Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 31–48)

Judul
Sambungan
1. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 16–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 31–48). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 49–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 68–88). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

31. Dudukwuluh

1. sapraptane wisma Arya Betaljêmur | animbali marang siwi | Radèn Wahas namanipun | prapta ngarsane sudarmi | Betaljêmur ngandika lon ||

2. sira kulup maringa Mêkah sun utus | mondhongi kakangirèki | anak Ambyah mring Mêdayun | kering marang sirèki |[1] tinimbalan mring sang katong ||

3. ingkang putra Radèn Wahas nêmbah matur | inggih sandika kiyai | nanging [na...]

--- 1: 193 ---

[...nging] pênêd-pênêdipun | wontêna ingkang cinangking | rèhning lami raganingong ||

4. tan apanggih kêlawan pun uwa Ngabdul | Mutalib lan kakang Amir | mèsêm Arya Betaljêmur | iya bêbêr sira kaki | nagari ing Mêkah adoh ||

5. antènana kulup pangupayaningsun | pan kakangira prajurit | iya durung duwe payung | kang luwih kang para aji | sun gawèkne sutaningong ||

6. payung dèn angiras bandera têtunggul | sun pucakane naga ji | Betaljêmur sigra muwus | marang panêpèn sêmèdi | amaladi ing Hyang Manon ||

7. Betaljêmur tuhu pandhita linuhung | karamate andhatêngi | dènira akarya payung | ing sapta ratri sapta ri | dadya kang tunggul kinaot ||

8. kadya dede gêgawean manungsèku | pantês Malekat Jabrail | ingkang karya payung iku | warnane ngebat-ebati | tan kêna dinuga ing wong ||

9. payung tunggul naga tăntha usuk sèwu | bandera panata baris | ingapit karnaning tunggul | ula-ulaning naga ji | naga mangap lir guwa jro ||

10. ulat ingkang nagendra lir sarpa agung | isining kang lidhah nênggih | pêpaesan patang atus | paesan punika isi | golèk sèwu ababêdhong ||

11. golèk sèwu punika sami kêkalung | jamang lit lawan kalinthing | agêgêntha nunggal sèwu | mila yèn katiyup ngangin | awurahan myang kumrompyong ||

12. kapiyarsa lêlampahaning sêdalu [sêda...]

--- 1: 194 ---

[...lu] | kadya amêcahna kuping | candhan sak êtal gêngipun | sawidak gas panjangnèki | ninumpaka[2] ing mas abyor ||

13. yèn amêkar satêbaning sawah sajung | naga makutha buka sri | apanunggul pan hèr laut | karna bandera sasupit | umbul-umbul nèng gêgithok ||

14. awaking kang nagendra pan êmas tatur | sinisikan mutyara di | binintulu ing jumêrut | ingurap-urap mas ajir | rawis-rawis kumala byor ||

15. usuknya sri rinujèng-rujèng mas murub | sêkar gantil mas inganggit | nila widuri jumêrut | sinalagan ing mas titir | yèn tinon pating pancorot ||

16. sêrawungan lan hèr gêni netranipun | untu rangap mutyara di | gusi-gusinya mas luruh | lir bajra teja lungidning | kadya ngalap jiwaning wong ||

17. ngasorkên hyang diwangkara yèn dinulu | duk mijil saking udadi | andipani mahamèru | Betaljêmur animbali | putra kang badhe kinongkon ||

18. angandika Wahas ana dayanipun | iki gêgawanirèki | aturna ing kakangamu | payung tunggul naga adi | tan ana pra ratu nganggo ||

19. kang sayogya nganggoa mung sutèng ulun | prajurit lananging bumi | Akêlana Jayèngsatru | pinêsthi dera Hyang Widi | dadi prajurit kinaot ||

20. ingsun nora mamêkas mangkata gupuh | lawan iki layang mami | aturna kakangirèku | songsong sampun dèn tampani | pan wong satus kang agotong ||

21. Radèn Wahas [Waha...]

--- 1: 195 ---

[...s] tur sêmbah umangkat gupuh | ing marga datan winarni | sinêrung ing lampahipun | prapta ing Mêkah nagari | panggih lan Jayèngpalugon ||

22. sampun katur sêrat miwah payung tunggul | sukèng tyas Sang Jayèngmurti | Rahadèn Wahas rinangkul | binuka bukaning tulis | pèngêt iki layang ingong ||

23. Arya Betaljêmur pituwèng Mêdayun | kaatura anak mami | kang luwih saking wak ingsun | ingkang badhe ngrèh para ji | sira ngandikan mring katong ||

24. lumakua iku nyawa tuduh ingsun | sapa wong kang arsa luwih | pêdhaka lan ratu agung | têmah manggih guna sêkti | dibya wirutamèng kewoh ||

25. saking ratu mudha rinastapa agung | ing wusana manggih sêkti | utamane jalma iku | asuwita ing narpati | yèn sinung karya kang abot ||

26. lamun sira lumaku marang Mêdayun | aywa karo asta kaki | ana kagungan sang prabu | padmasana mantên adi | kang binandhang Uksam Katong ||

27. putra Kebar duk kalane andon pupuh | tumpês dening sira nguni | palăngka kêna sirèku | palênggahan mantên adi | mêngko aturna sang katong ||

28. sampun titi kang rama ngandika arum | nyawa mangkata tumuli | iku pakone gurumu | ngandika Sang Jayèngmurti | mring satriya kanthèning bot ||

32. Kinanthi

1. undhangana para ratu | ingsun seba mring Mêdayin | yayi mas ing Parangteja | karya busananing dasih | miwah kakang Tasikwaja [Tasi...]

--- 1: 196 ---

[...kwaja] | tuwin Narendra Kohkarib ||

2. anggêganjara wadya gung | dandana sênjata sami | wutahna bêrana Mêkah | dèn palêstèng wadya sami | nihan ta dènnya sanengga | cinarita ing sapta ri ||

3. sampurna sakaliripun | sigra anêtêg têngari | kêndhang gong bèri sauran | gumuruh swaraning dasih | mundhut songsong tunggul naga | Wong Agung Wiradimurti ||

4. winêkar kang songsong tunggul | tan ana wadya kuwawi | amung satriya Ngabêsah | Tohkaran ingkang kuwawi | mandhi tunggul payung naga | trahing narendra sinêkti ||

5. satriya nom birawa gung | Tohkaran prajurit luwih | wong agung ing Parangteja | Radèn Maktal matur aris | kawulantuk putra tawan | duk aprang Kebar rumiyin ||

6. pan inggih nak-sanakipun | lan Ukman ingkang ngêmasi | aran Yusupadintara | rong atus wadyane maksih | punika lamun sêmbada | kula tanggênah turanggi ||

7. pun kalisahak pukulun | anggamêlana prayogi | lah yayi sakarsanira | wus tinuduh Yusupadi | palăngka wus rinakitan | kagungan Natèng Mêdayin ||

8. kang rama lawan kang ibu | panguswane wanti-wanti | sutaningsun dèn prayitna | sira suwitèng narpati | aywa tunggul ing kawiryan | anuwun aturing siwi ||

9. wus samêkta kang wadya gung | kadya robing jalanidi | busana lir wukir padma | surêm sang hyang bagaspati | sigra anêtêg têngara | budhal [bu...]

--- 1: 197 ---

[...dhal] pênganjuring baris ||

10. wong Ngalabani tinuduh | baris agêng bêbarêpi | wadyèng kanan Radèn Maktal | lir sêkar sêtaman asri | nitih rata mas lêlawak | ginarêbêg para mantri ||

11. tigang lêksa munggèng ngayun | salêksa kang munggèng wuri | Radèn Maktal munggèng rata | sumambung Natèng Kohkarib | para nata kawan dasa | bala gung awarni-warni ||

12. Umarmaya kang sumambung | salêksa wadyanirèki | miwah wadyèng para kadang | anggarêbêg Jayèngmurti | anitih pun kalisahak | pinayungan tunggul adi ||

13. praptèng jawi kitha sampun | wutah kang bala ngêbêki | anglarug ing lampahira | sadina-dina lumaris | Dyan Wahas tan kêna têbah | lan Wong Agung Jayèngmurti ||

14. putra ing Ngabêsah mayung | upacara dèn tindhihi | lurah gamêl putra Kebar | sira Radèn Yusupadi | asri gêgamaning wuntat | pangarsa praptèng wanadri ||

15. cinatur wolulas dalu | lampahe Sang Jayèngwèsthi | ujunging wana kancikan | têlatah bumi Mêdayin | gègèr saisining wana | dènnya kaèbêkan baris ||

16. akèh kênasnya lumayu | miwah mong kidang lan kancil | warak sangsam liman ula | mring jurang samya andhêlik | wadya gung pating balêsar | dènnya angulati warih ||

17. mangkana Sang Jayèngpupuh | ing sabên ari asalin | titihan kuda dipăngga | yèn kala anitih èsthi | tunggal pêlana lêlawak | Radèn Wahas lawan Amir ||

--- 1: 198 ---

18. baris kang dadya panganjur | kèndêl dhêdhêg tan lumaris | wontên margi sêsimpangan | ingkang satunggal angering | ingkang satunggal anganan | kewran bala tan lumaris ||

19. Wong Agung Parangteja wus | têdhak saking ing waniti | marang ngarsa dangu wadya | pagene dhêdhêg kang baris | kang wadya matur anêmbah | wontên margine kêkalih ||

20. dyan nitih turăngga mamprung | umatur ing Jayèngmurti | Rahadèn Maktal turira | milane dhêdhêg kang baris | wontên margi sêsimpangan | Radèn Wahas anambungi ||

21. kakang kang nêngên puniku | pan inggih marga kang lami | nanging mangkya sampun pêjah | tan purun ingkang margani | mung kang ngiwa mangke kambah | margi kang dhatêng nagari ||

22. nêngên pêjah dening wabru | buron agêng măngsa jalmi | ulêsnya anglir sangkêlat | agênge wontên saèsthi | panjange kang wabru kakang | pitung cêngkal winêtawis ||

23. punika pan bandar agung | pamajêgane ki patih | mangkya suwung dadya wana | wabru punika ngênggèni | rumiyin mèh sabèng praja | wangsul dipun mariyêmi ||

24. mila ramanta sang prabu | susah prajurit Mêdayin | para nata myang satriya | tinantun sadaya ajrih | amagut wabru punika | samya turkên pati urip ||

25. mendah sukane sang prabu | punika wontêna wani | nabili wabru punika | dadya amangrusak bumi | mèsêm Sang Prawirèngrana | tan arsa nolèh ing wuri ||

33. Pangkur

1. yèn mêngkono [mêngko...]

--- 1: 199 ---

[...no] yayi Maktal | undhangana bala kang bêbarêpi | prajurit kang munggèng ngayun | padha konên prayitna | dalan ingkang nêngên ambahên ywa takut | tur sêmbah Rahadèn Maktal | bala sampun dèn undhangi ||

2. budhal gêgaman pangarsa | wong Paninggar prasamya dèn isèni | nêrak dêdalan kang lampus | bala apundirangan | ting julalat dulu desa agung-agung | prasamya suwung sadaya | wadya jrih kapêksèng gusti ||

3. wadya gung apuliringan | èsmu ringas mulat ing kanan kering | Dyan Kêlana Jayèngpupuh | yayi Wahas jêrumna | liman iki manira arsa tumurun | angulati buron ika | wus jinêrum punang èsthi ||

4. têdhak saking ing dipăngga | kalisahak pan sampun dèn titihi | bala ingandhêgan sampun | ngandika Jayènglaga | yayi Maktal sira milua maring sun | kêlawan Si Umarmaya | buron payo dèn ulati ||

5. kesah wong agung têtiga | wadyabala samya anganti têbih | Dyan Kêlana Jayèngsatru | alon dènnya ngandika | yayi Maktal kêlawan Umarmayèku | pagêr bata ubêngana | wong roro mubênga ngering ||

6. ingsun kang mubêng anganan | singa nêmu nuli tutura aglis | kalih sandika turipun | sêksana ingubêngan | dhusun agung wismanira sami rubuh | wênèh ika karambatan | ing oyod samya ngrungkudi ||

7. têpung ingkang pagêr bata | buron wabru tan kantênan gonèki | samya ngintip-intip [ngintip-i...]

--- 1: 200 ---

[...ntip] wau | sajroning pagêr bata | bêluk muni kagèt Marmaya anjumbul | kesah sarwi gêragapan | dangu tan ana kaèksi ||

8. sigra wangsul Umarmaya | lampahira dingkik-dingkik angintip | Radèn Maktal sru gumuyu | ya ta wong Menak prapta | Radèn Maktal matur manawi aturu | salêbêt banon punika | wontên gumlêgêr kapyarsi ||

9. manawi inggih punika | angandika Rahadèn Jayèngmurti | sun pêtakane puniku | dimène tangi enggal | Umarmaya sigra dènira umatur | ing mangke paduka pêtak | kawula mêmènèk dhingin ||

10. sigra mènèk Umarmaya | anèng waringin gowok dèn ênggoni | sarwi dulu tingkahipun | Jayènglaga punika | Radèn Maktal ampingan turăngga sampun | pun kalisahak punika | sarwi dèn ugêr wit ringin ||

11. sigra pêtak Jayèngrana | asta kanan sumèlèh pundhak kering | asta kang kering puniku | sumèlèh pundhak kanan | sigra pêtak swarane lir gunung rubuh | kocak jêladri prakêmpa | prapta udan riwis-riwis ||

12. kang wabru kagyat anjola | ngungas-ungas mambu gandaning jalmi | angamah-amah anubruk | wrêksa sapêluk rêbah | kang saêkol rong êkol katrajang rampung | datan măntra anggawêra | kang wabru sigra marani ||

13. marang sira Jayèngrana | duk tumingal panggah datan gumingsir | kang punang wabru anubruk | sêksana binarêngan | pênyaute [pê...]

--- 1: 201 ---

[...nyaute] cinandhak talinganipun | gulune pinuntir pêjah | gumêbrug panglumbanèki ||

14. amêdhot pun kalisahak | pan lumajar marang prênahing dasih | kagyat sadaya wadya gung | dene turăngga pisah | panêrkane Dyan Kêlana Jayèngpupuh | kang ngêmbari buron tiwas | pisahe turăngganèki ||

15. wau sira Umarmaya | dyan gêgêre wabru dipun tunggangi | mara budia kêmaung | ngandika Jayènglaga | Umarmaya bala iridên angumpul | Ki Umarmaya malêsat | sakêdhap netra wus prapti ||

16. ing prênahe bala kathah | ingundhangan kumpul sagunging baris | budhal swarane gumuruh | wau Rahadèn Maktal | sampun munggèng ing ngarsane Jayèngpupuh | alon dènira ngandika | karsaningong iki yayi ||

17. buron iki kulitana | bêbalunge lolosana dèn ênting | nuli salinana rumput | dimèn kaya uripan | ya ta prapta wadya gung myang para ratu | satriya miwah punggawa | rubung samya nêningali ||

18. Radèn Wahas matur nêmbah | yèn suwawi kakang buron puniki | ingaturakên karuhun | dhatêng rama andika | sri bêthara mendah silih sukanipun | lan malihipun pun bapa | mirsaa paduka prapti ||

19. ngandika Sang Murtining Prang | iya yayi lagi sun kon nglamusi | ya ta wau balungipun | wabru wus binêrsihan | wus ngisenan pinasêk siti myang rumput | Radèn Maktal dhinawuhan | lah sira dhingina [dhi...]

--- 1: 202 ---

[...ngina] yayi ||

20. buron aturna sang nata | Radèn Maktal nêmbah budhal tumuli | lawan mantri kuda sèwu | datan ambêkta dharat | mung kang gotong wabru jagul kalih atus | ing marga tan winurcita | enjang prapta ing Mêdayin ||

21. sang nata duk siniwaka | pêpak andhèr pra mănca adipati | satriya lan punggawa gung | ngandika sri narendra | hèh Apatih Baktak apa sira ngrungu | Si Jayèngmurti mèh prapta | wus anèng desa paminggir ||

22. Patih Baktak matur nêmbah | inggih priksa pukulun warti jawi | wikan cidra wartanipun | Betaljêmur ngandikan | sampun munggèng ing wijoan palowanu | munggèng kèrine sang nata | ngandika sri narapati ||

23. bapa Betaljêmur iya | apa èstu Ambyah wartane prapti | lan matèni buron wabru | Betaljêmur lingira | inggih yêktos kêlamun kang wabru lampus | dene pun Ambyah nèng wana | sang nata kasmaran warti ||

34. Asmaradana

1. ri sêdhêng eca tingangkil | sang nata imbal wêcana | kagyat ing jawi gègère | wontên satriya di prapta | nênggih kang darbe duta | Dyan Kêlana Yèngpupuh |[3] ngaturkên buron praptanya ||

2. Patih Baktak matur aris | punika wontên caraka | saking pun Jayèngpalugon | kèndêl sajawining kitha | angantos kang timbalan | duta ngaturakên wabru | sri naranata ngandika ||

3. iya papagên tumuli | dutane Si Jayèngrana | Patih Baktak nêmbah

--- 1: 203 ---

lèngsèr | lawan sagunging punggawa | sapraptane ing jaba | Patih Baktak wus acundhuk | nêdha duta tinimbalan ||

4. Radèn Maktal anauri | inggih ki patih sandika | nitih kuda sabalane | wong Mêdayin jêngêr mulat | ningali kudanira | tinapuk wêsi balitung | kinarangkêb ing mangangkang ||

5. sèwu kang mantri prajurit | nitih kuda têtapukan | parunggu abang èbège | sasap limase têmbaga | prapta sajroning kitha | akathah ingkang dêdulu | praptane wabru punika ||

6. agêng alit jalu èstri | busêkan wong sanagara | payo padha anênonton | buron wabru iki kêna | dene satriya Ngarab | lawan satriyane rawuh | tinimbalan mring sang nata ||

7. wartane dene linuwih | kaonang-onang sumbaga | abagus prawira tanggon | nyana sida mêmungsuhan | lawan iya sang nata | kasumbung ing rat binagus | eman dadi lêlurugan ||

8. tan adangu nulya prapti | ing marga kang pasamoan | dadi tontonan lakune | abayak apangkat-pangkat | wabru ginotong ngarsa | Radèn Maktal wurinipun | wadya sèwu têtopong mas ||

9. pasikêpane ajurit | balane Rahadèn Maktal | kabèh mantri anom-anom | gêgaman ngrangkêp sadaya | kabèh ngiwa gandhewa | calimprit cacap lan duduk | salukun kang munggèng kanan ||

10. gandhi rajang kalawahi | cacohmar [cacoh...]

