Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 49–67)

Judul
Sambungan
1. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 16–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 31–48). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 49–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 68–88). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

49. Kinanthi

1. mung iku sinungan wêruh | sakarsanira sang putri | Salaga lawan Pradapa | pinarak sor nagasari | Ni Pradapa matur nêmbah | kawula miyarsa warti ||

2. rama paduka sang prabu | tamiyan nata prajurit | parangmuka saking Kebar | mila ngalurug mariki | arsa malês marang Ambyah | pêjahe sutanirèki ||

3. duk anèng Mêkah rumuhun | pun Jayèngmurti mêjahi | mila arsa amalêsa | pun Jayènglaga tinagih | tinari dhatêng ramanta | purun tinandhing ing jurit ||

4. rama paduka sang prabu | badhe nindaki pribadi | amêthuk jawining kitha | anjênêngi wong ajurit | nênggih kang ingabên yuda | Kêlana Jayadimurti ||

5. lan Ratu Kebar kang rawuh | kumênyut tyase sang putri | dènira miyarsa warta | ngandika lêsmining puri | biyang padha nênêdhaa | marang Sang Kang Maha Luwih ||

6. muga mênanga prang pupuh | Kêlana Anjayèngmurti | ratu ing Kebar kalaha | tugêla gulune benjing | sang rêtna wadhag-widhigan | ing manah sêmu kuwatir ||

7. sêdalu awayang-wuyung | miyarsa kang badhe jurit | kaya ta milu-milua | kêpalang durung kêpanggih | dadya sêdalu tan nendra | munggèng soring nagasari ||

8. sun tatêdha Jayèngpupuh |

--- 1: 287 ---

lananga amangun jurit | tulusa dadi satriya | lêlancure Pusêr Bumi | dènnya dadi isènira | ing wijoan palowani ||

9. awèta dadi pêpaku | anèng nagari Mêdayin | lêlanang adi prawira | widigdaya murtèng jurit | wirutamèng adilaga | tămpaa tariman putri ||

10. biyang ingsun akêkaul | yèn wong ika mênang jurit | ingsun bêdhah gêdhong benjang | awèwèh marang wong miskin | gêdhongku kang papat ika | isine anyatus kêthi ||

11. sagêdhong kang maring ngidul | kêdhatyan angalor iki | ngulon ngetan siji ewang | dêdana marang wong yatim | sagunging parêkan inya | kabèh samya angèstuti ||

12. sang rêtna sangsaya nglayung | sawang layoning wratsari | kunêng kang agung sungkawa | kusumèng dyah jroning puri | enjang wau kawarnaa | miyos Prabu Nyakrawati ||

13. sarta angrasuk kêprabun | sabusananing ajurit | jêjêl sagunging narendra | samêktèng wadya ngajurit | lêlurung kêbak gêgaman | punggawa para dipati ||

14. anindhihi barisipun | amung kang para narpati | samya mungging ing ngayunan | Kêlana Jayadimurti | wus anèng ngarsa narendra | sabusananing ajurit ||

15. lan sagunging para ratu | sawadyanira miranti | satriya dipatinira | samya anindhihi baris | sagunging para narendra | angayap ing Jayèngmurti ||

16. ing medan jêjêl supênuh | barise

--- 1: 288 ---

wadyèng Mêdayin | têgêse medan punika | bêbulak ingkang kinardi | ngapit ngalun-alun samya | wiyar pêsagi wêradin ||

17. kocapa lun-alunipun | banon sarimbag pêsagi | apêpadon kuthagara | naga gêng antera ngapit | bujăngga bukasri endah | apêpucak mutyara di ||

18. sagênthong pan agêngipun | mirah roro sakêrambil | kinarya netraning naga | saking mandrawa kaèksi | kadya baskara duk mêntas | saking wèni jalanidi ||

19. kabèh pojok alun-alun | sinung nêng nagan buka sri | miwah kori-kori samya | bujăngga angapit-apit | sami amawi antera | alun-alun ing Mêdayin ||

20. binaturancang tan luhur | tan amawi pancak suji | parunggu rancak kêlawan | têmbaga sinilih asih | pandhak dhêdhasar rêjasa | têlajug balitung sami ||

21. pinarigi ing mas tatur | sadhêpa antaranèki | samya anênampan gêdhah | mangkana ingkang winarni | barise wadya ing Arab | ing alun-alun miranti ||

22. baris jaban ngalun-alun | sagunging wadya Mêdayin | pan amung sabalanira | Wong Agung Wiradimurti | nèng alun-alun barisnya | gêgaman dinulu asri ||

23. lir panjrahing puspita rum | barise wong Pusêr Bumi | bandera awarna-warna | daludag layu mênuhi | tunggul abang tiningalan | kadya kuwung obar-abir ||

24. manglir ta kang tunggul wulung | pindha mêndhung asêsiring | pinarcondhang [pinarco...]

--- 1: 289 ---

[...ndhang] samirana | kang seta lir kilat thathit | lumiring kadya wangkawa | yèn tinon kang tunggul kuning ||

25. wong kutha jêjêl supênuh | kang samya anêningali | asrining gêgaman Arab | punggawane pêkik-pêkik | lan pasang rakite tata | kucêm bala ing Mêdayin ||

26. wadya gung tatane rusuh | mangkana sri narapati | asru dènira ngandika | ing Kêlana Jayèngmurti | payo balamu kirabna | sirèku budhala dhingin ||

27. Dyan Jayèngmurti wotsantun | sarya anolèh ing wuri | sigra Natèng Tambakrêtna | nolèh mring Natèng Kohkarib | tandya wus nêtêg têngara | budhal pênganjuring baris ||

28. budhal saking ngarsa prabu | Kêlana Jayadimurti | lawan wadya para nata | kang dadya pangarsèng baris | nênggih putra Tambakrêtna | Rahadèn Maktal prajurit ||

29. limang lêksa balanipun | lan patang èwu prajurit | bandera pêpare mudha | umbul-umbul samya kuning | daludag samya lungsir bang | lêlayu kêkăndha asri ||

30. wong saragêni saptèwu | abajo sinimping-simping | kabèh atarênggos abang | wong panumbak kang nambungi | sangang èwu bandera bra | waos cinitrèng mas adi ||

31. samya bajo sêkar tunjung | wong sikêp panah nambungi | limang èwu bajo rêtna | kabèh têtopong mas adi | kasundhul wong sikêp gada | kalih èwu anambungi ||

32. pêdhang tamsir kalih èwu | sadaya kêre baruti [ba...]

--- 1: 290 ---

[...ruti] | kasundhul wong sikêp rajang | alu gandhi kalawahi | gangsal èwu sambungira | wong sikêp cukmar calimprit ||

33. nulya wong sikêp salukun | rong èwu kang anambungi | sèwu sikêp santatama | jrokong kalumprung nambungi | wong sikêp singkring rong nambang | sadaya kulambi wêsi ||

34. wong têtukon pitung èwu | kang anambungi ing wuri | sadaya têtali tangan | samya samir sutra kuning | yèku bala ngupacara | binusanan murub asri ||

35. anitih rata mas luru | pangirid angrimong putih | wong agung ing Parangteja | sinongsongan kartas kuning | mantri sèwu têtopong mas | anggarêbêg kanan kering ||

36. ya ta têtabuhan umung | payung agung ngapit-apit | wadya surak giyak-giyak | têtêge awanti-wanti | kang sumambung munggèng wuntat | dadya tatênggaking baris ||

37. kang kerid dening gêgulu | ratu kêmbar pitung rakit | Raja Jasma Raja Karma | Sang Raja Kanjir Mukanjir | Raja Durdanas Durdanam | Ardisamat Ardikapi ||

38. Raja Uktur Malikustus | Raja Danggi Raja Sanggi | Raja Britma Maliritma | Raja Ikdris lan Ikmadris | Raja Jeras Malijeras | Raja Urdandi Burdandi ||

39. saha tunggul payung agung | wadya kèh bajo Baduwi | gêgaman awarna-warna | kadya wanarga kabêsmi | samya wahana dipăngga | ratu kadang ing Kohkarib ||

40. pangkat-pangkat barisipun | ratu kang sawiji-wiji | atêngran tunggul [tung...]

--- 1: 291 ---

[...gul] bandera | lêlayu daludag asri | umung kang tabah-tabuhan | awor kêndhang gong lan bèri ||

41. ingkang minăngka bêbau | ratu kêmbar kawan rakit | Natèng Jihan lan Sriwulan | ing Temas lawan Kosani | Narendra Tasik ngayaban | Jong Mirah lan Natèng Tahkim ||

42. Raja Uktur Barubiktur | Raja Burni Baruburni | Raja Dindara Bindara | Raja Santari Kantari | Raja Jaldas Raja Kaldas | Raja Kildani Pildani ||

43. Raja Iksun Raja Biksun | Tabuntar Tabun nisihi | Raja Durdana Drudama | satunggul tabuhan atri | ingkang ngapit-apit gada | prajurit nonoman sami ||

50. Sinom

1. sumundhul kang dadya dhadha | tunggul dadu ngapit-apit | samya angagya makutha | wolung dasa munggèng ngarsi | bandera tanpa wilis | lêlayu kêkăndha sèwu | rongatus kang daludag | glinggang gêng karênggèng warih | payung agung angapit ing kering kanan ||

2. wong têtukon tigang lêksa | kang samya bajo Baduwi | tarênggos mirah bacingah | kabèh kothi-kothi bondi | lir mêndhung kang wadya lit | ing Kohkarib Sang Aprabu | nitih jêmpana lawak | rare bajang angêbuti | satus ingkang samya wontên ing jêmpana ||

3. sinongsongan kalih wêlas | angapit ing kanan kering | sakèhing punggawanira | anggarêbêg ngapit-apit | dene kang para mantri | abra sami apêpayung | sadaya têtopong mas | ting galêbyar tinon asri |

--- 1: 292 ---

yèn sinawang lir pêksi krêndha rêratyan ||

4. sumambung kang wadya dadya | pêpusêr samya kulambi | kêre mas binapang-bapang | kacu mas sabuk mas sami | kuluk mas ngudhup turi | nglimang asta panjangipun | asikêp jambi kanjar | angiwa tamèng mas sami | panjangipun sadaya amatang kilan ||

5. matang nyari ambanira | sadaya nuntun turanggi | têtunggul mantri suladya | kinèn ngidung-ngidung sami | wong salêksa mênyanyi | kang swara atri gumuruh | Wong Agung Tasikwaja | dharat sarwi malangkêrik | têtrajangan nolèhe asung pangguywa ||

6. agung malumpat-malumpat | mathèthèk akirig-kirig | amalêmbung akêkayang | marang sawijining margi | tan arsa dèn songsongi | ing wuri nulya sumundhul | têtukon patang lêksa | wadya patayar nambungi | tunggul kuning kêlawan têtunggul abang ||

7. dadu seta gêniroga | panida bacingah randhi | rongatus pêpandhenira | dhomas daludage asri | sèwu kăndha kumitir | amyang lêlayu rongèwu | rare bajang irêngan | pitung atus lan Ngabêsi | samya ngampil kakêbutan upacara ||

8. upacara warna-warna | kathah kang samya angampil | ondhe mas miwah nampan mas | ting karêtèp ting karêlip | saking mandrawa kèksi | muncar-mancur ting kalêpyur | wong Menak nitih kuda | payung tunggul naga adi | Jayèngmurti kang cahya amindha wulan ||

9. pra dipati ing Ngabêsah | kang angayap kanan kering | para

--- 1: 293 ---

kadang munggèng wuntat | Ngabdulah lan Abuntalib | Alib Abas lan Hasim | adulur mungging ing pungkur | ginarbêg bala Mêkah | kadya hyang-hyang wukir agni | gaman Arab dinulu asri kamantyan ||

10. mêndhak wadya kang nêningal | tarap pênuh pinggir margi | mulat mring Sang Kakungingrat | samya ngalêmbanèng batin | de cahyane lir sasi | dhingin nagari Mêdayun | duk kala durung ana | Wong Agung Wiradimurti | upamane pan kadya panglonging wulan ||

11. kadya têdhuh pêtêng wiyat | praptane Sang Jayèngmurti | sirat-sirat pêtêng ilang | dene baskara dhadhari | satriya Pusêr Bumi | kadya wangkawa andaru | wong Menak Pakuningrat | lir mêngku padhanging bumi | ana ing sajroning Mêdayin nagara ||

12. abagus tanpa sasama | prakati nora na nêmpil | nora nganggo pêpetungan | wênês manis andhèwèki | tan angêmpèk-êmpèki | de ambêk santa budya nung | aparamartèng wadya | tur widigdaya ing jurit | wus bêjane ing benjang kang duwe krama ||

13. gustiku kusumèng pura | baya benjang andhèwèki | sandhinge nauri sabda | basakêna sira iki | măngsa milu ngicipi | angalêm lêgining madu | sandhinge ana ngucap | dudu iku ngong rasani | suka ing tyas duwe gusti wirèng laga ||

14. têlase bala ing Arab | bala Mêdayin nambungi | kang dadya sirahing lampah | sri naranata ing Bangit | wolung lêksa wadyèki | jêjulukira

--- 1: 294 ---

sang prabu | Raja Olan Marjaban | sêntananira narpati | warna-warna bandera gêgaman abra ||

15. Raja Krasbinadur nulya | gêgamanira nambungi | sang prabu ing maderada | ingkang sumundhul ing wuri | gêgamanira asri | Sang Nata Dara sumambung | Sri Tamtam Kuwarika | Natèng Pagêmpur nambungi | saha tunggul asri kang tabah-tabuhan ||

16. sira Raja Bintubahram | sumambung Sang Natèng Tasik | wasta Raja Sindhulela | nulya Sang Nata Sargaji | Bubarwan Sri Bupati | Bêthara Samsir sumambung | Sri Naranata Nglaras | ingkang sumundhul ing wuri | Natèng Nglela Sang Raja Diyu lan Ngistam ||

17. asri kang tunggul daludag | Urumuskaran nambungi | sang prabu ing Turki ika | kathah yèn cinatur tulis | sagung para narpati | kang munggèng ngarsa sang prabu | gêgaman para putra | Radèn Sêmakun nambungi | Radèn Urmus sumambung gêgamanira ||

18. gêgamane ambêranang | Radèn Irman anambungi | têtunggul pêpare mudha | kang wadya awarni-warni | sang nata munggèng wuri | nitih liman abra mancur | lêlawak tlajul pita | rinumpaka kinakitir | rinawisan mutyara lawan kumala ||

19. adi pinarigi ing mas | tinatirah matên wilis | alêlungsir mas rinêngga | rinujit-rujit tulya sri | Betaljêmur tan têbih | anunggil lawan sang prabu | anèng nginggil pêlana | kang dipăngga tanpa wilis | kang karêbêg pêlananira sang nata ||

20. kadya gunung alêlampah | gumrudug [gumrudu...]

--- 1: 295 ---

[...g] angampil-ampil | gumêrah umung wurahan | sabên dipăngga sawiji | ngirid sèwu turanggi | gunging èsthi kawan èwu | kang munggèng wuri nata | sira Ki Patih Darêngki | wadyanira sadaya pan tigang êlak ||

21. upama tiyang satunggal | ngadêg ara-ara ardi | mulat kering lawan kanan | sagaduge aningali | tan wruh watêsing pinggir | saêlak arane iku | tigang lak balanira | kawan yuta kang turanggi | bayak anèng ngarsane sri naranata ||

22. kadya rug ingking[1] bantala | prakêmpa nagri Mêdayin | mèh ginggang Sang Ăntaboga | hèh ing bala kang lumaris | lir umbaking jêladri | apindha ladhuning gunung | gadêbuging dipăngga | surêm ujwalaning rawi | kadya mêndhung mantiyung măngsa mèh tiba ||

23. pradiptaning kang busana | awor karciking wanori | pindha giri gara-gara | lindhu rêg manjalanidi | lir guntur ingkang wukir | kadya samodra kinêbur | agrèng sindhung prakêmpa | rag-rug budi kadya gonjing | kambah dening kang wadya sêlur lumampah ||

24. ing mendra gêng magulungan | ulading tunggul anglindhih | pindha ngirid samirana | wuri prapta ima riris | koning kăndha kaluding | angin kêrbêti lêlayu | angrok tabah-tabuhan | kêndhang gong gubar lan bèri | sarining myang pangriking turăngga brăngta ||

51. Asmaradana

1. kadya ru-ara kang bumi | pardăngga tanpa parungyan | kabur kabèh kang nanonton | dening jêjêling [jê...]

--- 1: 296 ---

[...jêling] gêgaman | satêngah ana ngucap | iya talah sang aulun | dene ngêrig bala wêndran ||

2. tur măngsa milua jurit | nora liya mung wong Arab | kang dèn adu ararêmpon | mangkana lampahing bala | prapta jawining kitha | wutah kadya gunung kapuk | kapracondhang samirana ||

3. mawur-mawur kang wadya tri | samya arêbat dêdalan | balabar lir samodra rob | ngandika sri naranata | kabèh padha piyaka | gêgamaning para ratu | satriya lawan punggawa ||

4. kabèh lumakuwèng wuri | aywa na ing ngarsaniwang | amunga wong Arab bae | piyak sagunging gêgaman | sadaya ingundhangan | kang anèng ngarsa sang prabu | wong Arab apangkat-pangkat ||

5. sang nata rêmên ningali | kăntha-kanthane lumampah | balane Jayèngpalugon | rowa rakite arikat | kang samya nitih kuda | rêmpêg tan moncol sarambut | kang samya amangku gada ||

6. samêkta busananèki | sang nata alon ngandika | marang Betaljêmur alon | hèh bapa luwih apelag | lakune bala Ngarab | Si Kêlana Jayèngpupuh | widigdya anata bala ||

7. balaningsun pirang kêthi | bisaa tata mangkana | mendah si dene asrine | sang arya manut ing sabda | lêrês padya bêthara | wau ta ing lampahipun | ginêlak asigra-sigra ||

8. amung lêrêb kalih ari | nulya tata pasanggrahan | sabalanira [saba...]

--- 1: 297 ---

[...lanira] sang katong | miwah wadyabala Ngarab | wuwusên Natèng Kebar | sampun ingaturan wêruh | yèn bala Mêdayin mêdal ||

9. nênggih Prabu Nyakrawati | mêdal nindhihi ngayuda | angèsthi Jayèngpalugon | barise tanpa wilangan | Natèng Kebar miyarsa | bramantyanira kêlangkung | sigra antêtêg têngara ||

10. kumêrap amagut jurit | samêkta anata bala | umung têngara kêndhang gong | mêdal barise wong Kebar | satriya lan punggawa | saos ngarsane sang prabu | sang nata ngrasuk busana ||

11. budhal panganjuring jurit | bala Mêdayin miyarsa | sigra tur uninga rajèng | yèn baris ing Kebar latar | sigra nêmbang têngara | mêdal kang bala gumuruh | wau saking pagubahan ||

12. sagunging para narpati | saos nèng ngarsa narendra | miwah Sang Jayèngpalugon | lawan wadya para nata | aglar para narendra | mundhut dipăngga sang prabu | miyos saking pasanggrahan ||

13. baris agêng tanpa wilis | pan sampun samya ngandhêgan | sawang-sinawang barise | prasamya tata akapang | punang baris kalangan | tinon lir samodra pagut | sang nata manggung dirada ||

14. Betaljêmur datan têbih | munggèng pêlana lêlawak | Rahadèn Jayèngpalugon | munggèng ngarsane narendra | lan wadya para nata | kang wadya kapang atêpung | wau ta Sang Natèng Kebar ||

15. mêksih amanggung nèng èsthi | ingayap satriyanira [sa...]

