Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 16–30)

Judul
Sambungan
1. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
2. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 16–30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
3. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 31–48). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
4. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 49–67). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
5. Menak 1, Van Dorp, 1922, #1097 (Pupuh 68–88). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Menak.
Citra
Terakhir diubah: 25-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

16. Kinanthi

1. Rahadèn Ambyah tut pungkur | lan [la...]

--- 1: 96 ---

[...n] Umarmaya tan kari | ing marga tan winursita | lampahira sampun prapti | ing wismane sang pandhita | matur Radèn Abuntalib ||

2. kiyai kula ingutus | ing rama sang adipati | ngatêrakên yayi Ambyah | lan Umarmaya kang mugi | mugi kyai amulanga | rare kalih samya ngaji ||

3. kalihe sami ambêsur | sampun taha andukani | kalihe samya nuruta | sang pandhita lingira ris | ya matura ing ramanta | aja susah walangati ||

4. radèn kalih pamit sampun | Menak Ngabas Abuntalib | ya ta wau kang tinilar | sami pinardi angaji | awor lawan santri kathah | anging gathekan pribadi ||

5. tan winarna laminipun | ngaji ing pandhita luwih | sampun kathah ngèlmunira | Umarmaya kang winarni | mulat wong adol kaluwa | langkung dènira kapengin ||

6. gya kaose gurunipun | sinêlêr lajêng marani | mring gone wong adol kalwa | dèn urupakên tumuli | satêtêl juwadahira | kaluwane sakuwali ||

7. sumrikut pamanganipun | kuwaline dèn kakahi | kumlakarên nora têlas | anulya binêkta aglis | maring langgar pamulangan | wong Menak kang dèn tawani ||

8. Radèn Ambyah tanya arum | iku olèhira ngêndi | sumaur Ki Umarmaya | ibu ingkang akêkirim | nulya dinum santri kathah | warata sakèhing santri ||

9. malah sang pandhita wau | sinaosan milu bukti | sawusnya [sa...]

--- 1: 97 ---

[...wusnya] dhahar juwadah | sang pandhita sampun mijil | kaos ilang alon mojar | sapa jupuk kaos mami ||

10. wontên santri lon sumaur | wau Marmaya kang ngambil | kaos binêkta mring pasar | anulya sami tinitik | kêpanggyèng wong adol kalwa | Umarmaya kang ngurupi ||

11. wong Menak alon amuwus | sira adol kaos iki | Umarmaya saurira | apa kang ingucap malih | aran kabèh padha mangan | wong Menak kêlangkung isin ||

12. sêksana kaos tinêbus | maring wong Menak tumuli | ya ta wau Umarmaya | angajak lunga kêkaring | sapraptanira ing jaba | Umarmaya angling aris ||

13. sarwi asuka gumuyu | payo uwis aja ngaji | manira dhingin miyarsa | ana patih ing Mêdayin | lakune numpêsi bocah | marang ing Yahman nagari ||

14. sêmana lampahe laju | marang ing Arab nagari | lawan nèng nagara Mêkah | wus manjing sudara wèdi | maring rama pêkênira | kêlangkung dènnya awor sih ||

15. duk sira lair lan ingsun | malah-malah dèn tinggali | sira êmas pitung unta | kang saunta maring mami | malah ta sira pinêca | ing têmbe dadi prajurit ||

16. lah apa gêgamanipun | wong arsa andon ajurit | nora duwe panah lawan | pêdhang duduk kalawahi | gada gandhi alugora | rajang bindi lawan lêmbing ||

17. santatama lawan tulup | sarampang jêjirêt tamsir | wong Menak alon [alo...]

--- 1: 98 ---

[...n] lingira | lah payo padha ngulati | ênggone wong adol panah | gya mara rare kêkalih ||

18. kalih praptèng wismanipun | panggih wong adol jêmparing | gandhewa wus tinarikan | sadaya panggih cam sami | laras ingkang akas-akas | kabèh samya dèn cobani ||

19. gandhewa pêpitu putung | kang adol panah lingnya ris | sirèku dudu manungsa | kuwatmu tanpadhèng janmi | dol-dolan ingsun gandhewa | kagêm maring para aji ||

20. hèh wong Menak sun atutur | mring sira sun angrawati | wus pirang-pirang turunan | wasiyat kang sun rawati | gandhewa kagila-gila | bobot wolung atus kati ||

21. caritane duk karuhun | iku kagungane Nabi | Iskak prajurit minulya | salawase anèng mami | sun gêpoka bae ora | angkêre kêpati-pati ||

22. tan ana kang kêlar nambut | têturunan saking nabi | kêndhêng jêmparinge pisan | endhongira maksih lami | lamun sira kêlar ngêmbat | aja kudu nganggo picis ||

23. pêsthi sira kang anggadhuh | salawase anèng mami | tan ana kawasa mulat | sasmitane padha wêdi | dene panah têturunan | nulya dèn ambil tumuli ||

24. sinungkên tinampan sampun | wong Menak mèsêm ningali | dene pelag kang gandhewa | kêndhênge pinasang aglis | gumêrot ing swaranira | kapiyarsa angajrihi ||

25. pinasang jêmparingipun | linêpasakên [li...]

--- 1: 99 ---

[...nêpasakên] tumuli | ambênêri dhung-undhungan | sênuk liwat kajêmparing | lajêng butul panah liwat | anêrus dhatêng kang bumi ||

26. punang jêmparing nêraju | gawok ingkang andarbèni | wus pinêsthi duwèkira | dene sira kuwat narik | nadyan kèh bêbantên ingwang | sakèhe gandhewa mami ||

27. wong Menak lingira arum | iki wus lêga tyas mami | nanging ta maksih kuciwa | durung ana sun guroni | wong adol panah angucap | ing kene ana wong luwih ||

28. tate ginuron wong agung | ing kaprawirane jurit | Radèn Ambyah atêtanya | apa adoh saking ngriki | wong adol panah atêdah | wong Menak lajêng lumaris ||

29. sêmana lampahe rawuh | kang arsa dipun guroni | nuju sakit wêtêngira | wong Menak lingira aris | Marmaya sira golèka | dhukun ingkang anambani ||

30. maring bakal guruningsun | Marmaya mêsat tumuli | wong kang sakit lajêng pêjah | wong Menak ngungun kêpati | tambuh-tambuh solahira | kêkaring pinggir wanadri ||

31. nulya ana wong kadulu | saking têngahing wanadri | panganggene sarwa abang | angawe-awe marani | dupi wus cêlak wong Menak | astane cinandhak aglis ||

32. sêmana lajêng winuruk | tandange wong anjêmparing | lan winuruk wong amêdhang | kêlawan winuruk aji | pêtak mawi gara-gara | sadaya wus dèn tampani ||

33. kaol ing satêngahipun |

--- 1: 100 ---

guru iku Jabarail | sawusnya sagêd sadaya | gya musna datan kaèksi | wong Menak lêga tyasira | wangsul mring panggonan malih ||

34. lan Umarya kapêthuk |[1] anulya dèn bêbisiki | yèn sampun lêga tyasira | wus ana kang dèn guroni | tutur mulabukanira | Umarmaya asêsirig ||

35. malangkêrik sarta muwus | wus bênêr kang nyêtha nguni | wus ngisenan kayuwanan | duk lagya mênthang jêmparing | kang abobot patang lêksa | limang lêksa rampung sami ||

36. gandhewa rinangkêp pitu | bobot matang lêksa sami | tinarik sarêng panggih cam | iku wus nganèh-anèhi | wong Menak lon wuwusira | kuda durung duwe mami ||

37. Radèn Umarmaya muwus | payo mulih mring nagari | ramanira duwe kuda | gêdhene anglêliwati | nanging cacade agalak | tan ana wani nunggangi ||

38. sigra kalih lajêng mantuk | sapraptanirèng jro puri | lajêng marak ingkang rama | anulya sinapa sami | apa ana karyanira | de sira marak ing mami ||

39. kang putra lon aturipun | punika wontên turanggi | kang galak kawula pinta | kang rama ngandika aris | iku jaran liwat galak | aja sira wani-wani ||

40. kang putra mêksa anuwun | ngandika sang adipati | lah iya sakarêpira | yèn sira mêksa kêpati | ri sêksana kinambilan | mring Marmaya kang turanggi ||

41. lajêng tinitihan sampun | ingidêrakên [ingidêra...]

--- 1: 101 ---

[...kên] tumuli | lagya antuk rong ubêngan | gigire turăngga palih | gawok kang rama tumingal | Umarmaya kêthip-kêthip ||

42. mele-mele sarwi muwus | mêne ingsun angulati | turăngga ingkang prayoga | marmaya sigra malêncing | marang sajawine kutha | lajêng mindha-mindha druwis ||

43. anuju wong dagang rawuh | saking ing Yahman nagari | anggawa dagangan kuda | agêngira anglangkungi | duk sami kèndêl anêdha | Ki Umarmaya ningali ||

44. lajêng tumut anêrambul | sumrikut lajêng abukti | asebok pamulukira | sadaya mèsêm ningali | sadangunira amangan | tansah ningali ing wuri ||

17. Pangkur

1. kang dèn lirik mung turăngga | Umarmaya pi-api mêrbês mili | mingsêk-mingsêk sarwi muluk | lawan anglirik kuda | ki nangkoda alon dènira amuwus | hèh druwis pagene sira | sasuwene milu bukti ||

2. sira nora pijêr mangan | mung ningali marang turăngga mami | sira sarya sênggruk-sênggruk | nauri Umarmaya | awit katon jênate wong tuwaningsun | gêgarapane turăngga | ki nangkoda muwus aris ||

3. yèn mangkono sira bisa | ulah kuda bisa anênêgari | Marmaya alon amuwus | ingsun anak panêgar | pêsthi bisa nêgari kudanta iku | nangkoda malih angucap | têgarana kuda mami ||

4. yèn mundhaka kudaningwang | kèh wong dhêmên sun ganjar

--- 1: 102 ---

sira benjing | lamun akèh payunipun | kuda binêkta nyêlak | Umarmaya dyan kinèn anitih sampun | kinitêrakên sêksana | tinula abola-bali ||

5. linurugakên sapisan | tan adangu nulya binêkta bali | sêksana sinabêt mamprung | pinati sandêrira | kang turăngga binêkta lajêng anglangut | dangu tan ana katingal | nangkoda tan duwe ati ||

6. ulate apundirangan | wus rumăngsa yèn ilang ingkang wajik | kêlangkung dènnya angungun | ya ta Ki Umarmaya | lampahira sêmana ta sampun rawuh | panggih kêlawan wong Menak | nuju mêng-amêng mring jawi ||

7. anèng satêpining pasar | lawan rare kathah kang samya ngiring | wong Menak alon amuwus | Marmaya olèh kuda | pira jine iku antukira tuku | nauri Ki Umarmaya | ênggon ingsun angapusi ||

8. mara cobanên dèn enggal | apan iku kuda agêng nglangkungi | patut tungganganing ratu | anulya tinitihan | Umarmaya animbangi keringipun | lagya antuk pitung tindak | prodong-prodong kanang laris ||

9. girire turăngga pêgat | Umarmaya ngungunira tan sipi | angucêmil amacucu | batine langkung eman | ingkang duwe turăngga nangkoda rawuh | mulat bathanging turăngga | gigir kuda tugêl palih ||

10. wong Menak alon ngandika | hèh nangkoda apa kudanta iki | nangkoda [nangko...]

--- 1: 103 ---

[...da] alon umatur | inggih jaran kawula | pinalayokakên mring druwis puniku | Wong Agung Menak ngandika | apa sira nora pangling ||

11. maring druwis kang ambradhad | botên pangling rambutipun barintik | amêthèsèl dêdêgipun | muka sapêrti dokan | Umarmaya wus salin busananipun | Wong Agung Menak ngandika | iya iki batur mami ||

12. pira jine kudanira | ki nangkoda turnya dinar sakêthi | kuda kilak saking Êrum | wong Menak angandika | sun ilèni sêparo rêgane iku | manira wèh limang lêksa | nangkoda suka tan sipi ||

13. prasasat nêmu kelangan | datan nyana yèn manggih ili-ili | nangkoda samya anggunggung | iki satriya pelag | paramarta wêlasan ing budinipun | asih maring wong adagang | yèn saking liyan nagari ||

14. wong Menak alon ngandika | ngêndi olih Marmaya angulati | Umarmaya lon umatur | pêkênira sabarna | sun ngupaya antuka ingkang panuju | wong agung malih ngandika | aja catur kèhing rêgi ||

15. nadyan rêgaa sayuta | sok kêlara uga maring wak mami | Umarmaya lajêng ngrasuk | kulambi têtambalan | bêbêd amoh ting saluwir dhêstharipun | gya mêdal ing jawi kitha | lampahira mindha druwis ||

16. wus lêpas ing lampahira | Umarmaya kalunta-lunta maring | gigiring wana amangguh | tilasing pagêr bata | dahat rungkud rinambatan ing rêrumbut [rê...]

--- 1: 104 ---

[...rumbut] | wau sira Umarmaya | midêr lawang dèn ulati ||

17. tan kêpanggih korinira | apan sampun kabrungkus ngoyod sami | tan kêna binuka wau | kèmêngan Umarmaya | mènèk nurut rêrambatan oyod rungkud | wus prapta nginggiling bata | Marmaya kagyat ningali ||

18. ing jrone isi têlaga | toyanira liwat biru awêning | asri uparêngganisun[2] | jêmbangan sarwa gêdhah | rinaringgit jumantên nila lan wungu | abang biru seta jênar | mèsi kang sêkar taluki ||

19. sêsêkaran warna-warna | lan wowohan ing dunya amênuhi | taman punika cinatur | Nabi Iskak kang yasa | yèn amangun kasutapan anèng ngriku | miwah wontên gêdhongira | isi praboting turanggi ||

20. ing samadyaning ujana | ana mèru padmasana rinukmi | kinubêng botrawinipun | pinlipit ing mas jingga | anèng ngriku dhihin palênggahanipun | mèru padmasana êmas | yèn Nabi Iskak martapi ||

21. lan malih wontên turăngga | titihane duk nabi mangun jurit | maksih wontên ing jro ngriku | sarta sakambilira | munggèng gêdhong kilèn taman prênahipun | panggenane kang turăngga | wontên sadhasare bumi ||

22. taman iku datan ana | ingkang ngambah wingit kêpati-pati | lamun ana wong kang lungguh | nèng mèru padmasana | lajêng mêdal swaranira gumaludhug | tăndha tan lila alênggah | ing ênggone gusti nguni ||

23. ya ta wau

--- 1: 105 ---

Umarmaya | wus tumurun saking ngarsa udani | watêse lor lawan kidul | kulon utawa wetan | midêr-midêr Marmaya sarwi angundhuh | wowohan eca amangan | ngalor ngidul angucêmil ||

24. Umarmaya jroning nala | eman têmên warnane taman iki | tan ana kang darbe suwung | muwah nora na ngambah | amubadir lan akèh wowohanipun | kêmbange akèh kêpalang | tan ana ingkang ngundhuhi ||

25. wus dangu Ki Umarmaya | lajêng adus silulup jroning warih | toyane wêning kêlangkung | Marmaya ngrasa nikmat | nulya mêntas angrasuk busananipun | aningali padmasana | kamantyan ebating galih ||

26. dubilah dene apelag | padmasana tan ana kang nglungguhi | ngong cobane sun alungguh | anulya linênggahan | Umarmaya osiking manah gumuyu | mukti têmên raganingwang | lungyèng padmasana rukmi ||

27. mèsêm-mèsêm Umarmaya | kawarnaa wau ingkang turanggi | miyarsa ana wong lungguh | nèng mèru padmasana | langkung krudha mêdal swarane gumludhug | orêg kabèh jroning taman | Umarmaya ciptèng galih ||

28. lah iki swaraning apa | dènnya lungguh Marmaya minggrang-minggring | apa baya iki lindhu | sigra wau tumingal | kuda ngamah-amah kêkupinge kuncup | kadi anguntal-untala | bêgèr-bêgèr mobat-mabit ||

29. Umarmaya tinêrajang | sru gumêtêr datan angrasa urip | turăngga [turăng...]

--- 1: 106 ---

[...ga] lajêng anubruk | malumpat Umarmaya | praptèng jawi osiking manah gêgêtun | kongsi ing tigang pandurat | adangu tan bisa tangi ||

30. singunên ulate biyas | dharodhogan marasira tan sipi | wus sarèh ambêkanipun | sigra tangi lumajar | Umarmaya bundêr dènira lumayu | wus prapta sajroning kutha | kapanggih lan Menak Amir ||

31. ngadhang-adhang Umarmaya | dyan sinapa sira iku duk prapti | apa ta sira wus antuk | kuda kang kuwat mring wang | Umarmaya gumêtêr dènnya umatur | maksih tontonên manira | katujune boya mati ||

32. tinutur duk mulanira | anèng taman miwiti amêkasi | turăngga kang arsa nubruk | wong Menak lon angucap | payo bali Marmaya sun arsa wêruh | Umarmaya saurira | luhung ngaturi upêksi ||

33. dhatêng rama sang dipatya | apan lampah puniki langkung sungil | akathah durgamanipun | sigra umarêk samya | sang dipati lagya siniwakèng wadu | kagyat putra tinakonan | apa karyanira kaki ||

34. kang putra lajêng wotsêkar | gih ta rama kawularsa udani | ing taman gaib cinatur | wontên turangganira | pinggir wana kang taman kêlangung rungkud | sang dipati lon ngandika | ya bênêr tuturmu kaki ||

35. yèn ing taman ana kuda | sayêktine luhurira pribadi | lawan ingsun turun wolu | aran Bagendha Iskak | turanggane isih lawan tamanipun | tan ana [a...]

--- 1: 107 ---

[...na] wani ngalapa | galake kêpati-pati ||

36. malah sring matèni janma | dhihin akèh amatèni prajurit | Mêdayin mrih kuda iku | sadaya tan kawagang | yèn mangkono yêkti ingsun datan asung | abangêt kêwatir ingwang | taman iku luwih singit ||

37. kudèku kadya malekat | Nabi Iskak dhihin duk mangun jurit | puniku titihanipun | nugrahaning Hyang Suksma | kaprabone kabèh pêpêk anèng ngriku | têtopong kêre lan cacap | baruti lawan calimprit ||

38. atanapi rajabrana | maksih wutuh tan ana wani ngambil | marga saking angkêripun | kang putra atur sêmbah | kaya ngapa yèn sira kadrêng ing kayun | nanging padha dèn prayitna | kang putra matur wotsari ||

39. uwis karsaning Hyang Suksma | lara pati dudu bubuhan mami | sigra laju lampahipun | kalihan Umarmaya | tan kawarna ing marga sêmana rawuh | wong Menak lan Umarmaya | nèng prênahe tamansari ||

40. wong Menak alon têtanya | Umarmaya êndi lawange iki | Umarmaya lon sumaur | wus pêjah karambatan | maring oyod margi kawula rumuhun | umanjing Menak kewala | Marmaya malumpat aglis ||

41. praptèng nginggil pagêr bata | nulya mrambat wong Menak dèn uncali | lah niki andika turut | wong Menak lajêng mrambat | ri sêksana lajêng malorod lumêbu | tan tumut Ki Umarmaya [U...]