--- 1: 204 ---

[...mar] ibêr-ibêran | ngapit kêkapa prênahe | kalumprung kang munggèng wuntat | susun singkring sarampang | jambiya bondi nèng pupuh | lugora ngèbèg sumladhang ||

11. parisnya kêre baruti | jrokong jêjirêt nèng kanan | busur pasêr lêmbing sendhog | samya tinatrap mas jingga | kangkam munggèng salasar | yèn tinon turăngga sèwu | kadya landhak binarong lar ||

12. samya ebat kang ningali | wong Mêdayin jêngêr mulat | dènnya akathah agême | sagunging kaprajuritan | kabèh kamot turăngga | sawênèh ana amuwus | wong Arab kagila-gila ||

13. yèn mungsuha wong Mêdayin | jitus mênang wong ing Mêkah | rikat akèh dandanane | satêngah ana angucap | iya satriya Ngarab | pasang rakit tandangipun | pantês loka widigdaya ||

14. kala narendra ing Turki | ingutus marang sang nata | wong wolung lêksa balane | mulih kabèh karusakan | kajarahan nèng Arab | mantri padha bêbarundhul | nora modar pira-pira ||

15. ngulatana sa-Mêdayin | rong dina măngsa antuka | kang mirib satriya kiye | pasang baguse sêmbada | wijak ingkang sasolah | jêtmika ing pasang têmbung | layak tate ngêjur kitha ||

16. kang wus wikan anauri | iku dudu Jayènglaga | iya kongkonane bae | wong agung ing Parangteja | ingangkah saudara | ing Kêlana Jayèngpupuh | minăngka mênggalaning prang ||

--- 1: 205 ---

17. iya putra Ngalabani | satriya ing Tambakrêtna | sairib lawan gustine | iku wartane digdaya | kasub kaonang-onang | tate bănda para ratu | akèh kutha kang dèn rêmak ||

18. kunêng ingkang nêningali | lampahira sampun prapta | Radèn Maktal sabalane | kêlawan Ki Patih Baktak | wus praptèng pênangkilan | ing ngarsanira sang prabu | duta kinari atêbah ||

19. ki patih tumamèng ngarsi | mêndhak sarwi tur pranata | sampun katur saature | kang punang caraka prapta | sang nata sru ngandika | duta tumrapna ngarsèngsun | kêlawan wabrune pisan ||

20. nulya ngandikan tumuli | Radèn Maktal mêmandhapan | arikat pasang tandange | praptèng byantara narendra | radèn matur anêmbah | sang nata mulat ing wabru | ebat dening agêngira ||

21. sang nata ngandika aris | paran tingkahe duk kêna | Radèn Maktal matur alon | buron kêpanggih anendra | ginugah lawan pêtak | satangine punang wabru | kumucup angamah-amah ||

22. bala sami kinèn nêbih | sarêng buron anêrajang | anaut nubruk tandange | apanggah pun Jayèngrana | cinandhak kang talingan | pinuntir jiling tinapuk | wabru pêjah kapisanan ||

23. anjêtung sri narapati | sarya lon dènnya ngandika | iku wong wani arane | iku pantês pinilala | sêdhêng kaonang-onang | praptèng bumintara kasub | sira apane Si Ambyah ||

24. dene [de...]

--- 1: 206 ---

[...ne] warnamu apêkik | wirutamèng pasang krama | apa ta sira kadange | Dyan Maktal matur pranata | inggih abdine amba | dhatêng ing putra pukulun | Betaljêmur lon sabdanya ||

25. punika putra Ngalabi | akêlana andon yuda | surèng prang prawira tanggon | wasis saliring ayuda | miwah lamun mêmanah | rêsêp tyasira sang prabu | wontên satriya pralêbda ||

26. Irjan jêjulukirèki | langkung panastèn miyarsa | angucap lawan sandhinge | gangsul asora sêraba | iya Irjan punika | ing Mêdayin agul-agul | punjul kêlamun mêmanah ||

27. Si Maktal wong Ngalabani | adi-adine wong Arab | yèn tandhinga lawan ingong | măngsa ta ingsun sudia | prakara amêmanah | nadyan ta gustine besuk | măngsa ngasorna maring wang ||

28. sagung ingkang pra dipati | samya iri panas driya | de sang nata sadangune | ngandika amung wong Arab | tansah ingalêmbana | prasamya nambung sabdèku | atut wuwusira Irjan ||

29. mèsêm Radèn Maktal nolih | sampun age wong angucap | sabarang yèn durung klakon | mumpung ngarsane Sang Nata | Nusirwan duk miyarsa | ngandika mring Betaljêmur | bapa sun adune lesan ||

30. iya ing Mêdayin iki | aprakara wong mêmanah | punggawa satriya kabèh | miwah ta kang para nata | kari lawan Si Irjan | pan mung iku kang pinunjul | Irjan sênggak matur nêmbah ||

31. lamun kawula sang aji | atandhinga [a...]

--- 1: 207 ---

[...tandhinga] lan pun Maktal | sayêkti sangêt sungsate | puniku tiyang punapa | jawi benjing pun Ambyah | dipun uripna ping pitu | măngsa ngawonna kawula ||

32. sang nata ngandika malih | payo nuli lêkasana | dèn inggal mundhuta tamèng | sigra Ki Apatih Baktak | mundhut parise waja | sinungsun munggèng ing ngayun | jinajar longkang sadhêpa ||

33. ngandika sri narapati | sira Irjan dhinginana | Si Maktal ika kêkarèn | Irjan sigra dènnya nêmbah | sampun nyandhak gandhewa | Maktal dulunên tandangku | pasang rakit sun mêmanah ||

34. sêksana mênthang jêmparing | gandhewa kadya pêpêsa | gêrèt lumêpas panahe | parise kêkalih tatas | kang sawiji tan pasah | bedhore kongsi malêpuh | nulya lok sagung dipatya ||

35. pan nagari ing Mêdayin | datan ana kaya Irjan | manah natasakên tamèng | sira Irjan sênggak-sênggak | payo Maktal manaha | susulên pamanah ingsun | dak jadhèni wis kasoran ||

36. sang nata ngandika aris | Maktal sira wis manaha | Si Irjan iku wis katog | mèsêm sarwi atur sêmbah | Maktal mojar mring Baktak | ki patih mundhuta gupuh | tamèng waja papat êngkas ||

37. kyana patih nolih wuri | sigra kang parise prapta | ampilane para katong | Radèn Maktal asru ngucap | uworêna ing kana | sungsunên dèn kaya mau | longkangên êlêt sadhêpa ||

--- 1: 208 ---

38. tur sêmbah ing sri bupati | sampun anyandhak gandhewa | nulya pinasang kênthênge | sigra jêmparing dèn pênthang | lumêpas kadya kilat | tatas kang paris pêpitu | panah liwat anêratas ||

39. anêrajang pancak suji | panging wringin kurung sêmpal | lajêng nêrajang pêpandhèn | nêraju ingkang lalean | ya ta wong panangkilan | kucêm sêmlêngêrên ngungun | anjêtung tan kêna ngucap ||

40. kaya Prabu Nyakrawati | sêksana salin busana | arum amanis dhawuhe | Maktal sira ingsun ganjar | iki busananingwang | kang kêrakêt awak ingsun | Maktal tampi sarwi nêmbah ||

41. sang nata ngandika malih | hèh Irjan sira wis kalah | nora nganti lan gustine | tumungkul sira pun Irjan | nora dulu têtiyang | kucêm pêraupanipun | sêkala sawang kunarpa ||

42. Sri Bêthara Nyakrawati | alon dènira ngandika | hèh Maktal balia age | gustènira enggalêna | ingsun angarsa-arsa | Radèn Maktal nêmbah mundur | wus lèngsèr sabalanira ||

43. sapraptanira ing jawi | sarêng dènnya nitih kuda | asêsandêran lampahe | ing marga tan kawuwusa | rikat pan sampun prapta | ing pakuwon Jayèngpupuh | lajêng tumamèng ngayunan ||

44. kagyat Sang Jayadimurti | Radèn Maktal duk katingal | atêbih nulya ingawe | Radèn Maktal sigra nêmbah | Jayèngmurti ngandika | dene alawas lakumu | Tambakrêtna matur nêmbah ||

45. solahira nèng Mêdayin [Mêda...]

--- 1: 209 ---

[...yin] | tatkala ingadu lesan | suka Sang Jayèngpalugon | miwah sira Umarmaya | tuwin kang para nata | Radèn Maktal aturipun | timbalane rama tuwan ||

46. dipun aenggal ing margi | nata tansah ngarsa-arsa | lingira Jayèngpalugon | age têngaraa budhal | gumyah kang balakuswa | pinirsa umyang gumuruh | pangriking turăngga liman ||

47. swaraning watang anggathik | lan karêbêding daludag | umung pardăngga[4] kêndhang gong | gumuruh anêmpuh wana | ginêlak lampahira | wus angambah dhusun agung | wong desa sami sasêgah ||

48. kontap kitha ing Mêdayin | wadya Ngarab ingandhêgan | ya ta ingkang winiraos | Sri Naranata Nusirwan | ngundhangi wadyabala | sang nata arsa amêthuk | busêkan wadya kang mêdal ||

35. Mijil

1. atêngara Prabu Nyakrawati | wadya gung wus bodhol | pangkat-pangkat pra ratu wadyane | tunggul bandera daludag asri | pangajênging baris | ing Bangid sang prabu ||

2. pêpulunanira sri bupati | bala busana byor | Raja Olad Marjaban namane | Rajèng Dara ingkang anambungi | Sri Tamtam Kuwari | bisikaning ratu ||

3. pira-pira bala busana sri | gurnita punang wong | Natèng Kalsab sumambung wurine | saha wadya busana marnèni | bisikaning aji | Raja Krasbinadur ||

4. nulya Rajèng Sargaji nambungi | barisnya sri tinon | Raja Bubarwan pan [pa...]

--- 1: 210 ---

[...n] bisikane | kang sumambung Sang Prabu Kiskani | pêparabing aji | Bintulu wun-awun ||

5. nulya Prabu Bustami nambungi | bisikaning katong | Raja Ubinah gumrah wadyane | Raja Ursibah sumundhul wuri | Natèng Basantari | nulya kang sumambung ||

6. ing Sapêri Sang Raja Dribangsit | kang wadya sri tinon | Natèng Raras sumundhul wurine | bisikane Sri Bêthara Samsir | sigra Natèng Tasik | Mraja Lyirwangdiyu ||

7. Natèng Bukitma sumambung wuri | bala busana byor | Raja Basurbarang pêparabe | Raja Mudalipah ing Bêldani | Sri Ngoban nambungi | sira Raja Karun ||

8. tangèh lamun ucapên ing tulis | sagung para katong | ing Mêdayin apan ratu gêdhe | kawan èwu cinatu[5] para ji | putra mawat kardi | têtiga sumambung ||

9. balakuswa wahana marnani | lir giri katunon | Radèn Irman munggèng ngarsa rine | Radèn Urmus kang wadyakuswa sri | kang sumundhul malih | Rahadèn Sêmakun ||

10. munggèng dipăngga sri narapati | apêlana abyor | patik rêtna mantên pêlanane | Betaljêmur kang nunggil saèsthi | datan kêna têbih | lawan sang aprabu ||

11. Patih Baktak ing wuri narpati | kadya samodra rob | tigang êlak ki patih balane | upamane manungsa sawiji | ngadêg aningali | nèng lêluhur pundhung ||

12. ngungak-ungak anganan angering | ngarsa wuri tinon | tanpa watês mulat sagaduge |

--- 1: 211 ---

iku saêlak petunge nênggih | pan tigang lak Patih | Baktak balanipun ||

13. praptèng jawi kitha sri bupati | cucuk pan wus adoh | Prabu Olad Marjaban barise | pêthuk sungut lan wong Pusêr Bumi | kèndêl wadyèng Bangid | tur uningèng prabu ||

14. kêlamun bala ing Mêkah prapti | ngandika sang katong | hèh piyaka balaningsun kabèh | sampun piyak baris ing Mêdayin | malih nganan ngering | dhêndhêng anglir têdhuh ||

15. ngakasa surêm hyang bagaspati | lêbu mantuk awor | angin gora sumilak lêbune | wadya Ngarab katingal kang prapti | daludag marnani | kang atunggul sêlur ||

16. kang pêpandhèn banderanira sri | busana wadya byor | wong paninggar salêksa ngarsane | pan sadaya abajo sêsimping | wong matang nambungi | rong lêksa gungipun ||

17. pan sadaya kinêrèn baruti | sumambung punang wong | sikêp panah nêm èwu akêre | patang èwu sikêp gada bindi | nulya kang nambungi | wong sikêp salukun ||

18. kang sumundhul wong sikêp calimprit | duduk lan sêsandhok | salêksa wong anamsir sambunge | wong asikêp gandhi kalawahi | cacap lawan lêmbing | salêksa sumambung ||

19. warna-warna busananing dasih | alêpas sri tinon | wadya lêskar ngupacara kabèh | Wong Agung Parangteja anitih | rata gothaka sri | abra ing mas tatur ||

20. pangiride pan angrimong putih | mantri kang têtopong | saha kuda ngayap nèng wurine | pra dipati

--- 1: 212 ---

nèng kanan lan kering | songsong sutra kuning | atêtirah wungu ||

21. kumarutug wadya ngampil-ampil | parise lan endhong | gandhewa di kang munggèng wurine | wau kang mêksih manggung nèng èsthi | Prabu Nyakrawati | lawan Betaljêmur ||

22. kagyat miyat satriya kang prapti | ngandika sang katong | bapa sapa ingkang prapta kiye | baya Si Kêlana Jayèngmurti | de balane asri | satriyane bagus ||

23. Betaljêmur mèsêm matur aris | punika sang katong | Raja Maktal amêngku balane | gangsal lêksa cacahing prajurit | wadyèng Ngalabani | samya wirèng kewuh ||

24. duk ingutus ngaturkên rumiyin | wabru ing sang katong | nênggih botên ambêkta balane | lêlanjaran kuda sèwu ngiring | amung para mantri | ngandika sang prabu ||

25. asru gumujêng ingsun kang pangling | de rakit kaprabon | kalinganeya satriya gêdhe | Si Parangteja warnane pêkik | sêdya andêdasih | mring Si Jayèngpupuh ||

26. Radèn Maktal miyat ing narpati | ingayap punang wong | mêksih manggung anèng dipanggane | têdhak saking wahana wotsari | mire sawadyèki | sajawine ngênu ||

27. kinubêng dening para dipati | wadya kinèn ngadoh | nulya katon ngêndhanu pêpandhèn | daludag tunggul daludag asri | ratu patang rakit | munggèng dipăngga gung ||

28. atêtanya Prabu Nyakrawati | bapa sapa katon | dene padha bayak dipanggane |

--- 1: 213 ---

Betaljêmur aturira aris | kadang ing Kohkarib | kang minăngka tunggul ||

29. cucuk Natèng Sri Wulan Kosani | jêjuluking katong | Raja Jasma Raja Karma rine | Raja Baritma kang munggèng wuri | Maliritma nênggih | punika rènipun ||

30. lawan Raja Burni Baruburni | lan Ardiman Katong | Ardikapi punika arine | Natèng Jongmirah puniku wuri | Durdanas Narpati | Durdanam rènipun ||

31. ratu patang rakit umiyat ing | kêlamun sang katong | mêthuk maksih munggèng diradane | samya têdhal[6] ratu patang rakit | awotsêkar sami | mring Nusirwan Prabu ||

32. wadya mire sajawining margi | saha bala kang wong | nunggil Radèn Maktal gêgamane | nulya wontên katingalan malih | gêgaman para ji | sawadya gumuruh ||

33. samya bayak nitih dipăngga di | sagung para katong | Sang Nusirwan alon pêndangune | sapa bapa ingkang prapta iki | padha nitih èsthi | tinon ting rênggunuk ||

34. Betaljêmur matur amêstani | namaning pra katong | pan mangkana nênggih sadangune | para ratu kadang ing Kohkarib | tangèh yèn winarni | kèhing para ratu ||

35. nulya wontên malêdug kaèksi | lêbu maltuk awor | tabah-tabuhan umyang swarane | pira-pira tunggul bandera sri | tri lêksa wadyèki | têtukon nèng ngayun ||

36. punika kang binusanan asri | upacara abyor | nitih kuda alit sri natane | songsong kalih wêlas [wê...]

--- 1: 214 ---

[...las] ngapit-apit | rare bajang sami | satus kang angêbut ||

37. gada agêng kalih dasa ngapit | angapit sang katong | samya songsong para dipatine | kadya krêndha rêratyan nèng wuri | gumarêdêg asri | kanan kering prabu ||

38. tanya malih Prabu Nyakrawati | bapa sapa katon | kang agêdhe balêndhêr wadhuke | pupu ngalèbi èbège nênggih | nitihi kuda lit | sêmbrana wong iku ||

39. punggawane padha nitih èsthi | pan sada kamajon | turanggane kongsi mèkèh-mèkèh | gêgamane kaot lan para ji | apa Jayèngmutri | matur Betaljêmur ||

40. gih punika Narendra Kohkarib | Umarmadi Katong | Prabu Nusirwan mèsêm agèdhèg | Umarmadi kèndêl dèn kêbuti | ngayap pra dipati | tan arsa tumurun ||

41. lawan nora ngabêkti ing mami | dene para katong | ingkang nguni padha nêmbah kabèh | Betaljêmur alon turirèki | punika kinardi | lurah para ratu ||

42. sami kinèn ngidhêp sawadya Mir | tur kinarya lucon | dipun ugung sasolah-solahe | ratu agung ing nagri Kohkarib | kang sêpuh pribadi | nata patang puluh ||

43. Raja Jasma tur marêpêki |[7] mring kang raka katong | tuwan têdhak sang nata dèn age | pan punika Prabu Nyakrawati | amêthuk pribadi | nèng dipăngga manggung ||

44. adêksura paduka nimbangi | dhatêng ing sang katong | pan punika inggih ratu gêdhe [gê...]