--- 1: 298 ---

[...triyanira] | prawira lan para katong | miwah Ki Patih Kebarsah | munggèng ngayunanira | ing payudan kadi mêndhung | surêm sunaring baskara ||

16. Natèng Kebar bramatya ngling | angatag prajuritira | lah payo cacakên age | dimène mêtu Si Ambyah | iya sira Kistaham | aja doh kêlawan ingsun | mêngko ingsun tuduhêna ||

17. yèn Si Ambyah mêtu jurit | ingsun dhewe kang amapag | sigra lèngsèr awotsinom | sira Raja Bajodarwa | prabu ing Talmuara | anitih turăngga mamprung | rêspati angundha gada ||

18. angiwa parise wêsi | wus prapta gya sumbar-sumbar | payo kêmbulana ingong | iki prajurit ing Kebar | ratu ing Talmuara | wong Kebar surak gumuruh | payo rêbutên ing yuda ||

19. prajurit tan olèh tandhing | sapa ta kang arêp pêjah | papagêna tandang ingong | wau tan bêtah miyarsa | putra ing Tambakrêtna | Rahadèn Maktal wotsantun | mring Ambyah amit tur sêmbah ||

20. marang Prabu Nyakrawati | sigra anitih turăngga | samêkta sagêgamane | sampun kamot ing turăngga | nandêr mring rananggana | surak wadya ing Mêdayun | têmpur lawan bala Ngarab ||

21. ingkang yuda wus apanggih | prasamya ayun-ayunan | Sang Bajodarwa lingnya lon | prajurit aranmu sapa | baya sira Si Ambyah | warnamu anom abagus | yèn dudu angur balia ||

22. eman kaprawiran mami | yèn [yè...]

--- 1: 299 ---

[...n] mungsuh liya Si Ambyah | Sang Natèng Kebar lingnya lon | hèh Kistaham iku sapa | umatur Sang Kistaham | inggih pun Maktal pukulun | putrane Sang Rajèng Ngalab ||

23. ingangkat sudara wèdi | dhumatêng pun Jayènglaga | wau kang ayuda karo | sumaur Rahadèn Maktal | ingsun putra ing Ngalab | Maktal ing kêkasih ingsun | payo apa karsanira ||

24. Sang Bajodarwa sru angling | payo sira lêkasana | Rahadèn Maktal saure | dudu caraningsun aprang | lamun andhinginana | sabalane Jayèngpupuh | bramatya Sang Bajodarwa ||

25. sarwi ngundha-undha bindi | lah ya sira dèn prayitna | anaa rongatus kèhe | nyawamu măngsa luputa | iya ing gadaningwang | Rahadèn Maktal wus kudhung | lawan parise malela ||

26. sêksana ginada aglis | tumêmpuh gada lir gêlap | mubal gêni parisane | tan osik ing astanira | Wong Agung Parangteja | pinindho malih pinupuh | pining tiga tan wigata ||

27. Raja Bajodarwa angling | èstu yèn prajurit sira | payo malêsa maring ngong | angucap Rahadèn Maktal | lah iya dèn prayitna | sapa ranira sang prabu | aywa mati tanpa aran ||

28. Bajodarwa ingsun iki | ngandika Rahadèn Maktal | kudhunga parismu age | ingsun walês dèn prayitna | gumuyu sênggak-sênggak | payo malêsa dèn gupuh | Radèn Maktal narik pêdhang ||

29. wus kudhung [ku...]

--- 1: 300 ---

[...dhung] parise wêsi | pinêdhang Sang Bajodarwa | sigar kapalih parise | naratas dhatêng mastaka | lajêng dhatêng ing jaja | anrus dhatêng bokongipun | rampung kêkapaning kuda ||

30. kampat turăngga ngêmasi | ebat sagung kang umiyat | Sang Raja Darwa pêjahe | surak wadyabala Ngarab | lan wong Mêdayin samya | kang surak apindha guntur | ya ta Ki Patih Kebarsah ||

31. langkung bramatya ningali | mara ngrapakên turăngga | sarwi ngikal salukune | Rahadèn Maktal prayitna | kudhung parise waja | sira Kebarsah sru muwus | sapa aranmu satriya ||

32. ingsun putra Ngalabani | sirèku sapa ranira | Patih Kebarsah saure | ingsun andêle sang nata | aran Patih Kebarsah | Radèn Maktal sinalukun | atangkis parise waja ||

33. kang paris amubal agni | wau putra Tambakrêtna | sinarungakên pêdhange | nulya anyandhak gandhewa | jêmparing wus pinênthang | lumêpas sanjata mamprung | tumêmpuh parise tatas ||

34. nêrus bau tugêl palih | kampat jangganira pagas | niba saking turanggane | Sang Kebarsah kapisanan | Natèng Kebar umiyat | tanpa ingan dukanipun | amêlak dipangganira ||

35. Kêlana Jayadimurti | umiyat yèn Natèng Kebar | anêrêkkên dipanggane | umarêk Kang Sri Nusirwan | mangaras talapakan | Rahadèn Maktal wus mundur | wau prapta ngarsanira ||

36. miyat [miya...]

--- 1: 301 ---

[...t] Prabu Nyakrawati | Radèn Maktal gya ginanjar | makutha lawan badhonge | ya ta wau Natèng Kebar | asru dènnya sêsumbar | hèh Kêlana Jayèngsatru | papagêna yudaningwang ||

37. ing kene payo ajurit | ingsun malês lara pêjah | yèn sira trahèh wong core | anututa ingsun bănda | sun karya mêng-amêngan | wau Radèn Jayèngpupuh | lèngsèr saking ngarsa nata ||

38. sagunging wasiyat nabi | sampun tumêrap ing ăngga | sigra nitih turanggane | sadandananing ayuda | kawot ing luhur kuda | pun kalisahak wus mamprung | prapta madyaning ranangga ||

39. Prabu Alkamah sru angling | iya sira iki sapa | ingsun nguwuh Jayèngsinom | têka sira iki mara | rare pêksa sudira | rupamu iki abagus | têka dadak tanpa ngrasa ||

40. wani mapag tandang mami | pan ingsun ratu digdaya | lah age mundura thole | angling Radèn Jayènglaga | ingsun satriya Ambyah | kagyat sang nata anjumbul | mêngkono si rupanira ||

41. kang matèni anak mami | sumaur Sang Jayènglaga | iya kang nugêl gulune | anakmu kang aran Uksam | sigra Sang Natèng Kebar | andik macicil anggêrgut | iya sira rasakêna ||

42. lah iya sandhangên ugi | mêngko rasaning tyas ingwang | kudhunga parismu age | iya sun tibani gada | sambata kang ayoga | măngsa wurung ajur mumur | katiban ing gadaningwang ||

43. măngsa kalapa samênir | ratu kang agung [a...]

--- 1: 302 ---

[...gung] prakosa | kaprêjaya gadaningong | luluh kawor lawan kisma | sira ta iku bocah | mêksih rênyah bêbalungmu | angur mundura uripan ||

52. Durma

1. Radèn Ambyah kudhung parise malela | Natèng Kebar sru angling | iya dèn prayitna | sarwi angangkat gada | tumêmpuh gada nibani | paris malela | swara lir gêlap muni ||

2. datan obah astanira Jayènglaga | obah rêg ingkang bumi | jinjang sukunira | anjrit pun kalisahak | paris waja mubal gêni | amulad-mulad | Natèng Kebar sru angling ||

3. misih urip sira iku Jayèngrana | sun sidhêp awor bumi | akèh para nata | katiban gadaningwang | luluh tan kongsi mindhoni | anggada sira | ya têka mêksih urip ||

4. tuhu sira Jayèngmurti Kakungingrat | mendah si wisa akil | yêkti tanpa lawan | sumaur Jayènglaga | payo anggadaa maning | lawan têkakna | kasêktènira kapir ||

5. mutêr malih gada Sang Prabu Alkamah | amupuh wanti-wanti | nanging tinadhahan | dene asta kewala | Kêlana Wiradimurti | asru ngandika | hèh sang nata dèn eling ||

6. ingsun walês akudhunga băndabaya | sri narapati aglis | akudhung sêksana | lawan parise waja | wong Menak ngadêg tumuli | luhur turăngga | sarwi angangkat bindi ||

7. dyan pinupuh parise Sang Natèng Kebar | tumêmpuh punang bindi |

--- 1: 303 ---

swara pindha gêlap | sayuta abarungan | kang paris amubal gêni | surak wong Arab | miwah bala Mêdayin ||

8. pan anglumba dipanggane Natèng Kebar | obah bêbalungnèki | kang satus sawidal[2] | sigra malês anggada | agênti bindi-binindi | surak sauran | awor kêndhang gong bèri ||

9. kang ayuda prasamya sura marata | rok băndawala pati | Radèn Jayènglaga | ngadêg luhur kêkapa | angantêp dènira bindi | Sang Natèng Kebar | kudhung parise wêsi ||

10. kuwatira panggadane Radèn Ambyah | rosane kang nadhahi | gigiring dipăngga | tugêl bêt pan kapadal | ing bokong tumibèng siti | Raja Alkamah | tiba karungkêp siti ||

11. dharakalan tangi sarwi narik pêdhang | sukune kang turanggi | wau kalisahak | arsa sinabêt pêdhang | dyan tumêdhak Jayèngmurti | nèng ngarsanira | turăngga dèn alingi ||

12. samya dharat kang yuda gada-ginada | ambuwang gada kalih | sarêng narik pêdhang | rame pêdhang-pinêdhang | tangkis-tinangkis prasami | Raja Alkamah | pamêdhange ngênèni ||

13. pan tumancêp ing parisanira Ambyah | wêtara patang nyari | kêbat Jayènglaga | ngikal parise waja | pêdhang tugêl tibèng siti | kari kêpala | sinawatakên aglis ||

14. kang ingarah wêdanane Jayèngrana | rikat dènira nangkis | cumêthi kinarya | mlêsat kang pasikêpan | gumêbyar tiba ing siti | Ki Umarmaya |

--- 1: 304 ---

kêbat anarutuli ||

15. gya kinandhut ulu pêdhang ingkang tiba | Umarmaya sêsirig | sarwi cikrak-cikrak | miyat Sang Natèng Kebar | dukanira tan sinipi | asru ngandika | hèh bêlis duwèk mami ||

16. aywa sira kandhut ulu ingkang pêdhang | akèh rêgane anjing | pan iku sayuta | intêne salawe prah | kêmbaran mase nêm tail | pan pirang-pirang | dene ta tanpa wilis ||

17. ulu pêdhang rineka buta mêmăngsa | Marmaya tan nauri | eca cikrak-cikrak | baya katêmu uga | impèn ingsun mau bêngi | ngandhut bêbathang | iya katêmu iki ||

18. sru ngandika hèh anjing parènèkêna | Marmaya anauri | pan wis ukum ingwang | singa kang tibèng lêmah | pasthi dadi duwèk mami | apêngajia | ya pirang-pirang kêthi ||

19. sira nistha ratu agung angambila | kang wus tumibèng siti | sabarang dandanan | yèn wus dadi sêsarah | patut duwèke wong cilik | Sang Natèng Kebar | duka yayah sinipi ||

20. lamun sira angukuhi duwèk ingwang | sun panah mêngko mati | angling Umarmaya | lah mara amanaha | ratu dêlap sira iki | donya wis ilang | têka kudu dèn ukih ||

21. Umarmaya sikêp parise daluwang | ambane patang nyari | mubêng anèng asta | pan sarwi cikrak-cikrak | sigra wau jinêmparing | Ki Umarmaya | malêsat ing wiyati ||

22. luhurira ana patang puluh asta | anjog mêdal ing wuri |

--- 1: 305 ---

pan gêgithokira | sinotho saking wuntat | kagyat sang nata tan sipi | Ki Umarmaya | sigra pinanah malih ||

23. Umarmaya malêsat marang gêgana | luhure winitawis | ana limang dhêpa | mudhun saking ngiringan | sang nata sarwi ginitik | gulu kang kêna | bramatya sri bupati ||

24. pining tiga Marmaya pinacar wutah | bingung Umarmayèki | malêsat angiwa | anêngên udhunira | gya mingêr anêngên nuli | mudhun angiwa | pan sarwi angidoni ||

25. saha ngambil ulu pêdhang nèng kandhutan | kinarya balang aglis | kêna tanganira | tiba ponang gandhewa | gêtihên astanirèki | sarwi anyandhak | garan kinandhut aglis ||

26. Natèng Kebar sênggak sarwi latah-latah | êmèh edan si baring | angling Umarmaya | hèh Natèng Kebar sira | akumêt kêpati-pati | lah rasakêna | sun ukum sira mangkin ||

27. Umarmaya ngumpulakên watu kathah | malêsat ing wiyati | tigang dasa asta | mudhun angering nganan | apan sarwi ambalangi | asêrikutan | pinanah datan kêni ||

28. makuthane kang dèn arah dipun balang | bingung sri narapati | kêpalane pêdhang | wau kinarya balang | Ki Umarmaya nadhahi | wus kêlangkahan | kinandhut sarwi sirig ||

29. Jayèngmurti asru dènira ngandika | bonggan sira sang aji | bêndu sira maha | anglawan cacêndhalan | nistha jênênging narpati | aprang kinarya | lêlacon [lêla...]

--- 1: 306 ---

[...con] sira iki ||

30. ilang mêne rusak kramaning narendra | tanpa ngrasa sirèki | aprang lan kawula | dèn gawe mêng-amêngan | bocah sira sun arani | Sang Prabu Kebar | garjita nolèh wuri ||

53. Pangkur

1. ya ta wau Sri Nusirwan | aningali solahe Marmayèki | pangandikanira asru | hèh bapa kaya ngapa | Umarmaya sun tingali sêbrang-sêbrung | apa iku milu aprang | Betaljêmur matur aris ||

2. pun Umarmaya punika | kabisane satus kirang satunggil | kang dipun rêbat puniku | ulune pêdhang tiba | sri narendra kapingkêl-pingkêl gumuyu | suka sagunging tumingal | wau kang andon ajurit ||

3. adangu tinon ing wadya | aprang enjing malah kongsi ing lingsir | Sang Kêlana Jayèngsatru | alon pamuwusira | hèh sang nata sakèhe gêgaman iku | ing yuda wus tanpa karya | amung tingkah kang sawiji ||

4. ingkang durung kalampahan | amung junjung-jinunjung ting-binanting | mung iku ta lagi durung | gumuyu Natèng Kebar | sênggak mêngko iya baya ta sirèku | dene agung luhur ingwang | sira iku andhap alit ||

5. yèn ingsun bêdhola wrêksa | sagêdhene kabêdhol dening mami | têkan oyode kadaut | angling Sang Jayènglaga | sakarêpmu lah payo junjungên ingsun | mêrpêki Sang Jayènglaga | ngadêg ngarsane sang aji ||

6. sang nata gumuyu suka | sarwi nyandhak wangkingane Sang

--- 1: 307 ---

Amir | sang nata sigra anjunjung | Jayèngmurti tan obah | pining kalih pining tiga tan kajunjung | sakathahe kuwatira | dinèkèk nèng asta kalih ||

7. paran dening datan kangkat | malah mêtu gêtih saking dariji | ludirèng ăngga nut wulu | karingêt kadi siram | nanging mêksih Jayènglaga tan kajunjung | inguculakên sêksana | lah payo gêntia banting ||

8. Jayèngmurti nolèh wuntat | Umarmaya sampun nampèni wangsit | angulukkên towongipun | sagunging bala Ngarab | ngambil pusuh lan malam kinarya tutup | kuping myang sagung wahana | kabèh sampun dèn tutupi ||

9. sira Bêthara Nusirwan | aningali wong Arab tutup kuping | saking dipăngga tumurun | lawan mundhut amparan | sarwi tutup sang nata talinganipun | miwah sagunging punggawa | Mêdayin atutup kuping ||

10. wau ta Sang Kakungingrat | sigra nyandhak wangkinganing narpati | Sang Nata Kebar jinunjung | binarêngan lan pêtak | dèn ikal ing tawang tinon ing wadya gung | mubêng apindha likasan | Sang Jayènglaga sru angling ||

11. hèh Natèng Kebar Sêlama | lamun manut marang agama mami | ingsun uripi sirèku | sumaur Natèng Kebar | puluh sira akona Sêlam maring sun | pan ingsun măngsa gêlêma | sêksana sira binanting ||

12. malêdug Sang Natèng Kebar | bêbalunge datan kalap samênir | bala ing Kebar andulu | lamun ratune sirna | bodhol baris ing

--- 1: 308 ---

Kebar samya lumayu | gusis prasamya sasaran | pati-pati babêntusi ||

13. aglis Sang Raja Kistaham | angrungkêbi suku Sang Jayèngmurti | atur cor upatanipun | nauri Jayèngrana | atobata sira sadina ping pitu | măngsa ta mêmarènana | Umarmaya anambungi ||

14. hèh sira iku Kistaham | supataa iya amangan tai | dèn kongsi kêbak cangkêmu | măngsa amarènana | angungsia marang ngêndi pêlayumu | yèn ngaraha pinatenan | măngsa luputa sirèki ||

15. mundur Radèn Jayènglaga | Sang Kistaham tansah wurènira Mir | praptanira Sang Aprabu | Nusirwan sigra nyandhak | Jayèngmurti ingaras lungayanipun | sangsaya asih narendra | dene ta sampun kaèksi ||

16. kadigdayaning ayuda | sigra salin busana sri bupati | sapangadêgira sampun | sinungkên Jayènglaga | gya tinampèn sêksana ingangge sampun | samya mundur pasanggrahan | prapta wus tata alinggih ||

17. lajêng prasamya kasukan | Patih Baktak matur ing Jayèngmurti | kitha ing Kebar puniku | pan inggih mêksih wêtah | ing pênêde lajênga mring kuthanipun | anjarah rêtna kêncana | lan boyong sagunging èstri ||

18. Jayèngrana emut ing tyas | lamun iya Rahadèn Yusupadi | putra pêpulunanipun | lawan Sang Natèng Kebar | kang kajarah milwa ing Uksam rumuhun | Jayènglaga angandika | marang prabu ing Kohkarib ||

--- 1: 309 ---

19. hèh Umarmadi saosa | ratu kêmbar pan iya limang rakit | sarta lan gêgamanipun | sang nata tur sandika | mengo nganan Dyan Kêlana Jayèngpupuh | hèh yayi ing Tambakêtna | sira lumakua aglis ||

20. jumujuga marang Kebar | adêgêna iku Si Yusupadi | nèng Kebar namaa ratu | lawan iku winênang | Radèn Maktal siyaga tur sêmbah mundur | budhal saking pangayunan | sawadyabala umiring ||

21. lawan narendra sadasa | kang binêkta Rahadèn Yusupadi | ing marga datan winuwus | Wong Agung Parangteja | Sri Nusirwan wus budhal sawadyanipun | miwah tan kêna apisah | Kêlana Jayadimurti ||

22. lawan satriya punggawa | lampahira wus praptèng jro nagari | sang nata laju ngêdhatun | wau Sang Kakungingrat | masanggrahan lan sawadya para ratu | nêngna ingkang winurcita | sang rêtna kusumèng puri ||

23. miyarsa kang rama prapta | lan wus unggul yudane Jayèngjurit | gêdhong kinèn buka sampun | donya arta busana | ingusungan lumintu saking kêdhatun | wêrata kang pinaringan | sakathahe wong kang miskin ||

24. suka manahing kawula | wong jro kutha kabèh tan ana miskin | ya ta malih kang winuwus | Wong Agung Parangteja | lampahira nagari Kebar wus rawuh | ngancik paminggiring desa | wong Kebar gègèr tan sipi ||

25. miyarsa ratune pêjah | lawan wontên gêgaman agêng prapti | tutup lawang kuthanipun |

--- 1: 310 ---

tangis umyung gumêrah | jro kadhaton pramèswari sang aprabu | sagung ingkang pra dipatya | atugur lawang sadêmi ||

26. satriya ing Tambakrêtna | saha bala lan Radèn Yusupadi | lan para ratu sapuluh | prapta sajabaning kitha |[3] Yusupadi kinèn manjinga karuwun | wong Kebar prasamya wikan | lamun Radèn Yusupadi ||

27. amêngani pintu samya | pra satriya punggawa para aji | sadaya wus samya nungkul | ing Yusupadintara | datan wangwang yèn punika gustènipun | Radèn Maktal ingaturan | lajêng marang păncaniti ||

28. wus munggèng ing amparan mas | prapta ratu kêmbar kang limang rakit | tata prasamya alungguh | pra dipati ing Kebar | para mantri satriya punggawanipun | wus kinèn salin agama | sarengat Nabi Ibrahim ||

29. wus jinênêngakên nata | wau sira Rahadèn Yusupadi | punggawa Kebar sumuyud | mring Yusupadintara | pan nangari ing Kebar punika agung | nyakrawati jênêngira | Binathara Yusupadi ||

30. sampun parentah jarahan | wau sira Mahraja Yusupadi | gêdhong kabèh jro kêdhatun | sadaya kinèn bêdhah | lan parêkan wanodya kang ayu-ayu | awêrata tigang nambang | kang rucah kèh tanpa wilis ||

31. bêrana wus dinandanan | miwah guru bakal lan guru dadi | rêtna di kêncana agung | sampun munggèng rêmbatan | pèni-pèni rajapèni busana gung | ingkang kocap ing carita | rêmbatanira [rêmba...]