--- 1: 108 ---

[...marmaya] | maksih kantun anèng nginggil ||

42. wong Menak alon angucap | Umarmaya mudhuna sira aglis | Ki Umarmaya sumaur | sun nèng kene kewala | inggih niku ênggène kuda rumuhun | anèng mèru padmasana | tanpa sung yèn dèn linggihi ||

43. wong Menak midêr ing taman | rêmên mulat nèng jroning tamansari | saênggèn-ênggène ngundhuh | wowohan matêng kathah | Umarmaya tumuruna sira gupuh | lah payo mangan wowohan | Umarmaya anauri ||

44. boya ngong kene kewala | têka sira muktèkêna pribadi | manira tan arsa mudhun | wong Menak alon ngucap | lan mêdhuna Umarmaya payo adus | Umarmaya saurira | dika adusa pribadi ||

45. jêrèh sira Umarmaya | dene iki tan ana kêdhah-kêdhih | datan ana kang asintru | angling Ki Umarmaya | lah boyaa manira tan arsa mêdhun | ing kono sakarêpira | ing kene sakarêp mami ||

46. wong Menak lajêng asiram | sampunira ngrasuk busana nuli | sêsumping amêthik santun | mring mèru padmasana | lajêng lênggah Ki Umarmaya andulu | ing solahira wong Menak | amucicil kêthip-kêthip ||

47. kagyat kang turăngga mêdal | solahira tuhu ngebat-ebati | kumuncup talinganipun | kuda arsa nubruka | Umarmaya saking nginggil cêluk-cêluk | lah wong Menak dèn prayitna | kudèku ngudubilai [ngudubi...]

--- 1: 109 ---

[...lai] ||

48. wong Menak lon saurira | manira wus wêruh mring kang turanggi | praptaa ing ngarsaningsun | măngsa sun gumingsira | kang turăngga malumpat sarwi anubruk | wong Menak mingkis busana | sinarêngan dèn lumpati ||

49. gya cinandhak jomplangira | dyan cinengklak kinêtab nandêr pati | nèng taman nandêr ping têlu | tinut atining kuda | sapuruge tansah maksih dèn lêlajur | yèn janmaa kuda ngucap | iki baya wong ing ngêndi ||

50. dene bobote kalintang | padha lawan bobote kangjêng nabi | iki baya turunipun | sêdhêng sun ngawulaa | pan mangkene dhihin bobote gustiku | kala nitih gigir ingwang | iya uga iki mirib ||

51. kinêtab mogok kewala | pan wus anut wong Menak anuruni | ingusap dèn êlus-êlus | kêkinthil anèng wuntat | Umarmaya umiyat yèn kuda tutut | sigra mêdhun dharakalan | kurma matêng kang dèn incih ||

52. mangan kurma cikrak-cikrak | Menak Amir asru dènira angling | mêne lêga atiningsun | olèh agêm turăngga | lah bukanên Umarmaya gêdhong iku | manawa isi kêkapa | padha gawanana mijil ||

18. Mijil

1. Umarmaya tumandang tumuli | ambuka kang gêdhong | saprabote kuda pêpak kabèh | miwah topong kêpraboning jurit | pêdhang tamèng sami | ginawa umêtu ||

2. isine gêdhong wus amêpêki | baju lan têtopong |

--- 1: 110 ---

gada bindi sarampang lan kêre | kalawahi miwah cacap lêmbing | tanapi calimprit | sumawana tulup ||

3. coh marajang jirêt lawan siring | jambia jêjorong | pasêr duduk sarampang parise | santatama lugora jêmparing | sasodhok lan singkring | sarampang salumprung ||

4. rajabrana sadaya marnani | rêtna ting pancorong | tan petungan mutyara widure | ambranang mas tan kêna winilis | pirang-pirang dhacin | rêtna ngundhung-undhung ||

5. Umarmaya cêngêng aningali | ngucêmil malompong | kathah têmên wong Menak isine | kadi wontên pangaji puniki | lamun winêtawis | sèwu yuta langkung ||

6. Radèn Ambyah suka ngandika ris | Marmaya karsèngong | dunya iku kagawaa kabèh | apa ingkang ginawe ngusungi | dèn sabar rumiyin | Marmaya gya mêtu ||

7. ngungak-ungak Marmaya ningali | ana rare angon | blêgêdaba lawan unta kabèh | Umarmaya sêksana umijil | saking tamansari | mawa kurma agung ||

8. wus dèn urap lawan darubêsi | mring gèn rare angon | mung lêlima kang sinèjèkake | ingkang badhe pinangan pribadi | rare dèn papengin | kabèh samya jaluk ||

9. wus dinuman sadaya wêradin | sagung rare angon | duk pinangan samya ting talèlèh | labêt sami kenging darubêsi | untane giniring | blêgdaba lan sênuk ||

10. sapraptanira ing tamansari |

--- 1: 111 ---

Marmaya maring jro | matur lamun wus antuk unta kèh | bata lajêng binêdhah tumulih[3] | rajabrana sami | dèn usungi mêtu ||

11. dinandanan winot ngunta sami | binrayud ing oyod | blêgêdaba wus kawotan kabèh | miwah unta sampun dèn wowoti | rajabrana brêsih | tan wontên kang kantun ||

12. kang turăngga sampun dèn kambili | sarwa kêncana byor | wora-wari samya bêbadhonge | kinêrèn mas samya kinakitir | prabotira sami | tinon kadya daru ||

13. tinapukan ing mas pinalipid | mirah intên ijo | kanang praba lir lintang gêbyare | Radèn Ambyah lingira amanis | kuda sun arani | kalisahak mungguh ||

14. Marmaya ngling inggih wus prayogi | nulya sarêng miyos | Menak Amir alon timbalane | rare angon tambanana sami | dimèn padha ngiring | maring untanipun ||

15. benjang praptèng pura dèn opahi | kabèh rare angon | risêksana tinambanan kabèh | rare angon wus sami anglilir | kagèt aningali | marang untanipun ||

16. dèn wowoti sagung barana di | Marmaya lingnya lon | lah giringên untanira kabèh | yèn wus prapta ing gon sun opahi | rare angon sami | lampahira dulur ||

17. duk sêmana misuwur samargi | akèh wong nênonton | yèn wong Menak antuk dunya akèh | lan turăngga kang nyiluman kêni | jalu lawan èstri [è...]

--- 1: 112 ---

[...stri] | ing marga supênuh ||

18. samya ebat sadaya ningali | rare roro kaot | kadya rare kajiman solahe | kang dèn ucap siyang lawan ratri | datan wontên malih | mung rare puniku ||

19. dene solahira ngrêspatèni | sadaya wong gawok | liwat anèh sabarang solahe | nora nana manusa kadyèki | tan ana nimbangi | kabèh kadangipun ||

20. samya gawok ningali turanggi | tan limrah kudèng wong | patut êjin puniku kang duwe | samya ebat mulat barana di | mas rêtna di-adi | tan petung gungipun ||

21. kunêng gantya Arya Dul Muntalib | duk miyarsa wartos | saking gumyahing warti wong akèh | saya rame ing samargi-margi | kwèhning kang ngrasani | yèn wong Menak wau ||

22. lan Marmaya maring tamansari | antuk brana kaot | langkung kathah lan kuda kang anèh | sampun kenging lawan dèn titihi | binusanan adi | cingak kang andulu ||

23. sarta ngiringakên barana di | ya ta ing kêdhaton | sang dipati duk myarsa wartane | langkung gawok mring solahing siwi | dandan sigra mijil | mêthuk putranipun ||

24. saha bala praptanirèng jawi | kitha putra katon | ingkang rama mêthuk sakadange | Menak Amir mêdhun sing turanggi | lajêng angabêkti | mring rama rinangkul ||

25. lajêng lampahira tan winarni | wus praptèng kêdhaton | rare angon lawan blêgdabane | unta kinèn [ki...]

--- 1: 113 ---

[...nèn] gawa mulih sami | nulya dèn ganjari | sakêlangkung nuhun ||

26. gya pinara lima kang brana di | saduman maring wong | pêkir miskin kawêratan kabèh | saduman katur ing rama nuli | kang saduman maring | kabèh kadangipun ||

27. amung mêndhêt saduman Sang Amir | Umarmaya kinon | angambila kang saduman bae | sampun rata unggyanirambagi | wong ing Mêkah sami | sukane kêlangkung ||

28. lan wong jawi kang nèng têpis wiring | jajahan kang adoh | samya kiniriman brana kabèh | dadya sangêt sami amêmuji | dene maksih alit | budi darma punjul ||

29. kawulane kathah kang samya sih | lulutira kasok | dènnya sumèh alus bêbudine | sih ing wadya sadu ambêg siwi | andhap asor lungid | paramarta lulut ||

30. lilèng dunya noragèng wêwadi | tan mengo pasêmon | wêdharing tyas tan akarya wêlèh | Radèn Amir ing salami-lami | sêmangkin gêng tuwin | cahyanira mancur ||

31. ingkang rama wau kang winarni | parentah ingkang wong | adandana arta lan pangangge | arsa nglampahakên bulubêkti | mring Yahman nagari | putranya têtêlu ||

32. Dyan Ngabdulah Ngabas Abuntalib | kang badhe kinongkon | putra tiga winangsitan kabèh | lamun sira padha dèn takoni | mring arinta kaki | poma aja ngaku ||

33. lamun marakakên bulubêkti | saurana goroh | angakua lunga dagang bae | ya ta wus dandan pikulan [piku...]

--- 1: 114 ---

[...lan] sami | jagul winitawis | wontên kawan èwu ||

34. Radèn Amir mirsa amarani | sarwi atêtakon | kakang Ngabas punapa karsane | kangjêng rama dandan arta iki | utusan mring pundi | dene arta agung ||

35. ingkang raka anauri angling | yayi jênêng ingong | kinongkon de jêng rama yêktine | lunga dagang ing Yahman nagari | matur Radèn Amir | kakang kula tumut ||

36. aja mèlu dudu karyanta ri | lan parane adoh | pae aku kakangira kabèh | wus gawene dagang sangkan alit | karyanira yayi | dagang iku dudu ||

37. ingkang rayi aturira aris | tan adagang ingong | yun uninga nagara sanèse | kang rama ngling mêngkonoa ugi | ywa sira narêngi | kakangira iku ||

38. angur sira kasukana kaki | bêbêdhag anggrogol | ambêburu lawan rare akèh | sira nora kurang anak mami | kang putra wotsari | lah ta inggih sampun ||

39. lamun parêng kawularsa uning | jajahan kang adoh | nulya mêdal Marmaya rewange | ingkang rama ngandika mring siwi | têtiga yèn uwis | payo mumpung esuk ||

40. batur kabèh kêthikana sami | yèn Si Ambyah takon | konên ngaku lunga dagang bae | ingkang putra katiga wotsari | dyan mangkat tumuli | wong mikul andulur ||

41. Umarmaya ya ta kang winarni | mring wong Menak takon | sira apa wus ngrungu wartane | kakangira [kakangi...]

--- 1: 115 ---

[...ra] mawa arta maring | ing Yahman nagari | wèh upêktinipun ||

42. pasthi bungah wong Yahman dèn sungi | arta lan panganggo | de jêng rama tan ana owêle | sakèh arta ginawe upêkti | ngur sira lan mami | kang ngambila iku ||

43. yèn aparêng payo atut wuri | mêmanuki adoh | lamun kèndêl iya milu rèrèn | saking wuri aywa na udani | yèn pikul lumaris | nèng wuri tut pungkur ||

44. Radèn Ambyah suka anuruti | payo kudangingong | Umarmaya kambilana age | lan motana kapraboning jurit | Marmaya lumaris | tan adangu rawuh ||

45. lajêng nitih turăngga Sang Amir | kinêtab tan alon | Umarmaya ambuntut lakune | wus untap-untapan anèng margi | nanging tan kaèksi | anilib ing laku ||

46. ingkang raka mandhêg angèndêli | anèng wuri adoh | miwah tan katingal mring wong akèh | sampun lêpas lampahe nèng margi | antuk tigang ratri | lampahe cinatur ||

47. lamun ingkang raka katri sami | lan sawadya mondhok | rare kalih mondhok ing don seje | yèn lumampah samya atut wuri | yèn kasompok sami | rare kalih mundur ||

19. Durma

1. ya ta wau lampahe Radèn Ngabdulah | lan ari Abuntalib | tuwin Radèn Ngabas | kunêng gantya winarna | sang prabu ing Ngalabani | ratu digdaya | akasub ing ajurit ||

2. ratu dibya kèringan [kèring...]

--- 1: 116 ---

[...an] ing parangmuka | bisikaning narpati | sira Mraja Masban | kêkalih putranira | samya jalu pêkik-pêkik | ingkang atuwa | Radèn Maktal prajurit ||

3. kang taruna anama Rahadèn Sarkam | ingkang sêpuh tinari | anyambuta krama | nuli madêga nata | nanging datan anuruti | marang kang rama | lumuh kêpati-pati ||

4. ciptanira besuk arsa krama ingwang | lawan umadêg aji | yèn wus raganingwang | olèh bêdhah nagara | bănda ratu boyong putri | yèn tan prawira | wirang madêg narpati ||

5. dadya mothah Radèn Maktal mring kang rama | ingkang rama nuruti | nêdya akêlana[4] | anjajah andon yuda | bêkta salêksa prajurit | lan kawan nambang | sami tus wani mati ||

6. Radèn Sarkam arsa milwa tan sinungan | dènnya amêksih alit | ya ta Radèn Maktal | kentar saking nagara | ingiring dening prajurit | kang kawan nambang | samya mantri sinêlir ||

7. samya nitih turăngga atêtapukan | balitung kang kinardi | kinêrèn kang kuda | samya èbèg têmbaga | sasab limase walulin | kang sikêp tinggar | gangsal èwu ing ngarsi ||

8. kang asikêp pêdhang tampir[5] wong sanambang | samya kinêrèn wêsi | tulup kang sanambang | sèwu kang sikêp panah | samya têtopong mas adi | Rahadèn Maktal | busananira adi ||

9. yèn cinăndra dêdêgira Radèn Maktal | tuhu satriya pêkik | dêdêging pidêgsa | wijang

--- 1: 117 ---

bêbaunira | sarira lurus aramping | kadya ngongotan | cahya wênês amanis ||

10. lampahira datan winarna sêmana | apan ta sampun prapti | yèn amanggih kitha | siniwêr jawènira | yèn ratune amiyosi | anaa pira | prajurite ginitik ||

11. pêsthi rêmpu miwah yèn ana ing wana | kapranggul para aji | ingkang apêpara | tuwin mring nagri liya | bêgta salêksa prajurit | nadyan rong lêksa | rêmpu dipun pêrangi ||

12. apadene lamun ana wong adagang | kêpapag ing wanadri | nadyan sing anaa | rong lêksa dipun lapgang | kathah kutha tutup kori | yèn amiyarsa | kêlana andon jurit ||

13. apan kasub yèn Radèn Maktal digdaya | mila jajah nagari | saking kirang lawan | tan ana nadhahana | yèn Radèn Maktal jêmparing | watu saarga | katêmpuh pan gumingsir ||

14. praptèng tanah Yahman dènnya akêlana | karsa manjing nagari | wadyanira sayah | milanira gêgubah | angalang mêpêti margi | yèn na wong liwat | satriya pra dipati ||

15. miwah lamun wong adagang dipun lapgang | pakuwon kapit ardi | têngah alêlêbak | dènira agêgubah | lèr kidul kilèn pan ardi | mung balanira | samya manuki margi ||

16. pan katingal wong kathah liwat ngrêrêmbat | tingkah kadi upêkti | dede wong adagang | kathah kang guru dadya | wadya tur uning ing gusti | wontên wong liwat | kadi bêkta upêkti [upê...]

--- 1: 118 ---

[...kti] ||

17. dyan siyaga wadyanira Radèn Maktal | samya gambirèng wèsthi | bala sikêp tinggar | gumêrdêg munggèng ngarsa | wong sikêp panah nambungi | kasundhul marang | wong sikêp pêdhang tamsir ||

18. Radèn Maktal sampun anitih turăngga | ingayap pra prajurit | sagung upacara | tan lali prênahira | aglar munggèng kanan kering | barising wadya | wus anyênyiyung margi ||

19. wong ing Mêkah sadaya awas tumingal | na baris ngalang margi | Rahadèn Ngabdulah | Buntalib lawan Abas | aparentah marang dasih | padha mandhêga | lagi ana wong baris ||

20. ngalang dalan iku wong arêp jêjarah | wong arêp bahak iki | Rahadèn Ngabdulah | mojar mring arènira | paran budènira yayi | apa ngêsrahna | apa pinagut jurit ||

21. yèn pagutên apa ta iya kuwawa | wongira iku yayi | patang èwu ana | nanging padha wong desa | wong kang ngalang dalan iki | padha sêliran | tur samêktèng ajurit ||

22. Radèn Abas umatur dhatêng kang raka | lamun inggih suwawi | luhung pinaguta | upama yèn anuta | binoyong badan puniki | pan sami uga | wêkase lan ngêmasi ||

23. ingkang raka anuruti arènira | hèh wong Mêkah dèn aglis | padha sêseleha | pikulan kumpulêna | abêcik padha dhingini | sêrangên uga | angur ambêka pati ||

24. parandene yèn kalah sira jinarah | sigra wong Mêkah sami | umangsah manêngah | rêmpêg pangamukira |

--- 1: 119 ---

Radèn Maktal wus kaèksi | munggèng turăngga | pan sarwi dèn payungi ||

25. wadyanira mêndhak tarap kering kanan | gamêng kang anèng wuri | ya ta bala Mêkah | kagèt apuliringan | prasamya lumaywèng wuri | Rahadèn Abas | asru dènira angling ||

26. hèh wong Mêkah apa karane lumajar | têka sêrangên ugi | ya ta turing bala | inggih radèn punika | wontên ingkang dipun iring | dene wong begal | satriya winêtawis ||

27. dene dipun ayap ing pra mantri kathah | upacarane asri | kathah kang ampilan | mojar Rahadèn Abas | aja lumayu tumuli | padha takona | iku satriyèng ngêndi ||

28. bala Mêkah anguwuh-uwuh têtanya | sarwi amarêpêki | hèh wong ngalang dalan | iya ingkang kêlana | iku satriya ing ngêndi | arane sapa | gustimu kang koiring ||

29. wadya Ngalabani anauri samya | pan gustèningsun iki | iya nora nana | roro têtêlu ika | satriya ing Ngalabani | Rahadèn Maktal | langkung prawirèng jurit ||

30. duk miyarsa Radèn Ngabdulah lan Abas | suwarèng wadyanèki | batur lumayua | nanging aja na pisah | padha arêbuta urip | wadya ing Mêkah | sadaya amiyarsi ||

31. sêdyaning kang gustènira mrih raharja | sigra sarêng alaris | Rahadèn Ngabdulah | Buntalib lawan Abas | prasamya lumakwèng wuri | bubar lorodan | pikulan dèn tinggali ||

--- 1: 120 ---

32. balanira Radèn Maktal nora nana | kang sêdya mêmatèni | samya ngusung arta | binêktèng pamondhokan | gêntya bala Mêkah sami | ingkang lumajar | wong Menak kang winarni ||

33. lawan Umarmaya kapêthuk ing marga | kang raka angling aris | sira iku Ambyah | kêpapag anèng marga | ingsun puniki prihatin | de lagi ana | satriya ngalang margi ||

34. dadya ingsun karubêdan marang sira | payo lumayu aglis | ana wong bêbegal | kang rayi aturira | kalingan dika puniki | samya lumajar | ana wong ngalang margi ||

35. gih manira kakang arsa katêmua | lawan kang ngalang margi | satriya kêlana | angling Radèn Ngabdulah | aywa siwa amanggihi | yayi manawa | kêbahak satriyèki ||

36. apan iku iya satriya digdaya | ing Ngalab kang nagari | aran Radèn Maktal | marmane akêlana | kurang lawan ing ajurit | sabalanira | samya wigya ing jurit ||

