Almanak, H. Buning, 1889, #748

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 7, Komandhuring Bintang Nèdêrlansên Leyo, Ghenêral Mayuring Wadyabala Dalêm Kangjêng Sri Maharaja ing Nagari Nèdêrlan.

Sang Aprabu ing Nagari Ngayogyakarta Adiningrat.

--- 121 ---

Javaansche Almanak

voor 1889.

(VIJFDE JAARGANG)

Sêrat Pananggalan

Ingkang kaping gangsal, kangge ing taun Walandi 1889

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan H. Buning ing Ngayogyakarta

--- 122 ---

Bab Kadhaton Dalêm ing Surakarta Adiningrat

Ingkang jumêmênêng nata ing nagari Surakarta sapunika: Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping 9, komandhuring bintang Nèdêrlansên Leyo, sarta komandhuring bintang Phran Yosèph ing nagari Ostênrik. Jendral mayuring wadyabala dalêm Sri Maharaja ing nagari Nèdêrlan, putra dalêm panênggak swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 6, patutan saking pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Agêng, ingkang sampun surut kala dintên malêm Sênèn tanggal kaping: 4 wulan Jumadilakir taun Be 1816 utawi kaping 28 Pèbruwari taun Walandi 1887, wiyosan dalêm dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb taun Je ăngka 1758 utawi kaping 22 wulan Dhesèmbêr taun Walandi 1830, nalika diwasa dalêm ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, ing sasurud dalêm swargi Sampeyan Dalêm [Dalê...]

--- 123 ---

[...m] Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 7, kajunjung jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Jumênêng dalêm kangjêng gusti ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 4 wulan Sawal taun Jimakir ăngka 1786, utawi kaping 17 Mèi taun Walandi 1858, ing sasurud dalêm swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping 8, lajêng anggêntosi jumênêng nata. Jumênéng dalêm ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je ăngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhesèmbêr taun Walandi 1861, dumuginipun ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 16 wulan Rêjêb ing taun Jimakir ăngka 1794 utawi kaping 4 wulan Dhesèmbêr taun Walandi 1865, sampeyan dalêm amundhut pramèswari Radèn Ajêng Kustiyah, putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta, patutan saking Gusti Kangjêng Ratu Bandara, mawi kaparingan nama Kangjêng Bandara Radèn Ayu Kustiyah, nuntên ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 23 wulan Rêjêb wau utawi kaping 11 wulan Dhesèmbêr taun Walandi 1865, pramèswari dalêm kajunjung nama Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, Gusti Kangjêng Ratu wau amung patutan satunggal kakung inggih punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, ingkang jumênêng sapunika,

--- 124 ---

dumuginipun dintên malêm Ngahat tanggal kaping 2 wulan Rêjêb ing taun Be ăngka 1816, utawi tanggal kaping 21 Marêt taun Walandi 1887, Gusti Kangjêng Ratu wau surut kondur ing jaman kalangggêngan.

Ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 15 wulan Ruwah taun Be ăngka 1816 utawi kaping 9 wulan Mèi taun Walandi 1887, kaparênging karsa dalêm, garwa dalêm ampeyan Radèn Ayu Adipati Mandayaprana, kajunjung jumênêng pramèswari dalêm ugi anama Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, ingkang wau sakawitipun kapundhut dados garwa dalêm sampeyan kapatêdhan nama Radèn Rarasati, lajêng kajunjung nama Radèn Ayu Adipati Mandayaprana, tumuntên kajunjung nama Kangjêng Ratu punika, wondene ingkang apêputra swargi Radèn Mayur Puspawinata, abdidalêm Mayur Prajurit Jayatêtana ing karaton dalêm Surakarta.

Pratelanipun ratu pramèswari dalêm

Pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun sapunika: Kangjêng Ratu Pakubuwana, putranipun swargi Radèn Mayur Puspawinata, [Puspa...]

--- 125 ---

[...winata,] abdidalêm Mayur Prajurit Jayatêtana ing karaton dalêm Surakarta.

Pratelanipun para putra tuwin putri dalêm

Putra-putri dalêm swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping 5. 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat. 2. Kangjêng Radèn Ayu Riyaatmaja.

Putra-putri dalêm Swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping 6. 1. Gusti Kangjêng Ratu Timur, patutan saking pramèswari dalêm swargi Gusti Kangjêng Ratu Anom, kagarwa Kangjêng Pangeran Arya Natabrata ingkang kaping 2. 2. Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 3. Kangjêng Radèn Ayu Kusumabrata kagarwa Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata ingkang kaping 2. 4. Kangjêng Radèn Ayu Săntakusuma, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Săntakusuma ingkang kaping 2.

--- 126 ---

5. Kangjêng Radèn Ayu Cakradiningrat.

Putri dalêm swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping 7. 1. Kangjêng Radèn Ayu Suryaningrat, kagarwa Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat. 2. Gusti Kangjêng Ratu Pambayun, patutan saking pramèswari dalêm swargi Gusti Kangjêng Ratu Kancana.

Putri dalêm swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ingkang kaping 8. Gusti Kangjêng Ratu Bandara kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2, inggih punika ibu dalêm swargi Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Putra tuwin putri dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika, kajawi ingkang dèrèng diwasa.

Ingkang saking pramèswari dalêm amung satunggal Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Mangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang kaping 5, Litnan Kolonèl ing Genêralên Staph, sarta bintanging kaprabon pusaka Kadipatèn Anom ing Surakarta Adiningrat. Wiyosan dalêm kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 wulan Rêjêb ing taun Alip ăngka 1795, utawi tanggal kaping 29 wulan Nopèmbêr taun Walandi 1866, jumênêng dalêm Kangjêng

--- 127 ---

Gusti Pangeran Adipati Anom ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir ing taun Je ăngka 1798 utawi tanggal kaping 4 wulan Oktobêr taun Walandi 1869.

Putra dalêm ingkang sampun jumênêng pangeran

1. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, ingkang ing ngajêng anama Kangjêng Pangeran Angabèi Litnan Kolonèl Ajidanipun Kangjêng Tuwan ingkang Wicaksana Guphêrnur Jendral. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mataran,[1] Mayur phan Staph. 3. Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma. 4. Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma. 5. Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat. 6. Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, Kapitan Ajidan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. 7. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat. 8. Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat. 9. Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat wontên nagari Ambon.

--- 128 ---

10. Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat. 11. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga.

Putri dalêm ingkang sampun krama

1. Kangjêng Radèn Ayu Wiryadiningrat, kagarwa Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat. 2. Kangjêng Radèn Ayu Adinagara, kagarwa Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2. 3. Kangjêng Radèn Ayu Purwadiningrat, kagarwa Radèn Tumênggung Purwadiningrat. 4. Kangjêng Radèn Ayu Kartadipura, kagarwa Radèn Mas Arya Kartadipura.