--- 1: 311 ---

[...tanira] sakêthi ||

32. cinatur Rahadèn Maktal | anèng Kebar sampun samadya sasi | sinuba-suba kalangkung | sabên ari kasukan | wus mangkana arsa kondur mring Mêdayun | wong Kebar wus ingundhangan | marang Prabu Yusupadi ||

33. punggawa dhomas pinatah | kang sêpalih kinèn têngga nagari | para ratu kalih atus | amung ingkang binêkta | kang sêpalih atêngga nagarinipun | sigra anêmbang têngara | Sang Aprabu Yusupadi ||

34. miwah putra Tambakrêtna | pan gumuruh gêgaman tanpa wilis | budhal saking Kebar sampun | kathah kang balakoswa | saking Kebar pitung kêthi malah langkung | ingkang lumampah ing ngarsa | angiringkên para manis ||

54. Dhandhanggula

1. lampahira tan kawarnèng margi | siyang dalu dènira lumampah | tan cinatur ing lamine | praptèng nagri Mêdayun | sri bêthara nuju tinangkil | andhèr para narendra | nèng ngarsa supênuh | miwah ta Sang Kakungingrat | sampun munggèng ing wijoan palowani | lan wadya para nata ||

2. kapiyarsa lamun ingkang prapti | dening rahadyan prawiraning prang | Marmaya tunuduhake | amêthuk praptanipun | ingkang saking Kebar nagari | Wong Agung Tambakrêtna | pan kasêlak rawuh | sagunging ponang rêmbatan | sampun manjing ing alun-alun mênuhi | lan èstri tigang nambang ||

3. Radèn Maktal praptèng păncaniti | lawan Yusupadi Natèng Kebar | lan ratu limang rakite | sarêng dènnya [dè...]

--- 1: 312 ---

[...nnya] wotsantun | ing Kêlana Jayadimurti | lajêng samya tur sêmbah | marang sang aprabu | satriya ing Tambakrêtna | ngaturakên jarahan lawan pawèstri | marang Sang Kakungingrat ||

4. sêksanambyah matur ring narpati | ngaturakên sagunging jarahan | miwah tawan èstri kabèh | kamantyan tyas sang prabu | Sri Nusirwan ngandika aris | sêparo kang bêrana | manjinga kêdhatun | prênahna gêdhong pungkuran | kang sêparo sun paringkên sira maning | dumên sabalanira ||

5. tawan èstri tan arsa satunggil | Jayèngmurti ngaturkên sadaya | kabèh marang dalêm gêdhe | bêrana ingkang kantun | limang lêksa pikul binagi | rêmbatan kalih lêksa | pinaringkên sampun | marang Ki Apatih Baktak | kinèn bagi sagung punggawèng Mêdayin | pra ratu myang satriya ||

6. pikul tigang lêksa bêrana di | kalih lêksa binagi wong Arab | para ratu sabalane | wêrata mring pêpikul | wong pêkathik lawan sêrati | suka manahing wadya | tan ana kang rêngu | kang kari salêksa rêmbat | kang sêpalih kinintunakên tumuli | marang nagari Mêkah ||

7. kinèn angêdum ring pêkir miskin | ingkang wontên jro nagari Mêkah | sampun lumampah dutane | ing marga tan winuwus | sampun prapta Mêkah nagari | katur sang adipatya | umatur ingutus | wawêling saking kang putra | linastarèkakên marang pêkir miskin | sagunging rajabrana ||

8. Sang Dipati Mêkah lan kang rayi |

--- 1: 313 ---

trusthèng driya dènira miyarsa | ing warta lamun putrane | kinasihan sang prabu | asring unggul ingabên jurit | kinarya isènira | joan palowanu | mangkana bala ing Arab | wira-wiri marang nagari Mêdayin | tan ana sinantaha ||

9. wuwuh arja nagari Mêdayin | kalanira Risang Kakungingrat | anèng Mêdayin lamine | kinathik siyang dalu | ing Bêthara Anyakrawati | nanging sagung punggawa | sêntana Mêdayun | prasamya panas ing driya | marang sira Kêlana Jayadimurti | dènnyanggung sih narendra ||

10. ya ta wau kangjêng sri bupati | miyos munggèng kêbon kêlangênan | ingkang tinimbalan age | Ki Arya Betaljêmur | praptèng pura ngabyantara ji | Sri Nusirwan ngandika | bapa Betaljêmur | ngong bosên kasukan jaba | ingsun arsa kasukan mring kêbon mangkin | tan nganggo wong akathah ||

11. iya amung Si Jayadimurti | Umarmaya Baktak lan Si Maktal | iya bapa iku bae | Si Irman lan Si Urmus | Si Sêmakun lan bapa uwis | anulya tinimbalan | Radèn Jayèngpupuh | miwah kang putra têtiga | kapat Baktak kalima Umarmayèki | kanêm Rahadèn Maktal ||

12. sampun prapta wau jroning puri | Dyan Kêlana Apêpakuningrat | tuwin putra katigane | Baktak Umarmayèku | Maktal prapta ngarsa narpati | sarêng dènnya wotsêkar | samya kinèn lungguh | lumintu lajêng bujana | kang gamêlan tinêmbang munya ngêrangin | andhèr [a...]

--- 1: 314 ---

[...ndhèr] amêng-amêngan ||

13. Umarmaya lêlewa macicil | amacucu malêmbung kêkayang | sang nata langkung sukane | miyat ing Marmayèku | gujêngira apêtêk galih | tan pêgat sêdangunya | dènnya asung guyu | sang nata langkung kacaryan | pira-pira janèwêr api lan kênit | anggur wungu lan adas ||

14. samya mungging ing kèlèr mas adi | tandhêsane rinukmi sêsotya | sang nata anglarih dhewe | ing Menak Jayèngpupuh | miwah marang Umarmayèki | langkung dènyèstupada | ing sihnya sang prabu | praptèng dalu tan luwaran | misih pajêg ăndrawina sri bupati | andhatêngakên suka ||

15. wiwit enjing kongsi praptèng wêngi | pan sadalu datan aluwaran | samya ngantuk ting kalèlèh | ana ing palowanu | miwah Prabu Anyakrawati | sare munggèng amparan | tuwin Betaljêmur | samya ngantuk nèng wijoan | sri narendra misih pajêg angêrangin | dèrèng nêdya luwaran ||

16. dadya pêndhak wijiling hyang rawi | dèrèng owah ăndrawinanira | salin-salin dhêdharane | ya ta ing pukul wolu | Dyan Kêlana Jayadimurti | pan arsa atêtoya | angandika arum | hèh Umarmaya karia | lamun ingsun dinangu marang sang aji | mring taman atêtoya ||

17. tamanira lêt banon sakêlir | lawan bangsal ing kêbon punika | lêt satunggil gapurane | dènnya minum sang prabu | pinajang asri linungsir |[4] mangkana kesahira [kesahi...]

--- 1: 315 ---

[...ra] | Radèn Jayèngpupuh | praptèng gapuraning taman | marang bèji têtoya Sang Jayèngmurti | lajêng anulya siram ||

18. sawusira siram Jayèngmurti | amêng-amêng kacaryan umiyat | ing taman uparênggane | lir kaswargan dinulu | sawarnine êmas kinardi | linud ing nawarêtna | eram Jayèngpupuh | dene ta sarwa kêncana | kadya timah pênggarape wong Mêdayin | ngartika jroning nala ||

19. baya nagara ing kene iki | tămpa artane wong pirang praja | êmas tan ana ajine | dènnya sugih kêlangkung | mas sêsotya myang rêtna adi | pangrasa tanpa karya | sagèn-ênggènipun | mangkana tamaning rama | lan tamaning kang putra mung lêt sakêlir | gapura kuthagara ||

20. naga gêng mas anteranya ngapit | buka sri mas linud ing sêsotya | bujăngga măngka netrane | hèr bumi lan hèr laut | nawarêtna myang kapyalêngki | antera munggèng karna | tutuknya manguntur | tutung wiku mawantera | ngapit-apit wong Menak arsa udani | tandhêse naga praba ||

21. eram mulat srining sarwa sari | apêpangkon kabèh jamirah mas | sêsotya măngka rukmine | datan kêna cinatur | sugihira Natèng Mêdayin | măngsa na nimbangana | pap[5] ratuning ratu | marga rinêngga kalintang | tamanipun kang putra sang rajaputri | dadya pamêng-amêngan ||

22. sampun mèsi madêlal puniki | kêmbang-kêmbang tan ilang satunggal | madyasaya sinungan we |

--- 1: 316 ---

botrawi mas sumunu | cahya legang nèng we mênuhi | yayah ujwalaning mas | ombaknya manguwung | prabawa ulêng-ulêngan | Jayèngmurti eram lam-lam aningali | uparêngganing taman ||

23. mèru padmasana dye warih |[6] gêgilang mas rinukmi sêsotya | nawarêtna salimpête | Kêlana Jayèngsatru | tan rêringa dènnya alinggih | tumon langêning sêkar | myang wuryaning ranu | wadêr bang samya mangambang | ucêng kuning ngacar-acar ting kulicir | cêcara cêciri mas ||

24. ucêng gêngira sawêntis-wêntis | urang watang gêngira sapukang | akêkaring saking ronge | arangkang anaruntung | supit samya mawi caluprit | sadaya sêsungut mas | kutuknya anglumpuk | samya ingangsangan êmas | abêbadhong kutuk gêng sabayi-bayi | bayak arak-arakan ||

25. cinarita mina kang rinukmi | tur-ature ingkang para nata | kang samya bun-êbun sore | mrih sukane sang ayu | mèh saengga patiba sampir | Sang Natèng Maderada | Mraja Krasbinadur | atur-atur jêmbangan mas | tigang atus lawan mina kang rinukmi | ucêng wadêr sanambang ||

26. nênggih Sang Raja Tamtam Kuwari | Natèng Dara atur-aturira | wong-wongan mas lan jantrane | êmas pan wolung puluh | pagilingan êmas rinukmi | kêlawan rare êmas | kèhe wolung puluh | pinrênah munggèng pêthethan | jăntra siji wong-wongan mas kadi ngantih | nèng soring nagapuspa ||

27. rare êmas kadya anggilingi | wijèn-wijèn saking [sa...]

--- 1: 317 ---

[...king] panggilingan | wontên malih tur-ature | ing basanta ri prabu | kang jêjuluk Raja Dribangsit | mêrak lan mêri êmas | banyak mas rongatus | kang sampun pinacang-pacang | kaponakanira Bêtharèng Mêdayin | Mraja Olad Marjaban ||

28. atur-aturira Natèng Bangit | bujăngga mas gêng sabongkoting tal | mirah kinarya netrane | gênge sajêruk gulung | kêrnantera angapit-apit | kang naga sinisikan | ing kumala murub | wiku linênggèng mutyara | tur-ature Sri Naranatèng Sargaji | nênggih Raja Bubarwan ||

29. rare cebol bajang dhêngkak wujil | bucu dhungkuk kesodan walikan | palisir dhomas cacahe | nênggih tur-aturipun | Sri Narendra Wu-Awu Langit | sira Raja Ubinah | gajah mas pêpitu | kathah lamun cinatura | tur-ature narpati kang samya mamrih | tinampèn ing sang rêtna ||

30. nanging kabèh tan kapadhan kapti | inggih amung tinukuwèng yuda | kang dadya samodra gêtèh | asarah dhasing ratu | marma kabèh patiba sampir | tinumpuk anèng taman | dene ratonipun | samya lajêng asuwita | mila taman kadya kaswargan mangalih | kang lăngka-lăngka prapta ||

31. wau sira Radèn Jayèngmurti | midêr-midêr kathah katingalan | ingkang sarwa mas sakèhe | asurat cirinipun | saking ratu sawiji-wiji | Jayèngmurti ngartika | baya sang aprabu | duwe putra ayu endah | dene iki

--- 1: 318 ---

kabèh ciri tiba sampir | kang saking para raja ||

32. tan andimpe Radèn Jayèngmurti | kang muniku tamaning kusuma | Rêtna Muninggar kang duwe | duk purwanipun wau | saking dening arsa udani | watêsing naga praba | kang tutuk manguntur | dadya miyat srining taman | rêmên mulat aras-arasên umijil | ngidêri kêmbang-kêmbang ||

33. lajêng marang ing bèji alinggih | gêgilang mas acucul busana | sigra dènnya malêbèng we | dènnya siram anutug | lajêng ngambil toya kadasi | umêntas nulya salat | rong rêkangat sampun | lajêng lênggah ing gêgilang | pan kacaryan mulat rênggane botrawi | mina mas samya ngambang ||

34. kunêng gantya kawuwusa malih | kusumèng dyah sang rêtnaning pura | kang tansah brăngta wirage | sêmanging tysa mirangu | kadya age wêruh kang warni | kang dadya êla-êla | kang kinarya kidung | marang wong sadalêm pura | Kakungingrat Kêlana Jayadimurti | Menak Sri Nataningrat ||

55. Sinom

1. tuhu panguncanging Suksma | Kêlana Jayadimurti | solahira anèng taman | tamanira sri bupati | sêmana duk umèksi | naga mas tutuk manguntur | buka sri karnantera | sisik kumala rinukmi | apan arsa miyat tutuk naga praba ||

2. tan andimpe yèn kêsasar | mring tamanira sang putri | Wong Menak Pêpakuningrat | rêmên umiyat ing bèji | karsane Hyang Linuwih | asih mring kawulanipun | apan Rêtna

--- 1: 319 ---

Muninggar | lami tilar dhahar guling | panêdyane kadya age uningaa ||

3. warnane Sang Kakungingrat | Kêlana Jayadimurti | dènnya miyarsa wus lama | ing warta durung udani | wus pitung wulan mangkin | Kêlana Anjayèngsatru | suwita ingkang rama | wontên nagari Mêdayin | dadya ibnu suraya ingabên yuda ||

4. kasok karoban ing warta | de wong sadalêm ing puri | nging sang dyah sangêt susela | ajrih ing rama tan sipi | jêtmika anglangkungi | nandhang brăngta pitung tèngsu | tan mèngèng saking pura | amung tinêdha ing batin | wêruhêna ing satriya Jayèngrana ||

5. mêngkana nayakaning dyah | Rêtna Muningar miyarsi | yèn ingkang rama sang nata | kasukan anèng jro puri | ing kêbon tamansari | lan Kêlana Jayèngpupuh | cèthi kalih dinuta | mring ngabyantara narpati | ngawasêna satingkahe Jayènglaga ||

6. parêkan kalih umiyat | ing Kêlana Jayèngmurti | têdhak saking ngarsanira | nênggih Prabu Nyakrawati | asêne marang bèji | parêkan kalih tut pungkur | marêngi lampahira | Kêlana Jayadimurti | cèthi kalih agunêm sarwi lumampah ||

7. amuwus êmban Pradapa | Salaga karsèngong iki | yèn kapêrgok aywa lingkab | payo padha asêngadi | asêne marang bèji | wong roro padha ngindhit jun | panuju Ni Salaga | sêksana bêkta kalênthing | lampahira wus laju marang ing taman ||

8. sapraptanira

--- 1: 320 ---

ing taman | kêpanggih Sang Jayèngmurti | lunggwèng mèru padmasana | wontên ing gêgilang rukmi | ya ta cèthi kêkalih | cêngkelak nuli awangsul | lampahe sigra-sigra | prapta ngarsane sang putri | ting kalêpruk êjune barêng binuwang ||

9. ngandika kusumaning dyah | paranta lakunirèki | dene padha akapita | kadya wong binuru jurit | matur cèthi kêkalih | dhuk gustiku dhuh gustiku | baya supêna apa | saengga kala pêracik | wus dilalah olèh manuk walang kadhak ||

10. dhuh Sêlaga gustinira | upama masang gêlathik | gêlodhoge ngisor longan | sapa nyana dèn ênggoni | upama iwak kali | wuwu pinasang pêpundhung | iya sapa kang nyana | badhère nungsung marani | dhasar galak badhèr bang ing jaman Arab ||

11. dhuh gusti satriya Arab | Kêlana Jayadimurti | wontên bèji pêtamanan | pinarak gêgilang rukmi | kumêjot sang lir Ratih | agya manahe kumêpyur | kakêtêg sumyar-sumyar | ênar-ênar sênag-sênig | cipta rundah paran mêngko uningaa ||

12. sang rêtna minggah sêksana | ing gêdhong malige manik | anjanggut salèring toya | angungkuli tamansari | kang êlèr tan sinuji | ngiras pagêr gêdhong agung | mung kulon kidul wetan | kang samya pinacak suji | mung rong asta têlajug têtunjung êmas ||

13. lawange gêdhong majupat | saundhak sabilik-bilik | kang jinujug kusumèng [ku...]