37. ari matur nadyan silih mêkatêna | ujar kawula wani | inggih kêpanggiha | kang raka katri mojar | anglilani ingsun iki | yèn sira mêksa | nanging dèn ngati-ati ||

38. inggih kakang sun rêbute arta ika | kang padha dèn ambili | payo Umarmaya | aja doh lawan ingwang | inggih sampun walangati | kêlangkung suka | giro-giro sêsirig ||

39. cikrak-cikrak Marmaya nèng buntut kuda | kalisahak dèn cumêti |[6] nandêr kadya kilat | wau pun kalisahak | iku

--- 1: 121 ---

Marmaya tan kari | sabangêtira | kuda nandêr nututi ||

40. ya ta mulat balanira Radèn Maktal | yèn ana wong nututi | matur gustènira | wontên têtiyang prapta | Radèn Maktal ngandika ris | ana wong pira | inggih naming kêkalih ||

41. kang satunggil anitih turăngga pelag | dharat ingkang satunggil | angling Radèn Maktal | ya padha balènana | manawa akèh nusuli | prajuritira | Radèn Maktal kêkalih ||

42. samya andêl satunggil aran Sapardan | lawan pun Daundari | ya ta bala Mêkah | lawan kang para kadang | samya têmbang walangati | samya pinêpak | kinèn sami ngêtêbi ||

43. kang ayuda pan sampun ayun-ayunan | Marmaya asru angling | wong Menak manira | dhingini kang maguta | iya sakarsanirèki | sigra Marmaya | mangsah sarwi sêsirig ||

44. ngagêm paris dluwang panjange sakilan | ambane patang nyari | bondi kang dèn asta | dawane ming sakilan | gêdhene sak garan arit | acikrak-cikrak | ngawe acêrik-cêrik ||

45. Radèn Maktal gumujêng sarwi angucap | prajayanên si anjing | dening cacêndhalan | nêmbah Sapardan mangsah | gumujêng sarwi ningali | iki wong apa | sosong edan ing jurit ||

46. eman têmên nêmu mungsuh kaya sira | eman digdaya mami | ingsun wus kawilang | prajurit kinawasa | tate ambănda bupati | monyèt ta sira | tan pantês sun lawani ||

47. Umarmaya asru dènira [dè...]

--- 1: 122 ---

[...nira] angucap | nora nana prajurit | yèn nampika lawan | dasih-dasih ta sira | arêp lumayua isin | sira Sapardan | muncêrêng anudingi ||

48. hèh mêmonon baya sira iku kêmat | tan anganggo ling-aling | apa tamèngira | daluwang mung sakilan | sira adokakên jurit | Marmaya ngucap | pagene ta praduli ||

49. payo têkakêna anjing karêpira | Sapardan asru angling | nêrajangkên kuda | si bêlis alimaa | sun rêmêd muka sapêrti | awora candha | dhuh-adhuh mêngko mati ||

50. Umarmaya lumumpat ana rong dhêpa | ngungkuli kudanèki | Sapardan punika | pinasêr netranira | binondi kêpalanèki | pêcah mancurat | Sapardan nibèng siti ||

51. kudanira Sapardan sampun ingalap | ingundurakên aglis | sampun tinampanan | dening bala ing Mêkah | Marmaya malêsat bali | wongira Maktal | kang aran Daundari ||

52. angrapakên turăngga anganggar gada | Marmaya mumbul aglis | ana patang dhêpa | arsa sinabêt gada | sakêdhap mubêng nèng kering | sinabêt kiwa | manêngên ubêngnèki ||

53. mobat-mabit Daundari gadanira | rikat Umarmayèki | nusul longan kuda | dharêsêl ing wêlakang | konthol kuda dèn cêkêli | turăngga jingkat | Marmaya konthal-kanthil ||

54. mèkèh-mèkèh kuda walakange bênggang | bramatya Daundari | sinogok [sinogo...]

--- 1: 123 ---

[...k] ing gada | Umarmaya malêsat | nurut buntuting turanggi | mumbul sadhêpa | ambondi saking wuri ||

55. Daundari sinêking gulune pagas | êndhasira cinangking | badan tibèng lêmah | kuda sampun ingalap | tinampèn mring wuri malih | sigra Marmaya | kalepat wangsul malih ||

56. balanira Radèn Maktal kang tumingal | eram prasamya wiwrin | mulat tingkahira | ana prajurit mara | linumpatan dhasirèki | binondi pêjah | kang kari samya ngisis ||

57. sami matur bala maring gustinira | luhung tuwan tandangi | pan bala paduka | samya giris umiyat | ing tandange kadya bêlis | sagung prawira | kamirumabên sami ||

58. Radèn Maktal bramatya ngêtab turăngga | umangsah angawaki | Umarmaya miyat | yèn satriyane mangsah | lumayu asipat kuping | warti wong Menak | dawêg dandan ajurit ||

20. Asmaradana

1. panggêdhene kang ngawaki | yèn suwawi lan paduka | pan kawula nêdha lèrèn | mèsêm mujar Radèn Ambyah | iya sira lèrèna | sigra wong Menak umagut | wus panggih ayun-ayunan ||

2. Radèn Maktal tanya aris | prajurit sapa ranira | dene bagus misih anom | sumaur kang tinakonan | ingsun kang aran Ambyah | sutanira Arya Ngabdul | Mutalib Dipati Mêkah ||

3. sirèku satriya ngêndi | misih anom anglêlana | dene durung luwas gêtèh [gê...]

--- 1: 124 ---

[...tèh] | anjajah praja don aprang | sumaur Radèn Maktal | sira atanya maring sun | ya ingsun kang aran Maktal ||

4. putra Nata Ngalabani | apa sira wani mring wang | payo têkakêna age | apa kang ana ing sira | Radèn Ambyah wuwusnya | abêcik sira karuhun | mara apa karsanira ||

5. Maktal sumaur abêngis | lah iya sira dèn yitna | tadhahana panah ingong | sigra amênthang gandhewa | tan antara lumarap | tinangkis parisanipun | punang jêmparing malêsat ||

6. anibani sela nênggih | kang sela dadi galêpang | Rahadèn Maktal wuwuse | hèh ampuh ta sira Ambyah | dêmi guru mêmanah | tan ana kuwawa iku | anangkis pêmanah ingwang ||

7. sun tamakna gunung wêsi | jêmparingku mêsthi liwat | sira tangkis ing parise | panah ingsun tan tumama | lah iya dèn prayitna | sun pindho pinênthang sampun | jêmparing sigra lumêpas ||

8. kinipat ing paris wêsi | anibani dhung-undhungan | lêmah dhungkar panah lolos | saput têkèng êlarira | gawok Rahadèn Maktal | angêtab turangganipun | mara sarwi narik pêdhang ||

9. kudhunga parismu wêsi | dèn prayitna ingsun pêdhang | Dyan Ambyah kudhung parise | sigra tumêmpuh kang pêdhang | tumancêp tamèng waja | patang nyari panjingipun | parise sigra kinipat ||

10. pêdhang tikêl tibèng siti | kari kêpala kewala | ana sayuta ajine [aji...]

--- 1: 125 ---

[...ne] | binalangakên sêksana | dhatêng Rahadèn Ambyah | tinangkis cêmêthi muluk | ulu pêdhang tibèng lêmah ||

11. tarutul Marmaya ngambil | Radèn Maktal asru mojar | bêlis gawanên marene | iku ajine sayuta | sumaur Umarmaya | iya uwis ukumipun | dandanan wus tibèng lêmah ||

12. Radèn Maktal asru angling | yèn sira nora balèkna | tandhahana panah ingong | anauri Umarmaya | ingsun măngsa wêdia | marang ing tatah warnamu | Ki Umarmaya pinanah ||

13. malêsat marang wiyati | awêtara tigang dhêpa | sarwi nyalênthik panahe | gandar tugêl tibèng lêmah | jinotos Radèn Maktal | gêgithokira anjumbul | angêsês pan krasa lara ||

14. wong Menak lingira aris | kurang gawe sira Maktal | aprang dèn gawe gêguyon | ilang kaprawiranira | linawan cacêndhalan | Radèn Maktal nyandhak lawung | wong Menak sigra tinumbak ||

15. cinandhak waosira glis | pinêcat saking landheyan | binuwang sarya ngling alon | sira durung abiyasa | rakite wong nênumbak | sigra lawunge rinêbut | mêngko sun wuruk nênumbak ||

16. sigra lawunge binalik | binuntar Rahadèn Maktal | tiba saking turanggane | linumpatan jajanira | anulya tinindhihan | marang Kya Umarmayèku | sarya ngling ginorok pisan ||

17. dimèn ambanjur ngêmasi | Radèn Ambyah angandika [a...]

--- 1: 126 ---

[...ngandika] | Marmaya takokna bae | apa ta arêp palastra | miwah arsa uripa | Rahadèn Maktal umatur | kawula têluk kewala ||

18. mèsêm Ambyah anauri | iya sira angucapa | ujar ingkang sabênêre | Radèn Maktal sigra ngucap | Nabi Brahim agama | lajêng inguculan sampun | Radèn Maktal sigra nêmbah ||

19. apan sarwi matur aris | kawula abasa kakang | sathithik pan tuwa ingong | sêtaun măngsa kacèka | dene sun wus kasoran | marmane mangandhap ingsun | ngling Ambyah iya prayoga ||

20. kakang lah kula aturi | dhatêng panggubahan ingwang | sira Ambyah lon ature | lah iya sakarsanira | sigra sarêng umangkat | Ki Umarmaya tan kantun | praptèng pamondhokanira ||

21. wong Menak ngandika aris | yayi ana kadang ingwang | padha turana marene | kêlawan balane pisan | ya ta Rahadèn Maktal | anuduh ing wadyanipun | angaturi para kadang ||

22. tan adangu nulya prapti | radèn andika ngaturan | ing gusti kula rahadèn | kêlawan rayi paduka | kang akèn ngaturana | gya radèn katêlu sampun | mangkat saha balanira ||

23. datan adangu wus prapti | samya ngancaran alênggah | lajêng bojana sêgahe | langkung sih dènnya sudara | sirambyah alon mojar | yayi balanira iku | kabèh salina agama ||

24. sadaya sampun agami | sabalane Radèn Maktal [Ma...]

--- 1: 127 ---

[...ktal] | wong Menak malih wuwuse | alah yayi kakangira | lakune maring Yahman | arta kang dera pèk iku | gêgawane maring Yahman ||

25. kang kinarya bulubêkti | umatur putra ing Ngalab | inggih kakang botên kalong | inggih arta mêksih wêtah | sintên purun ngêlonga | Radèn Ngabdulah amuwus | iya yayi sun tarima ||

26. Radèn Maktal matur aris | kawula tumut mring Yahman | Radèn Ambyah lon wuwuse | yayi aja milu sira | tutugna karyanira | ambêdhaha nagara gung | kabèh padha Sêlamêna ||

27. yèn ana băngga ngagami | kabèh ratu tumpêsana | aran balanira akèh | manawa ngagamanira | besuk yèn wus pêragat | nuli nusula sirèku | sun antèni nagri Yahman ||

28. Radèn Maktal matur aris | inggih sandika kawula | inggih kawula cêkêle | nagari kang maksih kopar | nadyan ratu prakosa | tan wande kawula rêmuk | yèn datan purun nungkula ||

29. ingsun tumpês sun jarahi | sêksana sami siyaga | miwah para kadang kabèh | wong Mêkah dandan pikulan | apan ta sami wêtah | kadang-kadang sadayèku | arsa lajêng dhatêng Yahman ||

30. miwah wong Menak tan kari | wus amit ing Radèn Maktal | tuwin para kadang kabèh | pamit sarya rêrangkulan | pan kocaping carita | tigang ari tigang dalu | dènnya tunggil pagubahan ||

31. budhal pêpikul anggili | ing marga datan winarna | apan [a...]

--- 1: 128 ---

[...pan] wus lami lampahe | lampahan rong puluh dina | saking ing pagubahan | prapta pinggir watêsipun | têlatah nêgari Yahman ||

32. pan kèndêl wontên ing jawi | kitha anganti timbalan | pinapag sampun adate | yèn upêkti Mêkah prapta | wong jro kutha amapag | tinampan ing jawi pintu | mangkana Radèn Ngabdulah ||

33. parentah maring ing dasih | pikulan tumpukên padha | pipining lawang sakèthèng | ingsun kang laju mring kitha | matur mring Natèng Yahman | kêlamun upêkti rawuh | kang rayi Dyan Ambyah mojar ||

34. kawula kantun nèng ngriki | atêngga tumpukan arta | lan pun Umarmaya bae | Radèn Ngabdulah graita | mengo ing Radèn Abas | arinta sakarsanipun | kari nèng jawining kitha ||

35. Radèn Abas abêbisik | sakarsane tinurutan | sampun anyêgah wong anom | pan wus ginanjar dèning Hyang | kangmas rayi paduka | rare tiyasèng pakewuh | Radèn Ngabdulah lingira ||

36. lah iya karia yayi | dene kadang-kadangira | sun irid marêk sang katong | apan wus tamtune kuna | yèn ingong tur upêktya | pinapag jawine pintu | mring dutane Natèng Yahman ||

37. asuwarèng marang dasih | pikulan tumpukên padha | jawining lawang sakèthèng | jagulah padha karia | ya ta tinumpuk sigra | umangkat radèn katêlu | Ngabdulah Buntalib Abas ||

38. saungkure kang raka tri | marêpêki [marê...]

--- 1: 129 ---

[...pêki] Umarmaya | mring Ambyah alon ature | arta punika akathah | eman lamun wèwèhna | mring Ratu Yahman puniku | sabên taun wèwèh arta ||

39. ramanta salah kêpati | dene tan wêruh ingeman | awèwèh dudu sanake | ngandika Rahadèn Ambyah | arta iku bagean | Ki Umarmaya umatur | bagean cacêlèk menda ||

40. karsa manira ing mangkin | praptaa kang ngusung arta | manira kang boya awèh | andika angukuhana | lingira Radèn Ambyah | sakarsanira sun turut | sêksana Ki Umarmaya ||

41. acerong angus lan kunir | apu kinarya wawêdhak | lênga têlêng ngarok-arok | kinarya sêsumpingira | mimba setan kang warna | Marmaya saparti antu | linggih têtumpukan arta ||

42. tumpukan arta pinalih | ingkang sêpalih wong Menak | ingkang pinrênah linggihe | wong Mêkah kang kari iya | samya kinèn angiwa | mangkana ingkang winuwus | sri naranata ing Yahman ||

43. enjang duk miyos tinangkil | andhèr ingkang wadyabala | satriya para mantrine | tuwin juru pêngalasan | tăndha lan ulubalang | nagari ing Yahman agung | kathah dènnya ngrèh jajahan ||

44. nagari ing kanan kering | lampahan sêlawe dina | miwah sawulan pan karèh | kathah bupati aseba | ing Maskat lan ing Dulah | Bêsarmah Mukhalar Maut | Kopah Mêkah lan ing Bahdad ||

--- 1: 130 ---

45. Mudalipah lan ing Jabid | ing Luhya lan Kudaendah | ing Singkil Kênahan karèh | ing Kalsat lan ing Maldiyah | Buntiyah Siti Barjah | asumiwi sabên taun | atur bulubêktènira ||

46. bisikanira narpati | Maharaja Bahdibahram | dhomas cacah punggawane | kawan èwu mantrènira | nagari langkung arja | ya ta wau sang aprabu | dangu dènnya sinewaka ||

47. rêkyana patih tur pêksi | yèn caraka Mêkah prapta | tênaya katri lampahe | ngaturkên upêktènira | Ngabdulah lawan Abas | hèh patih papagên gupuh | rêkyana patih tur sêmbah ||

48. yèn suwawi pun Andali | nampènana arta Mêkah | marma mangkana ature | mantri kang parêk sang nata | pun Andali punika | asring dipun agu-agu | arsa kinarya punggawa ||

49. pun Andali wus tinuding | ambêkta bala sanambang | kawan atus prajurite | wus prapta jawining kitha | Umarmaya tumingal | wong Menak punika rawuh | kang badhe nampèni arta ||

50. Marmaya amongah-mangih | pun Andali sampun cêlak | kagyat ing wau duk anon | Marmaya amindha setan | Andali asru mojar | hèh wong batur ana antu | linggih têtumpukan arta ||

51. padha gêtakên dèn aglis | si antu dimèn alunga | bala ing Yahman sigra lon | samya alok husah husah | ya ta Ki Umarmaya | cikrak-cikrak sarwi muwus | lah iya dèn [dè...]

--- 1: 131 ---

[...n] pêrak uga ||

52. wong Yahman samya miyarsi | pangucape Umarmaya | hèh batur dèn ngatos-atos | antu iki bisa ngucap | padha dèn eling sira | wong Yahman surak gumuruh | hèh antu nuli lungaa ||

53. apa ta gawemu iki | lungguh têtumpukan arta | iku kagungane katong | bulubêktine wong Mêkah | age sira lungaa | sun usunge arta iku | Ki Umarmaya angucap ||

54. lamun ingsun misih urip | manira mêngko yèn pêjah | iku usungên artane | wong Yahman samya bramatya | hèh antu para tantang | pêpêksan iki si antu | angukuhi rajabrana ||

55. payo rampogên ing bêdhil | tulupana tumbakana | udanana panah towok | wong Yahman sarêng tumandang | ana bêdhil amanah | anacapana ambungsur | anyalukun alugora ||

56. Marmaya tumurun aglis | lah eling duwe kabisan | bambu kinarya sêsorot | ing jêro ngisenan obat | sinumêt amarongan | adrês dahana sumêmbur | anrajang yuda kênaka ||

21. Pangkur

1. mêlocot gêsêng kang kêna | samya mawur wong Yahman kathah kanin | ingkang tinêrajang sumyur | malêdug bubar-bubar | pun Andali kesisan kantun ing pungkur | sigra wong Menak tumêdhak | Andali pinêdhang aglis ||

2. tugêl onggaotanira | bala Yahman wruh yèn Andali mati | lumayu

--- 1: 132 ---

apungkur wêdhus | sapraptanirèng pura | lajêng marang ngabyantaranira prabu | tinata ing aturira | pukulun arta tan kêni ||

3. bulubêktine wong Mêkah | inggih wontên antonipun kêkalih | ingkang satunggal abagus | awon ingkang satunggal | dipun gêtak dipun gusah tan lumayu | pun antu apara tantang | nuntên kinarubut bêdhil ||

4. jinêmparing pinasêran | punang antu punika antu gêni | nêrajang rencang malêdug | malocot kang kacandhak | abdi tuwan inggih pun Andali lampus | Sang Prabu Yahman miyarsa | mèsêm angungun tan sipi ||

5. rêkyana patih tur sêmbah | yèn kèndêlna antu inggih manawi | gusti lajêng mring kadhatun | têmahan damêl susah | mring narendra pangandikanira arum | yèn mangkono gêdhènana | anglakokêna prajurit ||

6. ya ta wontên putra tawan | tinantun don dhandhang asrama wani | pan namung pêngarahipun | sinarweya sang nata | marma sagah anumpês antu gêniku | kawula kang umaguta | sirnanipun antu gêni ||

7. sang nata suka tyasira | wus ambêkta bala sèwu prajurit | gambirèng tyas awotsantun | budhal saking ngayunan | Dyan Ngabdulah Buntalib Abas angrungu | bêbisikan kadangira | kang aduwe karya iki ||

8. măngsa dudu arènira | kayaparan tingkahe iku mangkin | Radèn Abas alon matur | sinrahakên Pangeran | lara pati pan wus karsane [kar...]