Pratelanipun para pangeran santana dalêm

Wayah dalêm Swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping 3.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara, Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

Wayah dalêm swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping 4.

--- 129 ---

1. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Kusumayuda, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Kolonèl Kumêndhan Prajurit Dalêm ing karaton Surakarta, tilas mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 8. 2. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Răngga Danupaya, Kangjêng Pangeran Răngga Danupaya kaping 2 wontên ing nagari Mênadho. 3. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Anom, Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma. 4. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panji Priyêmbada, Kangjêng Pangeran Panji Priyêmbada kaping 2.

Wayah Dalêm swargi Sampeyan Dalê[2] Ingkang Sinuhun kaping 5.

1. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata, Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata kaping 2. 2. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata, Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2, krama angsal Gusti Kangjêng Ratu Timur, putri dalêm swargi Ingkang Sinuhun kaping 6. 3. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata, Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2. 4. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma, Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

--- 130 ---

5. Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, ingkang patutan saking putri dalêm Ingkang Sinuhun kaping 7, Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara, Litnan Kolonèl ing Ostindhisê Kaphalêri. 6. Putranipun swargi Bandara Radèn Ayu Adiwinata, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, mantu dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika. 7. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Tumênggung Sindusena, Kangjêng Pangeran Tumênggung Bratakusuma. 8. Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma, Kangjêng Pangeran Panji Puspakusuma.

Wayah dalêm swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping 8.

Putranipun Gusti Kangjêng Ratu Bandara, patutan saking swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2, Kangjêng Pangeran Arya Adisurya, ipe dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ingkang jumênêng sapunika.

Buyut dalêm swargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping 3.

1. Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot, inggih Kangjêng Panêmbahan Jurumartani, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2,

--- 131 ---

Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3. 2. Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, ingkang sampun kasêbut ing ngajêng.

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping: 3, Litnan Kolonèl phan Staph, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4, inggih punika pangeran ingkang minăngka wakilipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Prabu Prangwadana, sowan Sênèn Kêmis dhatêng kadhaton.

Kawontênanipun paprentahan agêng jawi, tuwin pangadilan ing karaton dalêm Surakarta

1. Ingkang ngasta pangawasa bang-bang pangalum-alum ing salêbêtipun Baluwarti kadhaton, sarta tumrap para kangjêng pangeran akalihan para bandara santana dalêm. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram.

--- 132 ---

2. Ingkang ngasta pangawasa bang bang pangalum-alum ing sawawêngkonipun karaton dalêm sadaya, pêpatih dalêm, kanthi bupati nayaka dalêm 8 inggih punika ingkang dipun wastani kangjêng parentah agêng.

Pangadilan dalêm punika wontên 4, wijangipun kados ing ngandhap punika:

1. Pangadilan kadipatèn anom, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi prakawisipun para kangjêng pangeran tuwin para bandara santana dalêm. Pangagêngipun pangadilan kangjêng gusti pangeran adipati anom, lidipun kangjêng pangeran putra dalêm sawatawis, bupati nayaka satunggal, saha bupati kadipatèn anom. 2. Pangadilan pradata agêng, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis kadurjanan agêng, kados ta rajapêjah, kècu, ngobong griya, begal, sasaminipun prakawis ingkang dipun gantungi paukuman awrat, tuwin prakawis parapabên, ingkang botên anggugat putra santana dalêm. Pangagêngipun pangadilan, pêpatih dalêm, lidipun para bupati nayaka dalêm 8, kajawi ingkang sampun kakarsakakên dados lid ing kadipatèn anom.

--- 133 ---

3. Pangadilan pradata kabupatèn dumunu[3] wontên karajanipun kabupatèn, inggih punika ing Klathèn, Kartasura, Bayalali, Ngampèl, Sragèn, tuwin Sukaharja, pangadilan nêm panggenan wau, sami wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis kadurjanan, sanèsipun ingkang kêdah lumados pradata agêng, kados ta: pandung, bradhat, nyolong, ngapusi, sasaminipun prakawis ingkang botên ginantungan paukuman awrat, tuwin parapabên ingkang botên anggugat putra santana dalêm tuwin para prayayi agung Jawi, pangagêngipun pangadilan, bupati pulisi, lidipun kaliwon akalihan panèwu utawi mantri ing kitha wau, sêrat karampunganipun para pangadilan pradata kabupatèn, kêdah katêtêpakên sarta kaasmanan dening pêpatih dalêm, dados para bupati ing kitha-kitha kasêbut ing nginggil, kajawi anggènipun anindakakên paprentahan majibi pun bupati, mawi ngiras dados pangagêngipun pangadilan, punapadene mawi kaparingan wawênang angrampungi prakawis pulisi rol ngangge kasaksèn ing tuwan asistèn residhèn ingkang nunggil gêgêlêngan kalihan kabupatènipun. 4. Pangadilan surambi dalêm, inggih punika ingkang kawênangakên [kawênanga...]

--- 134 ---

[...kên] anindakakên angrampungi, sawarninipun prakawis salakirabi talak waris wasiyat, pangagêngipun pangadilan, wadana pangulu agêng, lidipun para khatib.

Kawontênanipun para agêng sakarerehanipun ing karaton dalêm Surakarta, ingkang sami anyêpêng paprentahan.

Pêpatih dalêm wakil Kangjêng Rahadèn Mas Adipati Mangunkusuma Bupati Sèwu.

Kawadanan Kapatihan.

Pêpatih wadana parentah ing kapatihan, Radèn Ngabèi Sasradirêja. Kaliwon mantri anom lêbêt, Radèn Mas Ngabèi Sasraatmaja. Kaliwon mantri anom jawi, Radèn Ngabèi Sumadirêja. Panèwu jaksa, 1. Mas Ngabèi Nitipradata, 2. Radèn Ngabèi Jaksapradata. Ajung jaksa ing pulisi rol, Mas Tirtaatmaja. Panèwu Pulisi, Radèn Ngabèi Citrapranata,

--- 135 ---

Pangulu, Kyai Ngabèi Ngabdul Salam, ngrangkêp dados pangulu pangadilan residhèn sirad.

Bupati nayaka dalêm 8 ingkang mawi bawad

Golongan lêbêt

1. Kabupatèn kaparak kiwa

Bupati, Radèn Mas Arya Jayadiningrat, bêkêl lêbêt, têgêsipun bêkêl dados sasêpuhipun para bupati nayaka lêbêt sadaya. Kaliwon, Radèn Mas Ngabèi Bratadipura. Kaliwon wadananing abdidalêm karaton, Radèn Mas Ngabèi Purbadipura. Kaliwon wadana gadhing mataram, Radèn Ngabèi Rajadipura. Kaliwon gadhing mataram, Radèn Ngabèi Nitipura. Kaliwon wadananing abdidalêm anggandhèk, Radèn Ngabèi Jayadarsana. Panèwu jaksa, 1. Mas Ngabèi Pringgapradata, 2. Mas Ngabèi Jayapradata. Panèwu pulisi, Radèn Ngabèi Jayapranata.

