Menak têka nuruti ||

20. mêntas saking ing pêrau | Kalana Jayadimurti | kalawan kang para nata | kang sawidak lan kêkalih | dene baturnya nyatunggal | tinilar baita sami ||

21. sapraptanira ing luhur | manusa para narpati | mulat wowohan gêlasah | kang toya mawur awêning | lajêng prasamya asiram | rame kasukan jro warih ||

22. warnanên ratune antu | ingkang ngrèh sakèhing eblis | ngêdhaton ing pulo Bayan | kabèh lêmbut ing lajadri | ngidhêp Prabu Juwalpayal | bala lêmbut tanpa wilis ||

23. sakèhe kang sabèng laut | kang samya karya panyakit | rumab abuh tanpa sangkan | puyêng lênglêng lêt kumigil | watuk dhêngglêng bilêng buyan | sawarnine kang sêsakit ||

24. yèn ing palwa kabèh lampus [lampu...]

--- 31 ---

[...s] | nakoda myang juru mudhi | balane Sang Juwalpayal | kang godha anggung nyèrèdi | yèn wus wirutamèng tingal | patine manjing Sêrani ||

25. yèn wirutamèng ing dunung | pagene kênèng Sêrani | umadêg sasukanira | pira kuwasane eblis | têgêse jalma utama | bisa lêbur bisa dadi ||

26. mangkana parêng andulu | wau sang ratune eblis | tanpa ingan dukanira | pulone kambah ing jalmi | lah wong ngêndi iki baya | wani ngambah nusa mami ||

27. baya rêp suwita mring sun | apa nora tuku warti | saksana sira ngatingal | mangkruk-mangkruk anèng uwit | lunggwèng pang alingkrang-lingkrang | arupa wong kaki-kaki ||

28. wong Menak nèng ngisoripun | lagya dhahar wohe manggis | satêlasipun tumênga | karsane amundhut malih | kagyat andulu wong tuwa | mangkruk-mangkruk anèng uwit ||

29. wong Menak kagyat tanya sru | e kaki wismamu ngêndi | lah ta apa karyanira | sira nèng kene pribadi | amènèk luhuring wrêksa | tanpa rowang sun tingali ||

30. Juwalpayal tan sumaur | saksana lumumpat aglis | ing pundhakira wong Menak | aprênah dènira linggih | suku lêmês lir uritan | amblêbêd anggane Amir ||

31. wong Menak ebat angungun | winêngkang-wêngkang tan kêni | marang gone para nata | sêdyane akon nulungi | kang para nata tumingal | samya giris aningali ||

32. wasana samya gumuyu | mulat ing

--- 32 ---

solahirèki | sampun karakut sadaya | ratu siji antu siji | pinulêt tan bisa mêngkang | narendra sawidak kalih ||

33. prasamya guyu-ginuyu | antu samya ambithèni | anjotos jambak anêpak | Umarmaya matur aris | inggih bilai punika | margi saking Umarmadi ||

34. kaparentah wadhukipun | ningali wowohan dadi | ngolod-olod ngajak minggah | mangke ta manggih bilai | wong Menak alon ngandika | apa dera ucap maning ||

35. pan wus pasthine Hyang Agung | bilai lara lan pati | măngsa kênaa suminggah | kèndêl Marmaya tan angling | antune kang anèng pundhak | nuli binêkta sêsirig ||

36. anggung malumpat malêcut | antune bungah tan sipi | wasana Marmaya ngucap | antune kang dèn warahi | payo jakên sêsandêran | antu kang nunggang Marmadi ||

37. marang gone Marmadyèku | antune Marmaya angling | mara payo sêsandêran | tungganganku iki cilik | tungganganmu ambalêndhang | antune Marmadi angling ||

38. mara sandêrna rumuhun | mêngko ingsun kang nututi | sigra Marmaya angêrap | Umarmadi anututi | antune kang linggih pundhak | anaboki ambithèni ||

39. ala gawene si busung | dening Umarmaya cilik | têka nora bisa nyandhak | nèng pundhak sarwi jotosi | asru jinambak tinêpak | Umarmadi mrêbês mili ||

40. sakèhe kang para ratu | tinantang tan ana wani | mring antune Umarmaya [U...]

--- 33 ---

[...marmaya] | anggung binêkta sêsirig | suka kang samya tumingal | tigang dina tigang latri ||

41. kapulêt sukune antu | mangan turu maksih kancing | alêmês lir tali tampar | dupi antu catur ari | Ki Umarmaya tumingal | woh anggur kang tibèng siti ||

42. uwohe pating parêntul | pangucape amlasasih | antune lèrèn sadhela | sun arsa mangan woh iki | dimène gancang lumaywa | antune sugal nauri ||

43. dening iku isi banyu | ampuh akêbat lumaris | iya kang muruki sapa | Umarmaya angling aris | marma sun kêbat lumaywa | wit mangan wowohan iki ||

44. antune têka anurut | ing karsane Marmayèki | amangan woh anggur tiba | malah antu milya bukti | limang dhompol antukira | mêndêm antu kang nunggangi ||

45. kêmba ing pamulêtipun | sigra Ki Umarmaya glis | sukune antu cinandhak | sinêndhal asru binanting | malêdug kang antu sirna | mring wong Menak prapta aglis ||

46. lah suwawi ta pukulun | kula pêcate kang eblis | wong agung alon angucap | lah ta mêngko kakang dhingin | ika kabèh sanakira | padha uculana dhingin ||

47. mêngko kari bae ingsun | ya ta Ki Umarmaya glis | sakèhe kang para nata | sinêndhalan gênti-gênti | binantingan sami sirna | antu kang sawidak kalih ||

48. mung kari ratune antu | kang mulêt Sang Jayèngmurti | Umarmaya praptèng ngarsa | suwawi kula uculi [ucu...]

--- 34 ---

[...li] | ngandika Sang Kakungingrat | hèh mêngko mênênga dhimin ||

49. sigra Radèn Jayèngpupuh | antu sinêndhal pribadi | pan sarwi dèn sêmpal-sêmpal | sigra binanting ing siti | malêdug sumyar malêsat | ana kang tiba jaladri ||

50. ana kang katut ing lesus | rah nyêmburat anggubrasi | sawarnine gêgodhongan | punika purwane nguni | usule kang murwèng kăndha | sakèhe kang gêgatêli ||

51. kadadosan êrahipun | dene kang tibèng jaladri | iya dadi antu toya | ana dadi antu gêni | mangkana Sang Kakungingrat | wus luwar saking bilai ||

52. lan sawadya para ratu | anulya sami mring kali | samya adus akuramas | amasuh busana sami | manggung dènnya sumyak-sumyak | ton-tonên solahing nguni ||

53. sawusira sami adus | meme busanane sami | lajêng amêndhêt wowohan | kinarya sangune margi | lan amot banyu kang tawa | winot baita umijil ||

6. Mijil

6. Umarmaya ngimpi nyuwun kasêktèn dhatêng para nabi

1. Wirigaluh ebat aningali | mring Jayèngpalugon | salamine asangêt angkêre | iyo ing pulo Bayan Sêrani | nora nana wani | angambah ing ngriku ||

2. panggah ing yuda kalis ing eblis | Juwalpayal [Juwalpaya...]

--- 35 ---

[...l] kawon | sirna lêbur lawan sabalane | dadya kang pulo Bayan Sêrani | mari dènnya singit | matur Wirigaluh ||

3. suwawi anggèr numpak tumuli | wong Menak wus anjog | samya numpak para ratu kabèh | dadya babar layar dyan lumaris | baita umilir | anêngah nèng laut ||

4. lêpas lampahira kala latri | lamat-lamat katon | ardi agêng anganthêng ujunge | angandika Menak Jayèngmurti | kaki gunung ngêndi | ingkang katon iku ||

5. punika gèr wukir ing Sêrandil | ing mangke anotog | lampah dalêm amêdal ngandhape | tan adangu prapta amaripit | sapinggire ngardi | Wirigaluh matur ||

6. gih punika sanginggile wukir | sela gêng kinaot | inggih tapak Adam kamulane | pra nakoda kang langkung ing ngriki | miwah para aji | pan sami angujung ||

7. angandika Radèn Jayèngmurti | ampirêna ingong | ingsun iki niyat ngujung kiye | sigra labuh palwa tan lumaris | palwa kabèh sami | labuh jangkaripun ||

8. nulya mêdhun saking palwa gipih | sagung para katong | sabalane wong Menak rowange | samya tumut ngujung dhatêng wukir | wus prapta ing nginggil | wong menak angujung ||

9. nulya para nata ngujung sami | sadaya wotsinom | gênti-gênti wau pangujunge | tan antara kasaput ing wêngi | samya mudhun sami | Umarmaya kantun ||

10. pan dêdagan nèng sela gêng guling | dalu [da...]

--- 36 ---

[...lu] lingsir kulon | Umarmaya pan lagya asare | asupêna langit bêdhah nuli | pêlangkan nêdhaki | sakawan kèhipun ||

11. jroning pangimpèn Umarmayèki | mara atêtakon | sapa sintên kang prapta marene | kang palangkan siji anauri | ingsun iki Nabi | Adam duk karuhun ||

12. Umarmaya nulya anyêkêli | ing sukune alon | nêmbah ngaras pada lon ature | bapa Adam nabining Hyang Widi | kawula minta sih | pusaka pukulun ||

13. Nabi Adam alon ngandika ris | iya putuningong | masiyati marang sira kiye | ana kêkandhining sun anênggih | ambilên tumuli | gumantung ing kayu ||

14. akèh isine ing jro kêkandhi | barang karêping wong | pasthi ana jro kêkasang kabèh | apan isi sakalir kumêlip | tan towang saari | ing karsanirèku ||

15. jêmpolira panjingna dèn pidih | pan nuli bêrobol | barang sênêngira mêtu dhewe | apa isine jagad dumadi | aneng jro kêkandhi | poma wêkas ingsun ||

16. nulya ngalih Marmaya marani | palangkan kapindho | nyêkêl suku tanya lon ature | sapa sintên paduka puniki | ya ta ngandika ris | Nabi Brahim ingsun ||

17. sigra nêmbah Ki Umarmayèki | sarwi matur alon | iya nabi kang mulya wiyose | pan agama tuwan ingkang maksih | kang amba lampahi | kang kawula tinut ||

18. lawan wayah paduka pun Amir | ingkang kawula [kawu...]

