Almanak, Van Dorp, 1864, #1575

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pananggalan

ing taun Wêlandi 1864,

Kaanggit dening Tuwan Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi sastra Jawi ing nagari Batawiyah.

Kaêcap dening Tuwan Phan Dhorêp ing nagari Samawis.[1]

--- 101 ---

7. Bab Kadhaton Ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang jumênêng Ratu ing nagari Surakarta ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping IX, jendral mayor ing wadyabala dalêm Kangjêng Raja Nederlan, putra dalêm pambajêng swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Mas ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, wiyosanipun kala ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb taun Jhe ăngka 1758, utawi kaping 22 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1830, sarêng diwasa anama Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya, ing sasedanipun swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7, kala ing taun Jimakir ăngka 1786, utawi taun Wêlandi 1858, lajêng kaangkat nama Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. Dumugi surud dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping VIII, lajêng anggêntosi jumênêng nata, kala ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Jhe ăngka 1790, utawi kaping 30 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1861, putra dalêm pambajêng nama Pangeran Arya Angabèi, kala timuripun nama Radèn Mas Surati, gènipun kaangkat nama pangeran kala ing dintên Kêmis Pon tanggal kaping 3 wulan Bêsar taun Dal 1791, utawi kaping 27 wulan Mèi taun Wêlandi 1863.

--- 102 ---

Para pangeran kala ing taun kapêngkêr punika sakawan tilar donya kondur ing rahmatullah.

1. Kangjêng Pangeran Arya Balatèr kaping 2, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Balatèr ingkang kaping 1, dados wayah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4, sedanipun kala ing dintên Jumungah tanggal kaping 22 wulan Rabingulakir taun Dal 1791, utawi kaping 17 Oktobêr taun Wêlandi 1862.

2. Kangjêng Pangeran Arya Widura, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4, sedanipun kala ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 12 wulan Siyam taun Dal 1791, utawi kaping 2 wulan Marêt taun Wêlandi 1863.

3. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2, kolonèl phansêtaph. Putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 1, dados wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3, sedanipun kala ing dintên Salasa Kaliwon tanggal kaping 4 wulan Shawal taun Dal ăngka 1791, utawi kaping 24 wulan Marêt taun Wêlandi 1863.

4. Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5, sedanipun kala ing dintên Saptu Paing kaping 28 Mulud taun Be 1792, utawi kaping 12 Sèptèmbêr taun Wêlandi 1863.

Wondening pangeran ingkang jumênêng enggal namung kêkalih.

--- 103 ---

1. Kangjêng Pangeran Arya Angabèi, sampun kasêbut ing nginggil. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mandurarêja, kala rumiyin anama Radèn Mas Mayor Padmadipura, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Widura, dados wayah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4, gènipun kaangkat nama pangeran kala ing dintên Sênèn Paing kaping 23 Mulud taun Be 1792, utawi kaping 7 Sèptèmbêr taun Wêlandi 1863.

Ing ngandhap punika pratelanipun para ratu garwa dalêm ing Surakarta.

1). Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6.

1. Kangjêng Ratu Madurêtna, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Kancana, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara ing Surakarta. 2. Kangjêng Ratu Agêng, ibu dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang jumênêng sapunika, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Mas, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi ingkang kaping 1 ing Surakarta.

2). Ratu garwa dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7.

1. Kangjêng Ratu Pakubuwana, putra dalêm swargi Kangjêng Sultan Cakraadiningrat ing Madura.

--- 104 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para putra dalêm kakung utawi putri ingkang patutan saking garwa padmi, sapanunggilanipun para pangeran putra sadaya.

1) Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgalaya. 2. Kangjêng Pangeran Panji Priyambada.

2). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrata. 2. Kangjêng Pangeran Arya Săntakusuma. 3. Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat, wontên ing pulo Ambon. 4. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, wontên ing pulo Ambon. 5. Kangjêng Pangeran Tumênggung Sindusena. 6. Kangjêng Pangeran Arya Suryakusuma.

3). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaatmaja, rayi dalêm ingkang jumênêng ing sapunika.

4). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7.

--- 105 ---

1. Radèn Ayu Sêkar Kadhaton.

5). Putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 8.

1. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, kala rumiyin nama Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Juru Nataningrat ing Surakarta. 2. Gusti Kangjêng Ratu Bêndara, kagarwa swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping 2 ing Surakarta. 3. Gusti Kangjêng Ratu Kancana, garwa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6 ing Ngayogyakarta.

6). Putra dalêm Ingkang Sunuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 9.

1. Kangjêng Pangeran Arya Angabèi.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing Kasunanan.

1). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Singasari Kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Singasari kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan,

--- 106 ---

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Litnan Kolonèl Phansêtaph.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Panular kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Panular kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara, 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipawinata.

2). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 4.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Kusumayuda, 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, kolonèl prajurit dalêm jawi lêbêt sadaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natapura kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Natapura kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Widura, 1.Kangjêng Pangeran Arya Mandurarêja.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Danupaya,

--- 107 ---

1. Kangjêng Pangeran Arya Danukusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Panjianom, 1. Kangjêng Pangeran Arya Dipakusuma.

3). Pangeran wayah dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 5.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Natabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kapisan, 1. Kangjêng Pangeran Arya Pringgakusuma kaping 2.

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat, mantu dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 7.

1. Kangjêng Pangeran Arya Cakranagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakraadiningrat.

4). Pangeran buyud dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3.

Wayahipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Riyaatmaja, putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi kaping 2. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat kaping 2, putranipun swargi Kangjêng

--- 108 ---

Pangeran Arya Mangkudiningrat kapisan.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot, inggih Kangjêng Panêmbahan Jurumartani.

1. Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 3, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Pamot kaping 2.

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adinagara.

1. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara kaping 2, putranipun Radèn Mas Kolonèl Arya Adiwinata.

5). Pangeran ing Kamangkunagaran, ingkang ngabdi ing Kasunanan.

Putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2, 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2, 1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 3. 2. Kangjêng Pangeran Arya Adisurya.

--- 109 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing Kamangkunagaran.

1). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2.

1. Kangjêng Pangeran Arya Surya Nataningrat, Litnan Kolonèl Phansêtaph.

2). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kapisan, ingkang kamantu ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2.

1. Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Mayor Phansêtaph. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, kolonèl kumêndhan ing lesiyunipun piyambah, saha ridêr saking ordhê Nèdêrlansê Leyo, kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, sasedanipun ingkang raka nak-sanak Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3, kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 25 wulan Mulud taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 6 wulan Januari taun Wêlandi 1853, wanci siyang pukul sapisan, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, jumênêngipun kala ing dintên Jumungah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Jimawal ăngka 1781, utawi kaping 25 wulan Marêt taun Wêlandi 1853, sarêng sampun jumênêng Pangeran Adipati tumuntên [tumu...]

--- 110 ---

[...ntên] krama angsal putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3 wau, wondening pangangkatipun dados Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4 kala ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 wulan Sura taun Jimakir ăngka 1786, utawi kapung 16 wulan Sèptèmbêr taun Wêlandi 1857, dene ingkang kangge dintên panjênênganipun tanggal kaping 25 wulan Bêsar, manut titimangsaning sêrat nawalanipun Kangjêng Guphêrmèn.

3). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, litnan kolonèl titulèr. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryamataram, ritmistêr honorèr.

4). Pangeran Putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkunagara kaping 4 ingkang jumênêng sapunika.

1. Kangjêng Pangeran Arya Găndakusuma, Litnan Kolonèl Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran. 2. Kangjêng Pangeran Arya Găndasaputra, Mayor Prajurit Inphantêri ing Lesiyun Mangkunagaran.

--- 111 ---

8. Bab Kadhaton Ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Ing Ngayogyakarta ingkang jumênêng ratu ing sapunika Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Kaliphatullah ingkang kaping 6, Jendral Mayor Kumandhir saking Ordhê Nèdêrlansê Leyo, putra dalêm panênggak swargi ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4, kasêbut nama Sinuhun Jarot utawi Sinuhun Bêsiyar, patutan saking ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana, ing sapunika nama Kangjêng Ratu Agêng, putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr patutan saking Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. Wiyosan dalêm Kangjêng Sultan ingkang sapunika kala ing dintên Akhad Pon tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah taun Ehe ăngka 1748, utawi kaping 19 wulan Ogustus taun Wêlandi 1821. Sasedanipun ingkang rama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4 wau, kala ing dintên Jumungah Paing tanggal kaping 21 wulan Mulud taun Jhe ăngka 1750, utawi kaping 6 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1822, lajêng kagêntosan ingkang putra pambajêng anama Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5, kala sêmantên taksih timur, yuswanipun sawêg tigang taun. Surudipun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 5 punika kala ing dintên malêm Slasa Lêgi tanggal kaping 20 wulan Siyam taun Dal ăngka 1783, utawi kaping 5 wulan Juni taun Wêlandi

--- 112 ---

1855, wanci pukul satêngah wolu, botên tilar putra kakung, ananging garwa dalêm Kangjêng Ratu Kadhaton, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga ing Ngayogyakarta, panuju anggarbini sêpuh, sarêng babar miyos kakung, anama Radèn Mas Gusti Mukhamad, dene ingkang gêntosi kaprabon rayi dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Kolonèl Ajidan Phansêtaph Mêngkubumi, dados Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana kaping 6 ingkang sapunika, wondening gènipun jumênêng nata kala ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 20 wulan Sawal taun Dal ăngka 1783, utawi kaping 5 wulan Juli taun Wêlandi 1855, garwa dalêm namung satunggal, nama Kangjêng Ratu Kancana, putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8 ing Surakarta, putra dalêm saking garwa padmi namung satunggal miyos putri, taksih timur, anama Radèn Ajêng Gusti Sêkar Kadhaton.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing nagari Ngayogyakarta Adiningrat.

1) Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2,

1. Kangjêng Pangeran Arya Juminah.

--- 113 ---

2. Kangjêng Pangeran Arya Bintara. 3. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Pugêr. 4. Kangjêng Pangeran Arya Jayakusuma. 5. Kangjêng Pangeran Arya Adinagara. 6. Kangjêng Pangeran Arya Pujakusuma.

2). Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purwadiningrat. 3. Kangjêng Pangeran Arya Suryawijaya. 4. Kangjêng Pangeran Arya Suryabrănngta. 5. Kangjêng Pangeran Arya Têpasana.

3). Pangeran putra dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 4.

1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryadiningrat. 2. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Suryanagara.

4). Pangeran putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 6.

1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Phansêtaph Arya Angabèi. 2. Kangjêng Pangeran Arya Purbaya.

--- 114 ---

3. Kangjêng Pangeran Arya Surya Mantaram.

5). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 1,

Putra dalêm swargi Kangjêng Pangeran Arya Angabèi, 1. Kangjêng Pangeran Arya Mulyakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma, 1. Kangjêng Pangeran Arya Mangkukusuma kaping 2.

6). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2,

Putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat, 1. Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat. 2. Kangjêng Pangeran Arya Cakradiningrat. 3. Kangjêng Pangeran Arya Mulyadiningrat. 4. Kangjêng Pangeran Arya Cakrakusuma.

Putranipun swargi Kangjêng Panêmbahan Mangkurat, 1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natadiningrat. 2. Kangjêng Pangeran Arya Suryawinata.

Putranipun swargi Kangjêng Ratu Anggèr kagarwa ing Kangjêng Radèn Adipati Danurêja kaping kalih. 1. Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Ajidan Phansêtaph Arya Yudanagara.

--- 115 ---

7). Pangeran wayah dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 3,

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryaningalaga, 1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Kusumanagara. 2. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Suryaatmaja.

8). Pangeran buyut dalêm swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2,

Wayahipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat, 1. Kangjêng Pangeran Arya Mayor Natapraja, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Adipati Kolonèl Natapraja.

Ing ngandhap punika pratelanipun para pangeran ing Pakualaman.

1). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kapisan.

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningprang. 2. Kangjêng Pangeran Litnan Arya Suryèngjurit. 3. Kangjêng Pangeran Litnan Arya Suryamisena.

2). Pangeran putranipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kaping 2.

--- 116 ---

1. Kangjêng Pangeran Arya Suryaningrat. 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Litnan Kolonèl Kumandhan Suryasasraningrat, kala rumiyin nama Kangjêng Pangeran Litnan Kolonèl Arya Sasraningrat, wiyosanipun kala ing dintên Kêmis Paing tanggal kaping 30 wulan Jumadilawal taun Alip ăngka 1755, utawi kaping 20 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1827, patutan saking Kangjêng Ratu Ayu putra dalêm swargi Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ingkang kaping 2, sasedanipun ingkang rama kala ing dintên Jumungah Kliwon tanggal kaping 12 wulan Bêsar taun Jimakir ăngka 1786, utawi kaping 23 wulan Juli taun Wêlandi 1858, wanci siyang pukul kalih, lajêng anggêntosi nama Pangeran Adipati Litnan Kolonèl Kumandhan Suryasasraningrat. Jumênêngipun kala ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping 23 wulan Jumadilawal taun Alip ăngka 1787, utawi kaping 29 wulan Dhesèmbêr taun Wêlandi 1858. Ingkang garwa anama Radèn Ayu Adipati Suryasasraningrat, putranipun swargi Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat ing Ngayogyakarta.

3). Kangjêng Pangeran Ritmistêr Arya Găndawinata.

--- 117 ---

Ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya, manawi wontên ingkang lêpat utawi kêkirangan, ingkang mugi wontêna pangapuntênipun para priyantun ingkang karsa amariksani, sintên ingkang sumêrêp lêrêsipun, mugi sukaa pitêdah kawrat ing sêrat dhumatêng Tuwan Kohènsêtiwar, priyantun amarsudi sastra Jawi ing nagari Batawiyah, mêkatên ugi sanès nagari ingkang kalêbêt wawêngkoning tanah Jawi, ing pundi wontên pangeran sasaminipun priyantun agêng, mugi kapratelakna ing nama saha kalênggahanipun tuwin ingkang apêputra, supados benjing sagêda kaêtrapakên wontên ing Sêrat Pananggalan.

Pratelaning kalêpatan.

Ing kaca 69, larik ingkang ngandhap pisan mungêl kadasa ing, lêrêsipun kados ing.

 


Hal. 100 (Tidak dialihaksara, Red.). (kembali)