Pananggalan 1895, Winter, 1895, #512

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-05-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1895

TAHOEN KA I.

Taun ingkang kapisan.

__________

Sêrat Pananggalan Kangge Ing Taun Walandi 1895.

Kaanggit dening Tuwan F. L. Wintêr, ing Surakarta.

__________

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Albrèh tuwin Rusê ing Surakarta.

Albrecht & Rusche

SOLO - BATAVIA.

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Sêrat Pananggalan.

Ingkang kaping 1: ing taun Walandi 1895.

Kaanggit dening Tuwan F. L. Wintêr.

Mawi tambahan cariyos ringgit purwa lampahan Kumalasêkti, rinêngga ing gambaran.

__________

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Albrèh tuwin Rusê, ing Surakarta.

__________

--- 120 ---

Para Upsir Mêmuri Băngsa Luhur Jawi.

Jendral mayor.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X ing Surakarta.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamangkubuwana ingkang kaping XII ing Ngayogyakarta.

Litnan Kolonèl.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Surakarta 19/2 66

Gusti Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi, Ngayogyakarta, Ajudan Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral (gènêralên sêtaf) 16/7 72

Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, Surakarta, Ajudan Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral (ganêralên[1] sêtaf) 15/6 87

Kangjêng Pangeran Angabèi Ngayogyakarta (gènêralên sêtaf) 22/2 82

Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara (kavalêri) 16/8 82

Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mataram, Surakarta (gènêralên sêtaf)

Mayor.

Gusti Pangeran Arya Pugêr, Ngayogyakarta (gènêralên sêtaf) 25/10 77

Gusti Pangeran Arya Suryaputra, Ngayogyakarta (gènêralên sêtaf) 25/10 77

Gusti Pangeran Arya Buminata, Ngayogyakarta (gènêralên sêtaf) 22/3 81

Mayor.

Kangjêng Pangeran Arya Hadiwinata (gènêralên sêtaf) 22/9 81

Radèn Tumênggung Sindurêja, komandhaning prajurit dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta (infantêri)

Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, Mayor Ajudan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta 22/3 81

Kaptin Kangjêng Pangeran Arya Hadinagara, Ajudan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta.

__________

--- 121 ---

Bab Karaton ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping X. Jendral mayoring wadyabala dalêm, Kangjêng Sri Maharaja Nata Dèwi ing praja Nèdêrlan, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IX. miyos saking garwa padmi, swargi Kangjêng Ratu Pakubuwana, wiyosan dalêm ing nalika dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 wulan Rêjêp taun Alip ăngka 1795, utawi kaping 29 Novèmbêr taun 1866.

Nalika yuswa kawan taun jinunjung nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, nalika ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je, ăngka 1898 utawi tanggal kaping 4 Oktobêr taun 1869.

Ing sasurud Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 9 lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 wulan Siyam taun Je, ăngka 1822, utawi tanggal kaping 30 Marêt taun 7893.[2]

__________

--- 122 ---

Pratelaning Para Ratu Pramèswari Dalêm.

Pramèswari dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX.

Kangjêng Ratu Marêtna, putranipun Radèn Mayor Puspawinata, kingkang[3] sampun seda, ingkang lajêng kaangkat nama sarta sasêbutan Kangjêng Pangeran Arya Pamênang.

Pramèswari Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang junêng[4] sapunika.

Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV.

Pratelanipun Para Putra Dalêm Kakung Putri.

Putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VI.

1. Gusti Kangjêng Ratu Timur, patutan saking pramèswari dalêm swargi Gusti Kangjêng Ratu Anom, krama Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2, ing Surakarta.

2. Bandara Radèn Ayu Săntakusuma, krama swargi Kangjêng Pangeran Arya Săntakusuma, ing Surakarta.

3. Bandara Dèn[5] Ayu Cakradiningrat, krama swargi Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat, ing Surakarta.

Putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VII.

Gusti Kangjang[6] Ratu Pambayun.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX ingkang sampun diwasa.

1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng nata sapunika.

2. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya, ing ngajêng anama Kangjêng Pangeran Angabèi, litnan kolonèl gènêralên sêtaf, saha Ajudan Dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral.

3. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mataram,litnan kolonèl gènêralên sêtaf.

--- 123 ---

4. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma.

5. Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma.

6. Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, Mayor Ajudan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

7. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat.

8. Kangjêng Pangeran Arya Purbaningrat.

9. Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat.

10. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga.

11. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat.

12. Kangjêng Pangeran Arya Adiningrat, wontên ing Têrnate.

13. Kangjêng Pangeran Arya Malayakusuma.

14. Kangjêng Pangeran Arya Săntakusuma.

15. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Wijaya.

Putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX ingkang sampun krama.

1. Bandara Radèn Ayu Adinagara.

2. Bandara Radèn Ayu Adipati Sasradiningrat.

3. Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat.

4.Bandara Radèn Ayu Puspanagara.

5. Bandara Radèn Ayu Jayaningrat.

6. Bandara Radèn Ayu Purbawinata.

7. Bandara Radèn Ayu Danuningrat.

8. Bandara Radèn Ayu Bratajaya.

9. Bandara Radèn Ayu Padmanagara.

10. Bandara Radèn Ayu Padmawinata.

11. Bandara Radèn Ayu Suryaputra.

Pratelanipun Para Pangeran Santana Dalêm.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IV.

--- 124 ---

1. Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda

Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda kaping 2.

2. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Anom

Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

3. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Priyêmbada kapisan

Kangjêng Pangeran Panji Priyêmbada kaping 2.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping V.

1. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan

Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

2. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat

Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara litnan kolonèl kafalêri.

3. Putranipun swargi Bandara Radèn Ayu Adiwinata

Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, mantu dalêm nama swargi Ingkang Sinuhun kaping IX.

4. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryakusukuma,[7]

Kangjêng Pangeran Panji Puspakusuma.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VI.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Natapraja

Kangjêng Pangeran Arya Suratmaja kaping 2.

Wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VIII.

Putranipun swargi Gusti Kangjêng Ratu Bandara, patutan saking swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2.

Kangjêng Pangeran Arya Adisurya.

Buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping III.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kapisan, inggih Kangjêng Panêmbahan Jurumartani.

--- 125 ---

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2.

Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3, litnan kolonèl ing gènêralên staf, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kingkang kaping IV.

__________

--- 126 ---

Kawontênanipun Para Pangagêng Sakarerehanipun, ing Karaton Dalêm Surakarta, ingkang Sami Nyêpêng Paprentahan.

Pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX.

Kawadanan ing kapatihan.

Kaliwon wadana pêpatih ing kapatihan, Radèn Ngabèi Sasradirêja.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Nitipradata.

Panèwu pulisi, Radèn Ngabèi Citrapranata.

Pangulu Kyai Ngabèi Ngabdulsalam, ngrangkêp dados pangulu pangadilan residhènsirad.

Bupati Nayaka Dalêm, ingkang Mawi Bawat, Golongan Lêbêt.

1. Kabupatèn kaparak kiwa.

Bupati, Radèn Mas Arya Jayadiningrat, bêkêl.

Kaliwon, Radèn Mas Ngabèi Bratadipura.

Kaliwon, wadananing abdi dalêm anggandhèk, Radèn Ngabèi Jayadarsana.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Jayapradata.

Mantri pulisi, Mas Ngabèi Jayapranata.

2. Kabupatèn kaparak têngên.

Bupati, Radèn Mas Arya Purwadiningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan taping[8] IX.

Kaliwon, ...

--- 127 ---

Kaliwon, wadananing abdi dalêm anggandhèk, Ngabèi Purwadarsana.

Panèwu jêjaksa,[9] Radèn Ngabèi Sastrapradata.

Mantri pulisi, Mas Ngabèi Purwapradata.

3. Kabupatèn gêdhong kiwa.

Bupati, Radèn Mas Arya Jayaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Martadipura.

Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Darsapradata.

Mantri pulisi, Radèn Ngabèi Kartapranata.

4. Kabupatèn kaparak têngên.

Bupati, Radèn Tumênggung Arjadipura.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Suradipura.

Panèwu jaksa, Mam[10] Ngabèi Arjapradata.

Mantri pulisi, Mas Ngabèi Arjapranata.

Golongan Jawi.

1. Kabupatèn agêng.

Bupati, Radèn Tumênggung Suryawinata.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Purwakusuma, kapêthil dados pangagêng kantor kapatihan.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Surapradata.

Mantri pulisi, Radèn Ngabèi Kramapradata.

2. Kabupatèn Sèwu.

Bupati, Radèn Tumênggung Jayanagara.

Kaliwon, Radèn Mas Ngabèi Jayasudirja.

--- 128 ---

Panèwu jaksa, 1. Radèn Ngabèi Hănggapradata.

2. Radèn Ngabèi Wăngsapradata.

Mantri pulisi, Mas Ngabèi Wăngsapranata.

