Almanak, H. Buning, 1910, #885

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1. Sri bagendha maharaja putri, 2. Sang Pangeran Hèndrik, 3. Kangjêng ratu ibu sori, 4. Putri Yulianah, ing Nèdêrlan.

--- 375 ---

Sêrat Pananggalan ingkang kaping 26

Kangge ing taun Walandi 1910.

Miturut pananggalan ingkang kawêdalakên Kangjêng Guprêmèn.

Kaêcap sarta kawêdalakên ing gêdhong pangêcapanipun pêkêmpalan among dagang, rumiyin nama, H. Buning. ing nagari Ngayugyakarta.

--- 376 ---

Ewah-ewahan ingkang kantun

Aspiran kontrolir ing Pasuruhan H. van Ophuijsen kaangkat kontrolir ing Madura.

Aspiran kontrolir ing Kêdhu A. Simon kaangkat kontrolir ing ngriku.

Aspiran kontrolir ing Surabaya H. M. van Altena kaangkat kontrolir ing ngriku.

Aspiran kontrolir ing Pakalongan H. H. de Cock kaangkat kontrolir ing Kêdhiri.

Aspiran kontrolir ing Priyangan J. F. Verhoog kaangkat kontrolir ing ngriku

Kontrolir ing Rêmbang W. D. B. M. Mulder.

Kontrolir ing Bêsuki C. H. Douwes Dekker.

Aspiran kontrolir ing Priyangan C. H. H. Snell.

Aspiran kontrolir ing Surabaya W. Ch. Andriaans.

Aspiran kontrolir ing Kêdhu B. J. Suermond.

Aspiran kontrolir ing Pasuruhan W. F. van Neden.

--- 377 ---

DAFTAR

Para priyantun kenging pikantuk tumbas sêrat-sêrat waosan, sarta barang pirantosing nyêrat, kados ta: krêtas partikêlir warni-warni, amplop warni-warni, tintah warni-warni, sarta pirantos anggambar, tuwin sanès-sanèsipun, mamrih kathah pajêngipun, sadaya wau rêgi kamirahakên.

N. F. Purhèn H. Buning ing Ngayogyakarta.

--- 378 ---

PAROMOJOGA.

Sêrat Paramayoga

Anyariyosakên lêlampahanipun Kangjêng Nabi Adam, akalihan lêlampahan sarta têrah-tumêrahipun para dewa ingkang akahyangan ing tanah Hindhustan, anggitanipun Radèn Ngabèi Rănggawarsita, pujăngga agêng ing karaton nagari Surakarta, kaêsahakên kasusastranipun awêwaton sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra, kaêcap ingkang kaping kalih, satunggal buku rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.10

POESTOKORODJO POERWA.

Sêrat Pustakarajapurwa

Jilidan ăngka 1 dumugi ăngka 9, anyariyosakên kala pulo Jawi, Sumatra, Bali tuwin Madura, wiwit dipun dunungi manusa, taun Jawi sirah 1, ing salajêngipun cariyos wontênipun lêlampahan sadaya, ngantos dumugi taun 734. Babon asli saking Suwargi Radèn Ngèbèi Rănggawarsita pujăngga agêng ing karaton nagari Surakarta, kaêsahakên kasusastranipun awêwaton sêrat Paramasastra dening Ki Padmasusastra, kaêcap ingkang kaping kalih, satunggal jilid rêgi f 2.50 pranko ing pos f 2.60. Bilih ngarsakakên sadasa jilid kalihan Paramayoga pranko ing pos f 20.-

Ing mangke Sêrat Pustakaraja wau punika pangêcapipun badhe kalajêngakên ngantos satêlasipun.[1]

--- 379 ---

TJENTHINI.