--- 1: 133 ---

[...sane] Hyang Agung | dadya mênêng kapênêdan | para kadang walangati ||

9. wau ta kang putra tawan | praptèng jawi kitha saha prajurit | kang putra tawan andulu | antu acikrak-cikrak | mara sarwi wêwuda karsanirèku | antu wêdi wong wêwuda | Ki Umarmaya ningali ||

10. hèh wong Menak dèn prayitna | lagi wontên wong srama adol kardi | karawêlang sikêpipun | mara lawan lancingan | inggih kadya wong gila tênaganipun | putra tawan iku ngucap | hèh batur dèn ngati-ati ||

11. antu iku pagunêman | sun wêtara si antu liwat julig | sun gêgêbrèsane dimun | wêdi ing tingkah ingwang | Umarmaya amasang sêsorotipun | wong Yahman kang tinêrajang | malêdug kêna ing gêni ||

12. satriya tawan lumaywa | pan kasindhêt lancingane pribadi | karungkêb ing tibanipun | dèn lud marang wong Menak | wus pinêdhang onggaotanira rampung | bala Yahman samya miyat | yèn satriyane ngêmasi ||

13. sira glis malbèng jro kitha | praptèng ngarsanira sri narapati | wus katur saaturipun | yèn putra tawan pêjah | sri narendra kêlangkung dènnya abêndu | arsa ngawaki tumêdhak | sumrêk bala tata baris ||

14. sang nata nitih turăngga | sigra budhal saking ing păncaniti | sakêlangkung dukanipun | kumêrut balakuswa | bala ingkang minăngka babarên cucuk | wus prapta jawining kitha | kang wadya

--- 1: 134 ---

wuri anggili ||

15. kèhing datanpa wilangan | para kadang têtiga walangati | Radèn Ngabdulah amuwus | yayi paran karsanta | arènira pira kadare puniku | anadhahi mring sang nata | sasat karubuhan giri ||

16. bêcik padha tulungana | kang umiring dimèn padha abali | ombèra ta manahipun | wismane ingobongan | atêmahe tinggala ing ratunipun | malah ta yayi sudaa | durmane ngiring narpati ||

22. Durma

1. balanira sri naranata ing Yahman | muntab pirang bra kêthi | pirang-pirang yuta | malah surup hyang arka | prajurit maksih anggili | enjanganira | sang nata praptèng jawi ||

2. pra dipatya samya lancang-linancangan | mangkana kang winarni | ingkang para kadang | sami ngobongi wisma | Radèn Ngabdulah Buntalib | lan Radèn Abas | dahana wus andadi ||

3. pinaju pat pangobonge bala Mêkah | mumbul kang punang gêni | kagyat bala Yahman | pêparon manahira | akathah kang samya bali | lawan timbalan- | nira sri narapati ||

4. kang sêpalih bala kinèn ngrêbat kitha | kang akathah tan nganti | samya paporodan | arêbut yayah rena | mangkana sri narapati | kèsisan bala | ingkang cêlak wus gusis ||

5. ingkang bala kawan èwu winêtara | Umarmaya ningali | yèn mêngsah gêng prapta | sêrorote[7] pinasang | kang tinêmpuh samya miris | murub marongan |

--- 1: 135 ---

tan ana kang nadhahi ||

6. Natèng Yahman sinandêr dhatêng wong Menak | tiba saking waniti | sinikêp sêksana | sri bupati tan obah | mêsês bayu tan ngundhili | asru têtanya | sirèku antu ngêndi ||

7. dene sira antu anyikêp maring wang | sapa aranirèki | mojar Radèn Ambyah | dudu antu wak ingwang | ingsun anaking dipati | Mêkah kang nama | Arya Ngabdul Mutalib ||

8. Umarmaya mara sarwi ngunus kanjar | kadipundi puniki | nuntên pinêjahan | wadhukipun sinudhat | ususipun pinalirit | dosane uga | sok badhog bulubêkti ||

9. lah sang nata angur pinêdhang lan sulah | miwah cacap lan lêmbing | ngurên patènana | lah mara mumpung enjang | Umarmaya briga-brigi | Sang Natèng Yahman | maras kêpati-pati ||

10. ingsun iki kulup angur uripana | iya kêdhaton mami | alapên sasigar | apa sakarsanira | sun milu gamanirèki | manira nora | amupu bulubêkti ||

11. maring Mêkah ingsun anut marang sira | wong Menak angling aris | lah inggih sang nata | tuwan salin agama | sarengat Nabi Ibrahim | sampun angucap | sang nata dèn uculi ||

12. balanira punggawa mantri kang ana | kamitênggêng tan angling | têtulung tan bisa | miyat marang sang nata | sawusnya dipun uculi | mara anêmbah | samya nut ing agami ||

13. pra dipati Yahman wus salin agama | ngandika sri bupati | payo anak ingwang | sira [si...]

--- 1: 136 ---

[...ra] manjinga pura | kadang-kadangira mêksih | anèng jro kitha | Ngabdulah Abuntalib ||

14. sigra nitih turăngga wau sang nata | Rahadyan Ambyah nuli | nitih kalisahak | budhal sri naranata | sagung arta bulubêkti | sampun binêkta | maring jro kitha nênggih ||

15. sakêlangkung sihira Sang Prabu Yahman | tan pisah ing samargi | turăngga ajajar | tan pisah saknalika | wong Yahman ebat ningali | miwah sang nata | myat turangganira Mir ||

16. praptèng panangkilan têdhak sri narendra | Radèn Ambyah kinanthi | binêktèng alênggah | wijahan palorêtna | sagunging punggawa mantri | miwah satriya | ratu kang măncabumi ||

17. samya kucêm sarawungan ingkang cahya | kadya wulan upami | kawêdalan surya | kusut cahyaning wulan | karoban surya rumêngging | tan ana tumênga |[8] sami satmata ajrih ||

18. sigra mêdal pamundhutan saking pura | asri kang punang larih | dhêdhasar mas jingga | sinotya nawa rêtna | mèrêm mas taluki kuning | lêlèmèkira | midêr kang punang larih ||

19. Natèng Yahman tan pêgat andikanira | marang wong Menak Amir | pan pinutra-putra | miwah kang para kadang | têtiga tinami-tami | sinung dhêdharan | sinuba-suba ngênting ||

20. pira-pira kamulyan marang wong Mêkah | sami ginusti-gusti | andika kasukan | ti-antya pasugata | kèndêl yèn kêsaput ratri | kocap carita | sampun sêlawe wêngi ||

21. putra Mêkah [Mê...]

--- 1: 137 ---

[...kah] binojakrama nèng Yahman | siyang pantara ratri | myang ing panangkilan | bêlabar sêkul ulam | mangkana ingkang winarni | ingkang kêlana | anjajah andon jurit ||

22. wus akathah nagri kapir kaèdêgan | kang boga[9] dèn tumpêsi | yèn ratu prakosa | tan purun anungkula | yèn kathah balanirèki | rawuh rinêncak | dalu dènnya dhatêngi ||

23. ngakên tundhuk anjarojog manjing kitha | yèn ratune wus panggih | ingantêp kiwala | yèn tan purun manuta | ratune pinêdhang wani | bala puyêngan | kuthane dèn jarahi ||

24. dadya kawus kang para ratu amănca | ingkang anglawan jurit | kutha tinuguran | pinagut sabên siyang | inggih tuhuning prajurit | Rahadèn Maktal | pilih ingkang nadhahi ||

25. papêrange akathah ratu kuciwa | giris pra mănca aji | kêlamun mêmanah | nadyan parise waja | rangkêpa pêpitu aris | lamun anggada | amêdhang lan ambindi ||

26. kathah ratu pêjah lan dipangganira | luluh lumrèng lan siti | yèn angadu bala | prajurit sasêliran | patang èwu kêre wêsi | turangganira | samya kinêrèn wêsi ||

27. dadya kasub lamun prajurit digdaya | kathah kang nungkul aris | wus samya sinungan | sadaya tali tangan | kang minăngka anting-anting | tăndha kabala | maring Maktal prajurit ||

28. gènnya bêkta prajurit duk kesahira | saking ing Ngalabani [Nga...]

--- 1: 138 ---

[...labani] | salêksa lan patang | èwu mangkya wêwahnya | limang lêksa kang prajurit | putra jarahan | akathah kang tut wuri ||

29. putra Maskat Sênawi lan Kudaendah | kaboyong wus angabdi | putra siji Barjah | Maharibi kabala | miwah putra ing Maldani | Kopah suwita | ing Luhya lan ing Jabid ||

30. duk sêmana Radèn Maktal anèng Maskat | prajurit dèn undhangi | siyaga ngayuda | de arsa umatura | marang ing Yahman nagari | lawan sawadya | datan kawarnèng margi ||

31. praptèng Yahman kèndêl sajawining kitha | gègèr atutup kori | bala Yahman ingkang | mantri kang têngga lawang | atur uningèng narpati | wontên satriya | kêlana andon jurit ||

32. balanipun samya kèndêl jawi kitha | kya patih tur upêksi | marang sri narendra | yèn wontên parangmuka | akêlana andon jurit | gugup sang nata | sigra miyos tinangkil ||

33. asupênuh para dipati siyaga | punggawa para mantri | sagêgamanira | wau putra ing Mêkah | sadaya wus samya nangkil | Rahadèn Ambyah | tan têbih lan narpati ||

34. Sri Bêthara Yahman asru angandika | marang rêkyana patih | hèh apatih sapa | kang arsa jur ing kutha | anglêlana andon jurit | wartane sapa | iya narpati ngêndi ||

35. Patih Burham tur sêmbah wartining kathah | putra ing Ngalabani | lah ta sampun kathah | jajahan kang kaidak | wong Menak ngartikèng galih | sampun [sa...]

--- 1: 139 ---

[...mpun] anduga | dening aturing patih ||

36. dhuh pukulun manawi botên alămba | satriya ingkang prapti | luhung pinaguta | sampun kaonang-onang | nagari kang sêdya wani | sampun ginêcak | sirambyah matur aris ||

37. hèh sang nata punika pun yayi Maktal | nusul kawula inggih | sampun tuwan gita | punika pakèn ingwang | ngandika sri narapati | lamun mangkana | payo papagên patih ||

38. Patih Burham umatur marang narendra | lamun suwawi gusti | satunggil wontêna | abdine putra tuwan | bokmanawi salah tampi | ya ta wong Menak | Marmaya kang tinuding ||

39. budhal saking ngayunan patih ing Yahman | gancang lampahe prapti | sajawining kitha | kêpanggih Radèn Maktal | Ki Umarmaya sêsirig | ayun-ayunan | Radèn Maktal kinanthi ||

23. Kinanthi

1. lajêng wau lampahipun | Radèn Maktal pra prajurit | lumêbêt kitha ing Yahman | gumuruh bala angiring | sangang èwu wong paninggar | sami lumampah ing ngarsi ||

2. tunggul lawan payung agung | daludag kêkăndha asri | ing wuri tabah tabuhan | kang sikêp panah nambungi | samya bajo têratean | samya têtopong mas adi ||

3. pêdhang tamsir kalih èwu | busana bra anambungi | kinêrèn sangsang sadaya | wong sikêp watang nambungi | kalih èwu busana bra | yèn dinulu têka asri ||

4. kalih èwu sikêp tulup [tulu...]

--- 1: 140 ---

[...p] | samya akêre baruti | kasundhul wong sikêp gada | pitung atus akulambi | lêlayaran binapang mas | wadya sikêp cacap lêmbing ||

5. tigang èwu pan kasundhul | kang asikêp kalawahi | kang sikêp gandhi sanambang | bajonya sinimping-simping | bala kang asikêp rajang | sarampang kêlawan singkring ||

6. asri tinon balanipun | dadya tontonan samargi | rahadèn nitih turăngga | ingayap sagung prajurit | ingkang samya salukun mas | kawan èwu kang sinêlir ||

7. lampahira sampun rawuh | ing panangkilan narpati | sagung ingkang balakuswa | samya piyak nganan ngering | gya tumêdhak Radèn Maktal | tumamèng ngabyantara ji ||

8. praptèng ngarsa awotsantun | mring Radèn Ambyah nungkêmi | kinèn nêmbah mring narendra | Radèn Maktal awotsari | sigra mundhut kang dhêdharan | binujana ing lêlabin ||

9. pra dipatya punggawa gung | samya cingak dènnya ngèksi | marang sira Radèn Maktal | anarka kadang sayêkti | lawan iya Radèn Ambyah | dene pamulune mirib ||

10. para kadang kang satuhu | siwah tan ana sairib | pan sampun sinung dunungan | tunggil bala Mêkah sami | wong agung ing Parangteja | iya Radèn Selamiring ||

11. mangkana ingkang winuwus | lah sampun kawan dasa ri | sanak lawan para kadang | ana ing Yahman nagari | ya ta ingkang kawuwusa | anênggih sang rajaputri ||

12. putranira sang aprabu | ing

--- 1: 141 ---

Yahman ayu linuwih | kasub ing rat pramuditya | yèn sang dyah datanpa tandhing | jêjulukira sang rêtna | Ni Dèwi Umandhitahim ||

13. kathah para ratu rawuh | sêdya anglamar sang putri | nanging sang rêtna tan arsa | nganti sinamuèng jurit | dadya mangke sayêmbara | karsanira sang suputri ||

14. pêsthi jatukramanipun | mring Sang Rêtna Mandhitahim | amanah sotya ludira | êlènge kang ali-ali | lan sapa kuwawa mulat | mring wêdanane sang putri ||

15. pêsthi jatukramanipun | Kusuma Umandhitahim | mangkana wus ingundhangan | sagunging ratu kang prapti | mring têgal pasayêmbaran | sang putri pan arsa mijil ||

16. mangkana ingkang winuwus | wong Menak Umarmayèki | katiga Rahadèn Maktal | tan anggawa bala siji | kêkaring mring jawi kitha | mêng-amêng nêlamur singgih ||

17. ya ta kapêthuk wong dulu | lumayu jalu lan èstri | saking kilèn lawan wetan | saking lor kidul prasami | kagyat ing wau wong Menak | Marmaya kinèn nakoni ||

18. ana ta wong apa iku | sira lumayu kêpati | Marmaya tan sinauran | sigra anyêkêl wong siji | lah iki ana wong apa | akèh wong pating palêncing ||

19. ingkang cinêkêl sumaur | manirarsa aningali | sang putri asayêmbara | angulati jatukrami | para ratu sêsuruhan | kanan kering kathah prapti ||

20. ngadêgi sayêmbarèku | Ki Umarmaya wus bali | matur maring Radèn Ambyah [A...]

--- 1: 142 ---

[...mbyah] | punika sang rajaputri | ngadêgakên sayêmbara | angulati jatukrami ||

21. yèn suwawi dawêg mantuk | mênèk sang nata umijil | mring têgal pasayêmbaran | nadyan aningali mangkin | suwawi ambêkta bala | dening sagunging narpati ||

22. samya ambêkta bala gung | sêksana kundur tumuli | wontên utusan Sang Nata | Yahman ngaturan jênêngi | sigra wong Menak siyaga | sakêpraboning ajurit ||

23. sêkathahing para ratu | saha bala sampun mijil | mring têgal pasayêmbaran | busanane pra narpati | samya ungkul-ingungkulan | sapraptanira ing jawi ||

24. gamêlan pradăngga umung | lawan pangriking turanggi | myang pangêmprèting dipăngga | mangkana sang rajaputri | sampun miyos saking pura | ginarêbêg para cèthi ||

25. kang parêkan ngampil duduk | kangkam rajang cacap lêmbing | sang putri anitih rata | sapraptanira ing jawi | wus tumêdhak saking rata | nulya pawonganirèki ||

26. anancêpkên sada kakung | pucuk sinungan li-ali | sigra sagunging narendra | satriya lan pra dipati | samya kinèn amêmanah | sapa lèh lènge li-ali ||

27. lajêng marêka anjunjung | dhumatêng sang rajaputri | ya ta wontên ratu mangsah | lajêng amênthang jêmparing | umung kang ponang tabuhan | saha surakira atri ||

28. sumiyêr sêsotya luput | sinurak ing wadya anjrit | wontên malih ratu mangsah | panah ampuhan bênêri | lènge ali-ali [ali-a...]

--- 1: 143 ---

[...li] kêni |[10] sigra marêk ing sang putri ||

29. sang rajaputri sinambut | Sang Rêtna Umandhitahim | buka ulêsing wêdana | sang ratu ingkang ningali | larut bayu marguping tyas | sinèlèhakên sang putri ||

30. sigra winalês jinunjung | marang ing sang rajaputri | nulya binanting ing kisma | ngalumpruk tan bisa tangi | sigra sagunging pawongan | angêlud nosog ing lêmbing ||

31. ratu iku sampun lampus | wong Menak ngungun ningali | hèh Umarmaya mangkana | pênggawene putri iki | ngalahakên para nata | dursila angkara bumi ||

32. Ki Umarmaya umatur | mêkotên puniku ugi | sapa kang kuwasa năngga | inggih bobote sang putri | pêsthi dadi jatukrama | yè tan anăngga ngêmasi ||

33. wong Menak lingira arum | asikara putri iki | pira bêtahaning raja | Radèn Maktal matur aris | kawula kangmas umangsah | apanas raosing galih ||

34. Radèn Ambyah ngandika rum | mênênga yayi sirèki | iki lagi apralêbda | sun suwuke putri iki | aywa kongsi para nata | sêsurupan akèh mati ||

35. wontên satriya linuhung | putra Ngabêsah nagari | kang putra Rajèng Ngabêsah | jêjulukirèng prajurit | sira Rahadyan Tohkaran | lami dènira ngadêgi ||

36. sayêmbarane sang ayu | pan dèrèng kapadhan kapti | bêkta bala pitung lêksa | akathah ingkang prajurit | mangkana Radyan Tohkaran | amangsah mênthang

--- 1: 144 ---

jêmparing ||

37. lumêpas sênjatanipun | kêna lènge ali-ali | Radyan Tohkaran wus mara | anjujug sang rajaputri | nulya sang rêtna ambuka | ulêsing wêdana aglis ||

38. sang rajaputra andulu | margupe angganirèki | datan kuwasa gulawat | sêksana cinandhak aglis | jinunjung marang sang rêtna | binantingakên ing siti ||

39. sagung pawongan samyanglud | anosog ing duduk lêmbing | sigra wau binarêngan | wong Menak apêtak aglis | prakêmpa gêng gara-gara | orêg lindhu bumi gonjing ||

40. dipăngga mêdhot lumayu | turăngga nêrajang baris | wadya kapilêng ing swara | kèh kantaka ting gulinting | pêdhot kêndhênging gandhewa | gogrog godhong ing wanadri ||

41. kang pra nata samya bingung | aningali ing wiyati | panêrkane langit rêbah | mangkana wong Menak Amir | sang rajaputri cinandhak | ingumbulakên wiyati ||

42. sang dyah katon sakêkupu | Sang Nata Yahman ningali | mêlajêngi mring wong Menak | angrarêpa ngasih-asih | dhuh sangganên atmajamba | manawa tiba ngêmasi ||

43. yèn luput tan pêsthi pamuk | poma gèr dèn ngati-ati | sêksana wau sinăngga | tibane sang rajaputri | sampun munggèng astanira | sinèlèhakên aririh ||

44. sang rêtna kêlangkung ngungun | ciptane kadya angimpi | umiyat marang wong Menak | calurutan langkung ngisin | lajêng mantuk mring

--- 1: 145 ---

jro pura | angêtab sri natanèki ||

24. Sinom

1. sigra putra ing Ngabêsah | Radèn Tohkaran sira glis | ngrangkul padanira Ambyah | umatur angasih-asih | kang abdi utang urip | ing paduka sang binagus | inggih dadya punapa | yèn ta sampuna mênangi | nahing anggèr dasih ngrêbat ing gêgêbal ||

2. kawulanggèr dasihêna | anjalmaa ping sakêthi | aywa liyan ngabdèkêna | amunga gusti sang pêkik | kang wêlas marang dasih | ambêg satriya pinunjul | kinèn salin agama | sarengat Nabi Ibrahim | sadayane punggawanirèng Ngabêsah ||

3. nulya kundur Menak Ambyah | putrèng Ngabêsah tut wuri | sagah tan pisah sakarsa | wau dènira angabdi | mangkana para aji | saking sayêmbaran kêbut | pan samya anglêmbana | sagunging para narpati | ing tingkahe putra Mêkah Radèn Ambyah ||

4. tan ana janma mangkana | tuhu kêlamun linuwih | tan ana ingkang dèn ucap | satriya para narpati | amasanggrahan sami | Tohkaran sawadyanipun | ngumpul pakuwon Mêkah | punggawa mantri bupati | pitung lêksa wong Ngabêsah baris kapang ||

5. rumêksa ing gustènira | mangkana balanira Mir | sampun sakêthi rong lêksa | lan kawan èwu winarni | wau sang rajaputri | sapraptanirèng kêdhatun | kasèbêt ing asmara | tan ana kaciptèng galih | iya amung ingkang buwang sayêmbara ||

6. anggung wadhag kawidhigan | tyasira [tyasi...]