3. Kabupatèn Panumping.

Bupati, Radèn Mas Arya Prawiranagara.

Kaliwon, ...

Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Atmapradata.

Mantri pulisi, Mas Ngabèi Mangunpranata.

4. Kabupatèn bumi.

Bupati, Radèn Tumênggung Tăndhanagara.

Kaliwon, Radèn Ngakèi[11]Nitipraja.

Panèwu jaksa, ...

Mantri pulisi, Mas Ngabèi Mangkupranata.

Bupati Anon-Anon, Golongan Lêbêt.

1. Kabupatèn pangrêmbe.

Bupati, ontêr[12] mayoran Mas Tumênggung Wiryadiningrat, inggih punika ingkang dados pêpatih dalêm ing kraton.

Kaliwon, Radèn Mas Ngabèi Atmasaputra.

Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Wiryapradata.

Mantri pulisi, Mas Ngabèi Wiryapradata.

2. Kabupatèn kalang.

Bupati, Radèn Tumênggung Wrêksanagara, ingkang majib kiyasan sarta tambal sulam kadhaton.

--- 129 ---

Kaliwon, Radèn Ngabèi Raja Manggala.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Raja Pradata.

Panèwu pulisi, Radèn Ngabèi Dirjapranata.

3. Kabupatèn kadipatèn anom.

Bupati, Radèn Mas Arya Sujanapura, inggih punika ingkang dados pêpatihing kadipatèn anom.

Kaliwon jawi, Radèn Ngabèi Săntadipura.

Kaliwon lêbêt, Radèn Ngabèi Arjawitana.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Agnyapradata.

Pangulu, Mas Ngabèi Imampura.

Mantri pulisi sajawining baluwarti, Mas Ngabèi Wirapranata.

Mantri pulisi salêbêting baluwarti, Radèn Răngga Yasapradata.

Golongan Jawi.

1. Kabupatèn galadhag.

Bupati, Radèn Mas Arya Puspanagara, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping IX.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Bujanagara, kapêthil wontên kantor kapatihan, saha anyêpêng kas arta nagari.

Panèwu pulisi, Mas Ngabèi Brajapradata.

Mantri pulisi, ...

2. Kabupatèn jaksa.

Bupati, ...

Kaliwon, Radèn Ngabèi Yasapradata, kapatah anggarap prakawis parapabên.

--- 130 ---

Panèwu gripiring pradata agêng, Mas Ngabèi Sêcapradata.

Mênggah para jaksa kabupatèn nayaka tuwin anon-anon sadaya, kajawi kabawah dhatêng bupatinipun piyambak-piyambak, sadaya sami kabawah dening bupati jaksa, saha pundi ingkang botên kapêthil garapan prakawis pandamêlan sanès, sami tumut garap prakawis ing pradata agêng.

3. Kabupatèn pangulon.

Wadana pangulu, Radèn Pangulu Tapsir Anom, khakim ngiras landrad pradata agêng.

Bêkêl khatib minăngka kaliwon, Mas Khatib Tabsir Iman.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Dipapradata.

Mantri pulisi, Radèn Răngga Martapradata.

Abdi Dalêm Prajurit, Golongan Lêbêt.

Komandhan, litnan kolonèl, Radèn Mas Arya Padmawinata.

Mayor staf, Radèn Panji Jayawinata.

Mayor prajurit tamtama, Radèn Mas Arya Pringgawinata.

Mayor prajurit wirautama, Radèn Mas Arya Surawinata.

Mayor prajurit mijipinilih, Radèn Mas Arya Bratawinata.

Mayor prajurit jayèngastra, Radèn Mas Arya Jayèngwinata.

Mayor prajurit prawiranom, Radèn Mas Arya Prawirawinata.

Mayor ondêr intêndhan, Radèn Mas Arya Brajawinata.

Golongan Jawi.

Komandhan, litnan kolonèl, Radèn Mas Arya Sumawinata.

Mayor prajurit jagasura, Radèn Mas Arya Ranuwinata.

Mayor prajurit jayataka, Radèn Mas Arya Priyawinata.

Mayor prajurit jayasura, Radèn Mas Arya Purbawinata.

--- 131 ---

Mayor prajurit jayatêtana, Radèn Mas Arya Dirjawinata.

Mayor prajurit suratêtana, Radèn Mas Arya Martawinata.

Mayor prajurit trunasura, Radèn Mas Arya Arjawinata.

Mayor prajurit jagabraja, Radèn Mas Arya Purbawinata.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Ardipradata.

Mantri pulisi, Mas Ngabèi Wignyapranata.

Para Kaliwon Anon-Anon Lêbêt.

1. Radèn Ngabèi Bujadipura, wadananing abdi dalêm panandhon.

2. Radèn Ngabèi Sastraukara, wadananing abdi dalêm carik.

3. Radèn Ngabèi Nitipura, wadananing abdi dalêm gadhing mataram.

4. Radèn Ngabèi Purbadipura, wadananing abdi dalêm karaton.

5. Radèn Ngabèi Arjagêrjita, wadananing abdi dalêm gêrji.

6. Radèn Ngabèi Samahita, wadananing abdi dalêm kêmasan.

7. Radèn Ngabèi Săntaturăngga, wadananing abdi dalêm panêgar.

Para Kaliwon Anon-Anon Jawi.

1. Radèn Ngabèi Sasraatmaja, wadananing abdi dalêm mantri anom lêbêt.

2. Radèn Ngabèi Sumadirêja, wadananing abdi dalêm mantri wi.[13]

Kabupatèn Salêbêting Nagari.

Bupati, Radèn Tumênggung Kartanagara.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Kartawadana.

Mantri kabupatèn, Radèn Ngabèi Darpapradata.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Karyaprawita.

Mantri jaksa, Radèn Răngga Prabapranata.

Pangulu, Mas Abdulrajak.

Dhistrik Kitha.

Panèwu, Radèn Ngabèi Citrapranata.

--- 132 ---

Mantri pangkat 1 ing lèr kadhaton, Radèn Ngabèi Gitapranata.

Mantri pangkat 1 ing kilèn kadhaton, Radèn Ngabèi Gitapranata.

Mantri pangkat 1 ing kidul kadhaton, Radèn Ngabèi Surapranata.

Mantri pangkat 1 ing wetan kadhaton, Radèn Ngabèi Tandyapranata.

Dhistrik ing Grogol.

Panèwu, Radèn Ngabèi Puspapranata.

Mantri pangkat 1 ing Bêkonang, Radèn Ngabèi Citraprawira.

Mantri pangkat 2 ing Maja, Radèn Ngabèi Endrapranata.

Mantri pangkat 3 ing Baki, Mas Răngga Karnapranata.

Dhistrik Kaliyasa.

Panèwu, Mas Ngabèi Jayasuwignya.

Mantri pangkat 2 ing Nagasari, Mas Răngga Jayasuyasa.

Dhistrik ing Kartasura.

Panèwu, Mas Ngabèi Jayasuwirya.

Mantri pangkat 1 ing Waru, Radèn Ngabèi Wăngsapranata.

Mantri pangkat 1 ing Ngêmplak, Mas Ngabèi Wiryapranata.

Mantri pangkat 2 ing Gathak, Radèn Răngga Wrêdasuwirya.

Mantri pangkat 2 ing Kleca, Mas Răngga Dipasuwirya.

Mantri pangkat 2 ing Bolon, Mas Răngga Sastradiwirya.

Kabupatèn ing Sukoharja.

Kaliwon pangagêng kabupatèn, Radèn Ngabèi Darmapranata.

Panèwu kabupatèn, Mas Ngabèi Sutasanjaya.

Panèwu lid, Mas Ngabèi Sutadikarya.

--- 133 ---

Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Sutasurama.

Mantri jaksa ngrangkêp gripir, Radèn Ngabèi Sutawilapa.

Pangulu, Kaji Edrismuhi.

Dhistrik Kitha.

Panèwu, Ngabèi Sutasudarma.

Mantri pangkat 1 ing Bulakrêja, Mas Ngabèi Sutakartika.

Mantri pangkat 2 ing Sugihan, Mas Răngga Sutawardaya.

Mantri pangkat 2 ing Kêdhunggudèl, Mas Răngga Sutataruna.

Dhistrik ing Tawangsari.

Panèwu, Mas Ngabèi Sutasangaja.

Mantri pangkat 1 ing Ngutêr, Mas Ngabèi Sutarêksaka

Mantri pangkat 1 ing Grogol, Mas Ngabèi Sutasudarma.

Mantri pangkat 2 ing Watukêlir Banyubiru, Mas Răngga Sutamaruta.

Mantri pangkat 2 ing Kasihan, Mas Răngga Jayaniharja.

Kabupatèn Sragèn.

Bupati, Radèn Tumênggung Wiryadipraja.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Wiryawidagda.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Citrasiwaya.