Sêrat Cênthini, anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. V. Isi kawruh warni-warni, saking adining sêrat wau, kala jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P. B. VII. Sêrat Cênthini katêdhak satamatipun, sêratanipun jêjêg, padanipun sinungging dados wolung buk, kapisungsungakên ing kangjêng guprêmèn. Sapunika kamulyakakên sumimpên wontên bibliotik ing kitha Lèidhên, Nèdêrlan, kasamak mawi praos jêne inggih angaosi saking adining sêrat wau. Awit saking kaparêngipun karsa dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV. Pêpatih dalêm ing Surakarta, sapunika kacithak kalimrahakên ing akathah, rêginipun satunggal buk f 2.- pranko ing pos f 2.10. Dene sapunika sawêg babar jilidan ingkang 1

BABAD GIANTI.

Sêrat Babad Surakarta ingkang ugi nama Babad Giyanti, jilidan ăngka 1 dumugi ăngka 3, anyariyosakên lêlampahanipun Kangjêng Pangeran Arya Mangkubumi, wiwit prang lajêr, dumugi Tumênggung Jayawinata Mataram balik, ing salajêngipun. Babon asli saking Suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura, pujăngga ing karaton nagari Surakarta Adiningrat, kaêcap ingkang kaping kalih, satunggal jilid rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.10. Sêrat Babad Giyanti punika wau sawêg babar jilidan ăngka 1, dene jilidan ingkang ăngka 2 sarta 3, sawêg dipun êcap.

--- 380 ---

KANTJIL KRIDOMARTONO

Sêrat Kancil Kridhamartana jilidan ăngka 1, anggitanipun Radèn Panji Natarata, ing ngajêng panji dhistrik Ngijon, Ngayugyakarta, lajêng pindhah nama Radèn Sasrawijaya, Ngayugyakarta, kaêsahakên Suwargi Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat, ing Pakualaman, Ngayugyakarta, sarta Ki Padmasusastra tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta, ingkang sapunika nama Ngabèi Wirapustaka, satunggal buk rêgi f 0.25 pranko ing pos f 0.30. Sêrat punika wau karêngga ing gambar 4 iji mawi pulasan sakalangkung èdi, sarta tambahan pawukon ugi dalah sagambaripun 12 iji, punapadene kawêwahan rinêngga gambar dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Hamêngkunagara ing Ngayugyakarta, sakalihan garwa, nalika krama tanggal kaping 16 Agusutus 1907.

KOHINOOR.

Sêrat Kuhinur

Babon asli saking sêrat Walandi, jilidan ăngka 1 dumugi ăngka 2, anyariyosakên Maha Prabu Ngabdullah Kotbisat, ratu binathara ing nagari Kalkotah (tanah Hindi kilèn) utusan ngupaya musthika maniking Rêtna Kuhinur badhe kadamêl angrêngga candhi pêpundhènipun, nuntên karêbat dening Prabu Horèngsèbê, ing nagari Dhèlhi mawi lantaran pêrang agêng, sarta sri narendra ing nagari Pèrsi, pêrang mêngsah kalawan Prabu Horèngsèbê, sapiturutipun ngantos dumugi musthika maniking Rêtna Kuhinur dados kagunganipun Kangjêng Ratu Pramèswari Viktoriyah, ratu ing nagari Engêlan ingkang jumênêng sapunika. Satunggal jilid rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.10.

--- 381 ---

PRAGIWO.

Sêrat Pragiwa mawi sêkar

Kajarwakakên dening Radèn Mas Sasradiwirya, kawêdalakên ingkang kaping 3, satunggal buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.55

DHONOASMORO.

Sêrat Dana Asmara

Mawi sêkar, kajarwakakên dening Radèn Mas Sasradiwirya, kawêdalakên ingkang kaping 2, satunggal buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.55

MICHRAD.

Sêrat Mihradipun Kangjêng Nabi Mukhammad

Cariyos saking Arab, ing mangke kasatunan[2] ing têmbung Jawi, kaêcap ingkang kaping 3, satunggal bubu[3] rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05. Dene sapunika sawêg kula wiwiti ngêcap malih.

DARMOKONDO.