--- 37 ---

[...la] mong | mila amba anuwun kasêktèn | angandika Jang Nabi Ibrahim | sira sun paringi | akêbat lumayu ||

19. angluwihi kêbatira dhingin | iya ing lêlakon | patang dina prapta satêngange | lan maninge sira sun paringi | wruh basa sapalih | ngalam donya iku ||

20. basa limang atus kalih dèsi | pèkên kang saparo | kalih atus sawidak cacahe | iku sira bisa angawruhi | anjuru basani | sawidak rongatus ||

21. apan sira besuk atut wuri | saparan lungandon | wruh nagara ingkang akèh-akèh | ingkang liyan-liyan băngsa benjing | nulya mara malih | palangkan katêlu ||

22. Umarmaya nyandhak suku malih | nêmbah matur alon | sintên tuwan punika arane | Nabi Iskak angandika aris | ingsun iki Nabi | Iskak aran ingsun ||

23. Umarmaya aturira aris | hèh nabi kinaot | pan kawula anuwun kasêktèn | Nabi Iskak angandika aris | sira sun paringi | malih warnanipun ||

24. arupaa warna-warna bangkit | dhêngkak bucu cebol | wandhan bajang walik lawan bule | miwah jêjaka lan kaki-kaki | rupa wadon bangkit | sabarang karêpmu ||

25. arupaa isine jaladri | miwah isining rong | barang rupa sira bisa kabèh | sigra Marmaya marani malih | kang pêlangkan nênggih | kang sakawanipun ||

26. Umarmaya nyandhak suku malih | anêmbah turnya lon | sintên tuwan punika [pu...]

--- 38 ---

[...nika] arane | Nabi Sleman angandika aris | iya ingsun Nabi | Suleman ranipun ||

27. Umarmaya nêmbah matur aris | hèh nabi kinaot | mila amba asipêng wukire | nênggih ningali gêdhong puniki | kêbêk rêtna adi | kapengin kalangkung ||

28. Nabi Sleman angandika aris | bêrana sagêdhong | lah ambilên ingsun wènèhake | apan uwis rijêkinirèki | kagyat nulya tangi | Marmaya angungun ||

29. angganira umrêk gandanya mrik | Marmaya angraos | lamun pênêt wau ing impène | sigra mêdal Marmaya ngulati | kêkasang kapanggih | nèng êpang gumandhul ||

30. nulya jinajal dèn jêjaluki | pinidih ing jêmpol | mêtu barang kang dèn karêpake | Umarmaya suka tan sinipi | gantya kang winarni | Menak Jayèngpupuh ||

31. mijiling hyang arka minggah malih | lawan para katong | miwah juru samya dhèrèkake | minggah luhur wong Menak rumiyin | Marmaya kawarni | malih rupa sêpuh ||

32. kaki-kaki ambêkan amêngi | ngukruk untu ompong | kuru aking gumigil watuke | dyan wong Menak prapta anèng nginggil | kagyat aningali | kaki-kaki ngukruk ||

33. tinakonan kaki sira uning | ing kene ana wong | Umarmaya mathèsèl dêdêge | irêng manis rambute bêrintik | anginêp ing ngriki | ki tuwa sumaur ||

34. botên wontên ing ngriki wong malih | saliya saking ngong | rada maras ing

--- 39 ---

tyas bok matine | Umarmaya salin warna malih | wong Menak ningali | suka ngandika rum ||

35. antukira kasaktèn ing ngêndi | gêlar amêngkono | sampun matur samula bukane | Jayèngmurti sukane tan sipi | sokur ing Hyang Widi | sarêng brangtanipun. ||

7. Asmaradana

7. Lampahipun Sang Amir dumugi ing palabuhanipun nagari Sêrandil, lajêng pêrang kalihan ingkang jagi

1. Umarmaya matur aris | paduka kèndêl kewala | kula salin warna malèh | kajênge pangling Marmadya | sigra amalih warna | sêpuh sakit kadya wau | nèng ngarsane Jayèngrana ||

2. nulya prapta kang para ji | ing ngarsanira wong Menak | Umarmadya pan têtakon | lah pundi pun Umarmaya | ngandika Jayèngrana | sun ulati tan katêmu | kari-kari olèh papa ||

3. lah iku kang ngukruk mêngi | ngungun kang samya tumingal | sagunge kang para katong | andongong Ki Umarmadya | asru dènira ngucap | lah iku kang sira têmu | datan kêna ginadanan ||

4. akêdah-kêdah sirèki | ing atimu kang tan kaprah | kudu anginêp ing kene | lah ta mêngko karêpira | nêmu papa cintraka | rupamu mêngi angukruk | wis lêbar wong nora kalap ||

5. ngrubung kang para narpati [nar...]

--- 40 ---

[...pati] | prasamya awlas tumingal | dening tuwa kèh larane | mêngi watuk janggut nyênthang | kari lunglit kewala | ambêkane mêlar mingkup | umbêle aduweleran ||

6. tan bêtah rinubung sami | karya prihatin akathah | kaki tuwa lunga sênthot | wus malih rupa Marmaya | tuhu jêjaka tuwa | wangsul ing gènipun wau | gawok ingkang para raja ||

7. suka sadaya ningali | Ki Umarmadi atanya | lah apa olèhmu kuwe | kanthong gumandhul ing pundhak | angling Ki Umarmaya | iki juru masak ingsun | ing jro akèh wong bêbêthak ||

8. Natèng Kohkarib lingnya ris | mara sira wêtokêna | kêkandhimu wasiyate | kandhuri lan pêpanganan | Wong Agung Tasikwaja | amidih jêjêmpolipun | barubul ajêjodhangan ||

9. mêdal saking jro kêkandhi | dhêdhaharan warna-warna | suka sagung para katong | saksana samya dhêdharan | lan sagung para nata | sira Menak Jayèngsatru | ingkang sampun jinarwanan ||

10. gêdhong binuka tumuli | barana awarna-warna | tanpa wilangan kathahe | saksana binêkta mêdal | gawok ingkang tumingal | tinumpuk angundhung-undhung | sêsotya awarna-warna ||

11. sampun winot ing kêkandhi | sakèhe kang rajabrana | langkung ngungun sadayane | juru wukir pinaringan | kira-kira salêksa | sigra dènira tumurun | wong Menak lan para raja ||

12. numpak ing baita sami | bêdhol [bê...]

--- 41 ---

[...dhol] jangkar babar layar | kang palwa lêpas lampahe | kalih ari nèng lautan | katon ujung tampingan | praptèng muara Tagêlur | kang baita labuh jangkar ||

13. Marmaya mêdhun dhingini | punika lurah sabandar | kang makuwon anèng kono | ngêrèhkên sagung muara | Kêling Pase lan Kosa | ingkang samya bandar agung | kang parentah ing Buhartal ||

14. ing Tagêlur dèn ênggèni | Buhartal iku punggawa | pan limang èwu balane | nanging punggawa sabandar | kalangkung apracaya | marang Sang Prabu Lamdahur | Buhartal gagah prakosa ||

15. anggênggêng pinggir pasisir | pabeanira Buhartal | sinung wisma gêdhe-gêdhe | ingkang minăngka paseban | yèn kala mupu bea | kapalane kang atunggu | aran Ki Tambi Sabingah ||

16. Tambi Sabingah ningali | yèn ana baita prapta | ingkang dhingini êntase | Umarmaya tinakonan | sira iki bagea | palwa têka ngêndi iku | lan sapa nakodanira ||

17. ing kene nginanga adhi | mêngko bae bêbeaa | mêdhêng ambêkanmu rèrèh | suka Ki Tambi Sabingah | ningali Umarmaya | dening solahe kayungyun | wus linggih Ki Umarmaya ||

18. ingsun dudu palwa grami | iki palwane satriya | saking Mêdayin sangkane | iya namane satriya | Menak Pêpakuningrat | iku mantune sang prabu | ingutus dening kang rama ||

19. Sri Bathara Nyakrawati | iya kinèn andon aprang | amêrêp [amê...]

--- 42 ---

[...rêp] ratumu kene | anjumbul Tambi Sabingah | nulya wau katingal | kang mêntas saking ing prau | wong Menak lan para nata ||

20. ingkang sawidak kêkalih | sakapraboning ayuda | kabèh ratu anom-anom | tur samya ratu jêjaka | dèrèng wontên akrama | praptèng pabean alungguh | wong Menak ing bale têngah ||

21. kinubêng para narpati | ngayap munggèng kèri kanan | samya wak supata bae | cacahe amung sawidak | gumuyu Ki Sabingah | sarwi alok ana mungsuh | gègèr wisma kabandaran ||

22. Tambi Sabingah wus prapti | ing ngarsanira Buhartal | matur yèn mêngsah praptane | saking Mêdayin satriya | ngandika Ki Burhartal | pira gêgamaning mungsuh | kang arsa mukul ing Selan ||

23. wau kang sampun alinggih | kang dèrèng prapta wikana | kadi sèkêt watawise | Buhartal sigra têngara | bêndhe ngungkung tinêmbang | wus kumpul wong limang èwu | budhal marang ing pabean ||

24. nulya ingabanan prapti | wong Menak sampun prayitna | Ki Umarmaya kinèngkèn | mapag balane Buhartal | wus majêng cikrak-cikrak | kirig-kirig manthuk-manthuk | Buhartal bramatya ngatag ||

25. marang prajurite sami | anama Tambi Balukar | cêkêlên wong edan kiye | gawanên ing ngarsaningwang | ingsun arsa têtanya | Tambi Balukar umagut | panggih lawan Umarmaya ||

26. Tambi Balukar sru angling | hèh wong iku

--- 43 ---

soso edan | rupamu lucu mathèngsèl | apa gawenira prapta | sumaur Tasikwaja | sun arsa nugêl gulumu | Tambi Balukar ruditya ||

27. sarèpèt pêdhang tinarik | ingayat pêdhang tumiba | Ki Umarmaya mêncolot | angungkuli sirahira | sigra anarik kanjar | pinagas janggane rampung | Tambi Balukar wus pêjah ||