--- 1: 146 ---

[...ra] sang rajaputri | amung satriya ing Mêkah | cumanthèl kulunging ati | dadya Sang Rajaputri | Umandhitahim angutus | marang pawonganira | ngaturakên ali-ali | panêdhane dèn suwunna mring kang rama ||

7. nanging datan sinêmbadan | Kusuma Umandhitahim | kasmaran dhatêng wong Menak | anggung kintun jêbatwangi | ngandika sira Amir | mring pawongan kang ingutus | matura gustènira | sun durung arsa akrami | gustènira jodhone putra Ngabêsah ||

8. besuk sun têdha sang nata | sun panggihakên tumuli | kêlawan yayi Tohkaran | matura gustinirèki | mêngkono karêp mami | punang parêkan wotsantun | sapraptanira pura | kang pawongan matur aris | ngaturakên ing karsane putra Mêkah ||

9. langkung wagugên ing driya | Kusuma Umandhitahim | dènira tan sinêmbadan | wong Menak ingkang winarni | malêbêt jroning puri | wus panggih lawan sang prabu | sang nata angandika | ana karyanira kaki | Radèn Ambyah matur kawularsa minta ||

10. putra paduka bêthara | apanggiha yèn suwawi | lawan yayi ing Ngabêsah | ngandika sri narapati | iku karsèngong kaki | mawongana ing sirèku | umatur Radèn Ambyah | kula dèrèng arsa krami | inggih sampun kasuwun ing sih paduka ||

11. datan saking ingkang manah | tan măntra nambut akrami | ngandika Bêthara Yahman | apa linganingsun iki | yèn karsanira kaki | datan suwalèng ing kalbu [ka...]

--- 1: 147 ---

[...lbu] | apa sakarsanira | angrèh Yahman iki dadi | Radèn Ambyah nimbali putra Ngabêsah ||

12. wus prapta ing dalêm pura | ngarsane sri narapati | sira Rahadèn Tohkaran | pinanggihkên lan sang putri | matur saha wotsari | gusti yèn kenginga lumuh | dhingin awak kawula | mila dhumatêng ing ngriki | inggih saking kadêrêng arsa akrama ||

13. ing mangke tan darbe sêdya | tuwuk umiyat ing gusti | wong Menak alon wuwusnya | aywa lênggana sirèki | sira sun karya isi | ing wijoan palowanu | anèng nagari Yahman | Sang Natèng Yahman nambungi | aywa lumuh sakarsane anak Ambyah ||

14. prabu anom jumênênga | anèng nagri Yahman iki | anduwènana sasigar | gawenên suwitèng gusti | de dudu karsa mami | iku karsane gustimu | nanging ta anikaha | besuk pêpanggiha ugi | lamun iya gustimu wus mangun krama ||

15. sandika radèn turira | ing bawahan tan winarni | langkung ramening kasukan | ing siyang pantara ratri | mangkana Radèn Amir | dènira nendra ing dalu | katingal nagri Mêkah | kinêpung ing mêngsah kapir | animbali marang sira Umarmaya ||

16. Umarmaya ngong supêna | ing Mêkah kinêpung kikis | payo sira lumayua | maring ing Mêkah nagari | ywa gawa bala siji | pariksanên kang satuhu | sigra Ki Umarmaya | nampèl wêntisira kalih | nagri Yahman lakon tiga likur dina ||

17. saking nagari

--- 1: 148 ---

ing Mêkah | Ki Umarmaya nglakoni | ingkang lampahan sêpasar | sadina dènnya nglakoni | ing têlu likur wêngi | patang dina praptanipun | punjul kapat têngah jam | praptane Mêkah nagari | Umarmaya amindha uwong pêriman ||

18. èstu yèn kinêpung mêngsah | nênggih satriya kang prapti | saking nagari ing Kebar | akêlana andon jurit | dene sawidak kalih | gas punika dêdêgipun | sakêthi balanira | kang samya nitih turanggi | patang lêksa kang sami kêrèn sadaya ||

19. salêksa kang nitih unta | salêksa wahana kuldi | kang salêksa blêgêdaba | samya ngagêm gada wêsi | ingkang ngagêm calimprit | kang salêksa nitih sênuk | nitih mèmrèng salêksa | samya ngagêm cacap lêmbing | patang èwu kang nitih angrimong seta ||

20. asikêp rajang sêrampang | duduk gandhi kalawahi | nênggih namaning satriya | Rahadèn Uksam prajurit | gada wawrat sadhacin | kasup yèn prakosa punjul | marmandon yuda brata | tinari madêg narpati | mring kang rama Alkamah Narendra Kebar ||

21. alumuh Rahadyan Uksam | ing besuk ingsun bapa ji | umadêga naradipa | yèn uwus pantaran jurit | lan prabu ing Mêdayin | ingkang angrèh para ratu | tur ratu pinituwa | yèn ingsun madêga aji | datan arsa mangandhap marang Nusirwan ||

22. yèn ingsun nora ngalahna | marang prabu ing Mêdayin | tan arsa jumênêng nata | mila kang

--- 1: 149 ---

rama nuruti | bêkta bala sakêthi | andarojog mring Mêdayun | datan mawi panantang | nêdya culika ing jurit | tan angangge anênumbuk ing ayuda ||

23. dupi prapta talatah bang | miyarsa lamun sang aji | ambêburu marang wana | wadya ing Kebar mênangi | padmasana narpati | ingkang sêsaka mas luru | palăngka manik rêtna | sinasotya mantên wilis | anèng wana tinêngga mantri sadasa ||

24. sang nata nuju pêpara | marang liyaning wanadri | satriya Kebar duk lintang | manggih padmasana adi | lawan palăngka rukmi | wus pinatèn mantrinipun | padmasana binêkta | dadya pêngrasane sami | lan angasorakên munggèng ing paprangan ||

25. dene ta sampun anjarah | kalungguhane narpati | mila lajêng lampahira | dhatêng ing Mêkah tumuli | sêdya anjêjarahi | kutha ing Mêkah kinêpung | cukup sabalanira | wong Mêkah datan mêtoni | samya masang panggungan lawan malatar ||

26. mangkana Ki Umarmaya | dènira amindha darwis | marang pamondhokan Kebar | amanggih tiyang satunggil | nulya dèn têtakoni | kaki sun takon satuhu | sapa raning satriya | kang ngêpung ing Arab iki | lawan pira dêdêge balane pira ||

27. sumaur kang tinakonan | satriya Kebar prajurit | jêjuluk Rahadyan Uksam | dêdêge gustiku ugi | sawidak lan kêkalih | êgas nênggih dêdêgipun | prakosa ing ayuda | gadane wrat sèwu [sè...]

--- 1: 150 ---

[...wu] kati | para ratu pilih kêlar nadhahana ||

28. marma kêlana andon prang | sanggup mring kang rama uni | mungsuh Bêthara Nusirwan | lungane saking nagari | gawa bala sêkêthi | andarojog mring mêdayun | prapta ing ujung wana | kaparêng Natèng Mêdayin | ambêburu kang gawa padmasana mas ||

29. nuju pêpara wana lyan | padmasanane kinari | nuju gustèningsun liwat | kang atunggu dèn patèni | sukaning tyas tan sipi | padmasana kinèn ngusung | pinăngka pasugatan | sasat ngalahakên jurit | dene sampun anjarah padmasana mas ||

30. marmane laju mring Mêkah | iya arêp jêjarahi | dene nagri kadalanan | lan arsa mundhut turanggi | kang saking tamansari | Marmaya tinakon wau | sira iku wong apa | atakon aniti-niti | Marmaya angling manira arsa priman ||

31. baya loma gustinira | dene ta satriya sugih | ingsun iki wong mêlarat | kang tinanya wus kasilip | dupi katungkul nuli | Umarmaya nampèl pupu | umêsat kadya kilat | lêlakon salawe wêngi | linampahan catur dina praptèng wuntat ||

25. Pangkur

1. lampahe Ki Umarmaya | praptèng Yahman lan Ambyah wus kêpanggih | katur ing sasolahipun | kagyat sira wong Menak | para kadang sadaya miyarsa kumpul | wong Mêkah nêmbang têngara | miwah wadya Ngalabani ||

2. tuwin bala ing Ngabêsah | awurahan prasamya tata baris [bari...]

--- 1: 151 ---

[...s] | narpati ing Yahman sampun | ingaturan uninga | lamun Ambyah budhal saha balanipun | kinêpung mungsuh ing Mêkah | nêdya têtulung ing jurit ||

3. kapitèng tyas Natèng Yahman | mêpak bala umung nêtêg têngari | swaraning bala gumuruh | kadi hèrnawa bêntar | bodhol saking ing Yahman gêgaman agung | kang dadya cucuking lampah | putra di ing Ngalabani ||

4. sumrêg ingkang balakuswa | Sang Tohkaran wadyanira nambungi | wadya ing Yahman sumundhul | ing wuri bala Mêkah | kèhing janma malêdug lir gunung kapuk | pinacondhang samirana | kadya awun-awun agni ||

5. lampahing baris pinêlak | balakuswa wutah madyèng wanadri | dhêdhêt-dhêdhêt anglir têdhuh | kawuri nagri Yahman | masanggrahan anèng wana ujung-ujung | Umarmaya aturira | inggih manawi marêngi ||

6. sampun nganti bala kathah | têmah rubêd arêndhêt wontên margi | manawi kasèp ing laku | paduka ngêrapêna | kalisahak kawula buntut ing pungkur | bala tinilar sadaya | amrih ta inggala prapti ||

7. katujon ing wuwusira | Menak Ambyah sigra nitih turanggi | Ki Umarmaya ambuntut | sinabêt kuda Ngarap | wadya kinèn angantun sadayanipun | kêbating carita prapta | pakuwoning mungsuh pinggir ||

8. Radyan Uksam cinarita | lagya nginum lawan punggawa mantri | wong Menak tumêdhak sampun | saking turangganira | bau kanan sumèlèh

--- 1: 152 ---

ing pundhakipun | bau kang kiwa sumalah | ing pundhak kanan tumuli ||

9. kangjêng kumipit talingan | sigra matak donga sing Jabarail | muni kang swara gumludhug | kadi ngakasa bêlah | kang samodra kocak toyane sumêmbur | prakêmpa kang bumi molah | prapta udan riwis-riwis ||

10. bala Kebar kèh kantaka | kang miyarsa kalêngêr wênèh mati | kang turăngga kèh lumayu | gajah sênuk lumajar | Prabu Jaka Uksam kapilêng arubuh | sinundhang ing balanira | tan antara nulya tangi ||

11. wau ta sira wong Menak | tangi pêtak nitih turăngga malih | sêsumbar anguwuh mungsuh | kagèt putra ing Kebar | dyan angrasuk busana sarwi andulu | ana wong kêkalih prapta | bramatyanira tan sipi ||

12. mara sarwi sênggak-sênggak | ingkang gawe prabawa baya iki | lah tibane antakamu | wong ing ngêndi ta sira | dyan nauri sun putrane Arya Ngabdul | Mutalib Dipati Mêkah | dèn aparêk laknat kapir ||

13. ya ta wau bala Kebar | pan sadaya samya gadgadèng jurit | miwah bala Mêkah kumpul | dènnya miyarsa pêtak | pan kapyarsa lêlampahan tigang dalu | mêdali baris wong Mêkah | tata mêmanuki gusti ||

14. ya ta kang abăndayuda | putra Kebar asru dènira angling | payo têkakna sêdyamu | apa kang anèng sira | anauri iya dudu caraningsun | yèn andhinginana yuda | Uksam sigra marêpêki ||

15. pan sarwi [sar...]

--- 1: 153 ---

[...wi] angundha gada | wawrat sèwu mas kati duk tininggil | Rahadyan Ambyah pan sampun | kudhung parise waja | putra Kebar sigra gadane tumêmpuh | sangêt ing panggadanira | têmpuh mubyar mêtu gêni ||

16. panêrkane bala Kebar | mungsuhira rêmpu awor lan siti | misih munggèng kudanipun | angling putra ing Kebar | ingsun nyana sira mau ajur mumur | sabên ingsun yèn anggada | nora kongsi amindhoni ||

17. wus tita panggadanira | sigra Ambyah ngadêg luhur turanggi | sarwi mêdhang sirahipun | parisanira sigar | anêratas marang sirah jajanipun | wêtêng rantas lan kêkapa | gigiring turăngga palih ||

18. wus pêjah putra ing Kebar | sigra Ambyah ngamuk ing balanèki | lawan Ki Umarmayèku | suh kang sinabêt pêdhang | kang kapupug rangkêp papat lima rampung | malêdug bala ing Kebar | kacrita praptanirèki ||

19. wong agung ing Parangteja | Radyan Maktal praptanira dhingini | lawan mantri kuda sèwu | lajêng nalambung yuda | bala Kebar akathah longe kang lampus | miwah kajarah uripan | marang bala Ngalabani ||

20. mantrinira Radyan Maktal | ambêbandhang pêdhang gada lan bindi | bala ing Kebar malêdug | ngandika Radyan Ambyah | yayi Maktal bujungên saparanipun | punggawane dèn băndaa | Rahadyan Maktal wotsari ||

21. sinabêt turangganira | saha bala kêbat dènnya nututi | ya ta malih bala rawuh | sira Radyan Tohkaran [Toh...]

--- 1: 154 ---

[...karan] | lajêng kinèn anusula ambêbujung | marang wadyabala Kebar | Radyan Tohkaran tur bêkti ||

22. anandêr Radèn Tohkaran | kalih èwu wêtara para mantri | kang samya tumut karuwun | wus lêpas lampahira | saparane bala Kebar dèn bêbujung | kathah punggawa kacandhak | akèh bêbandan bupati ||

23. dandanan kaprajurita | dipun lapgang parise pêdhang tamsir | cacap rajang lawan duduk | payung mas lan kumbala | wadya Kebar tumpês wêtara kang kantun | sêpalih ilang ing wana | malêbêt ing jurang sungil ||

24. akathah jarahanira | Dyan Tohkaran lan putra Ngalabani | pan sarêng dènira wangsul | bêkta bandan punggawa | kawarnaa miyarsa Ki Arya Ngabdul | Mutalib kagyat umêdal | amêthuk marang kang siwi ||

25. sirambyah mulati rama | mêlajêngi angraup pada kalih | kang putra sigra rinangkul | binêktèng pamondhokan | samya dulu tilase pakuwon agung | amanggih kang padmasana | kagungane sri bupati ||

26. ing Mêdayin lan dhêdhampar | Umarmaya prapta saking manuki | ingkang samya ambêbujung | têbih tan kawistara | Umarmaya wangsul marang prênahipun | aningali mring ki arya | dyan lumajêng awotsari ||

27. wusya nêmbah mring ki arya | ingkang rama sigra dèn kabêktèni | sira Jumiril angrangkul | kacrita ingkang prapta | Ngabulah lan Abuntalib Abas iku | miwah sagung bala Mêkah | tan ana mênangi jurit ||

--- 1: 155 ---

28. samya ngabêkti ing rama | putra tiga rinangkul ganti-ganti | ing jawi pakuwon umung | praptane bala Yahman | wontên dasih alon dènira amuwus | Sang Nata Yahman punika | saha bala angabêkti ||

29. putra têtiga turira | inggih samya sêdya atulung jurit | sêksana wau pinêthuk | tundhuk lawan Ki Arya | Dul Mutalib angrêrêpa aturipun | dawêg tumanduka tuwan | pinarêk pakuwon mami ||

30. wus samya lênggah atata | tan antara Rahadyan Maktal prapti | saking gènira bêbujung | lawan putra Ngabêsah | akèh para bupati ingkang kapikut | katur ing sira wong Menak | kang rama ngungun tan sipi ||

31. Radyan Ngabdulah turira | punika lah putra ing Ngalabani | suwitèng putra pukulun | dhumatêng yayi Ambyah | lawan putra Ngabêsah ing wurènipun | inggih punika kabala | mring putra tuwan pun yayi ||

32. bêkta bala sapta yuta | putra Ngalab limang lêksa wadyèki | ngandika Ki Arya Ngabdul | panangkilan soka mas | iya iki kagunganira sang prabu | Umarmaya ulêsana | Umarmaya turira ris ||

33. akathah kang lêlêmpitan | sira Ambyah mèsêm dènira angling | nora ana para ratu | duwe kayèku iya | amung Sri Narendra Bêthara Mêdayun | yèn iku sun linggihana | mendah ucaping nagari ||

34. dèn arani awak ingwang | arêraton marang ing kanan kering | Ki Umarmaya umatur | milane sapunika | inggih pênêd [pênê...]

--- 1: 156 ---

[...d] pinaraka anèng ngriku | paduka angrasakêna | tingkah wong madêg narpati ||

35. inggih tatkalane gêsang | sapa sintên kang sinantaa malih | kang dadosa isènipun | wijoan palorêtna | putra Ngalabani pan langkung panuju | kêlawan sira Tohkaran | kalihe samya prajurit ||

36. rama paduka ing Yahman | dêdimène inggih anjêjagèni | Sang Natèng Yahman sumambung | lêrês atur punika | luhung anak Ambyah umadêga ratu | sêdhêng punika winilang | pun bapa ngawat-awati ||

37. gumujêng sira wong Menak | ingkang botên-botên sri narapati | inggih dèrèng wêktunipun | awrat wong madêg nata | Umarmaya bêcik ulêsana iku | panangkilan padmasana | kagungan Natèng Mêdayin ||

38. panujune raganingwang | inggih munggèng wijoan palowani | sêksana budhal tumanduk | malêbèng dalêm kitha | wus pinrênah dunungan sajuru-juru | wus pinaring ngopya boga | sagunging pănca bupati ||

39. andina-dina kasukan | Radèn Ambyah tan mantuk pura malih | nèng pakuwon siyang dalu | langkung sih pawong mitra | ingkang para dipati samya sih lulut | kunêng gêntya kawuwusa | wontên ratu misesani ||

40. kang sapalih tanah Ngarab | kang kawêngku ratu prakoswa luwih | akêkadang patang puluh | sami tunggil sarama | samya gagah sadaya jumênêng ratu | anagara sowang-sowang | kapya prakosèng ngajurit ||

--- 1: 157 ---

41. lah ta kocaping carita | ngalam dunya kang kaungkulan langit | mung sakawan buminipun | liya tanah sêkawan | pan sadaya pulo ara ne puniku | yèku nagari srêmpilan | talatah kapit jaladri ||

42. arane bumi sakawan | dhingin Ngarab kaping kalih Ngabêsi | kaping tigane ing Ngêrum | Ngindi jangkêp sakawan | jajahane lêlakon nyawidak taun | kang kawêngku bumi Ngarab | pira-pira kang nagari ||

43. miwah Ngabêsi punika | kang kalêbu iya tanah Ngabêsi | măngsa kênaa dèn etung | saking kèhing nagara | miwah ingkang kalêbu tanah ing Ngêrum | pira-pira kang nagara | jajahan sawidak warsi ||

44. seje-seje kang nagara | ratonira tuwin Ngindi nagari | jajahan sarwidak[11] taun | ratune pira-pira | nanging nora dadi siji ratonipun | ing bumi sawiji ika | pira-pira kang narpati ||

45. mangkana ing tanah Ngarab | kang sêpalih karèh ing ratu siji | Umar Ikrab namanipun | cinatur garwa samas | sakêlangkung prakosa ngrèh para ratu | kèdhêp sasigaring Arab | akêdhaton ing Kohkarib ||

46. mangkya Sang Ratu Mar Ikrab | wus sumèlèh kang putra gumantyaji | putrane kang patang puluh | dadya karatonira | Umar Ikrab ya pinara patang puluh | dene kang dadi panuwa | akêdhaton ing Kohkarib ||

47. angrèh ratu para kadang | ajêjuluk Sang Prabu Umarmadi | sèkêt êgas [êga...]