--- 1: 215 ---

[...dhe] | Prabu Umarmadi anauri | malah malangkêrik | sarwi tumpang pupu ||

45. apa gawe kudu angudhuni | marang si mêmonon | kaci apa padha ratu gêdhe | Si Nusirwan atandhing ajurit | ingong datan ajrih | sagone katêmu ||

46. Raja Jasma mêksa angaturi | sampun tuwan wangkot | apan măngsa wandea ing mangke | paduka nêmbah ing sri bupati | Gusti Jayèngmurti | ngidhêp mring puniku ||

47. pratandhane tinimbalan prapti | kang raka ambêkos | wis mênênga aja angêtèprès | nulya wontên gaman ingkang prapti | wong salêksa sami | kudane tinuntun ||

48. samya ngidung ura-ura nênggih | puniku pan kinon | lan mênyanyi gumêrah swarane | kulambi mas bêbadhong mas sami | akuluk mas adi | sami panjangipun ||

49. anglimang asta ngudhuping turi | tinon ting talorong | samya ngiwa tamèng êmas kabèh | mung sacêngkang gênge patang nyari | othik-othik bondi | amandhi papêcut ||

50. bandera mas pinănca kang warni | ambêranang tinon | kagyat asru nata pandangune | bapa sapa duwe bala iki | anèh sun tingali | lawan para ratu ||

51. padha nuntun kuda tan nunggangi | ting gareyak kang wong | lawan nora karuan lurahe | kopyah êmas angudhuping turi | kadya ula nglangi | baris mêgat kalbu ||

36. Mêgatruh

1. Betaljêmur alon dènira umatur | punika sri narapati | Umarmaya wastanipun [wastani...]

--- 1: 216 ---

[...pun] | lêlucone Jayèngmurti | kang dadya andêling kewoh ||

2. mila dharat punika sadayanipun | Umarmaya sawadyèki | dene ta bêndaranipun | tan arsa nitih turanggi | radèn pothèt Tambakcangkol ||

3. ngandêlakên kaskayane sikilipun | sabangêtane turanggi | maksih kêcandhak binuru | lah punika kang kaèksi | lampahe anggung mancolot ||

4. ingkang botên anunggil ing balanipun | kang pijêr amalangkêrik | malumpat sarwi lumayu | kang botên anurut margi | ingkang pijêr megal-megol ||

5. sri narendra kapingkêl-pingkêl gumuyu | miyat ing Umarmayèki | dene warnane kayungyun | Umarmaya aningali | mêsat marêk ing sang katong ||

6. mènthèk-mènthèk tur pranata ing sang prabu | mundur sarwi asêsirig | Umarmaya sarwi dulu | mulat kanan lawan kering | mêndhak tarap para katong ||

7. nolèh buri Ki Umarmaya andulu | lamun prabu ing Kohkarib | anèng kuda maksih manggung | lan maksih dipun songsongi | têtimbangan lan sang katong ||

8. Umarmaya macicil ngagagi watu | angenak-enak si bêlis | tanpa ngrasa si madhudhug | nimbangi Prabu Mêdayin | pan ratu agung kinaot ||

9. dharakalan Prabu Marmadi tumurun | sigra nêmbah ing sang aji | Prabu Nusirwan andulu | ngandika sarwi bêbisik | bapa mulane mêngkono ||

10. Umarmadi [U...]

--- 1: 217 ---

[...marmadi] mudhun nêmbah marang ingsun | Betaljêmur matur aris | jamake upas sang prabu | wontên pênawane ugi | pan inggih pun Tambakcangkol ||

11. kang dèn taha wau pan ajêng binêntur | gumujêng sri narapati | kapi guyu tingkahipun | mangkana wontên kaèksi | daludag bandera abyor ||

12. pira-pira lêlayu tunggul asêlur | pitung lêksa wong jro sami | têtukon patayaripun | busana sinami-sami | kadya kang ardi têtunon ||

13. warna-warna pasikêpane wadya gung | awor bala ngampil-ampil | wong upacara gumuruh | wandhan irêng ing Ngabêsi | bucu wujil lawan cebol ||

14. kang dipăngga jinajaran munggèng ngayun | sagung busana pisalin | pêlana kêkambilipun | sadaya kang dèn songsongi | nèng ngarsa sami ginotong ||

15. Radèn Yusupadi kang nindhihi laku | busana kang dipun ampil | miwah kuda kang kinarung | Yusupadi angratoni | putra Kebar kang binoyong ||

16. gih punika kalisahak gamêlipun | bala têtukon prasami | pitung lêksa karèh ngriku | sinungakên Yusupadi | ingkang ginarbêg punang wong ||

17. kang wadya gung miyat ing sang prabu mêthuk | nulya piyak nganan ngering | lajêng ta wau kadulu | dene Prabu Nyakrawati | ingkang ginarbêg punang wong ||

18. bapa sapa satriya kang prapta iku | palawija akèh ngiring | satriya pêkik gêng luhur | pinayungan sutra wilis |

--- 1: 218 ---

anèng turăngga kinaot ||

19. Betaljêmur matur putra Kebar nêngguh | aran Arya Yusupadi | lêlurah gamêl puniku | turanggane Jayèngmurti | putra Kebar ingkang anom ||

20. kang ginotong sinongsongan ngajêngipun | busanane kang turanggi | Nusirwan mèsêm andulu | dènnya kèh kang tinon asri | satriya rakit kêprabon ||

21. nulya wontên baris jajaran kadulu | kang gotong padmasana sri | lan amparan êmas murub | tinatirah mantên wilis | para satriya kang gotong ||

22. sang nata ngling bapa apa katon iku | pinikul para prajurit | Betaljêmur sigra matur | kagungan dalêm rumiyin | palangkan pinèt ing mungsoh ||

23. duk paduka pêpara anèng wana gung | putra Kebar ingkang ngambil | mangkya wontên Jayèngpupuh | Uksam tiwas ing ajurit | aprang lan Jayèngpalugon ||

24. dene ingkang gumrêbêg wuri puniku | bala ing Ngabêsah nênggih | nindhihi wadyanirèku | Patih Bahrinujam nênggih | gustine dadi panongsong ||

25. lurah nongsong putra Ngabêsah pukulun | Radèn Tohkaran prajurit | pitung lêksa balanipun | kamantyan mirsa narpati | nulya na swara gumuroh ||

26. sri nata ngling bapa apa kang karungu | umung ngêbêki wiyati | kumarampyang kumarumpyung | Betaljêmur turirèki | punika swaraning songsong ||

27. songsong tunggul naga kăndha usuk sèwu [sè...]

--- 1: 219 ---

[...wu] | ngiras bandera marapit | yèn binabar punang tunggul | mêkar bandera sasupit | pucak tunggul naga katong ||

28. Jayèngmurti umiyat dhatêng sang prabu | dyan têdhak saking turanggi | amparan sarwi pinanggul | piyak bala nganan ngering | asru ngandika sang katong ||

29. bapa sapa ingkang sinongsongan agung | satriya anom apêkik | ginarêbêg ing wadya gung | cahyane amindha sasi | upacarane sri abyor ||

30. mêdhun têka sing kuda sarwi amanggul | Betaljêmur matur aris | inggih punika pukulun | pun Kêlana Jayèngmurti | manggul kagungan sang katong ||

31. sarwi mèsêm sri bêthara têdhak gupuh | amarani Jayèngmurti | amparan tinampan sampun | dening bala ing Mêdayin | gya Radèn Jayèngpalugon ||

32. malajêngi ngraup dêlamakan prabu | ingaras lungayanèki | sinêsêp-sêsêp kang êmbun | langkung tyas marwata siwi | sang nata sihira kaot ||

33. lir amanggih sang nata rêtna sagunung | aningali Jayèngmurti | munya paninggar lir guntur | kadya bêlah kang pratiwi | angrok swaraning kêndhang gong ||

34. pirang kêthi paninggar munya gumuruh | dhêdhêt têdhuh ing wiyati | cihna kang wadyakuswa gung | miyat sukane sang aji | anglir kilang samodra rob ||

35. pinisalin sira Radèn Jayèngpupuh | ingangge sami tumuli | busana parêm mas murub | makidhupuh Jayèngmurti | sang nata tansah anjomblong ||

--- 1: 220 ---

36. wus tinunggilkên putra nata katêlu | trêsnanira sri bupati | yayah umanjing ing sunu | arsa budhal sri bupati | Ambyah kinanthi mring katong ||

37. Kinanthi

1. angandika sang aprabu | budhalna sagung kang baris | Baktak sira dhinginana | punggawa para narpati | wus sami nêtêg têngara | bodhol baris ing Mêdayin ||

2. amundhut dipangganipun | Nusirwan ngandika aris | Ambyah nitiha turăngga | tur sêmbah Sang Jayèngmurti | sigra anitih turăngga | budhala jêng sri bupati ||

3. umung swaraning wadya gung | para nata Pusêr Bumi | wus samya nitih dipăngga | anglarug sagunging baris | Sang Jayèngrana tan têbah | lan Sang Prabu Nyakrawati ||

4. dangu dènira lumaku | sang nata tansah angliring | mring kudane Jayènglaga | pangandikanira aris | iya bapa jaran apa | kudane Si Jayèngmurti ||

5. pan ingsun durung andulu | kudane sapêrti êjin | Betaljêmur aturira | lêrês sabda paduka ji | punika kuda wasiyat | lêluhure para nabi ||

6. gih Nabi Iskak rumuhun | kang darbe kuda puniki | salamine anèng taman | tan wontên kuwasa ngambil | de sapêrti malaekat | anyeluman wus alami ||

7. sang nata miyarsa ngungun | kapingungun ingkang warti | sadangunira lumampah | tan wontên kang dipun liring | tuwin tan ana ingucap | mung kudade Jayèngmurti ||

8. wontên ratu Raja Karun | ing Ngoban ingkang nagari [naga...]

--- 1: 221 ---

[...ri] | miyarsa lamun sang nata | angalêm kudane Amir | umarêk marang sang nata | cinatur darbe turanggi ||

9. mangkya sanagara punjul | pinundhut ing sri bupati | ngaturakên pêjah gêsang | sangêt dènnya anggendholi | Karun pinaringan arta | nanging mêksa datan tampi ||

10. pan tinumbas wolung èwu | ngaturakên pati urip | pukulun jarane Ambyah | măngsa samia sang aji | sri narendra dadya mênggah | Raja Karun matur malih ||

11. panuwun kula sang prabu | inggih suwawi pun Amir | tuwan abêna kêrapan | punapa purun pun Amir | sanadyan silih puruna | măngsa nyandhaka pun Amir ||

12. langkung apralêbdèng wuwus | ngandika sri narapati | hèh Ambyah sira tinantang | marang Karun andêrpati | tur sêmbah marang sang nata | Kêlana Jayadimurti ||

13. inggih sandika sang prabu | yèn pun Karun anyagahi | singa kasor sêseredan | yèn tan mêkatên sang aji | sri naranata ngandika | Karun apa sira wani ||

14. sêseredan singa kantun | Raja Karun awotsari | matur sarwi sênggak-sênggak | angakak angêmbat wêntis | dadya sukane kang manah | lamun mêkatên sang aji ||

15. matur Arya Betaljêmur | angur kèndêla rumiyin | ingabên ngriki sakêdhap | ya ta kèndêl sri bupati | lawan sagunging gêgaman | baris ngapit-apit margi ||

16. para nata samya kumpul | pra dipati aningali | tuwin kang para punggawa | suka sami nêningali |

--- 1: 222 ---

kuda kêkalih wus rampak | sarêng dènira nyamêthi ||

17. kuda kalih nandêr mamprung | kalisahak anglir thathit | rong asta tan ngambah lêmah | ebat sagung kang ningali | Raja Karun kudanira | kèri satigang pambêdhil ||

18. Ki Umarmaya gya nusul | sakêdhap netra wus prapti | Sang Raja Karun cinandhak | mudhuna kedhot sirèki | linorod wani kewala | Raja Karun pringas-pringis ||

19. wirange kêlangkung-langkung | acum ulate aputih | turăngga sampun binêkta | marang Ki Umarmayèki | katur ing prabu bêthara | langkung sukane tan sipi ||

20. sigra tinitihan sampun | lapgang Karun kudanèki | ri sêksana tinêtêgan | dyan budhal sagunging baris | ing marga tan winurcita | sajroning kitha wus prapti ||

21. orêg kang wong andêdulu | supênuh pinggiring margi | lêlampahan kalih dina | kang samya anêningali | tan ana malih ingucap | asrine wong Pusêr Bumi ||

22. lan satriyane binagus | punggawane pêkik-pêkik | Mêdayin tan ana memba | pantês dadia narpati | dadyojat kaonang-onang | Kêlana Jayadimurti ||

23. ya ta wau lampahipun | Prabu Nusirwan wus prapti | lajêng marang pênangkilan | lan sagung para narpati | baris Mêdayin sadaya | jêjêl ing lêlurung sami ||

24. kocap lurung tigang èwu | sajro nagara Mêdayin | sèwu lurung tatêrusan | rongèwu lurung sayêkti | jêmbare

--- 1: 223 ---

lurung satunggal | rong tiban wong anjêmparing ||

25. sawadyane Jayèngpupuh | ngalun-alun dènnya baris | wau Sang Prabu Nusirwan | wus mungging ing păncaniti | lêngah padmasana êmas | para ratu ing Mêdayin ||

26. samya wangsul ing gènipun | palênggahanira lami | wau ta Sang Jayènglaga | maksih ngadhêp sri bupati | lan sagunging pra satirya | para nata Pusêr Bumi ||

27. samya ngadhêp gustinipun | ngandika sri narapati | iya bapa kayaparan | ngêndi panujune linggih | prênahe Si Jayèngrana | Betaljêmur matur aris ||

28. sakarsa paduka prabu | sri bêthara abêbisik | bapa yèn pinrênahêna | tunggal ing para narpati | Si Ambyah misih satriya | ingsun kèsêman ing bumi ||

29. yèn ingsun linggihna iku | tunggala para dipati | Si Ambyah iku prawira | widigdaya ing ajurit | mênèk ilang adil ingwang | apan tindak kang sayêkti ||

30. yèn wong wis prawirèng kewuh | kaonang-onang ing bumi | wênang uga alinggiha | kalungguhane narpati | wênang ngangge upacara | sadandanane narpati ||

31. ya ta matur Betaljêmur | alêrês paduka aji | nahên sang nata ngandika | hèh Ambyah linggiha aglis | ing wijoan palorêtna | kang aduwe iku sêpi ||

32. Dyan Kêlana Jayèngpupuh | tur sêmbah anulya linggih | lan sawadya para nata | tunggil punggawèng Mêdayin | nulya pêpundhutan mêdal | lumintu [lumi...]

--- 1: 224 ---

[...ntu] saking jro puri ||

33. sigra dènnya adhêdhawuh | lêlèmèkira pan asri | apan sawarnaning sutra | kinarya lêlèmèk bukti | atirêb bang taluki bang | pèrêmas taluki wilis ||

34. diwăngga bang lawan dadu | wilis lan taluki kuning | pèrêm mas abang lan seta | panjange panjang mas adi | lêlanjaran pinggan êmas | piringe piring mas adi ||

35. sawênèh salaka luru | widagănda munggèng cangkir | prasamya cangkir mas jingga | sêksana gamêlan muni | boga-pyaboga bujana | lêlawuha ayub asri ||

36. midêr punang arak anggur | api kênit lan brênduwin | jênèwêr api lan adas | barduwin wus munggèng ngarsi | gêlase samya kêncana | samya pinatik sotya di ||

37. ramya bojana manayub | gumêrah kang angladèni | apa ingkang ora nana | isine dunya puniki | tuwin kang amêng-amêngan | tan ilang tanyakna sami ||

38. Ki Umarmaya andulu | mêndhêt pinggan mas satunggil | kang ngladèni uninga |[8] Umarmaya dèn parani | Umarmaya kirab-kirab | nanging mêksa dèn grayangi ||

39. mengkod-mengkod Marmayèku | nanging ginagapan ngukih | kêpanggih kanthong saruwal | sang nata suka ningali | hèh wong Arab gawe apa | ngandhut pinggan êmas siji ||

40. Dyan Kêlana Jayèngpupuh | miyat wirange tan sipi | ginarundêlan ing kathah | Umarmaya kêthip-kêthip | rêngonira tanpa ingan | Kêlana [Kê...]

--- 1: 225 ---

[...lana] Jayadimurti ||

41. anging netrane sinamun | Sri Bêthara Nyakrawati | alon dènira ngandika | patih prênahna tumuli | pakuwone anak ingwang | tundhungna para dipati ||

42. iya kang sayogya cukup | sawadyane anak mami | Patih Baktak matur nêmbah | sampun kawula saosi | ngandika sri naranata | nulya iridên tumuli ||

43. iku wong mêntas lêlaku | dimèn rêrêm sawadyèki | sigra dènira tur sêmbah | Kêlana Jayadimurti | mundur saha balawadya | Patih Baktak kang angirid ||

44. wus pinrênahakên wau | dumunung wong Pusêr Bumi | pakuwone Natèng Dara | cukup sawong Pusêr Bumi | wus samya rakit dunungan | para nata Pusêr Bumi ||

45. wadya gung umung gumuruh | Kêlana Anjayèngmurti | ya ta wau sri narendra | wus kondur malêbèng puri | para nata myang satriya | lir sinambêr dhandhanggêndhis ||

38. Dhandhanggula

1. ya ta ingkang kawuwusa malih | putranira kangjêng sri narendra | ingkang saking padmi bae | punika kang cinatur | kang wanodya inggih kêkalih | jalu ingkang têtiga | nênggih wastanipun | Radèn Samakun taruna | ingkang raka Radèn Urmus raka malih | kêkasih Radèn Irman ||

2. dene bayunira sri bupati | pan wanodya Ni Rêtna Muninggar | Rêtna Marpinjun arine | putra ampeyan agung | garwanira padmi narpati | ye kang pêputra gangsal | nênggih wastanipun | Dèwi Jurujinêm [Ju...]

--- 1: 226 ---

[...rujinêm] ika | duk sêmana Dèwi Muninggar winarni | punika wus diwasa ||

3. yèn cinăndra sêsotya Mêdayin | kirang kawi malah luwih warna | Dèwi Muninggar citrane | yèn cinaturèng têmbung | malah kirang papan sakadhi | upama angetunga | rêrêngganèng ayu | kinarya cêlak kewala | bêbalakan warnane sang rajaputri | punjul ing sanagara ||

4. kasub ing rat yèn ayu linuwih | tanpa sama kathah para raja | kabyatan myarsa wartane | para ratu kang rawuh | alilingan samya angabdi | tan ana kang kuwagang | yèn darbea atur | miyarsa yèn kinakudang | dene rama akarya samodra gêtih | sarah murdaning raja ||

5. lan awukir kêpalaning mantri | apulo gajah unta turăngga | akarang angrimong mèmrèng | blêgêdaba lan sênuk | alêlumut kumbala wêgig | lêlayu lan bandera | daludag lan payung | arêramon endhe watang | abêbulus tamèng waja purasani | mangambang samodra rah ||

6. lah mangkana pan têmbayèng aji | besuk krama Ni Dèwi Muninggar | yèn uwus samodra gêtèh | asarah dhasing ratu | kadya ingkang kocap ing nguni | ing wana Bakdiyatar | asêgara marus | nênggih sajawining kitha | Bakdiyatar toya kèh wiyar aradin | dadya pamêng-amêngan ||

7. sapa ingkang unggul ing ajurit | lah puniku iya kang minăngka | sang rajaputri kramane | wau ta kang cinatur | iya sang dyah kusumèng puri |

--- 1: 227 ---

miyarsa yèn kang rama | saha bala mêthuk | mring satriya suwitanyar | apêparab Kêlana Jayadimurti | saking nagari Ngarab ||

8. sang lir rêtna siniwèng pra cèthi | munggèng mèru amade kumala | sang rêtna rum wêcanane | sapa ingkang andulu | wingi marang kangjêng rama ji | duk mapag ing satriya | ingkang lagi rawuh | wartane apa bagusa | satriya Ngarab Kêlana Jayèngmurti | dènnyambêk kumawawa ||

9. tinimbalan dene nora prapti | malah têka ngrampasi kongkonan | iya ta apa rupane | ingkang andhêdhêr rangkuh | arêp mungsuh kangjêng rama ji | apa datan miyarsa | lamun ratu agung | angrèh para raja-raja | misesèng rat pinituwa para aji | baya bosên uripa ||

10. apa gêdhe nagri Pusêr Bumi | arsa wani ngayomi mring rama | iya pira jajahane | pira prajuritipun | dene iya ingkang pawarti | durung madêg narendra | anak wong dhêdhukuh | cèthi Sagala turira | kula wingi inggih gusti aningali | amung kala utusan ||

11. pun Kêlana Anjayadimurti | kang ingutus putra Tambakrêtna | prajurit Maktal namane | tuhu lamun binagus | pan digdaya pasang alungit | ingutus mring gustinya | ngaturakên wabru | ambêkta mantri sanambang | cinêndhalan kala anèng păncaniti | dhatêng satriya Irjan ||

12. gustinipun tinantang yèn prapti | atandhinga wignyane mêmanah | Irjan pralêbda sêbdane | Maktal murinèng kalbu | nulya dibên lesan rumiyin [rumiyi...]