--- 136 ---

2. Kabupatèn kaparak têngên

Bupati, Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, mantu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika, ngrangkêp mangagêngi kantor kapatihan. Kaliwon, Radèn Ngabèi Purwadipura, bêkêl lêbêt, têgêsipun bêkêl dados sêsêpuhipun para kaliwon nayaka lêbêt sadaya. Kaliwon wadananing abdidalêm grêji, Radèn Ngabèi Balad. Kaliwon wadananing abdidalêm anggandhèk, Radèn Ngabèi Purwa Darsana. Panèwu jaksa, 1. Radèn Ngabèi Sastrapradata, 2. Mas Ngabèi Purwapradata, ingkang dados gripir prakawis parapabên. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Purwa Pranata.

3. Kabupatèn gêdhong kiwa

Bupati, Radèn Mas Arya Kartadipura, mantu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika. Kaliwon, Radèn Ngabèi Martadipura. Kaliwon wadananing abdidalêm kêmasan, Radèn Ngabèi Samaita,

--- 137 ---

Panèwu Jaksa, 1. Mas Ngabèi Kartipradata, 2. Sêcapradata, ingkang sawêk amakili kaliwon pulisi lêbêting nagari. Mantri pulisi, Radèn Ngabèi Kartapranata.

4. Kabupatèn gêdhong têngên.

Bupati, Radèn Tumênggung Arjadipura. Kaliwon, Radèn Ngabèi Suradipura. Panèwu jaksa, Radèn Ngabèi Arja Pradata, ingkang sawêk amakili kaliwon pulisi ing kabupatèn Kalathèn. Mantri jaksa, Mas Ngabèi Arja Manggala. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Arja Pranata.

Golongan jawi

1. Kabupatèn siti agêng.

Bupati, Radèn Tumênggung Suryawinata, bêkêl jawi, têgêsipun bêkêl dados sêsêpuhipun para bupati nayaka jawi sadaya. Kaliwon, Radèn Ngabèi Purwa Kusuma, kapêthil mangagêngi kantor kapatihan, dados sorsoranipun Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 138 ---

Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Surapradata. Mantri jaksa, Mas Ngabèi Prabapradata. Mantri pulisi, Radèn Ngabèi Kramapranata.

2. Kabupatèn sèwu

Bupati, Radèn Mas Tumênggung Mangunkusuma, ingkang sawêk amakili pêpatih dalêm. Kaliwon, taksih lowong. Panèwu jaksa, 1. Radèn Ngabèi Wăngsapradata, 2. Radèn Ngabèi Ănggapradata. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Wăngsapranata.

3. Kabupatèn panumping

Bupati, Radèn Tumênggung Prawiranagara. Kaliwon, Radèn Mas Ngabèi Sasrakusuma. Panèwu jaksa, 1. Mas Ngabèi Wirapradata, 2. taksih lowong. Panèwu pulisi, Mas Ngabèi Mangunpranata.

4. Kabupatèn bumi

Bupati, Radèn Tumênggung Tăndhanagara,

--- 139 ---

Kaliwon, taksih lowong. Panèwu jaksa, 1. Mas Ngabèi Yudapranata, 2. taksih lowong. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Mangkupranata.

Bupati anon-anon

Golongan lêbêt

1. Kabupatèn pangrêmbe

Bupati, Ondêr Mayur Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat. Inggih punika minăngka pêpatih dalêm lêbêt, mantu dalêm Ingkang Sinuhun sapunika. Kaliwon, taksih lowong. Panèwu jaksa, 1. Radèn Ngabèi Wiryapradata, 2. Mas Ngabèi Kartapradata. Mantri pulisi, Mas Ngabèi Wiryapranata.

2. Kabupatèn kalang

Bupati, Radèn Tumênggung Wrêksanagara.

--- 140 ---

Kaliwon, Radèn Ngabèi Rajamanggala. Panèwu jaksa, 1. Mas Ngabèi Rajapradata, 2. Wrêksapradata. Panèwu pulisi, Radèn Ngabèi Dirjapradata.

3. Kabupatèn kadipatèn anom

Bupati, Radèn Mas Arya Sujanapura, inggih punika minăngka pêpatih ing kadipatèn anom.

Kaliwon, Radèn Ngabèi Săntadipura. Kaliwon pujăngga, taksih lowong. Panèwu jaksa, 1. Mas Ngabèi Agnyapradata, 2. Mas Ngabèi Săntapradata. Pangulu, Mas Ngabèi Imam Pura. Panèwu pulisi sajawining baluwarti, Mas Ngabèi Wirapranata. Mantri pulisi salêbêting baluwarti kadhaton, Radèn Ngabèi Yasapranata.

--- 141 ---

Golongan jawi

1. Kabupatèn galadhag

Bupati, taksih lowong. Kaliwon, Radèn Ngabèi Bujanagara, kapêthil wontên kantor kapatihan dados pangagêng nyêpêng kas arta nagari. Panèwu jaksa, 1. Mas Ngabèi Brajapradata, 2. Mas Ngabèi Bujapradata.

2. Kabupatèn jaksa

Bupati, taksih lowong. Mênggah para panèwu jaksa kabupatèn nayaka tuwin anon-anon sadaya, kajawi kabawah dhatêng bupatinipun piyambak-piyambak, sadaya sami kabawah sarta kawêngku dening bupati jaksa, saha pundi ingkang botên kapêthil garap padamêlan sanès, sami tumut garap prakawis wontên pradata agêng, wijangipun kados ing ngandhap punika.

Ingkang garap prakawis kadurjanan tuwin paprentahan nagari

Kaliwon, Radèn Ngabèi Mangunpradata,

--- 142 ---

Panèwu gripiring pradata agêng, Radèn Ngabèi Ardapradata. Para panèwu mantri jaksa, 1. Radèn Ngabèi Sastrapradata, 2. Mas Ngabèi Kartipradata, 3. Mas Ngabèi Brajapradata, 4. Mas Ngabèi Prabapradata.

Ingkang garap prakawis parapabên

Kaliwon, Radèn Ngabèi Yasapradata. Panèwu gripiring pradata agêng, Mas Ngabèi Purwapradata. Para panèwu jaksa, 1. Mas Ngabèi Surapradata, 2. Radèn Ngabèi Wăngsapradata, 3. Radèn Ngabèi Ănggapradata, 4. Mas Ngabèi Jayapradata, 5. Mas Ngabèi Pringgapradata, 6. Mas Ngabèi Rajapradata, 7. Mas Ngabèi Wrêksapradata, 8. Mas Ngabèi Prajapradata.

