Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10-20, #224

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10-20, #224. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1928-10-20, #224. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 12-11-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 84, 5 Jumadilawal, Taun Alip 1859, 20 Oktobêr 1928, Taun III.

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1445] ---

Ăngka 84, 5 Jumadilawal, Taun Alip 1859, 20 Oktobêr 1928, Taun III

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Saptu.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Dhusun Sarangan, Madiun.

[Grafik]

Dhusun Sarangan punika hawanipun asrêp, inggilipun saking lumahing toya sagantên wontên 4.500 kaki. Manawi nuju măngsa asrêp ing ngriku mawi migunakakên bêdhiyan (kachel) kados tanah Eropah. Ing Sarangan kathah griya sae-sae, sabên minggu kathah para prayantun ingkang lêlangên mriku, sami lêlumban ing tlaga. Asrining papan wau sampun kêtingal wontên ing wujud.

--- 1446 ---

Raos Jawi

Bekaning Ngagêsang.

Ngagêsang punika bilih dipun petani kalihan taliti makatên, sayêktos kathah sangêt ingkang dados sandhunganipun jiwa raga. Kadospundi, nêmbe ginêman sakêcap, lumampah sapêcak, têrkadhang gampil kengingipun sandhungan. Bilih makatên, manungsa wau nyata yèn dagingipun sèkèng. Amila cocog kalihan pangandikanipun para sarjana, makatên: samubarang kang obah iku, masthi owah, samubarang kang owah, andarbèni rusak. Dados têtela, manungsa botên langgêng kawontênanipun. Sarèhning makatên, murih sampun kêsangêtên ing gêsangipun, prayogi anyumêrêpana ingkang dados bekaning ngagêsang, awit bilih lajêng kaumbar, têmahanipun botên prayogi.

Mirit saking Sêrat Hidayatjati, gubahanipun sang kaswarèng jagad, Radèn Ngabèi Rănggawarsita, ingkang nama dados bekaning ngagêsang wau wontên kalih pangkat, inggih punika bekaning jiwa tuwin bekaning raga. Mênggah bekaning jiwa punika, kaperang dados gangsal warni, kados ta:

1. Angumbar nêpsu hawa. Inggih punika, anuruti dhatêng kanêpsoning manah ingkang andaga-daga, upaminipun nêmbe kagêpok ing têmbung nyêrikakên sakêdhik kemawon, lajêng mak bêl mêdal Dasamukanipun, badhe tumandang ing jurit. Măngka bilih kamanah ingkang panjang, sae ngèngêti, manawi ingkang makatên wau kawastanan bekaning jiwa, mangke inggih lajêng sagêd sarèh piyambak.

2. Ambabar sukarênaning karsa. Inggih punika, adamêl saha nuruti dhatêng pakarêmaning manah ingkang kalajêng-lajêng, botên mawi ukuran dhatêng kawontênaning badanipun, upaminipun tiyang gadhah pamêdal sakêdhik, nanging ingkang dipun kajêngakên sagêda kasêmbadan ingkang dados sêdyaning kamelikanipun. Ingkang makatên punika punapa inggih sagêd kalêksanan, sanadyan sagêda inggih kanthi rêkaos. Mila botên prayogi kalajêng-lajêngakên, mindhak kêkathahên ing panalăngsa.

3. Anggêlar ambêg angkara murka. Inggih punika, angumbar dhatêng kanêpsoning manah, ingkang saru tuwin nistha, botên gadhah panggalih wêlas asih, wontênipun namung mêntalan, anindakakên pratingkah panganiaya.

4. Amêdhar watak dora paracidra. Inggih punika purun angandharakên rêmbag ingkang botên sanyata, tuwin kêrêp anyulayani janji. (mila utaminipun bilih gadhah janji, sampun lajêng kêtêtêpakên ingkang kalayan mêsthi, sanadyan ing batos inggih makatên, nanging saking èsthining manah, kêdah wontên pamancêr ing katêmênan, prêlunipun makatên punika, awit ngèngêti bilih manungsa gampil kengingipun ing supe tuwin lêpat).

5. Anuruti budi pitnah panganiaya. Inggih punika, satunggiling watak ingkang kawastanan ambêg siya, măngka bilih manungsa, ingkang katuwuhan watak ambêg siya makatên wau,

--- 1447 ---

sampun botên pisan-pisan angèngêti, ingkang dipun wastani dosa. Sanadyan tiyang ingkang makatên wau, sampun nate angsal pamêlèhing Pangeran, inggih mêksa botên karaosakên. Măngka bêbasanipun kemawon sampun wontên: si ambêg siya iku, sanadyan sugih lan kawasa, bakal olèh bêbênduning Pangeran. Dene kosokwangsulipun: si ambêg trêsna, kang bakal olèh bêrkhahe. Mênggah bêbasan kalih bab wau, sampun kenging kangge nimbang ing panyêgah tuwin panindak, pundi ingkang sae tuwin ingkang awon, kula namung nyumanggakakên.

Sapunika prayoginipun nyumêrêpana mênggah ingkang dados bekaning raga, kathahipun inggih wontên gangsal warni, kados ta:

1. Ulah carobo. Inggih punika, purun nênêdha ingkang botên dados bubuhanipun, tuwin ingkang dèrèng katampèkakên kalihan sah.

2. Lampah nistha. Inggih punika, lampah ingkang botên salaras kalihan kawontênanipun. Upaminipun guru, têka purun anglampahi mandung, ngabotohan, sasaminipun. Măngka dhêdhasar tuwin wêwatêkan guru wau ingkang lêrês kangge têtuladan dhatêng muridipun, sarêng manawi tindakipun makatên punika, kenging kawastanan lampahipun wau nistha sangêt, awit botên anglênggahi ing gurunipun.

3. Tingkah dêgsura. Inggih punika, solah-solahing badan katingal botên prayogi. Saha botên angrêsêpakên ing paningal, ing sasagêd-sagêd anggêgulanga dhatêng patrap ingkang dipun wastani susila anoraga. Têgêsipun ngasorakên badanipun kanthi patrap ingkang alus, punika bilih sampun gambuh makatên, lajêng sagêd katingal mêrak atèni, ing saupami wontên salêbêting sasrawungan, botên kuciwa ing sêmu.

4. Sarwa kêsèd tuwin sungkanan. Inggih punika, upami gadhah padamêlan, ingkang kinintên enggal rampung saupami katindakana, nanging sarêng katuwuhan ing kêsèd, lajêng dipun sêmadosi piyambak, sesuk bae pagaweanku dak garap. Sarêng dumugi enjingipun, kasêmadosan malih, êmbèn. Dangu-dangu botên tumuntên enggal rampung, lajêng katungka ing padamêlan malih, ingkang makatên wau rak badhe adamêl karepotanipun piyambak.