Sêrat Piwulang Darmakăndha

Anggitanipun Mas Surajaya, pènsiyun wadana dhistrik Balak kabupatèn Magêlang (Kêdhu), satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

--- 382 ---

WOELANGREH.

Sêrat Wulangrèh

Inggih punika wulang dalêm Suwargi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4, ing Surakarta Adiningrat, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05

SULTAN IBRAHIM.

Sêrat Cariyosipun Kangjêng Sultan Ibrahim

Ibnu Adam walollah, ingkang jumênêng nata, ing nagari Ngerak, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05. Sêrat Ibrahim punika sampun têlas, ananging kula sampun miwiti ngêcap malih.

JAVAANSCHE WETTEN

Sêrat Anggêr-anggêr

Tuwin pranatan-pranatan, ingkang tumrap ing nagari Ngayugyakarka[4] kangge para tuwan-tuwan pabrik sarta para priyayi Jawi ing nagari Ngayugyakarta, jilidan ăngka 1 dumugi ăngka 2, kaimpun dening tuwan P. J. Oudemans. Satunggal jilid rêgi f 2.50 pranko ing pos f 2.60.

RODJOPOETRO.

Sêrat Rajaputra

Anyariyosakên sujarah dalêm awit Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun [Sinuhu...]

--- 383 ---

[...n] Kangjêng Sultan ingkang sapisan, dumugi Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kaping 6, ing nagari Ngayugyakarta Adiningrat, babon asli saking Swargi Bandara Pangeran Arya Adinagara, ingkang sapisan, kasêkarakên dening Radèn Mas Nataasmara, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

MANASIK CHADJI

Punika sêrat, jarwa anyariyosakên lampah-lampahipun tiyang ingkang badhe minggah khaji dhatêng nagari Mêkah, mêthik saking Kitab Manasik Khaji, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05

PERANG NEDERLAND.

Sêrat cariyosipun pêrang ing nagari Nedêrlan, kala ing taun 1815, wiwit lolosipun Prabu Bonahparte saking pulo Hèlbah, dumugi konduripun Prabu Lodhêwik kaping 18, jumênêng nata malih wontên ing Prangkrik, salajêngipun kabucalipun Prabu Bonahparte dhumatêng ing Sinhelenah, satunggal buku rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.10

Tjarito Hoetomo Kagoenan Sewoe.

Layang Carita Utama Kagunan Sèwu

lan samubarang rèmèh-rèmèh kang maedahi, saking tuwan F L Wintêr, ing Surakarta, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

--- 384 ---

SOEKMOLEMBORO

Sêrat cariyos ringgit tiyang lampahan Sukma Lêmbara

Mêthik saking Sêrat Suluk Sukma Lêmbara, kaanggit dening Radèn Tumênggung Purbanagara, bupati anèm wadana prajurit Kêtanggêl, ing nagari Ngayugyakarta Adiningrat, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

WOELANG HOLAH-HOLAH.

Sêrat Wulang Olah-olah

Babon saking sêrat Walandi katêdhak dening tuwan F. L. Wintêr, ing Surakarta, satunggal buku rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.05. Para èstri putraning priyantun sarta koki-koki punapadene têtiyang ingkang gêgriya pêrlu sangêt anggadhahi sêrat punika. Sêrat Wulang Olah-olah punika sampun têlas, ananging kula sampun miwiti ngêcap malih.

BARON VAN MUNCHAUSSEN

Sêrat Cariyosipun Baron van Munghaosên

Babon saking sêrat walandi katêdhak dening tuwan F. L. Wintêr, ing Surakarta, mawi karêngga ing gambaran nêmbêlas warni, satunggal buku rêgi f 2.- pranko ing pos f 2.10. Sêrat punika kantun sakêdhik kangge para lare utawi tiyang sêpuh saèstu kathah ingkang rêmên maos.

--- 385 ---

NED. RIDDER ORDEN.