--- 1: 228 ---

[...n] | unggul Rahadèn Maktal | parise pêpitu | sadaya pinanah tatas | panah liwat kucêm punggawèng Mêdayin | rama paduka ganjar ||

13. mèsêm angling ri kusumèng puri | biyang apa putra Tambakrêtna | kang gawa wabru praptane | pawonganira matur | gih punika gusti rumiyin | Wong Agung Parangteja | pan pêparabipun | pan ingangkah saudara | inggih dhatêng Kêlana Jayadimurti | kadya gyaning sayayah ||

14. ngandika malih kusumèng puri | angundanga pawongane rama | wong angampil siji bae | wingi kang padha milu | sigra nêmbah sarêng lumaris | praptèng wisma pawongan | têmbungipun arum | dika nyai tinimbalan | marang gusti kusumèng puri sang dèwi | sigra dènnya lumampah ||

15. sapraptane pawongan wotsari | biyang inya sun takoni sira | apa ta baya rupane | satriya ingkang rawuh | kang pinapag dening rama ji | iya ingkang pêparab | Menak Jayèngpupuh | punang pawongan turira | inggih gusti kawula was kalawingi | wontên ing panangkilan ||

16. èstu lamun satriya pinêkik | kadi botên angsal ngupadosa | wawêngkon têpis wiringe | nagari ing Mêdayun | kathah para ratu dipati | satriya myang punggawa | ing Mêdayin agung | tan wontên ingkang nyandhaka | pasêmone manise ngêbêki bumi | gumriyêng sêmonira ||

17. pêrakati lindri jêtmikani | sariranira rurus araras | ujung awijang [awi...]

--- 1: 229 ---

[...jang] jajane | cahya wênês sumunu | astanira gandhewa ramping | tejanira sumunar | wangkawang andaru | kadya ta dede manungsa | manawi jin pêrayangan amênawi | wontên sairibira ||

18. lamun jalma kang kungkulan langit | kang kasăngga lumahing bantala | tangèh manggiha iribe | myang wirotamèng kewuh | widigdaya ing satru sêkti | măndra prawirèng rana | aprang nèng rok pupuh | kathah narendra kuciwa | mila dipun pilala ing sri bupati | kinarya dakaning rat ||

19. krama wiweka dibyèng wigati | ambêking sêmu graita pasang | tan angêndhak wong gunane | andhap aprana sadu | widigdaya datan kawingkis | bagus datan lêlewa | cahyane umancur | sring kasub kaonang-onang | tan asumbung martèng tyas lêgawèng lalis | sabar lila ing dunya ||

20. kala matur abdinta pun kaki | Betaljêmur ing rama paduka | kula mirsa wèlèh-wèlèh | matur wêwatêkipun | ambêk santa budya marta sih | asih wadya susela | wong mêmitra tuhu | gawoke manah kawula | mung kang cahya kumukus ambusanani | asrining panangkilan ||

21. para nata satriya bupati | kadya wulan kontaping raditya | wong Mêdayin kusut kabèh | miwah punggawanipun | pan sadaya apêkik-pêkik | kathah ratu jêjaka | samya wirèng kewuh | cacahe kang para nata | mung kang katur asèkêt kirang kêkalih | pra kadang kalih wêlas ||

22. yèn mênggaha ing sêsami-sami [sêsami-...]

--- 1: 230 ---

[...sami] | kawula jêng inggih angêlêta | yèn wontêna mabênake | sadalu opah satus | botên etang utang anyilih | gumêr sagung pawongan | mèsêm sang rêtna yu | tyasnya kadya wirandhungan | wus kasèbêt ing wuyung wiyanging galih | wirangrong karungrungan ||

23. angandika malih sang lir Ratih | tutugêna biyang tuturira | pawongan atur sêmbahe | dening ta wadyanipun | kang asikêp gêgaman jurit | pitung kêthi sadaya | kajawi pêpikul | yèn upama ginunggunga | kadya wontên kalih têngah yuta gusti | balane Jayènglaga ||

24. lêluconipun anggèr kêkalih | kang satunggal aran Umarmaya | ragi mambêt sêntanane | warnanipun kayungyun | amathèsèl irêng tur manis | rema barintik abang | jongor lathènipun | muka sapêrti wanara | netranya brit nanging pundhake anglênging | kêlangkung cucudira ||

25. kang satunggil Narendra Kohkarib | warnanipun apindha gupala | ambalêndhêr wêwadhuke | malêmbung kadi busung | langkung trustha dènnya ningali | ingkang para satriya | punggawa gung-agung | tan ana mingkêm kang mulat | balanipun salêksa kuluk mas sami | panjang anglimang asta ||

26. pun Kêlana Anjayadimurti | kirang kujêng[9] kaduk èsêmira | kathah suka tan aopèn | awingit tingalipun | lamun mèsêm gusti patitis | kulanggèr kêsar-kêsar | miyat èsêmipun | kadya yayah têmu kilang | ika si

--- 1: 231 ---

wong baguse têka dhèwèki | tan nganggo tatêmpilan ||

27. ngandika lon sang kusumèng puri | hèh mundhuta têlung atus dinar | si biyang ingsun ganjare | opahe tutur-tutur | kang amundhut dinar wus prapti | katur mring rêtnaning rat | pinaringkên sampun | sang dyah karidhu tyasira | èsmu măndra kawangwang wingiting galih | wantune dyah diwasa ||

28. nulya kundur jumantêning puri | praptanira ing mêmade rêtna | angrungkêbi gêgulinge | kandhahan rarasing rum | kaciptèng tyas amung pawarti | apa warnane baya | Menak Jayèngpupuh | wastra têlês munggèng gantar | sun tatêdha awèta pepe nèng ngriki | satriya Jayèngrana ||

29. Dyan Kêlana Anjayadimurti | ilèr ijo kang sasanèng têgal | kakênthanga aywa mulèh | dhuh biyang raganingsun | buroning lèng kang pindha jangkrik | yèn nora katêkana | sire nalanipun | pêkên alit nut ing marga | nora wurung satriya kasoran jurit | kalindhih ingkang rimang ||

30. angandika mring cèthine kalih | biyang korone sira dèn bisa | aywa kongsi kajuwarèh | rêksanên tingkah ingsun | aywa kongsi katur rama ji | yèn ingsun kalênglêngan | kêna sambang tutur | kandhahan satriya Ngarab | kang jêjuluk Kêlana Jayadimurti | kalih matur prasêtya ||

31. salamènira tan arsa krami | ratu kawan atus ingkang prapta | samya ratu gêdhe-gêdhe | lajêng suwitèng prabu | akêkuwu anèng

--- 1: 232 ---

Mêdayin | tan purun amunjuka | marang sang aprabu | salamine tan kagiwang | ing pawarta para ratu ingkang prapti | ing mangkya têmah giwang ||

32. minggah tumurun sang liring Ratih | kadya sata lagya matarangan | agung kambah ing wimbuhe | tyas sêmang amirangu | lir wong kêna guna piranti | lali dhahar anendra | amung kang kaetung | satriya suwita anyar | soring alis satriya wira di murti | tulusa kasatmata ||

33. ingkang dhingin dosa ing rama ji | tinimbalan marang kangjêng rama | mulih barundhul dutane | têka andhêdhêr angkuh | Si Kêlana Jayadimurti | sun têdha dèn ukuma | marang rama prabu | aywa dèn ukum siyasat | dèn ukuma tămpaa tariman putri | si dhokah danasmara ||

39. Asmaradana

1. kunêng kang datan winarni | kang lagya gêrah asmara | gênti ingkang winiraos | wontên nanggulang ing praja | ratu kaonang-onang | bêbanthènge ing Mêdayun | jêjuluk Raja Kistaham ||

2. ing Sarwal punang nagari | pêputra jalu sêkawan | samya prawirèng palugon | prakosa bala sayuta | dhomas punggawanira | tur samya digdayèng pupuh | bilih kang kuwawi năngga ||

3. pilih ratu kang nadhahi | yudane Raja Kistaham | katêmpuh abot repote | iya Mêdayin nagara | amung Raja Kistaham | nate bêdhah nagara gung | boyong putri bănda raja ||

4. ingugung kêpati-pati | marang Bêthara Nusirwan | apan minăngka isine [i...]

--- 1: 233 ---

[...sine] | ing wijoan palorêtna | lêlurah para raja | pra dipatya punggawa gung | Mêdayin ajrih sadaya ||

5. Raja Kistaham prajurit | ya ta sampun tigang căndra | ingutus marang sang katong | ambêdhah nagari Kangkan | ing mangke Rajèng Kangkan | kasor yudane kapikut | nagarane jinarahan ||

6. bandan binêkta rumiyin | dene putra Radèn Kobat | kinèn ngaturkên sang katong | sawurine putranira | sira Raja Kistaham | anêtêg têngara umung | budhal saking nagri Kangkan ||

7. kunêng ta ingkang lumaris | ya ta ingkang winurcita | sri bêthara enjing miyos | supênuh para satriya | dipatya myang punggawa | miwah Radèn Jayèngpupuh | sampun munggèng ing ngayunan ||

8. Kêlana Jayadimurti | sampun kawan dasa dina | anèng Mêdayin lamine | langkung dening kinasihan | marang Prabu Nusirwan | pan pinutra-putra danu | rinaja-raja mênggala ||

9. akasukan siyang ratri | abujana ăndrawina | apan tan ana pêgate | Jayèngrana pinaringan | busana myang turăngga | warata sawadyanipun | samya pinaring busana ||

10. para Nata Pusêr Bumi | samya pinaring makutha | sabusananing kêraton | miwah sagunging satriya | busana kasatriyan | punggawa paringanipun | sabusananing punggawa ||

11. kula mantri tăndhamantri | juru malim lurah tăndha | prasamya ginanjar kabèh | pangalasan ulubalang | tan ana kang purika [pu...]

--- 1: 234 ---

[...rika] | samya sukane kêlangkung | dènnya gêng sihe sang nata ||

12. amung wadya ing Mêdayin | para nata myang satriya | punggawa sumêngit kabèh | mèri mring satriya Ngarab | dènnya kinêla-êla | tan măntra suwitèng ratu | kadya yayah kang ayogya ||

13. miwah Ki Baktak Apatih | sêngite kaliwat-liwat | nanging pindha upayane | samya ajrih ing sang nata | de langkung kinasihan | amung sira Betaljêmur | lair batinira trêsna ||

14. dangu dènira tinangkil | sang nata miyarsa warta | Raja Kistaham praptane | saking nagari ing Kangkan | ratune wus kabănda | malah binêkta rumuhun | bandan marang Radèn Kobat ||

15. sang nata ngandika aris | mring dipati lan satriya | padha amapaga kabèh | budhal sagunging dipatya | sang nata angandika | Jayèngmurti anak ingsun | sira mas milua mapag ||

16. Kêlana Jayadimurti | sigra dènira tur sêmbah | budhal sapara ratune | kêlawan punggawanira | gumêrah balakuswa | Dyan Kêlana Jayèngpupuh | anèng wuri saha bala ||

17. para bupati Mêdayin | sadaya lumakyèng ngarsa | pan atêbih antarane | kêlawan bala ing Arab | ya ta ingkang winarna | panganjurira kadulu | balanira Radèn Kobat ||

18. mandhêg punggawèng Mêdayin | wus samya panggih sadaya | kêlawan Radèn Kobate | wêwadul sagung punggawa | dhatêng Rahadèn Kobat | yèn wontên satriya

--- 1: 235 ---

rawuh | suwita marang sang nata ||

19. pinangkane Pusêr Bumi | langkung dènnya kinasihan | wong Mêdayin kasor kabèh | langkung wau ngêla-êla | malah kinèn alênggah | ing wijoan palowanu | panggonane rama dika ||

20. Radèn Kobat duk miyarsi | kumêjot sandhinging lathya | sakala putung alise | malatu-latu kang jaja | tan adangu katingal | yèn ana gêgaman rawuh | Radèn Kobat nulya budhal ||

21. sarya angandika aris | iki gêgamane sapa | para dipati ature | inggih punika pun Ambyah | Radèn Kobat sumimpang | anyakirang lampahipun | sarwi anglirik wong Arab ||

22. mandhêg bala Pusêr Bumi | sarwi ningali kang prapta | sarêng kapungkur ing kabèh | wong Arab anut ing wuntat | ing marga tan winarna | ing panangkilan duk rawuh | Radèn Kobat marêk nêmbah ||

23. ingaturakên narpati | bêbandan Sang Rajèng Kangkan | wus kinèn marăngka age | nulya wau Radèn Kobat | lênggah munggèng wijoan | palênggahane rumuhun | Rahadèn Kobat punika ||

24. pan wus kawilang prajurit | wênang jaja lan kang rama | apan wus suwita dhewe | samya abala nyalêksa | kapat samya digdaya | mangkana Sang Wirèngkewuh | wus prapta ngarsa sang nata ||

25. sawadya para narpati | Jayènglaga tan alênggah | maksih angadhêp sang katong | Prabu Nusirwan ngandika | bapa kaya pa sira | ngêndi prayogane [pra...]

--- 1: 236 ---

[...yogane] lungguh | Si Kêlana Jayaning Prang ||

26. Betaljêmur matur aris | sakarsa paduka nata | inggih ing sapanujune | sang nata alon ngandika | Ambyah sira lungguha | ing wijoan palowanu | ya panggonane Kistaham ||

27. Kêlana Jayadimurti | tur sêmbah anulya lênggah | lan sawadya punggawane | sêksana pundhutan mêdal | lumintu saking pura | lajêng bujana anginum | angrangin punang gamêlan ||

28. sênggake munya ngêdhasih | kêplokipun atimbalan | sangkêping lêlawuhane | larih mayêng kapatiga | wêtara ping sêkawan | Radèn Kobatsah awuru | kumêlêng akipat-kipat ||

29. dènira mandêng mucicil | bêkah-bêkuh dènnya ngucap | apuliringan ulate | amung sira Jayènglaga | pinandêng tiningalan | gitik waja alis putung | asêngap dènnya wêcana ||

30. hèh bêbangkan Pusêr Bumi | apa ta pangwasanira | dumèh alungguh ing kono | ênggone wong tuwaningwang | si monyèt tanpa ngrasa | anake wong adhukuh |[10] têka lungguh ing wijoan ||

31. iku ênggone prajurit | kang tate bêdhah nagara | anyêngkalak para katong | dudu bêthuh kaya sira | ingkang lungguh wijoan | Dyan Kêlana Jayèngpupuh | eca lênggah tan pinirsa ||

32. Radèn Kobat amucicil | tan pêgat pamandêngira | sirambyah angandika lon | hèh Kobat pagene sira | mandêng-mandêng

--- 1: 237 ---

maringwang | tingkah asêngit maring sun | Kobat sugal wuwusira ||

33. pagene sira nglinggihi | ênggone wong tuwaningwang | Jayèngmurti lon saure | nora wruh wong tuwanira | timbalane narendra | ing kono gon ingsun lungguh | kinèn angungkurkên sira ||

40. Pangkur

1. bramatya satriya Kobat | têdhak sarwi marani Jayèngmurti | lah ta dene enak lungguh | ing mêngko sun asêmpal | sarta nyandhak wangkingan sarwi jinunjung | sinèrèd saking wijoan | nanging wong Menak tan gingsir ||

2. binithi gulu iringnya | wanti-wanti isih eca alinggih | dèn ping tiga githokipun | kapilêng Radèn Ambyah | dyan winalês binithi walikatipun | aniba Rahadèn Kobat | tangi narik pêdhang aglis ||

3. sigra ngayatakên pêdhang | dupi arsa tumiba dèn barêngi | sinăngga pangglanganipun | pinidih pêdhang tiba | dyan cinandhak wangkinganira jinunjung | ingubêngakên ing tawang | binanting sarwi alinggih ||

4. dangu kalêmpêr Dyan Kobat | nulya nglilir tangi wangsul alinggih | ing linggihanira wau | angling Prabu Nusirwan | sêdhêng silih amalês Si Ambyah iku | iya kawilang asabar | Kêlana Jayadimurti ||

5. wong Mêdayin kang miyarsa | pan sadaya samya panas ing galih | dening sihira sang prabu | ngasorkên Radèn Kobat | pan alinggih ing wijoan palowanu | palungguhane Kistaham | ratu mêmacan Mêdayin ||

--- 1: 238 ---

6. jêngkar Sang Prabu Nusirwan | samya bubar sagung wadya kang nangkil | myang Kêlana Jayèngsatru | mantuk ing pamondhokan | kawarnaa Raja Kistaham duk rawuh | wanci ing pukul sêkawan | kapêthuk kang samya nangkil ||

7. satriya miwah punggawa | samya lajêng ngiring mring dalêmnèki | Radèn Kobat awêwadul | dènnya apăncakara | pra dipatya punggawa nambungi wuwus | kawula arsa tulunga | ajrih nèng ngarsa narpati ||

8. sapraptane dalêmira | lan sagunging punggawa tata linggih | lajêng bujana manayub | lan sagunging punggawa | angandika Raja Kistaham mring sunu | ora Kobat anak ingwang | pagene anglêlingsêmi ||

9. kasoran lan wong nanêka | sira uga talitih ing prajurit | kalah anak wong dhêdhukuh | iya ing benjang-enjang | nalikane yèn siwaka sang aprabu | sun barêngane dêdalan | Si Kêlana Jayèngmurti ||

10. sun patènane dêdalan | dèn aja na wruh bature sawiji | sun pète sangkaning alus | ngong sandi among sanak | pêsthi padhêm Si Kêlana Jayèngpupuh | ing dalu tan winurcita | ya ta kawuwusa enjing ||

11. siyaga lan saha bala | Dyan Kêlana Prawira Adimurti | asewaka sang aprabu | sira Raja Kistaham | mangkat saking dalêm nèng margi kapêthuk | iki baya Jayènglaga | têdhak saking ing turanggi ||

12. amarani Radèn Ambyah | duk tumingal sigra dènnya nuruni | paran-pinaranan [paran-pinarana...]

--- 1: 239 ---

[...n] tundhuk | ya ta rangkul-rangkulan | gantya ngaras ingkang jăngga kalihipun | Raja Kistaham mangrêpa | anora sih amrih silib ||

13. sarwi midih bêbangkekan | ngêntèkakên kuwat tumètès gêtih | saking jajêmpolanipun | nanging mêksa tan obah | anggraita Dyan Kêlana Jayèngpupuh | mèsêm sarwi atêtanya | hèh Kistaham sira lami ||

14. anèng nagari ing Kangkan | sarwi malês amidih lambungnèki | gumêrpêk bêbalungipun | sumaput panonira | Sang Kistaham biyas ulatira payus | angrêrêpa palorodan | hèh Ambyah tuhu prajurit ||

15. nanging aywa na wong wikan | polah ingsun kêlawan sira iki | sun anjaluk wêlasamu | rêksanên wirang ingwang | pêsthi ingong kapiutangan kêlangkung | mèsêm dènira ngandika | Kêlana Jayadimurti ||

16. lah iya sakarêpira | apan dudu pênggawe saking mami | sarêng nitih kuda sampun | jajar dènnya lêlampah | Sang Kistaham lan Kêlana Jayèngpupuh | kêlangkung norakên ăngga | mring Kêlana Jayèngmurti ||

17. sapraptane panangkilan | sarêng mêndhak nêmbah wong agung kalih | marang wau sang aprabu | sira Raja Kistaham | ngacarani mring wong Menak akèn lungguh | ing wijoane Kistaham | Jayènglaga nulya linggih ||

18. anulya sira Kistaham | dènnya lênggah asandhing lawan Amir | sang nata tumingal ngungun | nêtêr sira ngandika | abêbisik marang sira [si...]