5. Lumuh nastapa pujabrata. (punika kagrêba ulah katêntrêman).

Ingkang makatên punika, bilih manungsa sampun sagêd suminggah dhatêng beka kêkalih wau, nama sampun sagêd mrayitnani ing gêsangipun, anggêripun botên kawistara, kados ta: ebahing badan, kêdah angangkah-angkah, kêdaling lesan, kêdah angirih-irih, êmpanipun mawi papan, patrapipun mawi dêdugi prayogi, tumanduk animbang sawatawis. Tumindak kalihan rêringa, têgêsipun angèn masakala, ingkang pantês dhawah ing sambawa kalihan sambada. Dados manawi makatên, kasêbut janma patrap.

Wusana kula nyumanggakakên ing panampi.

Nyuwun gunging samodra pangaksama.

S. Sukawiyata.

Kuwukan, Kudus.

--- 1448 ---

Kabar Sanès Praja

Wetanan punapa Kilenan.

Sambêt kalihan bab kamajênganipun Praja Afghanistan, dèrèng dangu punika sêrat kabar Lokomotip ngêwrat pakabaran, ingkang kapêthik prêlunipun kemawon kados ing ngandhap punika:

Sampun dados paribasan, kamajênganing tanah Asiah: saya wêwah raosing kabangsan, saya wêwah kamardikaning têtiyang tanah wetanan, saya angèmpêri kalihan kawontênanipun tanah kilenan.

[Grafik]

Prabu Amanullah.

Bilih nyariyosakên mênggahing kamajênganipun kabangsan, ingkang nêdya ngudi wangsulipun kabudayanipun piyambak, punika ing ngriku lajêng cêtha, bilih ingkang ngêkahi kabudayanipun piyambak kina wau, dede para ingkang ngajêngakên dhatêng raos kabangsan, dene ingkang nama kaum kabangsan punika malah para ingkang nindakakên kawontênan cara kilenan, awit anggèning gadhah ada-ada makatên wau asli saking wulangan kilenan.

Dene ingkang kangge têtuladan, punika tanah karajan Jêpan. Kala rumiyin karajan Jêpan punika kêdah gadhah pamilih, punapa lêstantun anglajêngakên botên purun sêsrawungan kalihan nagari sanès, punapa milih ngemba cara kilenan. Manawi milih kados ingkang kasêbut ing ngajêng, punika kabudayanipun piyambak tuwin tatacaranipun kina badhe lêstantun, ananging kosokwangsulipun, badhe risak, tanpa daya tuwin sagêd ugi badhe ical kamardikanipun. Amila lajêng gadhah pamilih ngangge kawontênan-kawontênan cara kilenan. Ingkang makatên punika, anjalari karajan Jêpan dados karajan wetanan ingkang mardika saha kiyat, ingkang migunakakên tatacara kilenan, makatên ugi karajan Turki, sagêdipun majêng saha jajar kalihan karajan tanah Eropah, inggih jalaran saking ambucal kabudayan tuwin tatacara lami, lan lajêng migunakakên tatacara kilenan. Salajêngipun sêrat kabar Lokomotip anyariyosakên kamajênganipun karajan Afghanistan. Sampun dangu karajan Afghanistan wau botên nate sêsrawungan kalihan karajan sanès-sanèsipun. Nagari wau mila kenging dipun wastani karajan tanah wetanan sajati, gêsangipun têtiyang ing ngriku lêstantun kados atusan taun ingkang kapêngkêr. Anggènipun sagêd lêstantun makatên wau amargi saking èwêd-pakèwêding papanipun. Ing samangke tatacara kilenan wiwit badhe lumêbêt, lan ing ngriku sami ngrumaosi, manawi tanahipun [tanahi...]

--- 1449 ---

[...pun] badhe lêstantun mardika lan kawontênaning băngsa wau botên kaaru-biru, punika inggih kêdah migunakakên tatacara kilenan, amila sakonduripun Prabu Amanullah saking Eropah, inggih lajêng nguningani ing bab punika, saha lajêng katindakakên kanthi wantêr. Salêbêtipun sataun, sang prabu wau ngawontênakên pranatan-pranatan ingkang sakalangkung lêbêt, saha lajêng nuwuhakên panduwa.

Sang Amanullah ngawontênakên parêpataning rakyat, ing ngriku amarak-marakakên, bilih sadaya sêsêbutan, lan bintang-bintang têtêngêr sami dipun icali, namung satunggal ingkang dipun lêstantunakên. Lajêng kawontênakên buku pranatan nagari enggal ing bab angadilan kukum, saha dipun wontênakên pranatan enggal ing bab administrasining nagari, salajêngipun dipun wontênakên dêdamêl paprangan cara enggal tuwin paos ugi cara enggal.

Kajawi punika inggih dipun wontênakên pranatan kêncêng ing bab panganggenipun tiyang jalêr, kopyah tuwin krêpus dipun bucal kados caranipun têtiyang Turki. Umur-umuraning tiyang salakirabi inggih dipun tamtokakên, jalêr kêdah umur 20 taun, èstri 18 taun, anjodhokakên tiyang dèrèng ngumur dipun gantungi ing paukuman awrat. Ing ngriku lajêng dipun wontênakên bandera enggal, awarni cêmêng abrit lan ijêm, abritipun dipun kanthèni gambaran (wapên), polêkrad dipun wontênakên, lidipun 150 sarana dipun pilih, dipun wontênakên pranatan tiyang kêdah lumêbêt prajurit, punapa malih ngawontênakên rancangan pranatan pangajaran, lare jalêr èstri kêdah sêkolah, saha ing pundi-pundi dipun dêgi pamulangan, malah miturut telgram sawatawis dintên sapriki martosakên, para èstri sami ambikak kudhungipun. Dados sang prabu ing Afghanistan punika sakêdhap kemawon badhe adamêl tanah Afghanistan kados tanah kilenan, botên beda kalihan tindakipun Sang Kemal Pasah wontên ing nagari Turki. Sampun tamtu kemawon nindakakên pranatan enggal kados makatên punika badhe dangu sangêt, lan tamtu badhe nuwuhakên panduwa, malah ing Afghanistan piyambak, sampun wontên tiyang nama Hazrad Sahib inggih punika panuntuning rakyat, sampun dipun cêpêng, saya malih kaum kolot, punika tamtu badhe ngalang-alangi. Dados tindaking kamajêngan enggal, punika tamtu nuwuhakên panduwa tuwin pêpalang warni-warni. Ananging pungkasaning suraosipun sêrat kabar Lokomotip wau makatên: ananging sanadyan tindakipun wau sande jalaran saking kathahing pambênganipun, ananging mêksa kathah ewah-ewahan enggal wau ingkang badhe kalajêngakên, lan wusananipun inggih tamtu ngambah margi enggal wau, sabab margi sanèsipun botên wontên, jalaran manawi tanah wetanan punika badhe lêstantun mardika, inggih punika botên kêbawah kalihan nagari kilenan, malah sagêd jajar, inggih kêdah niru dhatêng kawontênaning nagari kilenan.

Makatên mênggah andharanipun sêrat kabar Lokomotip.