28. arame dènira jurit | Buhartal malih angatag | Tambi Malobari rane | lawan Tambi Batobara | sarêng anarik kangkan | Ki Umarmaya mandhuwur | ana patang puluh asta ||

29. apan sarwi anulupi | Malobari Batobara | karo wus kêna matane | lajêng pinanggalan sela | kalih sampun palastra | Buhartal duka kalangkung | tan polih ngudi wongira ||

30. mara ngrapakên turanggi | lumayu Ki Umarmaya | wong Menak umangsah age | wus panggih ayun-ayunan | Buhartal aris mojar | wong anom sapa aranmu | mapagake yudaningwang ||

31. dening warnamu apêkik | eman matia deningwang | Sang Jayèngmurti ature | pan ingsun satriya Ngarab | kagyat sira Buhartal | hèh kalingane sirèku | mantune Raja Nusirwan ||

32. kang arsa bêdhah Sêrandil | apa ta pangwasanira | basa ratuku ing kene | dêdêg satus sapuluh gas | gadane nora kangkat | ingangkat wong têlung atus | ginawe amêng-amêngan ||

33. kuthagara dèn atêbih | luluh lumrang ing bantala |

--- 44 ---

priye gonmu ngalahake | sumaur Sang Jayènglaga | nadyan si mêngkonoa | jêr ta ingsun uwis sanggup | nèng ngarsane ratuningwang ||

34. mêngsah nêgarèng Sêrandil | lan ambănda ratunira | lah iya pira suwene | lamun kalaha dening wang | yèn lawan karsaning Hyang | sira Buhartal ambêkus | aku bae kalahêna ||

35. yèn kalaha awak mami | ratuku milu kasoran | pan ingsun iki andêle | sigra Buhartal malumpat | sarwi angundha gada | duk angantêp ing pamupuh | binarêngan astanira ||

36. cinandhak astanirèki | sinêdhal saking turăngga | Buhartal ingubêngake | tininggil-tinggil ing tawang | sampun tanpa upama | sira Dipati Tagêlur | arsa binanting ing lêmah ||

37. yèn sirèku arsa urip | anulya sira Islama | sira Buhartal ature | ingsun anungkul ing sira | apa sakarsanira | dyan sinèlèhakên sampun | Buhartal wus kinèn Islam ||

38. nulya lênggah angaturi | marang padalêmanira | nurut Sang Jayèngpalugon | kalawan kang para nata | tiningkah gustinira | Buhartal langkung sêsugun | munya kang gêndhing araras ||

39. antara catur dasa ri | wadya gung saha kang prapta | jêjêl muara palwane | samya umêntas sadaya | wadya tanpa wilangan | Buhartal ebat andulu | rakite bala lir dhangdhang ||

--- 45 ---

8. Dhandhanggula

8. Prabu Sahalsah nungkul dhatêng Sang Amir

1. wus pinarnah pakuwonirèki | kang wadya gung sampun sinêgahan | têpung akapang pondhoke | sakèhing para ratu | pan sadaya sampun apanggih | kalawan wadyanira | suka manahipun | samya sinungan bêrana | nênggih ingkang saking ing gunung Sêrandil | binagi pinarapat ||

2. kalih duman mring para narpati | sabalane dene kang saduman | marang wong pambêlah kabèh | Ki Buyut Wirigaluh | kang ambagi sampun waradin | êmas lawan sêsotya | sadaya wus sinung | sukèng tyas wong juru bêlah | kang saduman marang ing Umarmayèki | wong Menak datan arsa ||

3. jêjêl dening baitèng Mêdayin | ing muara Tagêlur kèbêkan | wadya gung samya karamèn | kocap ing laminipun | antarane salawe wêngi | sira Natèng Sulebar | dènira angrungu | gêgaman Mêdayin prapta | Senapati Kalana Jayadimurti | badhe mantu narendra ||

4. wong Sulebar sanega ngajurit | Prabu Sahalsah sampun pratăndha | angadêgakên barise | budhal karsanya mêthuk | marang Rajaputra Mêdayin | sakêthi balanira | ambêkta tur-atur | datan kawursitèng marga | prapta enjing Buhartal atur upaksi | ing Gusti Kakungingrat ||

5. lamun Prabu Sahalsah kang prapti | Jayènglaga miyos siniwaka [si...]

--- 46 ---

[...niwaka] | munggèng ing têtarub andhèr | manggihi praptanipun | sira Prabu Sahalsah nênggih | sampun tundhuk kalawan | Menak Jayèngsatru | Natèng Sulebar mangrêpa | atur-atur wus samya makuwon sami | nunggil lan wadya Ngarab ||

6. anggung kasukan ing siyang latri | sugatanira Natèng Sulebar | anèng Tagêlur karamèn | wau ta kang winuwus | laminira kawan dasa ri | wong Menak sinugata | nèng nagri Tagêlur | warnanên Raja Kistaham | dènnya numpak anèng muara Nistani | akathah kang pangkalan ||

7. mila kantun praptaning Sêrandil | antarane kawan dasa dina | Kistaham kala angkate | saking nagri Mêdayun | angriyini kawan dasa ri | panusule wong Menak | mangkana winuwus | Raja Kistaham praptanya | ing muara Tagêlur kagyat ningali | saking doh lamat-lamat ||

8. palwa tembak samya dèn panjêri | ing daludag lêlayu bandera | Kistaham sandeya tyase | kèndêl palayaripun | panarkane Natèng Sêrandil | Lamdahur arsa mangkat | nglurug mring Mêdayun | panuju palwa anabrang | pinêgatan cinêkêl marang Kadarsi | lajêng katur ing rama ||

9. wong minanta kang dèn têtakoni | lah ta iki paraune sapa | wong minanta lon ature | punika palwanipun | putra mantu Natèng Mêdayin | nênggih ingkang pêparab | Menak Jayèngsatru | sampun kawan dasa dina | praptanipun wontên Tagêlur ing ngriki | badhe mukul ing

--- 47 ---

Selan ||

10. Prabu Kistaham têtanya malih | paran tingkahe para dipatya | kang tunggu tampingan kene | pan inggih sami nungkul | pan sadaya urut pasisir | Buhartal prang kasoran | kabala ing ngriku | Natèng Sulebar wus prapta | atur-atur angirid kang pra dipati | Kistaham duk miyarsa ||

11. langkung kêju tyas ngungun tan sipi | animbali marang putranira | Kobatsarkat pambajênge | Kadarsi aranipun | Radèn Histun Kistun wuragil | lan sagung pra punggawa | supênuh samya pul | gunêm nèng palwa rum baya | putra kapat ingkang tinari ngramèki | kaya pa iki baya ||

12. apa bali mulih mring Mêdayin | apa banjur seba mring wong Menak | iya ngiring salakune | padha ngaku ingutus | mring Bathara Anyakrawati | bantoni ing ayuda | amèt galihipun | malar silih kasiliba | katungkula kêna ing paekan mami | rêmbag putra sakawan ||

13. sigra layar sadaya uminggir | praptèng sungapan sigra utusan | angriyini ing inggahe | Kadarsi kang dèn utus | panggih lawan Umarmayèki | tinanggap aturira | binêkta malêbu | katur ing Sang Kakungingrat | duk siniwèng sagung kang para narpati | Kadarsi prapta nêmbah ||

14. amba ingutus pun bapa gusti | mila prapta nusul saha bala | rama paduka dhawuhe | ambantoni pukulun | inggih saking awalanggalih | dhatêng lampah paduka | manawi Lamdahur | awrat sinanggèng ayuda | pan pun paman kang kinèn [ki...]

--- 48 ---

[...nèn] ngapèn-apèni | gusti ing lampah tuwan ||

15. mèsêm Wong Agung Wiradimurti | Umarmaya kang kinon mêthuka | praptèng sungapan lampahe | Kistaham wus tumurun | saha bala sampun apanggih | kalawan Umarmaya | kabèh wadyanipun | kinantun nèng ara-ara | Sang Kistaham kerid ngayunan wus prapti | mêndhak angaras pada ||

16. langkung dènnya noragèng minta sih | pinaringan pisalin sadaya | Kistaham sampun ingangge | kinèn jajar alungguh | lawan Prabu Sahalsah nênggih | Kistaham sigra nêmbah | pan sampun alungguh | Prabu Sahalsah têtanya | bêkta pintên bala Kistaham nauri | pan inggih mung sayuta ||

17. Prabu Sahalsah wêwah dènnya jrih | mring wong Menak mulat ing Kistaham | nêmbah pratingkah gustine | mangkana budhal sampun | saha bala ingkang ngaturi | Sahalsah mring Sulebar | saha bala kêbut | Raja Kistaham tut wuntat | sawadyane umiring ing Jayèngmurti | marga tan kawursita ||

18. praptèng Sulebar wus dèn aturi | angadhaton de Prabu Sahalsah | makuwon nèng pasebane | sagunging para ratu | myang Kistaham makuwon sami | langkung dènnya nyugata | Sahalsah winuwus | agung siyaga gêgaman | cinarita pan sampun kawan dasa ri | dènira nèng Sulebar ||

19. gantya winarna nagri Sêrandil | Sri Lamdahur lagya siniwaka | munggèng panangkilan andhèr | punggawa para ratu | myang satriya kang pra dipati |

--- 49 ---

prajurit ulubalang | pra mănca kèh rawuh | Lamdahur lunggyèng amparan | patik rêtna alêlèmèk prangwadani | janggêrêng wêntis tumpang ||

20. yèn siyunga Sang Natèng Sêrandil | dêdêgira sarupèng dênawa | anambaga sarirane | ngumbala remanipun | simbar jaja kadya walingi | irêng-irênging netra | sakucuning kêmpul | wajanya bêlah angraras | kadya tatah aparik-parik ngajrihi | jaja ujung sajêngkal ||

21. sabongkot tan[2] wêntise kêkalih | tuhu ngebat-ebati kalintang | Prabu Lamdahur warnane | wadya kang mulat takut | lamun ana pinandêng liring | pucêt tanpa udaya | ngalumpruk lir kapuk | agêng aluhur sêmbada | yèn ngandika gumalêgêr angajrihi | lir orêg kang bantala ||

22. ingkang munggèng ngarsa narapati | sira Sang Raja Orang Kaorang | tur sêmbah alon ature | pukulun sang aprabu | wontên mêngsah saking Mêdayin | senapatining yuda | Menak Jayèngsatru | kang dadya ibnu suraya | Sri Bathara botên nindaki pribadi | amung ibnu suraya ||

23. nèng Tagêlur dènnya pacak baris | pun Buhartal umagut kasoran | têmah nungkul sabalane | malah ramanta prabu | ing Sulebar mêthuk manggihi | duta wus pinondhongan | dhatêng prajanipun | badhe mantune sang nata | ing Mêdayin Kalana Jayadimurti | mila sagah samăngsa ||

24. bêdhah Sêrandil Sang Jayèngmurti | duk praptane pabean punika | mung sawidak prajurite | Buhartal gangsal èwu | parandene [pa...]