--- 1: 240 ---

[...ra] Betaljêmur | bapa mulane Kistaham | bêcik lawan Jayèngmurti ||

19. Betaljêmur aturira | sampun wêlèh wau duk anèng margi | arsa mêndhêt pêjahipun | sinilib têtabean | tan kuwagang têmah lingsêm awakipun | punggawa Mêdayin samya | ngungun dènira ningali ||

20. sêksana lajêng kasukan | pan samêkta lawuhan nayub asri | ngêrangin gamêlanipun | sêksana para nata | midêr punang larihira kaping têlu | sigêgên kang kawuwusa | kang anggung agêrah wingit ||

21. Kusuma Rêtna Muninggar | ingkang anggung kêlangên[11] anèng bèji | sêlamine nandhang wuyung | kêlangên anèng taman | pan ingiring dening para êmbanipun | apan taman luwih pelag | tamane sang rajaputri ||

22. asri rarêngganing taman | apan kathah lamun caturên tulis | palênggahane sang ayu | kinarya gêgilang mas | têtirahe pinatik nila jumêrut | sinasotya nawa rêtna | wiyare gêgilang rukmi ||

23. inggih patang puluh pêcak | ubêngira gêgilang pan pêsagi | ing kono gènira lungguh | kêkalih kang pawongan | kang jinatèn sasolahira among kung | Salaga lawan Pardapa | ngandika sang rajaputri ||

24. lah biyang sira miyanga | panangkilan ngiringa rama aji | wingine ingsun angrungu | ana wong păncakara | inggih gusti pun Kêlana Jayèngpupuh | lawan anake Kistaham | kang dèn rêbat palowani ||

--- 1: 241 ---

25. tuhu kêlamun digdaya | pun Kêlana Prawira Adimurti | anyangking wong sambi lungguh | ingubêngakên tawang | Radèn Kobat binanting sarwi alungguh | dangu dènira kantaka | inggih Kobat kang miwiti ||

26. mèsêm kusumaning pura | amiyarsa ature punang cèthi | sangsaya mêwahi rumpyuh | kang tyas datanpa nendra | imbuh kambuh wimbuh ing galih akambuh | dadya wungu wingit marang | Kêlana Jayadimurti ||

27. tyas mèsi raga wiyoga | ragan-ragan solahe sang suputri | wiyang-wiyungan kayungyun | tansèng sela gêgilang | galang-gulung pawongan kang kalih wau | tan pisah ing saknalika | ananêlik karyanèki ||

28. mring kang dadya êla-êla | salêlewanira linali-lali | tan ilang malah kêlalu | lawan ing tawang-towang | tan anyipta ing liyane mung kaetung | katonton saking pawarta | Kêlana Jayadimurti ||

29. wau ni cèthi Pradapa | andharêsêl praptèng jawining puri | pawonganira sang prabu | jawil sarwi têtanya | ngambil apa wong kaputrèn iki mêtu | sumaur cèthi Pradapa | ingsun nunut nêningali ||

30. sandhinge nambung wêcana | cêp mênênga wong iki tan wruh ngêsit | ana wong kaputrèn mêtu | têka padha têtanya | samya kèndêl wau kang bujana nayub | gumuruh sênggak sauran | larih midêr kaping kalih ||

31. kaping tiga ping sêkawan | pan kawuron sagung para narpati | Kistaham sangêt awuru | netra abang ngatirah | amucicil mandêng [ma...]

--- 1: 242 ---

[...ndêng] marang Jayèngpupuh | agangsul pangucapira | hèh Arab cêcikat baring ||

32. dene liwat tanpa ngrasa | lungguh anèng wijoan palowani | sira anak wong dhêdhukuh | têka linggih wijoan | sumêlonong dera anak wong kêkuwu | dudu yêng-iyêngmu Mêkah | kang aduwe palowani ||

33. wruhanira kang têtinggal | canggah ingsun Sang Prabu Hasanarim | tumiba si kaki buyut | arane Dhasthakenas | iya nuli tumiba ing kakèk ingsun | kang aran Raja Rêrustam | tumiba mring bapa mami ||

34. kang anama Ibruskara | iya mêngko tumiba ingsun iki | lah ta dene iku dudu | wong Mêkah kang têtinggal | iya iku kabèh prajurit linuhung | dudu wong dhêdhukuh Mêkah | wijoan kang nêninggali ||

35. gumujêng sarwi ngandika | duk miyarsa Kêlana Jayèngmurti | hèh Kistaham sira iku | pagene salah ucap | salah iya kaya dudu pangucapmu | kang kawêtu tutukira | kabèh satuhu prajurit ||

36. pantês lênggaha wijoan | dene mêngko kang patut iya mami | krana ing pangalap ingsun | marmane ingsun lênggah | kang timbalan sri bêthara ing Mêdayun | Kistaham langkung bramatya | kumêlêng angucap bêngis ||

37. pagene sri naranata | amêsesa marang lungguhan mami | pan iku gêgaman ingsun | têka nagari Sarwal | iku dudu paringane sang aprabu | Raja Nusirwan miyarsa | pangandikanira aris [a...]

--- 1: 243 ---

[...ris] ||

38. hèh Kistaham wruhanira | ingkang lungguh wijoan palowani | iya prajurit pinunjul | dhingin prajurit ingwang | ing Mêdayin tan ana kaya sirèku | wênang linggih ing wijoan | iki Si Jayadimurti ||

39. angluwihi saking sira | wênang munggèng wijoan palowani | yèn sira kuwasa jaluk | payo sira rêbuta | têka sira Si Kêlana Jayèngsatru | sigra Sang Raja Kistaham | ngatag marang putranèki ||

40. sigra mara Radèn Kobat | narik pêdhang munggèng ngarsanira Mir | wus tumiba pêdhangipun | binarêngan sinăngga | gêlangane pinidih pêdhange runtuh | cinandhak wangkinganira | ingubêngakên ing nginggil ||

41. mubêng apindha likasan | Radèn Kobat binanting sarwi linggih | kalêngêr nulya umagut | putra kêkalih prapta | Dyan Kadarsi Istun sarêng prapta anglud | kalih sarêng ngangkat gada | Istun sampun dèn cêkêli ||

42. lan Kadarsi kering kanan | wus ingabên muka kalih gumlinting | Kistaham wus mara gugup | sarwi ngayati pêdhang | wus cinandhak binanting sarwi alungguh | dalêdêg rah kulesedan | cangkême agupak wêdhi ||

43. umadêg Raja Kistaham | gêgithoke Jayènglaga binithi | kapilêng kêlangkung bêndu | sira Raja Kistaham | mêksih ngadêg wau munggèng ngarsanipun | dyan cinandhak wêntisira | tininggil nulya binanting ||

44. inguncit-uncit ing lêmah | guladrahan pan mêksih dèn cêkêli | dèn tangèkakên [tangèka...]

--- 1: 244 ---

[...kên] adangu | ing siti kalesedan | dyan binithi Sang Kistaham sangêt kantu | sarêng anglilir Kistaham | wangsul ênggènira malih ||

45. wau kang putra sêkawan | kang satunggil nênggih Radèn Kadarsi | sacêngkang mêtu bolipun | sampun binêktèng wuntat | pra dipati Mêdayin lan punggawa gung | samya angrêgêm gêgaman | prajurit nom-anom sami ||

41. Sinom

1. kèh prajurit samya mojar | hèh Kistaham sira iki | dene nora pêparentah | wingi wus padha ajangji | numpêsi Jayèngmurti | Kistaham eca tumungkul | wau Rahadèn Maktal | nêngah pêdhange tinarik | Umarmadya Tohkaran samya manêngah ||

2. mèsêm sarwi angandika | Kêlana Jayadimurti | yayi Maktal sumingkira | miwah ta Si Umarmadi | kaya ta rare cilik | anèng ngarsane sang prabu | lah iya nêdya apa | katiga wus mire sami | Umarmaya nêngah sarwi cikrak-cikrak ||

3. amalêmbung akêkayang | mojar sarwi cêrik-cêrik | dene padha adol ulab | ana ngarsane sang aji | kumênthus ngajak jurit | padha narajang sêsiku | lah iya mêngko ana | punggawa mulih barindhil | para nata mêngko mulih lêlagaran ||

4. tur kabèh măngsa enjoha | dhuh cis pakanamu tai | têka nora nana wirang | binanting padha kapesing | Marmaya kirig-kirig | mencok sarwi manthuk-manthuk | gumêr ingkang tumingal | langkung

--- 1: 245 ---

suka sri bupati | gujêngira sarwi kondur angêdhatyan ||

5. sêmana bubar sadaya | para nata myang bupati | samya mantuk sowan-sowang | Kêlana Jayadimurti | sawadya pra narpati | mantuk amakuwon sampun | wau ta kawarnaa | kang duta kusumèng puri | Ni Pradapa prapta marêk ing sang rêtna ||

6. wus katur sasolahira | duk wontên ing păncaniti | salir solah bawanira | Kêlana Jayadimurti | tuhu lamun pinêkik | budi darma tamèng kewuh | kumukus cahyanira | asawang gêbyaring sasi | panangkilan kadya rinêngga sêsotya ||

7. apindha teja wangkawa | èstu lamun busanani | asrinira panangkilan | wau mèh dadosing jurit | angêrbat palowani | pun Kêlana Jayèngpupuh | lan pun Raja Kistaham | saanake bilawani | gangsal bapa samya angrungkêbi lêmah ||

8. katur barang parisolah | miwiti malah mêkasi | sang rêtna wuwuh asmara | karikuh tan bisa tangi | dènnya arsa udani | ing Kêlana Jayèngsatru | dahat ajrih ing rama | dadya gung atangkêb samir | kunêng sang dyah sang nata enjing sineba ||

9. andhèr sagung para nata | supênuh kang tăndhamantri | satriya miwah punggawa | lawan Kistaham anangkil | saanakira sami | wus munggèng ngarsa sang prabu | menak pêpakoning rat | Kêlana Jayadimurti | wus sewaka lan sawadya para nata ||

10. kaarsa dènira lênggah | munggèng wijoan mas adi | pêparingira [pêpa...]

--- 1: 246 ---

[...ringira] sang nata | pinalipit sêsotya di | naga gêng ngapit-apit | samya bukasri mas murub | nênetra intên mulya | sinisikan mutyara di | pêthit samya pêpulêtan munggèng wuntat ||

11. punika kang sinendhenan | sirahing naga angapit | samya rêrawis kumala | tinatirah ing widuri | pakaja amêrapit | cinêlanan ing jumêrut | sanadyan para nata | lamun tan prawirèng jurit | iya nora wênang lungguh ing wijoan ||

12. sanadyan mêksih satriya | yèn wus wirutamèng jurit | lungguh adiling narendra | ing wijoan palowani | Jayèngmurti bêbisik | marang Ki Umarmayèku | kinèn matur sang nata | wus asamir sutra kuning | Umarmaya mènthèk-mènthèk mring ngayunan ||

13. dinangu marang sang nata | Umarmaya awotsari | dinuta mring putra tuwan | Kêlana Jayadimurti | nuwun wêdalirèki | saking kunjaran pukulun | bêbandan Ratu Kangkan | pun Ambyah ayun ningali | Sri Nusirwan nuduh marang pêngalasan ||

14. sapraptanirèng kunjaran | nulya winêdalkên aglis | babêstan raja ing Kangkan | binêktèng ngarsa narpati | Umarmaya nakèni | Bahram sira gêng aluhur | dene kongsi binănda | tutura ingkang sayêkti | dhingin sira duk aprang lawan Kistaham ||

15. kinalahakên ing apa | Raja Bahram anauri | ingsun kalah kêna cidra | ingupaya darubêsi | nora kalah ajurit | prajuririt [prajuri...]

--- 1: 247 ---

[...rit] tataning asu |[12] lakune Si Kistaham | culika dudu wong bêcik | dene iku isèn-isèning wijoan ||

16. duk praptèng ing nagri ingwang | pinagut ing anak mami | lan patih ingsun kewala | tan têka ing awak mami | nuli akirim tulis | anungkul angajak atut | ingsun undang kasukan | anèng panangkilan mami | enjangane iya anèng pamondhokan ||

17. sinuguh sami kasukan | nuli ngong dinarubêsi | iku margane binănda | ya ta Kistaham nauri | sun kalahakên jurit | dora ature puniku | kasor madyaning rana | agênti banting-binanting | saujare iku tan layak ngandêla ||

18. umatur Sang Raja Bahram | dhuh anggèr Sang Jayèngmurti | lamun kawula ucula | dèn abêna aprang tandhing | lamun kasor ing jurit | dèn băndaa malih ulun | sigra matur sang nata | Kêlana Jayadimurti | yèn suwawi bêstan ucula sakêdhap ||

19. mèsêm dènira ngandika | Sang Prabu Anyakrawati | Si Bahram iku prakosa | manawa băndakalani | umatur awotsari | Kêlana Anjayèngsatru | mangke kula kabêsta | ngandika malih narpati | iya kulup ing kono sakarsanira ||

20. sêksana Ki Umarmaya | cêngkalak dipun uculi | wus ucul kang anèng asta | kang anèng badanirèki | Raja Bahran pribadi | pinêdhot-pêdhot wus rampung | sigra dènnya malumpat | nyandhak pêdhange [pê...]

--- 1: 248 ---

[...dhange] wong ngampil | kang anggawa dhinupak niba palastra ||

21. dyan nanêrak pra dipatya | kang pinêdhang tigas pancing | gègèr sagung kang sewaka | kathah longe kang ngêmasi | Raja Bahram prajurit | sêsumbar anguwuh-uwuh | payo kene Kistaham | papagêna tandang mami | karubutên arakên anakmu papat ||

22. kabèh pagutna maringwang | Ki Umarmaya marani | Kistaham sira tinantang | mungsuhmu ika nyumbari | mara cêkêlên aglis | Kistaham mênêng anjêtung | anyêntak Umarmaya | têka pijêr pringas-pringis | wong tinantang tan wani amagut yuda ||

23. rumab Ki Apatih Baktak | ningali solahirèki | Raja Bahram akartala | kathah mantri kang ngêmasi | Sang Prabu Nyakrawati | pangandikanira asru | hèh kayaparan iya | Kêlana Jayadimurti | lah cêkêlên Si Bahram kasêlak dadra ||

24. tumurun saking wijoan | Kêlana Jayadimurti | mêndhak tur sêmbah mring nata | sigra dènira marani | prapta wurinirèki | Raja Bahram maksih ngamuk | malêdug asasaran | para dipati Mêdayin | asru mojar wong Menak mring Rajèng Bahram ||

25. hèh Bahram sira mandhêga | sadhela ingsun talèni | sumaur Sang Rajèng Kangkan | lah sira mênênga ugi | sun amuke dèn ênting | kabèh punggawa Mêdayun | têkan Nusirwan pisan | sun pêdhange dimèn mati | yèn wus mati sira umadêga nata ||

26. iya ratu binêthara |

--- 1: 249 ---

pantês sira ingkang dadi | nèng Mêdayin jumênênga | eman dèn goni wong kapir | ingsun kang dadya isi | nèng wijoan palowanu | mèsêm Sang Jayènglaga | iku dudu karêp mami | sawadine Bahram sira aywa dadra ||

27. lir pendah banthèng kêtawan | pêngamuke gêgilani | saparane tinututan | mring wong Menak Jayèngmurti | Rajèng Kangkan sirèki | maria aja angamuk | idhêpên ujar ingwang | Raja Bahram anauri | Jayènglaga mênênga balik mundura ||

42. Durma

1. Rajèng Kangkan manêngah pangamukira | sampun anêdya mati | riwut panonira | singa kasabêt pêdhang | para nata tigas pancing | mantri punggawa | akathah kang ngêmasi ||

2. solahira kadya banthèng tawan brana | agiris wong Mêdayin | wong rangkêp têtiga | papat pinêdhang tatas | Kêlana Jayadimurti | maksih tut wuntat | mandhêga Bahram dhingin ||

3. saya asru wuwuse Sang Jayènglaga | sira mandhêga dhingin | turutên jar ingwang | yèn sira tan manuta | lah mandhêga ingsun wèhi | kuda papêrang | lawan gêgaman jurit ||

4. yayi Maktal lah sinungana busana | miwah gêgaman jurit | lan kuda papêrang | Bahram sampun sinungan | angrasuk kêprabon jurit | nitih turăngga | amasang kêre wêsi ||

5. konên mêtu mring ara-ara pamedan | sigra dènira mijil | wong Menak tur sêmbah | amit arsa mêdala |

--- 1: 250 ---

Sang Aprabu Nyakrawati | lan saha bala | umiring nêningali ||

6. bubar saking panangkilan sampun prapta | prênah pamedan sami | abaris kalangan | wadya Mêdayin kapang | miwah bala Pusêr Bumi | têpung barisnya | lawan sagung narpati ||

7. sri narendra maksih manggung nèng dipăngga | kang datan kêna têbih | Betaljêmur Arya | sira Sang Jayènglaga | wus ngrasuk busanèng jurit | pun kalisahak | sampun dèn kêkambili ||

8. Rajèng Kangkan amolahakên turăngga | sêsumbar nguwuh tandhing | lah payo Kistaham | arakên anakira | kang pitênah awak mami | lah kêmbulana | kene padha ajurit ||

9. Radèn Ambyah sigra nêmbah mring sang nata | nitih punang turanggi | praptèng ranagana | panggih ayun-ayunan | raja ing Kangkan sru angling | pagene sira | ingkang mêtoni jurit ||

10. yèn kênaa sira iku aja pugal | dadia gusti mami | ingsun kang minăngka | isène kang wijoan | sun tumpêse wong Mêdayin | anuli sira | ngadêga narapati ||

11. anauri sira Radèn Jayènglaga | pan dudu karêp mami | suwadine iya | nututa ingsun bănda | yèn pugal payo ajurit | iya dèn yitna | payo bindi-binindi ||

12. Raja Bahram sumaur kaya pa ingwang | lamun bindia dhingin | dene ingsun iya | wus utang kabêcikan | Kêlana Jayadimurti | asru ngandika | iya gadaa dhingin [dhi...]