Mantri jaksa, Mas Răngga Citrajaksana.

Panèwu lid, Mas Ngabèi Citrarêja.

Mantri gripir, Mas Ngabèi Citrawilapa.

Panguhu,[14] Mas Kasan Jenal Mustapa.

Dhistri[15]Kitha.

Panèwu, Radèn Ngabèi Citrasoma.

--- 134 ---

Mantri pangkat 1 ing Ngrapal, Mas Ngabèi Citrasukirna.

Dhistrik ing Masaran.

Panèwu, Radèn Ngabèi Sumawicitra.

Mantri pangkat 1 ing Tompe, Mas Ngabèi Jayasukarsa.

Mantri pangkat 2 ing Grompol, Radèn Răngga Partawijaya.

Dhistrik ing Jagamasan.

Panèwu, Mas Ngabèi Citrasancaka.

Mantri pangkat 1 ing Kutukan, Mas Ngabèi Citrasuwirya.

Mantri pangkat 2 ing Wanatêrsa, Mas Ngabèi Citrapustaka.

Dhistrik ing Gêmolong.

Panèwu, Radèn Ngabèi Jayamardawa.

Mantri pangkat 1 ing Nglawa, Mas Ngabèi Jayadirêksa.

Mantri pangkat 2 ing Wanasari, Mas Răngga Jayaanduta.

Dhistrik ing Gêsi.

Panèwu, Mas Ngabèi Citrasuraksa.

Mantri pangkat 1 ing Jênalas,Radèn Ngabèi Citrawantuwa.

Mantri pangkat 2 ing Pojok, Mas Răngga Citrawalgita.

Dhistrik ing Blimbing.

Panèwu, Radèn Ngabèi Citrawijaksa.

Mantri pangkat 1 ing Batu,Radèn Ngabèi Citrarêksaka.

Mantri pangkat 2 ing Gondhang, Mas Răngga Surasarana.

--- 135 ---

Kabupatèn ing Bayalali.

Bupati, Radèn Tumênggung Dirjakusuma.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Mangundirja.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Suramardawa.

Mantri jaksa, Mas Răngga Surasuparta.

Panèwu lid, Mas Ngabèi Surawirana.

Mantri gripir, Radèn Ngabèi Jayawilapa.

Pangulu, Mas Kasandimêja.

Dhistrik Kitha.

Panèwu, Mas Ngabèi Surasumarta.

Mantri pangkat 1 ing Banyudana, Mas Ngabèi Surasastra.

Mantri pangkat 2 ing Kumusuk, Radèn Răngga Suradirana.

Mantri pangkat 2 ing Têras, Mas Răngga Jayaukara.

Mantri pangkat 2 ing Sawit, Mas Răngga Surasadana.

Kabupatèn ing Ampèl.

Bupati, Radèn Tumênggung Ranadirja.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Purwasudira.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Jayadêgsana.

Mantri jaksa, Radèn Răngga Jayasutana.

Panèwu lid, Mas Ngabèi Agnyapranata.

Mantri gripir, Mas Ngabèi Suradirêksa.

Pangulu, Mas Kaji Ngali.

Dhistri Kitha.

Panèwu, Radèn Ngabèi Jayasugita.

--- 136 ---

Mantri pangkat 2 ing Gêtas, Mas Ngabèi Jayarsaya.

Mantri pangkat 2 ing Capaga, Mas Răngga Jayamandruwa.

Mantri pangkat 2 ing Plambong, Radèn Răngga Jayasupana.

Dhistrik ing Sima.

Panèwu, Radèn Ngabèi Jayawardaya.

Mantri pangkat 2 ing Tari, Radèn Răngga Jayatênaya.

Dhistrik ing Karanggêdhe.

Panèwu, Radèn Ngabèi Surasuwarsa.

Mantri pangkat 1 ing Ngandong, Mas Ngabèi Citrawadana.

Dhistrik ing Grogol.

Panèwu, Mas Ngabèi Jayasuharja.

Mantri pangkat 2 ing Juwangi, Radèn Răngga Citrasumbaga.

Mantri pangkat 2 ing Bandhung, Radèn Răngga Citrakartika.

Kabupatèn ing Klathèn.

Bupati, Radèn Tumênggung Partawadana.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Citrawadana.

Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Mangundisastra.

Mantri jaksa, Radèn Ngabèi Mangunjaksana.

Panèwu lid, Radèn Ngabèi Mangunsubrata.

Mantri gripir, Radèn Ngabèi Mangunyodaka.

Pangulu, Ngabdul Kadir.

--- 137 ---

Dhistrik ing Kitha.

Panèwu, Radèn Ngabèi Mangunsumitra.

Mantri pangkat 1 ing Bayat, Radèn Ngabèi Dipakardaya.

Mantri pangkat 2 ing Banyuaèng, Mas Ngabèi Mangunkastawa.

Mantri pangkat 2 ing Wêdhi, Mas Răngga Mangunwalgita.

Dhistrik ing Prambonan.

Panèwu, Mas Ngabèi Mangunhardaya.

Mantri pangkat 1 ing Pandhansimping, Radèn Ngabèi Mangunwidagda.

Mantri pangkat 2 ing Manisrêngga, Mas Ngabèi Mangunkaryasa.

Mantri pangkat 2 ing Kapurun, Mas Răngga Mangunsanjaya.

Dhistrik ing Gunungan.

Panèwu, Radèn Ngabèi Mangunsarjana.

Mantri pangkat 1 ing Sakriyan, Radèn Ngabèi Mangunbisana.

Mantri pangkat 2 ing Kêmalang, Mas Răngga Mangunsasama.

Dhistrik ing Ponggok.

Panèwu, Radèn Ngabèi Surapruwita.

Mantri pangkat 1 ing Karanganom, Mas Ngabèi Surapaminta.

Mantri pangkat 2 ing Polan, Mas Răngga Surasastra.

Dhistrik ing Bèji.

Panèwu, Radèn Ngabèi Mangunrêksaka.

Mantri pangkat 1 ing Cèpèr, Mas Ngabèi Margasuwirya.

Mantri pangkat 2 ing Karangdawa, Mas Răngga Yasasuwirya.

Mantri pangkat 2 ing Cawas, Mas Răngga Jayasuharda.

Mantri pangkat 2 ing Kalisoga, Mas Răngga Mangunsangkaya.

--- 138 ---

Dhistrik ing Ngrêdên.

Panèwu, Mas Ngabèi Jayaprabăngsa.

Mantri pangkat 1 ing Wanasari, Mas Ngabèi Harjasuwirya.

Mantri pangkat 2 ing Kêbongêdhe, Radèn Ngabèi Mangunsumarta.

__________

--- 139 ---

Bab Kawontênanipuning Mangkunagaran.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ingkang kaping V, ridêring ordhe Nèdêrlansêleye,[16] saha kolonèl komandhaning leiyun[17] ing Mangkunagaran, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, ingkang kaping 4 patutan sangking garwa padmi Bandara Radèn Ayu Adipati Mangkunagara, wiyosanipun kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 29 wulan Rêjêb taun Dal ăngka 1783 utawi kaping 16 April, taun 1855, jumênêngipun kala ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 11 wulan Sawal, taun Jimakir, ăngka 1810, utawi kaping 5 Sèptèmbêr, taun Walandi 1881.

Pratelanipun Para Putra Santana Mangkunagaran.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping III.

1. Radèn Mas Arya Suryaputra.

2. Radèn Mas Arya Suryaudaya, kaptin infantêri.

3. Radèn Mas Arya Suryaudara, kaptin infantêri.

4. Radèn Mas Arya Suryaasmara, kaptin infantêri.

5. Radèn Mas Arya Suryakumara.

6. Radèn Mas Arya Suryadarmaja.

7. Radèn Mas Arya Suryaatmaka.

8. Radèn Mas Arya Suryadarsana.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping IV.

Ingkang patutan saking swargi Radèn Ayu Găndakusuma.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, litnan kolonèl gènêralên staf.

2. Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, litnan kokolonèl,[18] twèdhê

--- 140 ---

Kumêndhaning leiyun ing Mangkunagaran.

3. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, mayor ondêr intêndhan titulèr, G.L.N. 4. dan R.F.J.

4. Kangjêng Pangeran Arya Găndawijaya, mayor kavalêri honorèr.

5. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiswara mayor infantêri, R.M.W. dan A.M.

6. Kangjêng Pangeran Arya Găndaatmaja, mayor kavalêri honorèr.

Ingkang patutan saking garwa ampeyan.

Radèn Mas Tumênggung Arya Sugănda, bupati ing Pasuruan.

Ingkang patutan saking Bandara Radèn Ayu Mangkunagara.

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kolonèl komandhaning leiyun Mangkunagaran R.N.L.

2. Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat, mayor ondêr intêndhan.