--- 143 ---

3. Kabupatèn pangulon

Wadana pangulu agêng, Radèn Pangulu Tapsiranom, khakim ngiras landrad pradata agêng.

Bêkêl khatip, minăngka kaliwon, Mas Khatip Iman. Kaliwon wadananing abdidalêm Surakarta, Radèn Ngabèi Rêsaniti. Panèwu jaksa, Mas Ngabèi Dipapradata. Mantri jaksa, Mas Ngabèi Căndrapradata. Mantri carik minăngka gripir, Mas Răngga Sastraprajaka. Mantri pulisi, Radèn Răngga Martapranata.

Kabupatèn prajurit

Pangagêngipun, Kangjêng Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara. Kaliwon wadananing abdidalêm panêgar, Radèn Ngabèi Suranagara. Panèwu jaksa, 1. Mas Ngabèi Ardipradata, 2. Radèn Ngabèi Prajapradata. Mantri pulisi, Radèn Ngabèi Wignyapradata.

--- 144 ---

Para kaliwon anon-anon lêbêt ingkang botên kabawah bupati

1. Radèn Ngabèi Bujadipura, kaliwon wadananing abdidalêm panandhon. 2. Radèn Ngabèi Sastradipura, kaliwon wadananing abdidalêm carik.

Bupati pulisi

1. Kabupatèn pulisi salêbêting nagari

Bupati, Radèn Tumênggung Kartanagara. Kaliwon, wakil Radèn Ngabèi Sêcapradata, panèwu jaksa gêdhong kiwa. Jaksa, Radèn Ngabèi Linggapradata. Mantri kabupatèn, 1. Radèn Răngga Darpapranata, 2. Mas Răngga Rêksapranata, 3. Radèn Răngga Surapranata, 4. Radèn Răngga Wimbapranata, 5. Mas Răngga Tandyapranata, 6. Mas Răngga Tirtapranata, 7. Mas Răngga Samarêncana, 8. Mas Răngga Jagadipura, 9. Mas Răngga Karnapranata, Mas Răngga Sastrapranata,

--- 145 ---

Mantri pulisi niyaga, Mas Răngga Yudapranata. Mantri pulisi nusupan, Radèn Ngabèi Endrapranata. Panèwu pangagênging dhistrik Grogol, Radèn Ngabèi Puspapranata. Mantri, 1. Mas Răngga Karnapranata, 2. Mas Răngga Kramaarja. Para panèwu mantri pulisi kabupatèn nayaka tuwin anon-anon ingkang sampun kasêbut ing ngajêng kajawi kabawahakên dhatêng bupatinipun piyambak-piyambak, sadaya sami kabawah sarta kawêngku dening bupati pulisi nagari.

2. Kabupatèn Sukaharja

Ondêrêgèn pangagêngipun kabupatèn, Radèn Ngabèi Martaatmaja. Panèwu 1. Mas Ngabèi Sutasanjaya, 2. Mas Ngabèi Sutadikarya, 3. Radèn Ngabèi Sumawicitra. Pangulu, Khaji Idris Muhyi. Jaksa, Mas Ngabèi Sutasurama. Gripir, Radèn Ngabèi Sutajaksana. Mantri kabupatèn, 1. Mas Răngga Sutadisasra, 2. Mas Răngga Sutamarga,

--- 146 ---

Para dhistrik bawah Sukaharja

1. Dhistrik kitha, panèwu, Mas Ngabèi Sutasudarsa, mantri, 1. Mas Răngga Sutapraya, 2. Mas Răngga Sutaaandaka, 3. Mas Răngga Sutamintragna. 2. Dhistrik Ngutêr, panèwu, Mas Ngabèi Sutadipraya, mantri, 1 Mas Răngga Sutasumarma, 2. Mas Răngga Sutasuwignya. 3. Dhistrik Tawang, panèwu, Radèn Ngabèi Jayamartana, mantri, Mas Răngga Sutasêngaja. 4. Dhistrik Masaran, panèwu, Mas Ngabèi Sutadigdaya, mantri, Mas Răngga Sutakarya.

3. Kabupatèn Kalathèn

Bupati, wakil Radèn Ngabèi Wiryakusuma, ondêrêgen Sukaharja. Kaliwon, wakil Radèn Ngabèi Arjapradata, panèwu jaksa gêdhong têngên. Panèwu, Radèn Ngabèi Mangunsubrata, satunggalipun taksih lowong.

--- 147 ---

Pangulu, Khaji Ngabdul Kadir. Jaksa, Radèn Ngabèi Mangundisastra. Ajung jaksa, Radèn Ngabèi Mangunjaksana. Gripir, Mas Răngga Mangunwidagda Mantri kabupatèn, 1. Radèn Ngabèi Mangunsukarta, 2. Radèn Ngabèi Mangunsumarta, 3. Mas Răngga Mangunpracaya, 4. Radèn Răngga Martasuwignya, 5. Mas Răngga Mangunrênggana, 6. Mas Răngga Mangunsudarsa, 7. Radèn Răngga Mangun Săngkaya, 8. Mas Răngga Mangunbantuna.

Para dhistrik bawah Klathèn

1. Dhistrik kitha, panèwu, Radèn Ngabèi Mangunsumitra, mantri, Mas Răngga Mangunsadana, 2. Mas Răngga Mangunkastawa. 2. Dhistrik gêdhongan, panèwu, Radèn Ngabèi Mangunrêksaka, mantri, Radèn Răngga Mangunsewaka. 3. Dhistrik sapuluh, panèwu, Radèn Ngabèi Mangunsarjana, mantri, Radèn Răngga Mangunsasama. 4. Dhistrik Prambanan, panèwu, Mas Ngabèi Mangunardaya, mantri, Mas Răngga Mangunkaryasa,

--- 148 ---

5. Dhistrik Gêsikan, panèwu, Mas Ngabèi Mangunwirya, mantri, Radèn Răngga Mangunsêngkali.

4. Kabupatèn Kartasura

Bupati, Radèn Tumênggung Citradirja. Kaliwon, Radèn Ngabèi Mangunwardaya. Panèwu, Radèn Ngabèi Jaksasuwirya. Pangulu, Mas Mukhamad Ramli. Jaksa, Radèn Ngabèi Tirtasuwirya. Ajung jaksa, Mas Răngga Jayasuwirya. Gripir, Radèn Răngga Gitasuwirya. Manti kabupatèn, 1. Radèn Ngabèi Kramasuwirya, 2. Mas Răngga Sastrasuwirya, 3. Radèn Răngga Darmasuwirya, 4. Mas Răngga Aknyasuwirya, 5. Mas Răngga Kartasuwirya.