--- 1: 321 ---

[...sumèng] dyah | korine kang marang bèji | sigra binuka aglis | sang dyah ayu mungup-mungup | katingal kang alênggah | wontên ing gêgilang rukmi | cahyanira gumilang kadya sêsăngka ||

14. kang taman kadi rinêngga | dening ujwala nêlahi | prabawa Sang Kakungingrat | èstu piturun Hyang Widi | sang rêtna aningali | atêbah jaja angadhuh | dhuh lae nora dora | dadya ojat wong sabumi | nyata bagus cahyane amindha wulan ||

15. nanging cacade ki besan | piyangkuhe dèn kandhangi | dene têka ngenak-enak | alinggih gêgilang rukmi | wong iki sêmune dir | pantêse rada kumlungkung | datan anganggo taha | lêledhang anèng jro puri | ing têgêse pan ingsun sinungga-sungga ||

16. marang kang duwe nagara | iya sapa ingkang wani | anyikua solah ingwang | sênadyan sajroning puri | sapa wani mring mami | sun pinutra-putra danu | mulane nora taha | tan anganggo walangati | sumangkehan wong bagus dinama-dama ||

17. wagugên sêmang ing driya | muwus ing tyas wigag-wigig | anggung dènnya ngusap jaja | dhuh lae banjura mati | yèn ingsun tan apanggih | lan si dhongkah taman iku | ngunus sotya ludira | kang munggèng dariji manis | dyan binalang kang linggih sela gêgilang ||

18. katuju ing pangkonira | Kêlana Jayadimurti | kagyat kang sotya cinandhak | tumênga mring gêdhong nginggil | kapit ing tyas Sang Amir | katingal kang mungup-mungup | cahya

--- 1: 322 ---

byak anglir wulan | ping patbêlas andhadhari | watêk jaja gènnya manglung ing candhela ||

19. prêmbayun kang muyuh dênta | mèh kengis dening kapidih | ing talundhaging candhela | dyan umadêg Jayèngmurti | sarwi umatur aris | sintên nah anggèr pukulun | angling Rêtna Muninggar | sarwi mèsêm anauri | èsêmira angling madu pinusthika ||

20. pan ingsun Rêtna Muninggar | iya Prabu Nyakrawati | ingsun putra ingkang tuwa | baya sira Jayèngmurti | kang prawira nom pêkik | kang angingu gêlap sèwu | matur Sang Kakungingrat | inggih kawula pun Amir | marmanipun anggèr nyarwe wong ngumbara ||

21. ngandika Rêtna Muninggar | sira dhewe kang ngarani | nistha papa angumbara | upama ingsun ngulati | ing sangisoring langit | anjajah nagara sèwu | măngsa silih antuka | ingkang kasăngga ing bumi | bagusira miwah kadigdayanira ||

22. tan ana kang kaya sira | jalma kang kungkulan langit | miwah ta ing kuna-kuna | pan ingsun durung miyari | dene ta durung akil | widigdayèng satru mungsuh | kasub kaonang-onang | ambănda para narpati | mendah baya ing besuk wusa diwasa ||

23. wruhanira Jayèngrana | pan ingsun kandhuhan kingkin | duk lagine sira prapta | anyar têka Pusêr Bumi | gèn ingsun mong wiyadi | kang kacipta mung sirèku | atajin dhahar nendra | malah ta kongsi ing mangkin | Jayèngrana miyarsa ngungun ing driya ||

24. tumungkul sarya ngartika |

--- 1: 323 ---

muga ta Hyang Maha Suci | kang amisesa buwana | anulusna sih ing gusti | mangkana sang lir Ratih | nangkêp candhela tumurun | sumungkêm pagulingan | tan kuwawa nandhang wingit | waspanya drês kasoking tyas duk tumingal ||

25. wau ta Sang Kakungingrat | tumênga mring gêdhong nginggil | wus tangkêp punang candhela | tan ana sang rajaputri | sêkala Jayèngmurti | kadya pêcat nyawanipun | larut bayuning ăngga | bêbalung lir dèn lolosi | gêtih ilang sungsume kadya malêsat ||

26. kumêpyur kakonangira | lêgèyèh têka angguling | anèng gêgilang kêncana | sumaput kadya ngêmasi | mêrak munya nèng bèji | kagyat kang asare wungu | pangrasanira sang dyah | anguwuh saking ing nginggil | jêlalatan angungak-ungak candhela ||

27. misih minêb kang candhela | tambuh solahira kadi | matrênyuh wèsthining ăngga | tumêdhak Sang Jayèngmurti | saking gêgilang rukmi | karsanira anglêlipur | midêr amêthik sêkar | kang munggèng jêmbangan rukmi | mung satindak mangu nolèh ing candhela ||

28. midêr-midêr cacêngklingan | kêkidungan asêsingir | kusuma sajroning pura | bisa angrêrujit ati | gêmpol linêmpit-lêmpit | sapleredan jiwaningsun | satmata lan kusuma | masjid agêng Pusêr Bumi | sapa bisa manggiha gubah kewala ||

29. baya kêmat wong jro pura | têka bisa wèh wiyadi | supe kaprawiranira | Kêlana Jayadimurti | rêngêng-rêngêng kuliling |

--- 1: 324 ---

midêr jroning tamansantun | anggung ngungak candhela | dhuh anggèr kusumèng puri | panggihana dasihe sakêdhap êngkas ||

30. dadia pamurung pêjah | mung gusti kaciptèng galih | cumanthèl padoning netra | pulo kang tampingan Mêsir | yèn sang dyah tan tulus sih | ingsun mirah ngalub-alub | tan ana kang sayogya | paring usada wiyadi | kang sun têdha kongsia gandhengan asta ||

56. Kinanthi

1. sêkala rahadèn emut | yèn angladosi sang aji | wus mêdal saking ing taman | prapta ngarsane sang aji | Jayènglaga wus alênggah | ing wijoan palowani ||

2. Ki Umarmaya andulu | warnane Sang Jayèngmurti | wênês ijo amêrdapa | kadya gêrah wus alami | umatur mila pangeran | warni paduka asalin ||

3. ingsun kakang lagi murus | mulane suwe nèng bèji | sakathahe kang miyarsa | tan ana graitèng galih | anyana murus kewala | anglong jiwa anglalêntrih ||

4. wau ta kusumaning rum | wungu dènira aguling | kang kacipta ing tyasira | Kêlana Jayadimurti | kadya ta malih ngungaka | nanging wirange tan sipi ||

5. dadya gung amung mirangu | angandika marang cèthi | mara biyang tilikana | wong agung kang anèng bèji | satriya Pêpakuningrat | Dipati Wiradimurti ||

6. cèthi Pradapa wotsantun | sapraptanira ing bèji | Jayènglaga tan katingal | wangsul umatur ing

--- 1: 325 ---

gusti | inggih anggèr sampun kesah | Kêlana Jayadimurti ||

7. rêtna yu ing tyas mangungun | ujar ingsun nora sisip | wong agung ika kagungan | piyangkuhe nênga langit | nora mambu wong ngumbara | angkuhe ngêbêki bumi ||

8. baya ta ika wong agung | tan aduwe ciptèng mami | dene têka blas-êblasan | nora suwe anèng bèji | dhuh wong agung sumangkehan | prajurit lêlanang bumi ||

9. sun kakêmbange wong agung | sun kakêmbange wong adi | argulo kalak kênanga | cêpaka gambir mêlathi | pantês putri kang ngagêma | anrus gandaning prajurit ||

10. sun mêmanuke wong agung | ingsun manuke wong pêkik | mêrak lawan atat kêmbang | prêkutut putêr lan nori | kinurung anèng jro pura | pantês putri kang duwèni ||

11. sun sêsinjange wong agung | ingsun wastrane wong adi | cindhe samboja kalemat | madukara lan calari | cawêni barêci kasa | pantês anggon-anggon putri ||

12. yèn wowohana wong agung | durèn dhuku lawan manggis | rambutan pêlêm srigănda | dodol ingkang wangi-wangi | pantês putri kang dhahara | mungguh ing bokor mas adi ||

13. ingsun kayune wong agung | pantês kayu nagasari | pinêthèt anèng jro pura | pantês putri kang nyèndhèni | jêr nora pantês sok wonga | wong ika ingkang gadhuhi ||

14. kunêng kang kari gung wuyung | ya ta wau Jayèngmurti | kang

--- 1: 326 ---

munggèng ngarsa narendra | Radèn Sêmakun anglarih | gantya kang putra têtiga | anglarihi Jayèngmurti ||

15. dènnya nginum mangu-mangu | ingkang kacipta ing galih | amung kang mungup candhela | sigra têdhak Jayèngmurti | marang bèji ngungak-ungak | nginggil gêdhong dèn tingali ||

16. kang candhela mêksih tutup | ribênging tyas Jayèngmurti | wangsul marang pamarêkan | saênyèk dènira linggih | cangkelak bali mring taman | sêkathahe kang ningali ||

17. pênyanane nyata murus | dene anggung wira-wiri | mung Betaljêmur uninga | sasolahe Jayèngmurti | wau ta Sang Jayèngrana | wangsul marang taman malih ||

18. cacêngklingan sakgènipun | angidung wiyosing lathi | wus dangu anulya lênggah | sèndhèn witing nagasari | apan inggih mung candhela | ingkang tansah dèn tingali ||

19. dhuh tingalana mas ratu | kang abdi kawêlasasih | kusumèng dyah jroning pura | bisa akarya wiyadi | sapa ta kang mulyakêna | dasihe kunjana kingkin ||

20. abdinta atêmah lampus | yèn anggèr tan ngusadani | pêkên alit pinggir marga | wurung jumênêng bupati | kang tasik saking ngayiwat | dadya edan akuliling ||

21. baya rêtna gustiningsun | hèr laut lawan hèr bumi | winor lawan kêmbang-kêmbang | mas jingga ingkang ingukir | dadya kusumèng jro pura | baya ratuning mêmanis ||

22. ulung wido măngsa batur | mati kalap masku ari | satriya kasoran yuda |

--- 1: 327 ---

ingsun anggèr kontrang-kantring | dhuh gusti angatingala | sakêdhap sun tuku pati ||

23. sêsupe saking sang ayu | ingaras munggèng jajênthik | ingaras sotya ludira | tilasing gănda awangi | kang tansah ingaras-aras | saya wuwuh ingkang brangti ||

24. Rahadèn Umarmayèku | ngartikèng tyas aningali | mring Rahadèn Kakungingrat | bola-bali marang bèji | apa ta wadine baya | anggung kalangên ing bèji ||

25. yèn sayaha ing panginum | wus tate ginêmbong awis | pangeran pan dhingin mila | yèn mingsêra nginum ngawis | duk timur wus tate uga | mangkya ta diwasa malih ||

26. Ki Umarmaya anusul | mring bèji angintip-intip | kêpanggih Sang Jayènglaga | sèndhèn witing nagasari | pan arsa angungak-ungak | candhela ngidung ngrêrêpi ||

27. Ki Umarmaya andulu | sampun kaduga ing galih | lamun amêndêm wanodya | winêdalan saking wuri | dene botên abobotan | têka pijêr ringak-ringik ||

28. wontên punapa puniku | kagyat Radèn Jayèngmurti | ingsun kakang matak donga | Umarmaya matur malih | lah inggih donga punapa | nganggo kusumèng Mêdayin ||

29. têmbe punika angrungu | donga nganggo rajaputri | ingsun kakang asêsinggah | taman iki mênèk singit | umatur Ki Umarmaya | sintên ingkang dados wingit ||

30. osiking tyas Jayèngpupuh | edan Si Umarmayèki | apa wruha laraningwang | ngandika Sang Jayèngmurti |

--- 1: 328 ---

kakang êmbuh laraningwang | nanging kakêmbanging pati ||

31. Ki Umarmaya umatur | kawula tuwan jatèni | sampun ta jalma manungsa | sênadyan pêri lan êjin | kawula sagah dhatêngna | inggih ing sami tumuli ||

32. nanging ta paduka emut | sampun tuwan ngatawisi | suwawi mring pamarêkan | sampun dangu anèng bèji | manawi rama paduka | sang nata andangu mangkin ||

33. sêksana kalih wus mêtu | saking gupit langon sari | prapta ngarsane sang nata | Dyan Kêlana Jayèngmurti | Betaljêmur aris mojar | puluh tunggunên sawarsi ||

34. ngisoring gêdhong puniku | măngsa ta muncula maning | angungun duk amiyarsa | Kêlana Jayadimurti | sariranira marlupa | guping tyas ngidung ngrêrêpi ||

35. anèng ngarsane sang prabu | ririh Marmaya anjawil | punapa supe paduka | bok dipun sabil ing galih | inggih manawi kapyarsa | ing ramanta sri bupati ||

36. Dyan Kêlana Jayèngsatru | wangsul marang taman aglis | Ki Umarmaya umiyat | kêlangkung wimbuh ing galih | wau ta maring ing taman | jujug soring nagasari ||

37. rêngêng-rêngêng mangu-mangu | kang sinambat ing rêrêpi | namung niyakaning pura | kang sinambat ing tyas wingit | tan kuwawa nanggulang tyas | waspanira andrês mijil ||

57. Mijil

1. dhuh kusuma nayakaning manis | bisa gawe lamong | iya apa dadya usadane | ênggon ingsun anandhang wiyadi | tan wande ngêmasi | abdine

--- 1: 329 ---

pukulun ||

2. kusuma yu ana wong alinggih | têka balang jêthot | sotya ludira pan bêbalange | ingsun sidhêp tulus sih ing dasih | prapta ing don dening | ora nana mungup ||

3. ngatingala sakêdhap mangkya ri | sun têbas ing layon | pancadan munggèng gagulung anggèr | kawêntara kawula tan ajrih | samudanèng pati | nanggulang prang pupuh ||

4. garubuhên prang sayuta sisih | tan gumingsir tanggon | akanina rongatus pamane | ajur mumur awora lan siti | tumanggah ing pati | mirah dasihipun ||

5. kayaparan gon ingsun kêpanggih | ngabdi sang lir sinom | dening kinêmpit ing ratu gêdhe | awibawa tur mêngku sabumi | raganingsun iki | abdi kawlasayun ||

6. saputing tyas ngadhuh sambat mati | amêmêk jaja lon | mêcat makutha sare nglagèyèh | gumuling ngisoring nagasari | kapêtêg gêng wingit | kabyatan raras kung ||

7. dhuh kusuma tingalana gusti | dasihira nglamong | aparinga usada nah anggèr | amungupa candhela sathithik | dimèn wande mati | abdinira masku ||

8. kênyaring surya lagya gumiling | wanci langsir kulon | angênani botrawi sunare | narawungi gumêbyaring warih | ingkang rêm-rêm pitik | anon cahya mancur ||

9. dyan jênggèlèk ciptanira kadi | kang mungup ing gêdhong | gudandapan kari makuthane | reyab-reyab soring gêdhong prapti | tumênga manginggil | kori mêksih tutup [tu...]

--- 1: 330 ---

[...tup] ||

10. sarira nglês rupak tingal kuning | lêgèyèh têturon | soring gêdhong krangulu astane | makuthane wus tan dèn rawati | samirana mirir | angênês tyasipun ||

11. tan sakeca julalatan tangi | ngègèl-ègèl dhodhok | andhêkukul angrangkul jêngkune | rêngêng-rêngêng waspanya drês mijil | ngadhuh sambat mati | tumênga mêndhuwur ||

12. asikara kusumèng Mêdayin | têka nora ngaton | tega têmên ing dasih ta anggèr | edan dadak kêne[7] sèpi putri | ngrêrêpa ngrarintih | anggung arawat luh ||

13. langkung sêkêl rujit tyasira Mir | sumingêp kang panon | rêrêm têdhuh wiyati mêndhunge | gara-gara jinjang obar-abir | teja asêsira |[8] wangkawa tumiyung ||

14. orêg jumêgur kang punang ardi | kilat thathit awor | kang calèrèt warsa samya ngèmpèr | alimêngan lumrèng jalanidi | udan riwis-riwis | musus punang lesus ||

15. rêrêm surêm pratăngga lumindhih | jaladara ngayom | midid tumulung samiranane | samya rontog ingkang sarwa sari | gandanya mênuhi | ing taman mrik arum ||

16. tuhu winongwong ing Hyang Suksmaning | kang nandhang wirangrong | samodra di ambelani kabèh | myang akasa bantala belani | yêkti kusumaning | rumêmbêsing madu ||

17. apan turasing nabi sakyêkti | Ibrahim kinaot | saking Nabi Ismangil bangsane | tinitahkên kakunging sabumi | prawira di murti | dibyèng satru mungsuh ||

--- 1: 331 ---

18. wau Kêlana Jayadimurti | matrênyuh tyas kepon | surêming tyas linud ing ririse | samirana picondhang sumilir | lês-lês lir jinait | mêksih andhêkukul ||

19. Ki Umarmaya wau kang mêksih | ngladosi sang katong | langkung dènnya wagugên manahe | aningali mring gustinirèki | Radèn Guritwêsi | mring taman anusul ||

20. Jayèngrana kêpanggih alinggih | munggèng soring gêdhong | apitêkur ngrangkul jêjêngkune | makutha sah saking mustakaning | Radèn Guritwêsi | marêpêki matur ||

21. bok dèn emut paduka puniki | sampun sangêt nglamong | langkung nistha anggunga mangkene | kadya dede satriya prajurit | bok sabil ing galih | manawi dinangu ||

22. dhatêng rama paduka narpati | dangu botên katon | sampun jodhèh darbe karsa anggèr | barang solahing karsa dèn lirih | yèn amawi kapti | dèn kaparèng sêmu ||

23. yèn misaya mina botrawi |[9] sampun nganti jaroh | lawan sampun abutêk toyane | mêksia wêning ulam dèn kêni | yèn makotên ugi | satêmah anjaruh ||

24. tiwas bathêk toya bosah-basih | ulame mancolot | dadya nistha mêkatên nah anggèr | pan paduka kasub yèn prajurit | lêlananging bumi | têka tingkah rusuh ||

25. angandika Radèn Jayèngmurti | ingsun Tambakcangkol | mati sêdhih awèta mangkene | Radèn Umarmaya matur aris | lah suwawi ugi |

--- 1: 332 ---

marêk ing sang prabu ||

26. bok kacihna ing rama sang aji | têmah angsal awon | sigra anut wau ing karsane | sarêng mêdal saking tamansari | prapta wus alinggih | ing ngarsa sang prabu ||

27. aluwaran Prabu Nyakrawati | kundur angêdhaton | sarêng bubar kang anayub kabèh | Betaljêmur lan Jayadimurti | miwah putra katri | Marmaya wus mêtu ||

28. Jayèngrana tansah dèn jagani | ing marga mèh ruboh | rasa-rasa tumindak lampahe | kang kacipta mung kusumèng puri | anggung nolah-nolih | tansah kapirangu ||

29. sapraptane panangkilan jawi | orêg kang punang wong | wadya Ngarab samya ngungun kabèh | dene gusti kadya grah sawarsi | ijo angalêntrih | pasariran kuru ||

30. Umarmaya asru dènira ngling | patihnya kinongkon | Tajiwalar lumayua age | mring pakuwon warahên Marmadi | konên mapag aglis | lan anggawa tandhu ||

31. Tajiwalar lampahira aglis | wus praptèng pakuwon | Umarmadi siniwèng balane | Tajiwalar sinapa na kardi | umatur wotsari | kawula ingutus ||

32. de rakanta Radèn Pulangwêsi | jêng paduka kinon | mring paseban bêkta tandhu age | Kangjêng Gusti Menak Jayèngmurti | saking ing jro puri | sangêt gêrahipun ||

33. kapit ing tyas Sang Natèng Kohkarib | nimbali ponang wong | pan gumêrah budhal sabalane | ratu kadang pitu kang mênangi | pan lajêng umiring [u...]