--- 1: 158 ---

[...s] dêdêgipun | prakoswa yèn ayuda | ratu agung akêkadang para ratu | mangkana miyarsa warta | sira Prabu Umarmadi ||

48. yèn anak wong dhukuh Mêkah | ana mungal siji mêtu prajurit | ngalahakên para ratu | nimbali para kadang | kang panênggak Raja Arjan julukipun | Ardasi lawan Ardiman | Ardisamat Ardikapi ||

49. Raja Ikman Raja Dikman | Raja Jasmakar Makanjir Mukanjir | Raja Artabus Martabus | Jêrkumar lan Jêrkusal | Raja Kustur lawan Raja Malikustur | Raja Undrat Raja Indrat | lan Raja Tasir Mutasir ||

50. Raja Bisman Raja Biksam | Raja Jaldas Kaldan Ikdris Ikmadris | Raja Jantu Raja Janku | Drupana lan Drudarma | Raja Gêrbèn lan Sêrbèn Sang Jarabikrun | Ukrum Durdanam Dudanas | Raja Sanggi Raja Janggi ||

51. Raja Drikan Sandiakran | Raja Baksun Raja Haksun wus prapti | pêpak ratu patang puluh | andhèr ngarsane kakang | sru ngandika Marmadi mring kadangipun | sira pada amiyarsa | anak wong dhêdhukuh iki ||

52. ing Mêkah mêtu digdaya | karsaningong sun suwuke tumuli | dimèn aywa kongsi ngêrdun | lir api sakêkonang | lamun nora kasirama dadra iku | oyod arondhon satêmah | yèn wus ngrandon amalahi ||

53. para kadang aturira | yèn suwawi nuli rinêmêt aglis | kawula ingkang umagut | kang raka angandika | karsaningong sun tonjoke layang iku | aseboa

--- 1: 159 ---

marang ingwang | angatura bulubêkti ||

54. ratu panênggak turira | yèn suwawi kula nandukna tulis | yèn Ambyah tan purun nungkul | kula bêkta bêbandan | akatura ing paduka bêtharèku | kang raka alon ngandika | sakarsanira abêcik ||

55. nanging bêcike kongkonan | yèn karuhan ora seba mring mami | iya sakarsanirèku | sira dhewe tindaka | punang surat sinungakên duta sampun | mêsat kang mawi nawala | ing marga gung brăngta kingkin ||

26. Asmaradana

1. gantya kang kocapa malih | nênggih nagari ing Mêkah | Ki Arya Dul Mutalibe | miwah sagung pra dipatya | pêpak anèng ing ngarsa | lawan ing Yahman Sang Prabu | Tohkaran Maktal ing ngarsa ||

2. duta ing Kohkarib prapti | lajêng tumamèng ngayunan | angaturakên surate | wus tinampan mring ki arya | sinungkên Umarmaya | nulya winaca kasusu | ngadêg dènira amaca ||

3. pèngêt bêbukaning tulis | layang ingsun sri narendra | Kohkarib ratu kinaot | ingkang misesa jajahan | sêparo tanah Ngarab | akêkadang patang puluh | ingkang bala nglimang lêksa ||

4. tur kabèh madêg narpati | anagara sowang-sowang | miwah ratu kang lyan karèh | saking wêdine tumingal | marang ing gadaningwang | lan bênêre panah ingsun | ajure sarampang awang[12] ||

5. lan lêpase gandhi mami | gêdhene salukun ingwang | ampuhe calimprit ingong [ing...]

--- 1: 160 ---

[...ong] | lan landhêpe pêdhang ingwang | juluk Macantênaya | hèh praptaa layang ingsun | hèh anak wong kuwu dhêkah ||

6. angaturna bulubêkti | nuli nêmbaha maring wang | anuta agamaningong | ing sarengat Nabi Musa | yèn tan arsa manuta | rangkêpana lêlarènmu | kandêlana kuthanira ||

7. nora wurung sun tindaki | sun gêmpur nagaranira | sun gawe sagara ijo | sun tumpês sakadangira | gawe pangewan-ewan | sakathahe kang angrungu | giris samya jrih ing loka ||

8. Radèn Ambyah duk miyarsi | sumung kang wadana jingga | kumêdut panon lathine | andik pasuryan ngatirah | kumêlêng kipat-kipat | swaning kang ăngga akumyus | garaping pangucapira ||

9. ngandika mring raka aglis | kakang Abas anurata | wangsulana surat kiye | ratu apraduli iya | ingsun tan gêlêm seba | balik ta awake iku | konên aseba maring wang ||

10. yèn nora seba mring kami | besuk kuthane ngong bêdhah | anuta sarengat ingong | lamun nora mangkonoa | pêsthi benjang sun bănda | Bagendha Bas nurat gupuh | wus dadya sinungkên duta ||

11. duta ing Kohkarib amit | lampahe asigra-sigra | ing marga tan winiraos | wus prapta nagaranira | sri bupati sineba | pêpak andhèr para ratu | miwah satriya punggawa ||

12. tumamèng byantara aji | duta ngaturakên surat | tinampèn nulya winaos | nênggih bêbukaning [bêbu...]

--- 1: 161 ---

[...kaning] surat | pèngêt layang manira | Ambyah kang digdayèng satru | kaonang ing jagad traya ||

13. ingkang prawira dimurti | kang kasumbung jayèngrana | anyikêp ing sêsamine | dhawuha marang ing sira | ratu praduli iya | Prabu Marmadi sirèku | asebaa marang ingwang ||

14. angaturna bulubêkti | yèn sira datan nêmbaha | sun pêrês sira ing têmbe | kuthamu sun karya karang | abang sira sun solah | lawan kabèh sakadangmu | sun karya pangewan-ewan ||

15. duk miyarsa sri bupati | kawangsulan kang mangkana | sura anaut rawise | kumalatu jajanira | bêkuh tan angandika | kang wadya samya tumungkul | ajrih miyat ing dukanya ||

16. mawinga-winga awêngis | sugal dènira ngandika | anêtêga têngarane | pêpucuk si setan pothar | anak wong kuwu Mêkah | lagya ta akon anungkul | nora wruh ing dhirènira ||

17. pira kadare si bêlis | wong dhukuh akon nungkula | marang ingsun ratu gêdhe | payo age kêbutêna | aywa nganti pangarah | wong kutha bae acukup | angrêmêg kutha ing Mêkah ||

18. anaa bala sakêthi | samêngko bae kewala | besuk esuk lawan êmbèn | kang kari padha nusula | anaa kang rong yuta | ngrasuk busana sang prabu | bodhol baris kang pangarsa ||

19. untabe kagiri-giri | kadya prawata dahana | awarna-warna tunggule | kang dadya cucuking ngarsa | sira Sang Raja Jasma | Raja Karma Raja [Ra...]

--- 1: 162 ---

[...ja] Jantu | Raja Jangku wurènira ||

20. ingkang sumambung ing wuri | Raja Durdanas Durdanam | asri tinon gêgamane | nulya Sang Raja Drudana | lawan Raja Drudarma | Raja Biksun Raja Iksun | Raja Kaldas Raja Jaldas ||

21. Sang Raja Kanjir Mukanjir | Raja Iksan Raja Dikman | Raja Gêrbèn Raja Sêrbèn | kang sumambung wurènira | Raja Durda Durdiya | saha tunggul payung agung | samya ngapit-apit gada ||

22. Raja Ikdris lan Ikmadis | Ardasi lawan Adiman | Raja Kohèn Raja Jahèn | Raja Driksan Raja Drikman | Salpa lan Raja Kalpa | Raja Kustur Malikustur | Bikrun Ukrun sambungira ||

23. Raja Bardandi Urdandi | Ardikapi Adisamad | kang nambungi sabalane | Raja Indra Raja Bindra | kathah yèn kaitunga | para ratu patang puluh | balane anglimang lêksa ||

24. sêpalih kang munggèng wuri | sêpalih lumampah ngarsa | atêngêran dhewe-dhewe | kang munggèng ing wurènira | Raja Abila-bila | Raja Arsad Raja Arsud | Jêrkusal lawan Jêrkumar ||

25. Raja Janggi Raja Sanggi | Raja Busman Raja Brusman | Raja Kurèn Raja Parèn | Raja Kildan Raja Mildan | Junjana lan Junjala | Raja Arbus Raja Tarbun | Raja Aklas Raja Piklas ||

26. Raja Utasir Mutasir | Raja Ikda lan Maikda | Diradès Raja Drêradès | Raja Gaji Gajimănda | kang samya munggèng ngarsa | Raja Baktur Raja Uktur | Raja Jeras Malijeras ||

27. Raja Burni Daruburni |

--- 1: 163 ---

kang busana tinon mubyar | pan akadya atêtunon | kunêng ingkang winurcita | gantya ingkang kinăndha | Adipati Mêkah Ngabdul | Mutalib duk siniwaka ||

28. pêpak kang atmajanèki | Radèn Ngabdulah lan Abas | Abuntalib sakadange | kalih wêlas munggèng ngarsa | miwah radyan pamungkas | iya sang digdayèng satru | prawira di murtèning prang ||

29. kang rama ngandika aris | kulup paran karsanira | mungsuh iki bakal abot | lah ta angur bêcik sira | anungkula arisan | iku dudu sêsangganmu | pan iku ratu prakosa ||

30. asugih bala prajurit | sura bandhu băndha kadang | patang puluh padha katong | samya bala nglimang lêksa | dene ratu kang tuwa | rong yuta balane langkung | pilih ratu kang anăngga ||

31. sira mêksih anom kaki | tuwin karo arènira | iya mêksih samya rare | Ki Maktal lawan Tohkaran | pan iya durung măngsa | kulup wirutamèng kewuh | paran baya solahira ||

32. Radyan Ambyah lingira ris | Umarmaya benjang enjang | ratu kang prapta maring ngong | yèn ingsun amapag yuda | sun lawan karo tangan | yèn nora mangkono ingsun | dudu turase wong Mêkah ||

33. ngur aja duwea mami | Pangeran Kang Maha Mulya | bisa gawe mênang kawon | Ki Umarmaya kêkayang | tumênga cikrak-cikrak | amacucu amalêmbung | lêrês kang sabda punika ||

34. punapa gawene wêdi | amungsuh si laknat kopar | rubuh

--- 1: 164 ---

atêkan gununge | hèh Maktal kaya pa sira | mungsuh ratu prakosa | putra Ngalabani muwus | yèn ingsun dèn ajanana ||

35. marang kangmas angunggahi | gêmpura kuthane pisan | iya ing padha samêngko | pan wus jamaking satriya | tandhing kinarubut prang | atandhinga siji sèwu | dadya sukane kang manah ||

36. mulane ngalaya bumi | akêlana andon aprang | amrih sumêngka tandhinge | lamun durung anyênyêngka | dudu bèbèt prawira | Radèn Tohkaran amuwus | iku rêrasan kang nyata ||

37. wêdia tandhing sakêthi | apa gawene nèng dunya | angura nèng jarat bae | angandika Radèn Ambyah | padha sira dandana | bok sêlak têka kang mungsuh | sun papag jabaning kutha ||

38. ingsun nora abêbiting | nora masang kapurancang | pan nora gawe lêlarèn | nanging padha dèn prayitna | mungsuh iki digdaya | prakosa sugih sadulur | lagi eca angandika ||

39. wong desa tampingan prapti | mring ngarsa atur uninga | yèn wontên gêgaman gêdhe | bêbahak sagunging desa | risak kang katêrajang | ing Kohkarib prajanipun | kang wadya tanpa wilangan ||

40. Radyan Ambyah angundhangi | wong Mêkah nêmbang têngara | umyang swaraning punang wong | pan sami nata gêgaman | sabala sowang-sowang | wadya Ngalabani kumpul | limang lêksa kawan nambang ||

41. Radyan Tohkaran wadyèki | pitung lêksa wus sanega | tuwin wadya Yahman kabèh | wong Jabid lan Kudaendah [Ku...]

--- 1: 165 ---

[...daendah] | ing Maskat Siti Barjah | ing Rawiyah Kalar Maut | ing Luhya lan Mudalipah ||

42. Kopah Basarah lan Singkil | samya gadgadèng samêkta | munya têngara kêndhang gong | budhal gêgaman pangarsa | samya awijan-wijan | Radyan Maktal munggèng ngayun | pan dadya cucuking yuda ||

43. Radyan Tohkaran nambungi | nulya sang nata ing Yahman | kang wadya langkung agolong | ing wurine Radyan Ambyah | lan sagung para kadang | samya kadangira sêpuh | ginarêbêg bala Mêkah ||

44. lampahe wus praptèng jawi | kitha tata pasanggrahan | kunêng gêntya winiraos | lampahe Prabu Marmadya | prapta wus cêlak kitha | kari lêlampahanipun | wêtara sawêlas êjam ||

45. kèndêl samya tata baris | anggili bala ing wuntat | èstu tan ana pêgate | kang prapta sadina-dina | bala saking ing Jiyan | Kosani lawan ing Yakdhun | saking Temas saking Kalsat ||

46. dènnya kèndêl pitung ratri | anganti manawa seba | elinga dudu bobote | adina atêtabuhan | sagunging para nata | pakuwon umyang gumuruh | pangrike turăngga liman ||

47. mangkana ta sri bupati | kêlawan sakadangira | nèng ngarsane sang natandhèr | sang aprabu angandika | katon si kuwu Mêkah | tan arsa seba maring sun | sun anti wus pitung dina ||

48. Raja Arjan matur aris | lamun suwawi punika | inggih kawula antêpe | yèn [yè...]

--- 1: 166 ---

[...n] mopo kêdah mungsuha | kawula bêkta bandan | kaatura ing sang prabu | kang raka suka miyarsa ||

49. iya tumanduka aglis | lakokna saujarira | sigra atur sêmbah lèngsèr | saking ngarsane kang raka | anjujug lampahira | kadya singa krodha naut | yèn manggih jurang lumumpat ||

50. galinggang sumladhang margi | kang mujur kaidak sigar | ingkang malang-malang pêdhot | kang arawe-rawe rantas | mangkana lampahira | angungak pakuwon agung | lajêng maring pasanggrahan ||

51. satriya ing Ngalabani | wong agung ing Parangteja | nuju miyos ing pakuwon | nulya amêng-amêng lesan | kagyat praptane Arjan | anjujug ing ngarsanipun | kakang atura uninga ||

52. mring Ambyah yèn ingsun prapti | kadange Prabu Marmadya | ratu ing Jiyan pan ingong | dinuta ing kadang ingwang | sigra Rahadyan Maktal | sêksana sira malêbu | matur mring Rahadèn Ambyah ||

53. umatur wontên têtami | kadange Prabu Marmadya | Raja Arjan wêwangine | ngandika sira wong Menak | iya sira undhanga | putra Ngalabani mêtu | mundur mring pakuwonira ||

27. Durma

1. wus binêkta Arjan marang pasanggrahan | mangkana Menak Amir | lagya siniwaka | marang sagung punggawa | nèng wijoan palowani | dènnya alênggah | Arjan wus praptèng ngarsi ||

2. kagyat mulat maring Ambyah tan tumêdhak | dangu jêngêr tan angling | sigra angandika | apa pangwasanira |

--- 1: 167 ---

dene ora angudhuni | sapraptaningwang | ingsun iki narpati ||

3. kalingane sira angrusak ing tindak | sirangkuh ingsun iki | têtêbusanira | dening puniki iya | misih umadêg narpati | lan durung pêcat | saking kêraton mami ||

4. praptaningsun sira misih eca lênggah | wijahan palowani | angling Radyan Ambyah | aja praduli sira | ingsun tan arsa ngudhuni | lah ta udhuna | saking gon ingsun linggih ||

5. narig pêdhang Arjan dukane kalintang | duk arsa angayati | parêng kundhahira | ingkang asta sinăngga | pinidih gêlangannèki | pêdhange tiba | sinampe poking kuping ||

6. gya kalêngêr Arjan tiba ing bantala | dangu sampun anglilir | atangi lumajar | pêdhange tan ginawa | Ki Umarmaya nututi | Arjan mandhêga | pêdhangmu iki kari ||

7. iya apa sira wèhakên maring wang | akèh rêgane iki | kapalane iya | intêne ingsun wilang | mêmukane pitung rakit | ing wuri kanan | amung iya nêm rakit ||

8. lamun sira tinggalakên mring wak ingwang | bangêt tarima mami | iki sun wêtara | pangaji patang lêksa | sirarjan nolèh ing wuri | sarwi angucap | lah iya pêdhang mami ||

9. parènèkna pêdhang sampun tinampanan | sigra Arjan lumaris | tan kawarnèng marga | praptèng pakuwonira | kang raka nuju tinangkil | kang rayi prapta | sigra sinapa nuli ||

10. hèh sirarjan olèh ta ing lakunira | sanggupira ing nguni | anyêkêl [anyê...]

--- 1: 168 ---

[...kêl] Si Ambyah | apa wus sira bănda | Raja Arjan awotsari | tan angsal amba | kamiwêlèhên mami ||

11. gih pun Ambyah punika tuhu prawira | wiranya wignya sêkti | kang raka lingira | munduran basakêna | sira iku tuwas isin | duk kala mangkat | kang kadya mutung wêsi ||

12. sakadange prasamya mèsêm sadaya | sigra sri narapati | kinèn têngaraa | budhal arsa marêpak | lampahan kawan jam nênggih | tata anjirap | pagubahan narpati ||

13. akasukan sira Prabu Umarmadya | lan kadange para ji | tuwin kang punggawa | lawan para satriya | pra dipati angladèni | kunêng gunêmnya | ya ta warnanên enjing ||

14. asiyaga sagunging para satriya | saha bala umijil | ing têgal paprangan | supênuh gunging bala | miwah wong Mêkah mêtoni | aglar ing papan | wahananira mijil ||

15. baris kapang samya wadya kêkartalan[13] | atut samya wong cilik | kang abăndayuda | satriya lan punggawa | gumuruh kêndhang gong bèri | surak sauran | lir robing jalanidi ||

16. Sang Aprabu Umarmadi sampun lênggah | ing padmasana rukmi | aglar para nata | munggèng ngarsane raka | punggawa satriya sami | Rahadyan Ambyah | ya ta sampun alinggih ||

17. ing wijahan palowani rinumpaka | andhèr punggawèng ngarsi | Radèn Arya Maktal | sampun munggèng ngayunan | Tohkaran jajar alinggih | lan para kadang [ka...]