Para dhistrik bawah Kartasura.

1. Dhistrik kitha, panèwu, Radèn Ngabèi Natawirya, mantri, 1. Mas Răngga Karyasuwirya, 2. Radèn Răngga Arjasuwirya. 2. Dhistrik Kathithang, panèwu, Radèn Ngabèi Dipamartana, mantri, Mas Răngga Margasuwirya.

--- 149 ---

3. Dhistrik Karaman, panèwu, Radèn Ngabèi Răngga Suwirya, mantri, Radèn Răngga Dipakardaya. 4. Dhistrik Bêndha, panèwu, Mas Ngabèi Dipasuwirya, mantri, Mas Răngga Martasuwirya. 5. Dhistrik Jênon, panèwu Mas Ngabèi Jaya Prabăngsa, mantri, Mas Răngga Darsasuwirya.

5. Kabupatèn Bayalali

Bupati, Radèn Mas Tumênggung Dirjakusuma. Kaliwon, Radèn Ngabèi Mangundirja. Panèwu, 1. Mas Ngabèi Sura Pangagnya, 2. Mas Ngabèi Suradigdaya, 3. taksih lowong. Pangulu, Mas Khasan Dimêja. Jaksa, 1. Radèn Ngabèi Surasumitra, 2. Mas Răngga Surasadana. Gripir, Mas Răngga Surasastra. Mantri kabupatèn, 1. Mas Ngabèi Suradiwăngsa, 2. Mas Ngabèi Surawirana, 3. Mas Răngga Suradimêja.

Para dhistrik bawah Bayalali

1. Dhistrik kitha, panèwu, Mas Ngabèi Surasumarta,

--- 150 ---

mantri, Radèn Răngga Surasuparta.

2. Dhistrik Banyudana, panèwu, Radèn Ngabèi Surasuwarsa, mantri, Mas Răngga Surasadana.

3. Dhistrik Jatinom, panèwu, Mas Ngabèi Suradikara, mantri, Mas Răngga Surasupatra.

4. Dhistrik Koripan, panèwu pangagêng dhistrik, Radèn Ngabèi Surapruwita, mantri, Mas Răngga Surapaminta.

5. Ondêr dhistrik Tumang, panèwu, Mas Ngabèi Surakarya.

6. Kabupatèn Ngampèl

Bupati, taksih lowong. Kaliwon, Radèn Ngabèi Kartadirja, amakili bupatinipun. Panèwu, Radèn Ngabèi Aknyapranata. Pangulu, Khaji Ngali. Jaksa, Radèn Ngabèi Jayadarsana, amakili kaliwonipun. Ajung Jaksa, Radèn Răngga Jayadrata. Gripir, Mas Răngga Jayaukara.

--- 151 ---

Mantri kabupatèn, 1. Radèn Răngga Jaya Mardawa, 2. Mas Răngga Jiwadikrama.

Para dhistrik bawah Ngampèl

1. Dhistrik kitha, panèwu, Radèn Ngabèi Jaya Sugita, mantri, Mas Răngga Jaya Suharja.

2. Dhistrik Karanggêdhe, panèwu, Mas Ngabèi Jayarêja, mantri, 1. Mas Răngga Jaya Sukarsa, 2. Mas Răngga Jaya Wirana.

3. Dhistrik Sima, panèwu, Radèn Ngabèi Jaya Sudarma, mantri, Mas Răngga Jaya Tanaya.

4. Dhistrik Kaliyasa, panèwu, Radèn Ngabèi Jaya Suwignya, mantri, 1. Mas Răngga Jaya Suwahya, 2. Mas Răngga Jaya Suraya.

5. Dhistrik Lawang, panèwu, Radèn Ngabèi Jaya Wardaya, mantri, Mas Răngga Jaya Supama.

7. Kabupatèn Sragèn

Bupati, Radèn Tumênggung Wiryadipraja. Kaliwon, Radèn Ngabèi Darmapranata.

--- 152 ---

Panèwu, Mas Ngabèi Citrasukirna. Pangulu, Mas Kasan Jenal Mustapa. Jaksa, Radèn Ngabèi Citrawijaksa. Ajung Jaksa, Radèn Răngga Citrawahana. Gripir, Mas Ngabèi Citrawiluta. Mantri kabupatèn, 1. Radèn Răngga Citra Kartika, 2. Mas Răngga Citradarma, 3. Mas Răngga Sastradiwirya, 4. Mas Răngga Citra Sumbaga.

Para dhistrik bawah Sragèn

1. Dhistrik kitha, panèwu, Radèn Ngabèi Citra Kusuma, mantri, Radèn Ngabèi Citra Puspita.

2. Dhistrik Grompol, panèwu, Radèn Ngabèi Citrawirya, mantri, Mas Răngga Citra Marwata.

3. Dhistrik Karangdurèn, panèwu, Mas Ngabèi Citra Wilarsa, mantri. Mas Răngga Citra Prawira.

4. Dhistrik Sambangmacan, panèwu, Mas Ngabèi Citra Santika, mantri, Mas Răngga Citra Rêksaka.

5. Dhistrik Majênang, panèwu, Mas Ngabèi Yuda Suwirya, mantri, Mas Răngga Citra Wantuwa.

--- 153 ---

6. Ondêr dhistrik Ngamban, panèwu, Mas Ngabèi Citra Wahyana.

7. Ondêr dhistrik Laban, panèwu, Radèn Ngabea[4] Citra Asmara.

Bupati wadana kaliwon pamaosan tuwin galadhag

1. Ing Bayalali

Bupati pamaosan, Radèn Mas Tumênggung Dipadirja. Kaliwon wadananing pamaosan tuwin galadhag, Radèn Ngabèi Jayaminarda. Kaliwon, Radèn Ngabèi Singasêtika. Kaliwon bonong ing Karanganom, Radèn Ngabèi Rêsadipura.

2. Ing Gagatan (Ngampèl)

Bupati pamaosan, Radèn Tumênggung Bratadirêja. Kaliwon, Radèn Ngabèi Jayawadana.

--- 154 ---

3. Ing Klathèn

Bupati pamaosan, Radèn Tumênggung Martanagara. Kaliwon wadana pamaosan tuwin galadhag, Radèn Mas Ngabèi Jayasudirja. Kaliwon, Radèn Ngabèi Mangunwadana.

4. Ing Mungkung (Sragèn)

Kaliwon galadhag, Radèn Mas Ngabèi Sasraandaga.

Kawontênanipun abdidalêm, ingkang manggèn ing kagungan dalêm siti karaton Surakarta, ingkang wontên wawêngkon ing karaton Ngayogyakarta.