--- 1: 333 ---

[...miring] | ing pasowan rawuh ||

34. langkung ngungun aningali gusti | dene sawang layon | panyanane sangêt ing inume | kasayahên kêkathahên awis | tan anyipta kingkin | kagêmbong kung wuyung ||

35. tinitihkên ing tandhu tumuli | sagung para katong | anjagani ing kanan keringe | kang amikul prasamya bupati | sigra budhal saking | panangkilan agung ||

36. Jayèngmurti tyas tan kêna lilih | dènnya gêng wirangrong | munggèng tandhu anggung nolèh-nolèh | karya panglipur mêksa lumindhih | kalisahak muni | kinakarung ngayun ||

37. krincinging monce lir panguwuhing | kang mungup ing gêdhong | lur-ulur mas katingal mancèrèt | kagyat mulat Sang Jayadimurti | ciptanira kadi | ingkang mungup-mungup ||

38. praptèng pasanggrahan Jayèngmurti | wuwuh gêng wirangrong | para nata samya mantuk kabèh | Umarmaya sarêng Umarmadi | têtanya samargi | apa wadinipun ||

39. kakang Maya gêrahe jêng gusti | têka jro kêdhaton | Radèn Umarmaya lon saure | kêna ngracun darubêsi putri | angling Umarmadi | apa ta sang prabu ||

40. Sri Nusirwan mênggawe mrih pati | kakang yèn mangkono | aywa pêpeka angur bêcike | măngsa wurunga araup gêtih | payo andhingini | kêdhaton dèn amuk ||

41. sru gumujêng Radèn Pulangwêsi | sira iku tongong | ingsun warah mau sasuwene | ing jro pura ana racun mandi | gustinira kêni | racun [ra...]

--- 1: 334 ---

[...cun] bisa nguyuh ||

42. Prabu Marmadi misih angukih | dènira têtakon | ujar iku wus takyin alane | angur payo ingamuk tumulih | Umarmaya angling | wis mênênga busuk ||

43. sêsuwene mau sun tuturi | racun bisa ngompol | anèng dhuwur gêdhong panggonane | lah ta priye sira wis angêrti | Prabu Umarmadi | kaduga gumuyu ||

44. sampun prapta ing pakuwon sami | kang surya wus ngayom | surup wulan gantyani padhange | para ratu saos samya kêmit | ing Gusti Sang Amir | pan asabên dalu ||

45. samya saos akasukan sami | abujana kang wong | pra dipati tuwin satriyane | samya kèndêl ing pasowan jawi | dene wijil siji | ingkang mêksih tutup ||

46. sabên-sabên Menak Jayèngmurti | lawan para katong | adhêdharan tan ana pêgate | mung punika tan kêna siniwi | mêksih awiyadi | sangêt nandhang wuyung ||

47. dadya samya kèndêl anèng kori | sagung para katong | Wong Agung Menak sangêt wuyunge | pukul sadasa mêdal mring jawi | kang wulan kaèksi | patbêlas mawêlu ||

48. agêbyaran kang cahya nêlahi | Jayèngmurti angon | umiyat ing sasăngka kênyare | katon cahyane kusumèng puri | ngadhuh sambat mati | miris ing tyasipun ||

58. Girisa

1. sagung ingkang para nata | saos kèndêl anèng jaba | tan ana ingkang ngandikan | wong agung mêksih sungkawa | sabên yèn mêntas [mênta...]

--- 1: 335 ---

[...s] sewaka | pan lajêng kasukan samya | punika Sang Jayèngrana | datan kêna pinaraka ||

2. kori tinutup kewala | dadya sagung para nata | kêlawan Ki Umarmaya | kèndêl sajawi wiwara | mung kang tinimbalan sira | wong agung ing Parangteja | praptèng jro sampun apanggya | ngandika Sang Jayènglaga ||

3. payo yayi padha lunga | wong roro bae lan sira | Radèn Maktal aturira | dhatêng ing pundi paduka | dalu-dalu yun punapa | wong agung lon wuwusira | aywa sêru yayi sira | mung sira bae wêruha ||

4. marang gaweningsun iya | sun arsa malêbèng pura | sun silib mêtu kang kiwa | aywa wruh kang para nata | miwah ta Ki Umarmaya | Rahadèn Maktal sandika | sigra wong agung kalihnya | bêbutulan wêdalira ||

5. lampahira anglir dhustha | satriya kalih wus prapta | kori pêpungkuran samya | wong kêmit sirêp sadaya | siji tan ana uninga | kalih wus praptèng gapura | kang marang kaputrèn ika | wus akunci korinira ||

6. sêksana Sang Jayèngrana | nguncalkên kêndharat sigra | nèng têpining kori ika | kêndharat kêcangkol nulya | munggèng baune gapura | ngandika Sang Jayèngrana | lah yayi kene karia | jêjirêt sira tunggua ||

7. sigra mêrambat sêksana | prapta nginggiling gapura | pêndharat tinurut dhunnya | sampun prapta ing bantala | lajêng wau lampahira | ing kaputrèn kang sinêdya | amanggih malih gapura | dene pinggiring [pinggir...]

--- 1: 336 ---

[...ing] gapura ||

8. rinambatan argulèka | ginayuh pan sampun kêna | gapura pandhak kewala | kêliring kaputrèn ika | wus minggah Sang Jayèngrana | rumambat argulo prapta | lataring kaputrèn ika | dhodhok soring nagapuspa ||

9. mila kèndêl lampahira | ana rubung-rubung ika | sang dyah amajang sêsăngka | pawongan samya nèng ngarsa | wus dalu tan arsa nendra | ingucap malih tan ana | mung satriya Jayèngrana | kagyat sang rêtnaning pura ||

10. kumlebat sor nagapuspa | kumêpyar kondur sêksana | inyane kinèn ngaria | tarataban manahira | wus prapta ing maderêtna | warnanên êmban Pradapa | mariksa sor nagapuspa | kagyat dènnya mambêt gănda ||

11. narka yèn wong agung liya | kakesodan sarwi mara | tur sêmbah alon turira | lah inggih sintên paduka | punapanggèr rajaputra | Urmus Sêmakun manawa | tan sumaur Jayèngrana | duk nata ambêkanira ||

12. karênggosan napasira | saking sangêt marasira | mèh kaduwung solahira | nanging pinupus ing driya | rewehan karingêtira | alon dènira ngandika | ingsun dudu rajaputra | wong pamondhokan manira ||

13. karyèngong atur palastra | mring gusti kusumèng pura | kagyat ni cèthi Pradapa | sarikutan sêmbahira | dhuh kalingane paduka | inggih sokur-sokur nyawa | kêmayangan tawan prapta | purun angambah jro pura ||

14. kadya

--- 1: 337 ---

tyar marwata suta | arinta kusumèng pura | dènnya anggung ngarsa-arsa | wau mêntas angandika | kang ingucap mung paduka | sakêdhap tuwan kantuna | kawula atur uninga | yèn paduka duduk prapta ||

59. Dudukwuluh

1. Ni Pradapa sigra-sigra lampahipun | prapta ngarsane sang putri | manêmbah alon umatur | gusti andaka kang prapti | tambirang taracak waos ||

2. kang anetra kumala sungu mas murub | kang arsa nyundhang jêjawi | mangke wontên ngandhap jambu | kang andaka tur winarni | lawung sudirèng pakewoh ||

3. pan kawula mèh kasamaran duk wau | dene tan amawi kanthi | kawula nêrka yèn pandung | dupi kawula pêrpêki | gandanya anrus kêdhaton ||

4. duk miyarsa sang rêtna langkung kumêpyur | tyasira kadya rinujit | mar ing tyas sarira lêsu | arenggotan datan arip | kaku datan pinaido ||

5. lênglêng bilêng apuyêng nora angêlu | apêgêl datan aruntik | sang dyah angandika arum | sun pêpujyèng ujwalati | Lata Walujwa kinaot ||

6. parangmuka aywa ta ngajak prang pupuh | sun durung kalumpuk mimis | imbangan bae prang cucuh | ingsun durung abêbiting | durung gawe larèn ingong ||

7. wus kasumbung ing prang prajurit kang rawuh | awêdi bok banjur mati | ni inya alon umatur | kang botên-botên ta gusti | kawula myarsa wiraos ||

8. yèn wanodya sampun kuwawi ngindhit jun | pan sarwi [sar...]

--- 1: 338 ---

[...wi] nyangking kêkêndhi | pan botên dhatêng ing lampus | malah mindhak akêmini | mindhak agêng inggal longgor ||

9. yèn mangkono paran ta karêpirèku | apa ta sira aturi | iya ki pangeran pandung | kang kêlana mring jro puri | êdir têmên mring kêdhaton ||

10. dumarojog tan nganggo layang pêpucuk | nambuhi prang si dilêmbing | dèn jêjuwing putri sèwu | êdire anglêliwati | pan ingsun prawirèng kèwoh ||

11. inya matur punapa inggih tinundhung | inggih ki pangeran maling | dangu wontên ngandhap jambu | yèn anggèr datan marêngi | lêbête marang kêdhaton ||

12. sang rêtna ngling lah ta aja aja biyung | eman lakune ki maling | marang aturana biyung | Ki Pangeran Jayèngmurti | kang wirutamèng palugon ||

13. inya mêdal sigra praptèng ngarsanipun | umatur suwawi gusti | tuwan ingaturan laju | ing arinta sang suputri | sang lir rêtna sigra miyos ||

14. tundhuk wastra kuwêl lir kêkupu tarung | sang rêtna arsa ngabêkti | dyan cinandhak astanipun | adhuh sampun sampun gusti | sampun kêdah awotsinom ||

15. akêkanthèn asta mring padmasana rum | prapta wus samya alinggih | munggèng palăngka mas murub | pinalipit sêstoya di | dènira lênggah karongron ||

16. kalihira tyasira sagunung Êkud | prasami lêga kang galih | tan ana kang munggèng ngayun | pan namung cathi kêkalih | kang jinatèn [jinatè...]

--- 1: 339 ---

[...n] asmara mong ||

60. Asmaradana

1. Wong Agung Jayadimurti | kêlawan kusumaning dyah | kasongan pandam kênyare | duk parêng têmpuhing tingal | punapa panjang putra | tumibèng sela kumêpyur | pyuhing tyas rêmpu kalihnya ||

2. lir malam katrapan api | luluh jiwa kakêmbulan | kalihe larut bayune | tyas kalih agalondhangan | sasat wus amor atma | kusumaning dyah umatur | miyos ing pundi paduka ||

3. duk wau lumêbèng puri | ngandika Sang Kakungingrat | dhuh atma jiwa ngong anggèr | intên-intêning pun kakang | sotya hèr laut mirah | jumêrut ingkang pinunjul | abdine mêdal gapura ||

4. tan aetang baya pati | langit rêbah akasăngga | inggih namung nahing anggèr | tansah cumanthèl ing netra | gumantung ing wardaya | mung sang ratuning rum-arum | ratu-ratuning sêsotya ||

5. mèsêm ngandika sang dèwi | biyang mundhuta kêncana | iya têka têlung poncèn | paringna wong tunggu lawang | sigra Nikèn Salaga | ngambil mas ginawa mêtu | dèn sungkên wong tunggu lawang ||

6. wêrata wong tunggu kori | matang kati wong satunggal | pinrih aywa na kang ngocèh | suka wong kang samadaya | satêngah ana ngucap | nora kudu tutur-tutur | dèn kongsi bobota pisan ||

7. apa asile ngucêmil | prandene wus olèh êmas | apan ta padha karsane | kang munggèng made kêncana |

--- 1: 340 ---

putri kêlawan putra | nora tunggak milu-milu | olèha putra nêmbêlas ||

8. sokur gustiku sang dèwi | katularana pamacak | wong Arab bêcik gawene | apêrang munahkên lawan | mangkana sang lir rêtna | sinungga-sungga kêlangkung | kang munggèng candhani raras ||

9. ingaturan nginum sopi | sagêlas pan kinalihan | pan mangkana sadangune | sarwi pêpegangan asta | umatur sang lir rêtna | sarwi mèsêm kadi madu | tètès linud dèning kilang ||

10. dhuh kakang mas adipati | paran ing karsa paduka | wong agung praptèng kêdhaton | ngandika Sang Kakungingrat | abdine atur pêjah | anjalmaa kaping sèwu | yèn kenging dèn dasihêna ||

11. umatur sang rajaputri | kangmas botên sapunika | apan ta wontên paene | punapa kang sinantaha | kawula sapunika | nanging kangmas dipun tulus | wontên panuwun kawula ||

12. dhuh kakang mas adipati | yèn isih dèn luwarana | kudangane rama katong | besuk akrama Muninggar | lamun ing ara-ara | Bakdiyatar banjir marus | sarah sirahing narendra ||

13. kawula tan nêdya krami | kangêmas liya paduka | corana dadia layon | gadhaha liya panyipta | nanging kangmas paduka | sun têdha mêksiha wutuh | sampun amisik wanodya ||

14. benjing yèn sampun sarêsmi | inggih kêlawan kawula | nguyunana dhomas kèhe | botên mangêni kawula | jamaha wong

--- 1: 341 ---

sanambang | nanging kang kawula suwun | kapanggiha jaka lara ||

15. Wong Agung Jayadimurti | matrênyuh tyas madêgsura | dene ta ènthèng rarane | kang abdi datan suminggah | nadyan amêmundhuta | kusuma rubuhing gunung | tandhêse samodra tawa ||

16. kang abdi datan gumingsir | lêbura awor pratala | ingkang abdi upamane | sarambut datan suminggah | tan nyipta krama liyan | ajura dèn kumur-kumur | darbea liya panyipta ||

17. ngaturakên ali-ali | sotya hèr bumi ludira | sajro kêdhaton ajine | iku minăngka pratăndha | dènira asasêtyan | ing pukul satêngah satu | munggèng mèru padmasana ||

18. kang gêtêr patêr dhatêngi | obah gunung jaban kutha | otêr jumêgur swarane | yayah kadi nêksènana | jangjine putra Ngarab | kêlawan putri Mêdayun | kumrisik kang kêmbang-kêmbang ||

19. wus atas ingkang prajangji | apan dèrèng sacumbana | lagya asasêtyan bae | benjang praptèng sacumbana | yèn jangkêp tigang warsa | sasampuning bêdhah ing Rum | Sêrandil Mêsir lan Yunan ||

20. andungkap aprang pajobin | kono dènnya sacumbana | wus bêbantên gunung wangke | miwah samodra ludira | pulo gajah torăngga | asarah sirahing ratu | lêlumut kumbala awra ||

21. têtunggul daludag sami | lêlayu lawan kakăndha | ing samodra rah êrame | endhe parise kang mina | angambang hèrnawa rah | aganggêng cacap lan [la...]

--- 1: 342 ---

[...n] duduk | akutuk salukun gada ||

22. ing kono gone sarêsmi | wau ta Sang Kakungingrat | pamit marang sang lir sinom | gusti intêne pun kakang | kantuna maderêtna | kawulanggèr arsa mêtu | mantuk dhatêng pamondhokan ||

23. sigra astane kinanthi | sang dyah angatêr ing lawang | kadya gyane sakarongron | prapta tutuk naga praba | kinèn wangsul sang rêtna | kuwêl lir kêkupu tarung | aras-ingaras kang asta ||

24. dyan ungkur-ungkuran sami | Radèn Jayèngmurti mêdal | sang rêtna kondur ngêdhaton | warnanên ratu kang langlang | Raja Karun ing Ngoban | ana kumlebat kadulu | Karun dhêpèpèl nèng lawang ||

25. duk mêdale Jayèngmurti | Sang Raja Karun uninga | yèn Radèn Jayèngpalugon | saking kaputrèn sangkanya | Karun kèndêl kewala | Radèn Jayèngmurti wêruh | yèn Raja Karun kang langlang ||

26. nanging datan angaruhi | kalihe kèndêl kewala | Radèn Jayèngrana miyos | Sang Raja Karun tut wuntat | dupi praptèng gapura | angambêt kêndharatipun | prapta nginggiling gapura ||

27. malorod marang ing jawi | ngandika mring Radèn Maktal | hèh yayi ngadêga age | Sang Raja Karun sêksana | tampar ing jro pinagas | Jayèngmurti kajalungup | anibani Radèn Maktal ||

28. alok Raja Karun aglis | lamun ana duratmaka | gumêrah wong kêmit kabèh | kori agung wus binuka | gumuruh samya mêdal | anututi [anu...]