--- 1450 ---

Ing nginggil punika kêtingal, manawi andharanipun Lokomotip, anelakakên, bilih adêgipun tanah wetanan punika botên sagêd jajar kalihan tanah kilenan, manawi botên ngemba tatacaranipun kilenan babarpisan, sarta tumindaking ewah-ewahan enggal punika kalampahanipun kêdah kanthi kêkêrasan, punapa malih sajak namung gumantung dhatêng tiyang satunggal. Ananging kamajênganing praja punika sajatosipun kêdah tuwuh saking rakyat, manawi namung gumantung ing tiyang satunggal kemawon, sagêdipun kalampahan inggih namung nalika taksih gêsangipun, dene ing têmbe wingkingipun sok lajêng ewah malih, têtuladanipun kados kathah sangêt, kados ta: nalika nagari Ruslan dipun ratoni ing Prabu Peter de Groote, punika sang nata tansah ngudi dhatêng kamajênganing praja kanthi kêkêrasan, inggih sagêd kalampahan ing salêbêtipun jumênêng, nanging sarêng seda, inggih lajêng bibar malih.

Wontên malih kala Prabu Josez II jumênêng nata wontên ing nagari Ostênrèik, punika pangudinipun supados luhur nagarinipun inggih sangêt, kala samantên inggih kalampahan, wusananipun sarêng seda, inggih lajêng ewah malih.

Dados ing ngriku cêtha, bilih kamajênganipun nagari punika manawi botên saking kajêngipun rakyat, inggih nyêngka sangêt anggènipun sagêd kalampahan tuwin lêstantunipun. Mênggahing tăndha yêktinipun, tuwuhing ura-uru ing Prasman kala ing taun 1789, ingkang anjalari tuwuhing ewah-ewahan kados kaparêngipun Prabu Amanullah ing nginggil, inggih punika wontênipun pranatan enggal, icaling sêsêbutan sapanunggilanipun, lêstantun ngantos dumugi sapunika.

Ingkang minăngka têtuladan ing Lokomotip mêndhêt nagari Jêpan, ing ngriku Lokomotip kêsupèn, bilih sêdyaning rakyat lêlumban dhatêng kamajêngan punika sampun dangu sangêt. Nalika nagari dèrèng purun sêsrawungan kalihan nagari sanès, kajawi kalihan têtiyang Walandi ingkang kadunungakên wontên ing pulo Decima, ing sabên dintên kathah têtiyang Jêpan ingkang mrêlokakên pêpanggihan kalihan tiyang Walandi wontên ing pulo ngriku, prêlu nyinau kawruh kilenan warni-warni, dados ing ngriku kamajênganipun botên tuwuh saking tiyang satunggal, nanging saking kajênging rakyat, lan ing lairipun têtiyang Jêpan punika sajakipun sadaya angemba tatacaranipun têtiyang kilenan, nanging sajatosipun botên, umumipun taksih migunakakên tatacaranipun piyambak, dene ingkang dipum[1] emba namung prakawis ingkang prêlu-prêlu.

Mênggah wosing cariyos, băngsa wetanan ingkang sêdyanipun majêng saha badhe jajar kalihan băngsa kilenan, punika kados inggih sagêd anglêstantunakên tatacara tuwin kabudayanipun piyambak, sarana kaewahan pundi ingkang sampun botên salaras kalihan jamanipun, lan kawêwahan kawruh-kawruh kilenan ingkang prêlu.

--- 1451 ---

Bab Ulah Raga

Padpindêr.

Ing jaman sapunika manawi wontên tiyang utawi lare mirêng têmbung: Padpindêr utawi Padpindêrèi (Padvinderij) punika sampun botên kagèt, jalaran sadaya (sadhengah) sampun sami sumêrêp sarta mangrêtos ingkang dipun kajêngakên utawi kadospundi mênggah kawontênanipun. Ewadene kados inggih botên wontên awonipun, saupami bab padpindêrèi punika kula culik sakêdhik ing taman: Kajawèn ngriki, murih botên adamêl sêmang-sêmangipun panggalih, punapa ta mênggah ancasing sêdyanipun pakêmpalan Padpindêr punika.

Mênggah têmbung Padpindêr punika saking gandhenganipun têmbung: pad kalihan vinder, ingkang têgêsipun: kang nêmokake dêdalan. Dalan ing ngriki kajêngipun sampun masthi: margi ingkang anjog dumugi ing kautamèn.

Sintên ta ingkang ada-ada pakêmpalan Padpindêr punika, lan punapa mênggah ingkang dados ancasipun.

Mênggah ingkang ada-ada punika satunggiling băngsa luhur ing tanah Inggris, asmanipun Sir Robert Baden Powell apangkat litnan jendral. Dene ancasipun pakêmpalan Padpindêrèi punika nênuntun dhatêng para lare (warganipun) ngulinakakên tumindak dhatêng pandamêl sae, supados ing têmbe sagêda kirang utawi ngicalakên pamanahan utawi kalakuan ingkang awon-awon utawi kirang prayogi.

Ing sakawit pamanggihipun Tuwan Baden Powell punika sami dipun gêgujêng, botên wontên ingkang sami pitados. Tuwan Baden Powell dipun saruwe (kritik) têlas-têlasan. Pamanggihipun tiyang-tiyang Eropah kala samantên sami anggorohakên pamanggihipun Tuwan Baden Powell wau. Lare sanadyan dipun prêdia kados punapa, ing têmbe masthi badhe wangsul kadosdene dhasaripun piyambak-piyambak.

Lêlampahan utawi kawontênanipun Tuwan Baden Powell punika botên nama anèh, jalaran pamanggih utawi ada-ada enggal punika masthi botên lajêng dipun sarujuki ing tiyang kathah. Dados nama: limrah.

Pamanggih-pamanggihipun para ingkang sami botên angrujuki punika, êmbokmanawi ngèngêti têmbung: dhasar kalihan ajar. Bab punika pancèn wiwit jaman rumiyin dados rêmbag, ajar kalihan dhasar punika kiyat pundi. Wontên ingkang mastani kiyat ajar, nanging inggih wontên ingkang nêrangakên kiyat dhasar.

Tumraping ngèlmu wuruk, ajar kalihan dhasar punika kaanggêp samad-sinamadan. Liripun: pamuruk kalihan pamardi kêdah kacundhukakên kalihan dhasaripun (aanleg) lare. Tiyang ingkang ngêkahi kiyat dhasar, masthi badhe kadugi mastani bilih piwuruk utawi pamardi punika badhe wuk tanpa dados. Kosokwangsulipun: tiyang ingkang ngantêpi

--- 1452 ---

kiyat ajar, trapipun pamardi utawi piwuruk badhe sagêd kalèntu, dhasar punika yêktosipun pancèn sampun wontên, namung botên badhe sagêd subur manawi botên karabuk sarana pamardi utawi pitutur, nanging dhasar punika inggih sagêd lêmpêr[2] utawi ical dayanipun dening pangaribawanipun piwulang utawi pamardi.