--- 50 ---

[...randene] datan ngudhili | Buhartal prang kasoran | ngandika Lamdahur | pira dêdêging satriya | Jayèngmurti kang sanggup bêdhah Sêrandil | lan prajurite pira ||

25. Prabu Orang Kaorang turnya ris | aturipun kang atur uninga | pidêgsa sêdhêng dêdêge | pan botên agêng luhur | bagus mawi cahya nêlahi | balane kalih yuta | lawan kang bêbantu | longkang kawan dasa dina | praptanipun pabean andêl Mêdayin | nama Raja Kistaham ||

26. duk miyarsa guguk sri bupati | kalingane nora tuku warta | durung adol parungune | satriya ingkang rawuh | lamun ingsun agêng tur inggil | lan gêdhe gadaningwang | bobot sèwu satus | wong têlung atus tan kangkat | ingsun undha kuthagara sun antêbi | luluh lumrèng bantala ||

27. kang prajurit pirang-pirang kêthi | ratu mănca samya jrih sadaya | ing gadaningsun gêdhene | baya sêlak kasusu | gone tămpa ganjaran putri | lah padha sira nêngna | ing lair dèn tambuh | dimèn prapta kuthaningwang | iya besuk ingsun cêkêle pribadi | sun karya mêng-amêngan ||

28. kunêng ingkang lagya gunêm kawis | lan pra ratu satriya punggawa | warnanên wau lampahe | Kalana Jayèngsatru | lawan Prabu Sahalsah nênggih | sawadya para nata | ing Sêrandil rawuh | rêrêp nèng dhusun Ampeyan | saking kitha kantun lakon kawan ari | bêngawan gêng kawuntat ||

9. Pangkur

9. Sang Amir kintun sêrat panantang dhatêng Prabu Lamdahur

1. Wong Agung Menak angatag | mring kang raka Menak Abas nênulis | srat panantang mring Lamdahur | Menak Abas nênurat | tan adangu kang sêrat wus dadya sampun | katur ing Sang Jayèngrana | sinungkên Umarmayèki ||

2. puniku ingkang dinuta | lèngsèr saking ngarsa umêsat aglis | ing marga datan winuwus | prapta kèndêl gapura | duk sineba sira Sang Prabu Lamdahur | lênggah munggwing patarana | supênuh pra mănca aji ||

3. wontên wong sariyu prapta | ingkang kinèn karya makutha dadi | kasaru wong tunggu pintu | matur yèn wontên duta | nênggih saking pun Kalana Jayèngsatru | kayungyun warnaning duta | sêmbrananipun nujudi ||

4. Prabu Lamdahur ngandika | timbalana caraka ingkang prapti | sigra tinimbalan sampun | Marmaya lincak-lincak | Sri Lamdahur tumingal suka angguguk | caraka dèn parêk ngarsa | kinongkon apa sirèki ||

5. Marmaya ngaturkên surat | wus tinampan mring Sang Prabu Sêrandil | binuka sinukmèng kalbu | têmbunge punang surat | layang ingsun Kalana Anjayèngsatru | kang kasub kaonang-onang | Kakungingrat Jayèngmurti ||

6. prawiradi murtining prang | kang minăngka putra suraya aji | pêpakuningrat Mêdayun | kasumbung Jayèngrana | ingkang dhingin pamuji marang Ywang Agung | kapindho marang utusan |

--- 52 ---

iya Jêng Nabi Ibrahim ||

7. têkaa marang ing sira | Alamdahur narendra ing Sêrandil | wruhanira lakuningsun | ingutus mring sang nata | ing Mêdayin kinèn bănda ing sirèku | yèn sira nora nungkula | ing salakuningsun iki ||

8. ing besuk ingsun cêngkalak | ingsun gawa bêbandan mring Mêdayin | yèn mogok sun gawa lampus | sun cangking murdanira | lamun arêp urip mapaga maringsun | ngaturna panungkulira | bêrana kang adi-adi ||

9. Lamdahur kalangkung duka | duk miyarsa sêrat sinêbit-sêbit | pan sarwi ngandika asru | hèh kakang Rajèng Mlaka | baya bêcik kang dèn ajapakên iku | makutha ngong lagya dadya | nuli ana surat prapti ||

10. makutha maksih nèng ngarsa | Umarmaya nêmbah umatur aris | patikbra mulat pukulun | makutha padukendra | langkung pelag pasang warna rakitipun | nanging kang maksih kuciwa | dene ta netrane sami ||

11. rêtna kang munggwing makutha | dèrèng pantês kagêma paduka ji | ngandika Prabu Lamdahur | sira wruh intên pelag | Umarmaya umatur sarwi gumuyu | inggih ugi pan kawula | anake wong nyarawèdi ||

12. yèn mangkono tingalana | sarwi mengo kêcoh sri narapati | mangsit wong tunggu manguntur | samya kinèn prayitna | makutha wus pinaring Umarmayèku | lah payo dêlêngên uga | intêne kang ala êndi ||

13. makutha wus tinampanan | Umarmaya matur ngiling-ilingi | punika ingkang

--- 53 ---

hèr laut | hèr gêni lan hèr kêmbang | dèrèng pantês yèn kagêma ratu agung | sampun kantos katrocoban | inggih samia hèr thathit ||

14. sawusnya matur mangkana | Umarmaya umêsat sigra lari | opyak samya kinèn bujung | gègèr ing panangkilan | Umarmaya dêdêl malumpat mandhuwur | kêbat mêsat kadya kilat | tan ana bisa nututi ||

15. wadya matur tan kacandhak | lumpatipun pukulun kadi thathit | sri narendra langkung bêndu | age mêlananana | gajah ingsun sigra pinêlanan sampun | dipăngga wus munggwing ngarsa | têdhak sang nata wus nitih ||

16. sarwi ngandika mring bala | siyagaa sun lude si mancuri | ngapusi makuthaningsun | sarya mêlak dipăngga | mandhi gada Marmaya nolih andulu | lamun nututi sang nata | gya lumayu nampèl wêntis ||

17. wus prapta jawining kitha | kumalebat Umarmaya kaèksi | Lamdahur sru nguwuh-uwuh | Umarmaya mandhêga | sun tibani gada dimèn ajur mumur | Marmaya sirig kewala | lamun têbih angantosi ||

18. lamun wus cêlak lumajar | langkung duka sang prabu ing Sêrandil | sapuruge tinut pungkur | Marmaya manjing wana | kèndêl ngungak-ungak ampingan wit bulu | tinarka măngsa banjura | pasthi wangsul mring nagari ||

19. tan adangu kapiyarsa | ting garêpêk kêkayon kang kaplipis | ing dipăngga lampahipun | kagyat Ki Umarmaya | ala têmên Lamdahur maksih anusul | Marmaya nampèl wêntisnya | ingantêp [i...]

--- 54 ---

[...ngantêp] mêsat lir thathit ||

20. wus praptèng pakuwon Ngarab | Jayèngmurti siniwi ing para ji | Umarmaya praptèng ngayun | napasira rênggosan | pan dinangu paran ta lakunirèku | Marmaya atur makutha | sarya matur solahnèki ||

21. gèn kula ngapusi ngrika | makuthane sang prabu ing Sêrandil | trusthèng tyas Sang Jayèngsatru | tinutur mulanira | tinanggapan para nata ebat dulu | dene agênge makutha | tinaritis sêsotya di ||

22. hèr bumi lawan hèr kêmbang | angandika Wong Agung Jayèngmurti | nyata gêdhe Si Lamdahur | kêtara ing makutha | nora ana sêdhêng ingkang para ratu | pasthi yèn logro sadaya | Umarmaya matur aris ||

23. punika lamun sêmbada | pun Marmadi agêng nanging tan inggil | pan mung ratu dhedhak-dhedhuk | mèsêm Sang Kakungingrat | pinaringkên marang Marmadi wotsantun | ingangge sêdhêng prayoga | Sang Jayèngmurti lingnya ris ||

24. hèh Marmaya kayaparan | ingsun arsa wruha sakêdhap ugi | iya marang Si Lamdahur | kayaparan ing tingkah | Umarmaya matur yèn karsa pukulun | kêdah têmên arsa wikan | tuwan nitiha turanggi ||

25. suwawi dhatêng ing wana | sampun mawi bêkta abdi satunggil | amung lan kula pukulun | katiga Kalisahak | pun Lamdahur wau nututi katèngsun | nanging ta inggih tan nyandhak | duk kawula nampèl wêntis ||

26. turăngga wus kinapanan | kawot sagung kapraboning ajurit | lajêng [la...]