--- 1: 343 ---

[...tuti] sêdyanipun | para mantri pra dipatya ||

29. uninga yèn Jayèngmurti | kêlawan Rahadèn Maktal | pra dipati bali kabèh | satriya kalih lumampah | eca sami amucang | wong kêmit pating bilulung | samya takèn-tinakenan ||

30. Raja Karun abêbisik | wis mênênga ja dinawa | yèn sira bujunga kae | malinge loro wong ana | sèwu măngsa kalaha | abèn-abèn sira gêmpur | angur si padha mundura ||

61. Durma

1. lampahira satriya kalih wus prapta | ing pakuwon ngundhangi | sagung para nata | miwah kang pra dipatya | usrêk sami ting kalêsik | Sang Jayèngrana | arsa budhal ing wêngi ||

2. pan gumêrah pamondhokane wong Arab | Marmaya kontrang-kantring | sigra atêtanya | mring Prabu Umarmadya | apa ta wadine iki | bala busêkan | sumaur Umarmadi ||

3. êmbuh kakang ingsun ora wruh ing warta | nanging ta dèn undhangi | kinèn asiyaga | samêkta ing ayuda | Radèn Tasikwaja aglis | marang ngajêngan | arsa têtakon warti ||

4. pan kajêjêl Marmaya tan antuk warta | wadya ing jro umijil | gumêruh wurahan | wadya gêng sampun budhal | ginêlak lampahing baris | sêlak raina | sêbut sami sawêngi ||

5. praptèng jawi kitha tinata kang bala | baris lumampah ririh | kang munggèng ing ngarsa | nênggih bala ing Kebar | sira Raja Yusupadi | kang munggèng wuntat | balane Umarmadi ||

--- 1: 344 ---

6. kira-kira antuk lêlakon sasiyang | bala wus dèn undhangi | tata pêsanggrahan | baris majêng mring kitha | wadyabala ing Kohkarib | dadya pangarsa | Ki Umarmaya aglis ||

7. marêk marang ngayunan alon turira | kadipundi puniki | mila têka minggat | inggih wontên punapa | Wong Agung Menak martani | satingkahira | tatkala malbèng puri ||

8. Umarmaya umatur astagpirollah | apijêt-pijêt ati | dene badan kula | umatur kathah-kathah | sagah dhatêngna sang putri | aywa na wikan | praptane rajaputri ||

9. dipun kongsi lawan kasuripun pisan | ngandika Jayèngmurti | apa kang ingucap | ujar wis kêlampahan | balik dèn angati-ati | iya manawa | wong jro kutha nututi ||

10. kawarnaa enjing miyos siniwaka | Sang Prabu Nyakrawati | andhèr para nata | punggawa myang satriya | Raja Karun wus kinanthi | mring Patih Baktak | kang wruh lêbuning maling ||

11. matur nêmbah inggih kang asaba pura | Kêlana Jayèngmurti | kawula tan samar | datan amawi rowang | amung kang kantun ing jawi | ingkang rumêksa | putra ing Ngalabani ||

12. pun Kêlana Jayèngmurti mèh kêcandhak | wontên pamêngkang nuli | putra Tambakrêtna | ngalang ngêmbat gandhewa | mila kănca sami ajrih | sampun têtela | lêbête wong kêkalih ||

13. Sri Nusirwan gêrêng-gêrêng duk miyarsa | ngusap-usap jaja ris | wijiling kang

--- 1: 345 ---

sabda | dene nora kayaa | sih ingsun anglêliwati | sun putra-putra | kadya gèn ingsun ngukir ||

14. sun gungakên ngong gawe ibnu suraya | lan sun sungi linggih |[10] palowanu rêtna | ngasorkên para nata | têka bisa anyêlori | sêkala ilang | trêsnane sri bupati ||

15. iya bênêr ature wong akèh ika | aywa pati ngêsihi | mring wong ina papa | satêmah malês ala | sagung kang para narapti | wus angsal babah | kabèh dènira sêngit ||

16. sigra matur Raja Kistaham manêmbah | punapa sri bupati | linyok tur kawula | apan akathah-kathah | pradening inggih ngawoni | Ki Patih Baktak | sigra matur wotsari ||

17. yèn suwawi pukulun ngantos punapa | mumpung dèrèng atêbih | luhung tinututan | tinumpês sabalanya | ngandika sri narapati | ingsun tan arsa | nututi ing ajurit ||

18. lamun sira Baktak wani nututana | pan ingsun ora wani | bok tan kêna kalah | pindho ping têlu iya | satêmah kang kocap mami | manawa sira | tututana pribadi ||

19. matur nêmbah sira Kyana Patih Baktak | tuwan sampun nêdhaki | pan inggih namunga | putra kalih kewala | Radèn Sêmakun lan malih | putra paduka | Radèn Urmus suwawi ||

20. kairinga dening bala tigang yuta | lawan para narpati | inggih pun Kistaham | lawan Raja Bubarwan | lan Raja Tamtam Kuwari | Urumuskaran | lawan Raja Dribangsit [Dribang...]

--- 1: 346 ---

[...sit] ||

21. Raja Karun lan Raja Olad Marjaban | ngandika sri bupati | iya anêtêga | têngara banjêling prang | gumêrah atata baris | wong tigang yuta | budhal saking nagari ||

22. Sri Nusirwan angandika marang Baktak | lumakua pribadi | ngiring anak ingwang | tur sêmbah sigra budhal | kang dadya têtindhih baris | minăngka jimat | rajaputra kêkalih ||

23. Radèn Urmus Radèn Sêmakun punika | gumêrah wadyanya sri | praptèng jawi kitha | sumahab balakuswa | ginêlak lampahing baris | sampun katingal | balane Jayèngmurti ||

24. nênggih wontên pakuwon mêncil kapisah | kadange Umarmadi | Narendra Sriwulan | sira Sang Raja Jasma | lan Raja Karma amêncil | samya nêrajang | wadyabala Mêdayin ||

25. bala Temas Sriwulan samya têtanya | iki wong têka ngêndi | wong Mêdayin mojar | ingsun bala ing kutha | arêp numpês ing sirèki | samya nanjata | wong Temas anadhahi ||

26. pan arame wong jro kutha samya sayah | ajêjêl saking wuri | kaburu wong Temas | miwah bala Sriwulan | Raja Karma aningali | yèn mêngsah kathah | sigra atur upêksi ||

27. mring kang raka Sri Nata Rajèng Jongmirah | Raja Durdanas aglis | lan Raja Durdanam | kalih sarêng tur wikan | mring raka Prabu Marmadi | yèn bala kutha | prapta samya mêrangi ||

28. wong Kohkarib sigra anêmbang têngara | sampun [sampu...]

--- 1: 347 ---

[...n] anata baris | kabèh bala Ngarab | miyarsa asanengga | punggawa para narpati | sawadyanira | sampun arakit baris ||

29. wong Mêdayin sampun prapta sadaya |[11] barise angubêngi | wadya Tambakrêtna | Ngabêsah lan ing Kebar | samya têtulung ing jurit | mring balanira | Sang Prabu Umarmadi ||

30. miyos saking pêsanggrahan wus busana | Kêlana Jayèngmurti | angundhangi bala | aywa na milu yuda | ingsun dhewe kang ajurit | sapa kang milwa | sun tigas murdanèki ||

31. samya piyak sagunging nata punggawa | samya anganan ngering | dyan nitih turăngga | sira Sang Kakungingrat | sabusananing ajurit | asumbar-sumbar | sapa ingkang nututi ||

32. wong Mêdayin payo kêmbulana ingwang | aywa na nguciwani | mêngko yèn wis sêmpal | bauku têngên kiwa | manawa ta iku mangkin | sida kêjarah | wong ingsun Pusêr Bumi ||

33. iya payo rêbutên dèn kaya boja | kêkudangên sun iki | dèn kaya wanita | aywa na ngadu bala | sakèhe para narpati | barênga mara | ing kene rêbut pati ||

34. Patih Baktak miyarsa sru dènnya ngucap | Kistaham sira iki | kang amapagêna | yudane Jayèngrana | Kistaham nauri aris | hèh edan sira | wis wêruh ta sirèki ||

35. lamun ingsun uwis kêrêp kapracondhang | amungsuh Jayèngmurti | adhi Karun sira | kang wadul ing sang nata | papagêna ing ajurit | Karun angucap [angu...]

--- 1: 348 ---

[...cap] | alimana sun iki ||

36. awak ingsun ngur wèwèhêna uripan | marang Si Jayèngmurti | kang patut mung sira | lawan Ki Patih Baktak | jêr karo kang dadi isi | kang padha lênggah | wijoan palowani ||

37. Jayèngmurti anèng Mêdayin alênggah | wijoan palowani | ngasorkên pra nata | nata nèng kursi samya | tandhinge Si Jayèngmurti | kang padha lênggah | wijoan palowani ||

38. ya ta wontên ratu ngucap apralêbda | apa gawene iki | pijêr ya-diniya | yèn padha wêdi aprang | kabèh kang para narpati | gawene apa | lunga têka nagari ||

39. Raja Pirjos angling sarwi puliringan | yèn mêngkono sun iki | kang amapagêna | yudane Jayèngrana | sigra anitih turanggi | majêng ing rana | panggih lan Jayèngmurti ||

40. sigra narik pêdhang Raja Pirjos nulya | mêdhangi Jayèngmurti | ngayati lumarap | binarêngan cinandhak | panggêlangane pinidih | pêdhange tiba | cinandhak lambungnèki ||

41. Raja Pirjos sinêndhal saking turăngga | binatingakên siti | malêdug polonya | wadhuk pating samburat | rêmuk onggaotanèki | bêbalungira | datan kalap sanyari ||

42. giris mulat Raja Kistaham turira | mring rajaputra kalih | miwah Patih Baktak | yèn suwawi punika | sampun linawan prang tandhing | botên kuwawa | inggih kang para aji ||

43. luhung samya ginarubuh ing ayuda [ayu...]

--- 1: 349 ---

[...da] | kinêmbulan ing jurit | mumpung bala têbah | ngandika rajaputra | bênêr rêmbugira aglis | atêngaraa | barêng mangsah ing jurit ||

44. barêng dènnya mangsah bala tigang yuta | lir ombak jalanidi | ya ta bala Ngarab | arsa têtulung yuda | Kêlana Jayadimurti | nyapih ing bala | pan dèrèng anglilani ||

45. narik pêdhang sarwi anyamêthi kuda | Wong Agung Menak aglis | nêngah ing payudan | ngiwa nêngên amêdhang | wong rangkêp pat tigas pacing | kuda dipănga | rantas lawan kang nitih ||

46. kang prajurit Mêdayin kathah kang pêjah | kiwul-kiwul tan pulih | singa kang pêraka | rantas kasabêt pêdhang | angêlud bala Mêdayin | Sang Jayèngrana | ngawe bala ing wuri ||

62. Pangkur

1. umangsah kang para nata | wadya Ngarab satriya adipati | rakit kanan keringipun | mangsah rakiting gêlar | nênggih wulan tumanggal kang dadya tutung | wong agung ing Parangteja | Yusupadi kang nisihi ||

2. kang dadya madyaning yuda | Umarmaya lan Prabu Umarmadi | ambyuk sakadang wadya gung | kumêrab balakuswa | Radèn Maktal ngabani prajuritipun | mantri sèwu tatopong mas | sarêng anyabêt turanggi ||

3. ngabani prajuritira | Natèng Kebar Mahraja Yusupadi | pra dipati kalih èwu | sarêng nyamêthi kuda | têpung ngarêp wong Kebar lan balanipun | satriya ing Tambakrêtna | katutup bala Mêdayin ||

4. marga ngarêp wus kanggenan | dene

--- 1: 350 ---

bala Kebar lan Ngalabani | mung turăngga kawan èwu | samya jinajar wayang | wong Mêdayin alêksan tan purun nêmpuh | nolèh ing wuri kapêlak | dening bala ing Kohkarib ||

5. nêngên barisera[12] Maktal | nolèh ngiwa barise Yusupadi | dadya wong Mêdayin bingung | samya ulêng-ulêngan | rêbut têngah Ki Umarmaya andulu | amasang sêsorotira | inguncalakên tumuli ||

6. satêngah wong balulungan | kagum sami malocot akèh mati | tambuh-tambuh solahipun | kèh pêjah samya rowang | kang narajang ing ngarsa linapgang wau | mring bala turăngga jajar | wong Kebar wong Ngalabani ||

7. Kistaham Urumuskaran | Patih Baktak momor lawan pêkathik | ambucal busananipun | Muskaran kawênangan | marang Prabu Kohkarip pan botên pandung | bininte aguragapan | nyalimpêt manêngah malih ||

8. Radèn Urmus inguncalan | ing jêjirêt mring Prabu Umarmadi | kasarimpêt nulya rubuh | rajaputra cinandhak | marang Natèng Kohkarib binêkta mundur | wau ta Sang Kakungingrat | tan tahan dènnya ningali ||

9. dene wong Mêdayin risak | amakuwon Kêlana Jayèngmurti | para nata ingkang kantun | kang mêksih băndayuda | Umarmaya anyikêp Radèn Sêmakun | binêkta mundur sêksana | wong Mêdayin lali gusti ||

10. dènira rêbut kuripan | rajaputra kalih wus dèn talèni [ta...]

--- 1: 351 ---

[...lèni] | Ki Umarmaya amuwus | hèh Maktal wêngakêna | gêlarira dimèn mêtu wong Mêdayun | padha kawusna kewala | aywa kongsi kèh ngêmasi ||

11. parandene rajaputra | têtindhihe pan wus kacêkêl iki | wadya ingutusan sampun | kang nutup kuda jajar | sami miyak bala Mêdayin andulu | kabèh narajang lumajar | pati-pati rêrupêki ||

12. tinut saking katêbihan | marang sira Mahraja Yusupadi | lan Radèn Maktal nèng pungkur | lêpas pambujungira | wong Mêdayin samya tata barisipun | kèndêl sajawining kitha | ajrih lumêbêt nagari ||

13. bok pinatèn mring sang nata | dene ingkang putra kêcandhak sami | ya ta wau barisipun | Wong Agung Parangteja | apan mêksih ngimbangi dènira tugur | angêntosi lêbêtira | mring kutha bala Mêdayin ||

14. kunêng gantya kawuwusa | nagri Kangkan nênggih kang madêg baris | sayêkti sarêng ing laku | nanging kinarya gantya | Raja Bahram punika atilar sunu | kêkalih kang sami priya | Radèn Ukman kang satunggil ||

15. kang anom Radèn Kênahan | mila madêg baris miyarsa warti | matine wong tuwanipun | marga saking Kistaham | marma mangkya putra Kangkan sêdyanipun | malês pêjahing Kistaham | anglurug marang Mêdayin ||

16. yèn ingkang rama gêsanga | putra kalih ngaturkên bulubêkti | marang nagari Mêdayun | dadya têbusing bapa | mila Radèn Ukman arsa

--- 1: 352 ---

soroh amuk | lan ari Radèn Kênahan | marang nagari Mêdayin ||

17. lan Patih Bêlum tut wuntat | ri wus sami saking Kangkan nagari | kalih kêthi balanipun | praptèng dhusun ampeyan | ing Mêdayin putra Kangkan pan angrungu | yèn wong Mêdayin lagya prang | lan satriya Pusêr Bumi ||

18. ginêlak lampahing bala | nêdya napung wilwa wong Pusêr Bumi | lampahing baris wus rawuh | anèng jawining kitha | putra Kangkan nikêp wong desa Mêdayun | nulya wau tinakenan | êndi barise Mêdayin ||

19. lan êndi barise Ngarab | tinêdahkên nulya nguculan aglis | ngandika mring Patih Bêlum | bapa sira sebaa | mring prajurit ing Arab kang baris tugur | yèn ingsun anapung yuda | sun amuke wong Mêdayin ||

20. umêsat rêkyana patya | putrèng Kangkan kang wadya dèn undhangi | kang nitih gagendra sênuk | prajurit sasêliran | wong salêksa bapong têtungganganipun | prajurit awarna-warna | sarêng nêmpuh ing ajurit ||

21. gègèr wong Mêdayin mulat | baris agêng nêmpuh saking ing kering | bala Mêdayin malêdug | kang kari kèh kêcandhak | putra Kangkan mangamuk mungging ing ngayun | anguwuh asru sêsumbar | Kistaham papagna mami ||

22. ingsun putra saking Kangkan | dene sira ngapusi bapa aji | payo mandhêga prang pupuh | angadu boting gada | tadhahana Kistaham panggadaningsun | aywa sok laku [la...]

--- 1: 353 ---

[...ku] culika | dudu kramaning prajurit ||

23. Raja Kistaham miyarsa | julalatan mamor lawan pêkathik | Patih Baktak gya andulu | yèn dudu bala Ngarab | wuwuh bala kinèn wangsula umagut | iki dudu bala Ngarab | ènthèng lawanên ngajurit ||

24. Radèn Ukman marang ngarsa | lan Kênahan tajêm pangamuknèki | satriya lan punggawa gung | rêmuk katiban gada | putra Kangkan kêlangkung prakoswanipun | miwah pra dipatinira | sadaya prawirèng jurit ||

25. kang nitih kuda gagendra | adal-adal sarêng mangsah ing jurit | rêmpêk lan punggawanipun | samya angundha gada | lir danawa mamăngsa samya anguwuh | payo aprang têtunggalan | êndi prajurit Mêdayin ||

26. para nata lan punggawa | mapagêna ing kene aprang tandhing | bala Mêdayin malêdug | samya giris umiyat | kawarnaa wau Kyana Patih Bêlum | wus panggih lan Natèng Kebar | sira Raja Yusupadi ||

27. wus katur saaturira | dyan binêkta marêk putrèng Ngalabi | Rajèng Kebar awotsantun | punika Patih Kangkan | gustinipun putra kêkalih angamuk | kang tênaya Raja Bahram | kalihe prawirèng jurit ||

28. wong agung ing Parangteja | angandika bapa gustimu aglis | susulên warahên iku | yèn mungsuh manjing kitha | andhêgêna sabalane aywa manglud | Ki Patih Bêlum tur sêmbah | lèngsèr anitih turanggi ||

29. gya nusul praptèng

--- 1: 354 ---

payudan | ki apatih wus panggih lawan gusti | dhawuhkên timbalanipun | Wong Agung Parangteja | putra Kangkan ing mangke dènira bujung | kèndêl sajawining kitha | wong Mêdayin tutup kori ||

30. gègèr wadya sanagara | abusêkan dening kang mêntas jurit | rusak kèh pêjah kèh tatu | lan mêngsah ngêpung kitha | lawan rajaputra kalih pan misuwur | kêsambut anèng payudan | pra dipati kathah kanin ||

31. ting galêmbor pinggir marga | ingkang darbe laki milu ajurit | lêlurung pating bilulung | kang prapta ana sêmpal | baunira kang malocot awakipun | rai bêngêp kopah-kopah | wong ayutan tanpa kardi ||

32. katur marang sri narendra | lamun bala kasor mungsuh nututi | putra kêkalih kasambut | gumrah tangis jro pura | pramèswari samya gubêl samya ngrubung | mring sang nata wimbuh ing tyas | dènira kelangan kanthi ||

63. Kinanthi

1. gantya wau kang winuwus | Umarmaya Umarmadi | kang mundur saking payudan | ambêkta putra kêkalih | warnanên Sang Kakungingrat | nèng pakuwon duk alinggih ||

2. Ki Umarmadi lumêbu | Marmaya ngantun nèng kori | Umarmadi praptèng ngarsa | sarwi anyêkêli tali | rajaputra kang binănda | kagyat Radèn Jayèngmurti ||

3. Umarmadi sira iku | nora wêruh wong abêcik | dene iku rajaputra | pagene sira talèni | de sira bănda pêndharat | pan iku

--- 1: 355 ---

putrèng narpati ||

4. sira duk anèng Mêdayun | sabên dina dèn bêciki | pinisalin wastra kuda | makutha lawan kulambi | sabên seba ingingonan | nora nana mulih ngêlih ||

5. dene wani ta sirèku | kongsi anibani tali | tumungkul Prabu Marmadya | wêruh dukane Sang Amir | angrasa kadudonira | Ki Umarmaya miyarsi ||

6. ngintip saking jawi pintu | yèn kabêndon Umarmadi | sêksana Ki Umarmaya | rajaputra dèn uculi | lawan wau ingusapan | asta kang mambêt têlali ||

7. binêkta Radèn Sêmakun | umarêk ing Jayèngmurti | langkung sukane tumingal | pandulu Umarmayèki | bêkta putra tan binănda | Sang Jayèngmurti ngudhuni ||

8. ya ta wau Radèn Urmus | apan sampun dèn uculi | kalihe ngaturan lênggah | ing wijoan palowani | gumanti lênggah ing ngandhap | Wong Menak Wiradimurti ||

9. kêlangkung sinugun-sugun | rinaja ginusti-gusti | agung sinêgah kasukan | kalih sampun pinisalin | Ki Umarmaya turira | wau pun Maktal kang mêksih ||

10. bêbujung bala Mêdayun | kêlawan pun Yusupadi | ngandika Sang Kakungingrat | nuli timbalana aglis | yayi mas ing Parangteja | sabalane aywa kari ||

11. Ki Umarmaya gya mêtu | pêpatihira tinuding | Tajiwalar lumaksana | angundurakên kang baris | kang atugur jawi kitha | Maktal lawan Yusupadi ||

12. inggal lampahira [lampahi...]