3. Kangjêng Pangeran Arya Andayanata, mayor ajudan.

4. Kangjêng Pangeran Arya Andayasuputra, kaptin artilêri honorèr.

5. Kangjêng Pangeran Arya Anduyakiswara, ritmistêr kavalêri honorèr.

6. Gusti Bandara Radèn Ayu Prabuwijaya.

7. Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Leiyun Mangkunagaran.

Staf.

Komandhan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Kolonèl R.N.L. 5/9 81.

Twèdhê komandhan, Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, litnan kolonèl 14/4 85.

Mayor ondêr intêndhan, Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat 30/1 88.

Mayor ajudan, Kangjêng Pangeran Arya Andayanata, 30/1 88.

--- 141 ---

Irstêlitnan, kwartir mistêr, Radèn Panji Wirasuwănda 9/12 87.

Infantêri.

Komandhan, Kangjêng Pangeran Arya Găndasiswara, mayor R.M.W. 4. A.M. 3/7 81.

Irstêlitnan ajudan, Radèn Mas Panji Partaudaya 7/3 92.

Kaptin, Radèn Mas Panji Yudaasmara, A.M. 20/3 81;- Radèn Mas Sanji[19] Prawirakusuma, 21/6 88;- Radèn Mas Panji Găndasurasma 24/9 88;- Radèn Mas Panji Prawiraatmaja, A.M. 24/9 88;- Radèn Mas Panji Siswawinata 24/9 88;- Radèn Mas Panji Atmakusuma 7/3 92.

Irstê litnan, Mas Jagasumarta 4/4 80;- Mas Prawiradikara 10/5 85;- Radèn Mas Panji Jagawinata 24/9 88;- Radèn Mas Panji Sumawijaya 24/9 88;- Radèn Mas Panji Atmawijaya 24/9 88;- Radèn Mas Panji Arya Suputra 7/3 92.

Twèdhê litnan, Mas Kalayaksa 10/4 83;- Radèn Mas Panji Marmawinata 22/2 86;- Radèn Mas Panji Sukasarana 25/10 86;- Radèn Mas Panji Atmaudaya 18/9 87;- Radèn Mas Panji Atmasuparta 24/9 88;- Radèn Mas Panji Sumaudaya 24/9 88;- RadènMas Panji Aryakusuma 24/9 88;- Radèn Mas Panji Padmaudara 24/988;- Mas Karyakerata 28/4 91;- Radèn Mas Panji Sumaasmara 18/12 91;- Radèn Mas Panji Sumasugănda 18/12 91;- Radèn Mas Arya Suryakusuma 7/3 92.

Kafalêri.

Ritmistêr, Radèn Mas Panji Partaningrat 20/3 81.

--- 142 ---

Irstê litnan, Radèn Mas Panji Brataatmaja 14/10 89.

Twèdhê litnan, 1. Mas Sumaprêwita 2/9 88;- 2. Radèn Mas Panji Sumadarmaka 14/10 89.

Artilêri.

Kaptin, Radèn Mas Panji Nitikusuma 24/4 82.

Irstê litnan, Radèn Mas Panji Sumawardaya 20/9 86.

Twèdhê litnan, 1. Mas Nitisunarsa 24/4 82;- 2. Radèn Mas Panji Wirawardaya 20/9 86.

Kawontênanipun Para Upsir Wirapraja, Panumbak.

Komandhan, Radèn Mas Panji Darmasugănda, kaptin.

Kaptin, Radèn Mas Panji Wirasuputra.

Irstê litnan ajudan, Radèn Mas Panji Găndakusuma.

Irstê litnan, 1. Mas Wirayurada, 2. Radèn Mas Panji Krunaatmaja.

Twèdhê litnan, 1. Mas Wiradikara, 2. Radmenas[20] Panji Găndaatmaka.

Uf, opsir honorèr utawi titulèr ingkang kaparingan pangkat mawi sêrat kêkancinganipun Kang[21] Guphrêmèn.

1. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, mayur ondêr intêndhan honorèr, G.L.N. 4 dan R.F.J.

2. Kangjêng Pangeran Arya Găndawijaya, mayor kafalêri honorèr.

3. Kangjêng Pangeran Arya Găndaatmaja, mayor kafalêri titulèr.

4. Radèn Mas Arya Găndawardaya, mayor artilêri titulèr.

Opsir honorèr, ingkang kaparingan pangkat saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati piyamak.[22]

1. Kangjêng Pangeran Arya Andayasuputra, kaptin artilêri honorèr.

2. Kangjêng Pangeran Arya Andayakiswara, ritmistêr kafalêrihonorèr.

--- 143 ---

3. Radèn Mas Arya Suryaudaya, kaptin infantêri.

4. Radèn Mas Arya Suryaudara, kaptin infantêri.

5. Radèn Mas Arya Suryaasmara, kaptin infantêri.

6. Radèn Mas Arya Tăndhakusuma, kaptin infantêri.

__________

Para priyantun ingkang sami nyêpêng paprentahan, ing kadipatèn Mangkunagaran.

Patih, Radèn Tumênggung Jayapranata.

Kaliwon kasatriyan, Radèn Mas Arya Suryasudarsana.

Kaliwon martapraja, Radèn Mas Ngabèi Jayalukita.

Kaliwon jaksa, Radèn Mas Ngabèi Arjapradata.

Panèwu gripir kasatriyan, Radèn Mas Ngabèi Natawijaya.

Pangulu khakim, Kyai Ngabdul Khèr.

Pangulu pradata, Khaji Muhkhamad Kusasi.

Kawadanan Gunung Salêbêting Kitha, Kawadanan Rêksapraja.

Kaliwon wadana gunung, Radèn Ngabèi Mangkurêja.

Para Pulisi Gunung Bawah Kitha.

Panèwu gunung kawadanan, Radèn Ngabèi Sastrarêja.

Panèwu gunung kampung kidul, Radèn Ngabèi Prawiraningrat.

Panèwu gunung kampung lèr, Radèn Ngabèi Kusumaningrat.

Para mantri gunung, 1. ing Singasari, Mas Ngabèi Arjautama, 2. ing Pedan, Mas Ngabèi Jayasambawa, 3. ing Ngaribaya, Radèn Ngabèi Păncaasjara, 4. ing Jurug, Radèn Ngabèi Arjadiwirya, 5. ing Kêmiri, Mas Răngga Kartawikrama,

--- 144 ---

ing Calamadu, Radèn Ngabèi Arjawardaya, 2. Radèn Ngabèi Arjaasmara, 6. ing Ngawèn, Radèn Ngabèi Arjawahana.

Kawadanan Gunung Karanganyar.

Kaliwon wadana gunung, Radèn Mas Ngabèi Mangunkusuma.

Panèwu gunung kawadanan, Radèn Ngabèi Arjasarănta.

Panèwu gunung Karangpandhan, Radèn Ngabèi Tirtapradata.

Para mantri gunung, 1. ing Tawangmangu, Ngas[23] Ngabèi Arjagrêjita, 2. ing Krêja, Mas Ngabèi Arjawirana, 3. ing Matesih, Radèn Ngabèi Arjawahana.

Kawadanan Gunung Wanagiri.

Kaliwon wadana gunung, Radèn Ngabèi Citradipura.

Panèwu gunung kawadanan, ...

Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Arjaprasănta.

Mantri gripir, Mas Ngabèi Sastradikrama.

Pangulu, Khaji Ngumar.

Pulisi Gunung Bawah Wanagiri.

Para panèwu gunung, 1. ing Wanagiri, Radèn Ngabèi Arjasarosa, 2. ing Ngadirêja, Radèn Ngabèi Arjaprasănta, 3. ing Jatisrana, Radèn Ngabèi Tirtadarma, 4. ing Baturêtna, Mas Ngabèi Arjaubaya, 5. ing Eramaka, Mas Ngabèi Sastradikara, 6. ing Jumapala, Mas Ngabèi Păncamartana.

2. Para mantri gunung, 1. ing Girimarta, Mas Ngabèi Arjasuraksa, 2. ing Sidaharja, Mas Ngabèi Păncapratistha, 3. ing Slagahima, Radèn Ngabèi Harjakusuma, 4. ing Purwantara, Mas Ngabèi Harjakatarta, 5. ing Untaranadi, Radèn Ngabèi Arjamartana, 6. ing Tirtamaya, Mas Ngabèi Harjasandika, 7. ing Girităntra, [Gi...]

--- 145 ---

[...rităntra,] Mas Ngabèi Harjasutagnya, 8. ing Pracimantara, Radèn Ngabèi Sumadirja, 9. ing Wuryantara, Radèn Ngabèi Harjasasmaya, 10. ing Jatipura, Mas Ngabèi Harjahandaya.