--- 55 ---

[...jêng] nitih Jayèngpupuh | Umarmaya nèng wuntat | tan kalilan pra ratu kang arsa tumut | kuda nandêr praptèng wana | wau ta Natèng Sêrandil ||

27. duk lagya mêlak dipăngga | langkung kagyat Lamdahur aningali | sujanma ingkang lêlaku | amung katiga kuda | ya ta wau Marmaya mulat umatur | inggih punika wong Menak | warnane Rajèng Sêrandil ||

28. Jayèngmurti gawok mulat | Umarmaya umpêtan anèng wuri | Prabu Lamdahur tan pandung | mulat ing Umarmaya | asru mojar wong anom sapa aranmu | lan ing ngêndi prajanira | dèn iring ing buron mami ||

29. aywa ngukuhi wong ala | iya iku duwe dosa ing mami | sun jaluk ulungna gupuh | sun antêbane gada | si kuthila dimèn ajur dadi bubuk | sumaur Sang Jayèngrana | iya iki batur mami ||

30. yèn sira tambuh maringwang | iya ingsun satriya ing Mêdayin | kang pinutra-putra dhanu | mring Bathara Nusirwan | kawijilan saking Arab bangsanipun | kang kaonang jagad raya | kang sanggup marang sang aji ||

31. analèni marang sira | anêmbahkên mring Prabu Nyakrawati | gumuyu sênggak Lamdahur | hèh kalingane sira | pangiride mungsuh Mêdayin kang rawuh | kang sanggup mukul ing Selan | yèn pêcah kutha Sêrandil ||

32. amocok jangganing raja | yèn kalakon tămpa tariman putri | iya talah guyuningsun | sira kang aran Ambyah | maksih jèdhèng sanggup ambêdhah praja

--- 56 ---

gung | lan iya maksih satriya | durung umadêg narpati ||

33. wani nglawan ingsun ngrana | dèn prayitna sangganên gada mami | Wong Agung Menak gya kudhung | parise băndabaya | mutêr gada Lamdahur lajêng amupuh | bajra nut siyuting gada | lir prahara nêmpuh wukir ||

34. mubal agni paris waja | kantar-kantar katiban gênging bindi | asênggak Prabu Lamdahur | lah ajur sira Ambyah | kasat mata tan osik astanirèku | hèh nyata prajurit sira | sun nyana sira wor siti ||

35. dening ta sira kuwawa | anadhahi tibaning gada mami | sun gadakkên gapura gung | kuthagara ing Selan | mung sapisan kutha ajur anggalêpung | saking gênge gadaningwang | lan kuwate asta mami ||

36. lah payo sira malêsa | iya Ambyah sun arsa angicipi | apa kang anèng sirèku | angling Sang Jayèngrana | hèh Lamdahur mêngko yèn ganêp ping têlu | sun malês gada ing sira | aywa na mundur ing jurit ||

10. Durma

10. Pêrangipun Sang Amir kalihan Prabu Lamdahur

1. Alamdahur gya ngingêr dipangganira | sarwi anggada malih | ingantêp tibanya | gada gêng lir prahara | tumibèng paris mêtyagni | akantar-kantar | orêg lindhu kang bumi ||

2. sruning gada jumêbrèd pan kadi kilat | nulya pinupuh malih | anjrit Kalisahak | suku tumanêm lêmah | kapadal dening panangkis [panang...]

--- 57 ---

[...kis] | ewamangkana | tan osik Jayèngmurti ||

3. Alamdahur asru dènnya angandika | Ambyah nyata prajurit | dene sira kêlar | nadhahi gadaningwang | lah payo malêsa aglis | Sang Jayèngrana | sigra ngêtap turanggi ||

4. sarta ngangkat gada saking putra Kebar | wawrat sèwu mas kati | Lamdahur tumingal | guguk dènnya ngandika | nora layak Jayèngmurti | gadaning bocah | kang sira anggo iki ||

5. gadaningsun iki lah sira anggoa | inguncalakên aglis | prayitna sinăngga | dening Sang Jayèngrana | ingulukkên mring wiyati | lir alap-alap | tibane dèn tadhahi ||

6. ciptanira Lamdahur tiba ing jaja | pasthi ajur Si Amir | tan wruh yèh sinăngga | ingikal munggwing asta | ingundha-undha kang bindi | Sang Rajèng Selan | ebat dènnya ningali ||

7. duk pinutêr gada munggèng astanira | ngandika Jayèngmurti | hèh Lamdahur sira | sun walês dèn prayitna | ing gadanira pribadi | kudhung sang nata | ing parisannya wêsi ||

8. nora gadug Jayèngmurti ngadêg sigra | sarwi nabêt turanggi | kuda Kalisahak | pêsate lan bantala | tigang dhêpa winitawis | sarwi anggada | udhune Jayèngmurti ||

9. gênging bindi rosane ingkang anggada | kuwate kang nadhahi | gigiring dipăngga | tugêl sruning kapadal | Lamdahur tiba kuwalik | akurangkangan | obah bêbalungnèki ||

10. ingkang satus rongpuluh ngungun sang nata | satanginira aglis [a...]

--- 58 ---

[...glis] | bêkuh narik pêdhang | sukune Kalisahak | kang arsa sinabêt aglis | Sang Jayèngrana | têdhak saking turanggi ||

11. ngadêg anèng ngajêngira Kalisahak | pêdhang-pinêdhang nuli | dharat yudanira | rame amain pêdhang | satêngah ro dènnya jurit | Lamdahur mojar | wus suwe aprang iki ||

12. kuciwane Ambyah tan ana kang surak | tan ana kang ningali | mung kayu lan lêmah | kang wêruh yudaningwang | yèn bêcike Jayèngmurti | angundang bala | anaa kang nyuraki ||

13. hèh wong Menak payo mring kadhatèn[3] ingwang | sira ingsun têtami | aywa walangdriya | ing besuk maning aprang | ngandika Sang Jayèngmurti | lah kaya ngapa | sun turuti sirèki ||

14. dene mungsuh têka angundang maringwang | Lamdahur lingira ris | aywa walangdriya | sira sun sungga-sungga | wasana têmah nuruti | Sang Jayèngrana | sarêng dènnya lumaris ||

15. praptèng păncaniti maksih para nata | wadya kang samya nangkil | marang gustinira | Lamdahur sigra nyandhak | astanya Sang Jayèngmurti | ngaturan lênggah | ing padmasana adi ||

16. Alamdahur gya lênggah munggèng wijoan | anèng ngarsanira Mir | kagyat para nata | punggawa mantri Selan | dene praptane sang aji | anggawa mêngsah | langkung dènnya ngurmati ||

17. angrêrangin larih midêr kaping tiga | prayitna Jayèngmurti | Lamdahur lingira | pagene tan nginuma | myang nadhah sira tan apti | ywa walangdriya | ngandika Jayèngmurti ||

--- 59 ---

18. kaya ngapa lamun ingsun amangana | ing suguhira iki | besuk esuk aprang | ingsun kalawan sira | Lamdahur lingira aris | luwih ta sira | nginuma bae dhingin ||

19. samya nginum nanging wong Menak prayitna | tan arsa dèn larihi | mring punggawa Selan | nginum yèn linarihan | marang Marmaya pribadi | punika arsa | panginume Sang Amir ||

20. angrêrangin sênggake kang para nata | punggawa ing Sêrandil | dhatêngakên suka | kêploke atimbalan | lêlawuhan nayub asri | pamêng-amêngan | sadaya ngasmarani ||

11. Asmaradana

11. Sang Amir dipun subya-subya dening Prabu Lamdahur

1. nata punggawèng Sêrandil | miyat cahyane wong Menak | para mantri sadayane | kadya tan samaning janma | kang mulat kaulapan | lir tranggana nglud sitangsu | kadya banguning kartika ||

2. panangkilan ing Sêrandil | pama rinênggèng markata | surêm sunaring pra katong | ngujwala binatu rêtna | merang marang ujwala | saengga jalma pinurun | saking ngendra ariloka ||

3. kacipta rêsêping galih | punggawa mantri ing Selan | gustiningsun gêdhe gombong | iki satriya kang prapta | tan ana kalonglongan | wutuh bêntêt takêripun | cahyane apindha wulan ||

4. mangkana Sang Jayèngmurti [Ja...]

--- 60 ---

[...yèngmurti] | pamit marang Rajèng Selan | hèh sang nata ingsun miyos | mulih mring pakuwon Mêkah | têdhak Sang Jayèngrana | Lamdahur ngatêr ing pintu | wong Menak wus nitih kuda ||

5. wau ta sagung narpati | punggawa satriya Ngarab | samya sandea manahe | gustine dangu tan prapta | sira Prabu Sahalsah | arêmbag samya anusul | kasaru ing praptanira ||

6. Kalana Jayadimurti | kalawan Ki Umarmaya | sawusnya lênggah pakuwon | lajêng bujana kasukan | lan sagung para nata | sadaya wus munggèng ngayun | miwah satriya punggawa ||

7. wêwarta Sang Jayèngmurti | satingkahe Rajèng Selan | miwah ta agêng luhure | ratu agung tanpa sama | prakuswa ing ayuda | mangkana dènira nginum | nutug sadalu bujana ||

8. enjang sagung pra narpati | têngara anata bala | gumrah suwaraning uwong | tri umung kang kalasăngka | sadaya wus sanega | sawadya sajuru-juru | angrênggêp gêgamanira ||

9. lori gandhi kalawahi | duduk gada lêmbing cacap | sadaya anut tunggule | rêmpêg lêlayu kakăndha | bandera warna-warna | kadya yayah wukir santun | kèksi saking ăntariksa ||

10. wadya kang sikêp jêmparing | endhe busur lan gadebag | datan kaliru prênahe | sira Sang Prabu Sahalsah | sampun munggèng ngayunan | miwah sagung para ratu | tuwin Sang Raja Kistaham ||

11. têdhak Sang Wiradimurti | kang wadya muntab balabar | prapta ing papan pêpandhèn [pê...]