[Grafik]

Paduka jendral Baden Powell rawuh ing panggenanipun Padpindêr ing Enniskery Inggris. Panjênênganipun dipun serup saha kalênggahakên ing papan, ingkang minăngka pakurmatan.

Sapunika wangsul dhatêng rêmbag Padpindêrèi malih, tiyang-tiyang ingkang sami anggorohahên[3] dhatêng pamanggihipun Tuwan Baden Powell wau, sapunika masthi sami rikuh, jalaran kacêlik. Padpindêrèi ing wêkdal punika sampun katingal cêtha (kabuktèn) bilih agêng saèstu paedahipun, anètèsi kados pangajêng-ajêngipun ingkang murwani.

Dhasar (ancasipun) Padpindêrèi punika kenging kabage dados 3 golongan, inggih punika:

1. mitulungi dhatêng sadhengah (botên mawi mawang băngsa utawi agaminipun) ingkang manggih kasusahan utawi kacilakan, makatên punika inggih atêgês: ngawisi nindakakên pandamêl awon utawi nistha. Dados inggih anggêgulang (nênuntun) dhatêng pandamêl sae, rêmên lan purun têtulung, enthengan, cikat, trêngginas, sawanci-wanci awakipun kasadhiyakakên dhatêng sintên kemawon ingkang badhe nêdha pitulungan, utawi ingkang prêlu dipun pitulungi. Sampun masthi kemawon tindak makatên wau botên melik angsal pangalêm, agêngipun ngajêng-ajêng epahan. Mitulungi dhatêng tiyang kasangsaran punika sampun dados wajibipun, wajibipun sadaya tiyang gêsang.

Manawi sumêrêp lare kèli banjir upaminipun, punika [pu...]

--- 1453 ---

[...nika] botên namung dipun êlokakên utawi namung dipun tingali kemawon, nanging kêdah lajêng tumandang amitulungi, pramila:

2. nyinau padamêlan utawi kasagêdan warni-warni, supados manawi wontên prêlunipun sawanci-wanci botên kidhung, nanging lajêng sagêd tumandang cak-cêk kanthi cikat prayogi. Punapa larèn dipun gêgulang trampil, cikat, cancingan, punika botên prêlu sangêt.

3. nyinau ulah raga (sport) supados lare tansah bagas kasarasan, sagêd nindakakên punapa-punapa (têtulung) ing sawanci-wanci.

Ulah raga punika yêktosipun dede ancasipun Padpindêrèi, punika namung kangge srana (lampah) murih badanipun tansah kasarasan, upaminipun: baris, plajêngan, langèn, bal-balan, bandhulan lan sanès-sanèsipun.

Dados wosipun, Padpindêrèi punika anggêgulang dhatêng para warganipun (lare-lare), supados enthengan têtulung (botên melik epah utawi pangalêm) dados lare têmên, kenging kapitados berani karena benar, sugih kawruh utawi sêsêrêpan, lan tansah kasarasan badanipun.

Badan tansah kasarasan punika: prêlu, amargi saea bêbudènipun, sugiha kawruh, manawi badanipun sakitên, namung klemahan gêrêng-gêrêng wontên ing patilêman kemawon, inggih botên sagêd nindakakên punapa-punapa, gêsangipun inggih botên kangge ing damêl, mandar ngribêdi ingkang saras.

Mênggah ingkang kêdah dipun prêdi sae bêbudènipun, sugih kawruh, badan kasarasan, têmên, gêmi, rêsikan, punika punapa namung lare jalêr kemawon. Lare èstri inggih sami kemawon, kêdah kaprêdi makatên ugi.

Padpindêr golongan èstri (padvindster) sampun kathah. Panuntunipun Padpinstêr ing nagari Walandi nama Nyonyah B. Seijin-Evenwel nyonyah wau angsal nama pakurmatan Wahvu (Wij allen houden van U) têgêsipun: kula sadaya sami trêsna ing sampeyan.

Kacariyos, kala rumiyin ing Amerikah Sarekat (U.S.A) botên ngajêngi wontênipun Padpindêrèi punika, jêbul kala taun 1910 ing ngrika sampun sagêd ngadêg pakêmpalan padpindêrèi punika, lan warganipun ing taun 1920 wontên 400 èwu, panuntunipun 15 èwu, pambantuning panuntun 48 èwu, samantên kamajênganipun. Ingkang makatên punika punapa anggumunakên. Botên, awit Padpindêrèi pancèn migunani sangêt tumrap gêsang sêsrawungan punika, lan inggih tumrap dhatêng larenipun ingkang nglampahi.

Sampun, samantên rumiyin.

Nyuwun pangapuntên.

Sêdya Utama.

--- 1454 ---

Pawartos Wigatos

Ing Bab Warni lan Pigunanipun Kapal Pêrang.

Rumiyin ing Kajawèn sampun ngêwrat bab padamêlaning wadya lautan ing Indiya, ing sapunika amratelakakên malih ing bab pigunanipun kapal pêrang ing satunggil-tunggiling warni.

Ing ngriki prayogi kapratelakakên rumiyin dhumatêng para maos, bilih kapal pêrang punika kenging kangge nindakakên padamêlan warni-warni, dados botên namung sawarni kemawon. Amila kapal wau wangun, agêng tuwin wujudipun inggih beda-beda, miturut dhatêng kawontênaning padamêlanipun piyambak-piyambak.

[Grafik]

Kapal panulung Koetei.

Kapal pêrang agêng (slagschip) inggih punika kapal ingkang dados baku utawi ingkang prêlu piyambak ing golonganing kapal pêrang. Kapal wau wontên mariyêmipun agêng-agêng tuwin alapis waja sakalangkung kiyat tuwin kandêl, kawontênanipun ngantos kenging dipun wastani sami kalihan bètèng ing dharatan. Sampun tamtu kemawon kapal ingkang kados makatên punika awrat tuwin agêng, mila sanadyan dipun dèkèkana mêsin ingkang langkung kiyat, lampahipun mêksa botên sagêd rikat. Ananging mariyêmipun kados ingkang kacariyosakên wau, agêng-agêng sangêt, sagêd anglêpasakên mimis agêng-agêng ingkang sagêd nyirnakakên mêngsah. Dene mimising mêngsah badhe botên anêdhasi, dening kêtadhahan ing waja ingkang kandêl wau. Lan malih lapis waja wau kanthi pitulunganing pirantos sanès-sanèsipun sagêd nanggulangi torpedho tuwin dhinamit ing sagantên.

Kapal Kruiser punika lampahipun langkung rikat tinimbang kapal pêrang agêng. Mila pigunanipun kapal Kruiser wau kangge ngulat-ulatakên kapaling mêngsah, nisihakên kapal-kapal alit tuwin ingkang rikat lampahipun (upaminipun kapal torpedho), anêmpuh kapaling dagang mêngsah tuwin angayomi kapalipun dagang piyambak.