__________

--- 146 ---

Bab Karaton ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng nata ing nagari Ngayogyakarta, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamangkubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kalifatulah ingkang kaping 7, komandhuring ordhê Nèdêrlansêleyo, jendral mayoring wadyabala dalêm Kangjêng Sri Bagindha Maharaja Natadèwi ing praja Nèdêrlan, putra dalêm pambajêng swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping 6, miyos saking garwa padmi Kangjêng Ratu Sultan, sapunika anama Kangjêng Ratu Agêng wiyosan dalêm ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 20, wulan Dulkhangidah taun Je ăka[24] 1766, utawi kaping 5 Pèbruari 1839, kala rumiyin anama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram.

Ing sasurud dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping 6, lajêng anggêntosi jumênêng nata, amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 3, wulan Ruwah taun Je, ăngka 1806, utawi kaping 13 Agustus 1877.

Pratelanipun Para Ratu Pramèswari Dalêm.

Pramèswari dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping V.

Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, wontên ing Mênadho, putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryangalaga, ing Ngayogyakarta.

Pramèswari dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VI.

Gusti Kangjêng Ratu Sultan, ingkang sapunika asma Gusti Kêjêng[25] Ratu Agêng, putranipun Radèn Wadana Prawirarêjasa, ingkang sumare ing astana Dhukuh nagari Ngayogyakarta, ibu dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika.

--- 147 ---

Pratelanipun Para Putra Dalêm Kakung Putri.

Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping V.

Gusti Pangeran Arya Suryaning Ngalaga wontên ing Mênadho.

Putra tuwin putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VI.

1. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika.

2. Gusti Kangjêng Ratu Anggèr, krama Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara kaping 2 ing Ngayogyakarta.

3. Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, krama Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta.

4. Kangjêng Pangeran Arya Purubaya.

5. Gusti Pangeran Arya SuryaMataram.

6. Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, litnan kolonèl gènêralên skaf,[26] ajudanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral.

7. Kangjêng Pangeran Arya Adiwinata, mayor gènêralên stap.

8. Gusti Kangjêng Ratu Sasi, krama Radèn Tumênggung Jayawinata, ing Ngayogya.

9. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, wontên ing Mênadho.

10. Gusti Pangeran Arya Buminata, mayor gènêralên staf.

11. Gusti Pangeran Arya Pugêr.

12. Gusti Pangeran Arya Suryaputra.

Putra tuwin putri dalêm, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang jumênêng sapunika.

Ingkang saking Kangjêng Ratu Wandhan.

Gusti Radèn Ajêng Sêkar Kadhaton, sapunika nama Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna, krama Radèn Tumênggung Kartanagara, ing Ngayogyakarta.

Ingkang saking Kangjêng Ratu Mas.

1. Gusti Radèn Ajêng Murkatijah.

--- 148 ---

2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, timuripun nama Gusti Radèn Mas Pratistha.

3. Gusti Radèn Mas Putra.

4. Gusti Radèn Mas Sujadi.

5. Gusti Radèn Ajêng Murjinah.

6. Gusti Radèn Ajêng Murdiyati.

7. Gusti Radèn Ajêng Mursidinah.

Ingkang saking garwa ampeyan.

1. Kangjêng Pangeran Angabèi, litnan kolonèl gènêralên staf.

2. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma, wontên ing Mêntok.

3. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, kaptin ajudan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan.

Para Pangeran Santana Dalêm.

Buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping II.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara kapisan.

Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara kaping 2, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping VI.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara kaping 2.

Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat.

__________

Kawontênanipun Para Pangagêng Sakarèrèhanipun ing Karaton Dalêm Ngayogyakarta, ingkang Sami Nyêpêng Paprentahan.

Pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun [Sinu...]

--- 149 ---

[...hun] Kangjêng Sultan kaping VI.

Pangulu khakim agêng, Khaji Muhkhamad Kamalodiningrat.

Bupati Nayaka ingkang Mawi Bawat, Jawi Lêbêt, saha Lid Landrad.

1. Radèn Tumênggung Cakraningrat, jawi têngên bumija, lurah.

2. Radèn Tumênggung Wijil, bêkêl, kaparak kiwa parentah lêbêt.

3. Radèn Tumênggung Wiryakusuma, lêbêt gêdhong kiwa.

4. Radèn Tumênggung Sasradipura, jawi kiwa siti sèwu, lurah.

5. Radèn Tumênggung Natayuda, lêbêt gêdhong têngên.

6. Radèn Tumênggung Suryanagara, jawi têngên panumping, bêkêl.

7. Radèn Tumênggung Jayawinata, jawi kiwa panumbak anyar bêkêl.

8. Radèn Tumênggung Brăngtakusuma, lêbêt, kaparak têngên.

Putra Dalêm ingkang Ngasta Panguwasa Paprentahan.

Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, litnan kolonèl ajudan gènêralên staf, ngasta pamaosan Kilènpragi, sarta Mêntaraman, utawi sabin konduran, kaliwon Radèn Tumênggung Puspanagara, sarta bupati anèm miji lêbêt, golongan sak rèh punakawan sadaya.

Kangjêng Pangeran Angabèi, litnan kolonèl gènêralên staf, ngasta punakawan putra, sarta bupati taman sak rèhipun, utawi siti ingkang kagêm pasiraman dalêm, ngambar binangun sawawêngkonipun.

Gusti Pangeran Arya Buminata, mayor gènêralên staf, ngasta wadana sumatali, wadana punakawan minuman sak rèhipun.

Gusti Pangeran Arya Pugêr, mayor gènêralên staf, ngasta wadana sak rèhipun, sarta kênèk kusir titihan dalêm kareta.

Gusti Pangeran Arya Suryaputra, mayor gènêralên staf, ngasta wadana punakawan [puna...]

--- 150 ---

[...kawan] kursi, sak rèhipun.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwinata, mayor gènêralên staf, ngasta punakawan niyaga alit, sarta ngrakit bêdhaya srimpi ringgit tiyang sapanunggilanipun.

Kangjêng Pangeran Arya Yudanagara, ngasta parentah wadana agêng kori dalêm, sarta Panji Sumaputra kănca pasindhèn sêpuh, utawi abdi dalêm Wlandi ordênas, dhalang pasungging panatah, musik êncik sapanunggilanipun, siti sabin, kalangênan dalêm tamanan.

Bupati Wadana Agêng.

Radèn Tumênggung Sindurêja, mayor komandhan, bupati nayaka wadana agêng prajurit.

Radèn Tumênggung Suranagara, bupati pêpatihing kadipatèn, ngrangkêp nyêpêng pangwasa kagungan dalêm siti bonong, sarta pamaosan dalêm ing kadipatèn Mataraman, Kilènpragi Pêngasih, utawi wadana agêng punakawan kadipatèn.

Radèn Tumênggung Kartanagara, bupati anèm, wadana agêng punakawan, sarta magang punakawan ing kadhaton.

Bupati Anèm tuwin Panèwu Sêpuh ingkang Amadanani Paprentahan.

Radèn Tumênggung Danunagara, wadana prajurit kadipatèn.

Sayid Ali bin Ngadullah AlJupri, pangulu landrad.

Radèn Tumênggung Suradiningrat, patihing kadanurêjan.

Radèn Tumênggung Mangkuwilaya, wadana taman.

Radèn Tumênggung Jayèngsastra, wadana carik.

Radèn Tumênggung Puspanagara, bupati anèm miji lêbêt, kaliwon pamaosan dalêm, kasêbut ing ngajêng.

--- 151 ---

Radèn Tumênggung Ănggawăngsa, bupati anèm, kaliwon kori.

Radèn Tumênggung Mangundipura, bupati anèm, kumisi siti pamaosan.

Wadana, ... nindakakên băndha prabeya nagari.

Panèwu Sêpuh.

Radèn Riya Prayadirêja, wadana srati panandhon.

Radèn Riya Yudadirêja, wadana prajurit Bugis, gumadhuh ing kadanurêjan.

Mas Lurah Meganănda, wadananing kêmit bumi, sarta angrèhakên bau ingkang sumaos pandamêlan ing salêbêtipun kadhaton.

Kabupatèn Prajurit.

Mayor komandhan, Radèn Tumênggung Sindurêja.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Sindusastra.

Bupati Anèm Wadana Prajurit Pangkat Kaptin.

Radèn Tumênggung Mangkuyuda, wadana prajurit prawiratama.

Radèn Tumênggung Mangunkusuma, wadana prajurit jagakarya.

Radèn Tumênggung Prawiranagara, wadana prajurit katanggung.

Radèn Tumênggung ..., wadana prajurit panyutra.

Radèn Tumênggung Purwakusuma, wadana prajurit kawan dasa.

Pangadilan Dalêm Balemangu.

Pangagêngipun, Radèn Tumênggung Cakraningrat.