--- 1: 169 ---

[...dang] | miwah punggawa mantri ||

18. kang turăngga kalisahak wus sumêdya | busana murub asri | sira Menak Ambyah | têdhak miyos sing rana | wus nitih kuda sêsirig | asumbar-sumbar | nguwuh aminta tandhing ||

19. iki silih rupane prajurit Mêkah | kang prawira di murti | digdaya ing rana | turasing adipatya | ing Mêkah Ngabdul Muntalib | sawêlas warsa | nèng Kakbah ananêpi ||

20. iya iki dadine lah mêtonana | prajurit ing Kohkarib | saparêp palastra | papagna yudaningwang | ngadu pragolaning wêntis | kêmbulan gada | êndi ratu praduli ||

21. Raja Arjan umatur dhatêng kang raka | kawula kang miyosi | mapag dhatêng Ambyah | kang raka wuwusira | sirèku wus wirang dhingin | lamun mapagna | têmah wirang ping kalih ||

22. Raja Arjan ature nanging amêksa | sakarsanira iki | sigra mêsat marang | nêmbah mangraup pada | dyan nitih dipăngga nuli | marang paprangan | tan antara wus panggih ||

23. angrik mojar hèh Ambyah payo têkakna | apa karsanirèki | apa kêmat bêsa | aprang tanpa gêgaman | wong Menak ya ta nauri | pan nora watak | ingsun aprang dhingini ||

24. Raja Arjan sênggak sarwi mutêr gada | wrat pitung atus kati | duk sarêng tumiba | binarêngan sinăngga | panggêlangane tan osik | asru sinêndhal | saking gajah binanting ||

25. sru kantaka Arjan sampun tinalenan | Harsut Karsut mapulih [ma...]

--- 1: 170 ---

[...pulih] | kalih arsa gada | cinandhak têngên kiwa | binanting sarêng gumuling | wus tinalenan | marang Umarmayèki ||

26. Raja Jasma Raja Karma sarêng mangsah | samya ngayati bindi | aglis sinikêpan | tan ngapa ngudhilira | linggih sampun dèn talèni | Raja Durdanas | Durdanam sarêng pulih ||

27. dènnya ngamuk samya angayati gada | sinăngga astanya glis | tinarik wus tiba | kalih gya tinalenan | Ikdris Ikmadris mapulih | angangkat gada | sinăngga dèn barêngi ||

28. panggêlanganira binanting kantaka | Ardiman Ardikapi | kêkalih umangsah | sampun karsaning Suksma | para kadang ing Kohkarip | apês ing yuda | siji tan na ngudhili ||

29. bala Mêkah surake ambal-ambalan | cinarita para ji | kadang kawan dasa | kêna sarêng sadina | pan namung ratu kang kari | pêpitu ingkang | tri dasa têlu kêni ||

30. langkung suka sira Prabu Umarmadya | ya ta sinapih wêngi | arsa mangsah yuda | sang hyang arka tumanggal | tinêtêgan mundur sami | wus tinimbangan | wong Mêkah tan umijil ||

28. Mijil

1. kawarnaa Arya Dul Mutalib | saking ing kêdhaton | atêtuwi marang atmajane | praptèng pakuwon nuju parêngi | kang putra duk saking | pabaratan mundur ||

2. para putra sadaya nungkêmi | dyan rinangkul alon | gantya-gantya rinangkul putrane | Radèn Ambyah wau anungkêmi | kang rama nglingnya ris | mungsuhira rawuh ||

3. ingkang [ing...]

--- 1: 171 ---

[...kang] putra Ambyah matur aris | sarwi awotsinom | para nata Marmadi kadange | kathah katalèn kêdhik kang kari | kawula wêtawis | mung kantun pêpitu ||

4. nanging lajêng kasaput ing ratri | milane tan miyos | Umarmadi saklangkung runtike | kadangira de akèh kang kêni | marma tan miyosi | kasaput ing dalu ||

5. sarêng mundur sagunging prajurit | samya amakuwon | gunging ratu kang samya katalèn | prapta ngarsanirambyah nglingnya ris | kabèh para aji | apa karsanipun ||

6. yèn jaluka urip saupami | ing agamaningong | yèn anuta pêsthi urip kabèh | yèn nora nut kabèh sun patèni | matur kang para ji | antinên karuhun ||

7. lamun kakang prabu angêmasi | kasambut palugon | pêsthi inggih tumut mati kabèh | lamun kakang prabu kêna urip | anut ing sirèki | kabèh iki milu ||

8. Radèn Ambyah mèsêm ngandika ris | bêcik yèn mangkono | yayi Maktal kunjaranên manèh | kabèh binêkta sagung bupati | mring wong Ngalabani | kinunjara sampun ||

9. samya sinungan inuman bukti | sagung para katong | gawok mulat ing Maktal balane | lawan satriya ing Ngalabani | turasing prajurit | dene kongsi nungkul ||

10. kawarnaa Prabu Umarmadi | kang nandhang wirangrong | tanbuh-tanbuh sang nata solahe | pra dipati tan ana kumêcit | samya aningali | dukane sang prabu ||

--- 1: 172 ---

11. kadya saradula asêsiwi | lami tan abadhog | kinunjara tumon ing mangsane | tambuh solahira tan amijil | mangkana narpati | kadya ge acucuh ||

12. kunêng dalu kawarnaa enjing | Radèn Ambyah miyos | mring pakuwon gumêrah wadyane | tata ingkang munggèng kanan kering | kêndhang gong lan bèri | têtêg lir gumuntur ||

13. Prabu Umarmadi amiyosi | nèng papan palunggoh | padmasana kinubêng balane | pongah-pangih mulat kanan kering | ngrasuk busana di | amakutha murub ||

14. sakathahing paraboting jurit | inggih sampun kawot | nèng dipăngga tinitihan age | parisanira wus munggèng kering | wadya ing Kohkarib | surake gumuruh ||

15. kang dipăngga binusanan adi | pun sêbrang kaluron | mandhi gada wrat sèwu katine | asêsumbar êndi kang prajurit | sapa arêp mati | papagêna ingsun ||

16. iya iki prabu ing Kohkarib | Umarmadi ingong | anak Umar Ikrab ratu gêdhe | kasumbunging prang pilih tumandhing | payo mêtua glis | anak wong dhêdhukuh ||

17. apa kêmat pangulahmu jurit | mikut para katong | iki payo bandanên bongkote | sira mati dening gada mami | anaa sakêthi | kèhane umurmu ||

18. măngsa luputa ing asta mami | ujar gadaningong | ngungsi marang ing ngêndi sangkane | ngungsia marang dhasaring bumi | kacandhak ing mami | miwah marang gunung ||

--- 1: 173 ---

19. nora wurung iya sun unggahi | ngungsia maring ngong | ingsun gogoh nadyan lak-lakane | naga agêng ya maksih ngong ungsir | ngungsia jêladri | tan wande sun kêbur ||

20. Radèn Amir atas duk miyarsi | sigra dènnya miyos | kalisahak tinitihan age | gêgamane kawrat ing turanggi | gada ingkang saking | putra Kebar sampun ||

21. munggèng astanya kanan cinangking | parise sasodhog | sampun munggèng ing asta keringe | praptèng rana pan sampun apanggih | angling Umarmadi | sapa ta sirèku ||

22. anauri iya ingsun iki | kang arsa sirangjor | sri bupati asuka guyune | sira iki dene andhap alit | lan anom apêkik | adigdayèng satru ||

23. angur nungkula eman ngêmasi | ngabdia maring ngong | pêsthi sira ingsun gawe isèn | ing wijoan palowanu rukmi | sun kon anglurahi | kabèh wadyaningsun ||

24. Radyan Ambyah sugal anauri | hèh payo sang katong | têkakêna sêdyanira age | apa ingkang ana ing sirèki | Sang Prabu Marmadi | asru dènnya muwus ||

25. nora kêna ginawea bêcik | sira iku wangkot | tadhahana gadaningsun kiye | nora wurung sira angêmasi | mutêr gada aglis | musus punang lesus ||

26. asambata wong tuwamu kalih | tan wurung macothot | sigra tumêmpuh wau gadane | parise waja kinarya tangkis | mubal mêtu gêni [gê...]

--- 1: 174 ---

[...ni] | kantar-kantar murub ||

27. kalisahak jinjang sukunyanjrit | anglumba kapêngkok | Umarmadi alatah guyune | alah ajur sira dadi gêni | katingalan mêksih | lan turangganipun ||

28. asru ngucap Sang Nata Kohkarib | urip simêmonon | ingsun nyana ajur lan jarane | Radèn Ambyah anauri aris | kaya nora mati | yèn Pangeran ingsun ||

29. mêksih rumêksa mring awak mami | kaya mêksih tanggon | mara sira anggadaa manèh | Raja Marmadi asru dènnya ngling | payo padha jangji | yèn kasoran pupuh ||

30. yèn tan mati banjur padha ngabdi | saha bala kang wong | nglurahana sawadyabalane | Radèn Ambyah anauri aris | sakarsanirèki | iya ingsun nurut ||

31. su[14] dènnya ngling Narendra Kohkarib | malêsa maring ngong | anggadaa ingsun icipane | lingirambyah sun walês dèn bêcik | kudhunga dèn aglis | ing paris sirèku ||

32. ngayatakên gadanira saking | putra Kebar kaot | inggih sèwu mas kati bobote | wus akudhung Prabu Umarmadi | sigra dèn ayati | kang gada tumêmpuh ||

33. saya ngadêg luhuring turanggi | dènira amupoh | têmpuhing gada lawan parise | mubal gêni wau sri bupati | bêbalungira sik | kang satus rong puluh ||

34. mupuh malih Sang Natèng Kohkarib | gadane tumêmpoh | rame gada-ginada agêntèn | Radèn Ambyah ngadêg [ngadê...]

--- 1: 175 ---

[...g] nèng turanggi | pan sarwi ambabit | ing walikatipun ||

35. lajêng lumumpat kumbaning èsthi | jinêjak malopor | Umarmadi kalumah tibane | jajanira sigra dèn tunggangi | mring Umarmayèki | tinalenan sampun ||

36. bala Kohkarib samya nulungi | pan arsa angrampog | mring wong Menak Marmadi tan awèh | bala ingawe mundura aglis | aywa na nulungi | dimène wak ingsun ||

37. duk tinalèn Prabu Umarmadi | gara-gara awor | dêrajate narendra katalèn | păncawara prapta awor riris | jumêglug kang ardi | prahara lan lesus ||

38. samya kondur kang amangun jurit | kalêbus punang wong | sapraptane pakuwon wadyane | Radèn Ambyah alon dènira ngling | marang Umarmadi | ngucapa sirèku ||

39. kalimah kalih Nabi Ibrahim | panutan kinaot | Umarmadi sigra ngucapake | têtaline sampun dèn uculi | ngraup pada kalih | mring wong Menak suyud ||

40. Radèn Ambyah angandika aris | sagung para katong | yayi Maktal gawanên marene | wus ginawa kinèn anguculi | sampun ngucap sami | agama linuhung ||

41. samya ngrangkul pada gênti-gênti | sagung para katong | sampun samya pinisalin kabèh | Umarmadi wus kinèn alinggih | cêlak lawan Amir | munggèng palowanu ||

42. pêparentah Sang Prabu Kohkarib | dhatêng para katong | utusana sira dhewe-dhewe |

--- 1: 176 ---

marang jajahan sagung nagari | salina agami | lan ingsun wus tundhuk ||

43. marang ing sang prawira di murti | digdayèng palugon | tur sandika kang para ri kabèh | utusan marang sagung nagari | kang karèh Kohkarib | caraka ambubul ||

44. amêmundhut sang wira di murti | wus samya dhêdhawoh | lawan sagung para ratu kabèh | langkung asih Sang Nata Kohkarib | kinèn mêdanani | maring kadangipun ||

45. para nata satriya bupati | punggawa wus kinon | anut maring Umarmadi kabèh | tur sandika umatur ing gusti | tan lêngganèng kapti | jumurung ing kayun ||

46. liya satriya ing Ngalabani | radyan prawira nom | sasat wong Menak samya anggêpe | tan akalih lan sang wirèng jurit | pêngangkahira Mir | saudara tuhu ||

47. warna mirib lir sudara yêkti | tunggal yayah ênggon | amung ujwala cahya kaote | Wong Agung Menak manis prakati | putra Ngalabani | kirang cahyanipun ||

48. lamun nora katingalan kalih | wong kathah kadudon | samya ngarani lamun gustine | lamun wong Menak datan kaèksi | putra Ngalabani | dèn arani iku ||

49. miwah kadang kang sawêlas sami | ngakên kadang anom | marang putra Ngalabani kabèh | cipta tunggal yayah lawan bibi | myang sang adipati | ing Mêkah amundhut ||

50. putra tuhu kadya gone ngukir | marang sang wiranom | kadya Mêkah wutah ludirane | ya ta sang

--- 1: 177 ---

nata ingkang winarni | sagung wadyanèki | ingundhangan sampun ||

51. bubaran saking pakuwon aglis | mantuk angêdhaton | atêngara gong bèri arame | budhal saking pakuwon wadya tri | kang wadya anggili | para ratu dulur ||

52. saha upacaranira asri | sagung para katong | apan tunggul samya têngêrane | miwah kêkăndha daludag asri | kadang ing Kohkarib | akêkanthèn laku ||

29. Kinanthi

1. wong Mêkah sêsêk supênuh | kang samya anêningali | ing ratu anyar kang prapta | kang mêntas kalah ajurit | andulur nitih dipăngga | para kadang ing Kohkarib ||

2. tan pitungan balanipun | wahana awarni-warni | kadya bêlah bumi Mêkah | kambah wadya ing Kohkarib | ing marga tan winurcita | praptèng wau păncaniti ||

3. wus karya dunungan sampun | sagunging para narpati | Natèng Kohkarib akarya | kutha kêkojor wus dadi | mantri Kohkarib sadaya | awisma ing Pusêr Bumi ||

4. miwah bala Yahman sampun | Ngabêsah lan Ngalabani | samya karya kutha pandhak | para mantri angubêngi | raharja sami sêkala | ing Mêkah wong tanpa wilis ||

5. wong Menak ing siyang dalu | datan asare ing puri | anggung anèng pasanggrahan | nunggil lan para narpati | langkung sih maring ing wadya | abojana siyang ratri ||

6. samya suka kang wadya gung | tan ana ingkang apurik | gusti asih ing kawula [kawu...]

--- 1: 178 ---

[...la] | kawula asih ing gusti | langkung dènnya dana darma | lumintu dènnya pêparing ||

7. kang rama suka tyasipun | aningali putranèki | sineba ing para nata | kinalulutan ing dasih | asih samya pawong sanak | mangkana ciptaning galih ||

8. iya baya tulusipun | nagari ing Mêkah iki | nora nana kara-kara | kèringan ing măncabumi | acipta yèn tinarima | panêdhane ing Hyang Widi ||

9. nèng Kakbah sawêlas santun | mangkya ta wus angisèni | kayuwananing satriya | wau sang wira di murti | akathah jêjulukira | iya Menak Jayèngmurti ||

10. Ki Kêlana Jayèngsatru | iya Sang Rêtnaning Jurit | Ki Palugon Palugăngsa | Wong Menak Amir Mukminin | apêparab Jayènglaga | mangkana ingkang winarni ||

11. wus têbah ing kasubipun | kaonang-onang ing jurit | ngalahakên para nata | suyud praja kanan kering | kasumbung ing bumintara | yèn Mêkah ana prajurit ||

12. akèh para ratu nungkul | samya kasoran ing jurit | sigêg gênti cinarita | wuwusên nagri Mêdayin | nênggih ratu binêthara | baudhêndha nyakrawati ||

13. angrèh ratu kawan èwu | kang samya amăncabumi | dhasar ratu pinituwa | panêmbahan para aji | prasamya angalab sawab | sêkathahing para aji ||

14. Prabu Nusirwan winuwus | duk kala miyos tinangkil | pêpak andhèr para nata | satriya para dipati | jêjêl [jê...]

--- 1: 179 ---

[...jêl] datanpa wilangan | para pinituwa nênggih ||

15. miwah sira Betaljêmur | wus munggèng kering narpati | lan Rêkyana Patih Baktak | wontên ing ngarsa narpati | tanapi kang para putra | sêntana jajare linggih ||

16. Patih Baktak awotsantun | kawula miyarsa warti | anak wong kêkuwu Mêkah | wontên mêdali prajurit | sampun ngasorkên satriya | nênggih saking Ngalabani ||

17. narendra ing Yahman nungkul | sawab kawoning ajurit | lan pêjahe putra Kebar | tumpês sawadyanirèki | miwah ta sri naranata | ratu agung ing Kohkarib ||

18. ing mangke sampun anungkul | sakadange Umarmadi | anênggih sampun kabala | ngandika sri narapati | dene kalintang apelag | kaya wartanira patih ||

19. iya pantêse satuhu | nagara Mêdayin niki | duwea wong kang mangkana | kang kadya wartanirèki | Betaljêmur nambung sabda | inggih punika narpati ||

20. pun Kêlana Jayèngsatru | pun Kêlana Adimurti | sagêd mêkatên punika | inggih sintên kang darbèni | pan kagungan sri narendra | Patih Baktak anauri ||

21. linyok sira Betaljêmur | yèn ngidhêpa marang gusti | pagene nora aseba | marang nagari Mêdayin | arêp arêraton uga | anake si kuwu iki ||

22. tan angrasa alitipun | anake si dhukuh iki | ngandêlakên yèn dikjaya | apa nagara Mêdayin | wus êntèk têmên wong lanang [la...]

--- 1: 180 ---

[...nang] | mulane amêjanani ||

23. jamak cêcuwère ngrungu | lamun nagara Mêdayin | ana ratu binathara | pangidhêpan para aji | prandene nora na seba | iya rêp madêg narpati ||

24. angorakên têgêsipun | angadèkkên yèn winarni | ingsun prawira digdaya | mêndhak kalingan kaèksi | Betaljêmur saurira | aywa mêngkono ki patih ||

25. durung sêdhêng awêwadul | mulane Ambyah tan prapti | dene nora tinimbalan | rumăngsa lamun wong cilik | sang nata alon ngandika | angur sun undanga patih ||

26. sapa prayoga lumaku | angêmbana surat mami | rêkyana patih tur sêmbah | yèn ta wontêna sang aji | inggih Sang Raja Kistaham | langkung prayoga lumaris ||

27. ing mangke paduka utus | Kistaham bêdhah nagari | amêrêp nagari Kangkan | sêmangke ingkang prayogi | inggih pun Urumuskaran | asugih bala prajurit ||

28. inggih lamun tan kadulur | kuwasa ambilaèni | balanipun wolung lêksa | ngandika sri narapati | iya patih wis prayoga | amundhia surat mami ||

29. wus kinèn sanengga sampun | sira sang prabu ing Turki | Sang Ratu Urumuskaran | wus munggèng ngarsa narpati | wus tinampan punang surat | bêbukane animbali ||

30. Ki Patih Baktak amuwus | iku karsane sang aji | yèn Si Ambyah tan lumampah | sira wênang bilaèni | sira gawaa bêbandan | aturêna sri bupati ||

31. Urumuskaran umatur |

--- 1: 181 ---

inggih sampun walangati | inggih yèn botên lumampah | pêsthi kawula talèni | pintên kadare wong Mêkah | mibêra dèn kadya pêksi ||

30. Dhandhanggula

1. budhal saking nagari Mêdayin | sira Sang Prabu Urumuskaran | lan wolung lêksa balane | satunggul payung agung | myang kakăndha daludag asri | kang lumampah ing ngarsa | punggawa gul-agul | gêgaman abra mawarna | sira Urumuskaran anitih èsthi | asri kang upacara ||

2. balanira saking nagri Turki | Raja Urumuskaran punika | saking Turki pinangkane | suwita ing Mêdayun | pan kinarya isènirèki | wijoan palorêtna | dadya punggawa gung | minăngka adining praja | lampahira ginêlak ing siyang ratri | mêne aso kewala ||

3. lampahira sêmana wus lami | praptèng ampeyan nagari Mêkah | wong desa prasamya gègèr | mirsa gêgaman rawuh | lampahira ngagèt-agèti | miyarsa jroning kitha | yèn ana wadya gung | dutèng nata binêthara | duk sêmana Sang Prawira Adimurti | siniwèng para nata ||

4. alon matur Radyan Guritwêsi | kula myarsa wontên duta nata | saking Mêdayin lampahe | ambêkta punggawa gung | kang lumampah Sang Rajèng Turki | Raja Urumuskaran | bisikaning ratu | lampahe dhatêng paduka | ingandikan sebaa dhatêng Mêdayin | nêmbah angèstupada ||

5. nanging duta kawula wêtawis | ngandhut wisa pun Urumuskaran [U...]