Ing Imagiri

Bupati pangagêngipun ingkang rumêksa pasarean dalêm para ratu, Radèn Mas Arya Prawira Kusuma, ngiras dados pangagênging [pa...]

--- 155 ---

[...ngagênging] pulisi anindakakên paprentahan nagari. Kaliwon, Radèn Ngabèi Sumaprawira.

Ing Kitha Agêng

Pangagêngipun ingkang rumêksa pasareaning lêluhur dalêm para Ratu, 1. Mas Jimat Amad Dalêm Rêsadipa, 2. Mas Jimat Amad Dalêm Anom Tapsir, ngiras anindakakên prakawis Pulisi.

Kawontênanipun abdidalêm ingkang manggèn ing kagungan dalêm siti karaton Surakarta, ingkang wontên wawêngkon kabupatèn Grobogan (Samarang)

Ing Sela

Ondêrêgèn, pangagêngipun ingkang rumêksa pasareaning lêluhur dalêm para Ratu, Radèn Mas Ngabèi Purwa Wijaya, ngiras dados pangagêng nindakakên paprentahan.

--- 156 ---

Panèwu, Radèn Ngabèi Sănta Sumarta. Mantri, Mas Răngga Sănta Marjaya.

--- 157 ---

Kawontênanipun para upsiring prajurit karaton dalêm Surakarta

Kumêndhan, Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Kolonèl. Twedhê Kumêndhan, taksih lowong. Mayur Mirungga, Radèn Mas Arya Purwawinata.

Para ajidan

Kaptin, Radèn Mas Panji Purba Kusuma. Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Yuda Utama. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Ranu Diwirya, 2. Radèn Panji Sura Udaya, tukang arta, 3. Radèn Mas Panji Suma Sukarta, tukang arta.

--- 158 ---

Golongan lêbêt ingkang mangangge cara prajurit jawi

1. Prawira Tamtama

Mayur, Radèn Mas Arya Pringga Winata. Kaptin, Radèn Mas Panji Kuda Jayèngrêsmi. Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Sindu Prawira. Twedhê litnan, 1. Radèn Mas Panji Bratautama, 2. Radèn Mas Panji Prawiradigdaya, 3. Radèn Mas Panji Prawirasêmbada.

2. Wirautama (Carangan)

Mayur, Radèn Mas Arya Surawinata. Kaptin, Radèn Mas Panji Priyasuputra. Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Pringgatanaya. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Kusumawijaya, 2. Radèn Mas Panji Jayèngsari, 3. Radèn Mas Panji Cakraprawira.

3. Mijipinilih

Mayur, Radèn Mas Arya Bratawinata.

--- 159 ---

Kaptin, Radèn Mas Panji Mangkuprênata. Irstê Litnan, taksih lowong. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Sumapinilih, 2. Radèn Mas Panji Danupinilih, 3. Radèn Mas Panji Bratapinilih.

4. Jayèngastra

Mayur, Radèn Mas Arya Jayèngwinata. Kaptin, Radèn Mas Panji Jayèngsêmèdi. Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Jayèngdirêja. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Jayèngwidagda, 2. Radèn Mas Panji Jayèngsudira, 3. Radèn Mas Panji Jayèngatmaja.

5. Prawira Nom (Wanengan)

Mayur, Radèn Mas Arya Prawirawinata. Kaptin, Radèn Mas Panji Wanèng Kusuma. Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Wanèng Pada. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Wanèng Tanaya, 2. Radèn Mas Panji Wanèng Saputra, 3. Radèn Mas Panji Wanèng Panurta.

--- 160 ---

Golongan jawi, ingkang mangangge cara prajurit Walandi

1. Jagasura (Sêtabêlan)

Mayur, Radèn Mas Arya Ranuwinata. Kaptin, Radèn Mas Panji Trimurda. Irstê Litnan, Radèn Panji Saksadewa. Twedhê Litnan, 1. Radèn Panji Trisirah, 2. Radèn Mas Panji Surèngrana, 3. Radèn Mas Panji Trikaya.

2. Jayatanantaka

Mayur, Radèn Panji Jaya Winata. Kaptin, Radèn Mas Panji Dipawirya. Irstê Litnan, Radèn Panji Jaya Winata. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Prawira Wijaya, 2. Radèn Panji Jayaprabawa, 3. Radèn Mas Panji Jayawidagda.

--- 161 ---

3. Jayasura

Mayur, Radèn Mas Arya Purbawinata. Kaptin, Radèn Mas Panji Trunakusuma. Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Karyasukarta. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Jayaprawira, 2. Radèn Mas Panji Ranukusuma, 3. Radèn Mas Panji Suratanaya.

4. Jayatêtana

Mayur, Radèn Mas Arya Dirjawinata. Kaptin, Radèn Mas Panji Purbapraja. Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Mangkuasmara. Twedhê Litnan, 1. Radèn Panji Prawirasêtika, 2. Radèn Mas Panji Jayawitana.

5. Suratêtana

Mayur, Radèn Mas Arya Martawinata. Kaptin, Radèn Mas Panji Sumatanaya.

--- 162 ---

Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Jayalêngkara. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Mangkutanaya, 2. Mas Panji Wiratana.

6. Trunasura

Mayur, Radèn Mas Arya Arja Winata. Kaptin, Radèn Panji Truna Wilaga. Irstê Litnan, Radèn Panji Truna Wiraga. Twedhê Litnan, 1. Radèn Panji Truna Sukarta, 2. Radèn Panji Puspadiwirya, 3. Radèn Mas Panji Widayaka.

7. Jagabraja

Mayur, Radèn Mas Arya Braja Winata. Kaptin, Radèn Panji Singa Pranata. Irstê Litnan, Radèn Panji Maesa Wirasta. Twedhê Litnan, 1. Radèn Panji Braja Prabawa, 2. Radèn Mas Panji Braja Prawira, 3. Radèn Mas Panji Braja Sumitra.

--- 163 ---

Ing ngandhap punika kawontênanipun ing Mangkunagaran.

Ingkang jumênêng sapunika Kangjêng Gusti ingkang kaping 5, ajêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, Ridêring Bintang Nèdêrlansên Leyo, saha Litnan Kolonèl Kumêndhaning Lesiyun ing Mangkunagaran, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Radèn Ayu Mangkunagara. Jumênêngipun kala ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 11 wulan Sawal taun Jimakir ăngka 1810 utawi kaping 5 wulan Sèptèmbêr taun Walandi 1881, ing sadèrèngipun jumênêng anggêntosi ingkang rama, kala tanggal kaping 3 wulan Ruwah taun Je ăngka 1806, utawi kaping 13 wulan Agustus taun Walandi 1877, sampun krama angsal putrinipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3, ingkang seda kala ing dintên Slasa Paing tanggal kaping 13 wulan Bêsar taun Wawu ăngka 1817, utawi kaping 21 Agustus taun Walandi 1888 ingkang kapêngkêr punika.