--- 1: 251 ---

[...ngin] ||

13. dudu caraningsun yèn abăndayuda | sira mupuha dhingin | aja pindho karya | payo sira gadaa | Raja Bahram anauri | iya dèn yitna | sigra ngêtap turanggi ||

14. kakartala sarwi ngundha-undha gada | pinutêr kadya giri | rug Sang Jayènglaga | kudhung parise waja | tumêmpuh gada gêng aglis | ing paris waja | kadya gêlap sakêthi ||

15. mubal gêni parise Sang Jayènglaga | turangganira anjrit | kalingan dahana | ebat ingkang tumingal | para nata ing Mêdayin | samya anarka | yèn Ambyah angêmasi ||

16. dene Bahram solahe kagila-gila | lir buta măngsa daging | kêlangkung prakosa | satriya Jayènglaga | misih anom durung akil | margane apa | kêlara anadhahi ||

17. Jayènglaga asru dènira ngandika | payo mindhoa maning | sigra mutêr gada | ingundha lir prahara | amupuh awanti-wanti | sarosanira | kadya bêlah kang bumi ||

18. kalisahak sukune tumancêp lêmah | sadêkung cinamêthi | turăngga malumpat | angling Sang Raja Bahram | payo malêsa tumuli | surak gumêrah | wong Arab wong Mêdayin ||

19. Jayènglaga ngangkat gada saking Uksam | wawrat sèwu mas kati | hèh Bahram kudhunga | parismu băndabaya | tumêmpuh gada nibani | lir bumi bêlah | parise mubal agni ||

20. kuwatira panggadane Jayènglaga | rosane kang

--- 1: 252 ---

nadhahi | gigiring turăngga | tugêl bêt tibèng lêmah | Sang Raja Bahram kuwalik | adhêrakalan | tangi anyandhak bindi ||

21. Menak Ambyah ngawe marang Radèn Maktal | kinèn ngatêri malih | turăngga papêrang | pan sampun ingatêran | Rajèng Kangkan nunggang malih | ayun-ayunan | gênti bindi-binindi ||

22. Sri Bêthara Nusirwan munggèng dipăngga | suka dènnya ningali | samya ebatira | miyat kang băndayuda | dening kuwatira sami | sêdhêng sudira | sami trahing prajurit ||

23. sampun tita panggadane Raja Bahram | sigra winalês aglis | kuda tan kuwawa | ngalumpruk tibèng lêmah | saya karepotan jurit | Sang Rajèng Kangkan | wus têdhak anèng siti ||

24. balungira obah kang satus suwidak | wulu rumêmbês gêtih | nanging tinahanan | Bahram maksih kuwawa | Kêlana Jayadimurti | têdhak sêksana | saking luhur turanggi ||

25. samya dharat kang yuda gada-ginada | ambuwang gada kalih | sarêng narik pêdhang | rame pêdhang-pinêdhang | pêdhang samya tan ngênèni | sarêng ambuwang | samya kuwate kalih ||

26. pan kacatur salingsir gènira aprang | udrêg cangking-cinangking | asêndhal-sinêndhal | pan samya kuwatira | arame dènira jurit | tan na kuciwa | samya digdayèng jurit ||

27. samya candhak-cinandhak kang wêwangkingan | Raja Bahram ambanting | nanging datan kangkat | tan osik Jayènglaga | gênti nyandhak lambungnèki | sarwi [sar...]

--- 1: 253 ---

[...wi] ingoyag | sirambyah nolih wuri ||

28. Umarmaya anampani wangsitira | topong ngulukkên aglis | sigra bala Ngarab | ngambil pusuh lan malam | pan samya atutup kuping | miwah dipăngga | kuda angrimong kuldi ||

29. blêgêdaba sênuk mèmrèng lan gagindra | unta andaka jênggi | andhanu lan singa | wus samya tinutupan | tunggul samya dèn lêlêti | satingalira | Prabu Anyakrawati ||

30. Sang Nusirwan ngandika sarwi têtanya | mring Betaljêmur nênggih | bapa dene apa | balane Jayèngrana | ting sarikut sun tingali | gawene apa | Betaljêmur turnèki ||

31. gih pun Ambyah punika arsa apêtak | mila atutup kuping | têkan têtunggangan | sadaya tinutupan | Kêlana Jayadimurti | lamun apêtak | orêg lindhu sabumi ||

32. kadya kapiyarsèng gêgana ngawiyat | kocap kang jalanidi | tirta sumamburat | prabata lir ingoyag | prapta udan awor riris | kontrag godhongan | ing wana lumrèng siti ||

33. buron alas kabarasat ngungsi guwa | kudhuping sêkar sami | sêkar samya luwas | kênthêng gandhewa pêgat | praptèng lakon tigang ratri | gurnitanira | gumludhug ing wiyati ||

34. gara-gara ginggang Sang Sri Ăntaboga | angling sri narapati | yèn mêngkono bapa | ingsun atutup karna | nanging ta sapisan iki | bapa manira | arêp miyarsa ugi ||

35. Betaljêmur

--- 1: 254 ---

matur marang sri narendra | tuwan têdhaka aglis | saking ing dipăngga | sanadyan kalêmpêra | wontêna made mas adi | Prabu Nusirwan | mudhun saking ing èsthi ||

36. wus pinarak munggèng padmasana êmas | sigra Sang Jayèngmurti | ngabênakên pêtak | kapilêng Rajèng Kangkan | kajunjung ngubêngkên aglis | kadya likasan | munggèng asta tininggil ||

37. malah tinon marang kang wadya sadaya | sigra nuli binanting | gumuling bantala | sira Sang Raja Kangkan | jajane wus dèn anciki | Ki Umarmaya | narutul analèni ||

38. wus sinrahkên mring Wong Agung Parangteja | Sang Prabu Nyakrawati | duk miyarsa pêtak | kadi gêlap sayuta | tibèng padmasana manik | gumuling kadya | padhêm sri narapati ||

39. wontên pitung pamucang panglilirira | ngandika sri bupati | bênêr sira bapa | wau panyananingwang | langit rubuh anibani | kang bumi bêlah | limbung kang punang ardi ||

40. samya têmpuh samaning arga nèng wiyat | prakêmpa jalanidi | Betaljêmur mojar | inggih dangu paduka | kalêmpêr padmasana di | sri naranata | atêmah brangtèng Amir ||

43. Asmaradana

1. sagunging bala Mêdayin | kagèt samya bilulungan | kang apês akêjèt-kêjèt | kang satêngah lunjak-lunjak | ana kang kitrang-kitrang | tambuh-tambuh solahipun | sawênèh akaluyuran ||

2. kang apês pisan ngêmasi | tan ana kang tahan pisan | sira Sang Jayèngpalugon [Ja...]

--- 1: 255 ---

[...yèngpalugon] | marêk ing ngarsa narendra | nêmbah mangaras pada | rinangkul lungayanipun | sang nata salin busana ||

3. sapêngadêg pisan nênggih | ginanjarakên sadaya | tinampenan wus ingangge | sang nata kêlangkung suka | wuwuh agêng sihira | dene ta sampun kadulu | kadigdayaning ayuda ||

4. prakêmpa nagri Mêdayin | samya narka gunung bêntar | tarung tibèng samodra rob | miwah salêbêting pura | gumrah parêkan inya | panyanane gunung rubuh | tibèng bantala mabêngkah ||

5. ya ta kusumaning puri | nuju mêng-amêng ing taman | tyas mèsi raga wirage | sare gêgilang kêncana | nglêlipur brangtanira | miyarsa pêtak anjumbul | pênyanane gunung rêbah ||

6. kontal toyane botrawi | kabuncang jêmbangan gêdhah | sêkar kudhup mêkar kabèh | ulam loh samya malêsat | kalêbus sang lir rêtna | gurnitèng tyas langkung ngungun | iki prabawane apa ||

7. satuwuk ingsun aurip | pan ingsun durung miyarsa | gara-gara kang mangkene | malêdug ulam malêsat | kutuk bangke pèklunjar | badhèr bang myang wadêr cakul | samya malêsat ing dharat ||

8. gumêr kang pawongan cèthi | ulam kang samya dèn rêbat | tubruk-tinubruk arame | ana kang tiba kalumah | badhèr nuju manculat | bênêri pupu dèn susur | kang badhèr notog wêlakang ||

9. para nyai sru anjêlih | jênat baya badhèr lanang | dene pêrnah panyondhole | sang rêtna [rê...]

--- 1: 256 ---

[...tna] mèsêm tumingal | alon dènnya ngandika | Pradapa mêtua gupuh | sira atakona warta ||

10. prabawane apa iki | dene ta kabina-bina | Pradapa tur sêmbah lèngsèr | sapraptanira ing jaba | kunêng wau sang nata | saha bala sampun kondur | saking sajawining kitha ||

11. wus prapta ing păncaniti | sang nata pan sampun lênggah | ing mèru padmasanane | miwah ta Sang Jayènglaga | munggèng panggenanira | ing wijoan palowanu | dene sang prabu ing Kangkan ||

12. binêktèng mring păncaniti | mring mantrine Radèn Maktal | pan sampun kinèndêlake | munggèng kori panangkilan | ya ta kang kawuwusa | sutèng Kistaham pambayun | iya Radèn Kobat Sarkat ||

13. Raja Bahram dèn talèni | hèh Sang Ratu Kangkan sira | dene ta gêlêm tinalèn | marang si dhukuh ing Mêkah | duk sira kalah aprang | kêlawan wong tuwaningsun | nora ngaku kalah aprang ||

14. Raja Bahram anauri | dene ta saening wirang | bisa mangucap lan uwong | baya sira trahing kompra | sae-saene ngucap | mring Kêlana Jayèngsatru | sênadyan ingsun kalah |[13]|

15. sênadyan ta kalah mami | dadi prajurit utama | dèn kalahkên aprang rame | lan pinaringan gêgaman | miwah parise waja | duk bapakmu anak wêdhus | prajurit sok laku cidra ||

16. nora suka kalah mami | aprang lan prajurit edan | baya kene [ke...]

--- 1: 257 ---

[...ne] larang uwong | eman-eman kang nagara | dèn goni bapakira | iya dêlape sang prabu | karya punggawa urakan ||

17. rame gumujêng ambêlik | Radèn Kobat langkung wirang | angartika ing nalane | wong iki lamun uripa | pêsthi mundhak ngrarowa | ing satrune bapak ingsun | angur ingsun patènana ||

18. Radèn Kobat narik bondi | nilib tingale wong kathah | dyan sinundêp kakêtêge | aniba Sang Raja Bahram | kagyat ingkang rumêksa | wadya Ngalabani gupuh | kêkalih sarêng lumumpat ||

19. nyandhak Radèn Kobat aglis | lumajêng sampun kacandhak | udrêg pan sapun katalèn | gègèr lawang panangkilan | balane Radèn Maktal | ingkang samya ambêbujung | marang balane Kistaham ||

20. myang balane Kobat sami | kang kacandhak ginitikan | lapgang sang raja darbèke | gustine sampun binănda | gègèr katur sang nata | yèn Kistaham anakipun | matèni ratu bêbandan ||

21. Kêlana Jayadimurti | miyarsa langkung bramatya | asugal pangandikane | Umarmaya dene kêbat | si setan Kobat Sarkab | gawanên mring ngarsaningsun | lumampah Ki Umarmaya ||

22. Raja Kistaham tut wuri | samarga dènnya ngrarêpa | ingsun iki Tambakcangkol | anjaluk pitulung sira | uripe anak ingwang | yèn katura Jayèngpupuh | pêsthi iku pinatenan ||

23. sira mêngko sun opahi [o...]

--- 1: 258 ---

[...pahi] | Marmaya sakêthi dinar | lan wêdhus manak sêlawe | sok uripa anak ingwang | mèsêm Ki Umarmaya | amicorèng jroning kalbu | dinar sakêthi pan eman ||

24. mara jupukên tumuli | dinarmu sun arsa wikan | sira Kistaham nulya ge | utusan amundhut dinar | datan adangu prapta | katur mring Umarmayèku | dinar sapuluh gotongan ||

25. wêdhus kang dèn sêmayani | mangke ing pondhok kewala | Marmaya langkung sukane | iya anakmu Kistaham | lah aja walangdriya | măngsa matia anakmu | yèn misih urip manira ||

26. nanging sun gawa rumiyin | katura mring Jayènglaga | Radèn Kobat pan rinante | marang balanira Maktal | binêktèng mring ngayunan | prapta panangkilan sampun | ing ngarsane Sri Nusirwan ||

27. Kêlana Jayadimurti | alon dènira ngandika | hèh lanat iya pagene | sira matèni bêbandan | iya carane ngapa | Radèn Kobat Sarkab matur | amêmisuh ing paduka ||

28. marma kawula aruntik | acêcikat andêrpada | dhatêng paduka rahadèn | labête tuwan kang bănda | ngandika Jayèngrana | hèh soso edan sirèku | pagene sira murina ||

29. dudu sira dèn pisuhi | hèh yayi ing Tambakrêtna | uwisana kang mangkono | sigra Radèn Maktal nêmbah | sarwi anarik katga | sigra Kistaham angrangkul | sukonira Radèn Ambyah ||

--- 1: 259 ---

30. pan sarwi ngrarêpa nangis | mèsêm sang pothèt tumingal | apan sarwi matur alon | sampun ta age-agean | pun Bahram sampun pêjah | wus kalêbu pêsthènipun | kang mêksih urip punika ||

31. owêl dhatêngipun pati | luhung inggih ingapura | watake satriya kaot | angapura ing dêdosan | lawan asil punapa | mêjahi Kobat puniku | măngsa antuka nagara ||

32. Kêlana Jayadimurti | nulya lilih kurdanira | kinèn nguculi rantene | ya ta sampun inguculan | sigra dènira nêmbah | mring Kêlana Jayèngpupuh | anungkêmi dêlamakan ||

33. sigra Sang Natèng Kohkarib | amarani ing Kistaham | sarwi nyandhak makuthane | sira iki eman-eman | nganggo makutha êmas | bêcik sun ambile iku | gumujêng sagung tumingal ||

34. suka Prabu Nyakrawati | aningali solahira | lan miyat Jayèngpalugon | dènnya gêng kang palamarta | mangkana sri bêthara | kondur lumêbèng kêdhatun | bubar sagung kang sewaka ||

35. Kêlana Jayadimurti | lawan sagung para nata | satriya lan punggawane | mundur mring pakuwonira | sira Raja Kistaham | kêlawan saanakipun | ngiring mring pakuwonira ||

36. langkung dènira norasih | kadya gène asuwita | Kistaham lawan anake | tungguk siyang ratrènira | anèng pondhokan Ngarab [Ngara...]

--- 1: 260 ---

[...b] | Dyan Kêlana Jayèngpupuh | panyiptane kinanthia ||

44. Kinanthi

1. kunêng kawurcitèng dunung | wau ta kusumèng puri | kang tansah angarsa-arsa | pawongane kang tinuding | mariksa mring panangkilan | duk gara-gara dhatêngi ||

2. Ni Pradapa kang ingutus | saundure sri bupati | ngiras ngiring-iring nimpang | dhatêng gupit langonsari | lajêng mring karangkusuman | wus praptèng ngarsaning gusti ||

3. Ni Pradapa nêmbah matur | wau panangkilan sêpi | nênggih jêng rama paduka | saha bala samya mijil | aningali wong ayuda | nênggih kang ingabên jurit ||

4. lawan bêbandan kang ngamuk | ratu ing Kangkan nagari | lan satriya Jayèngrana | langkung ramene ngajurit | dene ingkang gara-gara | papêtake Jayèngmurti ||

5. kang miyarsa kathah lampus | rama paduka narpati | kantu wontên padmasana | langkung rame dènnya jurit | atandhing sami prawira | Ratu Kangkan wus kabanting ||

6. tuhu kêlamun pinunjul | satriya ing Pusêr Bumi | ratu ing Kangkan prakosa | duk wau ginada gusti | kuwate ingkang anggada | rosane ingkang nadhahi ||

7. gigiring turăngga rampung | miyarsa kusumèng puri | mring ature Ni Pradapa | pyuh ing tyas wimbuh gêng wingit | kambah ing raga wiyoga | kandhah ing tyas amimbuhi ||

8. kamisasat ing pandulu | dhendhang kang sinapit-sapit | apa margane dhuh biyang | kaya ge nuli udani | maring [ma...]

--- 1: 261 ---

[...ring] wong suwita anyar | kang ngingu gêlap sakêthi ||

9. sang dyah tumiba ing kasur | sang rêtna atangkêp samir | karikuh ing tyas asmara | tan ana kaciptèng galih | mung kang gawe gara-gara | cumanthèl kêkulung ati ||

10. sang rêtna gung kapirangu | gêguling dèn wolak-walik | ciptaning tyas kaya ana | Kêlana Jayadimurti | apa ta warnane baya | satriya ing Pusêr Bumi ||

11. atajin dhahar sang ayu | alami tan mawi guling | wênês ijo kang sarira | kadya kêncana sinangling | apindha rêmêk kanginan | sonyane ngăngga ngênèni ||

12. anglonging jăngga ngênguwung | sumorot kang sotya kalih | anglir hèr gêni pinêcah | wajanya kêlamun kengis | anglir mirah sinundukan | angrampas rasaning ati ||

13. tuhu gurune wong ayu | apan minăngka pêpuji | sêdhêng dadya êla-êla | sanadyan sami pawèstri | sakathahing wong jro pura | arang wruh marang sang putri ||

14. piningit kêlangkung-langkung | ing rama sri narapati | sang dyah kinarya minăngka | patêmbayaning nagari | adhasar ambêk susila | jêtmika ing krama yêkti ||

15. kunêng ta kang agung wuyung | gantya kawuwusa malih | kang siniwèng pasanggrahan | Kêlana Jayadimurti | anggung dènira kasukan | lan wadya para narpati ||

16. Kistaham anunggil dalu | saos marang Jayèngmurti | langkung dènnya sumawita | kathah tur-aturirèki | apa ingkang ora nana | katur mring prawirèng jurit ||

--- 1: 262 ---

17. malah supe dalêmipun | lawan saanakirèki | tungguk anèng pasanggrahan | umatur Sri Jayèngmurti | anggèr paduka alama | botên kasukan wanadri ||

18. ngandika Sang Jayèngpupuh | iya ingsun wus alami | nora bêburu mring wana | kaya andungkap sêsasi | pan durung olèh padikan | Kistaham umatur aris ||

19. kawula sawêg angutus | saos panggenan anggiring | wontên wana kang saprênah | dèrèng wontên kang udani | awisane rama tuwan | kula akèn anggêgiring ||

20. punika burone agung | ênggone sampun agampil | Jayèngmurti angandika | lah iya ing benjing enjing | umatur Raja Kistaham | anggèr prayoga ing benjing ||

21. Raja Kistaham gya mantuk | lawan saanakirèki | agunêman urut marga | lan anak sêkawan sami | inggih asal kala desa | sira mangkata ing wêngi ||

22. lan kapat kadangirèku | mirantia ing wanadri | gawaa salêksa sewang | bala sikêping ajurit | ya dadi wong kawan lêksa | Kêlana Jayadimurti ||

23. sun aturi besuk esuk | aja nganggo wong sawiji | jêr Si Ambyah wus pracaya | iya marang awak mami | bêburu badan supata | sun matur ênggone gampil ||

24. sapraptane dalêmipun | balane wus dèn undhangi | samya samêktèng ayuda | punggawa lan para mantri | pan sadaya pêpilihan | bala kang kinati-kati ||

--- 1: 263 ---

25. ing kana pan ana kulup | lêlêbak pinggiring margi | ing kana asilêmana | abêcik simpên prajurit | apan sira wus mariksa | iya mring ênggonirèki ||

26. wus adadi rêmbagipun | anak papat budhal wêngi | lawan bala patang lêksa | miranti anèng wanadri | sira Sang Raja Kistaham | enjing sowan Jayèngmurti ||

27. ing Kêlana Jayèngsatru | wus anèng pasowan jawi | Kistaham matur anêmbah | suwawi gèr mumpung enjing | Jayènglaga wuwusira | sira pa gawa prajurit ||

28. Raja Kistaham umatur | botên ambêkta satunggil | mindhak bibari kewala | sangsame sampun agampil | Umarmaya aturira | Akêlana Jayèngmurti ||

29. kawula punapa tumut | andhèrèk dhatêng wanadri | Jayèngmurti angandika | iya milua sirèki | tuturana yayi Maktal | kêlawan Si Umarmadi ||

30. padha sebaa dèn esuk | lawan sagunging narpati | tuwin kang para dipatya | ulubalang tăndhamantri | pêngalasan pêcattăndha | kabèh milua anangkil ||

31. manawa ingsun dinangu | marang Prabu Nyakrawati | kon matur ingsun babêdhag | lan Kistaham mring wanadri | sigra Radèn Umarmaya | marang pondhokan Kohkarib ||

32. putrèng Tambakrêtna nuju | anèng pondhoke Marmadi | angling Radèn Umarmaya | Si Maktal kapasang yogi | timbalane yayi Menak | wong loro kinèn anangkil [anang...]