Kapal slagkruiser punika gadhah daya kadosdene slagchip tuwin kruiser, dados inggih kiyat lan ugi rikat. Kapal torpedho punika kaperang dados kalih warni, inggih punika kapal torpedho tuwin kapal torpedho pambujêng. Bedaning kapal kalih warni wau, makatên: kapal torpedho padamêlanipun ingkang prêlu anindakakên dêdamêl torpedho, dene kapal torpedho pambujêng anindakakên dêdamêl mriyêm.

--- 1455 ---

Kapal kêkalih punika lampahipun rikat sangêt, tuwin gadhah pirantos kangge anglêpasakên torpedho (torpedho punika awarni mimis panjang, sagêd lumampah wontên salêbêting toya mawi mêsin piyambak tuwin isi dhinamit). Wanguning kapal torpedho punika andhap, prêlunipun supados bogên gampil dipun mriyêm ing mêngsah, punapa malih botên gampil kasumêrêpan.

Kapal silêm, punika sagêd lumampah ngambang tuwin nyilêm ing toya. Wangunipun kados srutu lancip anggaronggong, nginggil mawi ajug-ajug atutup alit waradin. Kapal wau mawi tang, inggih punika awujud kadosdene tong tosan mawi tutup. Samăngsa kapal wau badhe nyilêm, dipun lêbêti toya, dene manawi badhe ngambang, toya wau dipun wutahakên dhatêng sagantên malih kalayan gampil sangêt. Kapal wau mawi kèkêr panjang kenging dipun jêdhulakên ing lumahipun toya, namanipun periskoop. Pirantos wau kangge samăngsa kapal nuju wontên salêbêting toya, sagêd sumêrêp dhatêng kawontênan salumahing sagantên. Torpedho punika kenging dipun lêpasakên kalanipun kapal ngambang utawi manawi nuju nyilêm. Ingkang makatên wau amila ambêbayani sangêt tumraping mêngsah.

Kapal panulung, kapal punika kathah sangêt warninipun, kados ta: kapal pirantos kangge nyêbar dhinamit, pirantos kangge nyingkirakên dhinamit, kapal pangayomaning kapal silêm tuwin motor mabur, kapal ambêkta barang sadhiyan, kapal kangge andandosi karisakan, kapal triyasakat, tuwin sanès-sanèsipun.

Rêmbagipun Garèng lan Petruk

Bab Kakêndêlan saha Kajirihaning Lare.

Candhakipun Kajawèn nomêr 83.

Petruk : Hêm, Kang Garèng kuwi nèk caturan anggone lêlengkak-lengkok turut usuk kuwi, nganti kaya blantik prakara. Upama tak wangsulana akèh-akèh, ora wurung mêsthi banjur ngêtokake kawruhe ing bab wèting nagara, kaya ta nèk kapèpète têmtune iya banjur calathu mangkene: miturut bab 10 sêtatsêblad 1912 nomêr 600 ...

Garèng : Wiyah, kuwi rak pranatan mungguhing hak ngarang, nèk ora sumurup ing prakara wèt, bok aja diwêtok-wêtokake, mundhak kaya bangkong udud pipa, plêmpas-plêmpus, nanging ora ana paedahe. Mara, tak banjurne omongku ing bab kakêndêlaning wong kang kacarita ing layang babad. Kajaba sing wus dak andharake ing ngarêp, ana manèh kakêndêlane uwong kang pantês ingalêmbana, kaya ta: kakêndêlane bêbantêning agama, kuwi akèh bangêt sing padha milih luwung mati tinimbang urip dikon ninggal agamane mau. Nalika wiwit tuwuhe agama Nasrani, pirang èwu [èw...]

--- 1456 ---

[...u] bae wong-wong kang disiksa utawa dilunasi saka dhawuhe sang nata ing Ngêrum, jalaran anggone ora gêlêm maèlu dhawuhe supaya ninggal ing agamane mau. Mara, apa ora kêna diarani kêndêl tindak kang mangkono kuwi.

[Grafik]

Petruk : Hla, kuwi rak rumasamu, nèk rumasaku kaya ngono kuwi rak malah kliru, têgêse wong sing ora miturut mênyang pituture para sêpuh mangkene: ênggèr, wong urip ana ing donya kudu sing bisa manjing ajur-ajèr utawa bisa mêncala putra mêncala putri, mungguh kaêpe kudu sing bisa kumpul karo sadhengah uwong, iya kumpula karo sabangsaning priyayi, bangsaning among dagang, santri lan sapadhane. Ambok iya wong sing ngukuhi agamane mau barêng didhawuhi ninggal agamane banjur matur: êndika, gusti, nanging ing batine isih nglakoni. Têmtune rak iya slamêt, tur rak iya agawe rênane sang prabu, awit elinga pituture para sêpuh mangkene: ganjaran kang gêdhe kuwi tumrap uwong kang dhêmên agawe sênênging liyan.

Garèng : Mungguhing wong kudu bisa manjing ajur-ajèr, mancala putra mancala putri, kuwi mula bênêr, nanging patrap lan carane kudu nganggo êmpan papan, kudu milih sing kaprahe diarani bêcik lan apik. Tumraping agama, wong kang kaya kandhamu anandhakake uwong kang ora kêncêng tekade, dadi kêna diarani wong kufur. Piwulange para sêpuh kang kokandhakake kèri dhewe mau, pancèn iya wis wajibe wong urip, sabisa-bisa kudu agawe sênênging liyan.

Petruk : Dadi kowe wis ngakoni yèn mangkono kuwi bêcik, mulane bab kiyi sinaunên sing têmênan, amrih ing têmbe gêdhe ganjarane, kaya ta: yèn kadhangkala aku têka nyang gonmu, prêlu nêmbung utang dhuwit, aku tumuli tulungana, supaya agawe bungahing atiku, ananging poma aja ngarêp-arêp balining dhuwit, awit, sing sapa awèh pitulungan ing liyan, ing măngka ngarêp-arêp baline sing ditulungake mau, kuwi banjur ilang bae ganjarane.

Garèng : E, lha, kêtanggor wong tekad-tekadan aku iki, wong muni kok tanpa têgês mangkono, wis ngămbra-ămbra kathik tanpa tănja, hara, rungokna, dak wangsuli. Wong ora kêna ngarêp-arêp anggone motangake, kuwi kliru bangêt, jalaran ninggal ing kukum. Wêruha, wong utang kuwi kudu nyaur, dadi sing motangake ya kudu nagih, lan sing utang ya kudu nyaur, kuwi sah jênênge, sing utang ora ambêbodho lan sing motangake ora bodho. Dadi kaya sing kok kandhakake mau, rak mung arêp gawe enakmu dhewe bae, dudu kaprahe patraping wong agawe sênênging liyan.

Petruk : E, mêksa kliru omongku kiyi, nèk tak gagas-gagas kanthi êninging pikir, kaya-kaya sing bisa olèh ganjaran gêdhe bangêt kuwi, ora liya mung tlèdhèk, badhut, sandhul lan liya-liyane, [liya-liya...]

--- 1457 ---

[...ne,] awit sabên dina pagaweane mung agawe sênênging wong akèh, bênêr ora, Rèng.