--- 1: 182 ---

[...rumuskaran] | apralêbda ing ature | dene ta lampahipun | datan mirib yèn aningali | bêkta gêlar sêpapan | kadi wong anglurug | ing pasêmone punika | pinopoa kadi banjur bilaèni | mulih gawa bêbandan ||

6. ingkang jamak wong kang nênimbali | wong katêlu kapat lawan layang | sapa wani ing lakune | dutanira nata gung | sapa wani anyêndhalani | balik yèn nora prênah | kang ati kumukus | lah iya tatane sapa | animbali ratu gêdhe kang tinuding | gawa gêlar sêpapan ||

7. yèn suwawi sinandi ing jurit | rayi tuwan pun Maktal dinuta | ambêkta balane kabèh | kuda kang kawan èwu | sampun bêkta wadya lit-alit | para mantri kewala | ngalanga wana gung | dhatêng dipun rampasana | nadyan silih manjinga ing Mêkah ngriki | yèn sampun barundhul |[15]|

8. inggih sampun linamban ing tampi | karsanipun narendra punika | asandi praptèng dutane | andhahar tur pêpucuk | tan kèngêtan lingsêming aji | nadyan anêdya corah | inggih ratu agung | măngsa kuranga paekan | paekane nuta tur saramèng kardi | nistha tan tia saha ||

9. sampun tuwan kaungkulan wadi | kaecalan wigatining baya | duta apara lêbdangrèh | Radyan Maktal sumambung | mau kakang wong ingsun prapti | saking bêburu miyat | wadyane duta gung | inggih yèn karsa paduka | kawulangkah anêrang angalang margi | Jayèngmurti [Jayèng...]

--- 1: 183 ---

[...murti] tan arsa ||

10. sigra matur Sang Prabu Kohkarib | yèn suwawi pinapag ing yuda | sampun atanggêl awone | utusane ginêmpur | asêsiku akarya runtik | benjang dadya lurugan | kawula kang magut | mêngsah bêbangkan Nursiwan[16] | sagêndhinge ing yuda kêpanggih pundi | Jayèngmurti tan arsa ||

11. angandika sang prawirèng jurit | iya kabèh ingsun datan arsa | amrih wêlèh ing dutane | sasuka-sukanipun | nadyan gawa bala sakêthi | Mêkah dèn kongsi kêbak | ywa na ingkang ganggu | macucu Ki Umarmaya | kêthip-kêthip ngucêmil mele mundêlik | malêmbung latah-latah ||

12. sigra kesah Ki Umarmayèki | bêbêd amoh akêkalung tampar | wawêdhak angus awake | arsa amindha antu | praptèng wana balerong kunir | wau lan awar-awar | kinarya rêraup | lênga têlêng sumpingira | Umarmaya dadya cêcuplaking bumi | andhêng-andhênging jagad ||

13. mulanira tan kêna ing pati | Umarmaya benjang kêna pêjah | sarêng kêlawan jagade | warnanên lampahipun | sela ulun nèng têngah margi | sêsirig cikrak-cikrah | malumpat malêmbung | anênggih duwe kabisan | Umarmaya pring sasorot isi gêni | urube amarongan ||

14. lampahira prajurit Mêdayin | sapraptane satêngahing wana | prasamya mandhêg sakèhe | dènnya ningali antu | cikrak-cikrak amalang margi | malumpat culat-culat [culat-cula...]

--- 1: 184 ---

[...t] | kêkayang malêmbung | wong mulat prasamya talah | kapingkêlên sadaya binalang gêni | malocot bubar-bubar ||

15. akèh gosong miwah angêmasi | wadya bubar ngêlud marang wuntat | prapta wau ing lampahe | Raja Muskaran muwus | ana apa gègère iki | matur punggawanira | nênggih wontên antu | sang nata alon ngandika | hèh piyaka manira ayun ningali | ya ta Marmaya prapta ||

16. linca-lincak[17] sarwi kirig-kirig | amalêmbung kêkayang tumênga | angucêmil mele-mele | Raja Muskaran dulu | suka-suka apijêt ati | kapingkêl mangap-mangap | binalang ing watu | dhumatêng Ki Umarmaya | bêbêcike ing Mêdayin amung iki | baya larang manungsa ||

17. ambênêri cangkême kang kêni | untunira gogrog ingkang tiga | niba saking dipanggane | Marmaya gya lumayu | sakêlangkung suka kang galih | dene antuk gogrogan | tur untuning ratu | ya ta ingkang winurcita | adipati ing mêkah Ngabdul Mutalib | sampun miyarsa warta ||

18. angandika mring putranirèki | sira kulup mêngko kêdhayohan | Natèng Mêdayin dutane | sadina iki rawuh | kang ingutus Sang Prabu Turki | karia panangkilan | ngong dhewe kang mêthuk | wus tata suguh pikulan | gêgotongan budhal saking păncaniti | prapta jawining kitha ||

19. Raja Urumuskaran ningali | yèn Sang Adipati Mêkah mapag | anggili pêpikulane | mandhêg [mandhê...]

--- 1: 185 ---

[...g] ponang wadya gung | ambalabar bala Mêdayin | Raja Urumuskaran | pêlanan pinikul | mila tan nitih dipăngga | untu gogrog sang nata agêrah lathi | binalang antu alas ||

20. Sang Muskaran bungahe tan sipi | aningali sang dipati mapag | samêkta lan sêsuguhe | têdhak Ki Arya Ngabdul | saking kuda lumakwèng siti | Raja Urumuskaran | bêdhak[18] saking tandhu | cumundhuk sang adipatya | nyêkêl asta umatur angacarani | anggèr paduka lênggah ||

21. soring tarub taratag miranti | sang dipati matur angrêrêpa | katuran pambage anggèr | punika sêgahipun | abdi dalêm ing Mêkah kêdhik | supados kadhahara | têtambaning lêsu | sumaur Urumuskaran | inggih paman manira tarima kasih | paman kula wêwarta ||

22. misih tomtomên ingsun puniki | tiyang kula kathah karisakan | paman duk ing wana gène | dipun barandu antu | mung satunggal langkung ajulig | wadya kèh samya bubar | kabujung ing antu | marêp ing ngarsa manira | balang watu untu manira kang kêni | gigal ingkang têtiga ||

23. matur alon Arya Dul Mutalib | inggih kathah ingkang kasusahan | wana punika ênggène | Raja Muskaran muwus | antu apa ing Mêkah iki | ya ta wau anadhah | lan punggawanipun | binagi sabalanira | sasampune lajêng dènira lumaris | malêbèng jroning kitha ||

24. sapraptane panangkilan aglis | Raja [Ra...]

--- 1: 186 ---

[...ja] Urumuskaran cinandhak | kinanthi wau astane | marang sang dipatya wus | inginggahkên ing palowani | sira Urumuskaran | cingak dènnya dulu | panangkilan jêjêl nata | ting prêngangah lan wontên satriya pêkik | sumunu cahyanira ||

25. osiking tyas narendra ing Turki | êndi baya ingkang aran Ambyah | dene jumbuh ratu kabèh | nora kaduga ingsun | yèn upama satriya iki | ingkang pêkik kalintang | dene mêksih timur | durung mangsane digdaya | nulya takèn mring sira sang adipati | pundi paman pun Ambyah ||

26. sang dipati matur sarwi nuding | lah punika gèr ngarsa paduka | abdinta mêksih arare | acêndhala tur punggung | datan măntra-măntra nagari | wantune padhêkahan | sonya kramanipun | Urumuskaran umiyat | mring Kêlana Jayèngsatru tungtung asih | alon dènnya ngandika ||

27. dawêg yayi surate narpati | ing Mêdayin ratu binêthara | mara tampanana age | satriyambyah tumurun | anampani nuwala aji | tininggil ing mustaka | anulya tiniyup | awanti-wanti ingaras | pinidihkên ing êmbun-êmbun ping kalih | binuka sinuksmèng tyas ||

28. bêbukane pèngêt layang mami | sri nata gung ingkang binêthara | Kang Maha Nusirwan angrèh | amisesa praja gung | ratu pinituwa para ji | ingkang sinêmbah-sêmbah | ratu patang èwu | lawa[19] mantri pitung lêksa | punggawa kang digdaya angulah jurit | salêksa [salê...]

--- 1: 187 ---

[...ksa] lan sanambang ||

29. pêngalasan tingang samas sisih | adhawuha iki layang ingwang | satriya Mêkah wiyose | Kêlana Jayèngpupuh | widigdaya wira di murti | sira iku sebaa | nêmbaha maring sun | kamantyan sun arsa wikan | marang sira duk ingsun miyarsa warti | de ta kaonang-onang ||

30. sura prane bala awigati | lamun sira sumiwi maring wang | balanta gawanên kabèh | sakèhe para ratu | sêmbahêna ampeyan mami | lan sira awismaa | nagri ing Mêdayun | dadia satriyaningwang | lamun nora mêngkono ingsun arani | arêp rêraton sira ||

31. lamun sira seba ing Mêdayin | sabalanta sêmbahna maring wang | sira besuk sun gawe sèn | wijoan palowanu | amuktia anèng Mêdayin | tamat titi kang sêrat | sirambyah tumungkul | alon mangrêpa turira | langkung nuhun dhawuhing pangandika ji | kapidih ing mustaka ||

32. salamine kang abdi akapti | sumiwia ing sang binêthara | nging dèrèng wontên margane | wong punapa pukulun | anyiptaa sèdhèng narpati | sampun dèn êla-êla | kadhawuhan wuwus | yèn tan aniyata seba | nanging dukanipun kangjêng sri bupati | tan sowan sapunika ||

33. dene lampah paduka puniki | bêkta wadya gung gêlar sêpapan | wong nimbali dede trape | mila sangêt anuwun | langkung dènnya inggih mêstani | yèn wontêna wongira | bapa Betaljêmur | lan [la...]

--- 1: 188 ---

[...n] santra[20] sacêrêk ika | prapta sontên enjinge amba lumaris | sumiwi saha bala ||

34. Raja Urumuskaran lingnya ris | yèn mêngkono tan antuk don ingwang | animbali ing dhèwèke | kayaparan ling ingsun | nulya punang pundhutan mijil | supênuh warna-warna | anulya manginum | kêlangkung sinuba-suba | ingaturan pisalin awarni-warni | langkung dinung ing tingkah ||

35. malah supe yèn dinutèng aji | dupi antara ing catur dina | asanengga sabalane | ing panangkilan gupuh | pêpak sagung para narpati | warnanên Umarmaya | arsa asêsuguh | marang Sang Prabu Muskaran | tadhahan mas sasabe taluki kuning | ngrêpèpèh mêndhak-mêndhak ||

36. kêthip-kêthip sarwi angucêmil | Urumuskaran suka umiyat | wong iki ana èmpêre | antu begal wana gung | pasêmone têka ngêblêgi | amung kacèk manungsa | iya lawan antu | wong Menak alon dêlingnya | iku apa Umarmaya anauri | kawula asêsêgah ||

37. inggih dhatêng Muskaran duta ji | mangsah mêndhak sampun tinampanan | Muskaran suka manahe | ciptanira ing kalbu | pêsthi lamun isine adi | sêksana ingungkaban | isinira amung | jali lan kêcik kewala | ngungun ing tyas gumêr sagung para aji | Marmaya sampun kesah ||

38. sigra amit têdhak Rajèng Turki | budhal saking alun-alun Mêkah | gumuruh wadyabalane | sinêru lampahipun | langkung rikat bala Mêdayin | praptèng

--- 1: 189 ---

paminggir desa | dungkap ing wana gung | wau ta Ki Umarmaya | lawan Prabu Kohkarib amêgat margi | wong liwat ingandhêgan ||

39. Natèng Kohkarib amalangkêrik | Umarmaya amasang sorotnya | wong akèh sinawat gègèr | malocot kagum-kagum | Raja Urumuskaran angling | hèh batur ana apa | punika sang prabu | pun Umarmaya angadhang | mindha antu kêlawan pun Umarmadi | anglês Urumuskaran ||

40. Umarmaya asru wuwusnèki | wong Mêdayin sapa arêp gêsang | tinggalên gamanmu kabèh | busana lan sangumu | iku padha srahna ing mami | Raja Urumuskaran | kêkês manahipun | tumurun saking dipăngga | ya ta sampun sinungan turăngga èstri | busana dhinedhelan ||

41. Umarmadi sarwi briga-brigi | ya ta mulat Sang Raja Muskaran | kamirumabên awake | sagunging balanipun | myang punggawa dipun dhèdhèli | angling Ki Umarmaya | pêpucuk lakumu | dene ta arêp nyêkêla | mring wong Menak nora nimbali sayêkti | mêngko lah rasakêna ||

42. asru mujar prabu ing Kohkarib | baya ngandêlakên sugih bala | anggêgila ing lakune | tatane yêng-iyêngmu | wong nimbali anggawa baris | maraa lah budia | dene nora ngamuk | Raja Turki mêndhak-mêndhak | Umarmaya pijêr bikut andhèdhèli | marang ing bala kathah ||

43. Natèng Turki matur sih minta sih | lêrês saking karsa dêlingira [dêling...]

--- 1: 190 ---

[...ira] | ingsun kang bangêt lupute | kawula mintak ampun | amung inggih aminta urip | kabèh kinèn mulia | sampun bêbarundhul | Marmaya bongkot gêgaman | pêdhang bêdhil pasêr busur cacap lêmbing | salukun alugora ||

44. myang busana sangune pan ênting | wong Mêdayin mulih lêlagaran | wong alêksan tanpa gawe | Ki Umarmaya wau | lawan sira Natèng Kohkarib | samya numpuk bandhangan | angêntosi batur | wong kalih atus pan kirang | mêksih kathah samya tinilar wanadri | enjing gya winangsulan ||

45. Umarmaya prapta Pusêr Bumi | sang dipati lagya pirêmbagan | pitutur ing atmajane | kaya pa sira kulup | tinimbalan nora lumaris | abêcik lumakua | iku ratu agung | kèdhêp dèning para raja | yèn katura wêwadule Raja Turki | tan wurung mêmungsuhan ||

46. yèn mungsuha Sang Natèng Mêdayin | kayaparan babo solahira | nagara Mêdayin gêdhe | akèh raja kawêngku | ratu agung binêthara di | anyakrawatining rat | agung pinisêpuh | pangidhêpan para raja | sira iki wêlasa wong tuwa gusti | anggèr nuli sebaa ||

47. Ratu Yunan Ngêrum lawan Mêsir | ing Budalsah Darakăngka Raja | samya ratu gêdhe-gêdhe | prandene samya nungkul | ingkang putra umatur aris | yèn kawula nêdyaa | amungsuh sang prabu | wêwaha sèwu nagara | ing Mêdayin botên kawula singgahi |

--- 1: 191 ---

nanging botên anêdya ||

48. dènnya kêkarang rêmbag saratri | ya ta kunêng ingkang winurcita | Urumuskaran lampahe | prapta nagri Mêdayun | Sri Bêthara Anyakrawati | lagya siniwèng wadya | narendra gung-agung | sadaya kagyat tumingal | dene Urumuskaran praptane brindhil | samya rusak balanya ||

49. Patih Baktak nêmbah matur aris | kula anuwun dewa bathara | lah punika pinanggihe | ature Betaljêmur | damêl lingsêm ing paduka ji | cacak Urumuskaran | kongsi bêbarundhul | runtik sang nata ngandika | lamun ingsun gugu si pijajar iki | anggung akalingsêman ||

50. Betaljêmur uning nata runtik | ya ta mèsêm pan sarya anabda | hèh ki patih sayêktine | dudu pênggawenipun | Si Kêlana Jayadimurti | iya iku kawula | ingkang bêbarandu | sang nata asru ngandika | hèh Muskaran sira matura sayêkti | sapa ngrampasi sira ||

51. nêmbah matur pun Umarmayèki | lawan Umarmadi anèng wana | inggih makatên basane | sira iku kêsiku | ngêndi ana wong animbali | gawa gêlar sêpapan | nora na wong dhawuk | ing nagarinira kana | baya ora ana punggawa kang bêcik | papêksan murang tata ||

52. lamun nyata dutaning narpati | pêsthi lamun kèringan nèng marga | iya pêngalasan bae | wong Menak pan lumaku | dene iki anggawa baris | nimbali kêlairan | batine anglurug | mara

--- 1: 192 ---

padha rampasana | yèn abăngga tumpêsên aywa na kari | laguke arêp cidra ||

53. sri narendra angandika aris | ana pira kang ngrampas nèng wana | tiyang kêkalih kathahe | ingkang satunggil ratu | Umarmadi Natèng Kohkarib | balane tan katingal | ngandika sang prabu | hèh Baktak wit saking sira | ing dadine biyèn ing pênggawe iki | tumungkul Patih Baktak ||

54. Muskaran nêmbah umatur malih | lan mêkatên ature pun Ambyah | kêlamun nyata karsane | wit saking sang aprabu | aja kêdah anggawa baris | măngsa nora sebaa | iya raganingsun | nadyan ta rare sausap | lamun wonge bala Betaljêmur inggih | lan sastra sasêlirak[21] ||

55. angandika Prabu Nyakrawati | iya bapa sira layangana | poma dèn prapta marene | Kêlana Jayèngsatru | lamun nora seba ing mami | ngong rêmêg nagri Mêkah | sun dadèkkên awu | lan sira bilai bapa | tur sandika Betaljêmur têdhak aglis | anduduk manahira ||

 


Kurang satu suku kata: lan Umarmaya kapêthuk. (kembali)
uparêngganipun. (kembali)
tumuli. (kembali)
alêlana. (kembali)
tamsir. (kembali)
Lebih satu suku kata: klisahak dèn cumêti. (kembali)
sêsorote. (kembali)
Lebih satu suku kata: tan na tumênga. (kembali)
băngga. (kembali)
10 Biasanya guru lagu a: kêna. (kembali)
11 sawidak. (kembali)
12 ingwang. (kembali)
13 kêkapalan. (kembali)
14 sru. (kembali)
15 Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: yèn sampun barundhulan. (kembali)
16 Nusirwan. (kembali)
17 lincak-lincak. (kembali)
18 têdhak. (kembali)
19 lawan. (kembali)
20 sastra. (kembali)
21 sasêliran. (kembali)