Sêrat pratelan tuwin pranataning bintang-bintang

Ing praja Nèdêrlan mawi gambaran katêdhak ing têmbung Jawi, dening Tuwan F. L. Wintêr ing Surakarta, satunggal buku rêgi f 2.25, pranko ing pos f 2.30. Sintên ingkang kêpengin badhe dados dhukun? Botên susah madhukan-madhukun têmên. Janji anggadhahi sêrat kados ing ngandhap punika:

POENTIR PALAKIA

Sêrat Kitab Puntir Palakiyah

Têtilaranipun para oliya ing jaman kina, kaêcap ingkang kaping 5, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05. Sêrat punika wau botên namung tiyang Jawi kemawon ingkang sami tumbas, sanajan băngsa sabrang ingkang sagêd sastra Jawi ugi amêrlokakên tumbas, dene isinipun 21 prakawis pitakenan, punapa ingkang badhe dipun takèkakên, bêgja cilakaning tiyang punapa ingkang badhe pinanggih, insaallah sagêd anarbuka saking buku punika.

KATOERONGGO.

Sêrat Katurangganing Kapal

Babon mawi sêkar, yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping 3, amrih [a...]

--- 386 ---

[...mrih]

cêthanipun, kajarwakakên dening Tuwan F. L. Wistêr[5] ing Surakarta, satunggal buku rêgi f 1.50 pranko ing pos f 1.55.

SERAT BAB PANGEREHING KAPAL.

Sêrat Bab Pangêrèhing Kapal

Manut caraning karaton ing Surakarta, tuwin wijanganipun sakathahing saranduning kapal tumpakan, kawêdalakên dening Tuwan F. L. Wintêr, satunggal buku rêgi f 1.- pranko ing pos f 1.05.

JAVAANSCH-KAWI WOORDENBOEK.

Sêrat Bausastra Jarwa-Kawi, kawêdalakên ing pahêman Radyapustaka awit saking karsa dalêm Bêndara Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring kron, ordhê ing Siyêm, pêpatih karaton dalêm ing Surakarta, satunggal buk rêgi f 7.50 pranko ing pos f 8.-

CHOLERA.

Sêrat rumêksaning badan saha jampi kalanipun wontên sêsakit kolerah, kaanggit dening Dhoktêr I. Gronêman, ing Ngayugyakarta, satunggal buku rêgi f 0.50 pranko ing pos f 0.55. Sêrat punika pajêng sangêt, sarta sampun sumêbar ing pundi-pundi nagari, tiyang ingkang gêgriya pêrlu sangêt anggadhahi sêrat punika, botên wontên awonipun tiyang jêjagi sadèrèngipun kontung.

--- 387 ---

Boleh dapet beli boekoe-boekoe bahasa Melajoe pada N. V. voorh. H. BUNING- Djokja, seperti di bawah ini:

GOEROE BAHASA BELANDA.

(Penghantar orang-orang jang hendak beladjar bahasa Belanda) terkarang oleh Toewan R. AKKERMAN, harga franco di post f 2.50.

BOEKOE MASAKAN

Menoendjoekken bagimana bikinnja makanan tjara Blanda, makanan tjara Djawa, koewee-koewee tjara Blanda, koewee-koewee tjara Djawa. Manissan stroop, likeur dan lain-lain minoeman, assinan, atjar, socijs besar, ketjil, dan lain-lainnja. Samoea lebih dari 600 warna, tjitakan jang ka 8 harga franco di post f 2.60. Ini boekoe lakoe sekali ternjata soedah bisa ditjitak ka delapan kali, maka prampoean-prampoean poetrannja prijaji dan kokki-kokki serta orang jang beroemah tangga perloe mempoenjai ini boekoe.

BOEKOE OBAT DAN KATOERONGGO KOEDA

ja itoe menerangken tjatjat atawa baiknja koeda, kentara dari boeloe atawa tandanja MATHI, atawa oenjeng-oenjengan, bagimana tjeritanja orang doeloe kala, harga franco di post f 1.55.

--- 388 ---

Segala roepa penjakit 141 matjem obat insa'allah dapet semboeh dari kitab jang di bawah ini.