--- 61 ---

[...pandhèn] | wus samya baris kalangan | lênggah Sang Kakungingrat | nèng wijoan palowanu | atap para ratu ngarsa ||

12. warnanên Natèng Sêrandil | Lamdahur nêmbang têngara | samêkta wadyabalane | sagunging nata punggawa | miwah para satriya | sawadya sajuru-juru | balabar yutan awêndran ||

13. saengga robing jaladri | kadya têdhuhing akasa | têmpur lan ardi katunon | untabe bala ing Selan | lir giri gara-gara | budhal Sang Prabu Lamdahur | mêdal marang jawi kitha ||

14. sagung panganjuring jurit | pangiriding para nata | Natèng Mlaka prabu ipe | Sang Raja Orang Kaorang | sumrêg ing lampahira | wadya tinut ing lêlayu | ingkang sumundhul ing wuntat ||

15. Sri Naranatèng Surati | Sang Raja Suratisdaham | tinon asri busanane | nulya sang prabu ing Siyak | sira Prabu Siyansah | ing wuri Natèng Trêngganu | lan Sang Natèng Batubara ||

16. bisikan Raja Brêjasi | ing wuri Sang Natèng Prasman | Raja Dihalsa namane | ing Jambi Raja Baskara | ingkang sumambung wuntat | ing Acih Raja Bastulu | ing Gêdhah Sang Raja Alam ||

17. sumambung Natèng Paracis | Raja Pilkus namanira | ing wuri Natèng Sêpanyol | anama Raja Tahilman | kang sumambung ing wuntat | Natèng Inggris kang jêjuluk | Raja Sawrêda namanya ||

18. cinatur bala Sêrandil | bacingah awarna-warna | Inggris Paracis Sêpanyol | punika kang kulit pêthak | ing Olan lan ing

--- 62 ---

Prasman | dene ingkang kulit wungu | ing Maldewa Batubara ||

19. wadya kang cêmêng Surati | ing Kêling lan ing Bênggala | bang-bang awak Minangkabo | sira Raja Giwangkara | wonge abang sadaya | wong Manila ingkang biru | wadyane Raja Nasansah ||

20. cacah wong măncanagari | punggawane wolung lêksa | apan sakêthi mantrine | malarsa ngrabasèng yuda | mring Mêdayin nagara | yèn sampuna sêlak rawuh | dutane Prabu Nusirwan ||

21. satriya Wiradimurti | wau ta lampahing wadya | kang mêdal saking kuthane | praptèng pamedan awiyar | katon mêngsah wadya Rab | wus samya dulu-dinulu | kadya paguting hèr nawa ||

22. Prabu Lamdahur duk mijil | nitih magêlonasmara | pun magêlo riwus layon | prapta têdhak saking liman | lênggah patarana mas | ingayap ing para ratu | wadya gung têpung kalangan ||

23. para nata ing Sêrandil | tyasnya prasamya gambira | kadya mong mulat mangsane | aningali mungsuhira | majêng samya tur sêmbah | pamit ing Prabu Lamdahur | kêdah magut miyosi prang ||

24. nanging Lamdahur tan apti | hèh sakèhe balaningwang | punggawa lan para katong | aywa na mêtu ngayuda | ingsun yèn maksih gêsang | yèn wis sêmpal bauningsun | ing kono sakarêpira ||

25. ngandika Prabu Sêrandil | hèh kakang Orang Kaorang | sira wus ngrungu wartane | mungsuh iki yèn sun sawang | barise warna-warna [warna-war...]

--- 63 ---

[...na] | kang kulon pêtêng ngêndhanu | têpung kang wetan bêranang ||

26. Prabu Kaorang turnya ris | sang nata kula miyarsa | kilèn kang gênggêng barise | wadyane Sang Kakungingrat | bêbêktan saking Arab | dene kang wetan puniku | barise Raja Kistaham ||

27. bêbantu saking Mêdayin | kang prapta kantun punika | bêkta sayuta balane | andêle Prabu Nusirwan | nênggih Raja Kistaham | kang nate bêdhah praja gung | boyong putri bănda raja ||

28. Lamdahur suka miyarsi | wau ta Sang Jayèngrana | ingayap kang punggawandhèr | Raja Kistaham mring ngarsa | nyêlaki mring Marmaya | atêtanya wuwusipun | hèh Marmaya sun têtanya ||

29. dêdêge Rajèng Sêrandil | apa nyata gung apanjang | miwah gêdhene gadane | Umarmaya saurira | rupane Rajèng Selan | yèn sira takon satuhu | nyata yèn agung apanjang ||

30. nanging pawakane tipis | kuru kaya gêgarukan | dinulu angolod-olod | gadane agoronggongan | upama dèn jawila | ing jariji loro runtuh | lompore kang awèh warta ||

31. dèn arani gung ainggil | gagah prakosa digdaya | nanging nora kêdhah-kêdhèh | suka Sang Raja Kistaham | wangsul marang gènira | akèn akêkapa sampun | kuda agêming ayuda ||

32. angrasuk kaprabon jurit | ngandika mring putra kapat | kulup arsa magut ingong | lamun ingsun matènana |

--- 64 ---

iya mring Rajèng Selan | pasthi sawurine wudhu | măngsa na wani maringwang ||

33. lan ginanjar rabi putri | marang Bathara Nusirwan | gya nyandhak pêdhang parise | lajêng marêk mring ngayunan | anggèr amba magut prang | yèn pêjaha pun Lamdahur | murda katur ing paduka ||

34. ngandika Sang Jayèngmurti | bok sira nora kuwawa | nanging dèn prayitna bae | Raja Lamdahur prakosa | nêmbah Prabu Kistaham | ingidèn mring Jayèngpupuh | mundur gya nitih turăngga ||

12. Durma

12. Umarmadi pêrang kalihan Lamdahur

1. maju ngrana sira Sang Raja Kistaham | sêsumbar nguwuh tandhing | payo mêtonana | êndi ratu ing Selan | ing kene kêmbulan jurit | duk amiyarsa | Lamdahur lir sinêbit ||

2. nyandhak gada têdhak saking padmasana | nitih magêloningsih | surak bala Selan | Lamdahur maju ngrana | tinon lir parbata siwi | luhur anglela | ebat kang aningali ||

3. dipanggane pinêlak Sang Prabu Selan | Kistaham aningali | ebat tur mêngkarag | andulu Rajèng Selan | jênggarang nèng luhur èsthi | Raja Kistaham | payus ciptèng jro ati ||

4. tuhu cidra ingsun dèn kênakkên ojat | marang Umarmayèki | yèn ingsun mundura | wirang samining raja | yèn tanggona ingsun mati | gugup kasêlak | nguwuh Natèng Sêrandil ||

--- 65 ---

5. hèh prajurit Mêdayin sapa ranira | kagyat sumaur aglis | ya ingsun Kistaham | gurune Menak Ambyah | andêl-andêling Mêdayin | gumuyu latah | sang prabu ing Sêrandil ||

6. wingi ingsun wus aprang lan sabatira | kuwate nglêliwati | mendah baya sira | pasthi luwih prawira | sabate Si Jayèngmurti | prandene dibya | payo gadaa aglis ||

7. hèh Kistaham sira gurune wong Menak | aja na nguciwani | ya ta ngundha gada | Kistaham julalatan | sarwi anggada sang aji | tinangkis asta | gadanya tibèng siti ||

8. narik pêdhang Kistaham pan arsa mêdhang | sigra Natèng Sêrandil | angayati gada | tumênga Sang Kistaham | gada gêng anglêliwati | sêdhêng lumarap | Kistaham nibèng siti ||

9. angoncati kuda kang katiban gada | luluh ajur wor siti | Umarmaya mulat | sigra ngatêri kuda | Kistaham wus kinèn nitih | Sang Prabu Selan | ngayati gada malih ||

10. sigra dènnya Kistaham nyamêthi kuda | lumayu marang wuri | amor bala kathah | anulya ingadhangan | marang Ki Umarmayèki | nanging amêksa | dipun sirati siti ||

11. ngucêk-ucêk mata sarwi nyabêt kuda | gumyak sagung ningali | solahe Marmaya | lawan Raja Kistaham | Prabu Lamdahur nututi | asru têtanta | marang Umarmayèki ||

12. hèh Marmaya pagene gurune Ambyah | têka lumayu jurit | sumaur Marmaya | dede guru

--- 66 ---

punika | satrune ing Jayèngmurti | de mau sira | nora tutur ing mami ||

13. yèn Kistaham satrune mring gustinira | wêruha mau uwis | ajur gadaningwang | sigra Prabu Marmadya | amit ing Sang Jayèngmurti | arsa maguta | mêthuk Natèng Sêrandil ||

14. angandika Wong Agung Marmadi aja | abot Natèng Sêrandil | bok sira tan năngga | Marmadi matur mêksa | nadyan si ngrubuhna langit | inggih manira | kêdah arsa ngicipi ||

15. Jayèngmurti mèsêm dènira ngandika | iya dèn ngati-ati | gya nitih dipăngga | ngrênggêp gêgamanira | praptèng rana wus apanggih | Lamdahur sigra | mrêpak ngiling-ilingi ||

16. pawakane Marmadi kang tiningalan | hèh wong apa sirèki | tumandang ayuda | apa ta lurah jagal | badhog srêgan rina wêngi | dhapurmu kiwa | wadhukmu jêjêmbêri ||

17. asru ngucap Marmadi nauri sugal | pagene kopraduli | marang wêtêng ingwang | pan ingsun iki lurah | sakèhe para narpati | ngidhêp maringwang | balane Jayèngmurti ||

18. sru gumuyu Lamdahur asênggak-sênggak | tiwas têmên Si Amir | gawe lurah sira | angrèhkên para nata | tan pantês sira prajurit | mung patutira | dadia lurah koki ||

19. rina wêngi anggung anèng pabêthakan | aywa dadi prajurit | tan panuju sira | Marmadi angling sugal | anak ratu agung mami | nadyan wak ingwang | ya dadi ratu luwih ||

20. kadang ingsun lanang patang [pa...]