Garèng : Iya, pancèn bênêr bangêt kandhamu kuwi, malah ganjarane wong-wong mau ora susah ngêntèni besuk ana ing kerat barang, anggêr bubar, iya banjur tămpa ganjaran bae, yaiku opahe. Nanging kuwi umume rak wong ambêbarang, dudu lakuning urip kang nurut lakuning kautaman donya. Yèn wong sing wêruh marang perang-peranganing laku kautaman, sakabèhing laku lan tekading atine mêsthi adoh saka panggawe nistha. Ya bênêr, mungguh badhud, lèdhèk lan sapadhane mau tansah gawe sênêng lan lêgane wong sing padha wêruh, nanging rak ora mangkono, ta, karêping piwulang mau.

(Badhe kasambêtan).

Kabar Warni-warni

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Pambantu Kajawèn ing Kudus martosakên, kala tanggal 14 wulan punika wontên oto bis mèrêk E.S.T.O. ingkang mlampah saking Kudus dhatêng Banjaran, wontên ing Mayong numbuk wit asêm, ing ngriku kêlêrêsan wontên tiyang numpak pit tuwin kuli kêkalih sawêg ngusungi gêndhis. Tiyang ingkang numpak pit kêtrajang, pêjah sanalika, kuli ingkang satunggal kêsrèmpèt ing slebor ngantos kontal, pupu putung, satunggalipun wilujêng. Ingkang numpak wontên tiyang èstri kêkalih sami adus rah, jalaran kenging pêcahan kaca. Sanèsipun sami nandhang tatu sakêdhik.

Lulus kandhidhat iksamên bagean kapisan ing pamulangan luhur pangadilan, Tuwan Natiniarja.

Sampun sawatawis dintên punika, tiyang nama Wăngsa ing dhusun Antaran, Kuningan, sawêg wontên ing griya dipun cêluki tiyang saking jawi, ugi lajêng mêdal, nanging botên wangsul. Pèl pulisi lajêng pados katrangan, sagêd angsal damêl. Katranganipun Wăngsa wau dipun aniaya ing tiyang 8 ugi têtiyang ing dhusun ngriku, mayitipun dipun cêmplungakên ing jurang. Miturut katranganing tiyang-tiyang wau, Wăngsa wau dados dhukun, tuwin mêntas ngracut tiyang ngantos dumugi ing tiwas, nanging katranganipun botên.

Kawartosakên ing bawah Klathèn tuwuh sêsakit malariah, wontên dhusun ingkang tiyangipun sakit wontên 80 prêsèn. Pakaryan kasarasan ambage kinah tablèt, sabên dintên 10.000 iji.

Ing Batawi mêntas wontên parêpatan pakêkêmpalan Boedi Banten, ingkang madêg saking golonganing băngsa Bantên. Wosing rêmbag angudi murih băngsa Bantên sagêda ngêmori dhatêng kamajêngan.

Kawartosakên, ing Purwarêja, Banyumas, wiwit tanggal kaping 20 Sèptèmbêr dumugi tanggal 10 Oktobêr, karaos wontên lindhu kaping 10, nanging ingkang karaos santêr namung ing tanggal 14 Oktobêr, wanci jam 8 tuwin jam 9 dalu. Anèhipun, lindhu wau botên angebahakên barang ingkang gumantung, utawi wontên suwara gumlêgêr.

Satunggiling boswahtêr ing wana bawah Majalêngka mrêgoki durjana kajêng têtiga, durjana lajêng nêmpuh anatoni dhatêng boswahtêr wau ngantos sangêt. Pulisi sampun sagêd nyêpêng tiyang kêkalih, ingkang kakintên dados durjananipun.

Sampun sawatawis dintên punika, garwanipun ingkang Bupati Cilacap suwargi tuwin ingkang garwa ingkang Bupati Cilacap sapunika kadhèrèkakên asistèn wadana ing Rawalo, nitih oto. Wontên ing margi tubrukan kalihan oto ingkang dipun tumpaki Walandi nama R. tiyangipun pirmah Mansen & Co. ing Surabaya. Ingkang sami numpak namung kagèt kemawon, nanging wontên lare ingkang nuju wontên ing wande kêtindhihan oto ingkang kêjêmpalik, nandhang tatu rêkaos. Prakawis sawêg kapriksa ing pulisi sintên ingkang lêpat. Lajêng wontên sabab malih, inggih punika Walandi wau nêmpiling asistèn wadana.

Ing wêkdal punika paduka Tuwan Propesor Jhr. B.C. de Savornin Lohman lid Eerste Kamer kalihan ingkang garwa wontên ing Medhan, prêlu amiyarakên sêsêrêpan ing bab kawontênan ing Indhiya, dene ing sapunika ingkang badhe dipun pahamakên kawontênanipun tanah Sumatra pasisir wetan. Kathah tiyang ing Dhèli ingkang rêrêmbagan.

--- 1458 ---

Kala ing dintên Sabtu kêpêngkêr, panjênênganipun Pangeran Purbaatmaja, bupati pènsiun ing Kuthaarja seda, kasarèkakên wontên ing dintênipun Ngahad. Suwargi Pangeran Purbaatmaja punika satunggiling bupati ingkang kêtitik agêng ing lêlabêtanipun tuwin dipun sêtyani ing kawula wêwêngkonipun, katitik saking nalika sugêngipun sampun tampi kanugrahan bintang R.O.N.L. tuwin O.O.N. Botên langkung Kajawèn andhèrèk mêmuji, mugi rohipun ingkang nêmbe murud dhatêng kalanggêngan, linuhurna ing Pangeran, amin.

[Grafik]

Ing Plorès wontên tiyang komunis asli saking Makasar anyêbarakên wiji wontên ing Adhonarah, tiyang ingkang kapiluta sampun wontên 800, saha sami nyadèni ingah-ingahanipun babi ngantos rêrêgèn f 1000.- badhe kangge wragad ambalela. Nanging bêstir sampun sagêd nyêpêng tiyang 150. Kajawi punika ing sanès-sanès panggenan inggih wontên rêrêsah alit-alitan. Sapunika sampun kakintunan saradhadhu kalih bragada.

Apdhèling Pamoeda Indonesia ing Ngayogya, ngêdalakên kalawarti wulanan Soeara kita, dipun pandhegani Tuwan Mahmud, warganipun redhaksi wontên sakawan, ingkang satunggal putri, nonah Endah Suwarni. Ingkang jumênêng parampara Ki Hajar Dewantara, kajawi punika taman siswa inggih ngêdalakên kalawarti nama Wasito, makatên ugi adidarma ugi badhe ngêdalakên, namanipun dèrèng tamtu.

Wontên pawartos, kala tanggal kaping 9 Sèptèmbêr, ing Paluwah wontên jêblosan ingkang kaping kalih, nanging botên sangêt kados ingkang sampun. Saking salêbêting kawah wontên sela-selanipun ingkang sami mancêlat mêdal. Kasangsaran botên wontên.