Para lid

1. Radèn Tumênggung Suryakusuma, bupati anèm ing kadanurêjan.

2. Radèn Tumênggung Danunagara, bupati anèm wadana prajurit kasêbut ngajêng.

3. Radèn Tumênggung Mangkuyuda, bupati anèm wadana prajurit kasêbut ngajêng.

4. Radèn Tumênggung Sasranagara, bupati anèm rèh kadipatèn.

5. Radèn Tumênggung Danu Adiningrat, bupati anèm miji kadanurêjan.

--- 152 ---

6. Radèn Tumênggung Kartanagara, bupati anèm rèh kasêbut ngajêng.

7. Radèn Tumênggung Ogawăngsa,[27] bupati anèm rèh kasêbut ngajêng.

8. Radèn Tumênggung Brotadiningrat,[28] bupati anèm kaliwon kaparak gêdhong kiwa.

9. Radèn Tumênggung Mangunkusuma, bupati anèm kasêbut ngajêng.

10. Radèn Tumênggung Mangundipura, bupati anèm kasêbut ngajêng.

11. Radèn Tumênggung Mangkuwilaya, bupati anèm kasêbut ngajêng.

12. Mas Tumênggung Mangunnagara, bupati anèm miji lêbêt kadhaton.

Pradata Dalêm.

Radèn Tumênggung Nitipraja, bupati anèm wadana jaksa.

Radèn Riya Nitidipura, panèwu sêpuh, ajung jaksa agêng.

Kori ingkang nampèni prakawis saking salêbêting nagari.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Martapura.

Mantri jaksa, 1. Mas Ngabèi Nitipura, 2. Radèn Ngabèi Wiryapura, ngrangkêp nyêpêng prakawis landrad, 3. Radèn Ngabèi Sarpapura, kapêthil nindakakên kapulisèn agêng panumping, 4. Mas Ngabèi Wirapura, kapêthil wontên kadanurêjan.

Kori ingkang Nampèni Prakawisipun Băngsa Sabrang.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Singadipura.

Mantri jaksa, 1. Mas Ngabèi Driyapura, kapiji wontên kantor, 2. Mas Ngabèi Santosapura, 3. Mas Ngabèi Danupura, kapiji wontên kantor, 4. Radèn Ngabèi Kartapura, kapiji wontên kantor.

Kori ingkang Nampèni Prakawis Saking Kadipatèn ing Pakualaman Sabawahipun, utawi Kabupatèn ing Bantul Kadirêja.

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Citrapura, kapiji ing kadanurêjan.

--- 153 ---

Mantri jaksa, 1. Mas Ngabèi Tarunapura, 2. Mas Ngabèi Dêrmapura, kapêthil anindakakên kapulisèn agêng siti sèwu, 3. Mas Ngabèi Danapura kapiji wontên kantor, 4. Mas Ngabèi Padmapura.

Kori ingkang Nampèni Prakawis saking Kabupatèn ing Kalasan, ing Wanasari sarta ing Kitha Agêng.

Mantri jaksa, 1. Mas Ngabèi Kramapura, kapêthil nindakakên kapulisèn agêng kaparak têngên, 2. Mas Ngabèi Harjapura, 3. Mas Ngabèi Kadadipura, 4. Mas Ngabèi Wăngsapura.

Kori ingkang Nampèni Prakawis saking Kabupatèn ing Suleman, Kalibawang, Nanggulan, Sêntolo, sarta ing Pêngasih.

Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Yudapura.

Mantri jaksa, 1. Radèn Ngabèi Jayapura, kapiji wontên kantor, 2. Mas Ngabèi Ranapura, 3. Mas Ngabèi Prawirapura, kapiji dados kêbayan sêpuh.

Pulisi Salêbêting Nagari.

Pulisi agêng kaparak têngên, Radèn Tumênggung Sindurêja, mayor komandhan, ngêrèhakên.

1. Radèn Tumênggung Dipawinata, panêkar wetan bètèng.

2. Radèn Panji Prawirakusuma, panêkar Krapyak.

3. Kêtib kulon, panêkar Karangkajèn.

4. Radèn Panèwu Păncasêntana, panêkar wetan Code.

--- 154 ---

Pulisi agêng gêdhong kiwa, Radèn Tumênggung Wiryakusuma, ngêrèhakên.

1. Radèn Tumênggung Cakraningrat, panêkar Suranatan.

2. Radèn Tumênggung Mangkuyuda, panêkar Tamansari.

3. Radèn Tumênggung Brăngtadiningrat, panêkar Minggiran.

4. Radèn Tugung[29] Prawiranagara, panêkar kilèn Winonga.

Pulisi agêng sitisèwu, Radèn Tumênggung Sasradipura, ngêrèhakên.

1. Radèn Tumênggung Natayuda, panêkar gêdhong têngên.

2. Radèn Tumênggung Sasramadura, panêkar ngampilan.

3. Radèn Riya Purwadirja, panêkar Tugu.

4. Radèn Panèwu Jagapêrtama, panêkar paresidhenan.

Pulisi agêng panumping, Radèn Tumênggung Suryanagara, ngêrèhakên.

1. ... panêkar Têgalpanggung.

2. Radèn Riya Kartaatmaja, panêkar Kadanurêjan.

3. Radèn Lurah Atmasuwarna, panêkar Lêmpuyangan.

4. Radèn Panèwu Kartapramuja, panêkar Maliyobara.

Pakampungan lêbêt bètèng kraton ingkang sisih wetan, Mas Riya Mangunwilaga.

Ingkang sisih kilèn (kadipatèn) Mas Panèwu Păncapêrtama.

Pulisi Sajawining Nagari.

1. Kabupatèn ing Kalasan.

Radèn Tumênggung Sasrakusuma, bupati wadana dhistrik.

Panèwu Ngabèi Mangundimêja.

Jaksa, Radèn Ngabèi Mangunwilapa.

Carik, Mas Ngabèi Mangunsastra.

Naib Khaji Ahmat.

--- [155][30] ---

--- 156 ---

2. Kabupatèn Bantul Kadirêja.

Radèn Tumênggung Mangunyuda, bupati wadana dhistrik.

Panèwu, Radèn Ngabèi Jayadigda.

Jaksa, Mas Ngabèi Jayadipa.

Carik, Mas Ngabèi Wăngsawirana.

Naib, Mukhamad Amin.

3. Kabupatèn ing Suleman.

Radèn Tumênggung Mangunjaya, bupati wadana dhistrik.

Panèwu Mas Ngabèi Natawirya.

Jaksa, Mas Ngabèi Natataruna.

Carik, Mas Ngabèi Săntadiwirya.

Naib, Khaji Muhkhamad.

4. Kabupatèn ing Wanasari, Rêdikidul.

Radèn Tumênggung Cakranagara, bupati wadana dhistrik.

Răngga, Mas Răngga Harjadipura.

Jaksa, Mas Ngabèi Mangunpranata.

Carik, Mas Ngabèi Mangunsastra.

Naib, Khaji Amin.

Dhistrik Playên.

Radèn Riya Purbaatmaja, riya bupati anèm.

Răngga, Radèn Răngga Wiryadipura.

Jaksa, Radèn Ngabèi Harjasuwarna.

Carik, Mas Ngabèi Wiryasastra.

Naib, Khaji Mukhamad Samsodin.

--- 157 ---

Dhistrik Sêmanu.

Radèn Tumênggung Yudaningrat, bupati anèm.

Răngga, Radèn Răngga Rêksanagara.

Jaksa, Radèn Ngabèi Harjawilaga.

Carik, Mas Ngabèi Harjasastra.

Naib, Kyai Ngabdul Lakip.

Dhistrik Prêngguk.

Radèn Riya Păncapêrwata, răngga pulisi.

Carik, Radèn Ngabèi Păncadikara.

Naib, Mas Mukhamad Burham.

5. Kabupatèn ing Nanggulan.

Radèn Tumênggung Sumanagara, bupati anèm wadana dhistrik pamaosan dalêm ing Nanggulan.

Panèwu, Radèn Ngabèi Selawinata.

Jaksa, Radèn Ngabèi Tirtadiwirya.

Carik, Mas Ngabèi Selasastra.

Naib, Mas Mukhamad Karam.

6. Kabupatèn ing Kalibawang.

Radèn Riya Purbakusuma, riya bupati anèm wadana dhistrik pamaosan dalêm ing Kalibawang.

Panèwu, Mas Ngabèi Sutadipura.

Jaksa, Mas Ngabèi Tirtawilaya, ngrangkêp carik.

Naib, Mukhamad Mashut.

--- 158 ---

7. Kabupatèn ing Pêngasih.

Mas Riya Dipadirja, riya bupati anèm wadana dhistrik pamaosan dalêm ing Pêngasih, rèh kadipatèn.

Panèwu, Sam[31] Ngabèi Mangundilaga.

Jaksa, Mas Ngabèi Cakrarêja, ngrangkêp carik.