--- 1: 264 ---

[...kil] ||

33. manawa sang nata dangu | matura marang wanadri | bêburu lawan Kistaham | sandika Natèng Kohkarib | lan Wong Agung Parangteja | Ki Umarmaya nulya mit ||

34. wus prapta ing ngarsanipun | Kêlana Jayadimurti | sêksana lajêng lumampah | wong tiga mring ing wanadri | ing marga tan winurcita | mèh prapta ênggèn piranti ||

35. Raja Kistaham umatur | anggèr kèndêla rumiyin | kawula ingkang mariksa | ênggone sangsam jêjawi | mentar Sang Raja Kistaham | mring gène anakirèki ||

36. anake papat kêpangguh | Kistaham lingira aris | mêngko yèn Si Ambyah prapta | sun gawa marene nuli | barêngên tandang sanjata | urugana ing jêmparing ||

37. têlorongana ing ganjur | udanana cacap lêmbing | sawatana ing sêrampang | iya sêsiwonên gandhi | anake papat sandika | sampun ngangge walanggalih ||

38. mangke pêsthi botên luput | Kêlana Jayadimurti | pêjah paekan punika | darbea umur sakêthi | măngsa ta dadak gagala | Raja Kistaham wus balik ||

39. praptèng gone Jayèngpupuh | Kistaham aturira ris | suwawi anggèr lumampah | wus parêk ênggène kancil | inggih kirang sadungkapan | lumampah Sang Jayèngmurti ||

40. prapta ing babêthèk sampun | Kistaham umatur aris | kawula anggiring sangsam | ngandika Sang Jayèngmurti | lah iya mara dèn inggal | misah Kistaham angering ||

41. mulat sira [si...]

--- 1: 265 ---

[...ra] Jayèngpupuh | ing lêlêbak ana baris | ngandika mring Umarmaya | lah iki ana wong baris | umatur Ki Umarmaya | dede wadine puniki ||

42. inggih pun Kistaham wau | ingkang adamêl piranti | nanging kadi pun prayitna | lingira Sang Jayèngmurti | sira ywa adoh lan ingwang | lah payo mundur sathithik ||

45. Durma

1. sigra wonge Kistaham sarêng umangsah | gumrudug ambêdhili | andudug sarampang | lêmbing cacap gudebag | kewran Sang Jayadimurti | dyan bau kanan | sumèlèh pundhak kering ||

2. asta kering sumèlèh ing pundhak kanan | sirahira pinipit | ing jajêngku sigra | pêtak Sang Jayèngrana | kadya balêdhèg sakêthi | mungsuh kang cêlak | kapilêng akèh mati ||

3. sawungune pêthak lajêng narik pêdhang | ngamuk Sang Jayèngmurti | balane Kistaham | akèh kapilêng pêtak | bilulungan tan na udhil | kèh lunjak-lunjak | kêjèt-kêjèt ngulilir ||

4. ana ingkang kaluyuran mutah-mutah | enak dènnya ngamuki | Radèn Umarmaya | masang sasorotira | kang kacandhak akèh mati | sira Kistaham | tan bisa marêpêki ||

5. akèh ingkang kasabêt ing pêdhangira | Kêlana Jayèngmurti | kunêng tan winarna | kang mêksih băndayuda | kawuwusa sri bupati | Prabu Nusirwan | enjing miyos tinangkil ||

6. andhèr sagung para ratu myang satriya | punggawa para mantri | putrèng Tambakrêtna [Tambakrê...]

--- 1: 266 ---

[...tna] | lawan Ki Umarmadya | munggèng ing ngarsa narpati | Prabu Nusirwan | ya ta ngandika aris ||

7. anak ingsun Si Ambyah ora na seba | tur sêmbah Umarmadi | kesah dhatêng wana | bêburu lan Kistaham | datan mawi rencang malih | atêbah jaja | Prabu Anyakrawati ||

8. dene têka andêl têmên si Ambyah |[14] panêdhaningsun iki | Hyang Lata Walujwa | ngrêksaa Jayèngrana | mêksih ngandika narpati | kagyat miyarsa | pêtak jumêgur muni ||

9. ya ta gugup sang nata dènnya ngandika | hèh Maktal Umarmadi | iki gustènira | nêmu ewuh nèng wana | nora sisip cipta mami | mundhut dipăngga | Prabu Anyakrawati ||

10. budhal saking panangkilan saha bala | Maktal lan Umarmadi | gugup saha bala | siyogèng pamondhokan | datan katur akêkambil | para dipatya | ambêndhe turut margi ||

11. pra punggawa Mêdayin gupuh solahnya | dene sri narapati | wus lajêng lampahnya | busêkan para nata | prasamya nusul ing gusti | miwah wong Arab | pan sami anglancangi ||

12. sri narendra prapta sajawining kitha | Radèn Maktal tur bêkti | matur ing sang nata | arsa andhinginana | ngandika wau narpati | iya dhingina | rêbutên Jayèngmurti ||

13. bokmanawa sêlak karepotan yuda | karia Umarmadi | barênga lan ingwang | nêmbah radèn umangkat | kuda patang èwu sami | ngêtap turăngga | kabèh [ka...]

--- 1: 267 ---

[...bèh] wadya sinêlir ||

14. kang turăngga samya kinêrèn sadaya | tinatapukan wêsi | pan têmbaga tawa | èbèg karakab limas | gancanging carita prapti | paburon ika | lajêng nêmbalèng jurit ||

15. kuda kawan èwu pan sarêng umangsah | kadya hèrnawa banjir | balane Kistaham | malêdug asasaran | kang kacandhak akèh mati | tiwas tan ana | ingkang amăngga pulih ||

16. sirna gêmpang larut balane Kistaham | kapêlak ing turanggi | kagêbyur ing jurang | saya kathah kang pêjah | para mantri Ngalabani | pangamukira | lir buta măngsa daging ||

17. tan awingwrin tinadhahan ing sanjata | busur lan cacap lêmbing | ingidak kewala | Rahadèn Tambakrêtna | marêk ing Sang Jayèngmurti | atur turăngga | hèh yayi sira prapti ||

18. sapa rowangira matur Radèn Maktal | rama jêng sri bupati | anusul ing tuwan | watir tur palimarma | kula kang kinèn rumiyin | rama paduka | saha bala nèng wuri ||

19. Dyan Kêlana Jayadimurti ngandika | hèh sira yayi aglis | burunên Kistaham | sira wau rahadyan | anut timbalanirèki | pan wadyanira | wau mêksih angusir ||

20. Jayènglaga ngandika mring Umarmaya | hèh Umarmaya aglis | panêmbahan prapta | tatuku tambanana | Kêlana Jayadimurti | pan brananira | rèntèp punang jêmparing ||

21. dènnya datan angrasuk kêre punika | miwah tan mawi paris | sigra pinêcatan |

--- 1: 268 ---

panah tumancêp têlas | cinucup tatunirèki | nulya ngusapan | mulya kadya ing nguni ||

22. Sri Nusirwan balanira wus katingal | tan têbih Umarmadi | sigrambyah umarak | marang sri naradipa | sira Prabu Nyakrawati | mundhut turăngga | marani Jayèngmurti ||

23. duk anêmbah cinandhak lungayanira | ingaras bunirèki | asru angandika | sira Prabu Nusirwan | andêlan têmên sirèki | ping pira-pira | culika ing sirèki ||

24. parandene sira ta misih pracaya | aywa ta amindhoni | wong kurang prayitna | mring ngêndi Si Kistaham | Kêlana Jayadimurti | matur anêmbah | inggih mêksih dèn ungsir ||

25. inggih dhatêng yayi mas ing Tambakrêtna | kawula kèn nututi | samya sêsandêran | turăngga kawan nambang | wau ta ingkang winarni | Rahadèn Maktal | têbah dènnya nututi ||

26. kèh kacandhak kang bala nanging Kistaham | amomor lan pêkathik | angrusat busana | lawan anak sêkawan | ngangge pênganggene yogi | wus tan karuan | ilang sipat bupati ||

27. mêksih ambêbujung ing saparanira | pra mantri Ngalabani | samya ambêbandhang | bêbandan ting karêncang | wong patang lêksa kang kari | wadya Kistaham | watara kalih biting ||

28. ingkang samya milwa dharêsêl jêjurang | lawan gustinirèki | pan sêkawan pisan | samya dhêlik jêjurang | topong makuthane kêni | arupa kompra | mila kecalan lari ||

--- 1: 269 ---

29. pambujunge satriya ing Tambakrêtna | lawan sawadyanèki | wus wangsul sadaya | umarêk ing sang nata | ngandika sri narapati | apa kêcandhak | Radèn Maktal wotsari ||

30. icalipun amomor lawan urakan | nganggya anggyaning yogi | marma tan kantênan | gumujêng sri narendra | têka bisa anglakoni | narpati apa | wijile ika dhingin ||

46. Mijil

1. sri narendra sampun nitih èsthi | sarwi ngandika lon | payo Ambyah nitiha kuda ge | nêmbah Kêlana Jayadimurti | dyan nitih turanggi | budhal sang aprabu ||

2. tan kocapa Prabu Nyakrawati | lan Jayèngpalugon | kawurcita Kistaham lorode | kadya datan angambah Mêdayin | yèn ta Jayèngmurti | mêksih nèng Mêdayun ||

3. samya mêntas saking jurang aglis | wus sami barondhol | pagunêman kêlawan anake | kayaparan dayanira iki | ngêndi kang dèn ungsi | narendra pinunjul ||

4. iya ingkang kuwasa matèni | marang satruningong | durung lêga atiku rasane | yèn Si Kêlana Jayadimurti | durung rontang-ranting | ngong tan arsa mantuk ||

5. putra sêkawan turira aris | luhung dhatêng Kaos | Ratu Kaos puniku wartine | tan petungan balane prajurit | samya sêkti-sêkti | kathah para ratu ||

6. ingkang rama suka amiyarsi | prayoga nak ingong | sigra mangkat kêlawan anake |

--- 1: 270 ---

nasak padesan dènnya lumaris | rêreyongan sami | lan saanakipun ||

7. langkung kasêrakat lampahnèki | tan ana wruh katong | lamun iku ya punggawa gêdhe | isèn-isèn wijoan Mêdayin | kang sinêdyèng galih | nagri Kaos wau ||

8. kang jêjuluk Sang Narpati Jobin | sugih bala katong | ingkang pinèt sraya ing badhene | kunêng ingkang lumakwèng wanadri | wuwusên sang aji | lampahira rawuh ||

9. jroning kitha praptèng păncaniti | sang nata wus lunggoh | padmasana êmas lêlèmèke | prangwêdani pêpundhutan mijil | anadhah prasami | sagung para ratu ||

10. punang gamêlan munya ngêrangin | sagung para katong | apan samya bujana arame | sawusira nadhah kèh narpati | miwah Jayèngmurti | lan sawadyanipun ||

11. Sri Nusirwan kundur malbèng puri | tuwin para katong | bubar saking panangkilan kabèh | miwah Kêlana Jayadimurti | sawadyanirèki | amakuwon sampun ||

12. kawarnaa kusumaning puri | kang agung wirangrong | kang atajin dhahar lan asare | ragan-ragan mèsi tyas gêng kingkin | kadya nglêlana nis | ketang ing lulut kung ||

13. dhasar ayu tajin dhahar guling | cahyane mancorong | wus dinulur ing kanugrahane | kadya wulan purnama piningit | dening ing manipis | sunare sumunu ||

14. ambêk sudarma santa budya sih | limpading pasêmon | kawêngku kang catur prakarane |

--- 1: 271 ---

ngreka kumba carana madani | salir amêrpêki | widadya tinêmu ||

15. basa angreka lir mas ingukir | wadanane mêlok | kadya intên sinoso citrane | basa akumba lir golèk gadhing | sinayèng mas adi | pada lir binubut ||

16. watêking pada alus aramping | awêcana tanggon | pan akumba awijang baune | ayu amawrat sakèhing budi | anggandhewa gadhing | astane alurus ||

17. kadyangganing supêna sang kadi | Ratih lamun tinon | nadyan apsari kasor prabane | ngulatana sangisoring langit | kadi tan amanggih | kang mirib sang ayu ||

18. tan kawasa winarna ing tulis | anaa sagêdhong | daluwange kêlawan kêrtase | misih kirang papan luwih warni | lamun pinarinci | manise myang sêmu ||

19. limpad pasanging graita lungid | wasising pasêmon | kaduk balaba awis dukane | duk sêmana kusumaning puri | lagya mangun wingit | mungging ing mas mèru ||

20. ingadhêp mring pawongan kêkalih | kang samya binatos | Ni Salaga tur sêmbah ature | kula mirsa rama paduka ji | dhatêng ing wanadri | saha wadyanipun ||

21. angimbangi pun Jayadimurti | dhatêng ing bêburon | dipun apus nênggih kang mênggawe | pun Kistaham akarya piranti | inggih Jayèngmurti | anggèr nuntên ngamuk ||

22. amung kalih pun Umarmayèki | binêktèng paburon | praptèng wana ginarubuh ngakèh | ingurugan sênjata lan lêmbing [lê...]

--- 1: 272 ---

[...mbing] | pun Jayadimurti | pangamuke liwung ||

23. pun Kistaham balanipun gusis | kathah ing balocor | tan petungan kathahe kang wangke | pan kabubuh rama paduka ji | prapta sawadyèki | pun Kistaham larut ||

24. mèsêm ngandika kusumèng puri | Bok Salaga alon | anambungi ing wuwus sêdhêpe | malar gustine lipura wingit | bekane sang aji | sun duga ing kalbu ||

25. kaya ana êsire ing galih | mring Jayèngpalugon | dene liwat sang nata gêng sihe | marang Kêlana Jayadimurti | kongsi padha mèri | kabèh wong Mêdayun ||

26. mulane padha angarah pati | nanging datan enjoh | asikara bae ing sêdyane | pan samêngko tan ningali malih | liyan Jayèngmurti | tan dadi tyasipun ||

27. ni mbok êmban anambungi angling | abênêr sang katong | iya măngsa olèha gêgolèk | kadi Kêlana Jayadimurti | baguse ngliwati | asêkti pinunjul ||

28. nadyan akèha satriya sêkti | nora bagus anom | nadyan silih antuka baguse | nora na ngingu gêlap sakêthi | Radèn Jayèngmurti | duwe gêlap sèwu ||

29. êmbanira anauri angling | nyata yèn kinaot | aku wingi bekane wruh dhewe | tuhu lamun satriya pinêkik | ingsun iki lami | wruh kakung binagus ||

30. amung iki satriya linuwih | sinawang pasêmon | kaya pantês kêlamun lokane | yèn [yè...]

--- 1: 273 ---

[...n] prajurit lêlananging bumi | kaya tan amanggih | ing sairibipun ||

31. wêtaraku tinandhing ing jurit | tan kalah padha wong | papêtake obah gunung kabèh | gara-gara prakêmpèng jêladri | amarênggang langit | gêtêr patêr lindhu ||

32. lawan rontog godhongan wanadri | iku gawok ingong | aku durung ngrungu sajêg-jêge | prajurit kadi Sang Jayèngmurti | cahyanira kadi | basănta mabangun ||

33. sêsotyane kadya kartikaning | ratri duk kawungon | amradapa bonyo sasirane | wèni mêmak atêtêl awilis | anglir jalanidi | sinangsayèng mêndhung ||

34. rêrosanira rurus aramping | sêdhêng lir sinikon | jarijya kadi ngongotan kabèh | ambakane puniki pawèstri | tandhinga dariji | dudu sungsatipun ||

35. sang dyah miyarsa wuwusing cèthi | miwahi wirangrong | kadya ana sumandhing ciptane | julalatan miyat kanan kering | tan wontên kaèksi | nênggak waspanipun ||

36. kaya priye gon ingsun ngecani | wruha laraningong | si dhêkah iya agawe supe | Si Kêlana Anjayadimurti | angrêrujit ati | angkuhe kumlungkung ||

37. baya ika nora nyipta ngati | marang raganingong | rada kagungan dir piyangkuhe | bok iyoa gêlêm takon warti | kêlamun sang aji | duwe putri ayu ||

38. sang dyah tarèn mring pawongan kalih | priye raganingong | iya apa [a...]

--- 1: 274 ---

[...pa] dadya usadane | ênggon ingsun kandhohan gêng kingkin | tyas kadya nglana nis | kawilêt lulut kung ||

39. iya dêrapon mêndha ing wingit | yèn awèta ingong | kaya mangkene yêkti tan wande | kunjana papa têmahan mati | kayaparan iki | kêsaru kang rawuh ||

40. sêdhahanira sri narapati | prapta sêk mancongol | nêmbah warta mring gustine ngèprès | kula gusti ing wingi mêningi | rama paduka ji | saking sitiluhur ||

41. ibunta ingkang dèn pituturi | sabên saking miyos | satriyambyah kang dèn dikakake | sabên pinarak tan wontên malih | mung Sang Jayèngmurti | kang dinamêl wuwus ||

42. sang nata sih mung bagusirèki | cahya myang pasêmon | lan prawira awidigjayane | kadi tan kêna pisah sathithik | kadi dèn cakidhing | ing rama sang prabu ||

43. sami lawan ri paduka katri | sihira sang katong | sinami-sami ing panganggène | malah gusti kangjêng radèn katri | kinèn sabên ènjing | mring pakuwonipun ||

44. miwah pawongan sadalêm puri | samya gugon-gugon | kang dèn ucap wong sadalêm gêdhe | mung Kêlana Anjayadimurti | manise ngêbêki | panangkilan agung ||

45. măngka hèr bumining păncaniti | sang rêtna ngling alon | takyin têmên si jênat baguse | nora nyana ingsun bakal nyèthi | marêkan andasih | marang sang binagus ||

46. sun tatêdha mring Hyang Ujyalati | tulusa [tulu...]