--- 1: 356 ---

[...ra] rawuh | Tajiwalar wus apanggih | lan putra ing Tambakrêtna | sadaya wus dèn dhawuhi | bêdhol barise wong Kebar | lawan bala Ngalabani ||

13. bala ing Kangkan tan kantun | umiring putra kêkalih | mring Wong Agung Parangteja | lampahira sigra prapti | pakuwon lajêng umarak | ing Kêlana Jayèngmurti ||

14. Radèn Maktal nêmbah matur | punika satriya kalih | saking nagari ing Kangkan | Raja Bahram kang sêsiwi | praptane arsa ngamuka | angrêncak kitha Mêdayin ||

15. sêdya malês pêjahipun | kang rama dene ing mangkin | suwita dhatêng paduka | ngaturakên pati urip | wondening dènira bêkta | bala namung kalih kêthi ||

16. ngandika Sang Jayèngpupuh | gawanên mring ngarsa mami | Radèn Ukman tinimbalan | lan Radèn Kênahan prapti | kalih sarêng atur sêmbah | angraup padanira Mir ||

17. padha Sêlama sirèku | anuta agama mami | kalih umatur sandika | sawadyamu aywa kari | kabèh padha angidhêpa | sarengat Nabi Ibrahim ||

18. kang tuwa madêga prabu | Raja Ukman aprayogi | anadene arinira | konên atunggu nagari | sira nut saparan ingwang | ngandika satriya kalih ||

19. wus kinèn makuwon sampun | gantya kawurcita malih | kag agung wuyang-wuyungan | pan nagari ing Mêdayin | ing jro ing jaba gumêrah | sira Prabu Nyakrawati ||

20. sakêlangkung runtikipun | mring Baktak Rêkyana Patih | miwah marang para [pa...]

--- 1: 357 ---

[...ra] nata | kang samya kaburu jurit | dene kang putra binănda | tan ana kang anglabuhi ||

21. Betaljêmur sigra matur | sampun paduka prihatin | prakawis putra narendra | botên amanggih bilai | malah dipun sungga-sungga | sinêgah tur pinisalin ||

22. sukèng tyasira sang prabu | miwah pramèswari aji | Dèwi Juru Jinêm myarsa | ing warta putra kêkalih | malah dipun suba-suba | mring Kêlana Jayèngmurti ||

23. mangkana sang rêtnaningrum | kalane miyarsa warti | lolose satriya Ngarab | Kêlana Jayadimurti | guping tyas kaya matia | sang rêtna lumêbèng pêthi ||

24. kinunci tan mêtu-mêtu | awêtara pitung ari | andina arawat waspa | panangise lantik-lantik | cèthi kêkalih kang têngga | munggèng sajawining pêthi ||

25. dhuh wong agung pêpujanku | satriya ing Pusêr Bumi | kêkonang gung akayangan | apa mamang marang mami | minggat nora ngajak-ajak | têka anglês bêngi-bêngi ||

26. katuwone raganingsun | lagya panuju ngati |[13] sukêt andadi nèng wana | kang amindha roning pari | kalangan wong ika kendhang | baya jrih milanga kanin ||

27. sênadyan milanga tatu | kêna ngukuming rama ji | sukêt galêng rinumpaka | sun labuhi rontang-ranting | wong agung datan gupita | kang kari kawêlasasih ||

28. kaniaya rama prabu | dene dosa tan manrani[14] | bok iya dèn apuraa | wong agung kang lolos [lolo...]

--- 1: 358 ---

[...s] bêngi | lan ora gêpok larangan | lan ora ambuka sari ||

29. sêkar adi maksih kucup | mung salagane pinêthik | nanging wêwangine kêna | gandane tan ana kari | kudhup wutuh nora rusak | dhuh kakang mas adipati ||

30. kagyat ban Pradapa matur | saking sajawining pêthi | gusti kawula miyarsa | wadya kang lumampah jurit | kaburu mungsuh angêpang | ing kitha tan dèn wêdali ||

31. Radèn Urmus lan Sêmakun | ari paduka kêkalih | kacandhak ing bala Ngarab | kalihe nandhang têtali | mila ibu jêngandika | gènipun muwun saratri ||

32. katuju mantun amuwun | Betaljêmur abêbisik | yèn botên dhatêng ing pêjah | inggih kang putra kêkalih | nanging kathah pra dipatya | ingkang kapupu ing jurit ||

33. wadyane pra nata gêmpur | tan wontên kang măngga pulih | amungsuh kawula Ngarab | sasolahipun kajodhi | sang rêtna suka miyarsa | gya mêdal saking jro pêthi ||

34. sang dyah mèsêm ngandika rum | mêngko biyang ana ngêndi | barise wong agung ika | Ni Pradapa awotsari | wontên sajawining kitha | barise majêng mariki ||

35. wus takyin têmên wong agung | sabalane wirèng jurit | antuk bêboyongan putra | aywa wèh pinundhut benjing | iya marang kangjêng rama | nuwuna lêliron putri ||

36. yèn ora mêngkono biyung | Wong Agung Wiradimurti | aywa tanggung dadi ala | ngêrbasèng

--- 1: 359 ---

kitha Mêdayin | măngsa ta wurunga bêdhah | nuli amboyonga putri ||

37. kunêng ta sang rêtnaningrum | kang lagya liwung ing galih | dene miyarsa wong Arab | lolose datan atêbih | kèndêl sajawining kitha | amrih siniwiyèng manis ||

64. Dhandhanggula

1. kawuwusa kang anggung prihatin | kang abaris ampeyaning wana | lawan sawadyabalane | Kêlana Jayèngpupuh | anênuwun putrèng Mêdayin | ingkang samya kacandhak | Urmus lan Sêmakun | kêlangkung sinuba-suba | putra kalih tan nyana manggih basuki | langkung norakên raga ||

2. cinarita sampun tigang ari | rajaputra nèng pakuwon Ambyah | sinunggata ing karamèn | gamêlan siyang dalu | duk sêmana Sang Jayèngmurti | matur mring rajaputra | nuntên dika mantuk | bilih rama padukendra | èsmu watir ngajêng-ajêng walanggalih | anggèr dhatêng paduka ||

3. mangke kula nuduh kang umiring | ngatêrêna marang jroning kitha | sigra tinimbalan age | ingkang arsa tinuduh | sakadange Natèng Kohkarib | pra ratu kawan dasa | andhèr munggèng ngayun | ngandika Sang Kakungingrat | siyagaa sira ngatêrêna aglis | lawan sakadangira ||

4. rajaputra aturna sang aji | yèn wis prapta Mêdayin nagara | nginêpa sawêngi bae | sandika aturipun | sigra lèngsèr Natèng Kohkarib | lawan pra kadangira | tuwin kang wadya gung | têngara bêndhe

--- 1: 360 ---

angangkang | ambêlabar kawula bala Kohkarib | lir wukir kêmbang-kêmbang ||

5. rajaputra kalih dèn aturi | sabusananing raja kaputran | nawarêtna sêkalire | miwah turangganipun | sabusananira sawar di | pamit sang rajaputra | tinampenan sampun | marang Prabu Umarmadya | Jayèngmurti ngatêr tandhêsaning kori | budhale rajaputra ||

6. munggèng kuda sinongsong mas adi | kinêbutan kering lawan kanan | kang tabah-tabuhan rame | ing ngarsa lan ing pungkur | langkung dènnya ginusti-gusti | ingayap kering kanan | ratu patang puluh | ing marga tan winurcita | lampahing kang baris agêng sampun prapti | kèndêl jawining kitha ||

7. gègèr otêr jro kitha Mêdayin | panêrkane gêgaman kang prapta | bala ing Arab cucuke | arsa ngrurah kêdhatun | dangu-dangu nulya miyarsi | yèn ngatêr rajaputra | katur ing sang prabu | sri narendra suka ing tyas | sigra miyos siniwèng ing păncaniti | nimbali duta ingkang ||

8. manjing kitha gêgaman Kohkarib | tunggul abra ngalun-alun prapta | Sri Nusirwan têdhak age | amêthuk putranipun | lawan duta kang pra narpati | têdhak kang para putra | ing rama wotsantun | kêlangkung marwata suta | ingarasan kang putra agênti-gênti | dene tan nyana gêsang ||

9. Prabu Kohkarib têdhak ngabêkti | sakadange samya apranata | ingancaran mundur age | ing panangkilan rawuh |

--- 1: 361 ---

angandika Prabu Mêdayin | Umarmadi linggiha | joan palowanu | panggonane Si Kêlana | Kakungingrat Marmadi umatur ajrih | lênggah kursi kewala ||

10. kapyaboga bujana umijil | pan lumintu saking ing jro pura | asri sangkêp lalabane | majêng dènira minum | kang gamêlan munya ngarangin | tandhak arak-arakan | sagung para ratu | ambanjêng kang tandhêsan mas | awurahan sênggake munya ngêdhasih | kêploke atimbalan ||

11. duk ping lima ubênge kang awis | pan kawuron Prabu Umarmadya | abang ngatirah netrane | anyandhak gadanipun | uncal gada tininggil-tinggil | karingêt kadya siram | andik tingalipun | mire kang sandhing alênggah | angandika sira Prabu Nyakrawati | hèh bapa kaya ngapa ||

12. dene polahe Si Umarmadi | Betaljêmur alon aturira | inggih pan sampun adate | yèn kasayahên nginum | pan makotên watêke ugi | mèsêm sri naranata | angandika arum | bapa yèn kaya mêngkana | Umarmadi sun kone mulih tumuli | sang nata mundhut kuda ||

13. kawan dasa pisan sapuranti | lan makuthanira kawan dasa | pan sampun ginanjarake | mring sagung para ratu | kadangira Natèng Kohkarib | lan sabusananira | kabèh awotsantun | Prabu Marmadi turira | mring sang nata kawula pan nuwun idi | inggih sêrat paduka ||

--- 1: 362 ---

14. ngundhangana marang urut margi | tiyang dhusun sami asêgaha | ing lampah kawula mêne | Sri Nusirwan gumuyu | anuruti marang Marmadi | angundhangakên surat | kabèh urut dhusun | padha kinèn asêgaha | ing lakune iya Sang Prabu Kohkarib | dèn padha rumêksaa ||

15. pamit nêmbah Sang Prabu Marmadi | sakadange budhal saking ngarsa | gumuruh wadyabalane | praptèng jawi kitha wus | wong padesan kang urut margi | samya rakit sugata | apan undhangipun | samya kinèn asêsêgah | mring Sang Nata Mêdayin mila anggili | jondhang tanpa wilangan ||

16. lajêng saos pakuwon Marmadi | lampahira pan kalih onjotan | amakuwon sakadange | agung dènira nginum | abujana samargi-margi | dadya wus tigang dina | lampahirèng ênu | bêbarisane wong Menak | mung sadina linampahan tigang ratri | prandene dèrèng prapta ||

17. pijêr nayub ing samargi-margi | Ratu Jongmirah Raja Durdanas | wotsêkar alon ature | kadospundi pukulun | têka rêmbên lampah puniki | dene kang pangandika | Gusti Jayèngpupuh | mung kinèn sipêng sadina | Umarmadi pangandikanira aris | marang ing kadangira ||

18. kaya ngapa yèn tinggala yayi | sasat nampik ing sih sri bêthara | pan wong desa iki kabèh | mulane ta sêsuguh | timbalane Natèng Mêdayin | kèndêl kang rayi turnya |

--- 1: 363 ---

sinêrêng ing rêngu | kocapa Ki Patih Baktak | lan Kistaham gunêm kalanira wêngi | lan papat para nata ||

19. Raja Krasbinandur lan Dribangsit | Tamtam Kuwari Raja Bubarwan | bêkta lan sagêgamane | rêmbug sami nênukup | ing lampahe Natèng Kohkarib | budhal Ki Patih Baktak | lampahirèng dalu | lan para ratu sêkawan | kanêmira Kistaham lan pra dipati | ing marga tan winarna ||

20. praptèng lingsir dalu wus kaèksi | wontên pakuwon mêncil kapisah | Jasma Karma lan malihe | Uktur lan Barubiktur | Kaldas Jaldas Raja Kildani | Baritma Maliritma | mangkana kinêpung | Rajèng Kohkarib Marmadya | sakadange sayah nginum samya guling | tan ana sinantaha ||

21. nênggih pakuwoning kang kapêncil | ratu patang rakit wus kinêpang | ginutuk api pondhoke | pinarêng ing prang rusuh | ambêdhili bala Mêdayin | anduduk lan angastra | amêdhang ambusur | kagyat wonge Raja Jasma | Raja Karma balane satus ngêmasi | kawur tanpa rerehan ||

22. kang prajurit satriya dipati | datan kongsi angêrgêm gêgaman | tan kongsi ngrasuk kêrene | kasêlak mungsuh nêmpuh | mila ratu pêpitu kanin | pamondhokaning wuntat | miyarsa gumuruh | pan wontên atur uninga | yèn wong ngira kathah kang wadya dhatêngi | mundur barise rowang ||

65. Durma

1. kapiyarsa gumarumung awurahan | angrok pating jalêrit [ja...]

--- 1: 364 ---

[...lêrit] | katur ing narendra | Kohkarib langkung duka | miwah sagunging narpati | kang mondhok têbah | samya gadgadèng jurit ||

2. ting bakakrak ting balêbêr pra dipatya | para nata prajurit | manêmpuh ing yuda | awor panêmpuhira | kang ngragêmêng dèn amuki | kathah kang pêjah | prajurit ing Mêdayin ||

3. wong Mêdayin prangira was-uwas ganggam | wong Kohkarib prang lali | ramya lêng-ulêngan | lir gabah ingintêran | para ratu kawan dèsi | mangsah manêngah | kabèh ngawaki jurit ||

4. aprang pêtêng wong Mêdayin kathetheran | ambendrong gutuk api | wong Kohkarib samya | manêmpuh ingkang padhang | gone ingkang gutuk api | lir ingobaran | samya tinunjang wani ||

5. kathah pêjah wong Mêdayin ingkang pêrak | lan goning gutuk api | kang pêtêng umangsah | sinăngga ingamukan | wuri sangsaya gung prapti | wadya Sriwulan | Jongmirah lan Kosani ||

6. Natèng Temas ing Kalsah lawan ing Jiyan | pra dipati ngawaki | tuwin para nata | kabèh kadya danawa | mamăngsa tumon ing daging | gada amêdhang | jambak nyêndhal ngakahi ||

7. ting kalêpruk têmpuhing pêdhang nèng sirah | bruk tibaning kang bindi | lir praharèng arga | rame dènira yuda | sira Prabu Umarmadi | sakadangira | samya amasang rakit ||

8. kang anitih dipăngga amundhut gajah | kang anitih turanggi | sênuk balêkdaba | mèmrèng lan adal-adal [adal-a...]

--- 1: 365 ---

[...dal] | angrimong unta karêndhi | wus tinitihan | rakit kêprabon jurit ||

9. Raja Kustur Malikustur wus angiwa | Burni lan Baruburni | Jeras Malijeras | Baritma Maliritma | Raja Ikdris lan Ikmandris | Durda Durdiya | ratu nêm rakit ngering ||

10. saha wadya mantri punggawa kewala | wong cilik kinèn nêbih | kang nêngên kewala | ratu kêmbar nêm pasang | Ardiman lan Ardikapi | Biksun Biksuna | Janggi lan Raja Sanggi ||

11. Jahèn Kohèn Parès Korès Jaldas Kaldas | Raja Kanjir Mukanjir | Durdanas Durdanam | kang nêngên barisira | lan punggawa para mantri | kang dadya jaja | Sang Prabu Umarmadi ||

12. lawan ratu wolung rakit kang angayap | lajêng nêmpuh ing jurit | kadya saradula | sêsumbar Umarmadya | êndi prajurite iki | dene kuthila | tindak mangkene iki ||

13. apa ratu apa satriya punggawa | aywa na nguciwani | ing kene ayuda | Ki Patih Baktak myarsa | Raja Kistaham udani | sêsumbarira | Marmadya ngundha bindi ||

14. binabujung tinut saparan lumaywa | margane dèn pêgati | mawur asasaran | binutuhakên ngarsa | enak dènira ngamuki | kathah kacandhak | prajurit ing Mêdayin ||

15. gundam-gundam palayunira Kistaham | datan ngantèni wuri | Baktak mèh kacandhak | lumayu nyênthak-nyênthak | dhêlik amomor pêkathik | gantya kocapa | Sang Prabu Nyakrawati ||

16. enjang [e...]

--- 1: 366 ---

[...njang] miyos aningali kang sewaka | Ki Patih Baktak sêpi | sang nata têtanya | mring mantri kang atêngga | panangkilan matur aris | pun patih kesah | nêdya nukup Marmadi ||

17. rencangipun Bubarwan lawan Kistaham | Krasbinadur Dibangsit | sang nata bramatya | dene kaliwat ala | anglèpèti awak mami | mundhut dipăngga | budhal sri narapati ||

18. saha wadya budhal sajawining kitha | kapêthuk kang wadya lit | kang samya lumajar | sira ki patih lawan | sêkawan para narpati | miyat sang nata | samya nyalimpêt margi ||

19. pan katingal pambujungira Marmadya | ing Prabu Nyakrawati | alon angandika | mring Betaljêmur sira | maringa Si Umarmadi | aprasadua | iya panggawe iki ||

20. lamun dudu panggawe saking manira | mulane ta sang aji | kuwatir ing sira | Betaljêmur asigra | mêthukakên Umarmadi | sampun kapanggya | andhawuhakên aglis ||

21. satimbalanira Bêthara Nusirwan | nuwun Prabu Marmadi | inggih ta ki arya | sang prabu binêthara | măngsa karyaa tan yukti | mring awak ingwang | tindak culika iki ||

22. liwat dening agawe kagèt manira | agawe runtik mami | wicara tadhaha | karya rusuhing tindak | anglingsêmi ing narpati | inggih katura | nêmbah kawula mangkin ||

23. dhatêng ing sang narapati binêthara | lan malih ta kiyai | manira anêdha | pangrojong pêkênira | wontêna sêrat sasuwir |

--- 1: 367 ---

inggih katura | ing Gusti Jayèngmurti ||

24. ungêlêna makotên sêrat paduka | pun Prabu Umarmadi | wontên ing nagara | nêdya sipêng sadina | ingandhêg marang narpati | inggih sinêgah | kadukan mila lami ||

25. Betaljêmur mèsêm alon wuwusira | lah iya aja watir | manira kirima | layang mring anak Ambyah | prakara kang dadi jurit | pan dudu sira | iya kang gawe wiwit ||

26. anênurat ki arya sakêdhap dadya | sinungkên Umarmadi | nulya têtabean | budhal ungkur-ungkuran | miwah Prabu Nyakrawati | sawadyanira | kondur marang nagari ||

27. kawarnaa Jayèngmurti wus miyarsa | yèn sira Umarmadi | aprang anèng marga | kalong satus kang wadya | kadange pêpitu kanin | tan dangu prapta | sang prabu ing Kohkarib ||

28. Jayèngrana nuju sinewa ing bala | praptane Umarmadi | mêndhak anèng ngarsa | mungkur Sang Jayèngrana | dangu ingewan Marmadi | sampun angrasa | ing kadudonirèki ||

29. Umarmadi mingêr ngaturakên sêrat | nulya tinampan aglis | ing Sang Jayèngrana | binuka sinuksmèng tyas | wau suraosing tulis | mèsêm ngandika | mring Arya Guritwêsi ||

30. Umarmaya padha sira tambanana | kadange Umarmadi | kang anandhang brana | sigra Ki Umarmaya | mijil mring pakuwonnèki | Prabu Marmadya | para ratu kang kanin ||

31. tinambanan tatune samya sinaras | cinucup rah drês mijil | nulya [nu...]