Naib, Mas Jenal Mataram.

8. Kabupatèn ing Sêntolo.

Radèn Riya Prawirayuda, riya bupati anèm wadana dhistrik pamaosan dalêm ing Sêntolo.

Panèwu, Radèn Ngabèi Sumadipura.

Jaksa, Radèn Ngabèi Santridigdaya, ngrangkêp carik.

Naib, Mas Murtala.

__________

--- 159 ---

Kawontênanipun ing Pakualaman.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kaping 5, ridêring bintang Nèdêrlansêleyo, kolonèl van staf, kala rumiyin awêwangi Kangjêng Pangeran Arya Suryadilaga, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam, ingkang kaping 2, patutan sangking garwa ampeyan, wiyosanipun kala ing dintên Akad Wage tanggal kaping 4, wulan Sapar taun Wawu, ăngka 1762, ing sasurutipun ingkang putra kaponakan, swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kaping 4, lajêng anggêntosi jumênêng ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Suryadilaga, ing dintên Rêbo Pon tanggal kaping 13, wulan Sawal, taun Dal 1807, utawi kaping 10, wulan Oktobêr 1878, têtêpipun jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam, nalika tanggal kaping 9, wulan Jumadilawal, ing taun Ehe, ăngka 1812, utawi kaping 19, wulan Marêt, taun Walandi 1883.

Para Pangeran Putra Santana ing Pakualaman.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping II.

Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping III.

1. Kangjêng Pangeran Arya Purwasêputra, kaptin van staf.

2. Radèn Mas Arya Suryaudaya.

3. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat.

4. Ran[32] Mas Arya Suryakusuma, irstê litnan.

5. Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat, kaptin van staf.

--- 160 ---

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping II ingkang saking garwa padmi, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Nataningprang.

1. Kangjêng Pangeran Arya Nataningprang.

2. Kangjêng Pangeran Arya Nataningprang R.M.W. 4 kaptin van staf.

Mutranipun[33] Kangjêng Gusti ingkang jumênêng sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, mayur van staf.

2. Kangjêng Pangeran Arya Natadiraja, kaptin van staf.

__________

--- 161 ---

Para Priyantun ingkang Sami Nyêpêng Paprentahan ing Kadipatèn Pakualaman.

Patih, Radèn Riya Jayèngarja, kaptin van staf.

Wadana pulisi ngiras liding pangadilan, Radèn Panji Sasraminarsa.

Wadana juru sêrat liding pangadilan, Radèn Panji Natarêja.

Jaksa agêng, Mas Ngabèi Jayèngsantosa (wakil).

Ajung jaksa agêng, Mas Ngabèi Sastrataruna.

Pangulu, Mas Khaji Mukhamad Asrap.

Pulisi Salêbêting Nagari.

Wadana, Radèn Panji Sasraminarsa.

Panèwu, Radèn Ngabèi Păncaatmaja (wakil).

Pulisi Sajawining Nagari, Kabupatèn ing Adikarta.

Bupati, Radèn Tumênggung Sasradigdaya.

Panèwu, ...

Naib, Kyai Mukhamad Sihab, 2. Mukhamad Istat.

Pulisi Bonong Kranggan, ...

Pulisi Brosot, Radèn Ngabèi Padmapêrdaya.

Dhistrik ing Galur.

Kapala dhistrik, Mas Panji Wăngsadirja.

Dhistrik ing Glae.

Kapala dhistrik, Mas Ngabèi Kartadipura.

__________

--- 162 ---

Bab Tambahan Taun 1896.

Tuwan C.W.H. Ling, C.W.H. Linck.kapatah abyantu dhumatêng uf insêpèktur apyun 25/4 94.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana visê admiral jonghir Y.A. Rul, sampun kèndêl anggènipun ngasta paprentahan.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicakana[34] ... krèis, kaangkat anggêntosi jumênêng visê admiral saking wadyabala lautan.

Kangjêng Tuwan A.H.E.Swagêr, sèkrêtaris Indiya Nèdêrlan, pakantuk pamit dhatêng nagari Walandi, dene ingkang kaangkat anggêntosi Kangjêng Tuwan H.M. Lakapèlê, H.M. La Clapelle. 1/4 94.

Kangjêng Tuwan Mistêr Y.H.A. Bêndhanon, Mr. J.H. Abendanon,sèkrêtaris, kaangkat dados liding pangadilan luhur.

Tuwan Y.D. Rimêr, J.D. Riemer, notaris ing Batawi pakantuk pamit dhatêng nagari Walandi, dene ingkang kapatah amakili Tuwan F.H.L.E. Ming, F.H.L.E. Meeng.

Kangjêng Tuwan Y.D. Hardrês, J.D. Harders, pakantuk pamit dhatêng nagari Walandi.

Radèn Ariya Bratadiwijaya, patih ing Cirêbon, kapindhah dados patih ing Sukapura Kolot 10/4/ 94.

Radèn Natadiningrat, kinulawisudha dados wadana ing Conggeyang, Priyangan 15/4 94.

Kangjêng Tuwan Mistêr C.W. Kis, Mr. C.W. Kist. residhèn ing Japara kapindhah dhatêng Priyangan, dene ingkang anggêntosi Kangjêng Tuwan P.F. Sithop, P.F. Sijthof

Uwi Giyok Kun, Oei Giok Koen, lilnan[35] Cina ing Kêbayuran, kinulawisudha dados kaptin ing mistêr kornèlis, tuwin ing Kêbayuran.

--- 163 ---

Kangjêng Tuwan W.Y.G. Posmèr, W.J.G. Vosmaer. Asistèn residhèn ing Anyêr, kaundur saking pangkatipun kanthi kaurmatan.

Mujimi, jaksa Bêkasi, kaangkat dados dêmang ing Bêkasi.

Muhamad Ngali, dêmang ing Bêkasi kaundur saking panyuwunipun piyambak.

Kangjêng Tuwan F.W.M. Stratêr, F.W.M. Straeter, asistèn residhèn ing Lêbak, kapindhah dhatêng ing Kêndhal 7/5 94 dene ingkang anggêntosi Tuwan L. Bos, L. Bosch sèkrêtaris ing Bêsuki.

Tuwan Y.L.B.H. Hèlihêrês, J.L.B.H. Heijligers kontrolir irstêklas, kaangkat dados asistèn residhèn ing Anyêr 7/5 94.

Kangjêng Tuwan Y.W.E. Buhêrhof, van dhên bèrêh, asistèn residhèn ing Kuningan, kaundur pangkatipun kalayan urmat.

Kangjêng Tuwan Patin, asistèn residhèn ing Sukapura Kolot, sampun kaundur kalayan urmatan.

Tuwan E.C.H.F. Blok, notaris ing Grêsik kapindhah ing Samarang.

Tuwan H. Tollènsê, H. Tollens, notaris ing Banjarmasin, kapindhah ing Cirêbon 9/5 94.

Mas Mangunsastra, asistèn wadana ing Pagêruyang kaangkat dados wadana ing Kêndhal 11/4 94.

Radèn Suraamijaya, jaksa landrad ing Sumêdhang kaangkat dados wadana ing Dêrmawangi (Priyangan) 17/5 94.

Radèn Găndasupatma, asistèn wadana kaangkat dados ajung jaksa agêng ing Rêmbang, anggêntosi Mas Sastrawêrja, 16/5 94.

Mas Puritakusuma, wadana saking Cirêbon, kaangkat dados patih Majalêngka (Cirêbon) 18/5 94.

Mas Găndadirêja, wadana ing Têlaga, kapindhah dados wadana ing Cirêbon.

--- 164 ---

Radèn Suryaamijaya, jaksa landrad ing Sumêdhang kaangkat dados wadana ing Dêrmawangi, kabupatèn Sumêdhang (Piyangan) 17/5 94.

Kenthol Sastramijaya, wadana saking Kramatwatu, kapindhah dhatêng ing Cilêgon (Serang) 22/5 94.

Agus Jayawinangun, wadana saking Cimanuk, kapindhah dhatêng ing Kramatwatu (Serang) 22/5 94.

Mas Sastramijaya, ajung jaksa agêng saking landrad ing Serang, kaangkat dados wadana ing Cimanuk, Pandheglang 22/5 94.

Mas Sastradimêja jaksa landrad ing Dêmak, kaangkat dados wadana ing Wirasari, Samarang 23/5 94.

Kangjêng Tuwan Ulyo dhirèktur binênlansê bêstir, kaundur saking pangkatipun kalayan urmat, dene ingkang anggêntosi Kangjêng Tuwan G.A. Sêhrèrêr, G.A. Schrerer residhèn ing Sumatra.

Radèn Cakrawijaya asistèn wadana klas 1 dhistri[36] Bêbêr, kaangkat dados wadana ing Ciamis, dhistrik Galuh, Cirêbon 30/5 94.