--- 1: 275 ---

[...sa] karongsong | raganingsun lan satriya kae | kakèn-kakèn ninèna ing benjing | ni inya nambungi | sokur lae sokur ||

47. yèn sidaa besuk dadi gusti | Sang Jayèngpalugon | mendah kaul ingsun besuk têmbe | duwe gusti bagus tur prajurit | pêsthi sun tadhahi | yèn sêne ing besuk ||

48. padha ginawe kêramas benjing | dimèn awèt anom | dene kang duwe uyuh wong bancèr | tur prajurit lêlananging bumi | pantêse awangi | uyuhe wong bagus ||

49. ingsun iki ana ing Mêdayin | kongsi kêmpong perot | durung mênangi ing sajêg-jêge | prajurit kadi Sang Jayèngmurti | gumyak para cèthi | samya sru gumuyu ||

50. sang dyah sayèng karasa ing galih | kagagas wiraos | jlog tumêdhak saking gêgilange | sapraptanira ing măndragini | anibèng gumuling | angrungkêbi kasur ||

51. saya asru gèn mangun wiyadi | luhira drês miyos | kadya cumanthèl tungtung aksine | tyasira lir kasêlanan wukir | kadya dèn rêrujit | saking brangtanipun ||

52. kunêng wau ta datan winarni | kang gêrah wirangwong | wontên ingkang winurcita manèh | Sri Naranata Kebar nagari | kaloka ing bumi | kang brăngta ing sunu ||

47. Asmaradana

1. bisikanira narpati | Sri Naranata Alkamah | tuhu narendra kinaot | dêdêg pitung dasa êgas | gagah prakosèng

--- 1: 276 ---

yuda | sinêmbah samaning ratu | kèringan ratu amănca ||

2. pilih kuwawa nadhahi | gadane Sang Raja Kebar | sèwu mas kati bobote | mila ngawulakkên nata | saking dibyaning gada | anênggih pêpatihipun | aran Ki Patih Kebarsah ||

3. aprakosa yèn ajurit | sira Ki Patih Kebarsah | pilih kang năngga bobote | amupugi ing aguna | bisa karya soring lyan | ngêgungakên gustinipun | karya la-êlaning nata ||

4. mangkya ing Kebar nagari | lagya awayang-wuyungan | lamènira sang akatong | datan miyos sinewaka | pêjahe putranira | Radèn Uksam kang jêjuluk | akêlana andon ing prang ||

5. dhatêng nagari Mêdayin | pêjahe nèng bumi Mêkah | aprang lan Jayèngpalugon | ambêkta sakêthi bala | sêpalih ingkang gêsang | mantuk ing nagarinipun | pulunanira kêjarah ||

6. aran Radèn Yusupadi | binoyong ing putra Ngarab | mangkya sang nata duk miyos | sineba ing para nata | miwah ingkang satriya | ulubalang munggèng ngayun | dhomas cacahing punggawa ||

7. kang munggèng ngarsa narpati | sira Ki Patih Kebarsah | angandika sang akatong | hèh patih lah undhangana | sakèhing para raja | yèn ingsun budhal ing besuk | arsa angukum Si Ambyah ||

8. pan durung lêga tyas mami | lamun ta nora karasa | Si Ambyah ing astaningong | Patih Kebarsah turira | nuwun patya

--- 1: 277 ---

bêthara | kawula miyarsa catur | satriya pun Jayèngrana ||

9. wontên nagari Mêdayin | suwita Prabu Nusirwan | langkung sihipun sang katong | dhumatêng pun Jayènglaga | andina ing la-êla | pan pinutra putra danu | rinaja-raja mênggala ||

10. raka paduka Mêdayin | lamine wontên pun Ambyah | botên ningali liyane | kantun sagunging satriya | punggawa para raja | cinakidhing siyang dalu | mung satriya Jayèngrana ||

11. kagyat sang nata tan sipi | sarêng wau amiyarsa | rêkyana patih ature | sang nata asru ngandika | yèn mêngkono Kebarsah | aja atanggung ing laku | yèn Si Ambyah kinuhuhan ||

12. marang ing Raja Mêdayin | sayêkti asalin babah | nora wurung yèn rêrêmpon | ing Mêdayin ingsun bêdhah | sun karya karang abang | sakèhing punggawanipun | dèn samêkta benjang enjang ||

13. sang aji waspanya mijil | supe lamun sinewaka | nulya jêngkar sang akatong | amung kang putra kagagas | kang pêjah anèng Mêkah | kang ginadhang madêg ratu | amêngku nagari Kebar ||

14. ing dalu datan kawarni | enjang sagung para raja | gumêrah atata kang wong | samya angrakit sênjata | sagung para dipatya | jêjêl saos ngalun-alun | para nata magêlaran ||

15. tan kêna awor kang baris | sagung ingkang para raja | pan tunggul têngêran dhewe | daludag lêlayu samya | sira Sang Prabu Kebar | angrasuk busana luhung [lu...]

--- 1: 278 ---

[...hung] | sakapraboning ayuda ||

16. miyos munggèng păncaniti | orêk sagung para nata | umung têngara kêndhang gong | gumêrah kang wadyakoswa | kadya giri prakêmpa | tan petungan baris agung | busana awarna-warna ||

17. lir wana giri kabêsmi | sagung para raja-raja | atêngêran dhewe-dhewe | bandera lêlayu abra | daludag lan kêkăntha[15] | tunggul lawan payung agung | sinawang pindha wangkawa ||

18. sang nata amundhut èsthi | budhal gêgaman pangarsa | muntab lir ardi katunon | sira Ki Patih Kebarsah | dadi cucuking lampah | munggèng liman sang aprabu | ginarêbêg ing punggawa ||

19. saupacaranira sri | lir puspa palasèng wana | kèh wadya ambèr balèbèr | ting pancorot ting pancurat | wutah jawining kitha | kadya samodra kinêbur | bêlabar ngêbêki papan ||

20. ginêlak lampahing baris | anêrajang wanawasa | tan kocap dalu siyange | wus alami anèng marga | gancange kang carita | gêgamane gêng wus rawuh | tapêl watês kang jajahan ||

21. kang milwa bumi Mêdayin | ampeyan kang pinggir desa | amêsanggrahan sang katong | gumuruh kang wadyakoswa | ya ta kang kawuwusa | Kistaham saanakipun | kapêthuk ing lampahira ||

22. bala Kebar kang pangarsi | kagyat sigra atêtanya | punika pundi sêdyane | gêgaman tanpa wilangan | lawan ratune sapa | ingkang tinanya sumaur | punika Sang Rajèng [Ra...]

--- 1: 279 ---

[...jèng] Kebar ||

23. anglurug marang Mêdayin | amundhut satriya Ambyah | ingkang matèni putrane | iya Radèn Prabu Jaka | Uksam tumpês nèng Mêkah | miyarsa amalês ukum | asuka sira Kistaham ||

24. mojar mring anakirèki | kulup bêcik tinêmonan | iya parandene kiye | arêp matèni Si Ambyah | matur anak sêkawan | inggih alêrês puniku | sêksana sarêng lumampah ||

25. anjujug rêkyana patih | kagyat Kya Patih Kebarsah | Kistaham alon ature | kawula nata ing Sarwal | suwita Sri Nusirwan | pan jumênêng ratu agung | wontên Mêdayin nagara ||

26. mila kesah sing Mêdayin | inggih sêsatron kawula | kêlawan Jayèngpalugon | yèn suwawi aturêna | kawula mring narendra | sampun tanggêl gènnya ngukup | gya binêkta mring ngayunan ||

27. ngandika sri narapati | hèh Kebarsah iku sapa | rêkyana patih ature | punika Raja Kistaham | isèn-isèn wijoan | wontên nagari Mêdayun | asêsatron mila kesah ||

28. Kêlana Jayadimurti | rencangipun păncakara | kasor ing pasuwitane | dhatêng Bêthara Nusirwan | dèn pilalu pun Ambyah | sang nata ngandika asru | hèh Kistaham aja maras ||

29. măngsa wurunga ngêmasi | Si Ambyah ing astaningwang | kari pira lêlakone | iya Mêdayin nagara | matur Raja Kistaham | inggih kantun [kantu...]

--- 1: 280 ---

[...n] tigang dalu | saking ing dhusun ampeyan ||

30. ngandika sri narapati | lamun mangkono Kebarsah | sira nêtêga kêndhang gong | lêlaku rong dina êngkas | sigra nêmbang têngara | swarane bèri gumuruh | budhal saking wanawasa ||

31. Kistaham tan kêna têbih | kêlawan Narpati Kebar | wadya gung praptèng pakiwèn | kèndêl samya tata wadya | Kistaham aturira | sêdhêng makuwon pukulun | punika kantun sadina ||

32. saking nagari Mêdayin | kang papan kalangkung banar | lan acêlak kali gêdhe | nulya tata pêsanggrahan | sang nata kèn anurat | katur ing Natèng Mêdayun | amundhut satriya Ambyah ||

33. yèn upama dèn kukuhi | marang Sang Prabu Nusirwan | angrangkêpana lêlarèn | lawan gandêlana kutha | masanga kapurancang | nora wurung ingsun gêmpur | sun dadèkakên irêngan ||

34. wus dadya kang punang tulis | pinaringakên kang duta | mêsat saking ngarsa katong | lampahira pêngalasan | kêkalih sigra-sigra | kunêng gantya kang winuwus | Nusirwan enjing sineba ||

35. andhèr kang para dipati | supênuh ratu satriya | jêjêl ing ngarsa sang katong | miwah Ki Apatih Baktak | ingkang munggèng wijoan | Dyan Kêlana Jayèngpupuh | saha wadya para nata ||

36. tunggil pungawa Mêdayin | para ratunira Ambyah | munggèng ing kursi ênggène | amung kang munggèng wijoan | pêpatih lan satriya |

--- 1: 281 ---

kang digdayèng satru mungsuh | Dyan Wiradimurtining Rat ||

37. mantri tampingan duk prapti | tur uningèng Patih Baktak | yèn wontên gêgaman gêdhe | nanging datan ambêbahak | bala saking ing Kebar | dhusun pakiwèn gènipun | pakuwone bala Kebar ||

38. tan tutug gènnya nakèni | ature mantri tampingan | kêsaru wau praptane | caraka saking ing Kebar | dumrojog mring ngayunan | Ki Patih Baktak jinujug | sarwi ngaturakên surat ||

39. matur yèn dutane ngaji | ing Kebar Prabu Alkamah | Ki Patih Baktak sira ge | umatur mring sri bêthara | yèn wontên surat prapta | saking ing Kebar pukulun | ngandika sri naratana ||

40. payo wacanên tumuli | layange Sang Prabu Kebar | Ki Patih Baktak wotsinom | ngadêg sarwi buka surat | aglis nulya winaca | panggitiking basa sêru | kunêng bêbukaning wuntat ||

48. Pangkur

1. pèngêt iki layang ingwang | Ratu Kebar ingkang tuhu linuwih | puji mring brahalaningsun | iya Lata Walujwa | hèh praptaa layang ingsun mring sang prabu | Mêdayin aran Nusirwan | wruhanira wong Mêdayin ||

2. yèn ingsun ratu wisesa | ing jajahan para ratu samya jrih | lan akèh ratu anungkul | bulubêkti maringwang | sawab dening umiyat ing gadaningsun | akèh narendra katiban | ajur luluh tanpa gati ||

3. wrat sèwu satus kati mas | gotong satus [satu...]

--- 1: 282 ---

[...s] iya ing paris mami | mubêng anèng astaningsun | lêpase gandhiningwang | lawan iya gêdhene salukon ingsun | ajore sarampang ingwang | lan babiting kalawahi ||

4. ampuhe calimprit ingwang | lan pèlbête iya ing rajang mami | lan bênêre panah ingsun | juluk saparti macan | ngawulakkên ingsun dhomas para ratu | ya kayane gadaningwang | lan kayane pêdhang mami ||

5. hèh Rajèng Mêdayin sira | lamun arêp tulus madêg narpati | anèng karatonirèku | lawan mêngku jajahan | yèn arêpa nyawa têtêp nèng anggamu | cêkêlên satriya Ngarab | Kêlana Jayadimurti ||

6. aturna bandan maringwang | lamun ora ngêsrahêna sirèki | marang anak wong kêkuwu | iku arsa sun sulah | lan sun gawe pangewan-ewan ing besuk | ana ing nagara Kebar | lamun sira angukuhi ||

7. kandêlana kuthanira | wuwuhana sapên larènmu pêsthi | rangkêpên kapurancangmu | anjêmbarna palatar | nora wurung prajanira ingsun gêmpur | ingsun dadèkkên irêngan | sipat lanang sun patèni ||

8. giris wadya kang miyarsa | pra dipatya kamirumabên sami | dènnya jrih ing tandhanipun | akèh ratu kêbala | sri narendra kang jaja malatu-latu | kang pasuryan bang ngatirah | kumêdut padoning lathi ||

9. narendra langkung bramatya | sumung-sumung mawinga-winga wêngis | hèh Kêlana Jayèngsatru | kaya pa budinira | Ratu Kebar sêdya ngambil ing sirèku [si...]

--- 1: 283 ---

[...rèku] | sira apa wani nglawan | atandhinga ing ajurit ||

10. sigra dènira tur sêmbah | inggih sampun tuwan awalanggalih | Ratu Kebar ingkang rawuh | ingkang nama Alkamah | manawi ta punika arsa anusul | dhatêng sutane kang pêjah | pun Uksam kang dèn tut wuri ||

11. amba susulne ing enjang | dipun kadi lenane ingkang siwi | mèsêm Bêthara Mêdayun | miyarsa turirambyah | angandika mring Apatih Baktak wau | hèh apatih undhangana | sagung punggawa Mêdayin ||

12. dèn padha samêktèng yuda | kang satriya punggawa adipati | sun abudhal besuk-esuk | amapag parangmuka | anjênêngi yudane Si Jayèngpupuh | rahadyan murtining yuda | wong Arab wus dèn undhangi ||

13. mangkana malih ngandika | lah warahên caraka iku patih | konên matur ratunipun | yèn ingsun mapag yuda | Jayènglaga ngandika mring kadang sêpuh | hèh kakang Abas nurata | ingsun arsa amangsuli ||

14. sigra wau Bagendhabas | anênurat tunggul panantang jurit | tan adangu nulya sampun | sinungkên duta Kebar | sigra lèngsèr saking ngarsane sang prabu | ginêlak asêsandêran | ing marga datan winarni ||

15. praptèng pêsanggrahan Kebar | dumarojog tumrap ngarsa narpati | ngaturakên sêrat wangsul | saking satriya Ambyah | tinampanan anulya winaca gupuh | têmbunge kang ponang surat | pêpuji marang Hyang Widi ||

16. apindho marang utusan [utusa...]

--- 1: 284 ---

[...n] | khalilolah iya Nabi Ibrahim | pèngêt iki layang ingsun | satriya Jayènglaga | widigdaya Akêlana Jayèngsatru | wong Menak pêpakuning rat | Dipati Wiradimurti ||

17. akasumbung Jayèngrana | pan kaonang-onang Wiradimurti | kasub ing rat agul-agul | prang ing rat kasumbaga | kang prakoswa wong Arab jatining kakung | kaojat ing bumintara | kang tau nyikêp para ji ||

18. kang misesa ngrèh jajahan | mangkya dadya lêlananging Mêdayin | kang pinutra-putra danu | marang sang binêthara | myang anyangking sakèhing dhas para ratu | anyepak dhasing satriya | lan onclang murdaning mantri ||

19. hèh ta sira Natèng Kebar | kêmayangan sira praptèng Mêdayin | lir nêmu rêtna sagunung | iku pêngrasaningwang | dene alah ingsun ngalurug prajamu | yèn sira nora praptaa | kuthamu sun obrak-abrik ||

20. kêlawan sira sun sulah | ingsun karya pangewan-ewan nuli | sun susulake anakmu | sira Raja Alkamah | duk miyarsa dènira maca tan tutug | sinêbit punang nuwala | jaja bang lir mêtu gêni ||

21. sugal dènira ngandika | bahakana desa Mêdayin iki | angukuhi buron ingsun | laguke apapêksan | gya parentah kang wadyabala gumuruh | bêbajag pinggiring desa | rusak ingkang têpis wiring ||

22. bala Kebar apratăndha | arsa gêcak marang nagri Mêdayin | sadina-dina gumuruh | ingkang samya bêbahak [bêbaha...]

--- 1: 285 ---

[...k] | ya ta kunêng warnanên nagri Mêdayun | kadya sêsulung kang prapta | mantri tampingan anggili ||

23. prasamya atur uninga | lamun bala Kebar tingkahing baris | pan sampun acara mungsuh | ya ta Ki Patih Baktak | sigra matur yèn Natèng Kebar sru bêndu | paran ing karsa paduka | ngukuhi pun Jayèngmurti ||

24. tan wande yèn karisakan | Natèng Kebar sugih bala prajurit | sang nata ngandika rêngu | hèh Baktak apa sira | angrêmbagi ngêsrahna bêbandan iku | iya marang sutaningwang | Kêlana Jayadimurti ||

25. pan iku satriya ingwang | durung duwe sèdhèng mring jênêng mami | sêdhêng ingsun tohi lampus | Natèng Kebar papêksan | pêksa luhur anyêndhalani maring sun | yèn sira arêp nungkula | mring Kebar minggata aglis ||

26. aywa nèng nagaraningwang | ana sèwu kaya dhapurmu iki | măngsa pradulia ingsun | asal misih Si Ambyah | pelag apa kang kaya tatah rupamu | gumêtêr Ki Patih Baktak | gya mêdal saking ing puri ||

27. miyat nata sangêt duka | tan winarna dalu wuwusên enjing | Patih Baktak atur-atur | pirang-pirang nampan mas | isi kalwa manisan lan roti gandum | kang pantês dadya sangunya | wong agung pêpara jurit ||

28. miwah sagung para nata | wadya Ngarab sêdaya pan wêradin | ki patih pasungsungipun | tuwin mring Umarmaya | pan andina mring Kêlana Jayèngsatru | mangkana kang winurcita | satriya para bupati ||

--- 1: 286 ---

29. punggawa myang para nata | abusêkan samya gadgadèng jurit | miwah sira Jayèngpupuh | kang wadya wus samêkta | ya ta kunêng wuwusên sang rêtnaningrum | kang lagya amajang wulan | cèthi kêkalih kinanthi ||

 


Kurang satu suku kata: keringa marang sirèki. (kembali)
rinumpaka. (kembali)
Kurang satu suku kata: Dyan Kêlana Jayèngpupuh. (kembali)
pradăngga. (kembali)
cinatur. (kembali)
têdhak. (kembali)
Kurang satu suku kata: Raja Jasma matur marêpêki. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang angladèni uninga. (kembali)
gujêng. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: anake wong adhêdhukuh. (kembali)
11 lêlangên (dan ditempat lain). (kembali)
12 Lebih satu suku kata: prajurit tataning asu. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: sênadyan ingsun kalaha. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: dene têka andêl têmên sira Ambyah. (kembali)
15 kêkăndha. (kembali)