--- 1: 368 ---

[...lya] ingusapan | sakala wus waluya | kasukan Sang Jayèngmurti | andina-dina | lan sagunging narpati ||

32. baris pajêg sawadyaning para nata | Rahadèn Jayèngmurti | tan arsa mantuka | dhatêng nagari Mêkah | wangsul mring Mêdayin isin | yèn tan ngandikan | marma sangêt wiyadi ||

33. anglêlipur brangtanira mring sang rêtna | ngarakat ulam kali | babêdhag mring wana | nanging tan kasayutan | sangsaya kambuh ing galih | wiyadi kambah | wimbuh tyasnya lumindhih ||

34. dadi tajin dhahar tan antuk anendra | ăngga sawang wratsari | sah ing latanira | lir dhandhang kawuyungan | wuyung puyêng poyang-paying | sawadyanira | awlas mulat ing gusti ||

35. akasukan kinarya panglironing tyas | ki pothèt pulang wêsi | sabên ari seba | akarya gêgujêngan | amrih lipur tyasira Mir | tan kewuh ing tyas | mêksih berag gêng brangti ||

66. Asmaradana

1. kunêng ta kang agêng wingit | wontên gêgêmpalan kăndha | sayêkti sarêng lampahe | nanging ta gantya winarna | wontên ratu prakoswa | ing Selan nagarinipun | amisesa tanan ajam ||

2. kang kocap ing bawahangin | iya sawetaning Arab | iya tanan ajam kabèh | tan ana sêsamanira | jênênge Natèng Selan | pan rong lêksa wolung èwu | pra măncanagri kang seba ||

3. iya Selan ya Sêrandil | Selan iku kuthanira | Sêrandil iku gununge | kathah ratu kawêsesa | atur upêktinira [u...]

--- 1: 369 ---

[...pêktinira] | jajahane kang anungkul | pan rong lêksa wolung nambang ||

4. bisikanira narpati | Sri Maharaja Sadalsah | kêkalih sanak sang katong | kang rayi Radèn Sahalsah | jumênêng sinatriya | langkung wibawanya nutug | kêraton nagari Selan ||

5. nagari ing kanan kering | lêlayaran tigang căndra | mring Selan bulubêktine | miwah jajahaning dharat | lêlakon pitung wulan | limang wulan sami nungkul | bulupêkti[15] marang Selan ||

6. nênggih nagari Sêrandil | basane Ngarab ing Selan | basane ajam ing Selong | dene têpungane tanah | nênggih kang kapangetan | Malaka Salebar Nglampung | Nglandhak Siyêm Sokadana ||

7. Siyêm Gêdhah Jahor Jambi | nadyan Patani ing Wandhan | Salok Kawan Minangkabo | sanadyan tanah Palembang | Banjar atêpung tanah | Bantên Tulangbawang têpung | tuwin ta ing tanah Jawa ||

8. pan dhingin têpung kang bumi | kêlawan tanah ing Selan | dene purwanipun pêdhot | kêlawan ing tanah Jawa | duk alam Raja Kanwa | nèng Jawa umadêg prabu | pêdhot piniyak samodra ||

9. ing benjang pan têpung malih | tanah Jawa tanah Tatar | Palembang Salok Salondhong | Jahor Jambi Sokadana | Patani Banjar Wandhan | benjang jangkêp sèwu taun | petunge sangkala jagad ||

10. mangkana ingkang winarni | Sri Mahaprabu Sadalsah | rikalanira sang katong | ambêburu [a...]

--- 1: 370 ---

[...mbêburu] marang wana | pisah lan balanira | kadya panguncang Hyang Agung | umiyat dipăngga seta ||

11. kadya netra kumalaning | pama singa binacingah | paningalira sang katong | anut ing saparanira | dadya kalunta-lunta | marma pisah lan wadya gung | tigang ratri tigang siyang ||

12. tan anginum tan abukti | langkung dènnya kasarakat | Prabu Sadalsah nglantere | tanbuh-tanbuh solahira | kunêng gantya winarna | bèbèt Nabi Dris winuwus | dhêdhukuh têngahing wana ||

13. pakaryane angon kambing | kang kinarya kasutapan | adarbe atmaja wadon | Rêtna Basirin kang nama | wayah rumaja rêtna | têdhaking nabi satuhu | cahyane kawilang pelag ||

14. mangkana wadon Basirin | ngindhit buyung saking sêndhang | ing wanci baskara ngayom | kapêthuk Prabu Sadalsah | kagyat nata umiyat | ana kênya ngindhit buyung | sigra wau pinaranan ||

15. sarya sru dènira angling | nini ingsun jaluk toya | abangêt kasatan ingong | têlung bêngi têlung dina | ingsun tan nginum toya | Rêtna Basirin angrungu | lingira Prabu Sadalsah ||

16. toya winutahkên aglis | sigra wangsul marang sêndhang | ingisèn malih êjune | Sadalsah ngungun tumingal | acipta manah duka | tan anyana lamun wangsul | sarwi ngucap asung toya ||

17. wadon Basirin lingnya ris | nêdha kiyai nginuma | Prabu Sadalsah nulya ge | marêpêki nginum toya | lagya [la...]

--- 1: 371 ---

[...gya] sacalêgukan | Dèwi Basirin amuwus | kiyai wong ngêndi sira ||

18. kèndêl dènnya nginum warih | Raja Sadalsah ngandika | hèh rara aywa têtakon | ingsun lagi akasatan | ing mêngko têtakona | sun tutugne gonku nginum | nulya malih nginum toya ||

19. lagi angêbêb sathithik | jinawil pan tinakonan | ya ta kèndêl panginume | Sadalsah amênggah-mênggah | amuncêrêng ngandika | sun angombe dimèn tutug | lah ing mêngko têtakona ||

20. ping tiga kèndêlirèki | nuli datan tinakonan | wus tutug dènira ngombe | sinèlèhkên buyungira | sigra anarik pêdhang | Dèwi Basirin amuwus | hèh babo arsa punapa ||

21. nauri Natèng Sêrandil | sira kang arsa sun pêdhang | dosamu agawe jèngkèl | karya runtiking tyas ingwang | liwat pêgêl kang manah | ingsun dulu ing sirèki |[16] duk wiwit sun jaluk toya ||

22. sira wutahkên tumuli | manira wus cipta duka | nuli malih sun angombe | lagyantuk sacalêgukan | nuli sira têtanya | nora kobêr ngombe ingsun | pijêr anauri sira ||

23. lagya nêcêp sira jawil | astaningsun dera candhak | lah kobêr apane ngombe | mêngko sira rasakêna | kêsêle atiningwang | sun tugêl mêngko gulumu | Dèwi Basirin angucap ||

24. lah sira iku wong ngêndi | sumaur Raja Sadalsah | apan ingsun iki

--- 1: 372 ---

katong | ing Sêrandil kuthaningwang | aran Raja Sadalsah | Rêtna Basirin gumuyu | kalingane sira raja ||

25. dene sira cêkak budi | mundur kaya wong urakan | sêmpug sêbêl graitane | kurang pasanging wiweka | lah iya ratu apa | basa ingkang apan ratu | wêkas-wêkasing wicara ||

26. luhur-luhuraning budi | amêngku sakèhing basa | ruwêt padhang pêtêng kamot | mêngku adil paramarta | nganggo catur pariksa | nora asih wadyanipun | nora sêngit marang bala ||

27. amung adil kang dèn sihi | lah iku kang aran raja | umadêg lan apurane | sira iku ratu apa | têka kurang wicara | apa ratuning pêpikul | dudu ratuning nagara ||

28. anjêtung tan kêna angling | Sri Mahaprabu Sadalsah | sinarungakên pêdhange | Rêtna Basirin lingira | duk sira jaluk toya | sambat kasatan kêlangkung | têlung bêngi têlung dina ||

29. sira nora ngimun warih | mulane toya sun buwang | yèn sira banjura ngombe | nutugakên dhahganira | plêmbung anginên sira | kaya mati dening banyu | duk ngombe karine ika ||

30. lagi nguyup sun takoni | aja calêkikên sira | lêlunyunên gêgurunge | aywa darung dhahganira | bok kapilênggong sayah | pan mêngkono pamrih ingsun | nêdya ngeman wong kasatan ||

31. mêngko rêpira patèni | lah mara sakarsanira | măngsa polah awak ingong | Raja Sadalsah ngrêrêpa [ngrê...]

--- 1: 373 ---

[...rêpa] | sira duwe wong tuwa | payo atêrêna ingsun | liwat saking kapotangan ||

32. nulya lumampah wong kalih | tan adangu nuli prapta | ing wismane rare wadon | kêpanggih wong tuwanira | Sèh Bakar Abuniswan | alon dènira amuwus | hèh sang nata pinaraka ||

33. datan samar ing dumadi | Ki Sèh Bakar Abuniswan | Sang Natèng Sêrandil kagèt | osiking driya mangkana | pandhita kinawasa | dene wruh yèn ingsun ratu | anake durung wêwarta ||

34. ngandika Natèng Sêrandil | ki sèh manira anêdha | dipun tulus apurane | nênggih putra pêkênira | kênia dadi garwa | Bakar Abuniswan muwus | lah iya sakarsanira ||

35. pinanggihakên tumuli | wus pinêrnah wangunira | kang rama mring wana age | angon kambing karyanira | kang kantun pulang raras | langkung dènnya mor lulut |[17] wau ta kang ginupita ||

36. kawula bala Sêrandil | satriya para dipatya | para mantri para katong | wau kang samya kapisah | kêlawan ratunira | wontên mantri kang kêpangguh | lan Sèh Bakar Abuniswan ||

37. apan sampun dèn jarwani | yèn ratune anèng dhêkah | lumirig kang bala kabèh | praptèng dhêkah awurahan | panggih lan gustinira | sami sukane kêlangkung | gusti kêlawan kawula ||

38. mangkana datan kawarni | sang nata kundur mring kitha | lawan sawadyabalane | samarga among asmara | kêlawan [kêla...]

--- 1: 374 ---

[...wan] ingkang garwa | nèng marga datan kawuwus | prapta kêdhaton ing Selan ||

39. sangsaya alami-lami | Rêtna Basirin awawrat | dupi mèh prapta êlèke | Raja Sadalsah sumalah | puput kang panjênêngan | nora atilar sêsunu | dene kang umadêg nata ||

40. kang rayi sri narapati | kang nama Radèn Sahalsah | suyud wadya Selan kabèh | marang sang prabu Sahalsah | mangkana kang winarna | pramèswarinira prabu | Sadalsah kang tilar wawrat ||

41. mangkya lair jabang bayi | panjangipun tigang asta | seda sakala ibune | saking gênging ponang jabang | dadya seda kunduran | tigang kilan longkangipun | ing bau kêlawan asta ||

42. anulya kang jabang bayi | pinundhut marang kang paman | sinung dhukun lan kang momong | rare nulya sinung aran | marang wau kang paman | winastan Radèn Lamdahur | dumlundung kalis ing lara ||

43. nulya garwane pribadi | Raja Sahalsah ambabar | catur dasa dina lête | inggih ta sami jalunya | lawan putraning raka | ingaranan Radèn Jebul | apan ta kinêmbar-kêmbar ||

44. sinungan pamomong sami | rare pitung dasa sewang | kêlawun-lawun agênge | gancang wiyosing carita | wus umur limang warsa | Jebul wus bisa lumayu | marang êmban tinut wuntat ||

67. Pangkur

1. Radèn Lamdahur punika | mêksih lèmpèr durung bisa lumaris | êmbane kaku tyasipun | anulya cinêthotan |

--- 1: 375 ---

pan karasa lara Lamdahur anjagur | êmbanira kapisanan | kang kari lumayu ajrih ||

2. katur ring Prabu Sahalsah | langkung ebat dening mêksih bêbayi | lambithi[18] wong kongsi lampus | mendah yèn wus diwasa | mêksih bayi sêmono prakosanipun | baya besuk yèn wus tuwa | nagari ing kene iki ||

3. wus anèng sêlaning tangan | anèng èpèk-èpèk nagri Sêrandil | pan mangkana ciptanipun | sira Prabu Sahalsah | ingkang putra pêpulunan pinri[19] lampus | pinurugakên wantilan | panggonane dipăngga ji ||

4. dipăngga gêng inginuman | winawuru ing kênit arak api | sinandhingakên Lamdahur | dipăngga sigra nyandhak | anêlale Radèn Lamdahur jinunjung | ingangkat-angkat tan kangkat | pinêksa-pêksa tan kokih ||

5. Lamdahur sigra anyandhak | kang têlale sigra binêthot aglis | kumbaning liman tinapuk | malêdug liman pêjah | Alamdahur bisa angadêg puniku | sigra ambêdhol wantilan | amarani gone èsthi ||

6. kandhang liman pirang-pirang | ginitikan êndhase akèh mati | ana jinêjak malêdug | utêknya sumamburat | anggêlasah kang dipăngga akèh lampus | dhomas cinatur kang liman | tan ana kari sawiji ||

7. Lamdahur sayah alênggah | pêpukule wantilan dèn linggihi | kang ngatêr tinolèh mawut | samya matur sang nata | yèn kang putra nora mati

--- 1: 376 ---

gajah lêbur | tan wontên kantun satunggal | wuwuh wiwrin tyasira ji ||

8. angungun ciptanya kewran | kayaparan patine rare iki | sapa kang nyêkêla iku | wontên mantri panuwa | ingkang raka Raja Sadalsah karuhun | kang darbe juru pamasak | sagah angipuk tumuli ||

9. mantri panuwa lumampah | sampun prapta gène Lamdahur iki | kaluwa babêktanipun | lajêng sumandhing lênggah | asung kalwa pinangan dening Landahur[20] | sakuwali sampun têlas | mantri panuwa lingnya ris ||

10. sarwi nganthi astanira | dhuh suwawi anggèr mring păncaniti | Lamdahur têka anurut | prapta ing panangkilan | ingkang paman nuju siniwèng wadya gung | lunggwèng patarana êmas | Lamdahur gawok sarya ngling ||

11. hèh ika sapa kang lênggah | ing dhampar mas gone lêluhur mami | mantri panuwa turipun | punika sri narendra | tanya malih dhingin sapa madêg ratu | inggih ramanira kuna | kang mêngku nagari ngriki ||

12. sasedane ramanira | gih punika paman ta kang gêntèni | Lamdahur angucap asru | si paman konên lunga | aywa lungguh ing patarana mas murub | iya ingsun kang jabêla | kratone wong tuwa mami ||

13. apan iki darbèk ingwang | dene dhingin bapa ingkang duwèni | Raja Sahalsah angrungu | sigra dènira kesah | Alamdahur nulya anggêntèni lungguh | munggèng patarana êmas | kang paman alênggah kursi ||

14. ya ta amundhut dhaharan [dhahar...]

--- 1: 377 ---

[...an] | ingkang paman Sahalsah anyaosi | padharan pinêtik sampun | kinèn angurabana | darubêsi sêksana pundhutan mêtu | lumintu saking jro pura | tinata lêlèmèk asri ||

15. ingkang paman ingaturan | nunggil ambêng kêlawan ingkang rayi | Jebul anunggil akêmbul | sêksana sarêng nadhah | wong têtiga apan ta sarwi anginum | darubêsi wus angrêbda | Jebul tibane dhingini ||

16. nulya Sang Prabu Sahalsah | anibani marang putranirèki | Lamdahur ika andulu | sigra anyandhak pêdhang | arsa ngadêg Lamdahur kasêlak rubuh | samya kalêngêr katiga | nèng siti samya gulinting ||

17. Sahalsah lawan kang putra | Radèn Jebul nuli dèn panawani | lênga wijèn lawan jêruk | sampun wungu kalihnya | amung kari Lamdahur mêksih anglugur | tan ana kang nambanana | Raja Sahalsah lingnya ris ||

18. hèh sagung punggawa samya | Si Lamdahur iku rantenên wêsi | godhinên sariranipun | sigra sami tumandang | Alamdahur rinante tur winayuyung | sinrahkên Sang Rajèng Nglaka | kêmbar punika narpati ||

19. Raja Orang lan Kaorang | Alamdahur kinèn marăngka aglis | pinanjara jroning sumur | sigra nulya binêkta | marang Nglaka mung layaran tigang dalu | Alamdahur pinanjara | anèng ing sumur gumuling ||

20. sinungan sêkul sapisan | ing sadina mangkana lami-lami | rante wêsi ninja sampun | panjang punang carita | nèng panjara lamine salawe [sala...]

--- 1: 378 ---

[...we] taun | momol kulit dagingira | anangis siyang lan ratri ||

21. asambat kinêndhonana | nanging datan wontên purun ngêndhoni | langkung dènnya kawlasayun | sêsambat ibu rama | Alamdahur ibu rama sampun lampus | amung paman madêg nata | pan amrih ywa dadi kanthi ||

 


ingkang. (kembali)
sawidak. (kembali)
Lebih satu suku kata: prapta jabaning kitha. (kembali)
Kurang satu suku kata: pinajangan asri linungsir. (kembali)
pan. (kembali)
Kurang satu suku kata: mèru padmasana madyèng warih. (kembali)
kênèng. (kembali)
Biasanya guru lagu i: teja asêsiring. (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn misaya mina nèng botrawi. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: lan ingsun sungi linggih. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: wong Mêdayin pan sampun prapta sadaya. (kembali)
12 barisira. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: lagya panujuning ati. (kembali)
14 mranani. (kembali)
15 bulubêkti. (kembali)
16 Biasanya guru lagu u: sirèku. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: langkung dènnya amor lulut. (kembali)
18 ambithi. (kembali)
19 pinrih. (kembali)
20 Lamdahur. (kembali)