--- 67 ---

[...tang] puluh papat | padha umadêg aji | nagri sowang-sowang | aja sira mêjana | nadyan ala rupa mami | jêr dadi raja | kêbat payo ajurit ||

21. Alamdahur latah sarwi ngangkat gada | kudhunga dèn abêcik | parisamu waja | ingsun antêbi gada | Marmadi wus kudhung nuli | sigra ginada | marang Prabu Sêrandil ||

22. pan jumêprèt lir gêlap tibaning gada | surak bala Sêrandil | măngsa tan lêbura | si dhedhuk ika sirna | adat iya ratu mami | lamun anggada | durung kongsi mindhoni ||

23. apan anjrit Marmadi dipangganira | wulu marêbêl gêtih | mumêt sanalika | gumêtêr sariranya | sira Prabu Umarmadi | nging tinahênan | angling Natèng Sêrandil ||

24. ingsun tarka dhedhuk sira awor kisma | iku ta maksih urip | lah payo malêsa | dhedhuk sira gadaa | sigra Prabu Umarmadi | angangkat gada | sarwi ciptèng jro ati ||

25. sun gadaa parisane Rajèng Selan | măngsa dadia kardi | pasthi tan kêrasa | yèn nora lawan akal | sun pilihane kang tipis | dipangganira | ingingêrakên ngering ||

26. jêjithoke Lamdahur kang dipun gada | kagyat jumbul sang aji | ngêsês krasa lara | si busung liwat ala | culika tingkahing jurit | cidra ing gada | ingsun nganggo ling-aling ||

27. ingkang tanpa paris waja sira gada | dudu trape wong bêcik | Umarmadi ngucap | singa-singa kang kêna | ujêr si wong rêbut pati | yèn anggadaa | ing pasiramu

--- 68 ---

wêsi ||

28. iya măngsa kêrasaa dening sira | marma jithok sun bindi | nadyan tan matia | mumêta panonira | sudaa kuwatmu thithik | wusnya mangkana | rame dènira jurit ||

29. sèlèh gada pan sami pêdhang-pinêdhang | pêdhang wus tanpa kardi | tikêl kalihira | nulya sêndhal-sinêndhal | arame tarik-tinarik | dènira aprang | apan kongsi salingsir ||

30. nulya candhak-cinandhak kang wêwangkingan | sang prabu ing Sêrandil | jinunjung tan obah | Marmadi maras-maras | binantinga ingsun iki | tan wande pêjah | sigra dènira bithi ||

31. netranira Lamdahur kagyat anjola | inguculkên Marmadi | bingung Natèng Selan | sarwi atutup mata | nyata baring Umarmadi | prang anggung cidra | têtêp ratu panyakit ||

32. ing ayuda Marmadi sakarêpira | iya ingsun turuti | nanging aywa cidra | nulya candhak-cinandhak | Marmadi arsa ambanting | ngêtog tuwanya | nging maksih tan kuwawi ||

33. Umarmadi ciptanira pan wus sayah | Lamdahur iku maksih | kuwat durung sayah | ingsun satêmah tiwas | nulya bithi mata malih | surak gumêrah | wong Arab wong Sêrandil ||

34. Jayèngmurti suka dènira tumingal | solahe Umarmadi | wau kang ayuda | Lamdahur ngunandika | si busung iki pan isin | yèn ngundurana | yèn nora sun wiwiti ||

35. hèh Marmadi payo wis undur-unduran | ing besuk aprang maning | aywa liya mangsah | amung ingsun lan sira | Marmadi gumuyu angling | bonggan wak ingwang |

--- 69 ---

gêlêma mêtu jurit ||

36. parêng mundur Lamdahur lan Umarmadya | têngara dèn têtêgi | mungsuh lawan rowang | sarêng ing undurira | Marmadi praptèng ngarsa Mir | atur pranata | dinangu èsmu manis ||

13. Dhandhanggula

13. Pêrangipun para raja wadyanipun Sang Amir tandhing kalihan Prabu Lamdahur

1. amakuwon Sang Wiradimurti | saha bala pan lajêng drawina | lawan para ratu kabèh | miwah Prabu Lamdahur | saha wadya para narpati | kondur malêbèng kitha | bujana anayub | ing dalu tan winursita | wusnya enjing muni têngaraning jurit | kêndhang gong asauran ||

2. sampun mêdal bala ing Sêrandil | saking kitha nèng papan balabar | tuwin bala Ngarab kabèh | Kalana Jayèngsatru | lênggah mungguh ing palowani | ingayap para nata | punggawa gung-agung | sanega saos ing ngarsa | wau sira Sri Naranatèng Sêrandil | nitih dipangganira ||

3. kamot sagung kapraboning jurit | mangsah ing rana prapta sêsumbar | hèh Umarmadi dèn age | aja liya kang magut | nutugakên ing aprang wingi | Umarmadi miyarsa | gumujêng amuwus | Si Alamdahur wong edan | wong wus mênêng-mênêng dèn kon mêtu jurit | gumyak kang para raja ||

4. Natèng Jiyan sigra dènira mit | Raja Arjan wus nitih dipăngga | ingidèn umangsah age | praptèng payudan sampun |

--- 70 ---

Alamdahur sigra mrêpêki | ngiling-ilingi mojar | sun sêngguh si busung | sira iki iya sapa | ingsun ratu kadange Prabu Marmadi | kadang ingkang panênggak ||

5. Raja Arjan ing Jiyan nagari | payo apa kang ana ing sira | Lamdahur sun tadhahane | sigra Prabu Lamdahur | ngangkat gada wus kudhung aglis | parise Prabu Arjan | gada gêng tumêmpuh | jumêbrèt pan kadi gêlap | parisira Raja Arjan mubal api | wadya surak gumêrah ||

6. dipangganjrit tinahênan ugi | Natèng Jiyan sigra ngangkat gada | gada-ginada arame | gantya pupuh-pinupuh | Natèng Jiyan lamun ambindi | tinangkis lawan asta | mring Prabu Lamdahur | yèn Natèng Selan anggada | Raja Arjan atangkis parise wêsi | asta tahên ngêmu rah ||

7. sèlèh gada kang ayuda kalih | narik pêdhang prang pêdhang-pinêdhang | duduk-dinuduk arame | angling Prabu Lamdahur | wis mundura Arjan sirèki | sayah bok sira pêjah | Natèng Jiyan mundur | nulya Sang Raja Jalkumar | Natèng Kartal wus amit ing Jayèngmurti | nitih dipăngga mangsah ||

8. praptèng papan Lamdahur sru angling | sapa ranmu sun aran Jalkumar | marang Arjan sun arine | sigra pupuh-pinupuh | surakira gumuruh atri | tan ana kang kasoran | kasaput ing dalu | mundur kalih kang ayuda | cinarita prangira bala Nata Mir | lawan Sang Prabu Selan ||

9. tigang wulan sabên ari jurit | Alamdahur tan angadu bala [ba...]

--- 71 ---

[...la] | angawaki aprang dhewe | kadange Marmadyèku | ratu patang puluh wêradin | ing sabên ari aprang | sami dibyanipun | ratu patang puluh papat | sabên enjing amiyosi kalih-kalih | sakêmbar-sakêmbaran ||

10. kuwatipun digdayane sami | amung wolung rakit ratu kêmbar | Rajèng Selan pangrasane | punjul lan kadangipun | ratu ing Jongmirah kêkalih | Durdanas lan Durdanam | Kustur Malikustur | Kosani kadhatonira | Raja Jeras Malijeras iku dadi | Baritma Maliritma ||

11. ing Sriwulan Masmakana nênggih | Raja Barubiksun Natèng Sardal | lan Biksun Natèng Siyake | Kadarsi ardi Samut | lan sang prabu ing Betalpêkih | Raja Hohèn kêmbarnya | Jahèn Natèng Tabun | kang samya awrat ing yuda | Natèng Ngyaban Sang Raja Kanjir Mukanjir | liya puniku samya ||

12. liya ratu kadange Marmadi | para nata prajuritirambyah | ratu ing Kebar prang rame | Yusupadi prange pur | ing Ngabêsah Radèn Tohkarib | aprang êpur sadina | Rajèng Kangkan pupuh | Prabu Hukman pur sadina | ing Badakir Sang Raja Darbarun Ali | aprang êpur sadina ||

13. Raja Drikahar Sang Natèng Jabin | dènira prang lan prabu ing Selan | kalangkung dènira rame | malah kasaput dalu | Natèng Lekan Raja Pardasin | aprang êpur sadina | Sang Raja Ardabun | narendra ing Mudalipah | prang sadina kalawan Prabu Sêrandil | lamine cinarita ||

14. balanira Menak [Mena...]

--- 72 ---

[...k] Jayèngmurti | dènira prang nênggih tigang wulan | têlulas dina punjule | sabên ari prang pupuh | para ratu aganti-ganti | lawan Sang Rajèng Selan | andina prange pur | pan amung Rahadèn Maktal | kapitêmên dènirarsa magut jurit | nanging datan linilan ||

15. saking sumêlang tyas Jayèngmurti | mring Lamdahur ciptaning wardaya | dadia kanthi ing têmbe | wau Sang Jayèngsatru | dènira prang pitulas wêngi | jangkêpe tigang wulan | prangira Lamdahur | wêrata bala Nata Rab | mung wong Menak ngawaki pitulas ari | mundur suruping arka ||

14. Durma

14. Prabu Lamdahur kasor yudanipun dening Sang Amir

1. pan pitulas dina tan ana kasoran | Lamdahur Jayèngmurti | aprang sabên dina | malah ta cinarita | wong agung kêkalih sami | karya taratag | rambat madyaning jurit ||

2. samya bêkta palênggahan sowang-sowang | lamun sayah ajurit | malêbèng taratag | anginum kalihira | agantya larih-linarih | yèn mari sayah | sarêng mêdal ajurit ||

3. sabên dina pan mangkana solahira | sagung gêgaman jurit | pan wus tanpa karya | miwah sakèhing gêlar | cinêndhak caritanèki | mung prang wêkasan | kinarya wahya malih ||

4. sakathahe cinaturakên kewala | mangkana Jayèngmurti | anèng

--- 73 ---

rananggana | lawan Lamdahur aprang | ngandika Sang Jayèngmurti | hèh Rajèng Selan | tanpa wêkas prang iki ||

5. amung siji gêlar durung linakonan | payo banting-binanting | mênang kalah enggal | gumuyu Rajèng Selan | baya ta sira mêkasi | sapa tan wruha | yèn ingsun gêng ainggil ||

6. pan sirèku pidêksa maksih taruna | tan wande wor lan siti | yèn ingsun bantinga | ngandika Jayènglaga | iya sakarêpirèki | arêbut bêgja | singa tiwas ngêmasi ||

7. asru mojar Lamdahur payo ubaya | singa kasor ing jurit | tiningkah kawula | sira yèn wus kasoran | suwitaa marang mami | yèn ingsun kalah | banjur ngabdi sirèki ||

8. Jayèngmurti nauri sakarêpira | sang nata sun turuti | lah payo junjunga | mrêpak Sang Jayèngrana | ngadêg nèng ngarsanirèki | Sang Prabu Selan | sigra anyandhak aglis ||

9. sarwi sênggak pangangkate Rajèng Selan | ananging datan osik | astanya ngêmu rah | gêtêm mêksa tan kangkat | netranya marêbêl gêtih | ingangkat-angkat | wong Menak datan osik ||

10. Alamdahur gumêtêr sariranira | inguculakên aglis | kiyu mar astanya | suku tumanêm lêmah | lah payo malêsa aglis | junjungên ingwang | sigra Sang Jayèngmurti ||