Ing kampung Pêtojo Sawah, Wèltêprèdhên, wontên satunggiling tiyang èstri umur 15 taun katrajang sêsakit cacar, tiyang wau dèrèng nate dipun cacar. Pakaryan kasarasan gêmintê lajêng nindakakên rêrigên andhawuhakên cacaran.

Ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogya kalihan paduka tuwan gupêrnur, mêntas têdhak dhatêng Imagiri, prêlu namung mariksani kawontênanipun kemawon, dene salajêngipun lajêng têdhak dhatêng pasisir kidul.

Benjing tanggal 25 wulan punika ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogya badhe têdhak dhatêng Sêmarang, prêlu badhe maratamu paduka gupêrnur tuwin mariksani kapal Kristian, punapadene mariksani kawontênanipun ing kitha Sêmarang.

Kêkantunaning golongan pulisi saking Batawi, ingkang wontên ing Biliton, cacah 51, sampun sami wangsul dhatêng Batawi malih, amargi ing Biliton sampun têntrêm.

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 685 ing Têmênggungan (Malang). f 2.- sampun katampi. Manawi botên nampi Kajawèn, katêrangna nomêripun, dados gampil anggèn kula ngintuni dhuplikat.

Wigatos

Ngaturi uninga dhatêng para lêngganan Kajawèn, ing sapunika sampun ngancik kuwartal ingkang kaping sakawan, para lêngganan ingkang dèrèng ambayar rêgining Kajawèn, kaparênga lajêng ngintunakên tumuntên. Manawi dipun sarantosakên sawatawis dintên malih botên amaringi bayaran, kêpêksa lajêng botên kakintunan Kajawèn, tuwin manawi sampun kalajêng botên dipun kintuni, ing têmbe wingking samăngsa wontên lêngganan ingkang kêkirangan tampinipun Kajawèn, jalaran saking kasèping pambayaran, sampun andadosakên cuwaning panggalih, amargi tirahanipun Kajawèn kêpêksa kakintunakên dhatêng lêngganan enggal.

Adm.

--- 1459 ---

Wêwaosan

Sêrat Jaka Pitutur.

Anggitanipun Mas Prawirasumarja ing Surakarta.

4

Enjingipun Radèn Adicăndra lajêng pangkat dhatêng kitha Banyumas, dene ingkang èstri dalah anakipun sami katilar wontên ing griya ing Sukaraja. Sadhatêngipun ing kitha Banyumas, lajêng nindakakên padamêlan punapa mêsthinipun, para sosoranipun sami iyêk sayuk rukun miturut saparentahipun Radèn Adicăndra.

Gêntos kacariyos, ing kampung Kauman salêbêtipun kitha Banyumas, wontên satunggiling răndha sugih nama Bok Prabakartika, sudagar agêng, sêsadean sinjang bathik, tuwin uwos sapanunggilaning wêdalipun têtanèn, manggèn ing griya gêdhong pinggir margi agêng, pakaranganipun wiyar, katanêman sêkar warni-warni. Gadhah anak èstri satunggal sampun prawan agêng ngumur 19 taun, nama Mas Rara Wahyuni, sarta gadhah tăngga gêgriya sajawining pakarangan kaprênah wingking, nama Wăngsadrana.

Ing satunggiling dintên bok răndha rêrêmbagan kalihan rencangipun èstri ingkang kinasih nama Sani: e, Sani, apa kowe ngrêti, apa sababe wis pirang-pirang dina iki Radèn Sukardi putrane bêndara patih ora karsa rawuh mrene.

Sani: Botên bokmas.

Bok răndha: Satêmêne aku mêntas ngêcogêmol mênyang sarirane, manawa duwe niyat kalawan têmên-têmên mênyang Rara Wahyuni, supaya tumuli cekat-cèkêt banjur dilakoni, aku bungah. Wusana sarirane mangsuli sêndhu, yèn ora kagungan niyat apa-apa, dene anggone karsa malêbu mêtu ing omah kene, iku ora saka apa, mung kêtarik saka têpung bêcik bae, malah mratelakake yèn uwis kagungan pêpacangan putraning bupati, nanging ing ngêndi ora karsa ngandikakake. Saka iku atiku sêrik bangêt, rumasa kawirangan, Sani, apa kowe bisa mêmulih marang atiku.

Sani: Sagêd, dhukun ing Kali Bagor punika misuwur sagêd damêl sarat pangasihan. Radèn Sukardi prayogi dipun padosakên sarat supados asih dhatêng ingkang putra Mas Rara Wahyuni.

Bok răndha: Prakara dhukun aku ora mathuk, amarga dhukun iku sing akèh bangsane anjêlag, ora pantês digugu, aluwung rewangana mikir, kira-kira sapa sing patut dadi jodhone Rara Wahyuni iku.

Sani: Radèn Adicăndra wakil asistèn wadana kitha punika warninipun bagus, misuwur ing ngakathah kêsagêdanipun cêkap, namung punika pamanggih kula, nanging kuciwa sampun gadhah semah tuwin sampun gadhah anak jalêr satunggal.

Bok răndha: Panêmuku iya mung kae, patut dadi wong gêdhe, tur pintêr, nganti olèh pangalêmbana saka kangjêng parentah. Dene prakara bojo lan anak iku gampang, amarga Radèn Adicăndra dudu kalairan kene, kiraku gampang kengguhe marang băndha, beda karo Radèn Sukardi, kêpala bêsar ora dhêmên marang băndha. Coba mênênga sadhela Sani, aku tak nulis. Radèn Adicăndra mêngko sore tak aturane mrene, kiraku dhangan, amarga sabêne yèn mêntas papriksa iya sok mampir mrene. Si Kacung bojomu undangên, layang iki konên ngaturake bêndara sêtèn kutha, yèn uwis bali konên mrene, arêp tak ajak caturan.

Sawangsulipun Kacung ambêkta sêrat lajêng ngadhêp bok răndha. Bok răndha wicantên: he, Kacung, aku anjaluk gawemu, apa kowe wani upama tak kon matèni marang Sri Têmon, garwane Radèn Adicăndra. Yèn prakara iku bisa kalakon, gêdhe ganjarane, kowe tak wèhi dhuwit rong atus rupiyah.

Kacung: Manthuk sagah. Ing batos: aja sing kon matèni wong wadon, sanadyan wong lanang pisan aku masa wêdia, dhasar wis gaweku matèni uwong.

Ing wanci jam 5 sontên, Radèn Adicăndra dhatêng ing griyanipun Bok Prabakartika, lajêng sami gêginêman. Salêbêtipun ginêman, Bok Prabakartika cariyos: bêndara, panjênêngan sampun kaparêng sadherekan kalihan kula, kuciwa ingkang rayi radèn ayu têka botên kêrsa ngajak pisan, kajêngipun têpang kalihan kula, iba bingahing manah kula upami karsa rawuh sakalihan.