--- 164 ---

Pratelanipun Para Putra ing Mangkunagaran

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 2.

1. Radèn Mas Arya Brajanata, Mayur Kaphalêri Honorèr, 2. Radèn Mas Arya Surya Mangkuningrat.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 3.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Litnan Kolonèl Inphantêri Honorèr, 2. Radèn Mas Arya Suryaputra, 3. Radèn Mas Arya Suryaudaya, Kaptin Inphantêri, 4. Radèn Mas Arya Suryaudara, Kaptin Inphantêri, 5. Radèn Mas Arya Suryaasmara, Kaptin Inphantêri, 6. Radèn Mas Arya Suryakumara, Kaptin Inphantêri, 7. Radèn Mas Arya Suryadarmaja, 8. Radèn Mas Arya Suryaaatmaka, 9. Radèn Mas Arya Suryadarsana.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti ingkang kaping 4.

Ingkang patutan saking swargi Radèn Ayu Găndakusuma.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Litnan Kolonèl phan Staph,

--- 165 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, Litnan Kolonèl, Twedhê Kumpêni Lesiyun ing Mangkunagaran. 3. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiwaya, Mayur Honorèr, Ridêring bintang Gaodhên Leyo phanaso pirdhêklas, tuwin ridêring bintang Pran Yosèph ing nagari Ostênrik. 4. Kangjêng Pangeran Arya Găndawijaya, Mayur Kaphalêri Honorèr. 5. Kangjêng Pangeran Arya Găndasiswara, Mayur Inphantêri, tuwin Ridêring bintang militèr Wilêm Sordhê Pirdhêklas. 6. Kangjêng Pangeran Arya Găndaatmaja, Mayur Kaphalêri Honorèr.

Ingkang Patutan saking Garwa Ampeyan

Radèn Mas Arya Sugănda, bupati ing Pasuruhan.

Ingkang Patutan saking Radèn Ayu Mangkunagara

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, Litnan Kolonèl Kumêndhaning Lesiyun Kamangkunagaran, ridêring bintang Nèdêrlansên Leyo. 2. Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat, Mayur Ajidan. 3. Kangjêng Pangeran Arya Andayanata, ridmistêr Kaphalêri.

--- 166 ---

4. Kangjêng Pangeran Arya Dayasuputra, Irstê Litnan Artilêri. 5. Kangjêng Pangeran Arya Dayakiswara, Irstê Litnan Kaphalêri.

Lesiyun Mangkunagaran

Staph.

Kumêndhan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, Litnan Kolonèl R.N.L. Twedhê Kumêndhan, Kangjêng Pangeran Arya Găndasuputra, Litnan Kolonèl. Ondêr Intêndhan, taksih lowong. Mayur Ajidan, Kangjêng Pangeran Arya Andayaningrat. Irstê Litnan Kwartir Mistêr, Radèn Panji Wirasuwănda.

Inphantêri.

Mayur Kumêndhan, Kangjêng Pangeran Arya Găndasiswara R.M.W.4. Irstê Litnan Ajidan, Radèn Mas Panji Găndasurasma. Kaptin, 1. Radèn Mas Arya Suryaudaya, 2. Radèn Mas Arya Suryaudara, 3. Radèn Mas Arya Suryaasmara,

--- 167 ---

Inphantêri

Kaptin, 4. Radèn Mas Panji Yudaasmara, 5. Radèn Mas Panji Purwawinata, 6. Radèn Mas Panji Prawirakusuma. Irstê Litnan, 1. Mas Jaga Sumarta, 2. Radèn Mas Panji Partaudaya, 3. Radèn Mas Panji Prawiraatmaja, 4. Radèn Mas Panji Siswawinata, 5. Radèn Mas Panji Atmakusuma, 6. Radèn Mas Prawiradikara. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Jagawinata, 2. Radèn Mas Panji Sumamijaya, 3. Radèn Mas Panji Atmawijaya, 4. Radèn Mas Panji Arya Suputra, 5. Mas Sura Wisudha, 6. Mas Jaga Saksana, 7. Mas Karyasêmita, 8. Mas Kalayaksa, 9. Radèn Mas Panji Marmawinata.

--- 168 ---

Inphantêri.

Twedhê Litnan, 10. Radèn Mas Panji Sokasarana, 11. Radèn Mas Panji Atmaudaya, 12. Mas Prawira Suwarna.

Artilêri.

Kaptin, Radèn Mas Panji Nitikusuma. Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Sumawardaya. Twedhê Litnan, 1. Mas Niti Gunarsa, 2. Radèn Mas Panji Wirawardaya.

Kaphalêri.

Ritmistêr, Radèn Mas Panji Partaningrat. Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Natabaya. Twedhê Litnan, 1. Radèn Panji Atma Subrata, 2. Mas Sumawirata.

Kawontênanipun para upsir wirapraja panumbak.

Kaptin, 1. Radèn Panji Prawiraningrat, 2. Radèn Panji Darma Sugănda, 3. Radèn Panji Nitiatma.

--- 169 ---

Irstê Litnan, Radèn Mas Panji Wirasuputra. Litnan Ajidan, Radèn Mas Panji Găndasuma.

Wirapraja.

Irstê Litnan, 1. Radèn Panji Wiradilaga, 2. Mas Wirayuda. Twedhê Litnan, 1. Radèn Mas Panji Trunaatmaja, 2. Radèn Mas Panji Sumatanaya, 3. Mas Wiradikara.

Uph upsir honorèr utawi titulèr ingkang kaparingan pangkat wau saking kangjêng gupêrmèn mawi kaparingan sêrat kêkancingan

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Litnan Kolonèl Inphantêri Honorèr. 2. Radèn Mas Arya Brajanata, Mayur Kaphalêri Honorèr. 3. Kangjêng Pangeran Arya Găndawijaya, Mayur Kaphalêri Honorèr. 4. Kangjêng Pangeran Arya Găndaatmaja, Mayur Kaphalêri Titulèr. 5. Radèn Mas Arya Găndawardaya, Mayur Artilêri Titulèr.

--- 170 ---

Upsir honorèr ingkang kaparingan pangkat wau saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati piyambak

1. Kangjêng Pangeran Arya Andayanata, Ritmistêr Kaphalêri. 2. Kangjêng Pangeran Arya Dayasuputra, Irstê Litnan Artilêri 3. Kangjêng Pangeran Arya Dayakiswara, Irstê Litnan Kaphalêri.

Paprentahan tuwin pangadilan ing bawah Mangkunagaran

Ingkang ngasta panguwasa paprentahan tuwin pangadilan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati piyambak, kanthi pangeran akalihan arya sawatawis tuwin pêpatihipun.