BOEKOE OBAT-OBAT

Boeat orang toewa dan anak-anak, tinggalannja Njonjah E. VAN GENT, menoendjoekken bagimana bikinnja obat-obat boeat segala penjakit, semoea ada 141 warna, tjitakan jang ka 7, harga franco di post f 3.05. Ini boekoe lakoe sekali, maka orang beroemah tangga perloe djika mempoenjai ini boekoe saolah-olah punja tabib (doekoen Djawa.)

KITAB

Pendjagaän diri dan obatnja waktoe ada penjakit cholera, terkarang oleh Dokter I. GRONEMAN, harga franco di post f 0.55.

KITAB HAL ILMOE TOENGGANG ATAOE MEMATJOE KOEDA

Aken bikin djinak koeda jang nakal, dan mengadjar-aken njiriq jang bagoes benar, menoeroet sebagai tjaranja di Kraton Soerakarta. Terkarang oleh Toewan F. L. WINTER, Soerakarta harga franco di post f 1.05.

KITAB

pri-halnja adat sopan dan lembaga dari bangsa Wolanda, oleh Toewan F. L. WINTER, Soerakarta harga franco di post f 1.05.

--- 389 ---

HIKAJAT KALILA DAN DAMINA

Tersalin dari pada noschat Malajoe dengen titah Gouvernement Hindia Nederland oleh J. R. P. F. GONGGRIJP, di kaloewarken jang kadoewa kali, harga franco di post f 2.10.

BOEKOE KA-ADILAN HOEKOEMAN

Atas orang bangsa anak Negri di Hindia- Nederland dengan pengartian jang ringkas, aken di pake oleh Djaksa-Djaksa dan lid-lid Landraad, asalnja terkarang oleh Mr. A. J. REDEKER, di obah dan di tambah banjak oleh Mr. M. C. OFFERHAUS. Pada bagian bahasa Melaju dengan pertoeloengannja RADEN BRATA DI WIDJAJA, djaksa landraad Soekaboemi, harga franco di post f 6.75.

Baroe kaloewar:

Maleisch Hollandsch dan Hollandsch Maleisch

WOORDENBOEK

Terkarang oleh Toewan H. Halkema, Translateur di Batavia. Harga f 7.50, franco aangeteekend di post f 8.-

Boleh dapet beli pada N. V. voorh. H. BUNING, Djokja.

--- [0] ---

[Grafik]

Ini KARTOE PAL.

Siapa ingin tahoe ada soesah atau bakal ada rizekinja badan dengen lihat lantaran kartoe, menoeroet adjarannja Njonjah LENORMAN, jang doeloe kala soedah misoehoer di negri Parijs. Boleh beli dengen harga 1 stel f 0.75. Franco postpakket " 1.20. Dan dapet satoe soerat keterangan bagaimana atoernja kartoe. Dalem bahasa Melajoe atau Blanda. Ini kartoe saja soedah bisa djoeal beberapa riboe stel kepada orang islam dan kepada segala bangsa.

Boleh dapet beli pada N. V. voorh. H. BUNING, Djokja.

--- [0] ---

[Grafik]

N. V. voorh. H. BUNING DJOKJA.

Boleh disoeroe bikin:

Segala roepa tjap dari karet dan koeningan boewat ambtenaar-ambtenaar, saudagar-saudagar dan lain-lainnja, seperti: tjap nama boewat tinta dan lak, hanteekeningstempel (tjap tanda tangan) dan boewat etiquet- etiquet serta merk-merk menoeroet bagimana soekanja jang pesen pekerdjaän. ditanggoeng baiknja harga moerah. Mintalah prijscorant ka 3 dengen terhijas gambar2 dikirim pertjoema.

MENOENGGOE PESENAN.

 


Setiap akhir halaman 378 - 386 tertulis: N. V. voorh. H. BUNING, Djokjakarta. (kembali)
kasantunan. (kembali)
buku. (kembali)
Ngayugyakarta. (kembali)
Wintêr. (kembali)