Radèn Adicăndra: Tiyang èstri dalah anak taksih sami kantun wontên ing Sukaraja, pancèn botên kula bêkta, amagi kula wakil botên dangu, namung sawulan, wontên ribêd sakêdhik dene dumugi ing dintên punika dèrèng dipun kintuni santun, benjing enjing angkah kula badhe kengkenan mantuk mêndhêt santun, nanging botên wontên ingkang kula kèngkèn.

Bok răndha: Manawi makatên, kusir kula pun Ali kemawon kautusa, kenging dipun pitados, tur satiti ngati-ati.

--- 1460 ---

Radèn Adicăndra: Wah, nuwun bok, sapunika kula lajêng badhe mantuk kemawon adamêl sêrat, benjing enjing Ali sagêda mangkat enjing. Ali sapunika kajêngipun tumut kula sakêdhap mêndhêt sêrat.

Bok răndha: Inggih bêndara, andhèrèkakên sugêng. Li, Ali, kowe andhèrèkakên dara sêtèn mênyang dalême anjukuk layang.

Ali sasampunipun nampèni sêrat saking Radèn Adicăndra, dumugi ing griya lajêng katampèkakên dhatêng Bok Prabukartika. Enjingipun lajêng mangkat dhatêng Sukaraja.

Bok răndha lajêng nyariyosi Kacung: Kacung dina iki Si Ali wis mangkat mênyang Sukaraja, anggawa layange Radèn Adicăndra, layang mau surasane jaluk kiriman sandhangan, lan awèh kabar slamêt marang Sri Têmon, layang iku banjur tak bukak, ing ngisor tèkên tak wuwuhi tulisan, surasane supaya Sri Têmon nusul mênyang Banyumas, barêng karo sandhangan mau. Layang iku yèn wis diwaca, Sri Têmon mêsthi banjur mangkat nusul. Mula saiki kapriye karêpmu, iki ênya dhuwit satus rupiyah kanggo sangu, lan ênya iki pistul saisine, ing dina iki uga banjur mangkata.

Kacung: Wah punika akal sae sangêt bokmas, samăngsa Ali lan Sri Têmon lampahipun dumugi panggenan ingkang sêpên, têmtu kula dhawahi pistul, sarta malih kula badhe ngangge topèng supados sami botên sumêrêp yèn kula: Kacung.

Bok răndha: Kabèh iku aku ora mêruhi, mung kapriye bêcike pikirên dhewe, saiki tumuli nututana Ali, amarga anggone mangkat wis rada suwe.

Botên kacariyos ing margi, Ali sampun dumugi ing Sukaraja, sêrat lajêng katampèkakên dhatêng Radèn Ngantèn Adicăndra (Sri Têmon). Rampung anggèning maos, gita-gita lajêng nata sandhangan ingkang badhe kabêkta piyambak dhatêng Banyumas.

Ing wanci enjing Sri Têmon sampun tata-tata ingkang prêlu kabêkta. Kareta ingkang badhe katumpakan sampun cumawis wontên ing ngajêngan, kopêr isi sandhangan sampun kalêbêtakên ing kareta. Ali mapan linggih jèjèr kusir wontên ing bak ngajêng, Sri Têmon dalah Sudarsana sami linggih wontên ing bak wingking, layar kareta lajêng katutup sadaya, murih botên kenging balêdug, kareta griyêng lajêng mangkat.

Kocapa Kacung, ing wêkdal wau sampun nyêgat wontên ing margi agêng têngah wana, ambêkta rencang jalêr kalih, sikêp dêdamêl pênthung. Kacung nyariyosi dhatêng rencangipun kêkalih, samăngsa piyambakipun watuk, punika karetanipun ingkang kêdah dipun têmpuh.

Botên dangu saking tatêbihan katingal lamat-lamat wontên kareta ingkang badhe langkung ing ngriku. Kacung sarencangipun kêkalih botên talompe lajêng sami mapan aling-alingan ing wit-witan agêng, ingkang wontên pinggir margi agêng. Sarêng kareta sampun cêlak, Kacung lajêng watuk-watuk sarta ngrogoh pistulipun ingkang dipun kandhut. Rencang kêkalih lajêng sami tumandang, nanging pating garigih sêmu ajrih. Nyumêrêpi kawontênan punika, Kacung manahipun kakên, pistul ingkang dipun cêpêng lajêng dipun ungêlakên, dhêl, dhêl, dhêl, ngantos rambah kaping nêm botên wontên sêlanipun, plajênging mimis tansah dhawah ing kareta bak wingking. Kagèting kapal rakitan mirêng suwaraning pistul, dipun sarêngi dhawahing pêcut ingkang dipun sabêtakên dening kusir, lampahipun kados thathit, prasasat botên ngambah siti. Ali dalah kusir sami manggih wilujêng, namung layaring kareta pating caromplong kados binabah ing kombang.

Kacung lêga raosing manahipun, rumaos sampun kadumugèn sêdyanipun, Sri Têmon saanakipun mêsthi sampun pêjah dening mimising pistulipun, arta pasangon satus rupiyah lajêng dipun bage dhatêng rencangipun kêkalih, sasampunipun makatên lajêng mantuk dhatêng kitha Banyumas.

Pangintênipun Kacung bilih Sri Têmon saanakipun sampun pêjah, punika lêpat, mênggah têrangipun makatên: Sri Têmon saanakipun sasampunipun wontên ing kareta, raosing manahipun tarataban, nir-niran kados tiyang andèkèk lare alit wontên pinggiring sumur, makatên malih sarêng sêrat saking ingkang jalêr dalah wêwahanipun ingkang wontên ing ngandhap, beda sêratanipun. Ing sanalika punika manahipun Sri Têmon tuwuh kirang sakeca, lajêng mudhun saking kareta, Ali dipun purih mudhun ugi lajêng dipun pitakèni: Ali satêmêne layang iki saka sapa.

Ali: Saking Radèn Adicăndra.

Sri Têmon: Bênêr, apa kowe tămpa dhewe saka Radèn Adicăndra, apa saka liyane.

Ali: Sakawit kula tampi saking Radèn Adicăndra, lajêng kula tampèkakên dhatêng Bokmas Prabakartika, nalika kula mangkat, sêrat wau sawêg kaparingakên wangsul.

Sri Têmon kèndêl sakêdhap lajêng cariyos: Aku karo anakku ora sida mênyang Banyumas, kopêr isi sandhangan iku gawanên aturna marang Radèn Adicăndra, lan matura yèn aku karo anakku padha ginanjar slamêt, wis tumuli mangkata.

Ali sadumuginipun ing kitha Banyumas, kapapagakên dening Sani, kapurih anjujug ing griya wingking, ing ngriku lajêng dipun pitakèni anjalimêt dening Bok Prabakartika. Ali ugi lajêng nyariyosakên sakawit dumugi wêkasan botên wontên ingkang kalangkungan. Bok Prabakartika tansah gumun eram dhatêng satitinipun Sri Têmon, saking dene dayaning satiti ngantos sagêd oncat saking bêbaya agêng.

(Badhe kasambêtan)

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


dipun. (kembali)
lêmpar. (kembali)
anggorohakên. (kembali)