11. nyandhak wangkingane sang prabu ing Selan | sarwi nolih ing wuri | sigra Umarmaya | nampani wangsitira | topong ingulukkên aglis |

--- 74 ---

dyan bala Ngarab | sadaya tutup kuping ||

12. miwah têtunggangan samya tinutupan | bandera dèn lêt-lêti | myang tunggul daludag | kabèh wus linêlêtan | Umarmaya wus amangsit | mring Radèn Maktal | ngadhangi wong Sêrandil ||

13. nulya pêtak wong Menak sarwi angangkat | kajunjung sri bupati | kagyat bala Selan | anarka langit rêbah | malêdug turăngga èsthi | akèh kantaka | kang apês wong Sêrandil ||

14. ingulukkên Lamdahur mring awang-awang | mêsat katon sapêksi | tibanya cinandhak | ingundha anèng asta | nulya ingulukkên malih | tiba sinăngga | ebat sagung ningali ||

15. tinon wadyabala sawusnya ping tiga | nulya binanting siti | apan sarwi pêtak | gumlinting Rajèng Selan | tarutul Umarmayèki | wus tinalenan | kasrah ing Umarmadi ||

16. bala Selan ngungun kêkês dènnya mulat | sagung punggawa mantri | malêdug sar-saran | amung kang para nata | prasamya ngêsrahkên sami | asta tikungan | kathah kang dèn talèni ||

17. nulya mundur wong Menak sawadyanira | bêkta Natèng Sêrandil | Lamdahur angucap | pagene awak ingwang | sinangsaya dèn talèni | sadurunging prang | jangji singa kajodhi ||

18. banjur ngabdi sumaur Wong Agung Menak | besuk ingsun uculi | yèn ingsun wus nabrang | mulih têka ing Selan | ana tandhanira dhingin | yèn kalah aprang | kèndêl Natèng Sêrandil ||

19. praptèng

--- 75 ---

pasangrahan wong agung kasukan | bujana lan para ji | Sahalsah Kistaham | tansah mungging ngayunan | sira Sang Prabu Sêrandil | wus pinanjara | mangkana Jayèngmurti ||

20. sakawone Lamdahur panyiptanira | èngêt marang sang putri | Kusuma Muninggar | cipta tulus kagarwa | yèn wus bêdhah ing Sêrandil | kang dadya êbang | pinaring rajaputri ||

21. saputing tyas supe lamun siniwaka | ing sagung pra narpati | satriya punggawa | anglês sarira lupa | ingkang bayu rontang-ranting | munggwèng wijoan | sare Sang Jayèngmurti ||

22. sakathahe para nata samya mêdal | anèng pasowan jawi | Sang Raja Kistaham | langkung pasuwitanya | tugur ing pasowan jawi | datan mantuka | mring pakuwonirèki ||

23. sawungune wong Menak amarna gita | ngidung wuwusing lathi | paranbaya benjang | èstua dadya garwa | kang akarya byatning kingkin | wèh pagawean | mundhut samodra gêtih ||

24. animbali marang Sang Raja Kistaham | prapta ngarsanira Mir | wong agung ngandika | Kistaham sira gawa | pawongan saka Mêdayin | iya kang bisa | anggerong amênyanyi ||

25. lamun gawa sun pundhut nuli saosna | sun karya tămba wingit | maria tyas ingwang | onêng yayi Muninggar | kinarya panglipur brangti | rupaa apa | sok wijila Mêdayin ||

--- 76 ---

15. Mijil

15. Raja Kistaham badhe ngracun Sang Amir

1. Raja Kistaham matur wotsari | mring sang prawira nom | inggih kawula asaos anggèr | èstri kalih sagêd bêksa paris | taksih anom kalih | wignya yèn angidung ||

2. pun Jansikin lawan pun Sansikin | namaning wong wadon | saking Turki anggèr kawijile | angsal kawula boyong rumiyin | kala taksih alit | mangkya diwasa wus ||

3. alitipun wontên ing jro puri | duk sinau gerong | tate dipun wulang pan baude | dhatêng gusti kusumaning puri | wêdalipun inggih | pan kawula suwun ||

4. sadhatêng kula Kangkan rumiyin | ngaturi lêlinton | bêboyongan kalih atus anggèr | Jayèngmurti suka duk miyarsi | muliha dèn aglis | wong iku sun pundhut ||

5. Raja Kistaham tur sêmbah mijil | praptaning pakuwon | tinimbalan prapta ing ngarsane | wadon Jansikin lawan Sansikin | Kistaham lingnya ris | babo sira iku ||

6. karo pinundhut ing Jayèngmurti | padha kinèn gerong | Jayèngmurti abangêt wuyunge | marang gusti sang rêtnaning puri | kinarya panglilih | karo sira iku ||

7. sok mulata wong wadon Mêdayin | Sang Jayèngpalugon | pasthi dadi lilih ing brangtane | nanging sira sun rêsaya ugi | ana wêkas mami | dèn kalakon iku ||

--- 77 ---

8. yèn kalakon kèh ganjaran mami | saboboting uwong | intên mirah dhêdhacinan bae | tarajunên lan bobotirèki | lawan sira dadi | garwa padminingsun ||

9. angrèhêna sakèh garwa mami | mêngkua kaprabon | abdèkêna manira angèngèr | wadon kalih tur sêmbah nanggupi | wus dèn bêbisiki | lah nya iki racun ||

10. tamakêna mring Si Jayèngmurti | yèn sêdhêng kawuron | pasthi sira dèn andêl kalihe | sabab kinarya panglipur brangti | sawusnya mêmêling | budhal lampahipun ||

11. sowan marang pakuwonira Mir | angirid wong wadon | praptèng pasowan lajêng kature | ingandikan wus prapta ing ngarsi | sukanya tan sipi | miyat kalihipun ||

12. Raja Kistaham langkung nor asih | wus katur wong wadon | sakalangkung ing kapracayane | nulya mêdal Kistaham mring jawi | ya ta Jayèngmurti | wau kang winuwus ||

13. tansah kinathik raina wêngi | anggung kinèn gerong | bêksa pêdhang lan bêksa parise | turidanya sang raja pinutri | abêksa calimprit | cacap lawan duduk ||

14. yèn amênthang gandhewa jêmparing | lambunge lir pêdhot | pan kacithak sapari solahe | Rêtna Muninggar yèn anjêmparing | bêsanira[4] wasis | sasolah katiru ||

15. marma lilih dènira mong wingit | Sang Jayèngpalugon | èstri kalih dadya panglipure | ya ta Prabu Sahalsah winarni | ingkang dèn pasrahi | ngayomi pra

--- 78 ---

ratu ||

16. ing Sêrandil lan dipun pasrahi | jarahan kadhaton | anacahna miwah boyongane | ingkang badhe binêktèng Mêdayin | tuwin kang binagi | marang para ratu ||

17. wadya Sêrandil kang samya prapti | mring Sahalsah Katong | pra dipati kang măncaprajane | salêksa lan wong agunge nênggih | sabên dina prapti | lumintu sêsuguh ||

18. mantri sakêthi ingkang nyaosi | tundhan palwa uwong | saos lamun wong Menak budhale | kondur marang nagari Mêdayin | mangkana ing latri | sagung para ratu ||

19. ingandikan akasukan sami | gumêrah kêndhang gong | pêpundhutan lumintu wêdale | linadoskên ing para narpati | midêr punang larih | bujana anutug ||

20. wusnya sayah ing samadya latri | sagung para katong | samya mêdal mantuk pakuwone | Prabu Sahalsah Kistaham tuwin | miwah para aji | amakuwon sampun ||

21. ingkang ngandhêg mung satriya kalih | ngladosi sang anom | lan pawèstri kêkalih rowange | Umarmaya lan putrèng Ngalabi | wau Jayèngmurti | tyas saya waringut ||

22. săngga asta sarean Sang Amir | sangêt ing kawuron | Umarmaya kêlangkung aripe | yayi Maktal kariya sirèki | ingsun arsa guling | bangêt arip ingsun ||

23. prandene ana rowangirèki | lan wong wadon loro | nulya mêdal Ki Umarmaya ge | praptèng pakuwon lajêng aguling | wau ta kang kari |

--- 79 ---

kang ngantun angantuk ||

24. arenggotan tan bisa nayuti | sigra dènnya miyos | marang wijil pisan dènnya sare | Radèn Maktal ciptanirèng galih | parandene iki | ana kang atunggu ||

25. wadon Jansikin lawan Sansikin | marmanya pitados | maksih sami atêngga kalihe | satriya Tambakrêtna anuli | amor dènnya guling | lan wong tunggu pintu ||

26. ya ta wau kang sakeca guling | Sang Jayèngpalugon | èstri kalih tansah nèng ngarsane | antuk kaladesa amarêngi | dene ta Sang Amir | arip kanthinipun ||

Lajêng nyandhak: Menak Sulub

--- 80 ---

Isinipun.

Kaca:

1. Lamdahur dhaup kalihan Rêtna Prabandari. ... 3
2. Lamdahur nêlukakên nagari Selan. ... 8
3. Prabu Nusirwan dhawuh nglurugi Lamdahur. ... 13
4. Sang Amir bidhal anglurugi Lamdahur. ... 21
5. Sang Amir sawadyanipun sami rinidhu ing antu. ... 28
6. Umarmaya ngimpi nyuwun kasêktèn dhatêng para nabi. ... 34
7. Lampahipun Sang Amir dumugi ing palabuhanipun nagari Sêrandil, lajêng pêrang kalihan ingkang jagi. ... 39
8. Prabu Sahalsah nungkul dhatêng Sang Amir. ... 45
9. Sang Amir kintun sêrat panantang dhatêng Prabu Lamdahur. ... 51
10. Pêrangipun Sang Amir kalihan Prabu Lamdahur. ... 56
11. Sang Amir dipun subya-subya dening Prabu Lamdahur. ... 59
12. Umarmadi pêrang kalihan Lamdahur. ... 64
13. Pêrangipun para raja wadyanipun Sang Amir tandhing kalihan Prabu Lamdahur. ... 69
14. Prabu Lamdahur kasor yudanipun dening Sang Amir. ... 72
15. Raja Kistaham badhe ngracun Sang Amir. ... 76

 


wus. (kembali)
tal. (kembali)
kadhaton. (kembali)
bêksanira. (kembali)