Radèn Suwijadikusuma, ondêr kolèktur ing Krawang tuwin Adiarsa,[37] kaundur kalayan urmat, dene ingkang anggêntosi Radèn Sastradipura, wadana ing Găndasuli 4/6 94.

Mas Sukarja, jaksa landrad ing Pamalang Nipa, kapindhah dados jaksa ing Sinjai.

Kangjêng Tuwan F.K. Opêrdhein, F.K. Overduijn, kontrolir klas 1 kaangkat dados sèkrêtaris ing Surabaya.

Kangjêng Tuwan G.L.H. Kreisbum, G.L.H. Kruijsboom kontrolir klas 1 kaangkat dados sèkrêtaris ing Bêsuki 6/6 94.

Radèn Wăngsadipraja, wadana Losari, kaangkat dados patih ing Cirêbon 5/6 94.

Radèn Sastradipura, wadana Găndasuli, kaangkat dados ondêr kolèktur ing Krawang tuwin Ardiasa.

--- 165 ---

Radèn Suwijadikusuma, ondêr kolèktur Krawang tuwin Ardiasa, sampun kèndêl saking pandamêlanipun kalayan urmat.

Radèn Anggadinata, wadana Majalaya, apdhèling Cicalêngka, sampun kèndêl saking pandamêlanipun kalayan urmat.

Mas Jayadisastra, wadana ing Maja, apdhèling Majalêngka, sampun kèndêl saking pandamêlanipun kalayan urmat.

Kangjêng Tuwan G. Gordhon, G. Gordonasistèn residhèn saking Sukapura, Priyangan, kapindhah dhatêng ing Sidaharja, Surabaya 10/6 94.

Kangjêng Tuwan M.Y.A. Mashof, M.J.A. Masthoffsèkrêtaris ing Samarang, kaangkat dados asistèn residhèn ing Kuningan, Cirêbon 10/6 94.

Tuwan Y.H.B. Omên, J.H.B. Oemen kontrolir klas 1 kaangkat dados asistên residhèn ing Sukapura 10/6 94.

Tuwan L.A. Arênsê, L.A. Arends sèkrêtaris ing Japara, kaangkat dados asistèn residhèn ing Jombang, Surabaya 10/6 94.

Tuwan H.C.A.G. dhê Vogêl, H.C.A.G. de Vogel kontrolir klas 1 kaangkat dados asistèn residhèn ing Sukapura Kolot 10/4 94.

Kangjêng Tuwan L.H.H. Frèkêl, H.Ch.H. Fraenckel asistèn residhèn saking Banyuwangi, Bêsuki, kapindhah dhatêng ing Ngrawa, Kêwiri 10/7 94.

Radèn Kadhuruan Patran asistèn wadana kaangkat dados wadana ing Cicalêngka, 19/6 94.

Mas Sastradimaja jaksa ing Dêmak kaangkat dados wadana ing Wirasari, Samarang, 27/6 94.

Radèn Wiradikusuma, wadana Blubur, Limbangan, kapindhah dhatêng Cicalêngka, 2/7 94.

Radèn Natadipura, asistèn wadana, kaangkat dados wadana ing Blubur, 2/7 94.

Radèn Kêndhuruan Prawiranagara, asistèn wadana kaangkat dados wadana

--- 166 ---

ing Ciputri, 7/7 94.

Radèn Suryadipura, wadana ing Cicalêngka, kèndêl saking pandamêlanipun kalayan urmat.

KoUnJu, Khau Oen Djoe litênan băngsa Cina ing Parung, Bogor kèndêl saking pandamêlanipun kalayan urmat.

Radèn Răngga Natakusuma, wadana ing Malêbêr, kaangkat dados patih ing Cianjur, 4/7 94.

Tuwan Y.Y. Pêrweik, J.J. Verwijk kontrolir klas 1 kaangkat dados sèkrêtaris ing Samarang, 9/7 94.

Tuwan G.Y. Odhêmanês, G.J. Oudemans kontrolir klas 1, kaangkat dados sèkrêtaris ing Japara, 9/7 94.

Tuwan C.E. pan Kapên, C.E. Van Kappen kontrolir klas 1 kaangkat dados sèkrêtaris ing Têgal, 9/7 94.

Mas Cakrasănta wadana ing Wanaraka kapindhah ing Lêksana, Bagêlèn, 10/7 94.

Mas Atmasumarma, asistèn wadana ing Sruwêng kaangkat dados wadana ing Wanaraka, 10/7 94.

Radèn Mêrtarêja wadana ing Lêksana kaundur kalayan urmat.

Tuwan ... Mirtênês, Meertens. kaangkat dados notaris ing Batawi, 15/7 94.

Radèn Bèi Salmon Salam Suryadirja, ajung jaksa ing Batawi kaangkat dados bupati ing Majalêngka, mawi sasêbutan radèn tumênggung, 15/7 94.

Litnan Cina Han Ciyong Ling, Han Tjiong Ling kaangkat dados mayor băngsa Cina ing Surabaya, 15/7 94.

Kapatêdhan bintang salaka dhatêng:

Mas Ngabèi Jayarêja patih ing Rêmbang.

Mas Sastradirêja, jaksa agêng ing Rêmbang.

Mas Kartadimêja wadana ing Kragan, bawah Rêmbang.

--- 167 ---

Mas Sumaarja wadana ing Luragung, kaangkat dados patih ing Kuningan, 17/7 94.

Mas Wirakusuma, asistèn wadana ing Wirasari kaangkat dados wadana ing Têlaga, 22/7 94.

Tuwan Mistêr A.C.Y. Hèlfrih, Mr. A.C.J. Helfrich lidi[38] rad yustisi ing Batawi kaangkat dados opsiring rad yustisi ing Samarang, 22/7 94.

Kangjêng Tuwan C.M. Pêrlup, C.M. Verloop asistèn residhèn ing Limbangan, pakantuk pamit dhatêng nagari Walandi.

Kangjêng Tuwan Mistêr Andri Wiltênês, presidhèn landrad ing Purwakarta, kaundur kalayan urmat, sarta ginantosan dening Kangjêng Tuwan Mistêr Y. Oswaud Widhênès, Mr. J. Ostwond Wijdeness, 24/7 94.

Mas Rêksakusuma, ajung jaksa ing Grobogan, kaangkat dados jaksa ing Dêmak, 27/7 94.

Radèn Kartanagara, ajung jaksa ing Bogor kaangkat dados jaksa ing Bêkasi, 27/7 94.

Tuwan Y.F.H. Têrmulên, J.F.H. Termeullen kaangkat dados asistèn residhèn ing Limbangan, 28/7 94.

Tuwan Mistêr M.E. Krusêman, M.E. Kruseman kaangkat dados presidhèn landrad ing Salatiga, 28/7 94.

Radèn Muhamad Suradiningrat, kapala dhistrik ing Maok, Batawi, kaangkat dados jaksa agêng ing Krawang.

Tuwan R. Rumidhi, R. Romuwdij kaangkat dados asistèn residhèn ing Kêndhal, 3/8 94.

Kangjêng Tuwan Srètêr, asistèn residhèn ing Kêndhal, sampun tilar donya.

Mas Găndakusuma, jaksa ing Majalêngka, kaangkat dados wadana ing Maja kabupatèn ing Majalêngka, Cipdabon,[39] 7/8 94.

Te Towan Cak, The Toan Tjak mayor Cina ing Surabaya kaundur kala-[40]

 


gènêralên. (kembali)
1893. (kembali)
ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
jumênêng. (kembali)
Radèn. (kembali)
Kangjêng. (kembali)
Suryakusuma. (kembali)
kaping. (kembali)
jaksa. (kembali)
10 Mas. (kembali)
11 Ngabèi. (kembali)
12 ondêr. (kembali)
13 jawi. (kembali)
14 Pangulu. (kembali)
15 Dhistrik (dan di tempat lain). (kembali)
16 Nèdêrlansêleyo. (kembali)
17 lesiyun. (kembali)
18 kolonèl. (kembali)
19 Panji. (kembali)
20 Radèn Mas. (kembali)
21 Kangjêng. (kembali)
22 piyambak. (kembali)
23 Mas. (kembali)
24 ăngka. (kembali)
25 Kangjêng. (kembali)
26 staf. (kembali)
27 Hănggawăngsa. (kembali)
28 Brăngtadiningrat. (kembali)
29 Tumênggung. (kembali)
30 Halaman 155 tidak ada. (kembali)
31 Mas. (kembali)
32 Radèn. (kembali)
33 Putranipun. (kembali)
34 Wicaksana. (kembali)
35 litnan. (kembali)
36 dhistrik. (kembali)
37 Ardiasa. (kembali)
38 liding. (kembali)
39 Cirêbon. (kembali)
40 Fotokopi naskah habis. (kembali)