Pangadilan ing kadipatèn Mangkunagaran punika wontên 4, wijangipun kados ing ngandhap punika.

1. Pangadilan kasatriyan, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi prakawisipun para putra santana, pangagêngipun pangadilan, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati piyambak, lidipun pangeran akalihan arya sawatawis. 2. Pangadilan pradata kadipatèn Mangkunagaran, inggih punika ingkang wênang anindakakên angrampungi sawarninipun prakawis kadurjanan, sanèsipun ingkang kêdah lumados ing pangadilan dalêm pradata agêng [a...]

--- 171 ---

[...gêng] kados ta: ngobong griya, begal, pandung sasaminipun, tuwin prakawis parapabên ingkang botên anggugat putra santana, pangagêngipun pangadilan, minăngka sêsulihipun Kangjêng Gusti: pêpatihipun, lidipun kaliwon gunung tuwin kaliwon kasatriyan, mila sawarninipun sêrat karampunganipun pangadilan wau, kêdah katêtêpakên sarta kaasmanan dening Kangjêng Gusti, dados pangadilan pradata Mangkunagaran botên wênang anindakakên angrampungi prakawis kadurjanan agêng, rajapêjah, kècu, sasaminipun, ingkang kagantungan paukuman pêjah, bilih bawah Mangkunagaran wontên prakawis rajapêjah, kècu, sasaminipun, kêdah kaladosakên sarta karampungan dening pangadilan dalêm pradata agêng ing Surakarta. 3. Pangadilan pradata kawadanan Wanagiri, inggih punika ingkang wênang nindakakên angrampungi sawarninipun prakawis kadurjanan sanèsipun ingkang kêdah lumados ing pangadilan dalêm pradata agêng tuwin pangadilan pradata Mangkunagaran, kados ta: pandung, bradhat, nyolong, ngapusi, sasaminipun prakawis ingkang botên dipun gantungi paukuman awrat, tuwin prakawis parapabên, pangagêngipun pangadilan, wadana gunung Wanagiri, lidipun [lidipu...]

--- 172 ---

[...n] panèwu utawi mantri ing kawadanan. Sêrat karampunganipun pradata kawadanan, kêdah katêtêpakên sarta kaasmanan dening Kangjêng Gusti. 4. Pangadilan surambi, inggih punika ingkang kawênangakên nindakakên angrampungi sawarninipun prakawis salakisabi,[5] talak waris wasiat. Pangagêngipun pangulu Mangkunagaran, kanthi Kêtip sawatawis, sêrat karampunganipun pangadilan wau, kêdah kauningan sarta katêtêpakên dening Kangjêng Gusti.

Para prayantun ingkang sami anyêpêng paprentahan ing bawah Mangkunagaran

Pêpatih, Radèn Mas Tumênggung Arya Sêbrata. Kaliwon kasatriyan, Radèn Mas Arya Surya Sudarsana. Kaliwon martapraja, Mas Ngabèi Jayalukita. Pangulu khakim, Kyai Ngabdulkèr. Pangulu pradata, Khaji Kusasi. Kaliwon jaksa, Radèn Ngabèi Citrapradata. Panèwu jaksa, Radèn Mas Ngabèi Mangunkusuma. Mantri gripir, Radèn Ngabèi Arja Prasănta. Panèwu gripiring kasatriyan, Radèn Mas Ngabèi Natamijaya.

--- 173 ---

Kawadanan gunung salêbêting kitha (kawadanan rêksapraja)

Kaliwon wadananing para gunung, Radèn Ngabèi Mangkurêja. Panèwu, Radèn Ngabèi Sastrarêja.

Pulisi gunung bawah kitha

Para panèwu gunung, 1. Kampung Kidul, Radèn Ngabèi Păncasubrata, 2. Kampung Lèr, Radèn Mas Ngabèi Kusumaningrat, 3. ing Karangpandhan, Radèn Ngabèi Tirtapradata, 4. ing Karanganyar, Radèn Ngabèi Arja Pradata, 5. ing Jumapala, Mas Ngabèi Arja Pradana.

Para mantri gunung, 1. ing Calamadu, Radèn Mas Ngabèi Jaya Wardaya, 2. ing Singasari, Mas Ngabèi Pănca Pracima, 3. ing Jurug, Radèn Ngabèi Arjadiwirya, 4. ing Ngaribaya, Radèn Ngabèi Pănca Asmara, 5. ing Pedan, Mas Ngabèi Jaya Sambaya, 6. ing Tasikmadu, Mas Ngabèi Arja Sudarsa, 7. ing Sri Katon, Mas Ngabèi Arja Grêjita, 8. ing Mêntesih,[6] Mas Ngabèi Pănca Pranawa, 9. ing Jatipura Mas Ngabèi Arja Andaya, 10. ing Krêja, Mas Ngabèi Arja Wirana.

--- 174 ---

Kawadanan gunung Wanagiri.

Kaliwon wadananing para gunung, Mas Ngabèi Jaya Sarănta. Panèwu, 1. Radèn Ngabèi Citradipura, 2. Radèn Ngabèi Jaya Sarănta. Jaksa, Radèn Ngabèi Citradipura. Mantri gripir, Mas Ngabèi Sastradikrama. Pangulu, Mukhamad Umar.

Pulisi gunung bawah Wanagiri.

Para panèwu gunung, 1. ing Ngadiraja, Mas Ngabèi Pănca Martana, 2. ing Jatisrana, Mas Ngabèi Tirtadarma, 3. ing Baturêtna, Mas Ngabèi Arja Prayitna, 4. ing Eramaka, Mas Ngabèi Sastradikara.

Para mantri gunung, 1. ing Girimarta, Mas Ngabèi Arja Suraksa, 2. ing Nglaroh, Mas Ngabèi Pănca Prabata, 3. ing Sidaarja, Mas Ngabèi Pănca Pratistha, 4. ing Slagaima, Mas Ngabèi Arja Krêtarta, 5. ing Kismantara, Radèn Ngabèi Pănca Suwarna, 6. ing Purwantara, Mas Ngabèi Wirapratiwa, 7. ing Untaranadi, Radèn Ngabèi Arja Martana, 8. ing Tirtamaya, Mas Ngabèi [Nga...]

--- 175 ---

[...bèi] Arja Ubaya, 9. ing Giritantra, Mas Ngabèi Arja Sutaknya, 10. ing Wuryantara, Radèn Ngabèi Arja Sasmaya, 11. ing Pracimantara, Radèn Ngabèi Sama Sudirja, 12. ing Ngawèn, Radèn Ngabèi Arja Maharja.

 


Mataram. (kembali)
Dalêm. (kembali)
dumunung. (kembali)
Ngabèi. (kembali)
salakirabi. (kembali)
Mêtesih. (kembali)